BAB 32--37 PANEMUNE ELIHU
Elihu rumangsa uga wenang nglairake panemu
32:1-22
32
1
Ing kono wong telu mau banjur nguwisi anggone mangsuli marang
Ayub, marga Ayub ngarani bener awake dhewe;
2
temah Elihu bin Barakheel, wong Bus, saka darahe Ram, nepsu. Anggone nepsu
marang Ayub iku awit nganggep awake dhewe luwih bener katimbang Gusti Allah.
3
Mitrane telu-telune uga dinepsoni, awit sanadyan
wis ora bisa madoni, ewadene netepake kaluputane Ayub.
4
Nanging Elihu nyrantekake anggone arep rembugan karo Ayub; mulane
mangkono awit mitra telu mau luwih tuwa tinimbang dheweke.
5
Nanging bareng weruh yen tutuke wong telu iku wis ora mangsuli
maneh, banjur thukul nepsune.
6
Mangkene calathune Elihu bin Barakheel, wong Bus mau:
“Aku isih enom, dene kowe wus padha uwanen,
mulane aku pakewuh lan wedi nglairake panemuku marang kowe.
7
Pangrasaku mangkene: Wong kang wus padha tuwa iku becike padha aweh
pitutur, lan kang wus akeh cacahe taune iku padha
ngandharake bab kawicaksanan.
8
Nanging roh kang ana ing manungsa
lan napase Kang Mahakwasa, iku kang paring pangreten.
9
Dudu wong kang wus akeh umure kang kadunungan kawicaksanan,
dudu wong kang wus tuwa kang ngreti marang kaadilan.
10
Mulane rembugku: Rungokna gunemku, aku uga arep nglairake panemuku.
11
Sumurupa, aku wus nganti-anti marang calathumu,
aku wus nggatekake pamikirmu, nganti kowe padha bisa nemu tembung-
tembung kang trep.
12
Kalawan titi anggonku ngrungokake calathumu,
nanging sanyatane ora ana kang nelakake lupute Ayub,
kowe kabeh ora ana kang nglawan katrangan-katrangane.
13
Saikine kowe aja padha kandha mangkene: Aku wus padha nemu kawicaksanan;
mung Gusti Allah kang kwaos ngalahake Ayub dudu manungsa.
14
Tembunge ora tumuju marang aku, lan aku ora bakal mangsuli kalawan
migunakake bantahanmu.
15
Wong mau padha legeg-legeg ora bisa aweh wangsulan maneh,
ora bisa ngucap satembung-tembunga.
16
Apa aku isih kudu nganti-anti, marga wong-wong iku wus ora duwe pangucap,
marga wus mandheg ora bisa mangsuli maneh?
17
Aku uga are aweh wangsulan ing giliranku, aku iya arep nglairake panemuku.
18
Awit aku kebak tetembungan, semangat kang ana ing aku ndhesek
marang aku.
19
Satemene batinku iku kaya anggur kang ora ana dalane hawa,
kayadene impes anyar kang arep bedhah.
20
Aku kudu calathu supaya lega, aku kudu mbukak lambeku lan aweh
wangsulan.
21
Aku ora bakal ilon-ilonen lan ora bakal ngalembana sapa-sapa,
22
amarga aku ora ngreti bab ngalembana; manawa tumindak mangkono, kang
nitahake nyawaku mesthi enggal-enggal njabut nyawaku.”
Gusti Allah anggone paring pangandika marang manungsa iku
kanthi patrap warna-warna 33:1-33
33
1
“Dene saiki, he Ayub, rungokna kandhaku,
lan tilingna pangrungumu marang tembung-tembungku.
2
Sumurupa, aku wus mbukak cangkemku, ilatku ngucap ana ing sangisoring
cethakku.
3
Atiku nglairake tembung kalawan jujur, lan lambeku mratelakake kalawan cetha
apa kang disumurupi.
4
Aku katitahake dening Rohing Allah, lan napase Kang Mahakwasa njalari aku
urip.
5
Manawa kowe bisa, aku wangsulana, mapana arep-arepan karo aku.
6
Satemene tumraping Allah aku karo kowe iku padha bae,
aku iya diwangun saka lempung.
7
Mulane kowe aja giris ana ing ngarepku, ora abot anggonku bakal menet marang
kowe.
8
Nanging kowe wus calathu ing sacedhake kupingku,
lan aku wus krungu anggonmu ngucap mangkene:
9
Aku iki resik aku sepi ing panerak, aku suci tanpa kaluputan.
10
Nanging Panjenengane manggih alasan kanggo nglawan marang aku,
aku dianggep mungsuhe.
11
Sikilku dibelok, satindakku tansah dipirsani.
12
Wangsulanku marang kowe: Ing bab iku kowe ora bener,
awit Gusti Allah iku ngungkuli manungsa.
13
Yagene kowe kok madoni Panjenengane, awit ora paring wangsulan marang
sakehing tembungmu?
14
Amarga Gusti Allah anggone paring pangandika sarana patrap siji loro,
nanging wong ora nggatekake.
15
Sajroning pangimpen, sajroning wahyu ing wayah bengi,
manawa wong turu kepati, manawa leyeh-leyeh ing paturon;
16
ing kono Panjenengane mbikak kupinging manungsa
lan nggatekake wong-wong mau kalawan panyaruwe-panyaruwe,
17
minangka pepalang tumrap pratingkahe lan kanggo ngilangi gumunggunge,
18
temah nyawane kasingkirna saka ing kubur lan uripe saka ing penempuhing tumbak.
19
Wong kelakon kapredi kalawan nandhang lara ing paturon,
ing sajroning balung-balunge tansah ana crah kang tanpa kendhat.
20
Nganti wetenge bosen roti, ilang kekarepane mangan kang enak-enak.
21
Daginge susut nganti ora katon, balung-balunge kang maune ora katon,
banjur padha pating pendhosol.
22
Nyawane wus nyedhaki kubur, sarta uripe nyedhaki pati.
23
Manawa ana malaekat ing sandhinge, kang dadi panengah, siji ing antarane
sewu, kang kadhawuhan mratelakake
kabeneraning manungsa,
24
ing kono Gusti Allah bakal paring kawelasan pangandikane:
Uculna wong iku, supaya aja nganti mudhun marang ing kubur,
Ingsun wus oleh panebus.
25
Wong mau banjur kasegerake awake kaya wong nom,
dadi kaya nalika isih nom.
26
Samangsa nyenyuwun marang Gusti Allah, Panjenengane iya karsa midhangetake,
temah ndeleng wadanane kalawan suka-pirena,
lan Gusti Allah banjur mangsulake kabenerane marang manungsa.
27
Wong mau nuli bakal nyaritani marang wong-wong liyane adhapur kidung
mangkene: Aku wus nglakoni dosa lan kang jejeg wus
dakbengkokake, ewadene aku ora kawales.
28
Gusti Allah wus mitulungi nyawaku temah ora tumiba ing kubur,
lan uripku bakal weruh pepadhang.
29
Kabeh iki nyata-nyata pakaryaning Allah kang ping pindho, ping telu tumanduk
marang manungsa,
30
karsane mbalekake nyawane saka ing kubur
satemah kasorotan ing cahyaning urip.
31
He Ayub, gatekna, rungokna aku, menenga, aku kang guneman.
32
Manawa ana kang bakal kokkandhakake, wangsulana aku:
kandhaa, awit aku kapengin bisa mbenerake kowe.
33
Manawa ora, rembugku rungokna; kowe menenga, aku arep nyumurupake
kawicaksanan marang kowe.”
Gusti Allah iku ora atindak culika 34:1-37
34
1
Elihu banjur calathu:
2
“He para wong wicaksana pituturku padha rungokna.
He wong kang kadunungan akal-budi, padha nilingna kuping marang aku,
3
awit kuping iku ngleler tetembungan, kayadene cethak ngrasakake pangan.
4
Prayogane kita nemtokake dhewe apa kang adil,
netepake bebarengan apa kang becik.
5
Awit Ayub calathu: Aku bener, nanging Gusti Allah mundhut wewenangku;
6
sanadyan aku bener iya kaanggep goroh, sanadyan tanpa kaluputan, tatuku ora bisa
mari.
7
Ngendi ana wong kaya Ayub, kang anggone seneng ngala-ala marang
Allah kaya wong kasatan kang nuli ngombe banyu,
8
kang sekuthon karo para wong ala lan srawungan karo wong duraka?
9
Amarga ana pangucape: Ora maedahi apa-apa tumrap manungsa,
manawa ndadekake kaparenging Allah.
10
Mulane he para wong kang kadunungan akal-budi, padha rungokna pituturku:
nglengkara yen Gusti Allah nindakake piala,
utawa yen Kang Mahakwasa tumindak culika,
11
nanging manungsa mesthi tampa piwales tumrap panggawene,
sarta damel supaya saben wong nemahi kang timbang karo tumindake.
12
Sanyatane Gusti Allah iku ora tumindak luput,
Kang Mahakwasa ora mbengkokake kaadilan.
13
Sapa kang mitayakake bumi marang Panjenengane?
Sapa kang nitahake jagad iki kabeh?
14
Saupama nggalih marang manungsa, sarta banjur mundhut wangsul roh lan
napas kang wus diparingake,
15
wus mesthi kabeh kang urip bebarengan padha pecat nyawane,
tuwin manungsa bali dadi lebu.
16
Mulane manawa kowe duwe pangreten, kandhaku iki rungokna,
tilingna calathuku.
17
Wong kang sengit marang kaadilan apa bisa nyekel pangwasa,
lan apa kowe gelem ngluputake Panjenengane kanga adil lan kang
prakosa;
18
kang ngandika marang raja: He, wong dursila,
tuwin marang para luhur: He, wong duraka;
19
Panjenengane kang ora ngeloni para penggedhe,
sarta ora mbedakake wong luhur karo wong cilik,
amarga iku kabeh padha pakaryaning astane?
20
Ing sakedhap netra iku padha mati, ing wayah tengah wengi
wong padha digawe geger lan banjur tumpes;
wong kang santosa padha kasirnakake ora dening tanganing wong.
21
Amarga paningale mirsani lakuning manungsa,
tuwin nguningani tumapaking sikile kabeh.
22
Ora ana pepeteng utawa palimengan, kang dadi pandhelikaning wong ala.
23
Awit Panjenengane ora nemtokake wektune wong
anggone bakal sowan ing ngarsaning pangadilane,
24
wong prakosa padha diremuk tanpa kapriksa,
lan wong liyane padha kaangkat minangka gegentine.
25
Dadi tetela yen Gusti Allah iku mirsa sabarang tindak-tanduke,
sarta ing wayah bengi padha digolingake temah padha lebur,
26
padha digebagi marga saka durakane ana ing ngedhengan,
27
awit padha ninggal Panjenengane lan ora ana kang mreduli marang karsane,
28
njalari panjeriting wong miskin sumengka marang ing ngarsane,
sarta Panjenengane iku karsa midhangetake panjeriting wong
sangsara.
29
Manawa Panjenengane kendel, sapa kang bakal nibakake paukuman?
Manawa ngumpetake pasuryane, sapa kang bakal sumurup Panjenengane,
sanajana bangsa utawa sawiji-wijining wong? --,
30
iku supaya wong duraka aja dadi ratu, kang mesthi banjur dadi kala-jirete wong
akeh.
31
Nanging manawa ana panunggalane kang munjuk marang Gusti Allah:
Kawula sampun ngegungaken badan kawula,
nanging salajengipun boten badhe nglampahi piawon malih.
32
kawula mugi kaparingana piwulang bab ingkang kawula dereng mangretos;
manawi kawula sampun tumindak culika, kawula boten badhe tumindak makaten
malih.
33
Manut pangrasamu apa Gusti Allah kudu ndhawahake piwales?
Awit kowe nglairake panacad. Dadine iya kowe kang kudu mutus, dudu
aku; mara kandhakna apa kang koksumurupi
34
Wong kang padha kadunungan akal-budi lan wong kang wicaksana
kang ngrungokake gunemku iku bakal calathu marang aku:
35
Ayub iki enggone calathu tanpa kawruh lan tembung-tembunge ora isi pangreten.
36
Ah, Ayub iku muga-muga katutugna anggone kacoba,
awit anggone mangsuli kaya wong dursila,
37
sarta muwuhi dosane kalawan panerak, ana ing tengahku kabeh ngepelake
tangane lan akeh anggone mabeni marang Allah.”
Gusti Allah nggatosake kasangsaraning manungsa
35:1-16
35
1
Elihu banjur mbacutake calathune:
2
“Apa iki kang kokanggep adil lan anggonmu calathu: kabeneranku ana
ing ngarsane Gusti Allah,
3
karodene pitakonmu kang mangkene: Iku maedahi apa marang aku?
Apa kaluwihanku yen katimbang karo anggonku nglakoni dosa?
4
Aku kang bakal mangsuli kowe lan para mitramu pisan:
5
Mara tumengaa marang ing langit, delengen mega-mega kang ngungkuli
kowe iku
6
Manawa kowe kang nglakoni dosa iku kowe arep tumindak apa ana ing ngarsane?
Manawa panerakmu akeh, iku kowe nglakoni apa ana ing ngarsane?
7
Manawa kowe tumindak bener, iku kowe ngolehake Panjenengane apa,
utawa Panjenengane tampi apa saka kowe?
8
Mung wong kang kaya kowe iku kang kapitunan marga saka durakamu
lan mung anake manungsa kang oleh kauntungan marga saka kabeneranmu.
9
Wong ngadhuh-adhuh iku marga saka kaebyukan ing panganiaya,
sambat-sambat marga saka panindhese para wong kang kwasa;
10
nanging wong ora takon: Ana ing ngendi Gusti Allah kang nitahake aku,
lan kang paring kidung pamuji ing wayah bengi;
11
kang maringi kita akal-budi ngungkuli kewan ing bumi,
lan kawicaksanan ngungkuli manuk ing awang-awang?
12
Ing kono wong padha sesambat, nanging Panjenengane ora paring wangsulan,
marga saka gumunggunge para wong ala.
13
Sanyata pasambat kang tanpa isi iku ora dipiyarsakake dening Gusti Allah
lan ora dipreduli dening Kang Mahakwasa.
14
Saya maneh yen kowe calathu, manawa kowe ora ndeleng Panjenengane,
manawa prakaramu wus katur ing ngarsane,
15
lan kowe kudu ngenteni karampungane Nanging saiki: marga dukane ora
ndhawahake paukuman lan Panjenengane ora pati mreduli marang
panerak,
16
Ayub banjur muni-muni kang tanpa guna, sarta crewet, kang tanpa teges.”
Wong kaganjar kasangsaran iku supaya mratobat
36:1-33
36
1
Elihu calathu maneh, tembunge:
2
“Sing sabar sadhela engkas, kowe arep dakwulang,
awit isih ana kang arep dakkandhakake atas asmane Gusti Allah.
3
Aku arep ngetokake kawruhku kang muluk-muluk
sarta mbenerake kang nitahake aku;
4
awit sanyata ora goroh tembungku, kang arep-arepan karo kowe iki wong kang
sampurna kawruhe.
5
Sumurupa, Gusti Allah iku prakosa, nanging ora ana barang kang karemehake,
prakosane iku ing bab kakuwataning akal-budi.
6
Wong duraka ora padha dilestarekake urip, nanging wong kang sangsara padha
kaparingan kaadilan.
7
Panjenengane ora menga-mengo anggone mirsani marang wong bener,
nanging iku salawas-lawase padha kaparingan papan sandhing para raja
ana ing dhampar, satemah padha linuwih kaluhurane.
8
Manawa padha kablenggu kalawan rante tinalen ing kasangsaran,
9
Gusti Allah banjur ngengetake marang panggawene
lan panerake, yaiku anggone gumunggung
10
sarta nuli kupinge kawengakake supaya bisa nampani piwulang,
tuwin dhawuh supaya padha ngungkurake piala.
11
Manawa padha ngrungokake kalawan sumuyud,
uripe bakal sinandhangan ing kabegjan ing salawase,
sarta mukti nganti tekan ing wekasaning taune.
12
Ewasamono manawa padha ora ngrungokake
mesthi bakal padha mati kena ing tumbak sarta sirna ing sajroning kabodhoane.
13
Para wong kang atine duraka iku padha nyimpen bebendu;
lan ora gelem sesambat manawa kablenggu dening Panjenengane;
14
nyawane sirna sajrone isih enom, uripe cuthel durung wancine.
15
Wong sangsara diuwalake sarana sangsara, kupinge kawengakake sarana panindhes.
16
Kowe uga karimuk bisane metu saka ing karupekan
menyang ing papan kang omber kang sepi ing panindhes,
marang meja kang swasanane tentrem lan kang kebak pangan kang nggajih.
17
Nanging kowe wus samesthine tampa kabeh paukumane wong duraka,
kowe kacengkerem dening paukuman lan kaadilan;
18
panasing ati aja nganti mbujuk kowe supaya memada,
lan gedhening panebus aja nganti nasarake kowe.
19
Apa kasugihanmu bisa nguwalake kowe saka ing karupekan,
utawa sakehing kakuwatan anggonmu rekasa?
20
Aja cecengklungen marang bengi wancine para bangsa padha lunga saka ing
papan padunungane.
21
Kowe sing ngati-ati aja nganti madhep marang piala
amarga iya iku kang njalari kowe kacoba dening sangsara.
22
Sanyatane Gusti Allah iku luhur pangwasane,
endi ana guru kang madhani Panjenengane?
23
Sapa kang nemtokake margine, lan sapa kang wani munjuk: Paduka
sampun tumindak boten adil?
24
Elinga manawa kowe kudu ngluhurake pakaryane,
kang tansah dikidungake dening manungsa.
25
Kabeh wong padha ndeleng, anggone mandeng saka ing kadohan.
26
Sanyata Gusti Allah iku agung, ora kena kagayuh kalawan kawruh kita,
cacahing taune ora bisa kasumurupan.
27
Tetes-tetesing banyu katarik munggah, lan mancur dadi udan awor pedhut,
28
kaesokake dening mendhung ing awang-awang
kasiramake marang wong akeh.
29
Apa ana wong kang mangreti jumerenging mendhung
lan swara gumuruh kang ana ing padalemane?
30
Lah Panjenengane nggelar pepadhange ing sakubenge
lan ngemuli dhasaring sagara.
31
Awitdene iku margane anggone ngadili para bangsa
lan anggone paring pangan nganti luber.
32
Astane sakarone kasingeban ing kilat kang kadhawuhan nyamber kang kudu
tinempuh.
33
Suraking perang martakake rawuhe yaiku manawa banget-banget anggone
merangi kadurakan kalawan bebendu.”
Kamulyaning Allah ana ing alam jembar 37:1-24
37
1
“Nyata iku ndadekake gumetering atiku
nganti njingkat saka ing panggonane.
2
Rungokna, rungokna gumludhuging swarane,
gludhug kang metu saka ing tutuke.
3
Kang linepasake ing sauruting jembare langit
lan uga kilate menyang ing poncot- poncoting bumi.
4
Sawuse mangkono Panjenengane kadherekake ing swara gumuruh,
gumludhug swaraning kaluhurane. Manawa swara iku keprungu Panjenengane
ora ngeman bledhege.
5
Gusti Allah ngedalake swara gumleger kang ngebat-ebati.
Panjenengane nindakake pakaryan agung kang ora kena ginayuh ing kawruh kita,
6
awitdene salju dipangandikani: Tibaa ing bumi
Lan marang udan deres sarta udan kang gumrojog dhawuhe: Deresa
7
Saben wong tangane katalenan lan kaparingan cap,
supaya kabeh wong nyumurupi pakaryane.
8
Kewan alasan padha lumebu ing papan pandhelikane
lan mapan ana ing guwa-guwane.
9
Prahara jumedhul saka ing gedhonge, lan hawa adhem saka ing lor.
10
Napasing Allah njalari dumadining es, lan lumahing banyu dadi njendhel.
11
Mega dimomoti banyu, lan mendhung mencarake kilate,
12
kilate nuli nyamber-nyamber menyang ing ngendi-endi manut ing sapitedahe,
lan ana ing bumi nindakake kabeh kang kadhawuhake;
13
Gusti Allah damel supaya bisa nggayuh tujuane
kagem nggebag isining bumine apa kagem mbabarake sih-susetyane.
14
Iku kabeh rungokna, heh Ayub, menenga lan nggatekna marang
kaelokan-kaelokaning Allah.
15
Apa kowe sumurup kapriye anggone Gusti Allah paring tugas marang iku kabeh
lan anggone nyunarake cahyane saka ing mendhunge?
16
Apa kowe ngreti bab lakuning mendhung, lan bab kaelokan-kaelokane Kang
Mahamirsa,
17
kowe, kang krasa marang angeting panganggo,
manawa bumi meneng marga kena panasing angin saka kidul.
18
Apa kowe bisa nggubah mega dadi cakrawala kaya Panjenengane,
nganti padhet kaya pangilon cithakan?
19
Aku padha kandhanana aku kudu padha munjuk apa marang Panjenengane,
awit aku ora bisa munjuk apa-apa, jalaran kapetengen.
20
Apa ana kang bakal ngunjuki uninga, manawa aku arep duwe atur?
Apa wong tau kandha, manawa kapengin kasirnakake.
21
Saiki pepadhang ora katon, marga kapetengan ing mendhung,
nanging mengko tinempuh ing angin, banjur resik padhang.
22
Saka ing sisi lor ana sunar kang kaya emas,
Gusti Allah kalimputan ing kamulyan kang nggegirisi.
23
kang Mahakwasa, kang padha ora dakmangreteni,
iku gedhe pangwaose lan kaadilane; sanajan sugih kabeneran, ewasamono ora
nindhes,
24
mulane diwedeni dening wong, sarta saben wong kang rumangsa
wicaksana, iku ora dipreduli.”
BAB 38-42 PARING WANGSULANE GUSTI ALLAH MARANG AYUB