--48 PAMECA BAB PANGAREP-AREPE ISRAEL

BAB 33--48 PAMECA BAB PANGAREP-AREPE ISRAEL

Kawajibane Nabi Yeheskiel anggone dadi wong jaga 33:1-20 33 1 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, tutura marang mitra-mitranira tunggal bangsa lan kandhaa mangkene: Manawa Ingsun ndhatengake pedhang ana ing sawijining nagara lan wong-wong ing kono wus milih wong siji saka ing panunggalane kadadekake prajurit jaga 3 tuwin prajurit iki sumurup ana pedhang kang nekani nagarane, tumuli ngunekake slompret kanggo ngelingake marang bangsane, 4 manawa ana wong kang pancen krungu swaraning slompret iku, nanging emoh dielingake, satekane pedhang mau, dheweke mesthi kasirnakake sarta getihe tumempuh marang awake dhewe. 5 Krungu swaraning slompret, nanging emoh dielingake, getihe tumempuh marang awake dhewe. Saupama gelem dielingake, nyawane slamet. 6 Nanging manawa prajurit jaga mau sumurup tekaning pedhang, mangka ora banjur ngunekake slompret, dadine bangsane ora dielingake, satekane pedhang mau, nuli ana wong panunggalane kang disirnakake, sanadyan wong iki mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun bakal mundhut tanggung jawab bab nyawane wong iku marang kang jaga mau. 7 Dene sira, he, anaking manungsa, sira Sundadekake penjagane para turune Israel. Samangsa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha elingna atas asmaningSun. 8 Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: He, wong duraka, sira mesthi mati -- sira ora kandha apa-apa kanggo ngelingake wong duraka iku supaya mratobat, -- wong iku mati marga saka kaluputane, nanging Ingsun mundhut tanggung-jawab bab nyawane marang sira. 9 Nanging manawa sira ngelingake wong duraka iku supaya mratobat, nanging emoh mratobat, wong iku bakal mati marga saka durakane, nanging nyawanira slamet. 10 Sabanjure sira, he anaking manungsa sira tutura marang para turune Israel: Sira padha celathu mangkene: Panerak lan dosaku wus tumempuh marang aku kabeh, satemah aku padha tiwas; kapriye anggonku padha bisa lestari urip? 11 Sira tutura marang wong-wong iku: Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata, padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku Yagene sira bakal padha mati, he para turune Israel? 12 Anadene sira, he anaking manungsa, sira tutura marang para mitranira tunggal bangsa mangkene: Kamursidane wong mursid iku ora njalari slamete, samangsa wong iku nglakoni panerak; lan pialane wong ala ora njalari anggone kesandhung, samangsa wong iku nyingkiri pialane; lan wong mursid ora bisa urip marga saka kamursidane, samangsa nglakoni dosa. 13 Manawa Ingsun ngandika marang wong mursid: sira mesthi urip -- mangka wong iku ngendelake kamursidane, lan banjur nglakoni piala, kabeh panggawene becik ora bakal kaetung, lan wong mau mesthi mati marga saka pialane kang katindakake iku. 14 Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi mati -- nanging wong mau banjur nyingkiri pialane tuwin tumindak adil lan bener, 15 mbalekake gadhene wong, ngijoli barang rayahane, lakune manut pranatan-pranatan kang njalari urip, satemah ora nglakoni piala maneh, wong iku mesthi urip, ora bakal mati. 16 Sakehing dosa kang dilakoni ora bakal kaetung maneh; dheweke wus nglakoni kaadilan lan kabeneran, mulane mesthi bakal urip. 17 Ewadene para mitramu tunggal bangsa padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener Mangka satemene tumindake wong-wong iku kang ora bener. 18 Saupama wong mursid ninggal kamursidane lan nglakoni piala, iku mesthi bakal mati marga saka pialane iku. 19 Kosok baline manawa wong duraka ninggal durakane lan banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, mesthi bakal urip marga saka tumindake mau. 20 Ewasamono sira padha celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener Ingsun kang ngadili sira kabeh, manut kalakuanira dhewe-dhewe, he para turune Israel.” Pawarta bab ambruke Yerusalem 33:21-22 21 Ing taun kaping sawelas, tanggal lima sasi sapuluh, sawuse aku kabeh padha kabuwang, aku katekan sawijining wong kang oncat saka Yerusalem, kang banjur celathu mangkene: “Kitha punika sampun teluk” 22 Pangwaose Sang Yehuwah, nalika malem dina tekane wong kang oncat mau, wus nglimputi aku tuwin esuke ngarepake tekane wong kang oncat mau, Sang Yehuwah mbikak cangkemku. Cangkemku wus kabukak satemah aku wus ora bisu maneh. Ana ing nagarane lan ana ing pambuwangan Israel tetep wangkot 33:23-33 23 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 24 “He, anaking manungsa, wong-wong kang manggon ing reruntuhan, yaiku ing tanah Israel, padha celathu: Nalika Rama Abraham kaparingan tanah iki dadi kagungane, panjenengane iku mung piyambakan bae; nanging aku kabeh iki gunggungku akeh, mulane tanah iki mesthi kaparingake marang kita dadi tanah pusaka. 25 Mulane sira tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha mangan daging sagetihe, sira uga tansah padha tumenga marang para brahalanira tuwin sira padha ngwutahake getih -- apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki? 26 Sira padha ngendelake pedhangira, sira padha nglakoni kanisthan, kabeh padha ngrusuhi bojone pepadhane -- apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki? 27 Tutura marang wong-wong iku mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika: Demi Ingsun kang agesang, wong kang padha manggon ing reruntuhan bakal ambruk mati dening pedhang, tuwin wong-wong kang ana ing ara-ara bakal Sunpakakake marang kewan alasan, dene kang manggon ing beteng- beteng lan ing guwa-guwa bakal mati kena ing pageblug. 28 Tanah iki bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring, dene kumlungkunge, kang marga saka santosane bakal mari; gunung-gununge Israel bakal dadi sepi mamring, satemah ora ana wong kang wani liwat ing kono. 29 Ing kono wong-wong mau bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun nyirnakake tanah iki lan Sundadekake sepi mamring, marga saka sakehing panggawene kang nistha, kang padha katindakake. 30 Anadene sira anaking manungsa, sira dirasani dening mitra-mitranira tunggal sabangsa ana ing sacedhake tembok-tembok lan lawanging omah-omah, mangkene anggone padha rerasanan: Ayo padha mrana lan ngrungokake apa kang kapangandikake dening Sang Yehuwah 31 Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha. 32 Sira iku nyata kayadene wong kang nglagokake kidung katresnan kalawan swara arum tumrap wong-wong iku, sarta kang pinter nylempung; padha krungu apa kang sira ucapake, nanging babar pisan ora padha tumindak mangkono. 33 Samangsa bab iku wus nekani -- lan iku nyata-nyata bakal nekani -- wong-wong mau bakal padha sumurup, manawa ana nabi ing satengahe.” Sang Yehuwah kang dadi pangene Israel kang utama, nglawan pangen-pangen kang ala 34:1-31 34 1 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan para pangone Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku, marang pangon-pangon iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para pangone Israel, kang ngengon awake dhewe Kudune rak wedhus-wedhuse kang diengon dening para pangon iku? 3 Sira padha ngombe susune, wulune sira gawe sandhangan, wedhus kang lemu sira beleh, nanging sira ora ngengon wedhus-wedhus iku. 4 Kang ringkih ora sira kuwatake, kang lara ora sira tambani, kang tatu ora sira blebed, kang kesasar ora sira gawa bali, kang ilang ora sira goleki, dene kang kuwat sira idak-idak kalawan sawenang-wenang. 5 Marga saka mangkono tumuli padha buyar, awit ora ana pangone, temah banjur padha dadi mangsaning sakehe kewan alas. Wedhus-wedhusingSun padha buyar 6 lan padha kesasar ana ing sakehing gunung lan ing sakehing tengger kang dhuwur-dhuwur, malah ana ing saindenging tanah kono wedhusingSun anggone padha buyar, ora ana wong siji-sijia kang mreduli utawa nggoleki. 7 Awit saka iku, he para pangon, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah: 8 Demi Ingsun kang gesang, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ing sarehne wedhus-wedhusingSun nyata-nyata dadi mangsaning sakehe kewan ing alas, marga ora ana pangone, jalaran para pangoningSun ora padha mreduli marang wedhus-wedhusingSun, nanging mung padha ngengon awake dhewe bae, dene wedhus-wedhusingSun ora padha diengon, 9 awit saka iku he, para pangon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah: 10 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak kang bakal dadi mungsuhe para pangon iku lan Ingsun bakal mundhut baline para wedhusingSun sarta bakal Sunkendeli anggone dadi pangoning wedhusingSun. Pangon-pangon iku ora bakal padha lestari bisa ngengon awake dhewe; Ingsun bakal nguwalake wedhus-wedhusingSun saka ing cangkeme, satemah ora dadi pakane maneh. 11 Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal migatosake marang wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunpadosi. 12 Kaya pangon kang nggoleki wedhuse kang pisah karo pepanthane mangkono anggoningSun bakal ngupadosi wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunluwari saka ing sakehing panggonan anggone padha kaulungake nalika dinane mendhung lan peteng. 13 Bakal padha Sunirid metu saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing nagara-nagara sarta Sunirid marang ing tanahe; Ingsun bakal ngengon wedhus-wedhusingSun iku mau ana ing gunung-gununge Israel, ana ing lebak-lebaking kaline lan ana ing papan panggonane wong kono kabeh. 14 Bakal padha Sunengon ana ing ara-ara kang becik; papan pangonane ana ing gunung-gununge Israel kang dhuwur; ana ing papan pangonan kang becik iku anggone bakal padha njerum sarta kang dadi pakane suket kang seger ing gunung-gununge Israel. 15 Ingsun piyambak kang bakal ngengon wedhus-wedhusingSun lan padha Sunpurih njerum. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 16 Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine. 17 Sabanjure, he, sira wedhus-wedhusingSun, -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun bakal dadi hakim tumrap wedhus-wedhus iku, lan tumrap wedhus lanang kang gembel lan kang dudu gembel. 18 Apa durung cukup tumrap sira, sira padha ngentekake suket ing ara-ara kang becik dhewe iku? Apa sira isih arep ngidak-idak ara-ara liyane kalawan sikilira? Apa durung cukup sira ngombe banyu kang bening iku? Apa sira isih arep mbuthekake kekarene kalawan sikilira? 19 Apa wedhus-wedhusingSun kudune nyenggut suket kang wus sira idak-idak lan ngombe banyu kang wus sira buthekake kalawan sikilira? 20 Awit saka iku -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun piyambak bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus- wedhus kang lemu lan kang kuru; 21 sarehne kabeh kang ringkih padha sira sodhog kalawan lambungira lan baunira sarta sira bijig kalawan sungunira, nganti padha sira srudug metu saka ing kandhang. 22 Mulane Ingsun bakal nulungi wedhus-wedhusingSun, supaya aja nganti dadi memangsan maneh, tuwin Ingsun bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus. 23 Ingsun bakal ngangkat sawijining pangon kanggo wedhus-wedhus iku, kang bakal ngengon, yaiku abdiningSun Dawud; iku kang bakal ngengon lan dadi pangone. 24 Dene Ingsun, Yehuwah bakal dadi Allahe sarta abdiningSun Dawud bakal dadi raja ana ing satengahe. Ingsun, Yehuwah, kang ngandika mangkono. 25 Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wedhus-wedhusingSun tuwin Ingsun bakal nyingkirake sakehe kewan galak saka ing tanah kono, satemah wedhus-wedhusingSun bisa manggon ana ing pasamunan kalawan ayem tentrem lan bisa turu ana ing alas. 26 Ingsun bakal ndadosake wedhus-wedhus iku lan kabeh kang ana ing sakubenge gunungingSun dadi berkah; Ingsun bakal paring udan ing pepancene wektune; iku udan kang nggawa berkah. 27 Wit-witan ing ara-ara bakal padha metokake wohe tuwin tanah iku bakal menehake pametune. Wedhus-wedhusingSun bakal urip kalawan ayem tentrem ana ing tanahe. Bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus mutung kayuning pasangane lan ngluwari wedhus-wedhus iku saka ing tanganing wong kang ngawulakake. 28 Ing kono banjur wus padha ora dadi rayahane para bangsa maneh lan kewan alasan ora bakal nubruk, satemah padha bisa manggon kalawan ayem tentrem sarta ora bakal digawe kaget dening apa bae. 29 Ingsun bakal nganakake patamanan kang seger mbungahake, satemah ing tanah kono ora bakal ana wong kang mati kaliren, sarta ora ana maneh kang nandhang kawirangan kang saka ing para bangsa. 30 Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, Allahe, nunggil kalawan dheweke kabeh; turune Israel iku umatingSun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 31 Sira kabeh iku padha dadi wedhusingSun, wedhus kang padha Sunengen lan Ingsun iki Allahira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Sang Yehuwah duka marang pagunungan Seir 35:1-15 35 1 Tumuli aku dipangandikani dening Sang Yehuwah mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira madhepa marang ing pagunungan Seir, medhara wangsit nglawan iku 3 lan tutura mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun bakal dadi mungsuhira, he pagunungan Seir, lan Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan marang sira sarta bakal Sunsirnakake lan Sundadosake sepi mamring. 4 Ingsun bakal ndadosake kutha-kuthanira dadi reruntuhan tuwin sira bakal dadi sepi mamring, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 5 Ing sarehne atinira kadunungan rasa memungsuhan turun-tumurun lan sira ngulungake wong Israel dadi memangsaning pedhang ing dinane kasangsaran ing waktu tumibaning pangadilane kang wekasan, 6 mulane, demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira bakal Sundadekake getih lan bakal kaoyak dening getih; ing sarehne sira kaluputan marga ngilekake getih, mulane getih bakal ngoyak sira. 7 Ingsun bakal nyirnakake pagunungan Seir lan Sundadekake sepi mamring tuwin Ingsun bakal nyirnakake sapa kang teka lunga ing kono. 8 Pagunungane uga bakal Sunkebaki kalawan wong-wong kang mati marga dipateni. Wong-wong kang mati kena ing pedhang bakal padha ambruk ana ing tengger-tenggerira, ing lembah-lembahira lan ing dhasar-dhasaring kalinira. 9 Sira bakal Sundadekake sepi mamring ing salawas-lawase tuwin kutha-kuthanira ora bakal dienggoni maneh. Ing kono sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 10 Ing sarehne sira celathu: Bangsa loro lan nagara loro iku bakal dadi duwekku lan kita kang bakal nduweni -- mangka sanyatane Sang Yehuwah ana ing kono -- 11 mulane, demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun bakal nandukake marang sira kaya kang wus sira tandukake marang turune Israel ing sajrone kanepsonira lan kamerenira, kang marga saka sengitira marang wong-wong mau; sarta Ingsun bakal ngrawuhi sira samangsa Ingsun ngadili sira. 12 Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki, Yehuwah, midhanget sakehing pangala-alanira kang sira ucapake marang gunung-gununge Israel yaiku mangkene: Gunung-gunung iku wus dadi sepi mamring lan kaulungake marang kita dadi pangan kita. 13 Kalawan mangkono iku sira ngegungake awakira dhewe ana ing ngarsaningSun kanthi pangucapira sarta akeh banget tembungira marang Ingsun. Iku Sunpiyarsakake. 14 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Salumahing bumi bakal sukarena ing waktu sira Sundadekake sepi mamring. 15 Kaya anggonira abungah-bungah ing bab pusakane turune Israel, kang wus dadi sepi mamring, iya kaya mangkono iku kang bakal Suntandukake marang sira. Sira bakal dadi sepi mamring, he, pagunungan Seir lan sira, Edom sakukubanira kabeh. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.” Israel kabangun 36:1-38 36 1 “He, sira, anaking manungsa, sira medhara wangsit bab gunung-gununge Israel lan tutura: He gunung-gununge Israel, rungokna pangandikane Sang Yehuwah 2 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne mungsuh iku celathu ing bab sira kabeh: Lah tengger-tengger wiwit biyen wus dadi darbekku kabeh. 3 Mulane sira medhara wangsit lan tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne, lan iya pancen nyata mangkono, ing sarehne mungsuh ing sakubengira ndadekake sira kabeh sepi mamring lan ngarah supaya sira kabeh padha dadi darbeke kekarene para bangsa, tuwin ing sarehne sira tansah padha dicatur dening wong lan akeh panacade wong marang sira, 4 marga saka iku, he, gunung- gununge Israel, rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang dhasar-dhasaring kali lan lembah-lembah, marang reruntuhan kang sepi mamring lan marang kutha kang wus disuwungake, kang wus dadi rayahan lan cacadan tumrap kekarening para bangsa ing sakubenge, 5 marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mesthi bakal ngandika ing sajroning bentering panggalihingSun kang banget nglawan kekarening para bangsa lan nglawan saindenging Edom, kang nemtokake tanahingSun dadi duweke kalawan rasa bungah kang banget lan rasa ngremehake kang pandhes, satemah tanahingSun iku banjur dadi ebeke lan kena karayah nganti entek. 6 Mulane sira nglairna pameca bab tanah Israel lan celathua marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang dhasar-dhasaring kali lan lembah-lembah: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Lah Ingsun ngandika ing sajroning duka lan bentering panggalihingSun, amarga sira wus nandhang kawirangan kang tuwuh saka ing bangsa-bangsa. 7 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun supaos, manawa para bangsa ing sakubengira dhewe iku mesthi bakal nandhang kawirangane. 8 Anadene sira, gunung-gununge Israel, bakal metu trubusira maneh lan bakal metokake woh kanggo umatingSun Israel, marga bakal enggal padha bali. 9 PanggalihingSun bakal pulih becik maneh lan Ingsun bakal nggalih marang sira kabeh lan sira bakal padha kagarap lan kesebaran. 10 Sira bakal Suniseni manungsa akeh, yaiku sagolongane turune Israel kabeh; kutha-kutha bakal dienggoni maneh sarta reruntuhan bakal kabangun maneh. 11 Sira bakal Suniseni manungsa lan kewan akeh, iku bakal padha wuwuh akeh lan padha bebranahan sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha dienggoni maneh kaya ing sakawit tuwin bakal nandukake kebecikan marang sira ngluwihi kang uwis-uwis, temah sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 12 Ingsun bakal damel manungsa padha teka lunga ana ing sira, yaiku umatingSun Israel; iku bakal padha ngenggoni sira lan sira bakal dadi tanah-pusakane tuwin sira ora bakal nyirnakake wong-wong iku maneh. 13 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong anggone ngrasani sira: Sira iku memangsa manungsa lan nyirnakake bangsanira -- 14 mulane sira ora bakal mangsa manungsa maneh lan ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 15 Ingsun bakal damel, supaya wong ora ngrembug bab kawirangan kang tuwuh saka ing bangsa-bangsa tumrap sira sarta sira ora bakal ngrasakake panacading bangsa-bangsa maneh apadene sira ora bakal nyirnakake bangsanira maneh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” 16 Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 17 “He, anaking manungsa, nalika turune Israel padha manggon ana ing tanahe, padha najisake tanah iku kalawan solah tingkahe; kalakuane ana ing ngarsaningSun kayadene najise wong wadon kang lagi nggarap sari. 18 Mulane Ingsun banjur ngesokake dedukaningSun marga saka getih kang diwutahake ana ing tanah kono lan marga saka anggone najisake tanah iku kalawan brahala-brahalane. 19 Banjur padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa, satemah padha sumebar ana ing sakehing nagara. Padha Sunadili kang laras karo panggawene. 20 Ana ing ngendi bae ana ing satengahe bangsa-bangsa iku, padha najisake asmaningSun kang suci, marga padha dikandhakake: Jarene padha dadi umate Sang Yehuwah, lah kok padha diwetokake saka ing tanah kagungane 21 Ingsun rumaos gerah ing panggalih, dene asmaningSun kang suci dinajisake dening turuning Israel ana ing satengahe para bangsa, kang padha ditekani. 22 Mulane turune Israel iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ora marga saka sira anggoningSun tumindak iku, he, turuning Israel, nanging marga saka asmaningSun kang suci kang sira najisake ana ing satengahe para bangsa kang padha sira tekani. 23 Ingsun bakal nucekake asmaningSun kang luhur kang wus sira najisake ana ing satengahe para bangsa, kang sira najisake ana ing satengahe wong-wong iku. Satemah para bangsa bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing sangarepe para bangsa. 24 Ingsun bakal methuk sira kabeh saka ing antarane para bangsa lan nglempakake sira saka ing sakehing nagara; sira bakal padha Sunirid bali menyang ing tanahira. 25 Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira. 26 Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar ana ing sajroning batinira sarta Ingsun bakal ngedohake saka ing sira atinira kang wangkot tuwin sira Sunparingi ati kang mbangun miturut. 27 RohingSun bakal Sunparingake supaya dumunung ana ing batinira sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha urip manut sakehing katetepaningSun lan tansah nggondeli tuwin nindakake pranatan-pranataningSun. 28 Sabanjure sira bakal padha manggon ana ing nagara kang wus Sunparingake marang leluhurira sarta sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahira. 29 Ingsun bakal ngluwari sira saka ing sakehing dosaning kanajisanira sarta Ingsun bakal nukulake gandum tuwin kang banjur Sundadosake akeh apadene Ingsun ora bakal ndhatengake pailan maneh marang sira. 30 Ingsun uga ngakehake wohing wit-witanira lan pametuning pategalanira, supaya aja nganti nandhang kawirangan maneh ana ing satengahe bangsa-bangsa marga saka keluwen. 31 Sabanjure sira bakal tansah padha kelingan marang kalakuanira kang ala tuwin tumindakira kang ora becik sarta sira bakal padha rumangsa enek ndeleng awakira dhewe marga saka sakehing kaluputanira lan panggawenira kang nistha. 32 Ora marga sira anggoningSun nindakake iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- iku supaya sira mangreteni. Sira padha rumangsaa isin lan cikben sira kaisin-isin marga saka kalakuanira, he, turune Israel. 33 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh. 34 Tanah kang wus suwe bera, bakal kagarap maneh, supaya aja tetep bera ana ing ngarepe sakehing wong kang liwat ing kono. 35 Nanging kosokbaline wong-wong bakal kandha: Tanah kang wus lawas bera iki saiki dadi kaya patamanan Eden lan kutha-kutha kang wus rusak sepi mamring lan wus dadi reruntuhan, saiki kaenggonan lan dadi beteng, 36 tuwin kekarene bangsa-bangsa kang ana ing sakubengira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, kang mbangun maneh kang wus rusak lan nanemi maneh kang wus bera. Ingsun, Yehuwah, kang ngandika mangkono lan bakal tumindak mangkono. 37 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing bab iki Ingsun mundhut, supaya turune Israel padha nyuwun marang Ingsun, apa kang dikarepake kang supaya Suntindakake, yaiku ndadekake turune Israel dadi akeh nganti kaya samodra. 38 Nganti kaya wedhus-wedhus kurban suci lan kayadene wedhus-wedhus ing Yerusalem ing dina-dina gedhe, iya kaya mangkono iku dadine kutha-kutha kang maune wus rusak, banjur kebak wong nganti kaya samodra. Marga saka mangkono wong-wong banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.” Tangine Israel 37:1-14 37 1 Aku banjur kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah sarta Panjenengane nuli ngirid aku metu lumantar Rohe tuwin mapanake aku ana ing satengahing lembah, dene lembah iki kebak balung. 2 Panjenengane ngirid aku mubeng-mubeng ndeleng balung-balung mau, lah pancen akeh banget, padha pating slebar ana ing lembah kono: padha garing mekingking. 3 Panjenengane tumuli ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, balung-balung iki apa bisa diuripake maneh?” Aku munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka ingkang nguningani” 4 Nuli aku dipangandikani: “Sira medhara wangsit tumrap balung-balung iki lan tuturana mangkene: He balung-balung kang garing, rungokna pangandikane Sang Yehuwah 5 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang balung-balung iki: Ingsun nganjingi sira kalawan rohing kauripan, supaya sira urip maneh. 6 Ingsun bakal maringi otot marang sira lan nukulake daging ana ing sira, Ingsun bakal nutupi sira kalawan kulit sarta paring marang sira rohing kauripan, supaya sira padha urip maneh. Sira banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.” 7 Aku banjur medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku; lan bareng aku wus mendhar wangsit, padha sanalika tumuli ana swara keprungu, swara pating kropyak, lah balung-balung mau padha ngumpul. 8 Sajrone aku ngawasake iku, lah aku nuli ndeleng otot-otot lan daging kang tumuwuh ing balung-balung mau, sawuse mangkono banjur katutupan ing kulit, nanging durung padha ambekan. 9 Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Sira medhara wangsit marang rohing kauripan iku, medhara wangsit, he, anaking manungsa, lan tutura marang rohing kauripan iku mangkene: He rohing kauripan, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tekaa saka ing keblat papat, wong-wong kang pinatenan iki padha sira damonana, supaya padha urip maneh” 10 Aku nuli medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku. Rohing kauripan mau banjur lumebu ing wong-wong mau, temah banjur padha urip maneh lan padha ngadeg. Dadi wadya-bala kang akeh banget. 11 Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, balung-balung iki kabeh turune Israel. Lah wong-wong iku rak padha kandha dhewe: Balung-balungku wis padha dadi garing, aku kabeh wus ora duwe pangarep-arep, aku wus padha sirna. 12 Awit saka iku sira medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun mbikak kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun, lan Ingsun bakal ngirid sira menyang ing tanah Israel. 13 Sarta sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun mbikaki kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun. 14 Ingsun bakal nganjingake RohingSun ana ing sira, satemah sira padha urip maneh lan Ingsun bakal mapanake sira ana ing tanahira. Ing kono sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, kang mangandikakake iku lan nindakake iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Karajan Israel lan Yehuda didadekake siji maneh 37:15-28 15 Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 16 “He, sira anaking manungsa, sira njupuka blabag, ing dhuwur sira tulisana: Kanggo Yehuda lan para wong Israel kang nunggal kalawan dheweke. Banjur njupuka blabag liyane, ing dhuwur sira tulisana: Kanggo Yusuf -- blabage Efraim -- lan kabeh turune Israel kang tetunggalan kalawan dheweke. 17 Blabag loro iku banjur sira dadekna siji, temah loro-lorone iku dadi siji ana ing tanganira. 18 Ing kono manawa mitra-mitranira tunggal bangsa padha takon marang sira: Apa kowe ora gelem nerangake marang aku kabeh, apa tegese iki, 19 iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mundhut blabage Yusup -- kang ana ing tangane Efraim -- kalawan suku-suku Israel kang padha tetunggalan karo dheweke, lan Sungandheng karo blabage Yehuda, Sundadekake blabag siji ana ing astaningSun. 20 Sajrone sira nyekel blabag-blabag kang sira tulisi ana ing ngarepe wong-wong iku mau, 21 iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun nimbali para wong Israel saka ing satengahing bangsa-bangsa, kang padha ditekani, Sunklempakake saka ing ngendi-endi sarta bakal Sunirid menyang ing tanahe, 22 bakal Sundadekake bangsa siji ana ing tanahe, ana ing gunung-gununge Israel, tuwin raja siji kang bakal ngereh wong iku kabeh; banjur ora dadi bangsa loro maneh lan ora kabage dadi rong karajan maneh, 23 ora najisake awake maneh kalawan para brahalane lan dewa-dewane kang marakake najis sarta kalawan sakehe panerake. Nanging bakal padha Sunluwari saka ing sakehing panylewenge kang njalari dosane, apadene bakal padha Sunresiki satemah banjur bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahe. 24 AbdiningSun Dawud kang bakal dadi rajane lan wong-wong mau kabeh bakal mung duwe pangon siji sarta lakune bakal manut miturut ing pranatan-pranataningSun lan bakal padha nglakoni katetepaningSun kalawan setya. 25 Bakal padha manggon ing tanah kang Sunparingake marang abdiningSun Yakub, kang dienggoni dening para leluhure, iya wong-wong mau, iya anak-anake dalah para putune lan buyute, kabeh bakal padha manggon ing kono ing salawas-lawase, lan abdiningSun Dawud bakal dadi ratune ing salawas-lawase. 26 Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wong-wong mau kabeh lan iku bakal dadi prajanjian kang langgeng. Ingsun bakal mberkahi wong-wong iku, bakal Sundamel tangkar-tumangkar tuwin Sunparingi papan pasuceningSun ana ing tengah-tengahe ing salawas-lawase. 27 Papan padalemaningSun uga bakal ana ing kono. Ingsun bakal dadi Allahe sarta dheweke kabeh bakal dadi umatingSun. 28 Ing kono para bangsa bakal pada sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah kang nucekake Israel, marga papan pasuceningSun ana ing satengahe ing salawas-lawase.” Pangandikane Sang Yehuwah bab Sang Prabu Gog ing tanah Magog 38:1--39:29 38 1 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “He, anaking manungsa, sira madhepa ngener marang Gog ing tanah Magog, yaiku maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal tuwin medhara wangsit nglawan dheweke, 3 sira tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal. 4 Sira bakal Sungered kalawan ganthol ing uwangira lan Sunbekta metu bebarengan kalawan wadya-balanira, yaiku bala jaranan, kabeh padha manganggo ganep, golongan gedhe kang nggawa tameng gedhe lan cilik sarta asikep pedhang. 5 Wong Persia, Etiopia lan Put padha mbarengi lakune, kabeh padha nyekel tameng lan nganggo topong; 6 wong Gomer dalasan wadya-balane kabeh, Bet-Togarma saka ing poncot lor dalah sawadya-balane kabeh, akeh bangsa kang ngeloni sira. 7 Sira mirantia lan cecawisa kalawan kabeh golongan kang padha ngeloni sira lan sira dadia pangayomane. 8 Sawise sawatara lawas sira bakal tampa dhawuh; ing dina kang wekasan sira bakal teka ing sawijining nagara kang wus kabangun maneh sawuse rusak marga saka perang, tuwin sira banjur marani sawijining bangsa kang diklumpukake saka ing satengahe para bangsa ing gunung-gununge Israel kang wus suwe dadi reruntuhan. Bangsa iki wus kawetokake saka ing satengahe para bangsa lan kabeh banjur wus padha manggon kalawan ayem tentrem. 9 Sira nuli jumedhul kaya angin prahara lan tekanira iku kaya mendhung kang nutupi salumahing bumi, sira teka kalawan wadya-balanira kabeh lan akeh bangsa kang mbiyantu sira. 10 Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing dina iku sira kadunungan niyat ing sajroning atinira, sira gawe rancangan ala. 11 Sira celathu: Aku arep mangkat nempuh tanah kang kutha-kuthane tanpa tembok lan bakal arep nekani wong-wong kang uripe ayem lan manggon kalawan tentrem; papan panggonane tanpa tembok utawa palang lan tanpa gapura. 12 Sira arep ngrerampas lan ngrerayah lan ngacungake tanganira marang reruntuhan-reruntuhan kang wus dienggoni maneh lan nempuh umatingSun kang kaklumpukake saka ing satengahing bangsa-bangsa. Wong-wong iku wus padha duwe raja-kaya lan bandha sarta padha manggon ing pusering bumi. 13 Nagara Syeba lan Dedan dalah para wonge kang tuku barang-barange, nagara Tarsis dalah para sudagare bakal padha celathu marang sira mangkene: Tekamu iku apa arep ngrerampas lan nglumpukake sekuthonmu sumedya ngrerayah, arep ngangkut salaka lan emas, arep mbradhat raja-kaya lan bandha sarta arep njarah-rayah kang akeh banget? 14 Awit saka iku, he, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan tutura marang Gog: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Nalika umatingSun Israel lagi manggon kalawan ayem tentrem, ing nalika iku anggonira bakal tumindak 15 lan banjur teka saka ing panggonanira saka ing lor kang adoh banget, sira kalawan bangsa akeh kang mbiyantu sira, kabeh padha nunggang jaran, golongan kang gedhe lan wadya-bala kang santosa. 16 Sira mangkat nglawan umatingSun Israel kayadene mendhung kang nutupi salumahing bumi. Ing dina kang wekasan iku bakal kelakon lan Ingsun bakal ngirid sira nglawan marang tanahingSun, supaya para bangsa padha wanuh marang Ingsun, yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing ngarepe, heh, Gog. 17 Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Iya sira iku kang wus Sunpangandikakake ing wektu-wektu kang wus kapungkur lumantar para abdiningSun, yaiku para nabining Israel, kang ing wektu iku nganti mataun-taun padha memeca, manawa sira bakal Sunlurugake nglawan marang umatingSun. 18 Ing nalika iku, yaiku nalika Ingsun ngirid Gog nglawan marang tanah Israel -- makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah -- bakal tuwuh dukaningSun. Ing sajroning dukaningSun 19 ing sajrone bentering panggalihingSun lan ing sajrone mulad-mulading bebenduningSun, Ingsun bakal ngandika: Ing dina iku mesthi bakal ana lindhu kang nggegirisi ing tanah Israel. 20 Iwak-iwak ing sagara, manuk-manuk ing awang-awang, kewan-kewan ing alas, sakehing kewan kang gumremet lan sakehing manungsa kang ana ing bumi bakal padha gumeter ndeleng pasuryaningSun. Gunung- gunung bakal padha gugur, peperenging gunung bakal padha longsor lan saben tembok bakal ambruk. 21 Ingsun bakal nganakake samubarang kabeh kang gawe kagete Gog -- makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah -- satemah pedhang kang siji bakal mangsa sijine. 22 Ingsun bakal paring paukuman marang Gog awujud pageblug lan wutahing getih; Ingsun bakal nganakake udan deres, udan krikil, udan geni lan udan welirang kang tumempuh marang dheweke marang wadya-balane lan marang bangsa akeh kang padha mbiyantu dheweke. 23 Ingsun bakal ngatingalake kamulyaningSun lan kasuceningSun sarta bakal ngatingalake sariraningSun ana ing sangarepe bangsa akeh, temah wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 39 1 Anadene sira, he anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan Gog lan tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal, 2 lan Ingsun bakal nggered lan nuntun sira sarta Ingsun bakal ndhatengake sira saka ing poncot lor lan ngirid sira menyang ing gunung-gununge Israel. 3 Ingsun bakal nggebag tanganira kang kiwa, temah gendhewanira mrucut lan panahira padha uwal saka ing tanganira kang tengen. 4 Sira bakal ambruk ana ing gunung-gununge Israel bebarengan karo wadya-balanira kabeh lan bangsa-bangsa kang padha mbiyantu sira, tuwin sira bakal Sunpakakake marang sawernane manuk-manuk galak lan marang kewan-kewan galak, dadia memangsane. 5 Sira bakal ambruk ana ing ara-ara, dene Ingsun kang mangandikakake bab iki, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah. 6 Ingsun bakal dhatengake geni kang nempuh marang Magog lan marang wong-wong kang padha manggon ing dhaerah pesisir kanthi tentrem lan ayem. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. 7 Sarta Ingsun bakal nedahake asmaningSun kang suci ana ing satengahing umatingSun Israel lan Ingsun ora bakal marengake maneh asmaningSun kang suci kanajisake, satemah para bangsa bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci ing Israel. 8 Lah iku mesthi bakal teka lan bakal kelakon, yaiku dina kang wus Sunpangandikakake iku. 9 Anadene kang manggon ing kutha-kuthane Israel bakal padha metu sarta banjur ngurubake geni lan ngobong sakehing gegamane Gog, yaiku tameng cilik lan gedhe, gandhewa lan panah, penthung lan tumbak, sarta anggone ngobong iku lawase pitung taun. 10 Wong-wong mau ora bakal njupuk kayu saka ing alas trataban utawa nyigari kayu obong ana ing alas, amarga anggone padha ngurubake geni iku nganggo gegamane mau. Sabanjure bakal padha ngrampas kang biyen ngrampas wong-wong mau lan njarah-rayah kang biyen njarah-rayahi wong-wong mau. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah. 11 Ing dina iku Ingsun bakal maringi papan marang Gog kang bakal kanggo ngubur dheweke ana ing Israel, yaiku Lembah Panyabrangan ing sisih wetane sagara, lan kuburan iku bakal ngalang-alangi wong-wong kang padha nyabrang. Gog lan sakehe golongane bakal kakubur ana ing kono sarta papan iku bakal kasebut Lembah Golongane Gog. 12 Para turune Israel anggone ngubur wong-wong mau lawase pitung sasi, karepe kanggo ngresikake tanah kono. 13 Sakehe pendhudhuk nagara padha melu ngubur lan bab iku ndadekake kondhange ing dina anggoningSun ngatingalake kamulyaningSun. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah. 14 Ana wong sawatara kang mligi diwajibake mider-mider ing satanah kabeh prelu nguburi wong-wong kang isih glimpangan ana ing lemah supaya tanah kono dadi resik. Sawuse pitung sasi tanahe bakal katiti-priksa. 15 Manawa sajrone mubeng-mubeng iku ana kang weruh balung manungsa, ing sandhinge banjur diselehi watu kanggo tetenger nganti satekane tukang-tukang kubur, kang nuli ngubur balung mau ana ing Lembah Golongane Gog. 16 -- Uga ana kutha kang aran Hamona --. Kaya mangkono anggone padha ngresiki tanah kono. 17 Dene sira, anaking manungsa, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tutura marang sawernaning manuk lan sakehing kewan galak: Padha nglumpuka lan mrenea, padha nglumpuka mrene saka ing ngendi-endi, ing pesta kurban kang Sunanakake kanggo sira kabeh, yaiku pesta kurban kang gedhe ing gunung-gununge Israel; sira bakal padha mangan daging lan ngombe getih. 18 Daginge para pahlawan kang bakal sira pangan lan getihe para panggedhening jagad kang bakal sira ombe; iku kabeh kayadene wedhus gembel lanang, cempe wedhus gembel, wedhus jawa lanang lan sapi lanang, raja-kaya lemon saka ing Basan. 19 Sira bakal padha mangan gajih nganti wareg lan ngombe getih nganti sira padha mendem ana ing pesta kurban kang Sunanakake kanggo sira iku. 20 Sira bakal padha dadi wareg anggonira mangan ana ing pestaningSun: jaran dalah kang nunggangi, pahlawan lan sakehing prajurit. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 21 Ingsun bakal nglairake pangwaosingSun ana ing antarane para bangsa lan iku kabeh bakal padha sumurup marang paukuman kang bakal Sundhawahake sarta ndeleng astaningSun kang bakal Sundhawahake marang bangsa-bangsa mau. 22 Ing kono para turune Israel bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, yaiku wiwit ing dina iku lan sabanjure, 23 sarta para bangsa bakal padha sumurup, manawa turune Israel anggone kabuwang iku marga saka kaluputane lan marga saka anggone banjur ora setya marang Ingsun, mulane Ingsun nutupi pasuryaningSun manawa karo turune Israel iku, tuwin Ingsun banjur ngulungake wong-wong iku marang ing tangane para mungsuhe, kabeh nuli padha mati dening pedhang. 24 Laras kalawan kanajisan lan durakane anggoningSun matrapi wong-wong iku, sarta Ingsun nutupi pasuryaningSun manawa karo turune Israel iku. 25 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing saikine, Ingsun bakal mulihake kaanane Yakub lan bakal nandukake kawelasan marang turune Israel lan marga saka bentering panggalihingSun, Ingsun bakal ngekahi asmaningSun kang suci. 26 Wong-wong iku bakal lali marang kawirangane lan sakehe tumindake kang ora setya, kang dilakoni tumrap Ingsun samangsa wus bali manggon ing tanahe kalawan tentrem lan ora ana kang njalari wedine, 27 sarta sawuse Sunpundhut saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing tanahe mungsuh-mungsuhe tuwin Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang dheweke kabeh ana ing ngarepe para bangsa kang akeh. 28 Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, kang mbekta menyang ing tanah pambuwangan ing satengahe para bangsa lan kang nglempakake maneh ana ing tanahe tuwin kang ora marengake siji bae keri ana ing kana. 29 Ingsun ora nutupi pasuryaningSun maneh tumrap wong-wong iku, samangsa Ingsun ngesokake RohingSun marang turune Israel. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Gapura lan platarane Padaleman Suci kang anyar 40:1-47 40 1 Ing taun kang kaping selawe sawuse aku padha kabuwang yaiku ing wiwitaning taun, ing tanggal sapuluh sasi iku, ing taun kang kaping patbelas sawuse kutha iku katelukake, ing dina iku uga pangwaose Sang Yehuwah nglimputi aku, aku kabekta 2 menyang ing tanah Israel ing sajrone wahyuning Allah lan aku kapapanake ing gunung kang dhuwur banget. Ana ing dhuwur kono ing ngarepku ana rerupan wujude kaya kutha. 3 Aku nuli kabekta mrana. Tumuli lah ana sawijining priya kang katon kaya tembaga, astane nyepeng tali lena lan teken ukuran; priya iku jumeneng ana ing gapura. 4 Iku banjur ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, waspadakna kalawan tliti, rungokna lan gatekna kang temenan samubarang kabeh kang bakal daktuduhake marang kowe; amarga iya iku prelune anggonmu kabekta mrene, yaiku supaya aku nuduhake iku kabeh marang kowe. Kabeh kang kokdeleng iki caritakna marang turune Israel.” 5 Lah ing sajabane padaleman ana temboke mubeng ngupengi padaleman iku. Astane priya mau nyepeng teken ukuran, kang dawane nem asta -- asta ing kene padha karo asta lumrah punjul satebah --. Priya mau nuli ngukur temboke, kandele sateken lan dhuwure sateken. 6 Bareng rawuh ing gapura kang marep mangetan, banjur minggah ing undhak- undhakane lan ngukur tlundhaging gapura tinemu ambane sateken. 7 Nuli ngukur kamar panjagan, dawane sateken, ambane sateken, dene lete kamar panjagan siji lan sijine ana limang asta. Tlundhaging gapura ing sisih jero, kang cedhak karo bangsaling gapura iku sateken. 8 Tumuli ngukur bangsaling gapura: wolung asta, 9 lan sakehing temboke rong asta; bangsal iku ana ing sisih njero. 10 Ing sakiwa-tengene gapura ing sisih wetan mau ana kamare panjagan telu-telu kang ukurane padha, dene sakane tembok ing sisih loro-lorone ukurane iya padha. 11 Banjur ngukur plonging gapura: ambane sisih njero sapuluh asta lan ambane sisih njaba telulas asta. 12 Peranganing ngarep kamar-kamar panjagan mau ing sisih kiwa tengen ana temboke let-letan, ambane saasta. Dene ukurane kamar panjagan iku alang-ujure ngenem asta. 13 Nuli ngukur gapura mau, wiwit temboke mburi kamar panjagan kang siji tekan temboke mburi kamar panjagan sijine, ngliwati lawanging let-letan loro-lorone: ambane selawe asta. 14 Bangsaling gapura uga kaukur: rong puluh asta; ing sakubenge bangsal iku ana platarane. 15 Wiwit ngarep gapura ing njaba nganti tekan bangsal sisih njero: seket asta. 16 Ing sakubenge gapura iku ing perangan njero ana cendhela-cendhelane mawa blabag sap-sapan, yaiku ing kamar-kamar panjagan lan ing tembok-temboke, mangkono uga ing bangsaling gapura. Saka-sakaning tembok mawa gambar wit kurma ukir-ukiran. 17 Aku banjur kabekta menyang ing plataran njaba, lah ing sakubenge plataran kono ana kamar-kamare, gunggunge telung puluh. Lan kamar-kamar iku dumunung ana ing sadhuwure srasahan. 18 Srasahan iku ana ing sakiwa-tengene gapura, trep karo dawaning gapura. Iku srasahan ing ngisor. 19 Ambaning plataran mau nuli kaukur wiwit saka ing sisih njerone gapura ngisor nganti tekan ing sisih njabane gapura njero: satus asta. Panjenengane nuli lumampah ana ing ngarepku mangalor 20 lah ing kono ana gapura kang madhep ngalor, dumunung ing plataran njaba. Amba-dawane banjur kaukur. 21 Kamare panjagan telu sisih kene lan iya telu sisih kono, saka-sakaning tembok lan bangsaling gapura ukurane padha karo gapura kapisan: dawane seket asta lan ambane salawe asta. 22 Cendhela-cendhelane, bangsaling gapura lan gambar-gambare wit kurma ukurane uga padha karo gapura kang marep mangetan. Wong bisane munggah mrono ngliwati undhak-undhakan pitu, dene bangsale gapura ana ing sisih njero. 23 Ing plataran njero ana gapurane kang arep-arepan karo gapura lor, kayadene gapura wetan; panjenengane nuli ngukur wiwit ing gapura kang siji tekan ing gapura candhake: satus asta. 24 Sawuse mangkono aku banjur kabekta mangidul, lah ing kono ana gapura kang madhep ngidul; kamar-kamare panjagan, saka-sakane temboke lan bangsal-bangsaling gapurane tumuli kaukur, ukurane padha bae karo liya-liyane. 25 Ing sakubenge gapura kono lan ing bangsaling gapurane ana cendhela- cendhelane, kang padha karo liya-liyane; gapura iku dawane seket asta lan ambane salawe asta. 26 Undhak-undhakane mrono ana pitu, dene bangsale gapura ana ing sisih njero. Gapura iku ing saka-sakaning temboke, uga ana gambare wit kurma ukir-ukiran, ing sisih kene sauwit ing sisih kono sauwit. 27 Ing peranganing plataran njero sisih kidul uga ana gapurane. Panjenengane banjur ngukur wiwit gapura kang siji tekan ing gapura candhake ing sisih kidul: satus asta. 28 Aku banjur dibekta menyang ing plataran njero ngliwati gapura kidul lan panjenengane tumuli ngukur gapura iku, ukurane padha bae karo liya-liyane. 29 Kamar-kamare panjagan, saka-sakane temboke lan bangsale gapura ukurane padha bae karo liya-liyane. Ing sakubenge gapura mau lan ing bangsale gapurane ana cendhela-cendhelane; dawane gapura iku seket asta dene ambane salawe asta. -- 30 Ing sakubenge ana bangsal- bangsale, dawane selawe asta lan ambane limang asta. -- 31 Bangsale dumunung ana ing plataran njaba lan ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dene undhak-undhakane munggah ana wolu. 32 Aku nuli dibekta menyang ing plataran njero sisih wetan lan panjenengane banjur ngukur gapura kang ana ing kono, tinemune ukurane padha bae karo liya-liyane. 33 Kamar- kamare panjagan, saka-sakane tembok sarta bangsale gapura ukurane padha bae karo liya-liyane. Ing sakubenge gapura lan bangsale ana cendhelane; gapura iku dawane seket asta lan ambane salawe asta. 34 Bangsale dumunung ana ing plataran njaba lan ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dumunung ana ing sisih kene lan ing sisih kanane, dene undhak-undhakane munggah ana wolu. 35 Aku banjur dibekta menyang ing gapura lor, gapura iki nuli kaukur, tinemune padha bae karo liya-liyane. 36 Kamar-kamare panjagan, saka-sakane temboke lan bangsale ukurane padha bae karo liya-liyane, tuwin ing sakubenge ana cendhela-cendhelane; gapura iku dawane seket asta, ambane salawe asta. 37 Bangsale dumunung ana ing plataran njaba, tuwin ing saka-sakaning temboke ana gambare wit kurma ukir-ukiran, dumunung ing sisih kene lan ing sisih kanane, dene undhak-undhakane munggah ana wolu. 38 Ing kono uga ana kamare siji, kang lawange dumunung ing bangsal, iku papan kanggo ngumbah kurban obaran. 39 Ing sajroning bangsal kono ing sisih kenene ana mejane loro, iku kanggo nyembeleh kurban obaran, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha. 40 Ing sisih kiwane bangsal sisih njaba ana mejane loro, tuwin ing sisih tengene bangsal iku uga ana mejane loro. 41 Dadi ing gapura kono ing sisih kiwi lan ing sisih tengene ana mejane papat-papat, gunggung ana wolu; iku kanggo nyembeleh kurban. 42 Uga ana mejane papat maneh kanggo kurban obaran, kang digawe watu tatahan. Dawane karo tengah asta, ambane karo tengah asta lan dhuwure saasta. Iku kanggo ndekek piranti nyembeleh kurban obaran lan kurban sembelehan. 43 Ing sakubenge panggonan kono ana canthelan-canthelan kang dawane nyatebah; meja-meja iku kanggo nyelehake daging kurban. 44 Aku banjur kabekta menyang ing plataran njero, lah ing kono ana kamare loro, kang siji dumunung ing sandhing gapura lor, marep mangidul, sijine sandhing gapura kidul, marep mangalor. 45 Aku nuli dipangandikani mangkene: “Kamar kang marep mangidul iki papane para imam kang nindakake kawajiban ana ing Padaleman Suci, 46 lan kamar kang marep mangalor iku papane para imam kang nindakake kawajiban ana ing misbyah. Iku kabeh turune Zadhok lan iya mung golongan iki saka ing panunggalane turune Lewi kang diparengake cedhak karo Sang Yehuwah prelu nganakake pangibadah.” 47 Plataran njero nuli kaukur: iku pesagi, dawane satus asta, ambane uga satus asta; misbyahe ana ing sangareping Padaleman Suci. Padaleman Suci kang anyar 40:48--41:26 48 Aku tumuli kabekta menyang ing bangsaling Padaleman Suci, lan panjenengane banjur ngukur saka-sakaning temboke: kandele ing sisih kene limang asta ing sisih kana uga limang asta, ambane lawange patbelas asta, dene temboke ing sandhinge nelung asta. 49 Padaleman Suci iku dawane rong puluh asta, ambane rolas asta. Wong kang munggah mrono ngliwati undhak- undhakan sapuluh lan sacedhake sakaning tembok loro-lorone mau ana sakane maneh loro, ing sisih kene siji ing sisih kana uga siji. 41 1 Aku banjur kabekta menyang ing sajroning bangsal gedhe ing Padaleman Suci kono sarta panjenengane ngukur sakaning temboke: kandele ing sisih kene enem asta, ing sisih kanane uga enem asta. 2 Ambane lawange sapuluh asta lan ambane tembok sandhinge ing sisih kene limang asta, ing sisih kana uga limang asta. Dawaning bangsal gedhe iya kaukur; patang puluh asta, dene ambane rong puluh asta. 3 Panjenengane nuli lumebet ing kamar njero. Sakaning temboke banjur kaukur: kandele rong asta, dene ambane lawange dhewe: enem asta, tuwin tembok ing sandhinge ing sisih kene pitung asta, ing sisih kanane pitung asta. 4 Tumuli ngukur kamar njero mau, dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta padha karo ambane bangsal gedhe. Aku nuli dipangandikani mangkene: “Iki papan Sucining Suci.” 5 Panjenengane banjur ngukur tembok ing Padaleman Suci iku: kandele enem asta lan ambane kamar tambahan kang tinemu ing sakubenge Padaleman Suci mau, patang asta. 6 Kamar-kamar tambahan iki sungsun telu lan saben larik kamare telung-puluh. Ing sakubenge Padaleman Suci temboke ana lowah-lowahane kang diedegi kamar-kamar tambahan mau, supaya padha dadi santosa, amarga kamar-kamar mau ora digandheng karo temboking Padaleman Suci. 7 Sabanjure kamar-kamar tambahan mau wiwit ing larikan ngisor nganti larikan kang katelu, saya gedhe saya gedhe, laras karo lowah-lowahane kang saya munggah iya saya amba ana ing larikan ing dhuwur ngliwati larikan tengah. 8 Ing sapandelengku dhasaring Padaleman Suci luwih dhuwur tinimbang ing sakubenge. Dhasaring kamar-kamar tambahan iku ukurane sateken trep, dadi dhuwure enem asta. 9 Kamar tambahan iku temboke sing njaba kandele limang asta, peranganing dhasare Padaleman Suci kang ora ana apa-apane iku ambane limang asta. Ing antarane dhasare gedhong-gedhong lan 10 kamar-kamar lete rong puluh asta, iku ing sakubenge Padaleman Suci kabeh. 11 Lan lawang-lawang ing kamar tambahan, kang metune anjog ing perangan kang ora kanggo apa-apa mau, siji ana ing sisih kidul. Dene ambane papan kang ora kanggo apa-apa iku limang asta mubeng. 12 Gedhong kang dumunung ana ing plataran tutupan ing sisih kulon ambane pitung puluh asta, dene temboke mubeng kandele limang asta lan dawane sangang puluh asta. 13 Panjenengane nuli ngukur Padaleman Suci mau: dawane satus asta, dene plataran tutupan karo gedhonge lan temboke uga satus asta; 14 mangkono uga ambane sisih ngarep Padaleman Suci karo plataran tutupan ing sisih wetan iya satus asta. 15 Sawuse mangkono Panjenengane banjur ngukur dawane gedhong kang ana ing plataran tutupan ing sisih kulon karo emper-empere ing sisih kiwa tengene, iku ana satus asta. Bangsal-agung, bangsal njero lan pandhapane 16 tinutupan ing blabag lan ing sakubenge bangsal telu iku ana cendhela- cendhelane kang mawa klambu, empere uga ana. Ing ngareping tlundhage Padaleman Suci iku kabeh katutupan blabag wiwit ing jrambahe nganti tekan ing cendhela-cendhelane -- cendhela-cendhelane iku padha katutupan -- 17 malah nganti tekan ing sadhuwuring lawang lan bangsal njero sarta uga ing njaba. Temboke perangan njero lan perangan njaba kabeh 18 rinengga ing gambar-gambar kerub lan wit kurma ukir-ukiran, ing antarane kerub loro wite kurma sauwit, sarta kerub iku raine loro, 19 kang siji arupa rai manungsa, sijine raining singa kang madhep marang wit kurma; kaya mangkono iku anggone Padaleman Suci mau kayasa. 20 Wiwit ing jrambah nganti tekan ing sadhuwuring lawang temboke rinengga ing kerub lan wit kurma ukur-ukiran. 21 Saka-sakaning lawange bangsal-agung pesagi. Lan ing sangarepe papan Sucining Suci katon ana rerupan kang memper misbyah kayu, 22 dhuwure telung asta, dawane rong asta; pojok-pojoke lan dhasare sarta gebyog-gebyoge kang digawe kayu. Panjenengane nuli ngandika marang aku: “Iki meja kang ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.” 23 Bangsal-agung iku inebing lawange loro tuwin papan Sucining Suci 24 inebing lawange uga loro: Ing lawang-lawang kono ana inebe loro kang bisa mubeng; loro dumunung ing lawang kang siji lan loro dumunung ing lawang sijine. 25 Lawang-lawang iki, yaiku lawang-lawanging bangsal-agung, rinengga ing kerub lan wit kurma ukir-ukiran kaya tembok-temboke. Ing sangarepe Padaleman Suci mau, yaiku ing jaba ana undhak- undhakane kayu. 26 Ing tembok sisih kiwa tengene pendhapa ana cendhela-cendhelane kang mawa klambu lan wit kurma ukir-ukiran. Kamar-kamaring para imam 42:1-14 42 1 Aku banjur dibekta menyang ing plataran njaba ing sisih lor menyang ing kamar-kamar kang mangku plataran tutupan lan arep-arepan karo gedhong kang ana ing pojok kulon. 2 Dawane gedhong kamar-kamar iku ing sisih lor satus asta dene ambane seket asta. 3 Arep-arepan karo kang rong puluh asta saka ing plataran jero lan arep-arepan karo srasahan kang dumunung ing plataran njaba ana empere arep-arepan sungsun telu. 4 Ing ngarepe kamar-kamar mau ana dalan kang lumebu ing gedhong, ambane sepuluh asta lan dawane satus asta, dene lawang-lawange mlebu ana ing sisih lor. 5 Kamar-kamar kang ana ing dhuwur iku luwih cilik katimbang kang ana ngisor lan kang ana ing tengahing gedhong mau, amarga emper-empere iku papane luwih amba tinimbang kamar-kamar iku. 6 Sarehne kamar-kamar iku sungsun telu lan ora nganggo saka kaya kang ana ing plataran njaba, mulane kamar-kamar dhuwur luwih cilik tinimbang kamar-kamar ngisor utawa kamar tengah. 7 Ing njaba ana temboke kang sajajar karo larikaning kamar-kamar, dununge ana ing sacedhake plataran njaba ana ing sangarepe kamar-kamar; dawane seket asta. 8 Dene dawane larikan kamar-kamar ing sapinggiring plataran njaba iku iya seket asta, nanging larikan kamar-kamar kang marep menyang ing Padaleman Suci iku satus asta. 9 Kamar-kamar iki ing ngisor ana lawange lumebu saka ing wetan, yaiku manawa wong saka ing plataran njaba kepengin lumebu, 10 dene dununge lawang iku ana ing wiwitaning tembok njaba. Ing sisih kidul ing sangarepe plataran tutupan lan ing sangarepe gedhong ing pojok kulon uga ana kamar-kamare 11 tuwin ing ngarepe ana gange. Kamar-kamar iki wujude padha karo kang ana ing sisih lor, iya dawane lan ambane, iya lawang-lawange metu, lan pasang-rakite. Lawang-lawange mlebu ing sisih lor 12 iya padha karo lawang-lawang lumebu ing kamar-kamar kang ana ing sisih kidul. Ing wiwitaning dalan kang ana ing sisihe tembok uga ana lawange, yaiku lawang kang kanggo ing wong kang kepengin lumebu ing kamar saka ing wetan. 13 Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kamar-kamar ing sisih lor lan kidul kang mangku plataran tutupan, iku kamar-kamar suci, panggonane para imam kang sowan ing ngarsaning Sang Yehuwah padha mangan atur-atur kang suci linuwih. Ana ing kono iku anggone padha ndekek atur-atur kang suci linuwih, kurban dhaharan, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha, amarga papan iku suci. 14 Manawa para imam lumebu ing pasucen, ora bakal metu menyang ing plataran njaba, sadurunge cucul sandhangan ana ing kono yaiku sandhangane kang dianggo nalika nganakake pangibadah, amarga sandhangan mau suci. Mulane kudu nganggo sandhangan liyane, sawuse mangkono lagi kena menyang ing panggonane umate Sang Yehuwah.” Ukuran-ukuraning wewengkone Padaleman Suci 42:15-20 15 Sawise rampung anggone ngukur gedhong- gedhong ing jero kabeh, aku banjur kabekta menyang ing gapura kang marep mangetan, nuli panjenengane ngukur wewengkone Padaleman Suci mau. 16 Sisih wetan kaukur nganggo teken ukuran: limang atus asta manut teken ukuran iku. Panjenengane tumuli pindhah 17 lan ngukur sisih lor: limang atus asta manut teken ukuran. Nuli pindhah maneh 18 lan ngukur sisih kidul: limang atus asta manut teken ukuran. 19 Banjur pindhah mangulon nuli ngukur: limang atus asta manut teken ukuran. 20 Sisihe papat pisan kaukur. Ing sakubenge wewengkon iku ana temboke: dawane limang atus asta lan ambane limang atus asta. Iku kanggo misahake kang suci karo kang ora suci. Sang Yehuwah kondur menyang ing Padaleman Suci kalawan kamulyan 43:1-12 43 1 Aku banjur kabekta menyang ing gapura, yaiku gapura kang marep mangetan. 2 Lah kamulyaning Allahe Israel rawuh saka ing wetan banjur keprungu swara kaya kumrasaking grojogan lan bumi katon mencorong marga saka kamulyane. 3 Kang dakdeleng nalika Sang Yehuwah rawuh prelu nyirnakake kutha iku lan kaya kang dakdeleng ana ing pinggiring kali Kebar, mulane aku banjur sujud. 4 Nalika kamulyaning Sang Yehuwah lumebet ing Padaleman Suci, nglangkungi gapura kang marep mangetan. 5 Sang Roh mau tumuli njunjung aku lan mbekta aku menyang ing plataran njero, lah, Padaleman Suci iku kapenuhan ing kamulyaning Sang Yehuwah. 6 Aku banjur krungu Panjenengane mangandikani aku saka ing sajroning Padaleman Suci -- priya kang ngukur Padaleman Suci mau jumeneng ing sandhingku -- 7 mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati; 8 uga ora kalawan mrenahake tlundhaging lawange cedhak ing tlundhaging lawangingSun utawa ngedegake saka-sakaning lawange cedhak ing saka-sakaning lawangingSun, nganti mung tembok kang misahake Ingsun lan wong-wong mau. Anggone najisake asmaningSun kang suci kalawan tingkah-polahe kang nistha, mulane marga saka dukaningSun banjur Suntumpes. 9 Saiki bakal padha ngedohake anggone ora setya lan mayite para rajane saka ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun bakal dedalem ana ing satengahe ing salawas-lawase. 10 Anadene sira, he, anaking manungsa, sira nerangna marang turune Israel bab Padaleman Suci iki, supaya padha wirang nyumurupi kaluputan-kaluputane; uga bab wujude lan tata-rakite Padaleman Suci iku. 11 Dene manawa padha rumangsa wirang nyumurupi samubarang kabeh kang katindakake, Padaleman Suci iku gambaren, perang-perangane, lawang-lawange metu lan lawang-lawange lumebu sarta wujud-wujude kabeh; padha sira sumurupna marang sakehing pranatane lan angger-anggere sarta iku tulisen ana ing ngarepe, supaya banjur padha nglakoni sakehing angger-anggere lan pranatane kalawan setya. 12 Iki katemtuane tumrap Padaleman Suci iku: wilayah ing pucaking gunung iku kabeh suci linuwih. Lah yaiki katemtuan tumrap Padaleman Suci iku.” Ukuraning misbyah lan anggone karesmekake 43:13-27 13 Iki ukuran-ukuraning misbyah nganggo ukuran asta, yaiku asta kang dawane padha karo asta lumrah katambahan satebah: kalene jerone saasta, ambane saasta sarta ing sakubenge kalen mau pinggirane dhuwure satebah. Iki dhuwure misbyah iku: 14 saka ing dhasare ing lemah nganti tekan ing wengku ngisor ana rong asta lan ambane wengku mau saasta. Saka ing wengku ngisor nganti tekan ing wengku dhuwur ana patang asta dene wengkune ambane uga saasta. 15 Prapen mau dhuwure patang asta lan ana sungune papat. 16 Prapene dawane rolas asta lan ambane rolas asta, dadine pesagi. 17 Wengkune prapen iku dawane patbelas asta lan ambane patbelas asta, dadi uga pesagi. Ing sakubenge misbyah mau ana kalene, kang ambane saasta tuwin ing sakubenge kalen iku ana pinggirane, kang ambane satengah asta. Undhak-undhakane misbyah dumunung ing sisih wetan. 18 Aku banjur dipangandikani: “He, anaking manungsa, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: pranatan tumrap misbyah iku mangkene: Manawa wus rampung panggawene lan bakal kawiwitan nyaosake kurban obaran ana ing kono sarta bakal nyiramake getih, 19 para imam trah Lewi turune Zadhok sira wenehana sapi lanang siji kang isih enom kanggo kurban pangruwating dosa, amarga iya wong-wong iku kang Sunparengake sowan marang ing ngarsaningSun prelu ngunjukake pangabekti. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 20 Lan sira njupuka getih iku sathithik nuli leletna ing sunguning misbyah papat pisan tuwin ing pojoke papat kubenge sarta ing pinggire mubeng; kaya mangkono anggonira nucekake misbyah mau lan anggonira nganakake pirukun tumrap iku. 21 Sira banjur njupuka sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosa mau, iku kudu kaobong ana ing panggonan kang wus katemtokake ing wewengkone Padaleman Suci, ing sajabane pasucen. 22 Ing dina kang kapindho sira misungsungna wedhus lanang kang tanpa cacad minangka kurban pangruwating dosa lan misbyahe sira sucekna kaya nalika disucekake kalawan sapi lanang. 23 Sawuse sira ngrampungake upacara pasucen sira misungsungna sapi lanang enom kang tanpa cacad siji lan wedhus gembel lanang siji panunggalane wedhus-wedhus gembel kang tanpa cacad. 24 Iku gawanen marang ing ngarsane Sang Yehuwah lan imam-imam banjur padha nguwur-uwurana uyah kewan- kewan iku nuli iku kapisungsungna minangka kurban obaran marang Sang Yehuwah. 25 Ing sajroning pitung dina ing saben dinane sira olaha wedhus siji minangka kurban pangruwating dosa; sira uga olaha sapi lanang enom siji lan wedhus gembel lanang siji panunggalane wedhus-wedhus kang tanpa cacad. 26 Pitung dina lawase anggone kudu nebus lan nucekake misbyah iku; mangkono iku patrape anggone ngresmekake misbyah mau. 27 Sawuse mungkasi pitung dina mau, ing dina kawolu lan sateruse imam-imam padha nyaosna kurban-kurbanira obaran lan kurban-kurban kaslametanira ana ing misbyah kono; ing kono Ingsun bakal karenan menggah ing sira kabeh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Gapura wetan kang mineb 44:1-3 44 1 Sawuse mangkono panjenengane mbekta wangsul aku menyang ing gapurane njaba pasucen, kang marep mangetan; gapura iki mineb. 2 Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku: “Gapura iki kudu terus mineb, ora kena menga lan aja nganti ana wong kang lumebu mrene, sabab Sang Yehuwah, Allahe Israel, wus lumebet miyos ing kene; mulane gapura iki kudu terus mineb. 3 Mung Sang Prabu sarehne jumeneng raja, diparengake lenggah ing kono lan dhahar ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Sang Prabu iku bakal lumebet miyos ing bangsaling gapura sarta anggone tedhak iya miyos ing kono.” Pituduh bab tata pangibadah lan bab para imam 44:4-31 4 Aku banjur kabekta ngliwati gapura lor menyang ing sangarepe Padaleman Suci; aku nyumurupi lah Padalemane Sang Yehuwah kapenuhan ing kamulyane Sang Yehuwah; aku nuli sujud nyembah. 5 Sang Yehuwah ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, waspadakna kang temenan, delengen kalawan tliti lan rungokna kalawan terwaca samubarang kabeh kang bakal Sunpangandikakake marang sira bab pranatan-pranataning Padalemane Sang Yehuwah lan sakehing angger-anggere sarta gatekna temenan sapa kang diparingake lumebu tuwin sapa kang kudu kabalekake saka ing papan suci iku. 6 Sira celathua marang golongan pembrontak, yaiku turune Israel: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: He, turune Israel, panggawenira kang nistha iku wus cukup, 7 yaiku anggonira nglilani wong-wong manca, wong-wong kang ora tetak mungguh ing ati lan badane, lumebu ing pasuceningSun lan marga saka mangkono padha najisake pasucen iku nalika sira padha ngunjukake dhaharaningSun, yaiku gajih lan getih. Marga saka panggawenira kang mangkono iku sira padha ngrusak prajanjianingSun ngluwihi sakehing pratingkahira kang nistha kang uwis-uwis. 8 Sira ora padha rumeksa marang barang-barangingSun kang suci sarta sira padha ngangkat wong-wong mau sira dadekake kang nindakake kawajibanira marang Ingsun ana ing pasuceningSun. 9 Marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Wong-wong manca kang atine lan badane ora katetakan, siji bae ora ana kang kaparengake lumebu ing pasuceningSun, yaiku saben wong manca kang ana ing satengahe wong Israel. 10 Dene wong-wong Lewi kang ngedohi Ingsun nalika Israel tumindak mblasar nilar Ingsun, ngenut brahala-brahalane, iku kang padha nanggung paukumane. 11 Ana ing pasuceningSun iya para wong Lewi iku kang nduweni kawajiban jaga ana ing gapura-gapuraning Padaleman Suci; iya wong-wong iku kang kawajiban nyembeleh kurban obaran lan kurban sembelehan kanggo bangsa iku tuwin nindakake kawajiban kanggo bangsa iku minangka anggone leladi marang bangsa iku. 12 Ing sarehne para wong Lewi iku wus leladi marang bangsa iku, ana ing ngarepe para brahalane, tuwin tumraping turune Israel banjur wus dadi sandhungan, kang njalari tumibane ing kaluputan, iya marga saka iku Ingsun supaos tumrap wong-wong iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong-wong iku bakal nanggung paukumane dhewe. 13 Ora bakal padha sowan ing ngarsaningSun prelu nindakake pagaweaning imam ana ing ngarsaningSun utawa iya ora bakal nyedhaki sakehing barangingSun kang suci tuwin pisungsung-pisungsung kang suci linuwih; bakal padha nanggung kawirangane kang marga saka pratingkah-pratingkahe kang nistha. 14 Mulane wong-wong iku mung bakal Suntetepake dadi kang padha nyambut gawe ana ing Padaleman Suci lan leladi ing bab samubarang kabeh kang gegayutan karo iku sarta nindakake samubarang kabeh kang prelu ana ing kono. 15 Nanging para imam, wong Lewi turune Zadhok, kang nindakake kawajiban-kawajiban ana ing pasuceningSun, nalika wong Israel padha mblasar nilar Ingsun, iya para wong iku kang bakal sowan ing ngarsaningSun prelu ngunjukake marang Ingsun gajih lan getih. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 16 Wong-wong iku kang bakal sowan ing ngarsaningSun prelu nindakake pangibadah lan kang bakal nindakake kawajibane kagem Ingsun. 17 Manawa para imam arep lumebu ngliwati gapura-gapura plataran njero, kudu manganggo sandhangan lena, ora kena manganggo sandhangan wulu wedhus yen pinuju nindakake kawajiban ana ing gapura-gapura ing plataran njero utawa pinuju nindakake tata-pangibadah ana ing Padaleman Suci. 18 Kudu nganggo serban lena lan clana lena sarta aja nganti nganggo sabuk kang marakake kringeten. 19 Manawa metu menyang ing plataran njaba nemoni umat kagungane Sang Yehuwah, kudu cucul sandhangane kang dianggo nalika nindakake pangibadah, iku kudu kasimpen ing kamar-kamar suci, banjur nganggo sandhangan liyane, supaya umat iku aja dadi suci amarga kagepok dening sandhangan mau. 20 Ora kena gundhul nanging iya ora kena gondrong, kudu diingu cendhak 21 Para imam ora kena ngombe anggur, manawa arep lumebu ing plataran njero. 22 Randha utawa wong wadon kang wus kapegat dening sing lanang ora kena dipek bojo, nanging mung prawan turune Israel utawa randhaning imam, iku kena dipek bojo. 23 Para imam iku kudu mulang marang umatingSun bab beda-bedane kang suci lan kang ora suci sarta nerangake beda-bedane kang najis lan kang ora najis. 24 Manawa ana prakara kudu tumindak dadi hakim sarta anggone ngakimi kudu manut ing pranatan-pranataningSun. Ing dina-dina gedhe kagunganingSun para imam kudu nindakake angger-anggeringSun lan katetepan-katetepaningSun sarta dina-dina Sabatingsun kudu disucekake. 25 Para imam ora kena ndeleng mayit amarga jalaran saka mangkono wong-wong mau banjur dadi najis. Kenane najisake awake mung tumrap mayite bapakne, ibune, anake lanang utawa wadon, kakangne utawa adhine lanang, mbakyune utawa adhine wadon kang durung omah-omah. 26 Sawuse nucekake awake banjur ngetunga pitung dina engkas, 27 dene ing dina lumebune ing pasucen maneh, menyang ing plataran njero prelu nindakake tata-pangibadah ing pasucen, kudu ngaturake kurban pangruwating dosane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 28 Para imam ora oleh panduman pusaka, amarga Ingsun kang dadi pusakane, sarta aja diwenehi tanah ana ing Israel, awit Ingsun kang dadi pandumane. 29 Sesaosan, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha iku kang kena mangan mung para imam, mangkono uga kabeh kang kamligekake ana ing tanah Israel, iku dadi pandumane. 30 Sabanjure apa kang becik dhewe tumrap pembarepe apa bae lan sakehe sesaosan mligi apa bae, sakehe sesaosanira kang kusus iku dadi pandumane para imam; uga glepungira gandum kang becik dhewe iku kudu sira wenehake marang imam, supaya anakira oleha berkah. 31 Sakehing manuk utawa kewan kang wus mati, utawa sisaning kewan galak iku ora kena kapangan dening para imam.” Pisungsung kusus Bageane kutha Bageane raja 45:1-8 45 1 “Manawa sira padha mbage-mbage nagara iku dadi tanah-pusakanira kanthi patrap kaundhi, sira mligekna saperanganing tanah iku dadi pisungsung mligi kang suci kagem Sang Yehuwah, dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta. Tanah kang ana ing jerone wates iki kabeh iku suci. 2 Tanah iku anaa kang kasadhiyakake kanggo pasucen, wujude pesagi papat, dawane lan ambane nglimang atus asta lan ing sakubenge anaa lowahane kang ambane seket asta. 3 Ing tanah kang wus kaukur mau sira ngukura saperangan kang dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta: iya ing kono iku dununge pasucen tuwin perangan iki Sucining Suci. 4 Iki perangan kang suci tumrap tanah iku lan dadi papaning para imam kang nindakake tata-pangibadah ing pasucen, kang padha sowan leladi marang Sang Yehuwah. Iku papan pomahane para imam lan dadi wewengkon suci tumrap ing pasucen. 5 Kang dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta iku dadi darbeke wong-wong Lewi kang kawajibane leladi ana ing Padaleman Suci; iku kutha-kuthane, papan panggonane. 6 Kang dadi duweking kutha iku sira temtokna: ambane limang ewu asta, dawane salawe ewu asta lan adu wates karo pisungsung mligi kang suci mau. Iku kanggo turune Israel kabeh. 7 Anadene bageaning raja iku kudu dumunung ana ing sakulone lan sawetane pisungsung mligi kang suci lan duweke kutha iku kudu adu wates karo perangan loro mau. Sisihe kulon kudu nganti tekan wates kulon lan sisihe wetan kudu tekan wates wetan. Dadi dawane kudu padha karo dawane bageane taler Israel siji, yaiku wiwit wates kulon nganti tekan wates wetan ing nagara iku. 8 Iku kang dadi bageane ana ing tanah Israel. Lan para raja Israel ora bakal nindhes umatingSun maneh sarta bakal padha masrahake nagara iku marang turune Israel manut taler-talere.” Kawajibane umating Yehuwah lan tanggung-jawabe raja 45:9-17 9 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iku wus cukup, he, para raja Israel, sira ngedohna tumindak keras lan aniaya, tuwin nindakna pangadilan lan kabeneran; lerenana anggonira nindakake kekerasan, yaiku anggonira nundhungi umatingSun saka ing tanah, kang dadi duweke; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah. 10 Wus sapantese manawa sira migunakake timbangan kang bener, efa kang bener lan bat kang bener. 11 Wus sapantese manawa efa lan bat iku takerane padha, dadi sa-bat isine saprasapuluh homer lan sa-efa uga saprasapuluh homer. Dadi takeran-takeran iku ngenut homer. 12 Tumrap sira kabeh wus sapantese manawa sa-syikal iku padha karo rong puluh gera, limang syikal iya limang syikal, lan sapuluh syikal iya sapuluh syikal, lan seket syikal iku ana sa-mina. 13 Iki sesaosan mligi kang kudu padha sira unjukake: sapranem efa saka gandum sa-homer lan sapranem efa saka sair sa-homer. 14 Anadene katetepane tumrap lenga mangkene: saprasapuluh bat saka sa-kor; sa-kor iku padha karo sapuluh bat. 15 Saben cempe wedhus gembel rong atus duweke brayat siji kajupuk siji. Iku kabeh kanggo kurban dhaharan lan kurban obaran sarta kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap wong-wong mau. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 16 Kabeh pendhudhuk nagara kudu ngunjukake pisungsung mligi marang raja Israel. 17 Dene raja kang tanggung-jawab tumrap kurban obaran, kurban dhaharan, kurban unjuk-unjukan manawa pinuju dina gedhe, sasi anyar, dina Sabat lan saben turune Israel nganakake pahargyan. Raja kang kudu nyawisake kurban pangruwating dosa, kurban dhaharan, kurban obaran lan kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap turune Israel.” Sesaosan ing dina gedhe 45:18--46:18 18 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah Allah: “Ing sasi kapisan, tanggal siji sasi iku sira njupuka sapi lanang enom siji kang tanpa cacad, pasucen iku banjur sucekna. 19 Imam njupuka getih kurban pangruwating dosa sathithik lan leletna ing saka-sakane Padaleman Suci lan ing pojoke papat wengkune misbyah sarta ing saka-sakaning gapura plataran njero. 20 Mangkono uga ing tanggal sapisan sasi kapitu sira iya tumindaka mangkono kanggo para wong kang nglakoni dosa ora kanthi kajarag lan ora kasumurupan. 21 Ing sasi kapisan, tanggal patbelas sasi iku sira padha mahargyaa riyaya Paskah lan ing sajrone pitung dina sira padha mangana roti tanpa ragi. 22 Ing dina iku raja nyawisna sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosa tumuju marang awake dhewe lan wong sanagara kabeh. 23 Ing sajroning pitung dina ing dina gedhe iku, raja nyawisana kurban obaran kagem Sang Yehuwah: saben dina sapi lanang pitu lan wedhus gembel lanang pitu kang tanpa cacad tuwin kanggo kurban pangruwating dosa saben dina wedhus jawa lanang siji. 24 Kanggo kurban dhaharan raja nyawisana glepung sa-efa kalawan sapi siji lan glepung sa-efa kalawan wedhus gembel lanang siji sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa. 25 Ing sasi kapitu, tanggal limalas sasi iku, yaiku ing dina gedhe, raja iya nganakna pacawisan kaya mangkene iki lawase pitung dina: kurban pangruwating dosa, kurban obaran, kurban dhaharan lan lenga. 46 1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Gapura plataran njero kang marep mangetan kudu mineb ing sajroning nem dina, dina nyambut gawe, nanging ing dina Sabat supaya diwengakake; ing dina sasi anyar uga kudu diwengakake. 2 Raja iku anggone bakal lumebu saka njaba ngliwati bangsaling gapura lan banjur ngadeg ing sacedhake sakaning gapura iku. Ing nalika iku para imam padha ngolah kurban obaran lan kurban kaslametaning raja mau, dene raja iku nuli sujud nyembah ana ing tlundhaging gapura iku, banjur metu maneh. Anadene gapura iku nganti sore ora kena kainebake. 3 Wong-wong ing nagara iya kudu melu sujud nyembah ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing gapura kono, ing dina Sabat lan ing dina sasi anyar. 4 Kurban obaran kang kudu kacaosake dening ratu marang Sang Yehuwah ing dina Sabat iku, wedhus gembel enem kang tanpa cacad lan wedhus gembel lanang siji kang tanpa cacad. 5 Kurban dhaharan kang awujud wedhus gembel lanang iku kudu kaolah kalawan glepung sa-efa, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane, iku gumantung karo kakuwatane, lan lenga sa-hin kanggo sa-efa. 6 Ing sasi anyar kudu kapisungsungake sapi lanang enom siji kang tanpa cacad, sarta wedhus gembel enem lan wedhus gembel lanang siji kang tanpa cacad. 7 Kanggo kurban dhaharan, raja kudu nyawisake glepung sa-efa kalawan sapi siji lan glepung sa-efa kalawan wedhus gembel lanang siji, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane gumantung kakuwatane, sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa. 8 Manawa ratu arep lumebu iku anggone lumebu kudu ngliwati bangsaling gapura lan metune uga saka ing kono. 9 Nanging manawa para wong ing nagara, ing dina-dina pahargyan mau padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kang lumebu ngliwati gapura lor sumedya melu sujud nyembah, metune liwata ing gapura kidul, dene kang lumebune ngliwati gapura kidul, metune liwata ing gapura lor. Aja ana wong kang metune liwat ing gapura kang mau diwetoni nalika lumebune, dadi saben wong metune liwata ing gapura kang ana ing ngarepe. 10 Anadene ratu iku mlebu metune bareng karo wong-wong mau. 11 Ing dina-dina gedhe lan ing dina pahargyan-pahargyan kang tetep, kudu ana kurban dhaharan; yaitu glepung sa-efa diolah kalawan sapi lanang siji tuwin glepung sa-efa diolah kalawan wedhus gembel lanang siji, dene kurban dhaharan kang awujud wedhus-wedhus gembel liyane iku gumantung kakuwatane, sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa. 12 Manawa ratu nyawisake kurban obaran manasuka utawa kurban kaslametan manasuka kagem Sang Yehuwah, iku kawenganana gapura ing sisih wetan tuwin ratu mau banjur bakal ngunjukake kurbane obaran lan kurbane kaslametan iku kayadene kang katindakake ing dina Sabat. Sawuse mangkono banjur metu lan gapurane nuli kudu kaineb. 13 Saben dina dheweke kudu nyawisake wedhus gembel kang umur sataun kang tanpa cacad kanggo kurban obaran kagem Sang Yehuwah; iku kudu katindakake saben esuk. 14 Kajaba iku saben esuk kudu ngunjukake kurban dhaharan glepung sapranem efa kalawan lenga sapratelon hin kanggo nyampuri glepung kang becik dhewe mau; iku kurban dhaharan kagem Sang Yehuwah, lan katetepan iki kanggo ing salawase 15 Dadi saben esuk wong-wong kudu ngunjukake wedhus gembel lan kurban dhaharan sarta lenga minangka kurban obaran kang tetep. 16 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Manawa ratu menehi saperanganing tanah pusakane marang salah sijine anake, iku banjur dadi duweke sarta dadi tanah pusakane. 17 Manawa menehi saperangane tanah pusakane marang salah sijine abdine, iku banjur dadi duweke nganti tekan taun pangluwaran, nuli bali marang raja iku maneh; mung para putraning ratu kang kena ndarbeni dadi warisane. 18 Raja aja nganti nyahak tanah pusakaning rakayt, satemah padha kesuk saka ing tanahe iku; mung duweke dhewe kang kena kawarisake marang anak-anake, supaya umatingSun aja nganti ana kang kesuk saka ing tanah pusakane.” Papan kanggo ngolah kurban 46:19-24 19 Aku nuli dibekta menyang ing kamar- kamare kang dumunung ing salore pasucen, ngliwati lawang ing sandhinge gapura, lah ing kono ing perangan kulon dhewe ana sawijining panggonan. 20 Aku dipangandikani mangkene: “Kene iki panggonane para imam padha ngolah kurban dhendha lan kurban pangruwating dosa sarta ngobong kurban dhaharan, tuwin iku ora kena kagawa menyang ing plataran njaba, supaya aja nganti nucekake umating Yehuwah.” 21 Sawuse mangkono aku nuli kairid menyang ing plataran njaba lan aku diparengake menyang ing pojoke papat plataran iku, lah ing saben pojok ana platarane maneh. 22 Ing pojoke papat plataran iku ana platarane cilik, dawane patang puluh asta lan ambane telung puluh asta, kapate iku ukurane padha. 23 Plataran-plataran cilik papat iku kaubengan ing tembok lan ing perangane ngisor tembok- tembok iku ana papan-papane kang kanggo olah-olah. 24 Panjenengane ngandika marang aku: “Iki pawon kanggo olah-olah; para kang padha nduweni kawajiban ana ing Padaleman Suci anggone ngolah kurban sembelehan kanggo rakyat ana ing kene.” Kali kang mili saka ing Padaleman Suci 47:1-12 47 1 Aku banjur kabekta bali menyang ing lawanging Padaleman Suci, lah ing kono ana banyu kang mili metu saka ing sangisoring tlundhaging lawange Padaleman Suci iku, lan iline mangetan, amarga Padaleman Suci iku uga marep mangetan; anadene iline banyu mau saka ing sangisore perangane Padaleman Suci ing sisih tengen, ing sakidule misbyah. 2 Aku nuli kairid metu ngliwati gapura lor lan aku kabekta mubeng-mubeng saka ing njaba menyang ing gapura njaba kang marep mangetan, lan banyune iku metu saka ing sisih kidul. 3 Priya mau tumuli tindak mangetan kalawan ngasta tali ukuran; panjenengane ngukur sewu asta lan banjur dhawuh marang aku supaya nyemplung ing banyu kono, jerone banyu sapolok. 4 Panjenengane ngukur sewu asta maneh lan dhawuh marang aku supaya nyemplung maneh, saiki jerone wis sadhengkul; panjenengane tumuli ngukur sewu asta maneh lan dhawuh marang aku supaya nyemplung maneh, saiki jerone wis sabangkekan. 5 Panjenengane ngukur sapisan maneh sewu asta, saiki banyu iku wus dadi kali, aku ora bisa mlaku maneh ana ing kono, sabab banyune wus saya dhuwur, satemah wong bisa nglangi. Kali kang wus ora kena disabrangi maneh. 6 Aku banjur dipangandikani: “He, anaking manungsa, apa iku wus kokdeleng?” Aku nuli kabekta bali metu ing urut pinggiring kali. 7 Sajrone lumaku bali iku, lah ing pinggire kali kiwa tengen ana wit-witane akeh. 8 Panjenengane ngandika marang aku: “Kali iki mili menyang ing wilayah wetan, lan mudhun menyang Araba-Yarden, lan mutah ing Sagara Asin; banyune kang asin banget iku banjur dadi tawa, 9 satemah menyang ngendi bae iline kali iku, sakehing makhluk kang urip kang kumroyok ana ing kono bakal urip. Iwake bakal dadi akeh, amarga menyang ngendi bae parane banyu iku, ing kono banyune sagara banjur dadi tawa, lan menyang ngendi bae iline kali iku, samubarang kabeh kang ana ing kono bakal urip. 10 Mulane ing saurut pinggiring kali mau wiwit ing En-Gedi nganti tekan ing En-Eglaim kebak wong kang padha golek iwak; dhaerah kono banjur dadi papan ngepe jala, sarta ing kali kono ana iwake warna-warna, kaya iwak-iwak ing sagara gedhe, akeh banget. 11 Nanging embel-embel lan rawa-rawane ora dadi tawa, iku dadi panggonan njupuk uyah. 12 Ing pinggire kali kiwa tengen ana wite wowohan warna-warna, kang godhonge ora alum lan wohe ora entek-entek; saben sasi awoh maneh, sabab wit-wit iku oleh banyu saka papan kang suci iku. Wohe bakal dadi pangan, dene godhonge kanggo tamba.” Wates-watese tanah Israel 47:13-20 13 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki wates-watese tanah kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusakanira ing antarane suku Israel rolas, Yusuf tampa rong bagean. 14 Tanah iku kudu sira bage rata, yaiku tanah kang kalawan supaos Sunjanjekake Sunparingake marang leluhurira, mulane tanah iku dadi tanah-pusakanira. 15 Iki watese tanah iku: ing sisih lor: saka sagara gedhe terus, ngliwati Hetlon tekan ing dalan kang mlebu ing Hamat banjur terus, ngliwati Zedad, 16 Berota, Sibraim, kang dumunung ing antarane kuta Damsyik lan wilayahe kutha Hamat, terus tekan ing Hazar-Enon kang dumunung ing wilayahe kutha Hauran. 17 Dadi tapel-watese iku wiwit ing sagara nganti tekan ing Hazar-Enon, temah wilayahe kutha Damsyik iku uga wilayahe kutha Hamat dumunung ing salore. Iku ing sisih lor. 18 Ing sisih wetan: wiwit saka ing Hazar-Enon kang dumunung ing antarane Hauran lan Damsyik, bengawan Yarden dadi tapel-wates ing antarane Gilead lan tanah Israel, terus ngener ing Sagara Wetan nganti tekan ing Tamar. Iku ing sisih wetan. 19 Ing sisih kidul: tapel-watese wiwit saka ing Tamar terus, ngliwati sumber Meriba ing sacedhake Kadhesy, terus nganti tekan kali Mesir, banjur terus nganti tekan ing sagara gedhe. Yaiku tapel-watese ing sisih kidul, adu wates karo Negeb. 20 Ing sisih kulon: Sagara gedhe dadi tapel wates nganti tekan ing panggonan lumebune dalan menyang ing Hamat. Iku ing sisih kulon.” Pambageane tanah Israel 47:21--48:29 21 “Tanah iki kang kudu sira bage ing antaranira kabeh manut suku-sukune Israel. 22 Iku kudu sira bage dadi tanah-pusaka ana ing antaranira kabeh lan ana ing antarane para wong manca kang padha manggon ana ing tengahira, kang padha anak-anak ing satengahira, sarta iku kudu sira rengkuh padha kayadene wong Israel asli; iku iya kudu oleh bagean tanah pusaka ana ing satengahe suku-suku Israel. 23 Dadi manawa ing satengahe sawijining suku ana wonge manca, iku kudu sira wenehi tanah-pusaka. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 48 1 Iki jenenge suku-suku mau: Kang ana lor dhewe: wiwit ing sagara, terus, ngliwati Hetlon, tekan ing panggonan lumebune dalan menyang Hamat, Hazar-Enon, mulane wilayahe kutha Damsyik, kang cedhak karo Hamat, dumunung ing sisih lore; wiwit tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Dhan. 2 Adu wates karo wilayahe Dhan, saka ing tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Asyer. 3 Adu wates karo wilayahe Asyer, saka tapel- wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Naftali. 4 Adu wates karo wilayahe Naftali, saka tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Manasye. 5 Adu wates karo wilayahe Manasye, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku wilayahe Efraim. 6 Adu wates karo wilayahe Efraim, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Ruben. 7 Adu wates karo wilayahe Ruben, wiwit saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Yehuda. 8 Adu wates karo wilayahe Yehuda, wiwit saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, ing kono ana pisungsung mligi, kang kudu sira mligekake, yaiku kang ambane salawe ewu asta, lan dawane padha karo dawane sabagean, yaiku wiwit saka tapel- wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, sarta ing satengahe kono kanggo pasucen. 9 Perangan pisungsung kusus kang kudu sira mligekake kagem Sang Yehuwah iku dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta. 10 Pisungsung mligi kang suci iku kanggo para imam: ing sisih lor lan kidul dawane salawe ewu asta, dene ambane ing sisih wetan lan kulon sapuluh ewu asta. Pasucen kagem Sang Yehuwah dumunung ana ing tengahe. 11 Iya iki bageaning imam-imam kang wus kasucekake, yaiku para turune Zadhok, kang nglakoni kawajibane kagem Ingsun lan kang ora melu tumindak nasar ing sajrone pamblasare wong Israel, yaiku para wong Lewi. 12 Iki perangane tanah kang wus kamligekake, kang kasadhiyakake kanggo wong-wong mau, kang adu wates karo bageane para wong Lewi. Iki bab kang suci pinunjul. 13 Bageane para wong Lewi jejer karo wilayahe para imam, dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta. Dadi gunggunge: dawane salawe ewu asta, ambane rong puluh ewu asta. 14 Iku sathithik bae ora kena didol utawa diijolake, sarta wilayah iku perangane kang becik dhewe ora kena diwarisake marang wong liya, awit iku suci tumrape Sang Yehuwah. 15 Turahane ambane, yaiku isih limang ewu asta, kang adu wates karo kang salawe ewu asta, iku ora suci, iku kanggo kapreluaning kutha, dienggoni lan kanggo pategalan. 16 Dene ukurane mangkene: sisih lor lan kidul patang ewu limang atus asta, sisih wetan lan kulon uga patang ewu limang atus asta. 17 Ing sakubenge kutha iku ana ara-arane, sisih lor lan kidul rong atus seket asta, lan sisih wetan lan kulon uga rong atus seket asta. 18 Turahane dawane, kang jejer karo pisungsung mligi kang suci iku, sisih wetan sapuluh ewu asta, sisih kulon sapuluh ewu asta, dene pametune dadi pangane para kang nyambut-gawe ing kutha kono. 19 Wong-wong iki, kang asale saka suku-suku Israel kabeh, iku kang bakal nggarap palemahan mau. 20 Pisungsung-mligi iku jembare kabeh ana salawe ewu asta ping salawe ewu asta. Sira mligekna kang kanggo pisungsung mligi kang suci dalah wilayahe kutha iku awujud pesagi. 21 Saluwihe mau iku duweking ratu, yaiku ing sawetane lan ing sakulone pisungsung mligi kang suci tuwin wilayahe kutha iku, apadene adu wates karo kang salawe ewu asta iku, mangetan nganti tekan tapel-wates wetan lan mangulon nganti tekan tapel-wates kulon sarta jejer karo wilayahe suku-suku liyane, iku kanggo raja. Pisungsung kusus kang suci lan Padaleman Suci dumunung ana ing tengahe wewengkon kono. 22 Kajaba duweke para wong Lewi lan duweke kutha iku -- kang dumunung ing tengahe wilayahing ratu mau -- kang kaapit ing wilayahe Yehuda lan Benyamin, iku kanggo raja. 23 Anadene tumrap suku-suku liyane: wiwit ing tapel-wates wetan tekan ing tapel-wates kulon iku kanggo Benyamin. 24 Adu wates karo wilayahe Benyamin, wiwit ing tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon iku kanggo Simeon. 25 Adu wates karo wilayahe Simeon wiwit ing tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon iku kanggo Isakhar. 26 Adu wates karo wilayahe Isakhar, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Zebulon. 27 Adu wates karo wilayahe Zebulon, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Gad. 28 Tapel-watese wilayahe Gad iku ing sisih kidul wiwit saka Tamar nganti tekan ing kali Mesir, terus tekan ing sagara gedhe. 29 Yaiki nagara kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusaka ana ing antarane suku-suku Israel, lan iku bagean-bageane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Kutha kang suci 48:30-35 30 “Iki lawang-lawange metu kutha iku: ing sisih lor, kang ukurane patang ewu limang atus asta, 31 ana gapurane telu, gapura Ruben, gapura Yehuda lan gapura Lewi -- amarga gapura-gapura kutha iku dijenengake manut jeneng-jenenge suku-suku Israel --. 32 Ing sisih wetan kang ukurane patang ewu limang atus asta, ana gapurane telu, iku gapura Yusup, gapura Benyamin lan gapura Dhan. 33 Ing sisih kidul, kang ukurane patang ewu limang atus asta, uga ana gapurane telu, iku gapura Simeon, gapura Isakhar lan gapura Zebulon. 34 Ing sisih kulon kang ukurane patang ewu limang atus asta, uga ana gapurane telu, iku gapura Gad, gapura Asyer lan gapura Naftali. 35 Dadi kubenge kutha iku ana wolulas ewu asta. Wiwit nalika iku jenenge kutha iku: Sang Yehuwah ana ing kono.” DHANIEL Ana ing kraton Babil 1:1-21 1 1 Ing taun kang katelune paprentahane Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing nagara Babil, rawuh ing kutha Yerusalem lan ngepang kutha iku. 2 Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda mau banjur kaulungake dening Pangeran Yehuwah marang ing astane dalasan saperanganing prabote padalemaning Allah. Kabeh iku dibekta menyang ing tanah Sinear, menyang ing kabuyutaning dewane. 3 Sang Prabu banjur dhawuh marang Aspenas, kepalaning punggawa kraton, supaya nyowanake wong Israel sawatara, kang kagolong turuning ratu lan tedhaking ngaluhur, 4 yaiku para nonoman kang tanpa cacad, kang bagus rupane, kang kadunungan kawicaksanan mawarna-warna, kang sugih kabisan sarta kang kadunungan pangreten bab kawruh, apadene kang padha sembada ngabdi ana ing kadhatone Sang Prabu, banjur padha kawulanga nulis tuwin basane wong Kasdim. 5 Sabanjure Sang Prabu netepake cadhonge dinan wong-wong mau kajupukake saka dhaharane Sang Prabu lan saka anggur, kang adate kaunjuk, kaya mangkono wong-wong mau anggone padha kagulawenthah sajrone telung taun, lan sawise iku kudu nyambut gawe kagem Sang Prabu. 6 Panunggalane wong mau ana kang kalebu wong Yehuda sawatara, yaiku Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya. 7 Kepala punggawa kraton mau menehi jeneng liya. Dhaniel diwenehi jeneng Beltsazar, Hananya Sadrakh, Misael Mesakh lan Azarya Abednego. 8 Anadene Dhaniel mutus ora bakal najisake awak kalawan dhaharane Sang Prabu sarta anggur kang adate diunjuk dening Sang Prabu, mulane nyuwun marang kepalaning punggawa kraton mau, supaya ora usah najisake awake. 9 Gusti Allah tumuli ngolehake sih-piwelas ana ing ngarepe kepala punggawa kraton iku; 10 nanging kepala punggawa kraton iku banjur celathu marang Dhaniel: “Aku sumelang, manawa gustiku Sang Prabu, kang wus nemtokake pangan lan ngombemu, nggalih, yen kowe katon kurang seger manawa katandhing karo para nonoman liyane barakanmu, satemah marga saka kowe, aku kagalih luput dening Sang Prabu.” 11 Dhaniel tumuli matur marang abdi dalem kang wus kaangkat dening panggedhene punggawa kraton mau dadi pangawase Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya: 12 “Panjenengan kula aturi nyobi ingkang abdi sadaya sadasa dinten laminipun, kula sami kaparingana tedha jejanganan saha ngombe toya kemawon; 13 sasampunipun punika kula aturi nandhing kawontenan kula sadaya kaliyan para neneman ingkang sami nedha dhaharanipun Sang Prabu, manawi sampun lajeng sami kadamela kadosdene ingkang panjenengan karsakaken.” 14 Panyuwune mau dijurungi, nuli padha dicoba suwene sapuluh dina. 15 Bareng wus kliwat sapuluh dina, kaanane nyata luwih becik sarta luwih lemu yen katimbang karo wong nonoman kang wus padha mangan dhaharane Sang Prabu. 16 Sabanjure abdi dalem mau saben-saben njupuk pangane lan omben-omben kang mesthine padha diombe wong-wong mau, nuli padha diwenehi jejanganan. 17 Nonoman papat mau padha diparingi dening Gusti Allah kawruh lan kapinteran bab tulisan lan kawicaksanan warna-warna, dene Dhaniel uga kadunungan pangreten bab wahyu lan impen rupa-rupa. 18 Bareng wektu kang katetepake dening Sang Prabu wus kliwat, yaiku anggone wong-wong mau kudu banjur disowanake, nuli padha diajak dening kepalaning punggawa kraton sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar. 19 Tumuli padha diajak ngandikan dening Sang Prabu sarta panunggalane wong-wong mau ora ana kang madhani Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya; kabeh padha suwita marang Sang Prabu. 20 Saben bab kang mbutuhake kawicaksanan lan pangreten, kang didangokake dening Sang Prabu marang wong-wong mau, tinemune wong-wong mau tikel sapuluh anggone ngluwihi kapinterane para sarjana lan para juru gendam ing saindenging karajan. 21 Dhaniel anggone ana ing kono nganti ing taun kapisane paprentahane Sang Prabu Koresy. Supenane Sang Prabu Nebukadnezar 2:1-49 2 1 Ing taun kang kapindhone paprentahane Sang Prabu Nebukadnezar, Sang Prabu Nebukadnezar supena; marga saka iku panggalihe banjur ora jenjem lan ora bisa sare. 2 Sang Prabu nuli utusan nimbali para sarjana, para juru-gendam, juru sihir lan para wong Kasdim, kadhawuhan nerangake supena mau marang panjenengane; banjur padha sowan lan ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu. 3 Sang Prabu ngandika marang wong-wong mau: “Ingsun supena, lan marga saka supena iku panggalihingsun kuwur marga kepengin nguningani supena iku.” 4 Para wong Kasdim iku banjur padha munjuk marang Sang Prabu ing basa Aram: “Dhuh Sang Prabu Mugi langgenga kasugengan dalem Mugi karsaa paring sumerep bab supena punika dhateng para abdi dalem, mangke kawula badhe ngunjukaken maknanipun.” 5 Nanging paring wangsulane Sang Prabu marang wong Kasdim mau: “Ingsun wus damel putusan, yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane, sira mesthi bakal padha katengkel-tengkel sarta omahira bakal padha karubuhake kadadekake tumpukan uwuh, 6 nanging manawa sira padha bisa ngunjuki uninga bab supena lan maknane, sira bakal padha tampa ganjaran, peparing lan kaurmatan kang gedhe saka ingsun. Mulane padha ngunjukana uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane” 7 Wong-wong mau padha munjuk maneh: “Sumangga gusti kawula Sang Prabu kawula aturi ngandikakaken supena punika dhateng para abdi dalem punika, mangke kawula sami badhe ngunjukaken maknanipun.” 8 Sang Prabu mangsuli, pangandikane: “Ingsun mirsa ing satemene, manawa sira padha ngudi ngulur-ulur wektu, awit sira padha sumurup, yen ingsun wus damel putusan, 9 yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku, sira bakal padha kena ing paukuman kang padha; sarta ingsun mirsa, manawa sira wus padha saiyeg bakal munjuk marang ingsun bab-bab kang ora nyata lan dora, nganti kaanan salin. Awit saka iku unjukna supena iku marang ingsun, supaya ingsun uninga, manawa sira padha bisa ngaturake maknane uga marang ingsun. 10 Unjuk wangsulane para wong Kasdim mau marang Sang Prabu: “Boten wonten tiyang satunggal kemawon ing salumahing bumi ingkang saged ngunjuki uninga bab pamundhutipun gusti kawula Sang Prabu Saha boten nate wonten ratu, ingkang sanadyan kadospundi kemawon agungipun saha agenging pangwaosipun mundhut ingkang makaten punika dhateng satunggaling sarjana, juru gendam utawi satunggaling tiyang Kasdim. 11 Pamundhutipun gusti kawula punika langkung dening awrat, saha boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang saged ngunjuki uninga bab punika dhumateng gusti kawula Sang Prabu, kejawi para dewa ingkang boten dedunung wonten ing tengahipun manungsa.” 12 Marga saka iku Sang Prabu banjur duka banget lan bendu sarta dhawuh nyirnakake kabeh wong wicaksana ing Babil. 13 Nalika dhawuh saupaya para wong wicaksana padha dipateni mau kaundhangake, Dhaniel dalah kanca-kancane uga kaancam bakal pinatenan. 14 Dhaniel banjur matur kalawan kalimpadaning budi tuwin kawicaksanan marang Sang Ariokh, panggedhening prajurit pangawaling Sang Prabu, kang wus mangkat arep mateni para wong wicaksana ing Babil mau, 15 ature marang Sang Ariokh, panggedhe abdine Sang Prabu mangkene: “Punapa sababipun, dene Sang Prabu ngundhangaken dhawuh ingkang samanten awratipun punika?” Sang Ariokh banjur nerangake bab iku marang Dhaniel. 16 Dhaniel nuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu lan nyuwun,supaya kaparingana wektu kanggo ngunjuki uninga bab maknane marang Sang Prabu. 17 Sawuse iku Dhaniel banjur mulih aweh weruh bab mau marang Hananya, Misael lan Azarya, mitra-mitrane, 18 supaya tumuli padha nyuwun sih-piwelase Gusti Allahing saindenge langit ing bab kang winadi mau, satemah Dhaniel sakancane ora bakal kasirnakake bebarengan karo para wicaksana liyane ing Babil. 19 Wasana bab kang winadi mau banjur kebuka marang Dhaniel ing sajroning wahyu ing wayah bengi. Dhaniel nuli ngluhurake marang Gusti Allahe saindenging langit. 20 Mangkene pangucape Dhaniel: “Pinuja asmaning Allah wiwit saka kalanggengan tumeka ing kalanggengan, amarga kawicaksanan lan kasantosan iku ana ing Panjenengane, 21 kang nyontan-nyantuni mangsa lan wektu, kang mecat para ratu lan njumenengake para ratu, kang paring kawicaksanan marang para wong wicaksana sarta kawruh marang para wong kang kadunungan pangreten; 22 iya Panjenengane iku kang mbuka bab-bab kang ora kinira-kira lan kang samar; Panjenengane nguningani apa kang ana ing pepeteng, apadene pepadhang dumunung ana ing Panjenengane. 23 Dhuh Allahipun leluhur kawula, Paduka kawula pepuji lan kawula luhuraken, amargi Paduka karsa ngganjar dhumateng kawula kawicaksanan saha kasantosan, sarta sapunika sampun paring sumerep dhumateng kawula sadaya bab prakawisipun Sang Prabu.” 24 Awit saka iku Dhaniel banjur nemoni Sang Ariokh, kang wus kaparingan dhawuh dening Sang Prabu supaya nyirnakake para wong wicaksana ing Babil; nuli mangkat lan matur mangkene: “Para tiyang wicaksana ing Babil punika sampun ngantos panjenengan sirnakaken Panjenengan kula aturi nyowanaken kula dhateng ing ngarsanipun Sang Prabu, mangke kula badhe ngunjukaken maknanipun dhumateng Sanga Prabu” 25 Dhaniel banjur enggal-enggal kasowanake dening Sang Ariokh marang ing ngarsane Sang Prabu sarta tumuli dianjukake marang Sang Prabu mangkene: “Abdi dalem kawula sampun manggih satunggaling tiyang panunggilanipun tiyang boyongan saking tanah Yehuda, ingkang saged ngunjuki uninga dhumateng Sang Prabu bab maknanipun.” 26 Dhaniel kang jenenge Beltsazar nuli kadangu dening Sang Prabu: “Apa kapara nyata sira bisa ngunjukake marang ingsun supena kang wus ingsun pirsani dalah samaknane pisan?” 27 Dhaniel mangsuli, mangkene unjuke marang Sang Prabu: “Wewados, ingkang kadangokaken dening gusti kawula Sang Prabu, punika boten saged kauningakaken dhumateng Sang Prabu dening tiyang wicaksana, juru gendam, sarjana utawi ahli nujum. 28 Namung kemawon ing swarga wonten Allah ingkang mbuka wewados-wewados; Panjenenganipun sampun paring sumerep dhumateng gusti kawula Sang Prabu Nebukadnezar bab punapa ingkang badhe kalampahan ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng. Wondene supena saha wahyu-wahyu ingkang kapirsanan dening gusti kawula wonten ing pasarean punika makaten: 29 Pinuju wonten ing pasarean panjenengan dalem, dhuh Sang Prabu, kethukulan panggalih bab punapa ingkang ing tembe badhe kalampahan; sarta Panjenenganipun ingkang narbuka wewados-wewados, sampun paring uninga dhumateng gusti kawula bab punapa ingkang badhe kalampahan. 30 Wondene kawula sampun kaparingan sumerep bab wewados punika, boten margi saking kawicaksanan ingkang bokmanawi wonten ing kawula punika nglangkungi kawicaksananipun sadaya tiyang ingkang gesang, nanging punika supados maknanipun kauningakna dhumateng gusti kawula Sang Prabu, punapa dene supados gusti kawula mirsaa punapa ingkang ginalih dening gusti kawula. 31 Dhuh Sang Prabu, gusti kawula mirsa satunggaling wahyu, inggih punika satunggaling reca ingkang ageng sanget Reca punika inggil, mencorong ngedab-edabi, ngadeg wonten ing ngarsanipun gusti kawula, sarta katingal nggegirisi. 32 Wondene reca punika, sirahipun kencana murni, dhadha kaliyan tanganipun salaka, weteng tuwin lambungipun tembaga, 33 pupunipun tosan, sukunipun saperangan tosan lan saperangan lempung. 34 Salebetipun gusti kawula mirsani, tanpa pandameling tangan manungsa, wonten sela ingkang mlesat nempuh reca wau kaleres ing sukunipun tosan saha lempung ngantos remuk. 35 Sami sanalika ingkang tosan, lempung, tembaga, salaka saha kencana sami remuk, tuwin sadaya dados kadosdene mrambut wonten ing panuton ing mangsa benter, tumunten kabur ing angin, satemah tilas-tilasipun boten wonten ingkang pinanggih. Dene sela ingkang nempuh reca wau dados redi ageng ingkang ngebaki salumahing bumi sadaya. 36 Punika supenanipun gusti kawula, lah sapunika maknanipun badhe sami kawula unjukaken dhumateng gusti kawula Sang Prabu: 37 Dhuh gusti kawula Sang Prabu, ratuning sadaya ratu, ingkang sampun kaparingan dening Allahipun saindenging langit, karajan, pangwaos, kasantosan tuwin kamulyan, 38 saha ingkang astanipun sampun kapasrahan dening Panjenenganipun, anak-anaking manungsa ing pundi-pundi panggenan, kewan-kewan ing ara-ara tuwin peksi-peksi ing awang-awang, saha ingkang kajumenenganken dados ingkang nguwaosi punika wau sadaya -- inggih gusti kawula punika ingkang jumeneng sesirah kencana wau. 39 Nanging sapengkeripun gusti kawula, badhe muncul karajan sanes, ingkang kawon agung katimbang karajanipun gusti kawula; lajeng timbul karajan malih, inggih punika ingkang angka tiga, ingkang tembagi, ingkang nguwaosi saindenging jagad sadaya. 40 Sasampunipun punika badhe wonten karajan ingkang angka sekawan, ingkang atosipun kados tosan; plek kadosdene tosan ingkang ngreremuk, karajan punika badhe ngremuk lan nglebur sadaya-sadayanipun. 41 Punapadene ingkang kauningan ing gusti kawula, suku tuwin driji-drijinipun saperangan ingkang kadamel lempungipun kundhi, saha saperangan tosan, punika ateges, bilih karajan wau rengka; pancen karajan wau inggih atos kadosdene tosan, cocog kaliyan ingkang kapirsanan dening gusti kawula, tosan wau campur kaliyan lempung. 42 Nanging kadosdene driji-drijining suku wau saperangan tosan saha saperangan malih lempung, makaten ugi karajan wau saperangan kiyat, tuwin saperangan ringkih. 43 Wondene gusti kawula mirsa tosan campur kaliyan lempung, punika ateges: sami badhe tetunggilan sarana sesemahan, nanging boten badhe saged manunggil saestu, kadosdene tosan anggenipun boten saged campur kaliyan lempung. 44 Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun, 45 ngepleki ingkang kapirsanan dening gusti kawula, bilih boten margi saking pandameling tanganipun manungsa, wonten sela ingkang mencelat saking redi lajeng ngremuk tosan, tembagi, lempung, salaka saha kencana wau. Gusti Allah ingkang mahaagung sampun paring uninga dhumateng gusti kawula Sang Prabu bab punapa ingkang ing tembe badhe kalampahan; supena punika leres saha maknanipun kenging pinitados.” 46 Sang Prabu Nebukadnezar banjur sujud lan nyembah marang Dhaniel; uga paring dhawuh supaya diaturi kurban lan kekutug. 47 Sang Prabu ngandika marang Dhaniel: “Sanyata Allahira iku Allah kang ngluwihi sakehing allah lan kagungan pangwaos tumrap sakehing ratu sarta narbuka wewadi-wewadi, sabab sira wus bisa narbuka wewadi iku.” 48 Dhaniel banjur kaparingan kaluhuran dening Sang Prabu: kaganjar peparing kang linuwih, tuwin kawisudha dadi kang ngasta pangwasa ing saindenging wilayah Babil lan dadi panggedhene sakehing wong wicaksana ing Babil. 49 Awit saka panyuwune Sang Dhaniel, Sang Prabu masrahake paprentahan ing wilayah Babil marang Sadrakh, Mesah lan Abednego, dene Sang Dhaniel piyambak ndherek ana ing kratone Sang Prabu. Pawon murub 3:1-30 3 1 Sang Prabu Nebukadnezar yasa reca kencana kang dhuwure sawidak asta lan ambane nem asta, kang diadegake ana ing lebak Dura ing wilayah Babil. 2 Sang Prabu Nebukadnezar banjur nimbali nglumpuk para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati, para penasehating nagara, para juru gedhong, para hakim, para ahli hukum lan sakehe kepala daerah, kadhawuhan njenengi anggone ngresmekake reca kang wus diadegake dening Sang Prabu iku. 3 Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati, para penasehating nagara, para juru gedhong, para hakim, para ahli hukum lan sakehing kepala dhaerah padha nglumpuk prelu njenengi anggone ngresmekake reca kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar mau. 4 Nuli ana abdi duta kang nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Mangkene kang kadhawuhake marang sira kabeh, heh para bangsa, suku bangsa lan kang basane apa bae: 5 samangsa sira padha krungu swaraning kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen liya-liyane, sira banjur padha nyembaha marang reca kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar iku. 6 Sing apa ora sujud nyembah, sanalika iku uga bakal kacemplungake ing pawon kang murub.” 7 Mulane bareng sakehing bangsa padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus lan unen-unen warna-warna, wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, banjur padha sujud lan nyembah marang reca kencana kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar iku. 8 Ing nalika iku uga ana wong Kasdim sawatara kang padha nggugat wong Yahudi. 9 Iku padha munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Dhuh Sang Prabu, mugi langgenga kasugenganipun gusti kawula 10 Gusti kawula Sang Prabu sampun ngundhangaken dhawuh, bilih saben tiyang ingkang mireng ungelipun kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret tuwin ungel-ungelan warna-warni, kedah sujud nyembah dhateng reca kencana punika, 11 saha bilih sinten ingkang boten sujud nyembah, badhe kacemplungaken ing pawon ingkang murub. 12 Wonten tiyang Yahudi sawatawis, ingkang sampun pinasrahan paprentahan ing wilayah Babil dening gusti kawula, inggih punika Sadrakh, Mesakh tuwin Abednego, tiyang punika boten sami mreduli dhateng dhawuhipun gusti kawula, dhuh Sang Prabu: sami boten memuja dhateng dewanipun gusti kawula saha sami boten nyembah dhateng reca kencana, ingkang sampun kaadegaken dening gusti kawula.” 13 Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar kalawan duka lan bendu dhawuh, supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego disowanake. Bareng wus padha sowan ing ngarsane Sang Prabu, 14 Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Apa bener, he Sadrakh, Mesakh lan Abednego, yen sira ora padha memuja marang dewaningsun lan ora nyembah marang reca emas kang ingsun adegake iku? 15 Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?” 16 Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Boten wonten ginanipun abdi dalem kawula sami ngunjukaken wangsulan ing bab punika dhumateng gusti kawula. 17 Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu; 18 nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.” 19 Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar luwih dening banget bendune sarta santun pasuryane tumrap Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego; banjur dhawuh, supaya panasing pawon katikelake pitu katimbang karo kang lumrah, 20 sarta dhawuh marang wong kang rosa sawatara saka ing antarane wadya-bala dalem supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego kabanda lan kacemplungake ing pawon kang murub iku. 21 Katelune nuli kabanda, kalawan jubahe, clanane, topine lan pangagemane liyane, banjur kacemplungake ing pawon kang murub. 22 Marga saka wantering dhawuh dalem Sang Prabu, pawon mau dipanasake luwih dening banget, nganti wong-wong kang padha ngangkat ngunggahake Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego iku padha kobong lan padha mati. 23 Nanging katelune yaiku Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego, padha dhawah sajroning pawon murub mau kalawan bebandan. 24 Sawise mangkono Sang Prabu Nebukadnezar kejot lan sanalika banjur jumeneng sarta ngandika marang para mentrine: “Kang kita cemplungake ing geni kalawan bebandan rak telu, ta?” Unjuk wangsulane para priyagung mau marang Sang Prabu: “Inggih leres, dhuh Sang Prabu” 25 Pangandikane: “Nanging ingsun mirsa wong papat kang lumaku kalawan kapenak ana ing satengahe geni; ora padha ketaton, dene kang kapate iku rupane kaya putraning dewa” 26 Sang Prabu Nebukadnezar banjur nyelaki lawanganing pawon kang murub iku sarta medhar sabda, pangandikane: “Sadrakh, Mesakh lan Abednego, para abdining Allah kang mahaluhur, metua lan mrenea” Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego nuli miyos saka ing geni mau. 27 Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati lan para mentrining Sang Prabu padha nglempak sarta padha nguningani, yen sarirane priyagung iku padha ora mempan ing geni iku tuwin rema ing mastakane ora geseng, ageme jubah ora apa-apa, malah mambet geni bae padha ora. 28 Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Pinujia Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego Panjenengane wus ngutus malaekate lan ngluwari abdi-abdine, kang padha kumandel marang Panjenengane tuwin nerak pangandikaning ratu sarta kang masrahake badane, marga padha ora gelem memuja lan nyembah sadhengah allah kejaba Allahe. 29 Mulane Ingsun ngundhangake dhawuh: saben wong panunggalane bangsa, suku bangsa utawa kang basane apa bae, kang nglairake pangala-ala marang Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego, iku bakal katengkel-tengkel sarta omahe bakal karubuhake kadadekake pawuhan, amarga ora ana allah liyane kang bisa ngluwari mangkono iku.” 30 Sang Prabu banjur paring kalenggahan kang dhuwur marang Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego ana ing wilayah Babil. Prabu Nebukadnezar gumunggung banjur disorake dening Gusti Allah 4:1-37 4 1 Saka Sang Prabu Nebukadnezar marang wong-wong saka sakehing bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh: “Muga tentrem rahayunira saya wuwuh-wuwuha 2 Ingsun karsa nyariyosake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat kang wus katandukake marang ingsun dening Allah kang mahaluhur. 3 Saiba agunge pratandha-pratandhane lan saiba anggone ngedab-edabi mukjijat-mukjijate Karajane iku karajan kang langgeng sarta paprentahane iku turun-tumurun 4 Ingsun, Nebukadnezar, manggen ing dalemingsun kalawan tentrem sarta gesang kalawan suka-rena ana ing kratoningsun; 5 nuli ingsun tampi supena kang ngejotake ingsun, sarta gegambaraning supenaningsun ana ing pasareaningsun tuwin wahyu kang ingsun pirsani ora nentremake ingsun. 6 Ingsun banjur ngundhangake dhawuh, supaya sakehe wong wicaksana ing nagara Babil padha kairida sowan marang ingsun, amrih padha ngunjukna uninga marang ingsun bab maknaning supena mau. 7 Sawuse mangkono para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha sowan ngadhep sarta ingsun nuli nyariyosake supena mau marang wong-wong iku, nanging padha ora bisa ngunjuki uninga bab maknane marang ingsun. 8 Wasana Daniel sowan ing ngarsaningsun, yaiku Dhaniel kang aran Beltsazar manut asmaning dewaningsun, lan kang kapenuhan ing rohing para dewa kang suci. Iku nuli ingsun cariyosi bab supena mau: 9 He Beltsazar, kepalaning para sarjana Ingsun mirsa, manawa sira kapenuhan ing rohing para dewa kang suci sarta manawa ora ana wewadi kang angel tumrap sira Mulane wahyu supena kang ingsun tampi iki unjukna maknane. 10 Anadene wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku mangkene: ing tengah-tengahe bumi ana sawijining wit kang dhuwur banget; 11 wit iku dadi gedhe lan kukuh, dhuwure nganti sundhul ing langit lan nganti kena kadeleng saka ing poncot-poncote salumahing bumi kabeh. 12 Godhong-godhonge endah, wohe mbiyet, pametune dadi pangane sarupaning titah; kewan-kewan ing ara-ara padha ngeyub ing sangisore sarta manuk ing awang-awang pada nusuh ana ing pang-pange, apadene sakehing makhluk padha oleh pangan saka ing kono. 13 Sawuse mangkono ing wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku katon ana wong jaga, wong suci, kang tumurun saka ing langit; 14 iku nguwuh-uwuh kanthi sora, mangkene pangandikane: Wit iku tegoren lan pang-pange kethokana, godhonge prithilana sarta wohe sebar-sebarna; kewan-kewan cikben padha buyar saka ing sangisore, apadene manuk-manuk saka ing pang-pange 15 Nanging tunggake tinggalen, tumanceb ing bumi, tinalenana nganggo rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, cikben katelesan ing ebuning langit sarta bebarengan karo kewan-kewan oleh panduman suket ing bumi 16 Atining manungsane cikben salin lan diwenehi atining kewan. Anggone mangkono iku lawase nganti pitung mangsa. 17 Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lang maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane. 18 Iya iku supena kang wus ingsun tampi, ingsun, Prabu Nebukadnezar; saikine sira, Beltsazar, ngunjukna maknane marang ingsun, amarga sakehing wong wicaksana ing karajaningsun padha ora bisa ngunjukake maknane marang ingsun; nanging sira kang bisa, awit sira iku kapenuhan ing rohe para dewa kang suci” 19 Sang Dhaniel kang asma Beltsazar banjur legeg-legeg nganti kepara suwe, kejot dening panggraitane. Sang Prabu ngandika: “Beltsazar, supena lan maknane aja nganti ngagetake sira” Unjuke Sang Beltsazar: “Dhuh gusti kawula, supena punika mugi tumanduka dhumateng mengsahipun gusti kawula sarta maknanipun dhateng satrunipun gusti kawula 20 Wit ingkang kapirsanan ing gusti kawula punika, ingkang dados ageng saha kekah, ingkang inggilipun ngantos sundhul ing langit saha katingal ing salumahing bumi, 21 ingkang ronipun endah-endah saha wohipun mbiyet tuwin kadunungan tetedhan kangge sadaya ingkang gesang, ingkang ngandhapipun kangge pakendelan kewan-kewan ing ara-ara saha pang-pangipun kangge nusuh peksi-peksi ing awang-awang -- 22 punika gusti kawula, dhuh Sang Prabu, gusti kawula ingkang sampun dados agung saha santosa, ingkang kamulyanipun wewah-wewah ngantos sundhul ing langit, ingkang pangwaosipun ngantos dumugi ing poncoting bumi 23 Wondene ingkang kapirsanan dening gusti kawula, inggih punika satunggaling tiyang jagi, tiyang ingkang suci, ingkang tumurun saking langit kalayan nguwuh-uwuh: Wit iki tegoren lan patenana, nanging tunggake cikben kari tumanceb ing lemah, katalenan ing rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, lan cikben katelesan ing ebuning langit lan oleh panduman bebarengan karo kewan-kewan ing ara-ara, anggone mangkono iku nganti pitung mangsa lawase -- 24 punika maknanipun makaten, dhuh Sang Prabu, saha punika putusanipun Ingkang Mahaluhur tumrap gusti kawula Sang Prabu: 25 gusti kawula badhe katundhung saking ing antawisipun manungsa saha gusti kawula badhe dedalem wonten ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; gusti kawula badhe kaparingan dhahar rumput, kadosdene lembu sarta gusti kawula badhe katelesan ing ebuning langit; saha gusti kawula nandhang makaten punika ngantos pitung mangsa, ngantos gusti kawula ngakeni, bilih Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged maringaken karajan wau dhateng sinten ingkang dipun karsakaken. 26 Ingkang kapratelakaken bab ngendelaken tunggaking wit mau, punika tegesipun: gusti kawula enggal badhe ngasta karajan punika malih, sasampunipun gusti kawula ngakeni, bilih ingkang kagungan pangwaos punika Swarga. 27 Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes -- bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken” 28 Kabeh mau iya kelakon tumanduk marang Sang Prabu Nebukadnezar; 29 awit sawuse rolas sasi, nalika panjenengane pinuju ameng- ameng ana ing dhuwur kadhaton ing Babil, 30 Sang Prabu banjur nglairake pangandika mangkene: “Apa iki dudu Babil kang gedhe, kang wus ingsun bangun dadi kutha karajan kalawan kakuwataning pangwaosingsun lan kanggo kaluhuraning kamulyaningsun?” 31 Durung telas pangandikane Sang Prabu, nuli ana swara kapireng saka ing langit: “Heh Prabu Nebukadnezar, sira kaparingan unninga, manawa karajan wus ngalih saka ing sira; 32 sira bakal katundhung saka ing antarane manungsa sarta bakal dedunung ana ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; sira bakal kaparingan pangan suket kayadene sapi, lan iku bakal tumanduk marang sira lawase pitung mangsa, nganti sira ngakoni, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan saged maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake” 33 Padha sanalika pangandika iku banjur kelakon tumrap Sang Prabu Nebukadnezar, panjenengane katundhung saka ing antaraning manungsa tuwin dhahar suket kaya sapi sarta sarirane katetesan ing ebuning langit, remane dadi panjang kaya wuluning manuk garudha lan kenakane kaya kukuning manuk. 34 Nanging bareng wektu kang katemtokake wus kliwat, ingsun, Nebukadnezar tumenga marang ing langit sarta akal-budiningsun bali maneh marang ingsun. Ingsun banjur memuji marang Kang Mahaluhur lang ngluhurake sarta mulyakake Kang Gesang Langgeng, marga pangwaose iku pangwaos kang langgeng tuwin karajane iku turun-tumurun. 35 Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?” 36 Nalika akal-budiningsun bali marang ingsun, kaluhuran lan kamulyaningsun uga bali marang ingsun, ndedakake misuwuring karajaningsun. Para mentriningsun lan abdiningsun para panggedhe padha methuk marang ingsun; ingsun kawangsulake marang ing karajaningsun, malah ingsun banjur tampi kaluhuran kang ngungkuli kang wus kapungkur. 37 Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung. Tulisan ing tembok 5:1-30 5 1 Sang Prabu Belsyazar ndamelake bujana gedhe marang para panggedhe, abdine, cacahe wong sewu; lan sajrone kaadhep dening wong sewu iku panjenengane ngunjuk anggur. 2 Nalika lagi ngematake raosing anggur iku Sang Prabu Belsyazar dhawuh ngajokake piranti-piranti emas lan salaka kang wus kapundhut dening Sang Prabu Nebukadnezar, kang rama, saka ing Padaleman Suci ing Yerusalem, kagem ngunjuk dening Sang Prabu lan para panggedhe, abdine, para garwane padmi tuwin garwane ampeyan Sang Prabu. 3 Piranti emas lan salaka, kang kapundhut saka ing Padaleman Suci, Padalemaning Allah ing Yerusalem iku banjur padha kaajokake sarta kagem ngunjuk dening Sang Prabu, dening para panggedhe, abdine tuwin para garwane Sang Prabu kang padmi lan kang ampeyan; 4 anggone ngunjuk anggur iku kambi memuji marang dewa-dewa emas lan salaka tuwin tembaga sarta wesi apadene kayu lan watu. 5 Padha sanalika katon ana driji-drijining tangan manungsa kang nulis ing labure temboking kadhatone Sang Prabu adu-arep karo padamaran, sarta Sang Prabu mirsa kurebing tangan kang lagi nulis iku. 6 Sang Prabu banjur pucet, lan kejot marga saka kang diraos; ros-rosaning wentis dadi lemes, sarta gathik-gathik jengkune. 7 Sang Prabu nuli dhawuh kalawan sora, supaya para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha kasowanake, Sang Prabu ngandika marang para wong wicaksana ing Babil iku: “Saben wong kang bisa maca tulisan iki lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, iku bakal dipanganggoni wungu, lan dikalungi rante emas apadene bakal kadunungan pangwasa, dadi wong katelu ana ing karajaningsun.” 8 Nanging sakehing wong wicaksana, abdine Sang Prabu kang wus padha sowan iku, padha ora saguh maca tulisan mau lan ora saguh ngunjukake maknane marang Sang Prabu. 9 Bareng mangkono panggalihe Sang Prabu Belsyazar kejot banget sarta banjur dadi pucet; para panggedhe, abdine iya padha kaget. 10 Awit saka pangandikane Sang Prabu lan para panggedhe, abdine mau, Sang Prameswari Ibu banjur tindak lumebet ing gedhong papaning bujana. Sang Prameswari Ibu tumuli ngandika: “Dhuh Sang Prabu, muga langgenga kasugengane Ciptaning panggalih aja nganti ndadekake kejot lan aja dadi pucet; 11 awit ing karajane Sang Prabu ana wong kang kapenuhan ing rohe para dewa kang suci Nalika jamane rama dalem wong iku kadunungan pepadhang, akal-budi lan kawicaksanan kang kaya kawicaksanane para dewa. Iku wus kawisudha dening Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem, dadi tetindhihe para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum, 12 amarga wong iku kadunungan roh kang linuwih lan kawruh sarta akal-budi, satemah bisa nerangake impen, narbuka bab-bab kang winadi sarta bisa ngudhar reruwed, yaiku Dhaniel kang kaparingan jeneng Beltsazar dening Sang Prabu. Mulane Dhaniel iku katimbalana saiki, mengko mesthi bakal mratelakake maknane” 13 Sang Dhaniel banjur kasowanake marang ing ngarsane Sang Prabu. Sang Dhaniel kadangu dening Sang Prabu: “Apa sira iku Dhaniel, salah sijine wong boyongan saka ing tanah Yehuda, kang kaboyong dening Sang Prabu, ramaningsun? 14 Ingsun wus midhanget bab sira, manawa sira iku kapenuhan ing rohe para dewa kang suci, lan manawa sira iku kadunungan pepadhang, akal-budi lan kawicaksanan kang pinunjul. 15 Para wong wicaksana, para juru gendam wus padha kasowanake marang ing ngarsaningsun, supaya padha macaa tulisan iki lan ngunjukake maknane tembung iku. 16 Nanging tumrap sira ingsun wus midhanget, manawa sira bisa ngunjukake makna lan bisa ngudhar reruwed. Awit saka iku, manawa sira bisa maca tulisan iku lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, sira bakal kapanganggonan wungu sarta gulunira bakal kinalungan rante emas, lan ana ing karajan kene sira bakal nduweni pangwasa, dadi wong kang katelu.” 17 Sang Dhaniel nuli munjuk marang Sang Prabu: “Ganjaranipun gusti kawula punika mugi kaendhegna kemawon, peparingipun gusti kawula punika kaparingna dhateng tiyang sanes Sanadyan makaten kawula badhe maos seratan punika kagem Sang Prabu saha ngunjukaken maknanipun dhumateng gusti kawula. 18 Dhuh gusti kawula Sang Prabu, Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, sampun maringaken pangwaos jumeneng ratu, kaagungan, kamulyan lan kaluhuran dhumateng Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem. 19 Tuwin margi saking kaagungan ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenenganipun punika, mila para tiyang saking sadaya bangsa, suku-bangsa saha basa sami ajrih saha gumeter wonten ing ngarsanipun; panjenenganipun mejahi sinten ingkang dipun karsakaken, paring kaluhuran dhateng ingkang dipun karsakaken saha nglorod sinten ingkang dipun karsakaken. 20 Nanging sareng panggalihipun kumaluhur, tuwin wangkot, satemah tindakipun langkung dening angkuh, panjenenganipun lajeng kalungsur saking dhamparing karajanipun tuwin kamulyanipun kapundhut saking ing panjenenganipun. 21 Panjenenganipun katundhung saking ing antawisipun manungsa saha panggalihipun dados sami kaliyan manahipun kewan, tuwin dedalem ing satengahing kuldi wanan; panjenenganipun kaparingan dhahar rumput kados dene lembu, saha sariranipun katelesan ing ebuning langit ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged njumenengaken sinten ingkang kakarsakaken wonten ing kalenggahan punika. 22 Nanging gusti kawula, Sang Prabu Belsyazar, ingkang putra, boten ngesoraken dhiri, sanadyan gusti kawula nguningani punika sadaya. 23 Gusti kawula ngegungaken dhiri wonten ing ngarsanipun Ingkang Kuwaos wonten ing swarga: Pirantosing Dalemipun kaladosaken dhumateng ing ngarsa dalem, gusti kawula kaliyan para pangageng abdi dalem, para garwa dalem ingkang padmi saha ingkang ampeyan lajeng sami ngunjuk ngagem pirantos punika; gusti kawula memuji dhateng dewa-dewa salaka lan kencana, tembagi, tosan, kajeng saha sela, ingkang boten saged ningali, mireng utawi mangretos, sarta gusti kawula boten ngluhuraken Gusti Allah, ingkang ngregem napas dalem saha nemtokaken margi-margi dalem. 24 Awit saking punika Panjenenganipun lajeng ngutus kurebing tangan punika kadhawuhan nyerat seratan punika. 25 Wondene ungeling seratan ingkang kaserat punika makaten: Mene, mene, tekel ufarsin. 26 Saha maknaning tembung-tembung punika makaten: Mene: wekdal paprentahanipun gusti kawula sampun kaetang dening Gusti Allah saha sampun dipun pungkasi. 27 Tekel: gusti kawula dipun timbang mawi traju lan pinanggihipun kenthengen; 28 Peres: karajan dalem kapecah tuwin kaparingaken dhateng bangsa Medhia saha Persia.” 29 Terang dhawuh timbalan dalem Sang Prabu Belsyazar, Sang Dhaniel banjur diagemi pangageman wungu lan janggane kaageman sang-sangan rante emas apadene tumuli kaundhangake, manawa panjenengane bakal dadi kang ngasta pangwaos kang katelu ana ing karajan. 30 Ing bengi iku uga Sang Prabu Belsyazar, ratuning wong Kasdim iku kasedanan. Luweng singa 5:31--6:28 6:1-29 31 6-1 Kacarita Sang Dharius, darah Medhia, nalika yuswa sawidak loro taun, nampeni paprentahan karajan. 1 6-2 6 Sang Prabu Dharius banjur misudha wakil-raja satus rong puluh, kang bakal kapapanake ing saindenging karajan; 2 6-3 iku dipanggedheni dening priyagung tetelu, Sang Dhaniel kagolong tetelu iku. Para wakil-raja mau kudu padha ngaturake tanggung-jawab marang katelune iku, supaya Sang Prabu aja nganti kapitunan. 3 6-4 Sarehne Sang Dhaniel ngluwihi para priyagung lan para wakil-raja, marga kadunungan roh kang pininjul, Sang Prabu kagungan karsa arep misudha dadi tetindhihing wewengkon karajan kabeh. 4 6-5 Bareng mangkono para priyagung lan para wakil-raja padha ngupaya dhadhakan bisane nggugat Sang Dhaniel ing bab paprentahan, nanging ora padha bisa nemu dhadhakan apa bae utawa sawijining kaluputan, sabab saka anggone setya lan ora tau sembrana utawa tumindak luput. 5 6-6 Wasana banjur padha rerembagan: “Kita boten badhe saged angsal dhadhakan kangge nggigat Dhaniel punika, kajawi ing bab anggenipun ngabekti dhateng Allahipun” 6 6-7 Para priyagung lan para wakil-raja banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu tuwin munjuk mangkene: Dhuh Sang Prabu Dharius, mugi langgenga kasugengan dalem. 7 6-8 Sadaya priyagung ing karajan punika, para ingkang nyepeng pangwaos saha para wakil-raja, para mentri saha bupati sampun sami saiyeg, supados wontena putusan ingkang kaundhangaken tuwin wontena putusan awisan, supados sinten ingkang salebetipun tigang dasa dinten gadhah panyuwun dhumateng salah satunggaling dewa utawa manungsa, boten dhateng panjenengan dalem, punika badhe kacemplungaken ing luwenging singa. 8 6-9 Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi karsaa ngundhangaken awisan punika saha karsaa damel serat prentah ingkang boten saged kaewahan manut undhang-undhangipun bangsa Medhia lan Persia, ingkang boten saged kaceled malih.” 9 6-10 Awit saka iku Sang Prabu Dharius banjur damel layang prentah larangan iku. 10 6-11 Bareng Sang Dhaniel mireng, manawa prentah iku wus kadamel, banjur kondur menyang ing daleme. Ing panggunging daleme ana cendhelane menga madhep ing keblate kutha Yerusalem; sadina ping telu anggone sujud jengkeng, ndedonga lan memuji marang Allahe, kayadene adat kang ditindakake. 11 6-12 Para priyayi mau banjur padha enggal-enggal lumebet temah Sang Dhaniel pinanggih lagi ndedonga lan nyenyuwun marang Allahe. 12 6-13 Sawuse mangkono para priyayi mau tumuli sowan ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk pitaken bab larangane Sang Prabu: “Gusti kawula rak ngundhangaken awisan, ing salebetipun tigang dasa dinten punika saben tiyang ingkang nyenyuwun dhateng salah satunggaling dewa utawi manungsa, boten namung mligi dhumateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, badhe kacemplungaken ing luwenging singa?” Paring wangsulane Sang Prabu: “Prakara iku wus katemtokake miturut angger-anggere bangsa Medhia lan Persia, kang ora kena diceled.” 13 6-14 Para priyayi mau banjur munjuk marang Sang Prabu: “Dhaniel, salah satunggaling tiyang boyongan saking Yehuda, punika boten maelu dhateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, tuwin boten mreduli dhateng awisan ingkang kaundhangaken dening gusti kawula, awitdene ndedonga sadinten kaping tiga.” 14 6-15 Bareng Sang Prabu midhanget bab iku, banget sungkawane sarta nuli ngudi supaya bisaa ngluwari Sang Dhaniel, malah nganti srengenge surup isih mbudi-daya bisane paring pitulungan. 15 6-16 Para priyayi mau banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu sarta munjuk: “Dhuh Sang Prabu, mugi kauningana, bilih manut angger-anggeripun bangsa Medhia saha Persia boten wonten awisan utawi kekancingan ingkang kaundhangaken dening Sang Prabu, ingkang kenging kaewahan” 16 6-17 Bareng mangkono Sang Prabu nuli paring dhawuh nyepeng Sang Dhaniel, sarta banjur kacemplungake ing luwenging singa. Sang Prabu ngandika marang sang Dhaniel: “Allahira kang sira sembah kalawan mantep iku muga karsaa ngluwari sira” 17 6-18 Banjur ana watu kang kagawa mrono kanggo nutupi cangkeming luweng, nuli kasegel dening Sang Prabu kalawan ageme sesupepanyegelan lan kalawan sesupe-panyegelane para panggedhe, abdine, supaya bab Sang Dhaniel iku ora ana owah-owahan apa-apa. 18 6-19 Sang Prabu tumuli kondur angadhaton lan sawengi iku panjenengane siyam sarta ora mbetahake panglipur apadene ora saged sare. 19 6-20 Bareng bangun esuk wayah bangbang wetan Sang Prabu wungu lan banjur enggal-enggal rawuh ing luwenging singa; 20 6-21 bareng ana sacelake luweng, nuli nguwuh marang Sang Dhaniel kalawan swara sungkawa, mangkene pangandikane marang Sang Dhaniel: “Dhaniel, abdining Allah kang gesang, Allahira kang sira sembah kalawan tumemen, apa Panjenengane saged ngluwari sira saka ing singa-singa iku?” 21 6-22 Unjuk wangsulane Sang Dhaniel marang Sang Prabu: “Dhuh Sang Prabu, langgenga kasugengan dalem 22 6-23 Alah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula, amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten nandukaken piawon.” 23 6-24 Ing kono Sang Prabu banjur banget sukane sarta paring dhawuh, supaya Sang Dhaniel kainggahake saka ing luweng. Sang Dhaniel tumuli kainggahake saka ing luweng, lan pinanggih ora ana tatune apa-apa, marga saka anggone kumandel marang Allahe. 24 6-25 Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk. 25 6-26 Sawise mangkono Sang Prabu Dhaniel tumuli kintun serat marang wong- wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh, ijemane: “Tentrem rahayunira muga saya wuwuha 26 6-27 Abareng iki ingsun paring dhawuh, wong-wong ing saindenging karajan kang ingsun kuwaosi, kudu wedi kalawan gumeter marang Allahe Dhaniel, amarga Panjenengane iku Allah kang gesang langgeng ing salawase; paprentahane ora bakal sirna lan pangwaose ora bakal ana uwise. 27 6-28 Panjenengane paring pangluwaran lan pitulungan, sarta nganakake pratandha- pratandha lan mukjijat-mukjijat ana ing langit apadene ing bumi; Panjenengane wus nguwalake Dhaniel saka ing cangkeme singa.” 28 6-29 Anadene Sang Dhaniel mau kagungan kalenggahan dhuwur ing jaman paprentahane Sang Prabu Dharius lan ing jaman paprentahane Sang Prabu Koresy, trah Persia. Sato kewan papat lan Putraning Manungsa 7:1-28 7 1 Ing taun kang kapisane paprentahane Sang Prabu Belsyazar, ratu ing Babil, Sang Dhaniel ing sajroning supena tampa wahyu ana ing pasareane. Supena iku banjur kaseratan, anadene wosing supenane iku mangkene: 2 Pangandikane Sang Dhaniel mangkene: “Ing nalika bengi aku tampa wahyu, angin papat ing langit katon ngocakake sagara gedhe, 3 nuli ana kewan gedhe papat muncul jumedhul saka ing sajroning sagara, kang siji beda karo sijine. 4 Kang kapisan rupane kaya singa, lan nganggo swiwining manuk garudha. Iku terus bae daksawang nganti swiwine dijabut; kewan mau nuli kajunjung saka ing lemah lan kaadegake kaya manungsa sarta banjur kaanjingan ing atining manungsa. 5 Tumuli katon ana kewan liyane, kang kapindho rupane kaya bruwang; iku njejegake awake sasisih, cangkeme lagi nyokot balung iga telu; kewan iku kacelathonan mangkene: Ayo mangana daging kang akeh 6 Sawuse mangkono aku sumurup kewan liyane, rupane kaya macan tutul; gegere ana swiwine manuk papat sarta maneh kewan iku endhase papat, sarta kaparingan pangwasa. 7 Sawuse iku ing sajroning wahyu ing bengi iku aku tumon kewan kang kapat, kang medeni lan nggegirisi sarta rosa banget. Untune wesi gedhe-gedhe; kewan iku memangsa lan ngreremuk, sisane kaidak-idak kalawan sikile; kewan iku beda karo kewan-kewan kang dhisik mau, apadene kadunungan sungu sapuluh. 8 Sajrone aku migatekake sungu-sungune iku, ing tengahe ana sungu cilik kang thukul, njalari sungu kang dhisik mau copot telu; sungu cilik iku katon ana matane kaya mataning manungsa lan ana cangkeme kang ngucap gumunggung. 9 Aku terus bae anggonku ndeleng nganti ana dhampar-dhampar kang katata, banjur ana kang lenggah Kang Sepuh ing Yuswa; pangagemane putih kaya salju lan remane resik kaya wulu wedhus; kang minangka dhampare urubing geni, mawa rodha geni kang makantar-kantar; 10 ana kali geni kang metu lan mili saka ing ngarsane; Panjenengane kaladosan ing ewoning ewon lan puluhan ewon ping puluhan ewon. Pradata Pangadilan banjur marepat lan kitab-kitab padha kabukakan. 11 Aku terus bae anggonku maspadakake, marang saka tembung-tembung kang gumunggung kang diucapake dening sungu mau. Aku terus bae anggonku maspadakake nganti kewan iku dipateni, awake kalebur lan kaulungake marang geni kang ngengobong. 12 Pangwasane kewan-kewan liyane iya kacabut lan suwening uripe katemtokake nganti tekan mangsa lan wayahe. 13 Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane, 14 tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak. 15 Aku, Dhaniel, trenyuh, lan wahyu-wahyu kang dakdeleng, iku ngagetake aku. 16 Aku banjur nyedhaki salah sawijining wong, panunggalane kang padha ngadeg ing kana lan aku nyuwun katrangan bab iku mau kabeh. Aku nuli dipangandikani lan diparingi sumurup bab tegese. 17 Kewan gedhe papat iku karajan papat kang bakal muncul ana ing bumi. 18 Sawuse iku para wong suci kagungane Kang Mahaluhur bakal padha nampani paprentahan, lan bakal nyekel paprentahan iku ing salawas-lawase, malah langgeng ing salawase. 19 Aku banjur kepengin oleh katrangan bab kewan kang papat, kang beda karo kewan liyane kabeh, kang medeni banget, kang untune wesi lan kukune tembaga, kang memangsa lan ngereremuk sarta kang ngidak- idak sisane kalawan sikile; 20 sarta bab sungu sapuluh kang ana ing endhase tuwin sungu liyane, yaiku sungu kang ana matane lan kang ana cangkeme kang ngucap gumunggung, kang nuli thukul njalari pothole sungu telu, apadene kang wujude luwih gedhe katimbang sungu-sungu liyane. 21 Aku nuli ndeleng sungu mau perang karo para wong suci, kang padha dikalahake, 22 nganti Kang Sepuh Yuswane mau rawuh lan maringake kaadilan marang para wong suci kagungane Kang Mahaluhur lan wus tumeka ing wancine para wong suci mau padha nyekel paprentahan. 23 Mangkene pangandikane: “Kewan kang kapat iku karajan kang kapat kang bakal ana ing bumi, kang bakale beda karo sakehing karajan lan bakal nguntal salumahing bumi kabeh, kang nuli kaidak-idak lan karemuk. 24 Sungu sapuluh iku raja sapuluh kang muncul saka ing karajan iku. Sawuse iku banjur bakal ana ratu kang muncul, kang beda karo para ratu kang dhisik sarta kang bakal ngesorake ratu telu. 25 Iku bakal ngucapake tetembungan kang nglawan marang Kang Mahaluhur, lan bakal nganiaya para wong suci kagungane Kang Mahaluhur, sarta mbudi-daya ngowahi wektu lan angger-angger, tuwin sakehe wong mau bakal kapasrahake ing astane ratu mau lawase samangsa lan rong mangsa sarta satengah mangsa. 26 Pradata Pangadilan banjur bakal marepat, ratu mau pangwasane bakal kacabut lan tumuli kalebur nganti sirna. 27 Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau. 28 Tekan samene pawartane iku. Dene aku, Dhaniel, kaget banget dening gagasan- gagasanku, nganti aku dadi pucet sarta bab iku daksimpen ing sajroning atiku.” Wedhus gembel lanang lan wedhus berok lanang 8:1-27 8 1 Ing taun katelune paprentahane Sang Prabu Belsyazar, aku, Dhaniel, tampa wahyu sawuse wahyu kang dakdeleng dhisik. 2 Ing sajroning wahyu iku aku ndeleng -- aku ana ing beteng Susan ing wewengkoning tanah Elam nalika ndeleng iku -- aku ndeleng ing sajroning wahyu iku, aku lagi ana ing sapinggiring kali Ulai. 3 Aku ndengengek banjur weruh wedhus gembel lanang ngadeg ing sangareping kali iku; sungune loro dawa-dawa, nanging kang siji luwih dawa tinimbang sijine, dene kang dawa iku thukule keri. 4 Aku ndeleng wedhus gembel lanang iku mbijig mangulon, mangalor lan mangidul, lan ora ana kewan siji-sijia kang bisa lestari ana ing ngarepe lan ora ana kang bisa nguwalake saka ing pangwasane; wedhus mau tumindak sakarep-karep lan dadi gumedhe. 5 Nanging sajrone aku nyawang iku mau, nuli ana wedhus berok lanang teka saka ing kulon, kang ndlajahi salumahing bumi tanpa ngambah lemah; sarta wedhus berok lanang iku ana sungune kang aneh siji kaprenah ing selaning matane. 6 Wedhus iki banjur marani wedhus gembel lanang kang sungune loro, kang dakdeleng ngadeg ing sangarepe kali mau, tumuli ditempuh sarosane. 7 Aku sumurup anggone nyedaki wedhus gembel lanang iku; marga saka nepsune wedhus gembel lanang mau banjur dibijig, sungune loro pisan dipokah; wedhuse gembel lanang iku ora duwe kakuwatan kanggo nanggulangi, malah banjur dibanting ing bumi, diidak-idak, lan ora ana kang nguwalake wedhus gembel lanang iku saka pangwasane. 8 Wedhus berok lanang iku banget anggone gumunggung, nanging nalika gedhe-gedhening pangwasane, sungune kang gedhe iku sempal, tilas panggonane kathukulan sungu kang aneh papat, madhep marang keblat papat ing langit. 9 Sungune mau ana siji kang kathukulan sungu cilik, kang tumuli dadi gedhe banget, thukule mangidul, mangetan lan ngadhepake Tanah Endah, 10 gedhene nganti tekan ing wewengkoning wadya-balaning langit lan wadya-balaning langit iku, yaiku lintang- lintang, ana sawatara kang katibakake ing bumi sarta banjur kaidak-idak. 11 Malah ana ing ngarsane Ratuning wadya-bala mau iya ngatonake gumunggunge, kurban kang kacaosake marang Panjenengane saben dina, iku karebut, sarta padalemane kang suci dirubuhake. 12 Nuli nganakake tata-panembah kang duraka kanggo nyalini kurban dinan; kabeneran kabanting ing bumi, sarta apa bae kang katindakake, kabeh kelakon. 13 Aku banjur krungu wong suci ngandika lan banjur ana wong suci liyane kang ndangu marang kang ngandika mau mangkene: “Nganti pira lawase tumindaking wahyu iki, yaiku kurban dinan lan duraka kang ngrusak, papan suci kang dipasrahake lan wadya-bala kang diidak-idak?” 14 Tumuli kaparingan wangsulan mangkene: “Nganti rong ewu telung atus sore lan esok, sawuse iku papan suci mau bakal kapulihake maneh kaanane ing sabenere.” 15 Sajrone aku, Dhaniel, ndeleng wahyu iku lan ngudi bisane mangreti, banjur ana kang jumeneng ana ing ngarepku, kang katon kaya priya; 16 tuwin aku krungu swaraning manungsa saka ing satengahing kali Ulai kang dhawuh mangkene: “He, Gabriel Wong iku sumurupna marang tegese wahyu iku” 17 Iku banjur nyelaki aku: bareng wus celak, aku kaget lan tiba kerungkep. Aku banjur dipangandikani: “Mangretia, he anaking manungsa, wahyu iku tumuju marang jaman wekasan” 18 Nalika panjenengane lagi ngandika marang aku mangkono iku, aku nuli semaput lan tiba kerungkep ing lemah; nanging aku banjur didemek lan diadegake maneh. 19 Sawuse mangkono aku dipangandikani: “Kowe daksumurupake marang apa kang bakal kelakon ing wekasaning bebendu, sabab bab iki tumuju marang wekasaning jaman. 20 Wedhus gembel lanang kang kokdeleng, kang sungune loro iku para ratune bangsa Medhia lan Persia. 21 Dene wedhus berok lanang kang wulune dhiwut-dhiwut iku ratu ing nagara Yunani, sarta sungu gedhe kang dumunung ing saantarane matane loro mau iku ratu kang kawitan. 22 Sabanjure potholing sungu mau kang tilase kathukulan sungu papat, iku tegese: bakal ana karajan papat kang jumedhul saka ing bangsa iku, nanging pangwasane ora padha karo kang dhisik. 23 Ing wekasane karajan-karajan iku, manawa para wong duraka wus kebak pialane, bakal ana ratu kang madeg kang rupane sumengit tuwin kang pinter tumindak goroh. 24 Kakuwatane bakal ngedab-edabi, nanging iya ora kaya kang dhisik, iku bakal nekakake karusakan kang nggegirisi, sarta apa kang katindakake bakal kelakon kasil. Para wong kang kadunungan pangwasa bakal kasirnakake, samono uga bangsane wong suci. 25 Lan marga saka julige, anggone ngengapusi bakal oleh gawe. Sateruse banjur bakal dadi gumunggung, lan ora kanyana-nyana akeh wong kang dumadakan disirnakake; uga bakal nglawan Ratuning para ratu. Nanging tanpa katandangan tanganing manungsa, bakal kalebur. 26 Dene wahyu bab peteng lan esuk, kang kapangandikakake, iku nyata. Nanging kowe, wahyu iku simpenen, sabab bab iki tumuju marang kang kelakone isih suwe banget.” 27 Aku, Dhaniel, kesel banget temah banjur lara sawatara dina; sawuse mangkono aku tumuli tangi lan nindakake ayahane Sang Prabu maneh. Anadene wahyu mau ndadekake horeging atiku kang banget, nanging ora ana kang mangreti. Pandongane Nabi Dhaniel 9:1-19 9 1 Nalika ing taun kang kapisane paprentahane Sang Prabu Dharius, putrane Sang Prabu Ahasyweros trah Medhia, kang wus jumeneng ratu ana ing karajane bangsa Kasdim, 2 ing taun kapisane anggone jumeneng nata iku, aku, Dhaniel, niti-priksa ana ing kumpulan Kitab, cacahing taun, kang manut pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Yeremia bakal kelakon tumrap tumpukan gempurane kutha Yerusalem yaiku pitung puluh taun. 3 Aku banjur tumenga marang Pangeran Allah prelu ndedonga lan nyenyuwun kalawan puwasa lan manganggo bagor lan awu. 4 Awu nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, Allahku kalawan ngakoni dosaku mangkene: “Dhuh Yehuwah ingkang mahaagung saha nggegirisi, ingkang netepi prajanjian tuwin sih-palimirma dhateng para tiyang ingkang sami tresna dhumateng Paduka sarta netepi pepaken Paduka. 5 Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka; 6 kawula sami boten mbangun miturut dhumateng para abdi Paduka, para nabi ingkang sampun sami nglairaken pangandika atas asma Paduka dhateng para ratu kawula, para pangageng kawula, para leluhur kawula tuwin dhateng sabangsa ing nagari sadaya. 7 Dhuh Pangeran, Paduka punika ingkang leres, nanging kawula sampun samesthinipun manawi sami wirang kados ing dinten samangke punika, kawula para tiyang Yehuda, para ingkang manggen ing kitha Yerusalem lan tiyang Israel sadaya, ingkang celak saha ingkang tebih, wonten ing sakathahing nagari, ingkang Paduka agem mbucali tiyang-tiyang punika, margi saking anggenipun boten setya dhumateng Paduka. 8 Dhuh Yehuwah, kawula sadaya, para ratu kawula, para pangageng kawula saha para leluhur kawula sampun samesthinipun manawi wirang, amargi kawula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Paduka. 9 Pangeran, Allah kawula, kagungan piwelas tuwin pangapunten, sanadyan kawula sampun sami mbalela dhumateng Panjenenganipun, 10 tuwin sami boten mirengaken swantening Sang Yehuwah, Allah kawula, ingkang dhawhuh dhumateng kawula sadaya supados gesang miturut pepaken ingkang sampun kaparingaken dhumateng kawula sadaya lumantar para nabi, abdinipun. 11 Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun. 12 Punapadene Panjenenganipun sampun netepi pangandikanipun, ingkang kaparingaken tumrap kawula sadaya saha tumrap para ingkang sami sampun ngereh kawula sadaya, inggih punika bilih Panjenenganipun badhe ndhawahaken bilai ingkang ageng dhateng kawula sadaya, ingkang dereng nate kalampahan wonten ing sagandhaping langit sadaya, kados ingkang sampun kalampahan wonten ing Yerusalem. 13 Kadosdene ingkang kaseratan wonten ing Kitab Toretipun Nabi Musa; bilai punika sadaya sampun tumempuh dhateng kawula sadaya, dene kawula boten sami nyuwun sih-piwelasing Sang Yehuwah, Allah kawula, kanthi patrap nilar sakathahing kalepatan kawula sadaya saha migatosaken dhateng kaleresan ingkang saking Paduka. 14 Awit saking punika Pangeran Yehuwah nyadhangaken bilai punika saha lajeng kadhawahaken dhateng kawula sadaya; awit Pangeran Yehuwah, Allah kawula punika adil ing sadaya pandamel ingkang katindakaken, ewasamanten kawula sami boten mirengaken swantenipun. 15 Milanipun, dhuh Pangeran, Allah kawula, ingkang sampun ngirid umat Paduka medal saking tanah Mesir kalayan asta ingkang kiyat, saha damel misuwuring asma Paduka, kados ing dinten punika, kawula sampun sami damel dosa, kawula sampun sami nglampahi duraka. 16 Dhuh Pangeran, supados ngetrepana ing sih-piwelas Paduka, mugi deduka saha bebendu Paduka sumingkira saking Yerusalem, kitha Paduka, redi Paduka ingkang suci; awit margi saking dosa kawula sadaya saha margi saking kalepatanipun para leluhur kawula, Yerusalem tuwin umat Paduka sampun dados cacad tumrap sadaya tiyang ing sakiwa-tengen kawula. 17 Milanipun, dhuh Allah kawula, mugi karsaa midhangetaken pandonga sarta panyuwunanipun abdi Paduka punika, saha mugi karsaa nyunari pasucen Paduka ingkang sampun risak punika kaliyan wedana Paduka, awit saking Paduka piyambak. 18 Dhuh Allah kawula, mugi karsaa nilingaken tuwin midhangetaken, mugi paningal Paduka karsaa maspaosaken saha karsaa mirsani, karisakan kawula sadaya tuwin kitha ingkang kasebut mawi asma Paduka; wondene anggen kawula sami ngunjukaken pandonga kawula wonten ing ngarsa Paduka punika boten adhedhasar lelabetan kawula, nanging alandhesan sih-katresnan Paduka ingkang luber. 19 Dhuh Pangeran, mugi karsaa miyarsakaken Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring pangapunten Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken saha lajeng karsaa tumindak, sampun ngantos ngrandhataken, awit saking Paduka piyambak, dhuh Allah kawula, sabab kitha Paduka saha umat Paduka kasebut mawi asma Paduka” Pitung puluh ping pitung mangsa 9:20-27 20 Sajrone aku matur lan ndedonga sarta ngakoni dosaku apadene dosane bangsaku, bangsa Israel, tuwin ngunjukake panyuwunanku tumrap gununge suci Allahku marang ing ngarsaning Sang Yehuwah Allahku, 21 sajrone munjuk ing sajrone pandonga iku, Sang Gabriel mabur kalawan rikat murugi aku, yaiku panjenengane, kang wus dakdeleng ing sajroning wahyu kang dhisik nalika nyaosake kurban sore. 22 Aku diparingi piwulang lan dipangandikani mangkene: “Dhaniel, tekaku saiki iki prelu menehi akal-budi marang kowe supaya ngreti. 23 Nalika kowe wiwit ngaturake panyuwunan, ana pangandika kang kawiyos, aku banjur teka prelu aweh sumurup marang kowe bab iku, awit kowe iku banget kinasihan. Mulane pangandika iku gatekna sarta wahyu iku titenana 24 Pitung puluh kaping pitung mangsa, iku wus katetepake tumrap bangsamu lan tumrap kuthamu kang suci, kanggo nyirnakake duraka, kanggo nguwisi dosa, kanggo ngilangi kasalahan, kanggo nekakake kaadilan kang langgeng, kanggo ngganepake wahyu lan nabi, sarta kanggo njebadi pasucen kang pinunjul. 25 Sumurupa lan mangretia: wiwit kawiyose pangandika mau, yaiku manawa Yerusalem bakal kapulihake lan kabangun maneh, nganti rawuhe kang dijebadi, yaiku sawijining ratu, iku ana pitu kaping pitung mangsa; lan sawidak loro kaping pitung mangsa lawase anggone kutha iku bakal kabangun maneh, mawa alun-alun lan kalen, nanging ana ing sajroning karubedan. 26 Sawuse sawidak loro kaping pitung mangsa iku, kang wus jinebadan mau bakal kasingkirake, mangka ora ana kaluputane apa-apa. Kutha lan pasucen bakal kasirnakake dening balaning sawijine ratu kang bakal teka, nanging ratu mau bakal tiwas kabanjiran; sarta maneh ngnati tekan ing wekasaning jaman bakal ana peperangan lan karusakan, cundhuk karo apa kang wus katetepake. 27 Ratu mau bakal damel aboting prajanjian iku tumraping wong akeh lawase pitung mangsa. Ing tengah-tengahing pitung mangsa iku panjenengane bakal nguwisi kurban sembelehan lan kurban dhaharan; juru pangrusak banjur bakal teka kalawan swiwining kanisthan, nganti karusakan kang wus katetepake tumempuh marang kang ngrusak mau.” Wahyu marang Nabi Dhaniel ana ing sapinggiring bengawan Tigris 10:1--11:1 10 1 Ing taun kang katelune paprentahane Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia, ana pangandika kang kawedharake marang Sang Dhaniel kang asma Beltsazar; pangandika iku sanyata lan mratelakake bab karubedan kang gedhe. Panjenengane mangretos marang pangandika mau sarta migatosake marang wahyu iku. 2 Ing nalika iku aku, Dhaniel nglakoni prihatin telung minggu: 3 ora mangan pangan kang enak, cangkemku ora klebon daging lan anggur sarta aku ora nganggo lenga jebad nganti sapundhate telung minggu mau. 4 Ing dina kang kaping patlikur ing sasi kapisan, nalika aku ana ing sapinggire kali gedhe, yaiku kali Tigris, 5 aku ndengengek sumurup ana priya ngagem pangageman lena lan paningset emas saka ing Ufas. 6 Sarirane kaya sesotya Tarsis sarta pasuryane kaya cahyaning kilat; paningale kaya obor murub; astane lan sampeyane gumilap kaya tembaga ginebeg, sarta swantening pangandikane kaya gumuruhe wong akeh. 7 Mung aku dhewe, Dhaniel, kang ndeleng wahyu iku, wong liyane kang padha bebarengan karo aku, padha ora sumurup; mung bae iku padha ketaman ing pagiris kang banget, satemah padha lumayu ndhelik; 8 dadine aku mung kari ijen. Nalika aku ndeleng wahyu kang gedhe mau, aku banjur koncatan kakuwatanku kabeh; aku dadi pucet banget lan lemes. 9 Aku nuli krungu swantening pangandikane iku, aku banjur tiba kerungkeb ora eling. 10 Nanging tumuli ana asta kang ndemek aku, aku ditangekake, temah aku krengkangan kalawan dhengkul lan tanganku. 11 Aku dipangandikani mangkene: “Dhaniel, kowe iku wong kang kinasihan, gatekna apa kang dakkandhakake marang kowe iki, ngadega, awit aku iki diutus marani kowe.” Bareng aku dipangandikani mangkono iku, aku nuli ngadeg kalawan gumeter. 12 Aku banjur dipangandikani mangkene: “Aja wedi, Dhaniel, amarga wiwit dina kapisan anggonmu nduweni niyat kapengin oleh pangreten lan anggonmu ngasorake awakmu ana ing ngarsaning Allahmu, panyuwunanmu wus katrimah, dene anggonku teka iki iya marga saka panyuwunanmu iku. 13 Panggedhene karajan Persia iku nglawan marang aku lawase selikur dina; nanging Sang Mikhael, sawijining panggedhe kang pinunjul, iku rawuh mbiyantu aku, nuli daktinggal ana ing kana nalika lagi ajeng-ajengan karo para rajane wong Persia. 14 Aku banjur mrene prelu aweh sumurup marang kowe bab apa kang bakal kelakon tumrap bangsamu besuk ing dina wekasan, amarga wahyu iki iya tumuju marang jaman kang bakal kelakon.” 15 Nalika bab iki dipangandikakake marang aku, aku tumungkul kalawan njenger. 16 Nanging tumuli ana kang ndemok lambeku, kang sawangane kaya manungsa; aku banjur mbukak cangkemku lan wiwit celathu, matur marang kang jumeneng ana ing ngarepku iku: “Dhuh Bendara, margi saking wahyu punika kawula lajeng ngraos sakit saha boten kadunungan kakiyatan malih. 17 Nanging kadospundi dene kawula, ingkang abdi kok saged wawan rembag kaliyan Bendara kawula, mangka kawula sampun boten gadhah kakiyatan malih saha sampun boten wonten ambekan kawula?” 18 Panjenengane kang sawangane kaya manungsa iku tumuli ndemek aku maneh lan paring kakuwatan marang aku, 19 kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.” 20 Tumuli pangandikane mangkene: “Apa kowe mangreti sababe anggonku nekani kowe? Sadhela engkas aku arep bali arep perang nglawan panggedhening wong Persia lan sawuse rampung kalawan dheweke iku, panggedhening nagara Yunani bakal teka. 21 Ewadene kowe bakal daksumurupake marang apa kang katulisan ana ing Kitabing Kabeneran. Ora ana kang bakal mbiyantu aku kalawan ati kang teguh nglawan wong-wong mau, kajaba panggedhemu Sang Mikhael, 11 1 kayadene dhek biyen aku uga ngamping-ampingi, nyantosakake lan mbiyantu panjenengane, yaiku ing taun kapisane paprentahane Dharius, wong Medhia iku.” Raja ing nagara Lor lan raja ing nagara Kidul 11:2-45 2 “Awit saka iku kowe bakal daksumurupake marang bab kang nyata. Lah bakal ana ratu telu maneh kang jumeneng ana ing nagara Persia, banjur kang kapate iku bakal oleh kasugihan kang gedhe ngluwihi liya-liyane mau, sarta manawa wus dadi santosa marga saka kasugihane, tumuli bakal ngudi kalawan ngetog kakuwatan nglawan karajan Yunani. 3 Sawuse iku bakal ana ratu kang gagah prakosa, kang mrentah kalawan pangwasa kang gedhe lan tumindak ing sakarepe dhewe. 4 Nanging lagi bae madeg, karajane bakal pecah lan kaperang-perang manut keblat papat ing langit, nanging ora tumiba ing turune lan ora kadunungan pangwasa kaya dheweke; sabab karajane bakal ambruk lan banjur kadarbe dening wong liya, dudu wong-wong iki. 5 Ratu ing nagara Kidul bakal dadi santosa, nanging salah sijine senapatine pangwasane bakal ngungkuli dheweke sarta bakal nyekel paprentahan, malah pangwasane banjur dadi gedhe. 6 Sawuse sawatara taun sakarone nuli padha sekuthon: putra putrine raja nagara Kidul bakal nekani ratu ing nagara Lor lan padha nganakake prajanjian, nanging putri mau ora bakal lestari kadunungan pangwasa kang gedhe, uga turune ora bisa lestari: putri mau bakal diulungake dalasan para kang ngiringake, anak kang dilairake lan wong kang ngrabeni. 7 Anadene ing nalika iku bakal ana trubusan kang thukul tunggal saoyod karo putri mau lan bakal madeg nggenteni wong mau, iku banjur bakal nglurugi ratu ing nagara Lor lan lumebu ing betenge, sarta tumindak sawenang-wenang marang wong-wong ing kono tuwin bakal kwasa. 8 Malah para dewane lan reca-recane cithakan apadene raja-branane salaka lan emas bakal padha diusungi dadi jarahan menyang ing Mesir, banjur leren sawatara taun ora perang karo ratu ing nagara Lor. 9 Sawuse mangkono ratu iki bakal nempuh karajan ratu ing nagara Kidul, nanging iya banjur bali menyang ing nagarane dhewe. 10 Anak-anake tumuli bakal tata-tata arep perang lan nglumpukake wadya-bala akeh; banjur ana panunggalane siji kang bakal nempuh nglawan dheweke, samubarang kabeh kaeroban lan kaeleban kaya katempuh ing banjir; lan bareng nempuh kang kapindho bakal nganti tekan ing betenging mungsuhe. 11 Raja ing nagara Kidul iku tumuli nepsu lan maju perang nglawan ratu ing nagara Lor, kang wus nglumpukake wadya-bala kang akeh, lan wadya-bala kang akeh iki bakal kaulungake ing tanganing mungsuhe. 12 Bareng wadya-bala kang akeh iku wus kabengkas, atine temah dadi gumunggung; ewadene sanadyan wus nyirnakake wong pirang-pirang puluh ewu, pangwasane ora lestari. 13 Ratu ing nagara Lor banjur bakal nglumpukake wadya-bala akeh kang kaping pindhone, luwih akeh katimbang kang kapisan, lan sawuse sawatara taun bakal nglurugi perang mungsuhe kalawan wadya-bala gedhe lan piranti perang kang akeh. 14 Ing nalika iku bakal akeh wong kang banjur gumregah nglawan ratu ing nagara Kidul; uga panunggalane bangsamu kang ambek siya bakal gumregah mbalela, temah wahyu mau bakal kelakon, nanging wong-wong mau bakal padha kajengklok. 15 Ratu ing nagara Lor tumuli bakal teka, lan ngadegake tanggul-tanggul pangepungan sarta banjur ngrebut kutha-beteng; wadya-bala ing nagara Kidul bakal ora bisa nandhingi, sanadyan para wadya-balane pepilihan iya ora bisa nanggulangi; ora ana kakuwatan kang bisa lumawan, 16 satemah ratu kang nempuh bakal tumindak sawenang-wenang, lan ora ana wong siji-sijia kang bisa nandhingi; iku bakal ngejegi Tanah Endah, lan bakal dikwasani babar pisan. 17 Sawuse mangkono bakal banjur ngudi bisane ngwasani karajane wong liyane iku kabeh, tuwin bakal nganakake prajanjian karo dheweke, anake wadon diwenehake kanggo ngrusak karajan iku, nanging sedyane mau ora bisa kasil lan ora bakal njalari kauntungane. 18 Sawuse mangkono banjur nglurugi tanah-tanah pasisir, lan akeh kang bakal karebut; nanging bakal ana sawijining panggedhe prajurit kang nguwisi anggone gawe wirang iku, malah bakal genti gawe wirange ratu mau. 19 Nuli bakal nglurugi kutha-kutha beteng ing nagarane dhewe, nanging bakal kesandhung lan tiba, banjur wus ora katemu maneh. 20 Anadene kang bakal nggenteni iku wong kang kongkonan juru mupu-beya ana ing wilayah perangane karajan kang endah dhewe, nanging let sawatara dina ratu mau bakal kasirnakake ora marga saka bebendu utawa perang. 21 Banjur digenteni dening wong kang asor, kang ora kadunungan kaluhuraning ratu; nanging ora kanyana-nyana wong iku dumadakan teka lan ngrebut karajan mau kalawan patrap culika. 22 Wadya-bala kang teka lan mbanjiri bakal diesatake tuwin disirnakake ana ing ngarepe, malah uga ratu sekuthone. 23 Wiwit anggone gawe prajanjian kalawan dheweke, bakal atindak culika sarta bakal maju lan dadi mundhak gedhe pangwasane, sanadyan balane sathithik. 24 Ora kanyana-nyana banjur lumebu ing wilayah-wilayah ing nagara iku kang subur dhewe sarta nindakake kang durung tau dilakoni dening para bapa lan leluhure, yaiku ngawud-awud rayahan lan jarahan sarta raja-brana ana ing satengahe rakyate; uga bakal ngrerantam-rantam tumuju marang panggonan-panggonan kang ana betenge, nanging iku mung sawatara mangsa. 25 Pangwasane lan kakendelane bakal dianggo nglawan ratuning nagara Kidul kalawan migunakake wadya-bala akeh; lan sanadyan ratu ing nagara Kidul iku bakal siyaga perang kalawan wadya-balane kang akeh banget lan kang linuwih, nanging ora bisa nanggulangi, awit ana pangrencana kang katujokake marang dheweke, 26 lan wong-wong kang padha mangan tunggal sameja bakal ndadekake bilaine: wadya- balane bakal kentas sarta akeh wonge kang tiwas pinatenan. 27 Ratu sakarone padha duwe kekarepan kang ala; nalika padha lungguh bebarengan ngadhep meja, padha goroh- ginorohan; nanging bab iku bakal tanpa gawe, amarga durung tumeka ing titi-mangsane wekasaning jaman kang kapesthekake. 28 Ratu ing tanah Lor iku banjur bakal bali menyang ing nagarane kalawan nggawa raja-brana akeh, sarta atine ngrancang arep nglawan Prajanjian Suci, lan iku iya tumuli katindakake, banjur mulih menyang ing nagarane. 29 Ing wektu kang wus katemtokake nuli bakal nglurugi nagara Kidul maneh, nanging kang kapindho iki ora bakal padha karo kang kapisan, 30 amarga bakal linawan dening kapal-kapale wong Kitim, satemah ilang kawanene. Nuli mulih kalawan ati kang ngancam-ancam marang Prajanjian Suci, lan bakal tumindak mangkono uga; lan sawuse bali, bakal nggatekake marang wong-wong kang padha ninggal Prajanjian Suci. 31 Wadya-balane bakal jumedhul lan bakal gawe najising papan suci, yaiku betenge, nyuwak kurban dinan lan nganakake kang ora pantes kang ngrerusak. 32 Lan wong-wong kang tumindak duraka marang Prajanjian bakal dibujuk-bujuk kadadekake murtad kalawan tembung-tembung pangonggrong; nanging umat kang wanuh marang Allahe bakal tetep kuwat lan lestari lakune. 33 Tuwin wong-wong panunggalane umat iku kang wicaksana bakal mangretekake marang wong akeh, nanging ing sawatara mangsa lawase bakal padha ambruk dening pedhang lan geni, jalaran ditawan lan dijarah-rayah. 34 Bareng padha ambruk, banjur oleh pitulungan sathithik lan akeh wong kang bakal padha ngguyubi kalawan lelamisan. 35 Para wong wicaksana bakal ana sawatara kang ambruk, minangka pandadaran, panyaringan lan kanggo ngresikake wong-wong mau, nganti tumeka ing wekasaning jaman; amarga wekasaning jaman iku durung tumeka ing titi-mangsa kang wus katetepake. 36 Raja iku bakal tumindak sawenang- wenang, bakal ngluhurake lan ngegungake dhiri ana ing ngarepe sadhengah allah. Uga ana ing ngarsane Gusti Allah kang ngungkuli sakehe allah, bakal ngucapake tembung- tembung kang ora pantes babar-pisan, sarta bakal begja nganti tumeka ing sakatoging bebendu; amarga apa kang wus katetepake iku bakal kelakon. 37 Uga para allahe para leluhure ora dipreduli; kang pinuja-puja dening para wong wadon apadene sadhengaha allah ora direwes, amarga awake dhewe kang diluhurake ngungkuli iku kabeh. 38 Nanging minangka gegentining iku kabeh, bakal ngabekti marang dewane beteng-beteng, dewa kang ora disumurupi dening para leluhure iku bakal disembah-sembah kalawan nggawa emas lan salaka sarta sesotya tuwin barang-barang kang akeh ajine. 39 Sarta bakal nempuh beteng-beteng kang santosa kalawan pitulungane dewa manca iku. Sing sapa ngakoni dewa iki bakal diluberi kaluhuran, bakal didadekake wong kang ngwasani wong akeh lan bakal diwenehi ganjaran tanah. 40 Nanging ing wekasaning jaman bakal diperangi dening ratune nagara Kidul; anadene ratu nagara Lor mau bakal ngebyuk kalawan kreta lan bala jaranan sarta prau akeh; bakal lumebu ing nagara-nagara kayadene banjir kang ngerobi lan ngelebi iku kabeh, 41 samono uga Tanah Endah iya bakal dileboni lan bakal akeh wong kang ambruk; nanging kang oncat saka ing tangane tanah Edom, tanah Moab lan perangane bani Amon kang pilihan. 42 Banjur bakal ngayatake tangane marang nagara-nagara, sanadyan nagara Mesir ora bakal bisa oncat. 43 Raja-brana emas lan salaka lan kabeh barange nagara Mesir kang aji bakal diebeki sarta wong-wong Libia lan ing Etiopia bakal ditawan. 44 Nanging bakal kaget dening pawarta saka ing wetan lan saka ing lor, banjur nglurug kalawan nepsu banget arep nyirnakake lan mbengkas wong akeh. 45 Nuli ngedegake tarub-tarub kamulyan ana ing antarane nagara lan gunung Endah kang suci, nanging sawuse mangkono banjur bakal ngajal, ora ana wong siji-sijia kang mitulungi.” Wekasaning jaman 12:1-13 12 1 “Ing nalika iku uga Sang Mikhael, pemimpin agung iku, bakal rawuh ngamping-ampingi turune bangsamu, lan bakal ana mangsa karubedan kang gedhe, kang durung tau kelakon wiwit anane bangsa-bangsa nganti tumeka ing wektu iku. Nanging nalika iku bangsamu bakal bisa oncat, yaiku sing sapa jenenge katulis ana ing Kitab iku. 2 Sarta wong-wong kang wus padha turu ana ing lebuning bumi, akeh kang padha tangi, ana kang banjur kaganjar urip langgeng, ana kang ngrasakake kanisthan lan pagiris kang langgeng. 3 Wong-wong wicaksana bakal padha sumunar kaya cahyaning langit, tuwin kang wus nenuntun wong akeh marang kabeneran bakal kaya lintang ing salawas-lawase. 4 Nanging kowe, Dhaniel, kabeh pangandika iku simpenen, sarta Kitab iku segelen nganti tumeka ing wekasaning jaman; akeh wong kang bakal niti-priksa, apadene kawruh bakal saya wuwuh.” 5 Sawuse mangkono aku, Dhaniel, ndeleng ana priya loro liyane jumeneng, kang siji ana ing sapinggiring kali ing sisih kene, sijine ana ing sapinggiring kali ing sisih kana. 6 Kang siji matur takon marang kang ngagem pangageman lena, kang ana ing sadhuwure banyuning kali mau: “Bening punapa prakawis- prakawis ingkang ngeram-eramaken punika anggenipun badhe rampung?” 7 Aku banjur krungu priya kang ngagem pangageman lena kang ana ing sadhuwuring banyune kali iku anggone supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng, kambi ngangkat astane kang tengen lan kang kiwa marang ing langit: “Iku lawase samangsa, rong mangsa lan satengah mangsa; lan manawa wus sirna pangwasane juru pangrusaking bangsa kang suci iku, bab iku kabeh bakal rampung” 8 Dene aku, pancen krungu pangandika iku, nanging ora ngreti, mulane banjur matur pitakon: “Dhuh Bendara kawula, punapa wekasanipun punika sadaya?” 9 Nanging panjenengane mangsuli, pangandikane: “Wis ta, Dhaniel, lungaa awit pangandika iki bakal tetep winadi lan segelen nganti wekasaning jaman. 10 Akeh wong kang bakal kasucekake lan diresiki sarta diuji, nanging para wong duraka bakal tumindak duraka; wong duraka iku ora ana siji-sijia kang bakal mengreti, nanging para wong wicaksana bakal mangreti. 11 Wiwit kasuwake kurban dinan lan madege dewa-dewaning kanisthan kang ngrerusak iku ana sewu rong atus sangang puluh dina. 12 Rahayu wong kang tetep nganti-anti tumeka sewu telung atus telung puluh lima dina. 13 Nanging kowe, lestaria nganti tumeka ing wekasaning jaman, kowe bakal ngaso lan tangi nampani pandumanmu besuk ing wekasaning jaman.” HOSEA Bebuka 1:1 1 1 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Hosea bin Beeri, nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, sarta nalika jamane Sang Prabu Yerobeam bin Yoas, ratu ing Israel. Brayate Nabi Hosea minangka gegambaran tumrap Israel kang ora setya 1:2-9 2 Iki wiwitaning pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hosea; dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Hosea: “Sira lungaa, rabia karo sawijining wong wadon tuna-susila, sarta darbea anak-anak turune wong wadon tuna-susila, awitdene tanah iki banget anggone laku bedhang sarta nyingkur marang Pangeran Yehuwah.” 3 Nabi Hosea banjur tindak ngalap garwa Gomer anake Diblaim; wong wadon mau tumuli ngandheg lan banjur duwe anak lanang karo Nabi Hosea. 4 Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Yizreel, awit sadhela engkas Ingsun bakal ngukum kulawargane Yehu, marga utang getih ing Yizreel lan Ingsun bakal mungkasi karajan Israel. 5 Ing wektu iku gandhewane Israel bakal Ingsun putung ana ing lebak Yizreel.” 6 Wong wadon mau nuli ngandheg maneh sarta banjur duwe anak wadon; Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Lo-Rukhama, awit turune Israel bakal ora Sunwelasi maneh, lan babar pisan ora bakal Sunapura. 7 Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.” 8 Lo-Rukhama mau bareng wus disapih, wong wadon mau banjur ngandheg maneh lan duwe anak lanang. 9 Gusti Allah banjur ngandika: “Iku jenengna: Lo-Ami, awitdene sira kabeh iku dudu umatingSun, lan Ingsun dudu Allahira.” Janji bab kaslametan 1:10-11 1:10-12 10 Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.” 11 Karodene turune Yehuda lan turune Israel bakal padha nglumpuk nunggal sagolongan, sarta bakal ngangkat wong siji kadadekake pemimpine, banjur bakal ngejegi nagara iki, marga dinane Yizreel iku bakal elok kaanane. 1 1-12 Para sadulurira 2 lanang padha sira kandhanana: “Ami”, lan marang sadulurira wadon: “Rukhama” Israel ditampik sarta kabangun maneh 2:2-23 2:1-22 2 2-1 “Biyungira lapurna, iya lapurna, awitdene iku dudu garwaningSun, lan Ingsun iki dudu kakunge; konen mbuwang panyundele saka ing raine, lan anggone laku jina saka ing selaning susune, 3 2-2 supaya aja nganti Sundhedheli sandhangane kongsi wuda, Sundadekake padha kaya ing nalika laire, Sundamel kaya pasamunan, Sundadekake kaya tanah mati, banjur Suntegakake nganti mati kasatan. 4 2-3 Anadene anak-anake padha ora Sunwelasi, awitdene iku padha anak sundel. 5 2-4 Marga biyunge dadi sundel; kang ngetengake wus nindakake kanisthan, awit pangucape: Aku arep ngetutake para bedhanganku, kang aweh roti lan banyu pangombenku kain wol lan lenaku, lengan lan omben-ombenku. 6 2-5 Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri, sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng, satemah ora bisa nemu dalan-dalane. 7 2-6 Banjur arep ngoyak-oyak para bedhangane, nanging ora bakal kecandhak, sarta arep nggoleki para bedhangane iku, nanging ora ketemu. Temah banjur bakal ngucap: Dakbali ngulihi bojoku jaka-lara, marga kaananku nalika samana luwih kapenak tinimbang karo saiki. 8 2-7 Nanging dheweke iku ora ngrumangsani yen Ingsun kang maringi gandum, anggur lan lenga, sarta kang ngakehake salakane lan mase kang dianggo gawe reca Baal. 9 2-8 Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane. 10 2-9 Sarta saiki bakal Suneler kawirangane, ana ing ngarepe para bedhangane, lan ora ana wong kang bakal ngluwari dheweke saka ing astaningSun. 11 2-10 Sakehe kabungahane bakal Sunuwisi riyayane, lan sasine anyar apadene dina Sabate lan sakehe dinane gedhe. 12 2-11 Ingsun bakal nyirnakake wite anggur lan wite anjir, kang wus padha diucapake: Iki kabeh paweweh marang aku, kang diwenehake marang aku dening kekasihku. Iku bakal Sundadekake alas, lan kewan ing ara-ara bakal mangani iku nganti entek. 13 2-12 Karomaneh dheweke bakal Sunukum marga saka dina-dina nalika nyaosake kurban marang para Baal, sarta nganggo anting-antinge lan kalunge, tuwin banjur ngetutake para bedhangane nanging lali marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 14 2-13 “Kang iku, dheweke bakal Sunarih-arih, sarta Sunajak menyang ing pasamunan, lan Sunpangandikani kang gawe leganing atine. 15 2-14 Ingsun bakal maringake kebone anggur ana ing kana, apadene Sunparingi lebak Akhor minangka gapuraning pangarep-arep. Ana ing kono dheweke bakal ngidung- ngidung kaya nalika isih enom, kaya nalika mangkat metu saka ing tanah Mesir. 16 2-15 Ing dina iku -- mangkono pangandikaning Sang Yehuwah --, Ingsun bakal sira sebut: Kakung kawula, lan Ingsun ora sira sebut maneh: Baal kawula 17 2-16 Karomaneh jenenge sakehe Baal bakal Sunbirat saka ing cangkemira, banjur ora disebut-sebut maneh. 18 2-17 Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi. Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi, tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem. 19 2-18 Sira bakal Sunpundhut garwa kanggo ing salawas-lawase, lan anggoningSun mundhut garwa sira iku kalawan kaadilan lan kabeneran, sarta kalawan sih-susetya lan sih- katresnan. 20 2-19 Sira bakal Sunpundhut garwa kalawan setya-tuhu, satemah sira bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah. 21 2-20 Ing nalika iku -- mangkono pangandikaning Sang Yehuwah -- Ingsun bakal midhangetake marang langit, lan langit bakal ngrungokake marang bumi. 22 2-21 Bumi bakal ngrungokake marang gandum, anggur lan lenga, sarta iku bakal padha ngrungokake marang Yizreel. 23 2-22 Tumuli iku bakal Sunsebar ana ing bumi lan dadi kagunganingSun, lan Ingsun bakal paring piwelas marang Lo-Rukhama, tuwin Ingsun bakal ngandika marang Lo-Ami, iku: Sira iku umatingSun Dene iku bakal munjuk: Dhuh Allah kawula” Ditampani maneh, nanging ora dianggep 3:1-5 3 1 Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira lungaa maneh lan nresnanana sawijining wong wadon, kang seneng dadi sundel lan laku jina, kayadene Sang Yehuwah uga tresna marang para wong Israel, sanadyan iku padha mungkur marani allah liya-liyane lan karem emplek-emplek kismis.” 2 Wong wadon iku banjur daktuku, regane limalas sekel salaka sarta sair karotengah homer. 3 Iku nuli dakkandhani mangkene: “Kowe kudu manggon tetunggalan karo aku nganti suwe lan aja laku bedhang sarta aja kadarbe ing wong lanang liya; aku iya ora bakal ngewori turu kowe.” 4 Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim. 5 Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan. Nglawan marang Imam sarta bangsa kang ora setya 4:1-19 4 1 He wong Israel, padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, awit Sang Yehuwah kagungan prakara karo wong isine nagara kene, marga ora ana kasetyan lan ora ana katresnan marang Allah, sarta ora ana kang wanuh marang Gusti Allah ing nagara kene. 2 Kang ana mung ipat-ipat, goroh, memateni sarta nyenyolong, laku jina, nglakoni pangroda-peksa, lan ngwutahake getih tanpa kendhat. 3 Mulane nagara iki bakal prihatin, lan kang manggon bakal padha katon nglayung; uga kewan-kewan ing ara-ara lan manuk ing awang-awang, dalasan iwak-iwak ing sagara bakal padha sirna. 4 Mung bae aja ana wong kang nggugat, lan aja ana wong kang ngluputake, awit sira kang Sungugat, he imam 5 Kang iku sira bakal keplesed tiba ing wayah awan, uga nabi bakal keplesed tiba bareng karo sira ing wayah bengi; lan biyungira bakal Sunsirnakake 6 UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah, amarga sira kang emoh wanuh, mulane sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira, mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira. 7 Saya mundhak akeh cacahe, dosane marang Ingsun iya saya wuwuh, kaluhurane bakal Sunijoli kanisthan. 8 Padha oleh pangan marga saka dosane umatingSun, lan ngarep-arep supaya umatingSun nindakake kaluputan. 9 Mulane kayadene nasibing rakyat, iya kaya mangkono iku nasibing imam: bakal Sunukum kalakuane lan Sunwales kang dadi panggawene. 10 Bakal padha mangan, nanging ora bisa wareg, padha laku jina, nanging ora tangkar- tumangkar, awit wus padha ninggal marang Pangeran Yehuwah lan nggondheli sundel. 11 Pikirane kadadekake buntet, dening anggur lan duduhe woh anggur. 12 UmatingSun takon marang wite; sarta tekene kang nyumurupake, marga padha kasasarake dening roh jina, lan padha laku jina tuwin banjur ngungkurake marang Allahe. 13 Padha saos kurban ana ing pucake gunung-gunung, lan ngobong kurban ana ing tengger- tengger, ana ing ayome wit elon, wit libnah sarta wit elah, awit iku ayome katon apik. Yaiku kang njalari anakira wadon padha laku jina, lan mantumu wadon padha dadi wanita tuna-susila. 14 Ingsun ora bakal ngukum anak-anakira wadon sanadyan padha laku jina, utawa mantu-mantunira wadon, sanadyan dadi wanita tuna-susila amarga dheweke dhewe padha manggon ndhewe karo para wong wadon tuna-susila, sarta sesaji bebarengan karo sundel-sundel agama, mulane umat kang ora duwe pangreten iku bakal nemahi karusakan. 15 He, Israel, manawa sira laku jina, Yehuda aja nganti melu gawe kaluputan, aja lunga menyang Gilgal, lan aja munggah menyang ing Bet-Awen, sarta aja sumpah: “Demi Pangeran Yehuwah kang gesang” 16 Dene Israel iku wus dadi wangkot, kaya sapi kang mbelot, mulane apa iya Sang Yehuwah bakal ngengen kaya wedhus gembel ing pangonan kang jembar 17 Efraim wus sakuthon karo brahala-brahala, ujanen bae 18 Pasarujukane para wong mendem Wus padha masrahake awake marang wong wadon tuna-susila, padha luwih tresna marang kanisthan tinimbang marang kamulyan. 19 Padha katutupan ing swiwining angin, sarta bakal padha nandhang kawirangan marga saka kurban-kurbane. Pangancam marang Israel lan para pemimpine 5:1-7 5 1 He, para imam, padha ngrungokna, he, umat Israel, padha nggatekna, he, para kulawarganing ratu, nilingna kupingira, awitdene paukuman iku tumuju marang sira, marga sira wus dadi kala-jiret tumrap Mizpa, lan dadi jaring kang kajereng ana ing gunung Tabor, 2 lan kaya luwangan kang didhudhuk ing lebak Sitim, mulane iku bakal Sunrangket kabeh. 3 Ingsun iku wanuh marang Efraim, sarta ora kekilapan mungguh kaanane Israel, awit sira wus laku jina, he Efraim; lan Israel wus najisake awake dhewe. 4 Pratingkah-pratingkahe ora ngolehake wong-wong mau padha mratobat marang Allahe, marga padha kadunungan rohing laku jina, sarta ora padha wanuh marang Pangeran Yehuwah. 5 Gumunggunge Israel dadi seksi tumrap awake dhewe, Efraim bakal keplesed tiba marga saka salahe dhewe, tuwin Yehuda uga melu keplesed. 6 Padha arep ngupaya Pangeran Yehuwah kalawan nggawa kurban wedhus lan sapi, nanging ora bakal ketemu, Pangeran Yehuwah wus nebihi wong-wong iku. 7 Amarga wus padha cidra marang Sang Yehuwah, awit wus padha nglairake anak-anak kang ora absah, saiki si pengrusa bakal mangsa wong-wong mau dalah tegale. Israel ngupaya pitulungan menyang ing ngendi-endi, nanging ora oleh 5:8-14 8 Ngunekna kalasangka ana ing Gibea, ngunekna nafiri ana ing Rama, surak-suraka ana ing Bet-Awen, he, Benyamin, gumetera 9 Efraim bakal dadi cengkar ing dinane paukuman; Ingsun ndhawuhake kang wus kapesthekake tumrap talere bani Israel. 10 Para panggedhene Yehuda iku padha kaya wong kang ngelih wates; bakal padha Sunesoki bebenduningSun kaya banyu. 11 Efraim wus katindhes, karemuk dening paukuman, awit kenceng anggone ngenut kang tanpa guna. 12 Mulane Ingsun bakal kayadene renget tumrap Efraim, lan kaya bubuk tumrap turune Yehuda. 13 Nalika Efraim weruh lelarane, sarta Yehuda sumurup wudune, Efraim tumuli lunga menyang Asyur lan kongkonan wong marang Sang Nata “Agung” Nanging iku ora bisa marasake sira kabeh, lan ora bisa ngilangi wudunira. 14 Marga Ingsun iki kaya singa tumrap Efraim, lan kaya singa nom tumrap turune Yehuda. Ingsun, iya Ingsun piyambak bakal nyempal-nyempal, banjur tindak, bakal Sunbekta lumayu lan ora ana kang ngluwari. Pamratobate wong Israel kang ora sanyata 5:15--6:6 15 Ingsun bakal kondur menyang ing padalemaningSun, nganti wong-wong iku padha ngaku luput lan ngupaya wadananingSun. Ing sajroning karupekane padha kangen marang Ingsun: 6 1 “Payo padha bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, awitdene Sang Yehuwah kang nyempal- nyempal, lan kang bakal marasake kita; Panjenengane kang nggebagi kita, lan iya kang bakal mblebed kita uga. 2 Sawuse rong dina kita bakal diuripake maneh, ing dina katelune ditangekake, dadi kita bakal urip ana ing ngarsane. 3 Mulane payo padha tetepungan lan mbudidaya kanthi temen-temen supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah, Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan; kita bakal dirawuhi patrape kaya udan, kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.” 4 He, Efraim, apa kang bakal Suntandukake marang sira? He Yehuda, sira bakal Sunkapakake? Sih-susetyanira kaya pedhu esuk, kaya ebun kang esuk uthuk-uthuk ilang. 5 Mulane wus padha Sunremuk lumantar para nabi lan Sunpateni srana pangandikane lesaningSun lan angger-anggeringSun sumunar kaya pepadhang. 6 Awitdene kang Sunrenani iku sih-katresnan dudu kurban sembelehan, lan aluwung milih wanuh marang Gusti Allah tinimbang karo kurban obaran. Efraim ora gelem mratobat 6:7--7:2 7 Nanging wong-wong iku wus nerak prajanjian kaya Adam, ana ing kono anggone cidra marang Ingsun. 8 Gilead iku nagarane para durjana, kebak tabet-tabeting getih. 9 Pakumpulane para imam iku kaya grombolan begal kang ngadhang memangsan, padha memateni ana ing dalan kang anjog ing Sikhem, sanyatane, tindak kang nistha kang dilakoni. 10 Ana ing antrane turune Israel Ingsun mirsa pokal-gawe kang nggegirisi; ana ing kono Efraim padha laku jina lan Israel wus najisake awake dhewe. 11 He Yehuda, uga sira wus kacadhangan mangsa panen: Samangsa kaanane umatingSun wus Sunpulihake, 7 1 samangsa Ingsun marasake Israel, nuli kelair dosane Efraim, lan pialane Samaria; dene wus padha tumindak ngapusi, maling lumebu kalawan ngrusak omah, grombolan kang ana ing njaba padha mbegal. 2 Padha ora mikir manawa Ingsun ngengeti sakehing pialane. Saiki uga wus padha kinepung ing pokale, kabeh iku ana ing ngarsaningSun. Dosane Israel ing bab agama lan kaprajan 7:3-16 3 Pialane iku ndadekake senenging ratune, lan pakartine kang goroh ndadekake bungahe para panggedhe. 4 Kabeh padha laku jina, kayadene pawon kang murub terus, nalika tukange roti leren nggedhekake geni, sarta nalika ngulet jladrene nganti mumpluk dening ragi. 5 Ing dina pahargyane ratu kita, padha gawe larane para panggedhe kalawan sumuking anggur; ratu iku sekuthon karo wong kang ambek memoyok. 6 Wong-wong iku batine kaya pawon murub, atine murub makantar-kantar; sawengi muput nepsune mendha, bareng esuk murub maneh kaya geni kang nyalad-nyalad. 7 Wong-wong iku padha panas kabeh kaya pawon murub, lan mangsa para hakime nganti entek. Sakehe ratune wus padha tiwas, wong-wong iku ora ana siji-sijia kang sesambat marang Ingsun. 8 Efraim manunggal karo bangsa-bangsa, kadadeane Efraim kaya roti bunder kang ora diwalik. 9 Kekuwatane wus dientekake dening wong liya, nanging awake dhewe ora ngreti; uwane iya wus akeh, nanging iya ora ngreti. 10 Gumunggunge Israel dadi paseksi tumrap awake dhewe, ewadene padha ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, lan ing sajroning sakehe kaanan kang mangkono iku mau iya ora banjur ngupaya Panjenengane. 11 Efraim wus kaya manuk dara kang bodho, tanpa pangreten, yaiku anggone njaluk tulung marang Mesir, lan anggone marani Asyur. 12 Samangsa mangkat mrana, Ingsun bakal masang jaringingSun ing dhuwure, bakal Suntarik mudhun kaya manuk ing awang-awang, bakal Sungebagi marga saka piala-pialane. 13 Bilai wong-wong iku, marga wus padha minggat ninggal Ingsun, padha nemahana karusakan, awit wus padha brontak marang Ingsun Arep padha Sunpitulungi, nanging padha ngucap goroh marang Ingsun. 14 Pasambate marang Ingsun iku ora metu saka ing prentuling atine, nanging padha nangis ana ing paturone. Padha natoni awake supaya oleha gandum lan anggur, sarta padha mbalela marang Ingsun. 15 Sanadyan wus padha Sunlatih sarta Sunkuwatake tangane, ewasamono padha ngrancang arep nandukake piala marang Ingsun. 16 Padha mbalik marani Baal, lan padha kaya gandhewa kang cidra, para panggedhene bakal padha tiwas dening pedhang, marga saka tembunge kang kasar. Yaiku kang bakal dadi jalarane anggone bakal padha dipoyoki ana ing tanah Mesir. Rusake Israel iku wohing durakane 8:1-14 8 1 Ngunekna kalasangka Ana kang nempuh padalemane Pangeran Yehuwah kaya manuk garudha; mulane mangkono awit wong-wong iku wus padha mbubrah prajanjianingSun, lan mbangkang marang angger- anggeringSun. 2 Padha sesambat marang Ingsun: “Dhuh Allah kawula, kawula, bangsa Israel tepang kaliyan Paduka” 3 Israel wus mbuwang kang becik, mulane kareben kaburu dening mungsuh 4 Wus padha ngadegake ratu, nanging ora kanthi sarujukingSun. Padha ngadegake panggedhe, nanging ora kanthi kauningakake marang Ingsun. Emas lan salakane dianggo gawe brahala-brahala kanggo awake dhewe, mulane padha kasirnakake. 5 He Samaria, pedhetira Suntampik, bebenduningSun mulad-mulad marang wong-wong iku Nganti pira lawase anggone ora bisa padha nucekake awake 6 wong-wong Israel iku? Iku tukang kang gawe, sarta iku dudu Allah Lah pedhet Samaria iku bakal ajur dadi sawalang-walang. 7 Sarehne padha nyebar angin, mulane bakal ngeneni prahara; gandume ora biwa tuwa, ora metu glepunge; dene yen ana kang bisa metu, iku mesthi dientekake dening bangsa liya. 8 Israel wus diuntal; saiki padha ana ing antarane bangsa- bangsa kayadene barang tampikan. 9 Wus padha lunga menyang Asyur prasasat kuldi alas kang ndhewe. Efraim wus ngedum-edum opahing bebdhangan. 10 Sanadyan padha ngedum-edum opah iku ana ing antarane bangsa-bangsa, ewasamono saiki Ingsun bakal nglumpukake wong-wong iku, temah sadhela engkas bakal padha leren anggone njebadi raja lan para panggedhe. 11 Lah Efraim wus ngakehake misbyah, misbyah-misbyah iku njalari banjur padha nindakake dosa. 12 Sanadyan Sunseratake piwulangingSun pirang-pirang, nanging iku padha dianggep prakara kang kanggo wong manca. 13 Padha seneng saos kurban sembelehan, padha saos daging lan padha mangan iku; nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah. Saiki panerake bakal diengeti, lan dosane bakal kaukum. Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir 14 Israel wus nglalekake Kang nitahake, lan wus ngadegake kraton-kraton; Yehuda wus ngakehake kutha-kutha kang santosa, nanging Ingsun bakal ndhawahake geni ing kutha-kuthane, kang mangsa kadhaton nganti ludhes. Bakal tanpa ana kabungahan ing sajroning pambuwangan 9:1-9 9 1 He Israel, aja giyak-giyak Aja surak-surak kaya bangsa-bangsa liya Awit sira wus laku bedhang, lan ninggal Gusti Allahira, opahane bedhangan kang sira senengi, ana ing sakehe papan panutoning gandum. 2 Papan panuton gandum lan pamipitan anggur ora bakal aweh pangan marang wong-wong iku; sarta anggur bakal ndadekake gelane. 3 Bakal padha ora lestari manggon ana ing tanahe Pangeran Yehuwah, nanging Efraim kudu bali menyang Mesir, sarta ana ing tanah Asyur bakal padha mangan kang karam. 4 Bakal ora ngunjukake kurban unjukan anggur marang Pangeran Yehuwah, sarta kurban-kurbane sembelehan ora bakal gawe renane Panjenengane; rotine kaya rotining kasusahan, kang mangan bakal padha dadi najis kabeh, marga rotine iku mung kanggo awake dhewe, ora kepareng digawa lumebu menyang ing padalemane Pangeran Yehuwah. 5 Sira bakal nglakoni apa ing dina gedhe, sarta ing dina riyayane Sang Yehuwah? 6 Sabab sanadyan padha oncat saka ing karusakan, bakal diklumpukake ana ing tanah Mesir lan Memfis bakal ngubur wong-wong mau; barang-barange kang arupa salaka kang akeh ajine bakal katutupan suket, lan tarube padha kathukulan lateng. 7 Wus tumeka ing dinaning paukuman, wus tumeka ing dinaning pamales, Israel bakal ngalami, “Nabi iku wong gemblung, wong kang kapenuhan ing roh, iku owah”, marga saka gedhene kaluputanira lan marga saka bangete anggonira memungsuhan. 8 Efraim, umate Allahku, iku lagi ndingkik marang nabi, sarta ing saurute dalane dipasangi jaringe wong mikat manuk, dalasan ing padalemane Gusti Allahe ana memungsuhan. 9 Ala banget pokale wong-wong iku kaya kang kelakon ana ing Gibea. Pangeran bakal enget marang durakane lan dosane wong-wong iku bakal kaukum. Wohing pamurtade Israel 9:10-17 10 AnggoningSun biyen mrangguli Israel kayadene woh anggur ing pasamunan; anggoningSun mirsani para leluhurira, kaya pametune kawitan woh anjir. Nanging iku banjur padha marani Baal-Peor sarta ngabekti marang dewaning kanisthan, satemah padha dadi nistha padha karo barang kang didhemeni. 11 Kaluhurane Efraim mabur kaya manuk, ora ana kang nglairake, kang meteng lan kang ngandheg 12 Sanadyan padha ngopeni anak-anake nganti gedhe, mesthi Sundadekake ora duwe anak, satemah ora ana manungsa maneh. Lah, bilai uga wong-wong iku samangsa wus padha Suntilar 13 Sunpirsani Efraim wus ndadekake anak-anake padha dadi kewan buron; Efraim kapeksa ngulungake anak-anake marang juru panumpes. 14 Dhuh Yehuwah, bangsa punika mugi kaparingana, -- badhe Paduka paringi punapa? -- Kaparingana wetengan ingkang gabug, sarta susu ingkang kisut. 15 Sakehe pialane kelakon ana ing Gilgal; lan ing kana anggoningSun katuwuhan sengit marang wong-wong iku. Marga saka alaning panggawe-panggawene bakal padha Suntundhung saka ing padalemaningSun. Ingsun ora bakal asih maneh marang wong-wong iku; para panggedhene iku pemberontak kabeh. 16 Efraim wus kagebug, oyode wus dadi garing, bakal padha ora metokake woh; malah sanadyan padha nglairna anak pisan, wohing wetengane kang dinama-dama iku bakal Sunpateni. 17 Bakal padha katundhung dening Allahku, marga ora padha ngrungokake marang Panjenengane, mulane bakal padha nglembara ana ing antarane para bangsa. Paukuman marga saka anggone padha nyembah brahala 10:1-8 10 1 Israel iku wit anggur kang becik thukule, kang metokake woh, saya akeh pametune, saya akeh anggone gawe misbyah sarta saya becik lemahe, saya endah anggone gawe tugu-tugu brahala. 2 Atine lamis, saiki kudu padha nanggung wohing kaluputane, Pangeran bakal ngremuk misbyah-misbyahe, lan mbubrah tugu-tugune brahala. 3 Lah saiki padha ngucap: “Kita padha ora duwe ratu, marga kita padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mangka ratu iku bisa nindakake apa ta tumrap kita?” 4 Padha umuk-umukan, padha nglairake sumpah palsu, padha gawe prajanjian, temahan paukuman thukul kaya wit upas ana ing singkalan-singkalaning pategalan. 5 Para wong saisine Samaria padha gumeter, ing ngatase pedhete Bet-Awen. Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku, sarta para imame padha sesambat, marga wus koncatan kamulyane. 6 Pedhete bakal kaboyong menyang Asyur, minangka pisungsung marang Sang Nata “Agung”. Efraim bakal kawirangan, sarta Israel bakal kisinan marga saka rancangane. 7 Samaria bakal katumpes, ratune kaya pang kang kumambang ing banyu. 8 Tengger-tengger pangurbanan Awen, yaiku dosane Israel, bakal padha kasirnakake. Misbyah-misbyahe bakal padha kathukulan eri lan rerungkudan. Sarta wonge bakal padha nylathoni gunung-gunung: “Aku padha sasabana”, lan marang tengger-tengger: “Aku padha ebrukana” Pangeran Yehuwah kecuwan tumrap Efraim 10:9-15 9 He Israel, wiwit jamane Gibea sira wus gawe dosa; ana ing kana padha gumregah nglawan. Ana ing Gibea apa ora bakal ketututan ing perang kang nglawan marang para wong culika? 10 Ingsun rawuh prelu nggebagi wong-wong iku, bangsa-bangsa bakal padha nglumpuk nglawan marang wong-wong iku, samangsa padha kasiksa marga saka kaluputane rong prakara. 11 Efraim iku biyen pedhet kang wus digladhi lan dhemen nutu, sarta Ingsun remen marang githoke kang apik, Efraim iku Sunrakitake, Yehuda kudu mluku, Yakub kudu nggaru lemah kanggo awake dhewe. 12 Sira padha nyebara kang cundhuk karo kaadilan, ngundhuha kanthi katresnan Mbukaka tanah anyar, marga wus wancine ngupaya marang Sang Yehuwah, nganti panjenengane rawuh sarta maringi kaadilan kang luber marang sira. 13 Sira wus padha mluku kadurakan, kaculikan kang sira undhuh, sarta sira wus padha mangan wohing doracara, marga sira wus padha ngendelake ratanira, apadene kehing prawiranira. 14 Bakal jumedhul gumuruhing perang ana ing antarane bangsanira, lan sakehe betengira bakal kagempur, kaya Salman anggone nggempur Bet-Arbel ing kalane campuh perang, biyung dalah anak-anake padha diremuk. 15 Kaya mangkono iku bakal Suntandukake marang sira, he turune Israel, marga saka bangeting kadursilanira. Ing wayah bangbang wetan ratune Israel bakal katumpes babar pisan. Sihe Pangeran Yehuwah ngalahake kawangkotane wong Israel 11:1-11 11 1 Nalika Israel isih nom, Sunkasihi sarta saka ing Mesir putraningSun iku Suntimbali. 2 Saya kerep anggoningSun nimbali, saya banget anggone ngungkurake Ingsun, padha sesaji kurban marang para Baal, sarta ngobong kurban kanggo reca-reca. 3 Mangka Ingsun kang netah marang Efraim, Ingsun kang mbopong, ewasamono padha ora gelem ngrumangsani, yen Ingsun kang nyarasake. 4 Sungendeng kalawan talining kasetyaan, iya kalawan tetalenaning katresnan. Tumrap bangsa iku Ingsun kaya wong kang ngangkat pasangan saka ing uwange, Ingsun ndhingkluk lan maringi pangan. 5 Wong-wong iku kudu padha bali menyang tanah Mesir, sarta Asyur kang bakal dadi ratune, marga padha ora gelem mratobat. 6 Pedhang bakal ngamuk ana ing kutha- kuthane, bakal ngrusak slarak-slaraking lawange, sarta mangsa wong-wong iku ana ing beteng-betenge. 7 UmatingSun betah ngungkurake Ingsun, padha njaluk tulung marang Baal, lan leren anggone ngluhurake asmaningSun. 8 He Efraim, mangsa Ingsun ngetogake marang sira, ngulungake sira, he Israel Mangsa Ingsun ngetogake sira kaya Adma, ndadekake sira kaya Zeboim PanggalihingSun dadi pulih, sih-piwelasingSun kagugah babar pisan. 9 Ingsun ora bakal nandukake bebenduningSun kang mulad-mulad, Efraim ora Suntumpes maneh, marga Ingsun iki Allah lan dudu manungsa, Kang Mahasuci ana ing tengahira, sarta Ingsun ora rawuh arep mbesmi. 10 Wong-wong iku bakal padha manut marang Pangeran Yehuwah, Pangeran bakal nggero kaya singa. Sanyata, Panjenengane bakal nggero, para putra nuli bakal padha sowan saka ing sisih kulon kanthi gumeter, 11 kaya manuk kang teka saka ing tanah Mesir kalawan gumeter, lan kaya manuk dara saka ing tanah Asyur, sarta bakal padha Sunpapanake ana ing omahe dhewe-dhewe, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Efraim lan Rama Yakub leluhure 11:12--12:14 12:1-15 12 12-1 Ingsun wus dikepung dening Efraim kalawan dora-cara, lan kalawan apus dening turune Israel, dene Yehuda ngilang saka ing sacelake Gusti Allah, saka ing sacelake Kang Mahasuci kang setya. 12 1 12-2 Efraim iku njaga angin, lan mburu angin wetan sedina muput, ngakehake tindak cidra lan panganiaya, padha gawe prajanjian karo Asyur, lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir. 2 12-3 Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda, lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe, sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke. 3 12-4 Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure, sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah. 4 12-5 Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul, kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane. Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane, lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene: 5 12-6 -- Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah, kang asma Yehuwah. -- 6 12-7 “Sira iku kudu mratobat marang Allahira, netepana katresnan lan angger-angger, sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.” 7 12-8 Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra, lan kang seneng memeres, 8 12-9 pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih, wus oleh raja-brana. Nanging sakehe wohe kangelanku ora nuwuhake kaluputan kang ateges dosa tumrap aku.” 9 12-10 Nanging Ingsun iki Yehuwah, Allahira wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir. Ingsun isih karsa manggonake sira ana ing tarub-tarub maneh kaya ing dina-dina riyaya. 10 12-11 Ingsun mangandikani para nabi, sarta wus paring wahyu bola-bali apadene paring pasemon lumantar para nabi mau. 11 12-12 Manawa ing Gilead ana kadursilan, wong-wong iku wus padha dadi tanpa guna; ana ing Gilgal padha saos kurban sapi-sapi lanang, mulane misbyah-misbyahe uga padha dadi kaya tumpukan watu ana ing singkal-singkalane pategalan. 12 12-13 Yakub ngungsi menyang ing tanah Aram, Israel ngenger supaya oleh bojo, malah nganti dadi pangon supaya oleh bojo iku. 13 12-14 Lumantar nabi Pangeran Yehuwah nuntun Israel metu saka ing tanah Mesir, malah banjur direksa dening nabi. 14 12-15 Efraim wus gawe gerahing panggalihe Pangeran kang banget, temah Gustine bakal nglestarekake anggone katempelan utang getih, sarta bakal paring piwales tumrap ing cacade. Bebendune Pangeran Yehuwah bakal tumempuh marang Efraim 13:1-16 13:1--14:1 13 1 Samangsa Efraim celathu, wong-wong padha gumeter; diajeni banget ana ing satengahe Israel, nanging banjur kaluputan marga nyembah Baal, temahan mati. 2 Tekan saiki padha terus bae anggone gawe dosa, sarta gawe reca cor-coran salaka, iya gawe brahala-brahala manut kapinterane; kabeh iku gaweane para tukang. Wong-wong padha dicelathoni: Padha saosa kurban Manungsa kareben ngabekti marang pedhet-pedhet 3 Mulane bakal padha kaya pedhut ing wayah esuk utawa kayadene ebun kang esuk umun-umun ilang, lan kaya mrambut kang kabur ing angin saka ing panuton. Iya kaya kukus kang metu saka ing cendhela. 4 Nanging Ingsun iki Yehuwah Allahira, wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir; sira ora wanuh allah liyane, kajaba Ingsun, iya ora ana Juruslamet maneh liyane Ingsun. 5 Ingsun kang wanuh sira ana ing pasamunan, tanah kang banget panase. 6 Bareng wus padha mangan suket, banjur bisa wareg, bareng wus wareg, nuli kumalungkung, temahan padha lali marang Ingsun. 7 Mulane Ingsun dadi kayadene singa tumrap wong-wong iku, lan kaya macan tutul, Ingsun ndhedhep ana ing pinggir dalan. 8 Ingsun ngrawuhi wong-wong iku kaya bruwang wadon kang kelangan anak, Sunsuwek-suwek dhadhane. Sunmangsa ana ing kono, kaya singa, banjur bakal kaowol-owol dening sato galak ing ara-ara. 9 He Israel, Ingsun bakal nyirnakake sira, sapa kang bisa mitulungi sira? 10 Ratumu ana ngendi ta, kang banjur mitulungi sira, lan para pangarepira kang nuli menehi kaadilan marang sira, heh, sira kang ngucap: “Kula mugi kaparingana ratu kaliyan pangageng-pangageng?” 11 Sira Sunparingi ratu sajroning bebenduningSun, sarta kang Sunpundhut sajroning bramatyaningSun. 12 Durakane Efraim kabuntel, dosane disimpen. 13 Nglarani arep duwe anak iku sadurunge bayine lair, nanging dheweke iku anak kang tanpa budi, awit anggone obah ora ngetrepi wektune, bareng wus tekan ing wancine, emoh metu saka ing guwa-garbane ibu. 14 Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesane jagade wong mati, utawa Suntebus saka ing pati? Heh pati, ana ing ngendi pageblugira, he jagade wong mati, ana ing ngendi kakuwatanira ngrusak? Ing paningalingSun ora ana kawelasan. 15 Sanadyan dheweke thukul subur ana ing satengahe suket-suket, ewasamono bakal katrajang angin saka ing wetan, iya angine Sang Yehuwah, kang midid saka ing pasamunan, sarta belik-belike bakal diastake, lan tuk-tuke dipateni, raja-darbeke dijarah-rayah, yaiku sakehe barang kang endah. 16 14-1 Samaria kudu tampa paukuman, marga mbalela marang Allahe. Bakal padha tiwas dening pedhang, bayi-bayine bakal padha karemuk, wonge wadon kang meteng bakal padha kabedhelan. Bab pamratobat lan prajanji 14:1-8 14:2-9 14 1 14-2 He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu, dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu. 2 14-3 Padha ngaturna kaduwungmu, sarta mratobata marang Sang Yehuwah, munjuka marang Panjenengane: “Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan, ingkang sae mugi lajeng kaparingna, nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula. 3 14-4 Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya; kawula boten badhe numpak kapal, saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula dhateng dedamelaning tangan kawula, margi Paduka ngasihi lare lola.” 4 14-5 Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade, lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih, marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha. 5 14-6 Ingun bakal dadi kaya ebun tumrap Israel, dheweke bakal metu kembange kaya kembang bakung, lan oyode ngambra-ambra kaya Libanon. 6 14-7 Pang-pange padha sumrambah, sarta endahe kaya wit jaitun, lan arum gandane kaya kang ana ing Libanon. 7 14-8 Wong-wong mau bakal padha bali lan manggon ing pangayomaningSun, lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum; sarta bakal padha kembang kaya wit anggur, kang misuwur kaya anggur ing Libanon. 8 14-9 Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun? Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo, saka Ingsun anggonira oleh woh. Panutup 14:9 14:10 9 14-10 Sapa kang wicaksana, cikben mangreti marang prakara iki kabeh; sapa kang mangreti, kareben nyumurupi iku; marga margi-margine Pangeran Yehuwah iku lenceng, lan diambah dening para wong mursid, nanging para wong kang mbalela padha keplesed tiba ana ing kono. YOEL Bebuka 1:1 1 1 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Yoel bin Petuel. Wewelak walang minangka paukuman 1:2--2:11 2 He, para tuwa-tuwa, padha ngrungokna, he, para wong isine nagara, padha nilingna Sajegmu urip utawa ing jamane para leluhurmu apa tau ana lelakon kang kaya mangkene iki? 3 Anak-anakmu padha critanana lelakon iku, nuli anak-anakmu genten konen nyritakake marang anak-anake, lan putumu iya nyritanana marang turune 4 Sisane walang kang ngrikiti kapangan dening walang alihan, lan sisane walang alihan kapangan dening walang mlumpat, sarta sisane walang mlumpat kapangan dening walang kethaha. 5 He, para wong mendem, tangia lan nangisa He, para wong kang karem anggur, marga saka anggur anyar, padha ngadhuh-adhuha, amarga anggur iku wus dirampas saka ing cangkemmu. 6 Dene ana bangsa kang nglurugi nagaraku, bangsa kang kuwat lan tanpa wilangan cacahe, untune kaya untu singa, lan siyunge kaya siyung singa wadon. 7 Witku anggur padha karusak, lan witku anjir padha dikethoki, dikletheki lan dirubuhake, sarta pang-pange padha dadi putih. 8 Ngadhuh-adhuha kayadene prawan kang manganggo bagor, marga saka pacangane, kekasihe nalika isih enom. 9 Kurban dhaharan lan kurban unjukan wus ilang saka ing padalemane Sang Yehuwah; para abdine Pangeran Yehuwah, yaiku para imam, padha susah. 10 Pategalan wus rusak, bumi ngenes, awit gandume wus sirna anggure wus garing, lengane wus nipis. 11 Para wong tani padha kisinan, para tukang kebon anggur padha ngadhuh-adhuh, marga saka gandum lan sair, awitdene panenaning pategalan wus lebur kabeh. 12 Wite anggur wus garing lan wite anjir wus alum, mangkono uga wite delima, wite kurma lan wite apel, sarupane wit ing ara-ara wus padha garing. Sanyata, kabungahan sirna oncat saka para anaking manungsa. 13 He, para imam, padha manganggoa bagor lan sambat-sambata, he, para kang ngladeni misybah, padha ngadhuh-adhuha, he, para Gusti Allahku, pada lumebua, padha nginepa kalawan manganggo bagor, dene padalemane Gusti Allahmu wus koncatan kurban dhaharan lan kurban unjukan. 14 Padha ngundhangna puwasa kang suci, nganakna parepatan agung, nglumpukna para tuwa-tuwa, dalah sakehe wong isine nagara ana ing padalemane Pangeran Yehuwah Allahmu lan padha sambat-sambata marang Sang Yehuwah. 15 Adhuh bilai dina iku, dene nyata wus chedak dinane Pangeran Yahuwah, tekane awujud karusakan saka Kang Mahakwasa. 16 Ing ngarepe mripat kita, rak wus sirna sakehe pangan, kabungahan lan surak-surak saka ing padalemane Gusti Allah kita? 17 Winih-winih padha garing ana ing jero lemah, lumbung-lumbung wus padha resik gusis, gudhang-gudhang wus padha ambruk marga gandume wus entek. 18 Kaya apa panjeriting kewan-kewan, pepanthan sapi padha bingung, marga wus ora ana pangonan maneh, uga wedhus-wedhuse padha kontrang- kantring. 19 Dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang kawula sambati, awit pangenan ing ara-ara, sampun kamangsa ing latu ngantos telas. Urubing latu sampun nggosongaken sakathahing wit-witan ing ara-ara. 20 Dalasan sato-kewan ing ara-ara ugi sami sesambat dhateng Paduka, margi lepen-lepen sampun sami asat, sarta pangenan ing ara-ara sampun kamangsa dening latu. 2 1 Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion, lan padha surak-suraka ana ing gunungingSun kang suci Sakehe wong isine nagara padha getera, awitdene dinane Pangeran Yehuwah teka, wus cedhak; 2 sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong, dina kang mendhung lan peteng lelimengan; ana bangsa kang gedhe sarta santosa mratani gunung-gunung kaya bangbang wetan, kang kaya mangkono iku durung tau ana wiwit kuna mula; lan ing sapungkure iya bakal ora ana, turun-tumurun, ing tembe buri. 3 Ing ngarepe ana geni kang memangsa nganti ludhes, lan ing burine ana urubing geni kang nggesengake. Tanah kang ana ing ngarepe kaya patamanan Eden, nanging ing burine pasamunan kang mati; sarta ora ana kang bisa ngoncati bangsa mau. 4 Rupane kaya jaran, lan playune iya kaya jaran mbandhang. 5 Anggone padha mencolot-mencolot ngliwati pucake gunung-gunung kaya kumrasaking kreta, lan kaya perkataking geni kang ngobong dami; kaya bangsa kang kuwat, wadya-balane samekta ing perang. 6 Adu arep karo iku, bangsa-bangsa padha gumeter, guwayane kabeh padha saya pucet. 7 Playune kaya pahlawan, kaya prajurit anggone ngunggahi baluwarti, siji-sijine padha lumaku terus ora nganggo nyimpang saka ing dalane; 8 ora padha suk-sukan, siji-sijine ngambah ing dalane dhewe, nrajang pabarisan kalawan sikep gegaman tumbak, anggone baris kareksa aja nganti pedhot. 9 Banjur nyerbu menyang ing jero kutha, ngunggahi baluwarti, padha menek lumebu ing omah-omah, lumebune metu ing cendhela kaya maling. 10 Bumi gumeter ana ing ngarepe, langit gonjang-ganjing, srengenge lan rembulan padha dadi peteng, sarta lintang-lintang ilang cahyane. 11 Pangeran Yehuwah nuli ngedalake swarane, ana ing ngarepe wadya-balane, mangka wadya-balane iku luwih dening akeh, sarta kang nindakake sabdane iku santosa sabab ngedab-edabi dinane Sang Yehuwah iku sarta nggegirisi banget, sapa kang bisa mbetahake? Dhawuh supaya mratobat 2:12-17 12 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.” 13 Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang. 14 Sapa kang ngreti, bokmanawa karsa mengker lan piduwung, sarta nilari berkah, kagawe kurban dhaharan lan kurban unjukan sumaos marang Pangeran Yehuwah, Allahmu. 15 Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion, nganakna puwasa kang suci, ngundhangna parepatan agung. 16 Bangsa iki klumpukna, pasamuwane sucekna, nglumpukna para pinutuwa, dalah para bocah pasuson pisan, panganten lanang supaya metu saka ing kamare, lan panganten wadon saka ing kamar paturone. 17 Para imam, para abdine Sang Yehuwah, padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah, sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka, bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada, temah dipun poyoki dening para bangsa. Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa: Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?” Prajanjiane Gusti Allah marang bangsa kang mratobat 2:18-27 18 Pangeran Yehuwah dadi benter ing panggalih marga saka tanahe, sarta welas-asih marang umate. 19 Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan lan ngandika marang umate: “Lah, sira bakal Sunkintuni gandum, anggur lan lenga, lan sira bakal mangan nganti wareg. Ingsun ora bakal ndadekake sira dadi cacadan maneh ana ing antarane bangsa-bangsa. 20 Kang teka saka ing lor bakal Sunedohake saka ing sira, lan bakal Sunbucal menyang nagara kang mati lan garing, pucuking pabarisane Suncemplungake ing sagara wetan, lan pethiting pabarisane ing sagara kulon, nuli mumbul ambune kang bacin lan gandane kang banger, awitdene wus nglakoni prakara kang gedhe, 21 He tanah, aja wedi, surak-suraka lan bungah-bungaha, sabab Pangeran Yehuwah uga wus nindakake prakara kang gedhe 22 He, sato-kewan ing ara-ara, aja padha wedi dene pangonan ing ara-ara padha ijo riyo-riyo, wit-witan padha metu wohe, wit anjir lan wit anggur padha menehake kasugihane. 23 He, bani Sion, padha surak-suraka, lan padha bungah-bungaha marga saka Pangeran Yehuwah, Allahira, marga sira wus diparingi, udan awal kalawan adil, iya udan awal lan udan akhir kaya biyen. 24 Panuton-panuton bakal padha kebak gandum sarta pamipitane luber anggur lan lenga. 25 Ingsun bakal paring marang sira pulihe taun-taun kang pametune entek kamangsa dening walang alihan, walang kang mlumpat, walang kang kethaha lan walang kang ngrikiti, wadya-balaningSun kang gedhe kang Sunutus menyang ing tengahira 26 Sira bakal padha mangan akeh, nganti wareg, sarta sira bakal memuji asmane Sang Yehuwah, Allahira, kang wus nandukake kaelokan marang sira, karodene umatingSun ora bakal nandhang wirang ing salawas-lawase. 27 Lan sira bakal padha sumurup yen Ingsun iki ana ing tengahe Israel, sarta yen Ingsun iki Yehuwah, Allahira, ora ana maneh kajaba Ingsun, lan umatingSun bakal ora nandhang wirang maneh ing salawas-lawase.” Bab dinane Pangeran Yehuwah 2:28-32 28 “Sawuse mangkono bakal kelakon, Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh, temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; para pinituwanira bakal padha oleh pangimpen, lan nom-nomanira padha ndeleng wahyu. 29 Dalah para baturira tukon lanang lan wadon, bakal padha Sunesoki RohingSun ing dina-dina iku. 30 Mangkono maneh Ingsun bakal nganakake kaelokan ing langit lan ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning kukus. 31 Srengenge bakal salin dadi peteng ndhedhet lan rembulan dadi getih sadurunge tekane dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan nggegirisi iku. 32 Lan sing sapa nyebut asmane Pangeran Yehuwah, iku bakal kapitulungan rahayu, marga ing gunung Sion lan ing Yerusalem bakal ana pangentasan, kaya kang wus di pangandikakake dening Pangeran Yehuwah; sarta saben wong kang katimbalan dening Sang Yehuwah iku bakal dadi panunggalane kang kaentas.” Paukuman marang para mungsuhe Israel 3:1-8 3 1 “Dene lah ing dina-dina iku lan ing wektu iku, samangsa Ingsun mulihake kaanane Yehuda lan Yerusalem, 2 ing kono Ingsun bakal nglempakake sakehe bangsa, Sunirid mudhun menyang ing lembah Yosafat, tumuli Ingsun bakal prakaran kalawan para bangsa iku ana ing kana bab umatingSun lan kagunganingSun piyambak, Israel, dene wus padha dipencarake ana ing satengahe para bangsa lan tanah kagunganingSun diedum-edum. 3 Anggone ngrebut umatingSun iku sarana mbuwang undhi, bocah lanang diijolake karo wong wadon tuna-susila, bocah wadon diedol dhurupake anggur, supaya bisa ngombe. 4 Anadene mungguh sira, he Tirus lan Sidon sarta sawewengkone Filisti, ana gegayutane apa karo Ingsun? Apa sira arep males pandamelingSun? Manawa sira nandukake apa bae marang Ingsun, kanthi dadakan anggoningSun bakal nampekake panggawenira iku marang sira dhewe. 5 Awitdene salaka lan emas kagunganingSun wus padha sira jupuk, sarta barang-barangingSun kang pangaji padha sira lebokake ing papan pangibadahira, 6 sarta wong-wong Yehuda lan wong-wong Yerusalem wus padha sira edol marang wong Yunani, karepira supaya pisah adoh karo tanahe. 7 Lah bakal padha Suntangekake saka ing panggonan pangedolira mau, sarta nampekake panggawenira iku marang sirahira dhewe. 8 Anadene anakira lanang lan wadon bakal Sunedol marang bani Yehuda, kang banjur ngedol marang para wong Syeba, marang bangsa kang adoh, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.” Berkah kanggo umate Pangeran Yehuwah 3:9-21 9 Prakara iki undhangna ana ing satengahe para bangsa: padha samektaa ing perang, para pahlawan padha sira angkatna, sakehe prajurit padha sira prentahana supaya ngetoni perang. 10 Kejene wlukunira kagemblenga dadi pedhang, lan aritira kagawea tumbak; wong kang ringkih ngucapa: “Aku iki pahlawan” 11 Sakehe para bangsa saka ing ngendi-endi, padha gumregaha lan maraa, sarta padha nglumpuka mrana Dhuh Yehuwah, para pahlawan Paduka mugi kabektaa mandhap 12 Para umat padha budhala lan ngluruga, menyang lebak Yosafat, dene Ingsun bakal lenggah ana ing kana, ngadili sakehe para bangsa ing ngendi-endi. 13 Aritira padha empakna awit undhuh-undhuhane wus tuwa, padha mrenea, padha meresa, awit pamipitane wus kebak anggur, genthong-genthonge wus padha luber, marga akeh pialane wong-wong iku. 14 Akeh wong, akeh wong, ing lebak karampungan, awit wus cedhak dinane Sang Yehuwah, ana ing lebak karampungan 15 Srengenge lan rembulan padha dadi peteng, lintang-lintang wus padha ilang cahyane, 16 Pangeran Yehuwah bakal nggero saka ing Sion, ngumandhangake swarane saka ing Yerusalem, langit lan bumi gonjang-ganjing. Nanging Sang Yehuwah dadi pangungsen tumrap umate, lan dadi beteng tumrap wong Israel. 17 “Sira banjur bakal padha sumurup yen Ingsun, Yehuwah, iku Allahira, kang akedhaton ana ing Sion, gunungingSun kang Suci, lan Yerusalem bakal dadi suci, sarta ora diliwati maneh dening bangsa liya. 18 Ing wektu iku bakal kelakon gunung-gunung bakal padha netesake anggur anyar, lan tengger-tengger padha mili puwan, lan sakehe kali ing tanah Yehuda padha mili banyu; apamaneh bakal ana tuk metu saka ing padalemane Pangeran Yehuwah, sarta bakal mbanyoni lebak Sitim. 19 Tanah Mesir bakal dadi sepi mamring, lan tanah Edom dadi pasamunan, awit saka panganiaya kang ditandukane marang bani Yehuda, dene wus ngwutahake getih resik ana ing tanahe. 20 Nanging Yehuda lestari dienggoni ing salawase, lan uga Yerusalem nganti turun-tumurun. 21 Lah Ingsun bakal males marang getihe, sapira kang durung Sunwales, Pangeran Yehuwah tetep akedhaton ana ing Sion.” AMOS Bebuka 1:1 1 1 Iki pangandika kang kawedharake marang Nabi Amos, panunggalane wong kang ngingu wedhus saka ing Tekoa, bab Israel, nalika jamane Sang Prabu Uzia ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rong taun sadurunge lindhu. Paukuman marang bangsa-bangsa liya 1:2--2:3 2 Pangandikane mangkene: “Yehuwah nggero saka ing Sion, sarta ngwedalake swarane saka ing Yerusalem, temah pangonan-pangonan padha garing, lan pucake gunung Karmel dadi alum.” 3 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Damsyik telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun: sarehne wus padha nindhes Gilead, nganggo pleredan panuton wesi, 4 Ingsun bakal kintun geni menyang ing sajrone kadhatone Hazael, kang mangsa baluwartine Benhadad nganti entek; 5 Ingsun bakal mutung slaraking gapurane Damsyik, sarta numpes wong isine Bikeat-Awen, dalah kang nyekel tekening karajan ing Bet-Eden; apadene bangsa Aram bakal katundhung menyang Kir kaya wong buwangan,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 6 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Gaza telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, dene wus ngangkatake wong sabangsa kabeh menyang ing pambuwangan, kang banjur padha diulungake marang Edom, 7 Ingsun bakal kintun geni menyang ing sajrone baluwartine Gaza, temah kadhatone banjur kamangsa nganti entek. 8 Ingsun bakal numpes para kang manggon ing Asdod, sarta kang nyekel tekening karajan ing Askelon, apadene astaningSun bakal nempah marang Ekron, tekan kekarane wong Filisti bakal padha tiwas kabeh,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 9 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Tirus telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun; awitdene wus ngulungake wong sabangsa kabeh marang Edom minangka tawanan, sarta ora eling marang prajanjian pasaduluran, 10 Ingsun bakal kintun geni menyang ing sajroning baluwartine Tirus, nganti kratone entek kamangsa.” 11 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Edom telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, dene wus ngoyak-oyak sadulure kalawan pedhang, sarta ora ngatonake kawelasane, malah nepsune direndhem terus, lan panasing atine disimpen salawase, 12 Ingsun bakal kintun geni menyang ing Teman, temah kraton Bozra banjur kamangsa nganti entek.” 13 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane bani Amon telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus mbedheli wetenge wong wadon kang meteng ing Gilead, karepe arep ngelar wewengkone dhewe. 14 Ingsun bakal nyumed geni ana ing sajroning baluwartine Raba, kang mangsa kadhatone nganti entek, binarung ing suraking paprangan, lan kinanthenan angin gedhe ing dinaning prahara, 15 dene rajane bakal kalungakake dadi wong buwangan; dalah sakehe para panggedhene,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 2 1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Marga saka durakane Moab telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus ngobongi balunge raja-raja Edom dadi gamping, 2 Ingsun bakal kintun geni menyang ing Moab, kang mangsa kadhaton Keriot nganti entek; sarta Moab bakal tumpes ing satengahe rerusuh, binarung ing surak ing nalika kalasangka kaunekake. 3 Ingsun bakal nyirnakake kang nyekel pangwasa ing satengahe, sarta sakehe panggedhene Sunpateni kabeh bareng karo wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Paukuman tumrap Yehuda 2:4-5 4 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Yehuda telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus padha nampik angger- anggering Yehuwah, lan ora netepi pranatane, nanging padha kasasarake dening dewa-dewane kang goroh, kang dienut dening para leluhure, 5 Ingsun bakal kintun geni menyang ing Yehuda, kang mangsa kedhaton Yerusalem nganti entek.” Paukuman marang Israel 2:6-16 6 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Israel telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus padha ngedol wong mursid marga melik dhuwit, lan wong miskin diijolake trumpah sapasang. 7 Padha ngidak-idak sirahe wong sekeng ana ing lebu, sarta nasarake dalane wong sangsara; anak lan bapa padha sapaturon karo wong wadon enom siji, satemah nyawiyah kasucening asmaningSun; 8 sandhangan kang digadhe padha digawe lemek turon sandhing saben misbyah, lan padha ngombe anggure wong kang padha kadhendha ana ing padalemaning Allahe. 9 Mangka Ingsun kang wus numpes saka ing ngarepe bangsa Amori, bangsa Amori kang dedege kaya wit eres lan kang santosa kaya wit elon, padha Suntumpes wohe ing dhuwur lan oyode ing ngisor. 10 Mangka Ingsun kang ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan lakunira Sunkanthi ana ing pasamunan lawase patang puluh taun, supaya sira bisa ngejegi nagarane wongn Amori. 11 Ingsun wus ngadegake panunggalane anak-anakira dadi nabi, sarta sabageane nom-nomanira dadi nazir; apa ora nyata mangkono, he Israel?”, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 12 “Nanging para wong nazir padha sira purih ngombe anggur, sarta para nabi padha sira celathoni: Aja medhar wangsit 13 Lah bumi kang sira enciki bakal Sunhoregake, kaya gumeroting kreta kang kabotan momotan. 14 Wong kang banter playune iya meksa ora bisa lumayu maneh, lan wong rosa ora bisa migunakake kekuwatane, lan wong prawira ora bisa ngoncati. 15 Wong kang nyekel panah ora bisa tahan, wong kang cukat tandange ora bisa oncat, lan wong nunggang jaran iya ora bisa ngluwari awake dhewe. 16 Sanadyan wong kalebu kendel ing antarane para prawira, iya bakal lumayu wuda ing dina iku,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Nabi iku kang nglantarake pangandikane Gusti Allah 3:1-8 3 1 He wong Israel, padha ngrungokna pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah tumrap sira, iya tumrap bangsa sakabehe kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, mangkene pangandikane: 2 “Mung sira kang Sunudaneni, saka sakehe bangsa ing salumahing bumi, mulane sira bakal Sunukum marga saka sakehe kaluputanira. 3 Apa ana wong loro kang mlaku bebarengan, manawa durung sarembug? 4 Apa ana singa kang nggero ana ing alas, manawa durung oleh memangsan? Singa nom apa nyuwara ana ing panggonane, manawa durung nubruk apa-apa? 5 Apa ana manuk kang tiba ana ing pasangan kang ana ing lemah, manawa ora kapasangan pakan? Pasangane apa iya kajunjung saka ing lemah manawa durung oleh apa-apa? 6 Apa ana kalasangka kaunekake ana ing sawijining kutha, kang ora ndadekake gumetere wong- wong? Lan apa ana bilai kang nempuh sawijining kutha, kang dudu Pangeran Yehuwah kang nindakake? 7 Sanyata, Pangeran Yehuwah Allah ora nindakake apa-apa tanpa putusan kang kalairake marang para nabi abdine. 8 Singa wus nggero, sapa kang ora wedi? Pangeran Yehuwah Allah wus ngandika, sapa kang ora medhar wangsit?” Pawarta bab rusake Israel 3:9-15 9 Padha wartakna ana ing kadhaton ing Asyur, lan ing sajroning kadhaton ing tanah Mesir, sarta ngucapa: “Padha nglumpuka ang ing gunung-gunung ing sacedhake Samaria, lan nyawanga pageger gedhe kang ana ing satengahe nagara iku sarta panganiaya kang ana ing kutha kono.” 10 “Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.” 11 Kang iku pangandikane Pangeran Yehuwah Allah mangkene: “Mungsuh bakal ngepung nagaranira, lan bakal ngilangake kasantosanira, sarta kadhatonira bakal dijarah-rayah” 12 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Kayadene pangon kang ngrebut sikil loro utawa kuping sacuwil saka ing cangkeme singa, kaya mangkono wong Israel kang manggon ing Samaria anggone bakal kaentasake, kaya saperanganing dipan, lan kaya saperanganing sikile paturon.” 13 Pangandikane Pangeran Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah: “Padha ngrungokna, lan turune Yakub padha elingna.” 14 “Ing dina anggoningSun ngukum Israel, marga saka panggawe-panggawene kang ala, Ingsun iya bakal ndhawahake paukuman marang misbyah-misbyahe Betel, temah sungune misbyah iku padha ditugeli lan padha tiba ing lemah. 15 Omah kang dienggoni ing mangsa atis bakal Sungempur bareng karo omah kang dienggoni ing mangsa panas, omah-omah gadhing padha remuk, apadene omah gedhe padha sirna,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Tumrap wong wadon Samaria kang padha mendhem kamulyan 4:1-3 4 1 “Padha ngrungokna marang pangandika iki, he, sapi-sapi ing Basan, kang manggon ing gununge Samaria, kang nindhes marang wong apes, lan ngidak-idak wong miskin, kang ngucap marang para bendaranira: Gawanen mrene supaya aku padha ngombe. 2 Gusti Allah wus supaos demi kasucene: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane anggonira padha kaangkat sarana ganthol, sarta kekarenira srana pancing iwak. 3 Sira bakal padha metu ngliwati bedhahaning baluwarti, siji-sijine ngenceng ing dalane dhewe- dhewe, lan sira bakal kasered menyang ing Hermon,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Pangibadahe wong Israel iku pangibadah kang ala 4:4-5 4 “Padha menyanga ing Betel lan gawea dosa, menyanga ing Gilgal, sarta undhakana anggonira gawe dosa, ing wayah esuk padha ngajokna kurbanira sembelehan, sarta ing dina kaping telune pisungsungira prasepuluhan. 5 Apadene ngobonga kurban pamuji kalawan roti kang mawa ragi, lan ngundhangna kurban-kurban manasuka; wartakna iku Awit kang mangkono iku rak wus dadi kasenenganira, ta, he wong Israel?”, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Wong Israel ora gelem mratobat marang Pangeran Yehuwah 4:6-13 6 “Sanadyan Ingsun wus ngganjar marang sira untu kang ora kecak pangan ing kuthanira kabeh, lan kekurangan roti ana ing sakehe papan panggonanira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 7 “Lan Ingsun wus ngendheg udan marang sira, telung sasi sadurunge mangsa panen; sarta paring udan ana ing salah sijining kutha, lan kutha sijine ora Sunparingi udan, pategalan kang siji kodanan, tuwin pategalan kang ora kodanan dadi garing. 8 Wong saisine kutha loro telu padha keraya-raya lunga menyang sawijining kutha, arep ngombe banyu, nanging ora bisa marem, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 9 “Ingsun wus nggebag sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh, patamanan lan pakebonanira anggur wus Sundadekake alum, apadene witira anjir lan witira jaitun padha kamangsa ing walang nganti entek, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 10 “Ingsun wus ngintunake pageblug ana ing tengahira, kayadene marang wong Mesir; jakanira padha Sunpateni kalawan pedhang, nalika jaranira padha karayah. Palerebanira wus Sundamel mambu banger, Suntamakake ing irungira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 11 “Kutha-kuthanira wus padha Sundadekake bosah-basih, kaya anggone Gusti Allah nggempur Sodom lan Gomora, temah sira prasasat kaya tegesan kang kaentas saka ing geni, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 12 “Kang iku, he Israel, sira bakal padha Sunpatrapi kang kaya mangkono iku. Sarehne Ingsun bakal nandukake kang mangkono iku marang sira, mulane, he Israel, sira padha tata-tataa bakal sowan marang Allahira” 13 Satemene Panjenengane kang yasa gunung-gunung lan nitahake angin, sarta nyumurupake marang manungsa apa kang digalih, kang yasa padhang lan peteng, sarta kang tindak ana ing sadhuwure tengger-tengger, iku Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi asmane. Pangadhuh ing ngatase Israel 5:1-3 5 1 Padha rungokna tembung kang dakucapake ing ngatase kowe kabeh iki minangka kidung pangadhuh, he, turune Israel: 2 “Putri ing Israel wus padha tiba, lan bakal ora ngadeg maneh, ambruk ing bumine, ora ana kang nangekake.” 3 Awitdene mangkene pangandikane Gusti Allah marang turune Israel: “Kutha kang nglurug perang nggawa bala sewu, bakal kari satus, lan kang nglurug perang nggawa bala satus, bakal kari sepuluh.” Dalan kang anjog ing urip 5:4-6 4 Awit mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang turune Israel: “Sira padha ngupaya Ingsun, temah bakal urip 5 Aja ngupaya marang Betel, lan aja menyang ing Gilgal, sarta iya aja lumaku menyang Bersyeba, awit Gilgal mesthi bakal lumebu ing pambuwangan, sarta Betel bakal sirna.” 6 Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah, temah bakal urip, supaya Panjenengane aja nganti ngrawuhi turune Yusuf kaya geni, kang bakal mangsa nganti entek, Betel ora ana kang nyirepake genine. Nglawan pangroda-peksa marang kaadilan 5:7-13 7 He, para kang ngowahi kaadilan dadi butrawali, sarta kang mbanting kabeneran ing bumi 8 Panjenengane kang wus nitahake lintang Wuluh lan lintang Waluku, kang ndadekake pepeteng dadi bangun esuk, sarta kang ndadekake awan dadi peteng kaya bengi; Panjenengane kang nimbali banyu sagara, lan ngesokake iku marang ing lumahing bumi, iku asmane kasebut Pangeran Yehuwah. 9 Panjenengane ndhawahake karusakan marang kang santosa, temah papan kang mawa baluwarti iya kelakon gempur. 10 Wong iku padha sengit marang sapa bae kang melehake ana ing gapurane kutha, lan enek marang kang ngucapake tembung-tembung kalawan eklas. 11 Sarehne sira padha ngidak-idak marang wong apes, sarta gandume kokpajegi, mulane sanadyan sira wus padha gawe omah watu tatahan, nanging iku bakal ora sira enggoni; sanadyan sira wus gawe pakebonan anggur kang endah, nanging sira ora bakal ngombe anggure. 12 Awitdene Ingsun mirsa yen akeh durakanira lan akeh cacahe dosanira, heh kowe kang padha gawe sumpeking atine wong mursid, sarta kang padha nampani besel, lan kang ngiwakake wong miskin ana ing gapura. 13 Mulane ing mangsa iku, sapa kang duwe budi bakal meneng bae, marga wektu iku wektu kang ala. Urip lan mati 5:14-17 14 Padha ngupayaa kang becik aja kang ala, supaya kowe urip; karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi bakal nunggil kalawan sira, kaya kang dadi ujarmu. 15 Piala iku sengitana lan rumaketa marang kabecikan, njejegna kaadilan ana ing gapurane kutha, bokmanawa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa tumitah bakal karsa paring kawelasan marang kekarene turune Yusuf. 16 Lah Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi, iya Gustiku, ngandika mangkene: “Pangadhuh bakal keprungu ana ing sakehing ara-ara; lan ing sakehe lelurung wong bakal ngadhuh-adhuh: Adhuh lae, adhuh lae Wong tani diundang supaya ngadhuh-adhuh, samono uga wong kang pinter nangis, supaya nganakake patangisan. 17 Lan ing kebon-kebon anggur bakal ana pangadhuh, samangsa Ingsun lumampah ana ing tengahira,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Dinane Pangeran Yehuwah 5:18-20 18 Bilai wong kang padha ngarep-arep marang dinane Sang Yehuwah Apa gunane dinane Sang Yehuwah iku tumrap sira? Dina iku pepeteng, dudu pepadhang 19 Umpamane kaya wong kang lumayu saka ing ngarepe singa, dumadakan kepethuk karo bruwang, sarta bareng tekan ing omahe, lan sendhen ing tembok kalawan tangane katemplekake, banjur kacakot ula. 20 Dinane Sang Yehuwah iku rak pepeteng, dudu pepadhang, rak peteng limengan tanpa cahya? Pangibadahe Israel kasengitan dening Pangeran Yehuwah 5:21-27 21 “Riyayanira Sunsengiti, iya Sunremehake. Ingsun ora rena marang pasamuwanira gedhe. 22 Sanyata, samangsa sira nyaosake marang Ingsun kurbanira obaran, lan kurbanira dhaharan, iku ora ndadekake kaparenge galihingSun, sarta kurbanira slametan kang arupa pedhet lemon, iku ora Sunpirsani. 23 Sesindhenanira kang rame iku edohna saka ing ngarsaningSun, sarta swaraning clempungira Ingsun ora karsa midhangetake. 24 Nanging kaadilan iku gumlindhinga kaya banyu, lan kabeneran kaya kali kang tansah mili.” 25 “He, turune Israel. Ana ing pasamunan patang puluh taun lawase iku apa sira nyaosi kurban sembelehan lan kurban dhaharan marang Ingsun? 26 Malah sira padha ngusung Sakut, rajanira, lan Kewan, dewanira lintang, reca-recanira kang sira gawe. 27 Mulane sira bakal Sunbucal adoh ngliwati tlatah Damsyik,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang asmane kasebut Gusti Allahe kang sarwa tumitah. Rasa tentrem kang mung semu 6:1-14 6 1 “Bilai para wong kang rumangsa ayem ana ing Sion, lan kang rumangsa tentrem ana ing gununge Samaria; iya para panggedhene bangsa kang utama, kang disebani dening turune Israel. 2 Padha menyanga ing Kalne lan nitipriksaa, saka kono menyanga ing Hamat nagara kang gedhe iku, banjur menyanga ing Gat, nagarane wong Filisti, apa iku padha ngluwihi becike karajan- karajan iki, utawa tlatahe apa luwih jembar tinimbang tlatahira? 3 He, sira kang padha nganggep adoh saka dinaning bilai, nanging nyedhakake paprentahan panganiaya; 4 kang klemahan ana ing paturon gadhing, lan nglegeyeh ana ing amben, sarta mangan cempening pepanthan, apadene pedhet saka ing satengahe pepanthaning kewan lemon, 5 kang padha menyanyi manut unining clempung, sarta nganggit kekidungan kaya Dawud; 6 kang ngombe anggur ing bokor, lan njebadi awak kalawan lenga kang adi dhewe, nanging ora mreduli bab rusaking bani Yusuf. 7 Mulane saiki, wong-wong iku bakal padha budhal menyang ing pambuwangan lan dadi pucuking barisan, temah sirep ramening pistane kang padha leyeh-leyeh.” 8 Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak; -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah --: “Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub, lan sengit marang kadhatone; nagara saisine bakal Sunulungake.” 9 Ing kono saupama ing omah siji isih ana wonge kang kari sepuluh, iku bakal padha mati kabeh. 10 Sarta manawa pamane kang ngobong jisime iku, kang teka arep njunjung lan ngetokake jisim saka ing omah iku, sarta takon marang kang ana ing buri: “Apa isih ana wong maneh kajaba kowe?” mangka kawangsulan: “Ora ana,” nuli bakal celathu: “Wis menenga” Sabab ora patut nyebut asmane Pangeran Yehuwah. 11 Marga lah Sang Yehuwah wus dhawuh, omah kang gedhe bakal dirubuhake dadi jugrugan, lan omah kang cilik bakal dadi bobrok. 12 Jaran apa padha lumayu ana ing gunung parang, sarta sagara apa diwluku kalawan sapi? Lah sira wus ngowahi kaadilan dadi wisa, lan kabeneran dadi brutawali? 13 He sira, kang padha bungah-bungah marga saka Lodhabar, sarta kang padha ngucap: “Apa dudu kita kang ngrebut Karnaim kalawan karosan kita?” 14 “Sabab lah Ingsun bakal ngedegake sawijining bangsa, kang bakal nglawan marang sira, he turune Israel,” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahing sarwa dumadi -- “sarta sira bakal ditindhes wiwit saka dalan kang ngener ing Hamat nganti tekan ing kali kang ana ing Araba.” Wahyu kapisan: Walang 7:1-3 7 1 Iki tetingalan kang diparingake dening Pangeran Yehuwah marang aku: Lah Panjenengane nganakake krompolan walang, ing mangsane suket akhir wiwit thukul, yaiku suket akhir sawuse kaerit kagem Sang Prabu. 2 Nalika walang mau wiwit ngentekake thethukulan ing bumi, nuli unjukku: “Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi Paduka karsaa paring pangapunten Kadospundi Yakub anggenipun saged lestantun? Piyambakipun rak alit, ta?” 3 Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung ing bab iku, pangandikane: “Iku bakal ora kelakon.” Wahyu kang kapindho: Geni 7:4-6 4 Pangeran Yehuwah tumuli paring tetingalan marang aku kaya mangkene: Pangeran Yehuwah nimbali geni minangka paukuman, geni mau banjur mangsa samodra agung lan pategalan nganti entek. 5 Aku nuli munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi Paduka karsaa kendel Kadospundi Yakub anggenipun saged lestantun? Piyambakipun punika rak alit, ta?” 6 Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung, pangandikane: “Iku uga ora bakal kelakon.” Wahyu kang kaping telu: Tali sipat gantung 7:7-9 7 Iki tetingalan kang diparingake marang aku: Pangeran jumeneng ing sacedhaking tembok kang jeleg, lan ngasta sipat gantung. 8 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Tangsul sipat gantung” Pangandikane Pangeran: “Lah umatingSun Israel bakal Sunetrapi sipat gantung ana ing tengahe. Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh. 9 Tengger-tengger pangurbanane Iskak bakal kadadekake ludhes, lan papan-papan sucine Israel bakal karusak, sarta Ingsun bakal nglawan marang turune Yerobeam kalawan pedhang.” Amos katundhung 7:10-17 10 Nalika iku Imam Amazia, imam ing Betel kongkonan wong seba ing ngarsane Sang Prabu Yerobeam, raja ing Israel, dikon matur: “Amos sampun damel sakuthon badhe mbalela dhateng panjenengan dalem wonten ing tengahipun Israel, nagari punika boten badhe saged tahan dhateng tembung-tembungipun Amos punika. 11 Awit pangucapipun Amos makaten: Sang Prabu Yerobeam bakal seda kapupu ing pedhang, lan Israel mesthi lunga saka ing tanahe, dadi wong buwangan.” 12 Imam Amazia mau banjur tutur marang Nabi Amos: “Wong sidik, lungaa, ngungsia menyang ing tanah Yehuda Goleka pangan mrana lan medhara wangsit ana ing kana bae. 13 Nanging ana ing Betel kene kowe aja medhar wangsit maneh, awit kene iki pepundhene Sang Prabu, sarta pasucene nagara.” 14 Nabi Amos tumuli mangsuli marang Imam Amazia: “Aku iki dudu panunggalane para nabi, lan iya ora klebu golongane nabi, panggaotanku kang baku ngingu wedhus lan ngundhuhi woh sikmah. 15 Nanging Gusti nimbali aku saka ing panggaotanku angon wedhus, lan dipangandikani mangkene: Sira lungaa, medhara wangsit marang umatingSun Israel. 16 Anadene saiki kowe ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah Pangucapmu: Kowe aja medhar wangsit nglawan Israel, lan aja ngucapake tetembungan nglawan marang turune Iskak. 17 Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Somahira bakal dadi wanita tunasusila ana ing kutha, lan anak-anakmu lanang lan wadon bakal padha mati dening pedhang; tanahmu bakal kaedum-edum srana tali ukuran, sarta sira dhewe bakal mati ana ing tanah kang najis, tuwin Israel mesthi bakal kalungakake saka ing tanahe lan dadi wong buwangan.” Wahyu kang kaping pat: Kranjang isi woh-wohan 8:1-3 8 1 Pangeran Yehuwah paring tetingalan marang aku mangkene: Lah ana kranjang isi woh-wohan undhuhan ing mangsa ketiga. 2 Panjenengane tumuli ngandika: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Kranjang isi woh-wohan undhuhan ing mangsa ketiga.” Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “Wus cedhak wekasane umatingSun Israel, Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh. 3 Ing dina iku kekidungan ing padaleman suci bakal dadi pangadhuh,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. “Ing ngendi-endi ana jisim, kang kabuwang ing saenggon-enggon kanthi sidheman.” Pepenget marang wong kang nindhes pepadhane 8:4-8 4 Rungokna iki, he, kowe kang padha nindhes marang wong miskin lan kang ngrusak wong mlarat ing nagara kene, 5 lan mikir: “Besuk apa enteke sasi anyar, supaya kita bisa adol gandum, sarta besuk apa rampunge dina Sabat, supaya kita bisa nawakake gandum kalawan nyuda takeran efa lan nggedhekake sekel, ngapusi kalawan timbangan palsu, 6 supaya kita bisa tuku wong sekeng srana dhuwit, lan wong miskin kalawan trumpah sapasang, sarta adol gandum rosokan?” 7 Sang Yehuwah wus supaos demi kamulyane Yakub: “Satemen-temene Ingsun ora bakal nyupekake ing sateruse marang sakehe panggawene 8 Apa bumi ora bakal gumeter marga saka kang mangkono iku, nganti saben wong kang manggon ing kono ngrasakake susah? Apa iku kabeh ora bakal munggah kaya bengawan Nil, lan gonjang-ganjing banjur mendhak maneh kayadene bengawan ing tanah Mesir?” Grahana srengenge lan pangadhuh 8:9-10 9 “Ing dina iku bakal kelakon,” -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- “srengenge bakal Sundadekake angslup ing wayah awan, sarta bumi Sundamel peteng ing wayah raina. 10 Karodene karameaning kabungahanira padha Sunsalini dadi kaprihatinan, lan kekidunganira dadi kidung pangadhuh, sarta sakehe bangkekan Sunsandhangi bagor, apadene sakehe sirah Sundhawuhi gundhul, iku kabeh Sundadekake kaya palayadan marga kelangan anak ontang-anting, lan wekasane dadi dina kang pait-getir.” Keluwen lan kasatan 8:11-14 11 Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah bakal tumeka ing titi-mangsane,” -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun bakal ndhatengake pailan ana ing nagara kene, dudu pailan pangan utawa kasatan banyu, nanging ngorong marang pangandikane Pangeran Yehuwah. 12 Wong-wong bakal padha nglembara saka ing sagara kang siji menyang ing sagara sijine, sarta nglambrang saka ing lor menyang ing wetan, arep ngupaya pangandikane Sang Yehuwah, nanging ora oleh. 13 Ing dina iku prawan-prawan kang ayu lan jaka-jaka kang gagah padha ambruk dening kasatan; 14 yaiku kang padha sumpah demi Asima, dewi ing Samaria, lan kang ngucap: Demi allahmu kang gesang, he Dhan, sarta: Demi dewa kekasihira kang urip, he Bersyeba, iku bakal padha ambruk lan ora bakal ngadeg maneh.” Wahyu kang kaping lima: Pangeran celak misbyah 9:1-6 9 1 Aku ndeleng Pangeran jumeneng ana ing sacedhake misbyah, sarta ngandika: “Pucuking saka iku gandhenen kang seru supaya undhak-undhakane horeg, padha jugrugna marang sirahe wong akeh, lan kekarene bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, bakal ora ana kang bisa lumayu siji-sijia, lan iya ora ana siji-sijia kang bisa oncat. 2 Sanadyan padha nembus tekan ing jagading wong mati, astaningSun mesthi mundhut wong-wong iku saka ing kono; utawa saupama munggaha menyang ing langit, iya bakal Sunandhapake saka ing kono. 3 Sanadyan padha umpetan ana ing pucake gunung Karmel, mesthi bakal Sunlari lan Sunglandhang saka ing kono; utawa sanadyan arep nilapake tingalingSun lan ndhelik ana ing dhasaring sagara, Ingsun bakal dhawuh marang ula supaya nyakot wong-wong iku ana ing kono. 4 Sanadyan padha lumaku ana ing ngarepe mungsuhe minangka tawanan, Ingsun bakal utusan pedhang supaya mateni wong-wong iku ana ing kono. Ingsun bakal ngarahake tingalingSun marang wong-wong iku supaya padha cilaka, ora supaya padha slamet.” 5 Gusti Allahing sarwa dumadi kang ndumuk marang bumi, temah gonjing, lan para wong kang ngenggoni padha nandhang susah, sarta kabeh padha mumbul kaya bengawan Nil, banjur mendhak maneh kaya bengawan ing Mesir; 6 kang yasa gedhong ana ing langit, sarta nelesi plengkunge ana ing bumi, kang nimbali banyu sagara, banjur diesokake ing salumahe bumi, Pangeran Yehuwah iku asmane. Bangsa pilihan katampik dening Gusti Allah 9:7-10 7 “He wong Israel. Sira iku tumrap Ingsun rak padha bae kaya wong Etiopia?” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. “Israel rak wus Sunhirid metu saka ing tanah Mesir, wong Filisti saka ing Kaftor, lan wong Aram saka ing Kir? 8 Lah, Sang Yehuwah Allah wus nitipriksa karajan kang nindakake dosa iku. Iku bakal Suntumpes temah sirna saka ing lumahe bumi; nanging turune Yakub iku bakal ora Suntumpes nganti tapis,” -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --. 9 “Sabab lah, Ingsun bakal paring dhawuh, banjur turune Israel iku Sunoyog-oyog ana ing antarane para umat, patrape kaya wong kang lagi ngayaki, mangka krikil cilik siji bae ora ana kang tiba ing lemah. 10 Bakal padha mati dening pedhang sakehe wong dosa panunggalane umatingSun kang padha ngucap: Aku bakal ora kecandhak utawa kagepok ing bilai.” Janji bab kaslametan 9:11-15 11 “Ing dina iku Ingsun bakal ngadegake maneh gubuge Dawud kang wus rubuh; lan pecah-pecahing temboke bakal Suntambali, sarta jugrugane bakal Sunadegake maneh; bakal Sunbangun maneh kaya ing jaman biyen; 12 supaya wong-wong iku padha ngwasanana marang kekarene bangsa Edom, lan sakehe bangsa kang Sunsebut kagunganingSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah kang nindakake prakara iki. 13 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, wong mluku bakal ana ing burine wong ani-ani, wong kang mipit woh anggur lan kang nyebar wiji; gunung-gunung padha netesake anggur anyar, sarta tengger-tengger bakal kabanjiran. 14 UmatingSun Israel bakal Sunpulihake maneh, nuli padha mbangun maneh kutha- kuthane kang wus gempur sarta banjur dienggoni; bakal padha nanduri pakebonane anggur, sarta bakal ngombe anggure, lan bakal padha gawe kebon woh-wohan lan mangan wohe. 15 Tumuli padha Suntanem ana ing tanahe dhewe, lan mesthi ora dijabut maneh saka ing tanah kang wus Sunparingake,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Allahira. OBAJA Pameca tumrap Edom 1-16 1 1 Wahyune Nabi Obaja. Pangandikane Pangeran Yehuwah Allah marang Edom mangkene -- aku wus padha krungu pawarta saka Sang Yehuwah, -- ana sawijining utusan kalakokake menyang ing satengahe para bangsa: “Tangia, payo padha tumandang merangi Edom” -- 2 Lah sira wus Sundadekake cilik ana ing antarane para bangsa, banget anggonira diremehake. 3 Sira wus diapusi dening piangkuhe atinira, sira kang manggon ing gampeng- gampenging parang kang dumunung ing papan kang dhuwur, sarta kang duwe osik: “Sapa kang bisa ngundhunake aku menyang ing bumi?” 4 Sanadyan sira mabur dhuwur kaya manuk garudha, malah sanadyan susuhira ana ing antarane lintang-lintang, Ingsun iya bakal ngudhunake sira saka ing kono, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 5 Manawa sira katekan maling utawa rampog ing wayah bengi, -- kaya apa bae anggonira karusak, -- anggone nyolong rak mung sacukupe bae, ta? Manawa sira katekan wong ngundhuh anggur, rak mesthi ana anggur kang katinggal? 6 Kaya apa bae anggone turune Esap digledhah, kaya apa bae anggone digoleki rajabranane kang sumimpen 7 Sakehe mitra kang mbantu sira padha ngurak-urak sira nganti tekan ing tapel-wates; sira dicidrani, dikalahake dening para mitranira. Kang manggon tunggal sameja karo sira, masangi kala sira. -- Wong iku tanpa budi. 8 Ing wektu iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Ingsun rak bakal numpes para wong wicaksana ing Edom, lan ngilangake pangreten saka ing pagunungane Esap? 9 He Teman, uga para pahlawanira bakal kamitenggengen, supaya sakehe wong ing pagunungane Esap padha sirna kapatenan. 10 Marga saka panganiaya kang sira tandukane marang sadulurira Yakub, sira bakal kataman ing wirang lan bakal kasirnakake ing salawase. 11 Ing nalika sira ngadeg ana ing kadohan, mangka wong-wong liya padha ngrayah kasugihane Yerusalem lan wong-wong ngamanca padha lumebu ing gapurane, sarta padha mbuwang undhi tumrap Yerusalem, ing kono sira uga padha dadi pepadhane wong-wong iku. 12 Sira aja ngremehake sadulurira ing dina kasangsarane, lan aja bungah-bungah ing ngatase bani Yehuda, ing dina tumpese; lan aja umuk-umukan ing dina karupekane. 13 Aja lumebu ing gapurane umatingSun ing dinane kang siyal, malah aja nganggep entheng marang ing kacilakan kang tumempuh, ing dinane kang siyal; lan aja ngrampas barang darbeke ing dinane kang siyal iku. 14 Sira aja nyegati ana ing dalan simpangan, kalawan sedya numpes wonge kang padha oncat, lan aja ngulungake kang padha bisa oncat ing dina karupekane. 15 Amarga wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang tumempuh marang sakehe umat, sira bakal diwales padha kaya kang dadi panggawenira, panggawenira bakal bali nampek marang sirahira dhewe. 16 Lah kaya patrap anggonira wus ngombe ana ing gunungingSun kang suci, mangkono uga para umat iya bakal ngombe kabeh tanpa leren, malah anggone ngombe katon ngangsa- angsa, lan bakal dadi kaya-kaya bangsa-bangsa mau ora tau ana. Bisane oncat mung ana ing Sion 17-21 17 Nanging ing gunung Sion bakal ana wong-wong kang bisa oncat, sarta gunung Sion iku bakal dadi papan kang suci, lan bani Yakub bakal padha ndarbeni tanah kang wus dadi duweke. 18 Bani Yakub bakal dadi geni, bani Yusuf urubing genine dene bani Esap tunggakaning gandum; nuli bakal kaobong lan kamangsa nganti entek, tuwin turune Esap ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, awit Pangeran Yehuwah kang ngandika mangkono. 19 Wong-wong kang manggon ing Tanah Negeb bakal padha ngejegi pagunungane Esap, lan kang manggon ing Dhaerah Pagunungan bakal ngejegi tanahe wong Filisti, sarta bakal ngebeki bumine Efraim lan tlatah Samaria, apadene taler Benyamin bakal ngebeki tlatah Gilead. 20 Wong-wong Israel kang digawa menyang ing pambuwangan, bakal ngebeki tanahe wong Kanaan nganti tekan Zarfat, sarta wong-wong Yerusalem kang digawa menyang pambuwangan kang ana ing Sefarad, bakal padha ngebeki kutha-kutha ing Tanah Negeb. 21 Sarta bakal ana juru pangentas kang padha munggah ing gunung Sion, prelu ngukum pagunungane Esap; Pangeran Yehuwah kang banjur bakal kagungan karajan iku. YUNUS Nabi Yunus mbalela marang timbalane Pangeran Yehuwah 1:1-17 1 1 Ana dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Yunus bin Amitai, mangkene: 2 “Sira mangkata, paranana kutha gedhe Niniwe lan ngundhangna pameleh marang nagara iku, awit durakane wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.” 3 Nanging Nabi Yunus banjur tata-tata arep mlajeng menyang Tarsis adoh saka ing pangayunane Pangeran Yehuwah; nuli tindak menyang ing Yafo; ing kono ana kapal, kang arep mangkat menyang Tarsis; sawuse mbayar wragadinng laku, banjur minggah ing prau, bebarengan karo wong-wong kang menyang Tarsis, adoh saka ing pangayunane Sang Yehuwah. 4 Nanging Pangeran Yehuwah ndhatengake prahara ana ing sagara, temah ing sagara kono banjur ana prahara gedhe, praune nganti meh-meh bae pecah ambyar. 5 Para awak-awaking prau padha kataman giris, kabeh padha sesambat marang allahe dhewe-dhewe, sarta momotan kang ana ing prau padha dibuwangi ing sagara supaya praune dadi entheng. Nanging Nabi Yunus iku wus mandhap menyang ing peranganing prau kang ngisor dhewe lan banjur sarean, wasana sare kepatos. 6 Panggedhening prau tumuli marani Nabi Yunus, pangucape: “Kadospundi sampeyan punika, dene kok saged tilem kepatos makaten? Sumangga sampeyan tangi, lajeng nyebut dhateng Allah sampeyan, bokmanawi Allah punika karsa ngengeti dhateng kita, temah boten ngantos manggih bilai.” 7 Para wong isine prau banjur padha sapocapan mangkene: “Payo padha mbuwang undhi, supaya tetelaa sapa kang njalari kita katempuh ing bilai mangkene iki.” Tumuli iya kelakon mbuwang undhi, lan Nabi Yunus kang kena. 8 Ing kono pangucape wong akeh marang Nabi Yunus: “Sumangga kula sampeyan sukani sumerep, sinten ingkang njalari kula sami kadhatengan bilai makaten punika? Padamelan sampeyan punapa lan asal sampeyan saking pundi, ing pundi nagari sampeyan, sarta bangsa punapa sampeyan punika?” 9 Wangsulane Nabi Yunus: “Kula tiyang Ibrani, kula ngabekti dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkag kagungan langit, ingkang sampun nitahaken saganten lan dharatan.” 10 Wong kabeh dadine padha wedi banget, sarta banjur celathu marang Nabi Yunus: “Sampeyan kok nglampahi makaten?” Anggone ngucap mangkono iku marga wus ngreti, yen Nabi Yunus iku lolos ngedohi pangayunane Sang Yehuwah; awit wus padha dicritani mangkono. 11 Karodene pitakone marang Nabi Yunus: “Sampeyan kula punapakaken, supados saganten saged lerem saha boten nempuh dhateng kula sadaya malih, awit sagantenipun saya ageng ombakipun.” 12 Wangsulane Nabi Yunus: “Kula sampeyan angkat, kacemplungna ing saganten, temah saganten temtu lajeng lerem saha boten nempuh dhateng sampeyan sadaya malih. Margi kula ngretos, anggen sampeyan katempuh ing prahara ageng punika, margi saking kula.” 13 Wong-wong nuli padha ndhayungi kanthi ngetog kakuwatan, arep ngener menyang dharat maneh, nanging tanpa gawe, marga sagarane saya nggegirisi anggone nempuh. 14 Ing kono banjur padha nyebut marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi-mugi kawula sampun ngantos tiwas pejah margi saking nyawanipun tiyang punika, punapadene sampun ngantos Paduka nempahaken bab punika dhateng kawula sadaya, rah ingkang resik, awitdene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun nindakaken punapa ingkang Paduka karsakaken.” 15 Nabi Yunus tumuli diangkat, kacemplungake ing sagara, sagara banjur sirep ora ngamuk maneh. 16 Awit saka kang mangkono iku wong-wong mau dadi banget wedine marang Sang Yehuwah, sarta padha nyaosake kurban sembelehan konjuk marang Sang Yehuwah, sarta nglairake punagi. 17 Kacarita marga saka panuntuning Yehuwah nuli ana iwak gedhe kang teka lan nguntal marang Nabi Yunus, sarta Nabi Yunus ana ing sajroning wetenge iwak mau lawase telung dina telung bengi. Nabi Yunus ndedonga ngucap sokur 2:1-10 2 1 Ana ing sajroning wetenge iwak iku, Nabi Yunus ndedonga marang Pangeran Yehuwah Allahe, 2 unjuke: “Ing salebeting kasisahan, kawula sesambat dhateng Pangeran Yehuwah lajeng inggih dipun sembadani, wonten ing guwa-garbaning pejah kawula nyuwun tulung, Paduka lajeng miyarsakaken swanten kawula. 3 Kawula sampun Paduka cemplungaken dhateng ing teleng, inggih ing dhasaring samodra, kawula lajeng kakupeng ing ombaking toya, sakathahing alun lan ombak Paduka nasabi badan kawula. 4 Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka, punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci. 5 Kawula sampun kinepang ing sakathahing toya ingkang ngancam nyawa kawula, kawula kasasaban ing samodra agung; sirah kawula kagubed-gubed ing lumuting samodra 6 wonten ing dhasaring redi-redi. Kawula ambles ngantos dumugi ing dhasaring bumi; kawulu kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun; ing nalika punika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula. 7 Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah, sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Paduka wonten ing padaleman Paduka ingkang suci. 8 Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punika sami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya. 9 Nanging kawula badhe nyaosi kurban dhateng Paduka kanthi ngucap sokur; punapa ingkang dados punagi kawula, badhe kawula leksanani; kawilujengan punika namung saking Sang Yehuwah” 10 Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang iwak mau lan Yunus banjur kawutahake menyang ing dharatan. Tobate kutha Niniwe 3:1-10 3 1 Nabi Yunus banjur kapangandikanan dening Pangeran Yehuwah kang kaping pindhone: 2 “Mangkata, menyanga ing Niniwe, kutha kang gedhe iku lan ngandhakna marang kutha iku, pangandika kang bakal Sunparingake marang sira.” 3 Nabi Yunus tumuli tata-tata lan banjur mangkat menyang ing Niniwe, cundhuk karo pangandikane Gusti Allah. Anadene Niniwe iku kutha kang gedhene ngedab-edabi, jembare lakon telung dina. 4 Nabi Yunus tumuli lumebet ing kutha kono, dohe nganti lakon sadina, banjur nguwuh-uwuh: “Kurang patang puluh dina, Niniwe mesthi bakal kagempur.” 5 Wong Niniwe iku padha ngandel marang Gusti Allah, mulane tumuli padha ngundhangake puwasa lan manganggo bagor, wiwit kang diwasa tumeka bocah-bocah. 6 Prakara iku bareng kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenengane tumuli tedhak saka ing dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta mangagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu. 7 Atas saka dhawuhe Sang Prabu lan para panggedhene, banjur kaundhangake lan kadhawuhake ana ing Niniwe mangkene: “Manungsa lan sato-kewan, iya sapi lan wedhus, aja ana kang mangan apa-apa, aja ana kang diengon, sarta aja ana kang ngombe banyu. 8 Manungsa lan sato-kewan kudu padha manganggo bagor, sarta banjur padha sambat-sambata marang Gusti Allah, karo siji-sijine padha mratobata, ninggala pokale kang ala lan mbuwanga tindak panganiaya kang dilakoni. 9 Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.” 10 Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake. Nabi Yunus sinau ngreti, manawa Gusti Allah iya nresnani bangsa liya 4:1-11 4 1 Lelakon kang kaya mangkono iku ndadekake pegeling panggalihe Nabi Yunus, banjur tuwuh dukane. 2 Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken. 3 Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.” 4 Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Anggonira nepsu iku apa wus sabenere?” 5 Nabi Yunus wus medal saka ing kutha kono lan manggen ana ing sawetane. Ana ing kono damel gubug, sarta ngaub ing kono ngiras ngentosi kapriye bakal kadadeane iku. 6 Pangeran Yehuwah banjur nukulake wit jarak, kang ngungkuli mustakane Nabi Yunus, satemah bisa ngeyubi lan dadi panglipuring dukane. Nabi Yunus remen banget marga saka anane wit jarak mau. 7 Nanging esuke, nalika pletheking bangbang wetan Gusti Allah ndhatengake uler kang nggeges wite jarak, temah iku dadi alum. 8 Bareng srengenge wus katon, Gusti Allah ndhatengake angin wetan kang panas banget, temah sorote srengenge mau gawe gerahe mustakane Nabi Yunus; Nabi Yunus banjur ambruk lan ngajap supaya seda, pangandikane: “Luwih becik aku mati bae tinimbang urip.” 9 Ing kono pangandikane Gusti Allah marang Nabi Yunus: “Anggonira nepsoni wit jarak iku apa wis sabenere?” Unjuke Nabi Yunus: “Inggih sampun saleresipun kemawon anggen kawula nepsu ngantos dumugi pejah.” 10 Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Sira ngeman marang wit jarak, kang dudu rumatanira lan iya dudu sira kang nukulake iku, kang thukule sajrone sawengi lan alume iya sajrone sawengi. 11 Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?” MIKHA Bebuka 1:1 1 1 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Mikha wong Moresyet, nalika jamane Sang Prabu Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, yaiku gegayutan karo anggone kaparingan wahyu ing ngatase Samaria lan Yerusalem. Pawarta bab paukumane Samaria 1:2-7 2 He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna He, bumi dalah isine, padha nitenana, Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh, iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci. 3 Dene lah Pangeran Yehuwah miyos saka ing padalemane, lan tumedhak ana ing gunung-gununging bumi. 4 Gunung-gunung padha ajer ana ing sangisore sampeyane lan lebak-lebak padha bengkah kaya malam cedhak geni, kaya banyu nggrojog ana ing udhun- udhunan. 5 Iku kabeh kelakon marga saka panerake Yakub, lan saka dosane turune Israel. Apa ta panerake Yakub iku? Iku rak Samaria? Dosane turune Yehuda iku apa ta? Iku rak Yerusalem? 6 Mulane Samaria bakal Sundadekake jugrugan ana ing ara-ara, dadi pakebonan anggur, watu-watune bakal Sunbuwangi ing lebak lan dhasar-dhasare bakal Suneler. 7 Reca-recane bakal padha diremuk lan sakehe pituwase laku bedhang bakal padha kaobong, lan sakehe brahalane bakal Sunsirnakake; awitdene kabeh mau kaklumpukake srana opahane laku bedhang, mulane bakal bali dadi opahaning bedhang maneh. Sang Nabi ngadhuh-adhuh marga saka kaanane Yehuda lan Yerusalem 1:8-16 8 Awit saka kang mangkono iku aku arep sesambat lan ngadhuh-adhuh, arep lumaku tanpa trumpah lan wuda, pangadhuhku bakal kaya pangadhuhe asu alas, sarta pasambatku kaya pasambate manuk unta. 9 Sabab tatune Samaria ora bisa mari, wus mremen nganti tekan ing Yehuda, malah tekan ing gapurane bangsaku, iya ing Yerusalem. 10 Aja kokwartakake menyang ing Gat, aja nangis babar pisan, kowe nglosoda ana ing lebu ing Bet-Le-Afra. 11 He wong isine Safir, enggal mangkata, kalawan wuda lan kawirangan. Wong isine Zaanan ora wani metu. Pangadhuhe Bet-Haezel ngalang-alangi angonmu tetep ana ing kono. 12 Wong isine Marot kalawan mangu-mangu ngarep-arep marang kabecikan, marga ana bilai tumurun saka Pangeran Yehuwah tekan ing gapurane Yerusalem. 13 He wong isine Lakhis, kretanira rakitana jaran teji. Iki kang dadi wiwitaning dosa tumrap putri ing Sion amarga sira kanggonan durakane Israel. 14 Mulane becik sira menehana ganjaran pepisahan marang Moresyet-Gat, omah-omah ing Akhzib bakal dadi kaculikan tumrap para raja ing Israel. 15 He wong isine Maresya, Ingsun isih bakal nekakake juru nelukake marang sira, kamulyane Israel bakal nganti tekan ing Adulam. 16 Cukura lan gundhula, marga saka anak-anakira kang padha sira tresnani Gundhul dikaya manuk garudha, marga anak-anakira iku bakal padha kaparakake menyang ing pambuwangan. Ipat-ipat marang wong kang nindhes 2:1-11 2 1 Bilai wong kang padha ngrancang- ngrancang duraka, lan kang ngrantam-rantam piala ana ing paturone; sarta bareng esuk ditindakake, marga prakara iku ana ing pangwasane; 2 kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut, lan omah-omah, iya banjur disrobot bae, kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahe wong satanah-pusakane. 3 Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Lah Ingsun ngrancang bakal nekakake bilai marang jinis iki, lan sira padha ora bakal bisa nguwalake gulunira saka iku, sira padha ora bisa lumaku kalawan angkuh maneh, marga wektu iku wektu kang nyilakani. 4 Ing dina iku wong-wong bakal nglairake unen-unen lan kidung pangadhuh ing ngatase sira, sarta bakal ngucap: “Kita wus dilebur babar pisan Pandumane warisan bangsaku iku wus kaukur nganggo tali, lan ora ana wong kang mbalekake, pategalan-pategalan kita diedum-edumake marang wong kang padha nawan kita.” 5 Mulane bakal ora ana wong kang nguncalake tali kalawan undhian kanggo sira ana ing pasamuwane Sang Yehuwah. 6 “Aja medhar wangsit,” mangkono celathune, “wong ora nglairake wangsit kang kaya mangkono iku Kita ora bakal oleh panajad.” 7 He, bani Yakub, apa bab iku kena dikandhakake? Apa Pangeran Yehuwah kurang sabar? Apa kaya ngene pandamele? PangandikaningSun iku rak becik tumrap wong kang laku bener? 8 Nanging sira padha madeg dadi mungsuhe umatingSun. Sira padha ngrebut jubahe wong kang seneng rukun, wong-wong kang padha liwat kalawan tentrem, kang ora kepengin perang. 9 Para wong wadon panunggalane umatingSun, iku padha sira tundhung saka ing omah kang disenengi, sarta rerengganing bayi-bayine peparingingSun, padha sira jupuk kanggo ing salawase. 10 Ngadega, budhala, awit ing kene iki dudu papan palereman kanggo sira Marga saka kanajisan sira banjur bakal padha ketaman ing karusakan, malah karusakan kang ora kena dipulihake. 11 Manawa ana wong kang pinter ngothak- athik lan apus-apus, ngucap: “Aku medhar wangsit marang kowe bab anggur lan badheg,” iku kang pantes dadi wong kang medhar wangsit tumrap bangsa iki. Prajanji bab kaslametan 2:12-13 12 He Yakub, Ingsun mesthi bakal nglumpukake sira kabeh, lan iya mesthi bakal nglumpukake kekarene Israel; Sunklumpukake dadi siji kaya wedhus kang ana ing kandhang, kaya pepanthan ana ing satengahe pangonan, temah kaanan banjur dadi rame dening kehing wong. 13 Juru panrobos bakal lumaku ana ing ngarepe; padha nrobos lan liwat ing gapura lan bakal metu saka ing kono. Ratune bakal tindak terus ana ing ngarepe, sarta Pangeran Yehuwah piyambak tindak ana ing pucuke pabarisan Nglawan marang pemimpin lan nabi palsu ing Israel 3:1-12 3 1 Pituturku mangkene: Padha ngrungokna ta, he, para panggedhene Yakub, lan para pemimpine turune Israel. Rak wus sabenere sira sumurup ing kaadilan, 2 he, sira kang padha sengit marang kabecikan lan dhemen marang piala? Wong iku padha ngeleti bangsaku lan mbeseti daginge saka ing balung- balunge; 3 padha mangan daginge bangsaku, padha ngeleti kulite saka ing badane, padha ngremuk balung-balunge lan nengkel-nengkel kaya daging ing kuwali, lan kaya iris-irisan daging ing jero kenceng. 4 Nuli bakal padha sambat-sambat dhewe marang Pangeran Yehuwah, nanging ora bakal disembadani. Panjenengane malah nutupi wadanane ing ngatase wong-wong mau ing wektu iku, marga ala panggawe-panggawene. 5 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap para nabi kang nasarake bangsaku, kang padha ngundhangake tentrem-rahayu, samangsa oleh kang kena dipangan, dene marang wong kang ora menehi apa-apa ing cangkeme, banjur ngumumake perang. 6 Mulane rina bakal dadi wengi tanpa wahyu tumrap sira, lan dadi peteng tanpa tenungan. Para nabi mau bakal padha kasurupan srengenge, sarta raina bakal dadi peteng surem tumrap wong-wong iku. 7 Para wong sidik bakal padha kawirangan, lan para juru tenung bakal padha kisinan, kabeh bakal padha nutupi raine, marga Gusti Allah ora paring wangsulan. 8 Nanging aku iki kebak ing bab kekuwatan, Rohe Pangeran Yehuwah, sarta kaadilan lan kasantosan, kanggo ngelingake marang Yakub bab panerake lan marang Isarel bab dosane. 9 He, para panggedhene bani Yakub lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna He, sira kang padha ewa marang kaadilan sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng, 10 he, sira kang padha yasa Sion kalawan getih sarta Yerusalem kalawan daksiya 11 Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel, lan para imane anggone mulang marga saka bayaran para nabine anggone nenung marga saka dhuwit, mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape: “Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita Kita ora bakal katekan bilai” 12 Kang iku marga saka sira Sion bakal diwluku kaya pategalan lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas. Sion dadi pusering kratone katentreman 4:1-5 4 1 Ing dina-dina kang wekasan bakal kelakon, gununge padalemane Pangeran Yehuwah bakal ngadeg jejeg ngungkuli gunung- gunung, sarta munggut dhuwur ngungkuli tengger-tengger, para bangsa bakal padha gumrudug mrone, 2 lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap: “Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah, marang padalemane Gusti Allahe Yakub, supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine, sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge, marga saka Sion bakal ana pituduh, lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.” 3 Panjenengane bakal jumeneng dadi Hakim ana ing antarane para bangsa, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para bangsa kang gedhe, nganti tekan panggonan kang adoh; pedhang-pedhange padha digembleng kadadekake kejen, lan tumbake kagawe arit; bakal ora ana maneh bangsa kang ngacungake pedhang marang bangsa liyane, lan wus ora ana wong kang padha ajar perang. 4 Nanging wong-wong mau siji-sijine bakal lungguh ana ing sangisore wite anggur dhewe, lan ana ing sangisoring wite anjir dhewe lan ora ana wong kang gawe kagete, marga lesane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah kang ngandika mangkono. 5 Sanadyan sakehe bangsa iku siji-sijine padha lumaku klawan nganggep allahe dhewe-dhewe, nanging kita bakal lumebu klawan nganggep asmane Pangeran Yehuwah Allah kita, nganti salawas-lawase lan ing sateruse. Putri Sion kapitulungan 4:6--5:1 4:6-14 6 Pangandikane Sang Yehuwah: Ing dina iku Ingsun bakal nglumpukake wong kang padha pincang lan nglumpukake kang pating blesar apadene kang wus Sundhawahi bilai. 7 Kang pincang bakal Sundadekake lajering turun lan kang katundhung dadi bangsa kang santosa, apadene Pangeran Yehuwah bakal jumeneng dadi ratune ana ing gunung Sion, wiwit samengko nganti ing salawas-lawase. 8 Anadene sira, he, Manaraning-Pepanthan Wedhus, he, tenggere putri ing Sion, sira bakal katekanan lan kawengku maneh dening paprentahan kang dhisik, yaiku keprabone putri ing Yerusalem. 9 Lah saiki, yagene ta sira padha sesambat kalawan sora? Apa ora ana ratu ing tengahira? Utawa penasehatira apa wis padha tumpes, dene sira nganti ngrasakake lara kaya wong wadon kang lagi nglarani? 10 He putri Sion, polaha lan ngadhuh-adhuha, kaya wong wadon kang nglarani Marga saiki sira kapeksa metu saka ing kutha lan manggon ana ing ara-ara; sira kapeksa lumaku tekan ing Babil, ana ing kana anggonira bakal kapitulungan, iya ana ing kana Pangeran Yehuwah anggone ngluwari sira saka ing tangane mungsuhira. 11 Saiki akeh bangsa kang padha manunggal nglawan marang sira, klawan pangucape: “Kareben dheweke dinajisake, mripat kita kareben bisa nyawang marang Sion nganti katog” 12 Nanging wong iku padha ora sumurup kang dadi rancangane Pangeran Yehuwah; padha ora ngreti kang dadi putusane, manawa Panjenengane bakal nglumpukake para umat mau kaya gedhengan gandum kang kagawa marang panuton. 13 He, putri Sion, tumandanga lan nutua, marga sungunira bakal Sundadekake kaya wesi, lan kukunira Sundadekake kaya tembaga, satemah sira bakal ngremuk bangsa akeh, lan jarahane bakal sira mligekake kagem Sang Yehuwah, sarta kasugihane kagem Pangeraning salumahe bumi. 5 1 4-14 Saiki sira kudu ngedegake balowarti; wong-wong wus padha gawe pager pangepungan kanggo nglawan marang kita; pipine kang mrentah Israel digebugi dening wong-wong mau kalawan teken. Rawuhe Sang Mesih sarta luware Israel 5:2-15 5:1-14 2 5-1 Anadene sira, he, Betlehem ing Efrata, sanadyan sira kalebu cilik ana ing antarane turune Yehuda, saka sira bakal miyos lumadi marang Ingsun, wong kang bakal ngereh Israel; kang wus ana wiwit ing jaman purwa, wiwit ing jaman kuna. 3 5-2 Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel. 4 5-3 Panjenengane bakal tumindak lan ngengen wong-wong mau kalawan ngagem pangwasane Pangeran Yehuwah, iya kaluhuraning asmane Sang Yehuwah Allahe; wong-wong bakal padha manggon kalawan tentrem, marga samengko Panjenengane iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasane bumi; 5 5-4 sarta Panjenengane bakal dadi kang kadunungan tentrem-rahayu. Samangsa Asyur lumebu ing nagara kita, sarta ngambah ing tanah kita, nuli kita padha ngadegake pangon pitu kang nglawan, malah pemimpin wolu kang asipat manungsa. 6 5-5 Iku bakal padha nyukur nagara Asyur kalawan pedhang, lan nagarane Nimrod srana pedhang ligan, sarta bakal nguwalake kita saka ing Asyur samangsa dheweke lumebu ing tanah kita sarta ngambah ing tlatah kita. 7 5-6 Anadene kekarene Yakub bakal dumunung ing antarane bangsa akeh, kaya ebun saka Sang Yehuwah, kaya tetesing udan ing thethukulan, kang ora njagakake marang wong, lan ora ngarep-arep marang anaking manungsa. 8 5-7 Apadene kekarene Yakub iku bakal ana ing antarane para suku bangsa, lan ing tengahe para bangsa akeh, kaya singa ana ing antarane sato alas, kaya singa nom ana ing tengahe pepanthan wedhus; menyanga ngendi bae parane, mbanting lan nubruk, lan ora ana kang bisa nguwalake. 9 5-8 Tanganmu bakal ngungkuli para lawanmu, sarta sakehe mungsuhmu bakal katumpes. 10 5-9 Pangandikane Sang Yehuwah: Ing dina iku bakal kelakon, Ingsun bakal mbengkas jaranira saka ing tengahira, lan bakal ngrusak kretanira. 11 5-10 Ingsun bakal nyirnakake kutha-kuthane nagaranira, sarta betengira bakal padha Sungempuri. 12 5-11 Ingsun bakal nyirnakake pirantinira sihir, lan juru tenung bakal ora ana maneh ing tengahira. 13 5-12 Mangkono maneh reca-recanira, apadene tugu-tugu branalanira bakal Sungempur saka ing tengahira, temah sira bakal ora sujud maneh marang gegaweaning tanganira. 14 5-13 Dalah saka-sakanira brahala bakal Sunbedholi saka ing tengahira, lan brahalanira bakal Sunsirnakake. 15 5-14 Wasana para bangsa kang ora ngestokake dhawuhingSun, bakal Sunwales kalawan bebendu lan bramatya. Palapuran, pepundhutan lan paukumane Pangeran Yehuwah marang umate 6:1-16 6 1 Padha ngrungokna kang dadi pangandikane Pangeran Yehuwah: Ngadega, lapura nganti gunung-gunung padha krungu, lan tengger-tengger kareben krungu swaranira 2 He gunung-gunung, rungokna tan-trimahe Sang Yehuwah, lan padha ngrungokna, he, dhasar- dhasaring bumi Marga Pangeran Yehuwah tan-trimah ing ngatase umate, sarta prakawisan karo Israel. 3 “He, umatingSun, apa kang wus Suntandukake marang sira? AnggoningSun damel keselira srana apa? Mara ngunjukana wangsulan marang Ingsun 4 Awitdene sira rak wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, Sunluwari saka ing pangawulan sarta Ingsun rak wus ngutus Musa lan Harun, sarta Miryam minangka pangarepira? 5 He umatingSun, padha elinga apa kang karancang dening Balak, ratu ing Moab, lan kapriye kang dadi wangsulane Bileam bin Beor, tuwin apa kang kelakon wiwit saka ing Sitim nganti tekan ing Gilgal, supaya sira ngakonana pandamel- pandameling Yehuwah kang adil.” 6 “Kalawan sesaosan apa anggonku lunga sowan ing ngarsane Pangeran Yehuwah, lan anggonku sujud marang Gusti Allah kang Mahaluhur? Anggonku sowan ing ngarsane apa kalawan nyaosi kurban obaran, kalawan pedhet kang umur setaun? 7 Apa wedhus gembel lanang ewon lan kalen lenga leksan ndadekake keparenge sang Yehuwah? Apa anakku pembarep daksaosake marga saka panerakku, sarta wohing wetenganku marga saka dosaku dhewe?” 8 He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu” 9 Rungokna, Pangeran Yehuwah nguwuh marang kutha: -- wedi marang asmane iku kawicaksanan. -- “Padha ngrungokna, he, talering bangsa lan wong kutha 10 Ingsun mangsa kasupena marang raja-brana kang saka kadursilan ing omahe wong duraka, lan marang takeran efa kang cidra sarta kang kena ing ipat-ipat iku 11 Apa iya Ingsun kendel bae ora paring paukuman marang wong kang nggawa traju palsu, utawa kanthong isi watu timbangan kang cidra? 12 Wong-wong sugih ing kutha iku padha kebak panganiaya, wong kang manggon ing kono padha ngucapake paracidra, sarta ilate ing cangkeme iku tukang ngapusi. 13 Mulane sira Sungebagi, sira Sundamel samun marga saka dosanira 14 Sira bakal mangan, nanging ora bisa dadi wareg, sarta wetengira ajeg ngamuk marga luwe; sira bakal nyingkirake apa-apa, nanging ora bisa nyimpen, sarta sapira kang sira simpen, iku bakal Sunulungake marang pedhang. 15 Sira bakal nyebar wiji, nanging ora ngundhuh, bakal meres woh jaitun, nanging ora bisa nganggo lengane; lan iya mipit woh anggur, nanging ora ngombe anggure. 16 Awitdene pranatane Omri kang sira tetepi, sarta pokale brayate Akhab kang sira tiru, apadene rancangane kang sira tindakake: satemah sira Sundadekake samun, lan para wongira Sundadekake poyokan; kalawan mangkono sira bakal nyangga panacading para bangsa.” Mrosoting wewatekane Israel 7:1-6 7 1 Adhuh cilaka aku iki Awit kaananku kaya samangsa ngundhuh woh-wohan ing mangsa ketiga, utawa kaya samangsa ngasag woh anggur, ora oleh woh anggur kang kena dipangan, utawa woh anjir kang daksenengi. 2 Wong mursid wus sirna saka ing nagara, lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur, kabeh padha ngincer getih, siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret. 3 Tangane padha agahan nindakake piala, panggedhe memundhut lan hakim ngarah besel; para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane, lan angger-angger padha dienggak- enggokake. 4 Panunggalane kang becik dhewe ing antarane iku kaya grumbul eri, kang jujur dhewe ing antarane kaya pager eri, dinane pangincermu, dina tibaning paukumanmu wus cedhak, saiki bakal wiwit ana pagiris ing antarane wong-wong iku. 5 Aja ngandel marang mitra, aja pasrah marang kanca, jaganen lawanging cangkemmu tumrap wong wadon kang leyeh-leyeh ing pangkonmu. 6 Dene anak lanang ngremehake bapakne, anak wadon nglawan biyunge, mantu wadon nglawan maratuwane wadon, kang dadi mungsuh iku wong-wong kang tunggal saomah. Pangarep-arep tumrap Sion 7:7-13 7 Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah, nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku, Allahku mesthi bakal nyembadani aku 8 He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh, dadia linggih ana ing pepeteng pisan, Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku. 9 Aku bakal nyangga bebendune Sang Yehuwah, awit aku wus gawe dosa marang Panjenengane, nganti Panjenengane ngrampungake prakaraku, sarta paring adil marang aku, aku bakal katuntun menyang pepadhang, satemah aku bakal ngrasakake kaadilane. 10 Mungsuhku bakal nyipati iku, satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang, kang duwe ujar marang aku: “Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?” Mripatku bakal nyawang anggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung. 11 Bakal tumeka ing titi-mangsane balowartimu bakal kabangun maneh, ing dina iku wewengkonmu bakal kajembarake. 12 Ing dina iku wong bakal ngadhep marang kowe, wiwit wong kang saka Asyur nganti tekan kang saka ing Mesir, lan wiwit saka ing Mesir nganti tekan ing bengawan Efrat, saka sagara kang siji tekan sagara sijine, sarta wiwit ing gunung kang siji tekan ing gunung sijine. 13 Nanging bumi bakal dadi ludhes marga saka kang ngenggoni, iku wohe panggawene. Pandonga nyuwun supaya tumindak lan paring kawelasan 7:14-20 14 Paduka mugi karsaa ngengen umat Paduka klayan teken Paduka, inggih menda kagungan Paduka piyambak, ingkang sami kepencil manggen ing wana, ing satengahing kebon wowohan, mugi sami nyengguta wonten ing Basyan lan ing Gilead, kados nalika ing jaman rumiyin. 15 Kados nalika Paduka miyos saking Mesir, kawula mugi sami kaparingana sumerep bab kaelokan-kaelokan 16 Para bangsa bakal padha nyawang, lan banjur rumangsa isin, marga saka sakehe kakuwatane, cangkeme cikben ditutupi tangan lan kupinge cikben dadi budheg. 17 Kareben padha ndilat lebu kaya ula, kaya kewan kang gumremet ing bumi; kareben padha metu saka ing betenge kalawan giris, sarta padha sowan marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allah kita, kalawan gumeter, kalayan ajrih dhateng Paduka. 18 Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa, saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih- palimirma? 19 Panjenengane bakal paring kawelasan maneh marang kita, lan nglebur kaluputan-kaluputan kita, sarta mbucal sakehing dosa kita, menyang ing telenging sagara. 20 Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasetyan Paduka dhateng Rama Yakub, saha sih-palimirma Paduka dhateng Rama Abraham kados ingkang sampun Paduka prasetyakaken klayan supaos dhateng para leluhur kawula wiwit ing jaman kina NAHUM Bebuka 1:1 1 1 Wangsit tumrap Niniwe. Kitab bab wahyune Nabi Nahum, wong Elkosy. Bebendune Pangeran Yehuwah 1:2-8 2 Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales, Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad, Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune, sarta terus bae dukane marang para mengsahe. 3 Pangeran Yehuwah iku gedhe sabare lan pinunjul pangwaose, nanging ora pisan-pisan wong kang salah linuputake saka ing paukuman. Panjenengane tindak ana ing sajroning lesus lan prahara, sarta mendhung iku lebuning sampeyane. 4 Sagara didukani temah dadi asat, lan sakehe kali padha kadadekake garing, Basyan lan Karmel padha dadi nglayung tetuwuhan ing Libanon padha alum. 5 Gunung-gunung padha gumeter ana ing ngarsane, lan tengger-tengger padha leleh. Bumi dadi sepi mamring ana ing ngarsane dalah jagad lan kang padha ngenggoni kabeh. 6 Sapa kang kuwat nadhahi bebendune? Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune? Bramatyane kaesokake kaya geni, tuwin gunung parang nganti padha jugrug. 7 Pangeran Yehuwah iku asih-darma, dadi papan pangungsen ing dina karubedan; Panjenengane uninga marang para wong kang ngungsi marang Panjenengane 8 sarta nyabrangake wong-wong iku nalika pinuju banjir gedhe. Nanging numpes nganti tapis wong kang padha nglawan Panjenengane, tuwin para mungsuhe padha kagiring kaparakake marang pepeteng. Pangandikane Sang Yehuwah marang Yehuda lan marang Niniwe 1:9--2:2 9 Apa karepmu nglawan marang Sang Yehuwah iku? Panjenengane bakal nyirnakake babar pisan; para mungsuhe ora bakal bisa ngadeg maneh. 10 Sabab wong-wong iku bakal sirna kaya eri kang bulet-buletan, bakal kamangsa nganti entek kaya dami kang garing. 11 Saka ing sira rak jumedhul wong kang ngrancang-ngrancang piala nglawan marang Sang Yehuwah, sarta kang aweh pitutur kadursilan, ta? 12 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Sanadyan wong-wong iku wutuh lan akeh banget cacahe, ewasamono bakal padha sirna kababatan lan mati. Sanadyan Ingsun wus ngesorake sira, nanging sira ora bakal Sunesorake maneh. 13 Saiki Ingsun bakal mutung pasangane kang ngebot-eboti sira, lan Ingsun bakal medhoti blenggu-blenggu kang mbanda sira.” 14 Tumrap kowe, Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ora ana turun kang bakal nganggo jenengira maneh; sakehe recanira ukiran lan cor-coran bakal padha Sunsirnakake saka ing papane allahira. Ingsun bakal nyawisake kuburanira, awit sira iku asor.” 15 Delengen Ing gunung-gunung ana wong kang lumaku lan nggawa pawarta, kang martakake kabar tentrem-rahayu. He Yehuda, dinamu gedhe riyayakna, punagimu tetepana Amarga wong dursila ora bakal teka lan nempuh marang kowe maneh; awit wus katumpes babar pisan 2 1 Lah ana juru pangrusak kang nekani kowe, nganakna pajagan ana ing beteng ngungaka ing dalan, lambungira sabukana kang kenceng, nglumpukna sakehe kekuwatan 2 Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub, kaya kaluhurane Rama Israel, amarga wus karusak dening juru pangrusak epange wus padha kasempalan. Mungsuh ngrusak Niniwe 2:3-13 3 Tamenge para pahlawane warnane abang, para prajurite padha manganggo abang jingga, kretane abyor mengangah kaya geni suluh ing dina anggone karakit; sarta jaran-jaran padha katon goreh. 4 Kretane mbalap ana ing dalan, ana ing papan tenggar susul-sumusul, katone kaya obor, playune kaya kilat. 5 Wadya-bala kang pinunjul diangkatake, nanging padha tiba kejengklok nalika lagi maju, padha mlayoni baluwartining kutha kalawan kesusu, dene piranti kanggo njebol wus kaedegake. 6 Gapura-gapuraning kali-kali wus padha kabukak, sarta kedhatone banjur geger. 7 Sang Prameswari digawa metu lan dilukari, lan para abdine wadon padha nggluruh kaya pambekuring manuk dara, klawan tebah-tebah dhadha. 8 Niniwe dhewe iku prasasat kaya blumbang kang banyune mili metu. Ana wong kang nguwuh-uwuh: “Mandhega, mandhega” nanging ora ana kang noleh. 9 Padha ngrayaha salaka, ngrayaha mas, awit tanpa wilangan simpenane raja-brana, prabot-prabot kang endah kehe ora karuwan. 10 Wus ludhes, pandhes, nandhes Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik, lambunge gumeter kabeh, raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya. 11 Ana ing ngendi ta pandhelikane singa lan guwane singa-singa nom, panggonane singa klinteran, papaning anak singa, kang ora kaganggu- gawe dening wong? 12 Singa iku lumrahe ndedekep kanggo nyukupi pangane anak-anake, lan nekak memangsan kanggo sing wadon, sarta ngebaki guwane kalawan pangan lan pandhelikane kalawan dedekepane. 13 Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah: “Lah Ingsun bakal nglawan marang sira, nuli sakehe kretanira bakal Sunobong nganti dadi kukus, lan singanira nom bakal padha kamangsa ing pedhang nganti entek; sarta memangsanira bakal Sunsirnakake saka ing bumi, swarane para kongkonanira bakal ora keprungu maneh.” Paukuman tumrap Niniwe 3:1-19 3 1 Bilai kutha kang ngwutahake getih iku Samubarang kabehe mung cidra thok, lan kebak panjarah-rayah, lan ora leren-leren anggone ndedekep? 2 Rungokna cumethering pecut lan gumledheging rodha, rungokna playuning jaran kang pating kethoplak lan gumenjoting kreta-kreta 3 Bala jaranan nempuh pedhange cumleret lan tumbake gumebyar Akeh kang padha mati, jisim tumpukundhung, tanpa wilangan cacahe jisim, wong-wong nganti padha kesandhung ing jisim 4 Iku kabeh marga saka akehe pasundelan kang katindakake dening wong wadon tuna-susila, kang endah warnane lan ahli sihir, kang ngloropake bangsa-bangsa srana anggone laku jina, lan golongan-golongan srana sihire. 5 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi: “Lah Ingsun bakal nglawan marang sira, pojoking jaritira bakal Sunlingkabake nganti tekan ing rainira, sarta bakal mitontonake wewadinira marang bangsa-bangsa, lan kawiranganira marang karajan- karajan. 6 Ingsun bakal ngebyuki sesuker marang sira, sira bakal Sunanggep remeh lan Sundadekake tontonan. 7 Nuli sakehe wong kang ndeleng sira, bakal lumayu ninggal sira, kalawan ngucap: “Niniwe wus rusak Sapa kang mesakake marang dheweke? Saka ngendi anggonku oleh juru-panglipur kanggo dheweke?” 8 Apa sira kinacek karo Tebe, kuthaning Dewa Amon, kang ana ing sacedhake bengawan Nil kang kinubengan ing banyu, kang baluwartine sagara, lan betenge banyu? 9 Etiopia iku dadi sumbering kakuwatane, uga Mesir, kalawan tanpa wates; Put sarta para wong Libia padha dadi pambantune. 10 Nanging iku dhewe uga kapeksa kaparakake menyang ing pambuwangan, kapeksa padha lumebu ing tawanan. Bayi-bayine padha dikeplekake ana ing pojoking sakehe lelurung, para wong kang kajen keringan padha kaundhi, lan para panggedhene padha kablenggu kabeh nganggo rante. 11 Sira uga bakal mendem, lan bakal padha tanpa daya; sira uga bakal ngupaya papan pangungsen marga saka ananing mungsuh. 12 Sakehe betengira iku kaya wit anjir kang wohe mateng kedadak; samangsa dierog, wohe nibani cangkeme wong kang arep mangan. 13 Lah, bala kang ana ing satengahira iku wadon-wadon; mungsuhira padha kawenganan ing gapurane nagaranira nganti njeblag, slarake padha kamangsa ing geni nganti entek. 14 Padha ngangsua banyu, kanggo cepakan samangsa dikepung, betengira padha santosanana Ngidaka blethok, ngidaka lempung, gondhelana cithakan bata 15 Sira bakal entek kamangsa ing geni ana ing kana, bakal katumpes ing pedhang, kang mangsa sira kaya walang lumpatan. Sanadyan cacahira akeh kaya walang lumpatan, lan kaya walang alih-alihan, 16 sanadyan wongira dagang sira dadekake akeh ngluwihi lintang-lintang ing langit pisan, wong-wong iku bakal padha kaya walang lumpatan kang ngegarake swiwine nuli mabur nggeblas. 17 Sanadyan wongira kang padha jaga cacahe kaya walang alihan lan para punggawanira kaya walang grombolan kang padha mencok ing tembok-tembok ing mangsa atis, nanging bareng srengenge mlethek, banjur padha ngilang, ora kasumurupan panggonane. 18 He, raja ing nagara Asyur, cilaka sira Para pangonira wus padha turu kepati Para pangarepira padha keturon, wadya-balanira padha pating slebar ana ing gunung-gunung, lan ora ana kang nglumpukake. 19 Cacadira iku ora ana tambane, lan tatunira wus ora bisa mari, sakehe wong kang krungu bab kaananira, padha keplok-keplok marga saka sira iku, awit sapa bae kang ora ketaman ing pialanira terus-terusan? HABAKUK Bebuka 1:1 1 1 Wangsit kang katingalan dening Nabi Habakuk. Pasambate Nabi Habakuk marga saka anggone wong-wong ora padha setya 1:2-4 2 Dhuh Yehuwah, taksih pinten dangunipun malih anggen kawula sambat-sambat, nanging Paduka boten midhangetaken; kawula nguwuh-uwuh dhumateng Paduka: “Wonten panganiaya”, nanging Paduka boten mitulungi? 3 Punapaa dene Paduka nedahaken piawon dhateng kawula, satemah kawula ningali tindak ambeksiya? Panganiaya saha pangroda-peksa wonten ing ngajenging mripat kawula; paben saha pasulayan ingkang tumuwuh. 4 Pramila angger-angger lajeng ical kakiyatanipun, saha kaadilan boten nate jumedhul, margi tiyang mursid kinepang dening tiyang duraka, njalari medalipun kaadilan kwalik. Paukuman kang katibakake dening wong Kasdim 1:5-11 5 Padha mawasa lan nggatekna ana ing antarane para bangsa, gumuna lan padha njengera, dene Ingsun nindakake sawijining pakaryan ing jamanira kang manawa kawartakake marang sira, sira mesthi ora ngandel. 6 Dene lah Ingsun kang nenangi wong Kasdim, bangsa kang ambek-siya lan cukat tandange, kang ndlajahi garis-garising lintang bumi, arep ngejegi papan padunungan kang dudu duweke. 7 Bangsa iku medeni lan nggegirisi, pangadilan lan kaluhurane iku asale saka awake dhewe. 8 Jarane cukate ngungkuli macan tutul, lan girase ngungkuli asu ajag ing wayah bengi; wadya-balane jaranan teka sesanderan saka ing panggonan adoh, nganti kaya mabur memper manuk garudha kang nyamber memangsan. 9 Bangsa iku kabeh padha nglurug arep nandukake panganiaya, panempuhing cucuking barisane kaya angin saka ing wetan, sarta padha nglumpukake tawanan kang kehe kaya wedhi. 10 Para raja padha dipoyoki lan para panggedhe padha digeguyu; saben beteng digeguyu, diurugi lemah lan banjur karayud. 11 Banjur padha mlayu-mlayu rikate kaya sumiyuding angin, terus bablas; kaya mangkono anggone padha nindakake panggawe kang luput kalawan ndewa-dewa marang kakuwatane. Kaadilaning Yehuwah iku ana ing ngendi? 1:12-17 12 Dhuh Yehuwah, Paduka punika sampun wiwit rumiyin mila rak Gusti Allah kawula, Ingkang Mahasuci? Kawula boten badhe sami pejah. Dhuh Yehuwah, bangsa punika Paduka patah supados ndhawahaken paukuman. Dhuh, Sang Redi Parang, bangsa punika sampun Paduka tamtokaken supados niksa. 13 Paduka, ingkang paningal Paduka margi saking sangeting sucinipun lajeng boten karsa mirsani piawon saha ingkang boten mentala mirsani panganiaya, kenging punapa dene Paduka ngudaneni dhateng tiyang ingkang sami lampah cidra, saha lajeng kendel kemawon, samangsa tiyang duraka nguntal dhateng sesaminipun ingkang ngungkuli kautamenipun? 14 Punapa dene Paduka karya manungsa punika kok kados ulam ing saganten, utawi kados kewan gumremet ingkang tanpa paprentahan? 15 Manungsa wau sadaya dipun sendhal klayan pancing, dipun cepeng kaliyan jaringipun, sarta dipun klempakaken mawi jalanipun, ndadosaken bingah lan giyak-giyakipun tiyang duraka wau. 16 Mila jaringipun dipun sajeni kurban, sarta jalanipun dipun sajeni kurban obaran; awit pirantos-pirantos punika ingkang njalari angsal-angsalanipun kathah lan rejekinipun tirah-tirah. 17 Punapa punika ingkang njalari lajeng tansah nyepeng pedhang ligan saha lajeng mejahi bangsa-bangsa tanpa welas? Wong kang bener bakal urip marga saka pracayane 2:1-5 2 1 Dakngadeg ana ing pangungakan lan mapan ana ing menara, aku arep niliki lan ngadhang-adhang marang apa kang bakal dadi pamangsite marang aku, lan kapriye paring wangsulane tumrap pasambatku. 2 Ing kono Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang aku mangkene: “Wahyu iku sira tulisana, kacathetana kang cetha ana ing papan-papan, supaya kenaa diwaca dening wong kang liwat. 3 Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene. 4 Satemene wong kang kumenthus, iku atine ora burus, nanging wong kang bener iku uripe awit saka pracayane. 5 Wong kang gumunggung lan umuk, iku mesthi ora bisa lestari; iku ngangapake cangkeme kaya jagading wong mati, lan ora bisa wareg-wareg kaya si pati, nganti sakehe suku bangsa padha diklumpukake lan sakehe bangsa padha digiring menyang ing ngarepe.” Paukuman tumrap para kang nindhes 2:6-20 6 Kabeh mau rak bakal padha ngucapake bebasan ing ngatase dheweke, sarta lagu pangerang-erang tuwin padha nyemoni mangkene: Bilai wong kang ngrayud kang dudu duweke, -- nganti pira lawase iku? -- lan kang ngemoti barang gadhen pirang-pirang marang awake dhewe? 7 Rak bakal kanthi dadakan anggone ana wong-wong kang padha ngadeg lan nyakot sira, lang kang padha tangi sarta ngagetake sira, satemah sira banjur dadi bandhangane? 8 Awitdene sira wus njarah-rayahi suku bangsa akeh, mulane kekarene bangsa-bangsa iku bakal padha genten njarah-rayahi sira, marga saka getihing manungsa kang wus wutah iku lan marga saka panganiaya marang ing nagara, kutha lan sakehe wong kang manggon ing kono. 9 Bilai wong kang ngarah bathi kang ora bakal kanggo kaperluaning brayate; sumedya mrenahake susuhe ana ing papan kang dhuwur, supaya bisa oncat saka ing cangkeremaning bilai. 10 Sira wus ngrancang kawirangan tumrap kulawarganira, yaiku nalika sira duwe karep arep numpes bangsa akeh; kalawan mangkono sira wus kelangan nyawanira. 11 Marga watu-watu padha sambat saka ing tembok, sarta balok nyauri saka ing balunganing omah. 12 Bilai wong kang yasa nagara srana getih lan nalesi beteng kalawan tindak kang ora adil. 13 Lah rak saka karsane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah, anggone para bangsa padha ora ngetung sayah ngupaya geni, sarta para suku bangsa anggone banget-banget padha nggayuh kang tanpa guna? 14 Amarga bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yehuwah, kayadene sagara anggone kasasaban ing banyu. 15 Bilai wong kang menehi ngombe marang pepadhane kalawan nepsu, marang digawe mendem, supaya weruh kawirangane. 16 Sira wus maregi awakira kalawan kanisthan minangka ijole kaurmatan. Mulane sira iya ngombea uga, lan lumakua kalawan gloyoran. Tuwung kang ana ing astane Sang Yehuwah kang tengen bakal marani sira, sarta kaluhuranira bakal kasasaban ing kanisthan. 17 Marga panganiaya kang tumrap gunung Libanon, iku bakal nasabi sira, lan tumpesing kewan-kewan bakal ngagetake sira, marga saka getihing manungsa kang wutah iku lan marga panganiaya marang nagara, kutha lan para wong isine kabeh. 18 Apa gunane reca ukir-ukiran, apa iku ora diukir dening tukange? Apa paedahe reca cor-coran, guruning dora-cara iku, manawa iku diandelake dening kang gawe, mangka brahala-brahala kang digawe iku nyatane bisu? 19 Bilai wong kang ngucap marang kayu: “Panjenengan mugi karsaa wungu”, lan marang watu kang bisu: “Panjenengan mugi karsaa wungu” Apa iku bisa mulang? Pancen recane kang blongsong ing mas lan salaka, nanging ing jerone ora ana rohe babar pisan. 20 Nanging Pangeran Yehuwah ana ing padalemane kang suci. He, salumahing bumi, padha menenga ana ing ngarsane Pandongane Nabi Habakuk 3:1-19 3 1 Pandongane Nabi Habakuk, lagune kaya kidung pesambat. 2 Dhuh Yehuwah, pawartos bab Paduka sampun kawula pireng, saha kawula ajrih dhateng pakaryan Paduka, dhuh Yehuwah Pakaryan Paduka mugi Paduka lestantunaken ing salebeting lumampahipun taun, inggih salebeting lumampahipun taun mugi Paduka wedharaken, ing salebeting bendu mugi karsaa enget ing sih-palimirma 3 Gusti Allah rawuh saka ing tanah Teman, sarta Kang Mahasuci saka ing pagunungan Paran, sela. Kamulyane nasabi sakurebe langit, lan bumi kebak pamuji marang Panjenengane. 4 Ana kang sumorot pindha cahya, soroting cahya caka ing sisihe, iku kang nasabi kakiyatane. 5 Pageblug lumaku ana ing ngarsane, sarta lelara panas ndherekake tindake. 6 Panjenengane jumeneng, bumi kadamel gonjing, paningale mirsani mubeng, para bangsa padha pating jenggirat kalawan kaget, gunung-gunung kang wus ana wiwit kuna mula padha remuk, tengger-tengger kang wus maabab-abad anane padha mendhak; kaya mangkono tindake Sang Yehuwah maabad-abad. 7 Aku ndeleng tarube Kusyan padha kataman ing karubedan, tendha-tendhane tanah Midian padha kedher. 8 Dhuh Yehuwah, punapa dhateng lepen-lepen, punapa dhateng lepen-lepen timbuling bebendu Paduka punika? Punapa saganten ingkang Paduka dhawahi bramatya Paduka punika, dene Paduka ngantos nitih kuda saha kreta kaunggulan Paduka? 9 Gandhewa Paduka sampun Paduka penthang, sampun Paduka pasangi jemparing sela. Bumi Paduka belah dados lepen-lepen; 10 redi-redi ningali Paduka, lajeng sami gumeter, bena langkung kalayan swanten gumrojog, samodra nyuwanten, saha njunjung tanganipun. 11 Surya, rembulan sami kendel ing papan padununganipun, margi saking sunaring jemparing- jemparing Paduka ingkang lumepas, sarta margi saking cumloroting waos Paduka ingkang gumebyar. 12 Kanthi bramatya anggen Paduka tindak ndlajahi bumi, para bangsa sami Paduka gebag ing salebeting bendu. 13 Paduka tedhak perlu mitulungi umat Paduka, inggih mitulungi jebadan Paduka. Wuwunging griyanipun tiyang duraka Paduka remuk, dhasaripun Paduka brengkal ngantos selanipun ingkang pungkasan sela. 14 Pangagenging wadya-bala ingkang ngamuk Paduka dhawahi panahipun piyambak, kangge mbuyaraken kawula kalayan asurak-surak kados-kados sami nguntal tiyang ingkang katindhes kalayan sidheman. 15 Kalayan kuda Paduka, Paduka tindak ing saganten, inggih klempaking toya ingkang munthuk. 16 Nalika kawula mireng prakawis punika, gumeter manah kawula, lambe kawula ndhredheg mireng ungelipun; balung kawula kados-kados sami kalebetan bubuk, sarta kawula gumeter wonten ing papan ingkang kawula idak; ewasamanten kawula badhe kanthi ayem ngentosi dinten dhatengipun karibedan, ingkang tumempuh dhateng bangsa ingkang gegrombolan nempuh kawula. 17 Sanadyan wit anjir boten medal sekaripun, sarta wit anggur boten wonten wohipun, wit jaitun wohipun damel gela, sanadyan pategilan-pategilan boten ngedalaken bahan tedha, menda sami medal saking kandhangipun, saha ing kandhang boten wonten lembunipun, 18 ewasamanten kawula badhe asurak-surak wonten ing Pangeran Yehuwah, abingah-bingah wonten ing Gusti Allah ingkang ngluwari kawula. 19 Sang Yehuwah, Gustiku iku dadi karosanku: Panjenengane damel sikilku kaya sikiling menjangan, Panjenengane marengake aku lumaku ing tengger-tenggerku. Kanggo pemimpining juru ngidung, binarung ing swaraning clempung. ZEFANYA Bebuka 1:1 1 1 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Zefanya bin Kusyi bin Gedalya bin Amarya bin Hizkia, nalika jamane Sang Prabu Yosia putrane Sang Prabu Amon, nata ing Yehuda. Paukuman ing dinane Pangeran Yehuwah 1:2-18 2 “Ingsun bakal nyirnakake nganti resik samubarang kabeh saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 3 Manungsa lan kewan bakal Suntumpes, manuk ing awang-awang lan iwak ing sagara samono uga. Ingsun bakal ngrubuhake wong duraka, sarta numpes manungsa saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 4 Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang Yehuda sarta sakehe wong isine Yerusalem. Kekarene Baal bakal Suntumpes saka ing panggonan iki dalah jenenge para imaming brahala. 5 Mangkono uga para wong kang memuja marang wadya-bala ing langit lan kang nyembah kalawan sumpah setya demi Sang Yehuwah lan iya demi Dewa Milkom, 6 karomaneh wong kang padha nyingkur marang Sang Yehuwah sarta ora ngupaya Pangeran Yehuwah lan ora neges marang Panjenengane.” 7 Padha menenga ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, awit wus cedhak dinane Sang Yehuwah. Lah Pangeran Yehuwah wus nyawisake pista kurban, para kang ditimbali wus padha disucekake. 8 “Ing dina pista kurbane Pangeran Yehuwah iku Ingsun bakal ngukum para pangarep, lan para anaking ratu sarta sakehe wong kang manganggo sandhangan ngamanca. 9 Ing dina iku Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang saben wong kang nglumpati tlundhaking lawang, kang ngebaki omahe bendarane kalawan panganiaya lan para cidra. 10 Ing dina iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, bakal keprungu gumedering pasambat wiwit saka gapura Iwak lan pangadhuh wiwit ing pakampungan anyar, apadene jugruging tengger-tengger kang nggegirisi. 11 He wong ing pakampungan Lumpang, padha sesambata, awitdene sakehing sudagar wus padha tumpes, wus sirna sakehe wong kang nimbangi salaka. 12 Ing wektu iku Ingsun bakal nggledhah Yerusalem kalawan ngagem obor lan bakal ngukum marang wong kang wus padha ngenthel kaya anggur tumumpang ana ing endheg-endhege, lan kang duwe osik ing sajroning atine mangkene: Pangeran Yehuwah ora damel becik lan ora damel ala. 13 Mulane sabarang darbeke dadi rayahan lan omahe bakal padha dadi sepi mamring. Manawa padha gawe omah, ora bakal ngenggoni, sarta manawa gawe pakebonan anggur, ora bakal ngombe anggure.” 14 Wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang ngedab-edabi iku, wus cedhak lan enggal banget tekane. Rungokna, dinane Sang Yehuwah iku pait, dalah para prawira uga bakal padha nangis. 15 Dene iku dinaning bebendu, dina kasusahan lan karubedan, dinane gempuran lan panumpesan, dinaning pepeteng lan surem, dinane mendhung lan pegowong, 16 dina ngunekake kalasangka lan surak-suraking perang nglawan kutha-kutha kang santosa sarta menara pojok kang dhuwur-dhuwur. 17 Para wong Sundhawahi karubedan, nganti anggone lumaku kaya wong wuta, sabab wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah. Getihe bakal kaesokake kaya awu lan jerohane kabuwang kaya tlethong. 18 Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi. Panguwuh supaya mratobat 2:1-3 2 1 He, bangsa kang ora duwe isin, padha dimempeng lan nglumpuka, 2 sadurunge kowe padha digusah kaya mrambut kabur ing angin; sadurunge katempuh ing bentering bebendune Pangeran Yehuwah, sadurunge katekan ing dinaning bebendune Sang Yehuwah. 3 He, sakehe wong ing nagara kang andhap-asor, kang netepi angger- anggere Sang Yehuwah, padha ngupayaa Panjenengane, ngupayaa kaadilan, ngupayaa andhap-asor, bokmanawa kowe bakal padha kaayoman ing dinane Pangeran Yehuwah. Paukuman tumrap para bangsa 2:4-15 4 Anadene Gaza bakal ditinggal ing wong, lan Askelon dadi sepi; ing wayah tengange para kang manggon ing Asdod bakal katundhungan sarta Ekron bakal kaobrak-abrik. 5 Bilai kowe para wong kang manggon ing Dhaerah Pasisir Sagara, kowe bangsa Kreti Pangandikane Pangeran Yehuwah marang kowe mangkene: He Kanaan, tanahe wong Filisti Ingsun bakal ngrisak marang sira, nganti wong kang ngenggoni sira ora ana maneh. 6 Dhaerah Pesisir Sagara bakal dadi panggonane para pangon lan kanggo kandhang wedhus kang kapageran. 7 Apadene dadi pandumane kekarening turune Yehuda; ana ing kono anggone angon lan ing wayah sore padha ngaso ing omah-omahe Askelon; marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe bakal nggatosake turune Yehuda sarta mulihake kaanane. 8 “Ingsun wus midhanget pamoyoke Moab, lan pangala-alane bani Amon, anggone memada marang umatingSun, sarta ngumukake awake tumrap wewengkone umatingSun iku. 9 Mulane, demi Ingsun agesang, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, Allahe Israel --: Moab bakal dadi padha kaya Sodom lan bani Amon kaya Gomora, yaiku dadi panggonan kang kathukulan lateng sarta pamelikan uyah, lan dadi sepi mamring ing salawas-lawase. Kekarene umatingSun bakal njarah-rayah tanah-tanah iku lan kekarene bangsa iku bakal ngebeki tanah-tanah iku dadi pusakane.” 10 Iku minangka piwalesing piangkuhe, marga wus padha memada lan ngegungake dhiri marang umate Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. 11 Pangeran Yehuwah bakal nandukake kang nggegirisi, yaiku nyirnakake para allah ing salumahe bumi, temah saben bangsa ing dhaerah pasisir, bakal padha sujud marang Panjenengane, saka ing panggonane dhewe-dhewe. 12 Sira uga, he wong Etiopia, bakal padha mati dening pedhangingSun. 13 Pangeran bakal ngagagake astane mangalor, bakal ngrusak Asyur, lan ndadosake Niniwe sepi mamring, garing kaya pasamunan. 14 Lan pepanthan kewan-kewan bakal manggon ing satengahe, yaiku sawernane kewan alasan; manuk cangak lan bango thonthong padha nginep ing krebiling sakane; manuk buntung bakal ngoceh ana ing cendhela, manuk gagak ana ing ngarep lawang: Pasangan blabag kayu eres wus kabukakan. 15 Iku kaanane kutha kang giyak-giyak, kang wong-wonge padha ayem pamanggone, kang duwe osik ing atine mangkene: “Mung aku sing ana, ora ana liyane” Mulane iya banjur wus dadi ludhesan, kanggo pasabane kewan-kewan alasan. Saben wong liwat ing kono bakal padha ngeses lan kipat-kipat tangan. Paukuman marang Yerusalem 3:1-8 3 1 Bilai si tukang mbalela lan kang nandhang kanisthan, he, kutha kang kebak panganiaya, 2 kang ora gelem ngrungokake pituture sapa bae, lan ora mreduli marang pamada, ora kumandel marang Pangeran Yehuwah lan ora sowan marang ing ngarsane Gusti Allah. 3 Para pangarep ing satengahe iku singa kang nggero; para hakime iku asu ajag ing wayah bengi, kang ora ngengehake apa-apa tumeka esuke. 4 Para nabine padha umuk-umukan lan cidra, para imame padha najisake apa kang suci, nerak marang angger- anggering Toret. 5 Nanging Pangeran Yehuwah iku adil ana ing satengahe, ora siya-siya, saben esuk maringake pranatane, ora tau kasep ing wayah bangbang wetan. Nanging wong kang ambek siya iku ora weruh ing isin. 6 “Ingsun wus numpes para bangsa, menara-menarane balowarti wus padha gempur; lurung-lurunge wus Sunrisak, nganti ora ana wong kang liwat. Kutha-kuthane wus kabongkar, nganti ora ana wonge kang ngenggoni, suwung kabeh. 7 PangiraningSun: Mesthine saiki bakal wedi marang Ingsun, lan migatekake marang pamada sarta sakehe kawajiban saka Ingsun ora bakal dilirwakake. Ewadene malah mundhak nemen anggone mbanjurake sakehing pokale kang ala. 8 Mulane sira padha ngentenana marang Ingsun -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, ing dina Ingsun karsa jumeneng dadi saksi. Marga putusaningSun iku ngempalake para bangsa lan nglempakake karajan-karajan, kang banjur Sunesoki bramatyaningSun, yaiku bebenduningSun kabeh kang mulad-mulad, sabab salumahing bumi bakal kamangsa dening genining butajenganingSun.” Prajanji bab karahayon 3:9-20 9 “Nanging sawuse iku para bangsa bakal Sunparingi lambe liyane, yaiku lambe kang resik, supaya kabeh padha nyebuta asmane Pangeran Yehuwah, sarta padha ngabekti marang Panjenengane kalawan rukun. 10 Saka ing sabrange bengawan-bengawan ing tanah Etiopia, wong kang padha memuja Ingsun, kang wus kabuyarake, bakal padha nggawa pisungsung kagem Ingsun. 11 Ing dina iku sira ora bakal nandhang kawirangan, awit saka sakehe pokalira kang duraka marang Ingsun; marga ing dina iku Ingsun bakal nyingkirake saka ing tengahira wong-wongira kang padha umuk-umukan, sarta sira bakal ora ngluhurake dhiri maneh ana ing gunungingSun kang suci. 12 Lan ana ing tengahira Ingsun ngantunake umat kang andhap-asor lan ringkih, lan kang bakal golek pangayoman ana ing asmane Sang Yehuwah, 13 yaiku kekarene Israel iku. Iku bakal ora padha tumindak ambek siya lan ora ngucapake goroh, sarta ing cangkeme ora tinemu ilat kang cidra; awit bakal padha kaya wedhus gembel kang nyenggut lan mlegung, sarta ora ana kang gawe kagete.” 14 He putri Sion, padha giyak-giyaka He Israel, padha surak-suraka He putri ing Yerusalem, padha bungah-bungaha lan giyak-giyaka kalawan gumolonging ati. 15 Pangeran Yehuwah wus nyingkirake paukuman marang kowe, wus nyirnakake mungsuhmu. Ratune Israel, yaiku Pangeran Yehuwah, iku ana ing tengahmu, kowe ora bakal wedi marang kasangsaran maneh. 16 Ing dina iku bakal ana ucap-ucapan kang tumuju marang Yerusalem: “He Sion, aja wedi Tanganmu aja nganti kendho. 17 Pangeran Yehuwah Allahmu ana ing tengahmu, bakal jumeneng dadi Pahlawan kang paring kaunggulan; banget karenan ing galih marga saka kowe. Panjenengane nganyarake kowe ana ing sihe, kanthi sumyak anggone sukarena ing ngatase kowe, 18 kaya ing dina parepatan gedhe.” “Ingsun bakal nyingkirake kasangsaran saka ing sira, satemah sira ora bakal nandhang pamada maneh. 19 Lan ing wektu iku Ingsun bakal matrapi wong kabeh kang wus nindhes marang sira; nanging mitulungi kang padha pincang, sarta ngumpulake kang padha pating slebar, lan sapira kang kawirangan bakal Sundadekake ingalembana lan misuwur ana ing salumahe bumi. 20 Ing wektu iku sira bakal Sunirid mulih, iya Sunklempakake lan Sundadekake misuwur lan ingalembana ana ing satengahe sakehe bangsa ing salumahe bumi, sarta kaananira bakal Sunpulihake ana ing sangarepe wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. HAGAI Pangajak mbangun Padaleman Suci 1:1-15a 1:1--2:1a 1 1 Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ing sasi kang kaping nem tanggal sapisan, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, kadhawuhake marang Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan marang Imam Agung Yusak bin Yozadak, surasane: 2 “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Bangsa iku padha ngucap: Saiki durung mangsane mbangun padalemane Pangeran Yehuwah” 3 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai Mangkene: 4 “Apa iya wus tekan titi-mangsane sira padha manggon ana ing omahira dhewe kang linapis gebyog apik, mangka Padaleman iki tetep dadi jugrugan? 5 Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --: Rasakna kaananira 6 Sira iku nyebar akeh, nanging sathithik oleh-olehane kang sira gawa mulih; sira mangan, nanging ora nganti wareg; anggonira ngombe ora nganti marem; anggonira nyandhang, ora nganti anget awakira; apadene wong kang buruh, sawuse nyambutgawe anggone nyimpen buruhane ana ing kanthong kang bolong 7 Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Rasakna kaananira 8 Padha munggaha ing gunung, njupuka kayu, Padaleman iki kabanguna, temah bakal ndadekake keparenging panggalihingSun, sarta Ingsun bakal ngatingalake kaluhuraningSun ana ing kono, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 9 Sira padha ngarep-arep akeh, nanging oleh-olehane mung sathithik, lan bareng sira lebokake ing omahira, banjur Sunsebul, sabab apa? -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --. Jalaran PadalemaningSun isih tetep dadi jugrugan, mangka sira padha ribut ngopeni omahira dhewe. 10 Mulane langit mandheg anggone nurunake ebun, sarta bumi iya ngendheg pametune. 11 Karodene Ingsun ndhatengake mangsa ketiga ngerak ana ing bumi, ana ing gunung-gunung, sarta kang tumanduk marang gandum lan anggur, tuwin marang lenga lan marang pametune bumi, marang manungsa lan kewan apadene marang sakehe oleh-olehaning panyambutgawe.” 12 Sang Zerubabel bin Sealtiel karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta sakekarene umat kabeh, banjur padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe lan pangandikane Nabi Hagai, kaya anggone kadhawuhan dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe; bangsa mau banjur wedi marang Pangeran Yehuwah. 13 Ing kono Nabi Hagai, utusane Pangeran Yehuwah iku nuli nglairake pangandika miturut dhawuh piwelinge Sang Yehuwah marang bangsa mau, surasane: “Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun nganthi marang sira” 14 Karodene Pangeran Yehuwah nggigah semangate Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta semangate sakekarene umat, tumuli kabeh padha teka lan tumandhang ing gawe kanggo padalemane Sang Yehuwah, Gustine sarwa dumadi, Gusti Allahe, 15 2-1a ing sasi nem, tanggal patlikur. Kaendahane Padaleman Suci kang anyar 1:15b--2:9 2:1b-10 2-1b Ing taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Dharius, 1 2-2 2 ing sasi kapitu, tanggal ping selikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, mangkene: 2 2-3 “Sira ndhawuhana marang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta marang para wong kekarene umat, mangkene: 3 2-4 Sapa panunggalanira kang isih menangi nalika padaleman iki kadunungan kamulyan? Lan kapriye katone marang sira saiki, rak dudu apa-apa ing sapandelengira? 4 2-5 Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --. 5 2-6 Ingsun netepi prasetya kaya kang wus Sunjanjekake marang sira nalika sira metu saka ing tanah Mesir, lan RohingSun tetep ana ing tengahira. Sira aja wedi 6 2-7 Sabab pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, mangkene: Ora antara lawas nuli Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi, sagara lan dharatan. 7 2-8 Karomaneh sakehe bangsa bakal padha Sunoregake, satemah sakehe raja-branane bakal digawa mrene, sarta Padaleman iku bakal Sunkebaki ing kamulyan. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --. 8 2-9 Sarupane salaka iku kagunganingSun, lan sarupane mas iku iya kagunganingSun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi --. 9 2-10 Anadene kaendahane Padaleman iki kang besuk bakal ngluwihi kaendahane kang dhisik, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --, lan ana ing panggonan iki Ingsun bakal paring tentrem-rahayu --. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi.” Pambanguning Padaleman Suci kisruh marga wong kang najis padha melu mbangun 2:10-14 2:11-15 10 2-11 Nalika tanggal kaping patlikur sasi kang kasanga, ing taun kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi lumantar Nabi Hagai, surasane: 11 2-12 “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Njaluka piwulang marang para imam. 12 2-13 Saupama ana wong kang nggawa daging suci ana ing pojoking jubahe, mangka pojoking jubah mau nggepok roti utawa olah-olahan, anggur utawa lenga lan sadhengah apa kang kena dipangan, apa kang kagepok iku iya dadi suci?” Wangsulane para imam: “Boten.” 13 2-14 Pangandikane Nabi Hagai maneh: “Wong kang najis marga dening jisim saupama kagepok kabeh iku mau, kang kagepok apa iya dadi najis?” Wangsulane para imam: “Inggih dados najis” 14 2-15 Ing kono pangandikane Nabi Hagai: “Mangkono uga tumrap umat iki, lan tumrap bangsa iki ana ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, -- lan sakehe pagaweaning tangane, sarta apa kang padha disaosake ana ing kana, iku najis.” Pambanguning Padaleman Suci nekakake berkah 2:15-19 2:16-19 15 2-16 “Mulane saiki, sira padha nggatekna wiwit ing dina iki lan sateruse Sadurunge wong masang watu siji-siji kanggo mbangun Padalemane Sang Yehuwah, 16 2-17 kapriye kaananira? Nalika ana wong niliki tumpukan gandum kang kehe kudune rongpuluh taker, mangka katemu mung ana sapuluh; utawa nalika niliki pamipitan anggur arep nyidhuk seket taker, mangka mung oleh rongpuluh. 17 2-18 Ingsun wus nggebag marang sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh sarta kalawan udan krikil sakehe gegaweaning tanganira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 18 2-19 Padha nggatekna wiwit dina iki lan sateruse --, wiwit sasi kasanga tanggale ping patlikur; wiwit dinane Padalemane Yehuwah kapasangan pondhamen. Padha nggatekna 19 2-20 apa ing lumbung isih ana winihe? Karodene wit anggur lan wit anjir, wit dlima lan wit jaitun, apa padha dhurung awoh? Wiwit ing dina iki Ingsun bakal paring berkah.” Janji marang Sang Zerubabel 2:20-23 2:21-24 20 2-21 Mbeneri ing sasi iku tanggal kaping patlikur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Hagai kang paing pindhone, surasane: 21 2-22 “Sira ndhawuhana marang Zerubabel, bupati ing Yehuda, mangkene: Lah Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi, 22 2-23 sarta bakal ngrubuhake dhampare para ratu lan nyirnakake pangwasane karajane para bangsa, sarta ngrusak sakehe kreta dalah kang padha nunggangi; jaran lan kang nunggangi bakal padha ambruk mati, marga saka pedhange kancane. 23 2-24 Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Ing dina iku, he Zerubabel bin Sealtiel abdiningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- sira bakal Sunpundhut, Sundamel kaya upamane ali-ali cap; sabab sira kang Sunpilih. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.” ZAKHARIA

BAB 1--8 WAHYU-WAHYU