Gegayutan antawisipun maksim kemurahan saha pragmatik inggih menika awit salebeting komunikasi antawisipun panutur saha mitra tutur kedah wonten
adab anggenipun ngendikan, supados gegayutan antawispun panutur saha mitra tutur saged sae. Miturut Allan lumantar Rahardi, 2008:52 supados komunikasi
antawisipun panutur saha mitra tutur saged katindakaken kanthi sae kedah wonten kerja sama
ingkang sae salebeting proses komunikasi. Salajengipun, Allan ugi ngandharaken menawi kerja sama ingkang sae salebeting proses komunikasi
menika, salah satunggalipun awujud tumindak saha ngginakkaen basa ingkang sopan dening mitra tutur saged dipunsebat prinsip kesopanan. Prinsip kesopanan
miturut Leech 1993 kaperang saking enem maksim inggih menika maksim kebijaksanaan,
maksim kemurahan,
maksim penghargaan,
maksim kesederhanaan, maksim permufakatan
saha maksim simpati. Wonten ing panaliten menika ingkang badhe dipunandharaken inggih menika maksim kemurahan.
2. Prinsip Kesopanan
Salebeting pacelathon menika boten namung gadhah gegayutan kaliyan perkawis ingkang sipatipun tekstual ananging ugi gadhah gegayutan kalian
perkawis ingkang interpersonal. Miturut Wijana 1996:55 minangka retorika interpersonal, pragmatik betahaken kalih prinsip inggih menika prisnsip kerjasama
saha kesopanan. Prinsip kesopanan inggih menika ngandharaken bab-bab ingkang boten saged dipunudhari ngginakaken prinsip kerjasama.
Prinsip kesopanan saged dipuntegesi minangka saperangan paugeran ingkang sipatipun sosial, estetis saha moral, ingkang dipuntindakaken dening
satunggaling tiyang salebeting pacelathonan Grice lumantar Nababan, 1987:3.
Miturut Lakoff lumantar Rustono, 1999:66 prinsip kesopanan menika ngewrat tigang perangan ingkang kedah dipuntindakaken supados pacelathon menika
santun. Miturut Fraser lumantar Rustono, 1999:68 prinsip kesopanan menika adhedhasar cara-cara ingkang kedah dipuntrapaken supados pacelathonan ingkang
dipuntindakaken saged katingal sopan. Wondene miturut Leech 1993:206 prinsip kesopanan inggih menika nedahaken gegayutan antawisipun panutur saha
mitra tutur ingkang awujud tuturan sopan utawi boten damel sakiting manah mitra tuturipun.
Miturut Leech, wonten enem maksim ingkang kedah dipunmangertosi kaliyan panutur supados saged mujudaken komunikasi ingkang sopan. Maksim-
maksim ipun inggih menika maksim kebijaksanaan, maksim kemurahan, maksim
kecocokan ,
maksim kerendahan
hati ,
maksim penerimaan
saha maksim
kesimpatian . Wonten ing panaliten menika badhe nliti ngengingi maksim
kemurahan.
3. Maksim kemurahan
Miturut Wijana 1996:5 maksim kemurahan menika dipunandharaken kanthi ngginakaken ukara ekspresif ngandharaken raosing manah, emosi saha
ukara asertif ngandharaken satunggaling bab utawi objektif. Kanthi ngginakaken kalih ukara menika, nedahahaken menawi wekdal ngandharaken satunggaling bab
utawi objektif saha wekdal ngandharaken raosing manah, tumindakipun panutur kedah sopan utawi mangertos unggah-ungguh basanipun. Miturut Nadar 2008:
30 kanthi ngginakaken maksim kemurahan menika tiyang ingkang ngendika
kedah santun, boten namung menawi badhe ndhawuhi tiyang sanes saha
nawakaken satunggaling bab ananging ugi anggenipun nguda rasa saha ngandharaken pamanggihipun. Miturut Rahardi 2008:61 ngandharaken menawi
kanthi maksim menika dipunkajengaken bilih tiyang ingkang ngendika menika kedah ngurmati tiyang sanes. Tumindak kasebat saged katingal bilih tiyang
menika tansah damel tunaning dhirinipun piyambak saha ngirangi begjaning dhirinipun piyambak.
Maksim kemurahan menika dipuntingali saking panutur. Wonten ing
maksim kemurahan menika, panutur dipuntuntut kedah ngandharaken raos santun
kanthi damel tunaning dhirinipun piyambak saha ngirangi begjaning kangge dhirinipun piyambak. Paugeran salebeting maksim kemurahan inggih menika
panutur boten pikantuk ngandharaken bab-bab ingkang boten sae dhateng tiyang sanes. Menawi panutur nindakaken maksim kemurahan menika wonten tuturan
saha tumindakipun, boten kedadeyan ingkang namanipun srei, dengki saha sakiting manah antawisipun panutur saha mitra tuturipun. Supados langkung
cetha, saged dipuntingali tuladha pacelathon ingkang ngginakaken maksim kemurahan
saha ingkang nyimpang saking maksim kemurahan. Konteks
: Pacelathon menika antawisipun Lian saha Ibunipun inggih menika Ira wonten ing dalem. Kawit dalu Ira ngraosaken badanipun boten sekeca.
Sampun wongsal-wangsul saking kamar mandhi kaliyan nyepeng padharanipun.
Lian : “Isih lara, Bu? Mbok diasta nyang dhokter. Tak dherekke
ya?” anake aweh panemu. Ira
: “Mlilite isih ithik, mung olehku ra kuwat kok awakku adhem panas ngene,” wangsulane Ira Dt.No:16
Konteks : Pacelathon menika dipuntindakaken antawisipun Kris saha Ira wonten
ing mobil. Kris ingkang kapengin langkung akrab kaliyan Ira, nyuwun