Caranipun Ngempalaken Data CARA PANALITEN

Tabel Salajengipun 1 2 3 4 gesangipun boten tentrem. 2 Fungsi Interpersonal a Panutur nglairaken raos tresna “Wis adhem, kok nang njaba terus ta, Mur. Kae dak gawekake kopi anget ana meja tengah.” “Bapak ra, Mak?” Dt.No:28 Fungsi interpersonal: panutur nglairaken raos tresna dhateng mitra tutur satemah damel gegayutan langkung sae saha ngremenaken kaliyan mitra tutur. Wujud raos tresna: panutur damelaken unjukan kangge mitra tutur. b Panutur nglairaken raos kuwatos “Mlilite isih sithik, mung olehku ra kuwat kok awakku adhem panas ngene,” wangsulane Ira. “Masuk angin yake. Apa tak keroki dhisik?” anake nawani cara. Dt.No:17 Fungsi interpersonal: panutur nglairaken raos kuwatos dhateng mitra tutur satemah damel gegayutan langkung sae saha ngremenaken kaliyan mitra tutur. Wujud raos kuwatos: panutur nawani cara kangge ngeroki mitra tutura supados saged mantun. c Panutur nglairaken raos tanggel jawab “Taksih pucet kok sampun tindak ta, Bu,” panyaruwene Bu Hartini, Senin esuk ana regol sekolahan. “Mung masuk angin kok, mosok ra mlebu kerja,” wangsulane Ira cekak. Dt.No:19 Fungsi interpersonal: panutur nglairaken raos tanggel jawab dhateng mitra tutur satemah damel Tabel Salajengipun 1 2 3 4 gegayutan langkung sae saha ngremenaken kaliyan mitra tutur. Wujud raos tanggel jawab : panutur tetep tindak kerja sinaosa saweg gerah. d Panutur nglairaken raos kurmat “Ya iki bab sing gandheng rapete karo jejibahanmu.” “Jejibahan?” “Iya, ning katone abot sanggane, Mur.” “Kula badhe ndherek sauger panjenengan ingkang paring dhawuh, Pak.” Dt.No:47 Fungsi interpersonal: panutur nglairaken raos kurmat dhateng mitra tutur satemah damel gegayutan langkung sae saha ngremenaken kaliyan mitra tutur. Wujud raos kurmat : panutur kersa nindakaken menapa ingkang dipunandharaken dening mitra tutur. e Panutur nglairaken raos tepa slira “… Jan-jane aku ya arep langsung bali, nanging nyawang njenengan sare sajak kepenak, arep nggugah kok dadi ora tegel. Tak enteni karo lungguh kursi iki, e… jebul aku malah sing ganti keturon.” Kandhane Sumi “Yahmene arep bali? Nganggo apa? …” Dt.No:50 Fungsi interpersonal : panutur nglairaken raos tepa slira dhateng mitra tutur satemah damel gegayutan langkung sae saha ngremenaken kaliyan mitra tutur. Wujud raos tepa slira: panutur kersa ngentosi mitra tutur ngantos piyambakipun wungu.