Kris menika ngirangi tunaning dhirinipun piyambak saha damel begja kangge dhirinipun piyambak.
Penyimpangan maksim kemurahan inggih menika tuturan ingkang damel
begjaning dhirinipun piyambak saha ngirangi tunaning dhirinipun piyambak. Tuturanipun boten nedahaken raos kurmat dhateng mitra tutur utawi tiyang sanes.
Penyimpangan maksim kemurahan menika saged mujudaken gegayutan ingkang
boten sae antawisipun panutur saha mitra tuturipun. Wujud tuturanipun saged awujud tuturan ingkang ngandharaken bab-bab ingkang boten sae dhateng tiyang
sanes. Penyimpangan maksim kemurahan menika saged damel raos sakit hati, mangkel, dengki dhateng mitra tuturipun.
4. Fungsi Basa
Lubis 1991:3-4 ngandharaken bilih satunggaling pacelathon menika boten saged dipunpisah saking faktor-faktor ingkang njalari panutur anggenipun
milih tembung-tembung saha ukara-ukara tartamtu. Tetembungan saha ukara- ukara ingkang dipunginakaken menika dipundhasari kaliyan fungsi basa kasebat.
Fungsi-fungsi basa ingkang dipunginakaken dipunjumbuhaken kaliyan ancasing pacelathon. Miturut Oka 1994: 35 fungsi umum basa minangka piranti kangge
komunikasi. Wonten ing hakekatipun basa dipunginakaken minangka piranti komunikasi, bilih satunggaling tiyang nggresula utawi ngandharaken raos syukur
menika kalebet salah satunggaling wujud komunikasi ingkang dipuntindakaken. Kejawi menika, fungsi basa ugi gadhah fungsi ingkang sipatipun khusus.
Miturut Finocchiaro lumantar Purwo, 1992: 75 fungsi basa dipunperang dados gangsal, ingggih menika:
a Fungsi Personal Fungsi basa kangge ngandharaken babagan ingkang asalipun saking
dhirinipun piyambak, inggih menika raosing manah saha penggalih. Satemah mitra tuturipun saged mangertosi menapa ingkang nembe dipunraosaken dening
panutur. Kadosta, nglairaken raos bingah, nglairaken raos kuciwa, nglairaken raos duka, nglairaken raos umuk lan sapanunggalanipun. Tuladhanipun:
Konteks : Pacelathon menika dipuntindakaken antawisipun Bapak saha Muryat.
Ing wayah esuk menika Muryat sampun samekta badhe nglajengaken padamelanipun damel padusan. Bapak nyelaki Muryat, ngandharaken
menawi piyambakipun kapengin ngrewangi Muryat damel padusan.
Bapak : “Alah ta, Mur, kok ra percaya karo omonganku ta?”
Muryat : “Ee lha, menawa Bapak ki lunga mudhun. Nek pancen wuah, aku seneng. Mesthi direwangi, hi, hih, hik. Mak, aku
budhal karo Bapak.” Dt.No: 40
Fungsi basa ingkang dipunginakaken wonten ing pacelathon wonten ing nginggil inggih menika fungsi personal. Saged dipuntingali saking tuturanipun
Muryat “Ee lha, menawa Bapak ki lunga mudhun. Nek pancen wuah, aku seneng. Mesthi direwangi, hi, hih, hik. Mak, aku budhal karo Bapak.” , saking
tuturan menika saged katingal bilih Muryat minangka panutur ngandharaken raos bingah saha remen amargi Bapak kersa mbiyantu piyambakipun damel padusan.
Wonten ing tuturanipun Muryat wonten ukara “ … Nek pancen wuah, aku seneng …”, tembung seneng ingkang dipunandharaken Muryat nedahaken
bilih piyambakipun nembe ngraosaken bingah. Satemah mitra tutur saged mangertosi menapa ingkang nembe dipunraosaken dening Muryat. Tuturanipun
Muryat jumbuh kaliyan fungsi personal, inggih menika fungsi basa kangge ngandharaken babagan ingkang asalipun saking dhirinipun piyambak, inggih