Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten

Asiling panaliten menika arupi pacelathon ingkang ngginakaken maksim kemurahan saha pacelathon ingkang nyimpang saking maksim kemurahan. Salajengipun pacelathon ingkang ngginakaken saha ingkang nyimpang saking maksim kemurahan menika dipunjumbuhaken kaliyan fungsi basanipun. Satunggal tuturan saked ngawrat langkung saking satunggal fungsi, ananging wonten ing panaliten menika dipunpendhet ingkang langkung dominan. Asiling panaliten menika saged dipuntingali wonten ing tabel ing ngandhap menika. Tabel 2. Fungsi panganggening maksim kemurahan wonten ing cerbung salebeting Kalawarti Djaka Lodang Edisi Januari-Agustus 2013 No Fungsi Panganggening Maksim Kemurahan Wosing Tuturan Indikator 1 2 3 4

1. Fungsi Personal

Panutur nglairaken raos kuciwa “Ora pengin dadi juragan maneh? Jare bisa keceh dhuwit,” Mbokne nantang rembug. “Ora, Mbok. Aku wis tau ngrasakke keceh dhuwit kasunyatan ora bisa gawe tentrem,” Kris sumaur karo nuntun Mbokne lungguh lincak. Dt.No:23 Fungsi personal: panutur nglairaken raosing manah ingkang awujud raos kuciwa. Wujud raos kuciwa: panutur boten kersa dados juragan malih amargi rumiyin sampun nate ngraosaken dados juragan ananging Tabel Salajengipun 1 2 3 4 gesangipun boten tentrem. 2 Fungsi Interpersonal a Panutur nglairaken raos tresna “Wis adhem, kok nang njaba terus ta, Mur. Kae dak gawekake kopi anget ana meja tengah.” “Bapak ra, Mak?” Dt.No:28 Fungsi interpersonal: panutur nglairaken raos tresna dhateng mitra tutur satemah damel gegayutan langkung sae saha ngremenaken kaliyan mitra tutur. Wujud raos tresna: panutur damelaken unjukan kangge mitra tutur. b Panutur nglairaken raos kuwatos “Mlilite isih sithik, mung olehku ra kuwat kok awakku adhem panas ngene,” wangsulane Ira. “Masuk angin yake. Apa tak keroki dhisik?” anake nawani cara. Dt.No:17 Fungsi interpersonal: panutur nglairaken raos kuwatos dhateng mitra tutur satemah damel gegayutan langkung sae saha ngremenaken kaliyan mitra tutur. Wujud raos kuwatos: panutur nawani cara kangge ngeroki mitra tutura supados saged mantun. c Panutur nglairaken raos tanggel jawab “Taksih pucet kok sampun tindak ta, Bu,” panyaruwene Bu Hartini, Senin esuk ana regol sekolahan. “Mung masuk angin kok, mosok ra mlebu kerja,” wangsulane Ira cekak. Dt.No:19 Fungsi interpersonal: panutur nglairaken raos tanggel jawab dhateng mitra tutur satemah damel