-39: PERANGAN KAPISAN -12 PAMEDHAR WANGSIT

YESAYA BAB 1-39: PERANGAN KAPISAN BAB 1-12 PAMEDHAR WANGSIT BAB YEHUDA LAN YERUSALEM Wosing isine 1:1-1 1 1 Wahyu kang tiningalan dening Nabi Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Sang Prabu Hizkia, para ratu ing Yehuda. Pangresula bab bangsa kang ora setya iku 1:2-9 2 Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun. 3 Sapi wanuh marang kang duwe nanging Israel ora; kuldi sumurup marang pamakanan kang kasedhiyakake dening bendarane, nanging umatingSun ora mangreti.” 4 Bilai bangsa kang dosa, golongan kang kabotan duraka turune wong ala, bocah-bocah kang tumindak ora becik Iku padha ninggal Sang Yehuwah, padha ngala-ala marang kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, tuwin ngungkurake Panjenengane. 5 Kowe kepengin digitiki maneh ing ngendi, kowe kang padha mbangetake pamurtadmu? Sirahe wus lara kabeh, lan atine wus lungkrah lesu kabeh. 6 Wiwit ing tlapakan tumeka ing sirah ora ana kang waras, abuh lan babak-belur sarta tatu anyar, ora diplothoti lan ora diblebedi, tuwin ora dilengani. 7 Nagaramu dani sepi mamring, kutha-kuthamu padha kobong nganti entek; pametuning bumimu diapngan ing bangsa liya ana ing ngarepmu. Sepi mamring nagara iku kayadene dibosah-basihake dening bangsa liya. 8 Putri ing Sion kari ijen, kayadene gubug ing pakebonan anggur kaya cakruk ing kebon timun lan kaya kutha kang kinepung. 9 Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah ora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat, kita wus padha kaya Sodom lan padha kaya Gomora. Mratobat iku luwih becik katimbang karo caos kurban 1:10-20 10 Rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para panggedhene Sodom Gatekna piwulange Allah kita, he rakyat Gomora 11 “Kanggo apa kurbanira kang akeh iku?” mangkono pangandikane Sang Yehuwah, “Ingsun wus jeleh marng kurban obaran kang awujud wedhus gembel lanang lan marang gajihe pedhet lemon; getihe sapi lanang lan wedhus gembel sarta wedhus lanang ora Sunrenani. 12 Manawa sira padha sowan marang ing ngarsaningSun sapa kang ngudokake sira mangkono, dene sira padha ngidak-idak platarane Padaleman SuciningSun? 13 Sira aja padha nyaosake maneh pisungsungira kang lamis amarga gandane gawe enegingSun. Manawa sira padha mahargya tanggal sapisan lan sabat utawa nganakake kumpulan-kumpulan, Ingsun ora tahan mirsani, awit pahargyanira iku kebak piala. 14 Pahargyan-pahargyanira sasi anyar lan kumpulan-kumpulanira kang ajeg iku Ingsun sengit mirsani; kabeh iku dadi momotan tumrap Ingsun, Ingsun wus sayah anggoningSun ngrembat. 15 Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga, Ingsun bakal nasabi paningalingSun, malah sanadyan sira ndedonga mawali-wali Ingsun ora bakal midhangetake awit tanganira kebak getih. 16 Padha wisuha, resikana awakira, edohna panggawenira kang ala saka ing ngarsane paningalingSun. Marenana anggonira gawe piala, 17 padha sinaua gawe becik ngudia marang kaadilan, ngendhalenana wong kang ambek siya; mbelanana hake para bocah lola, ngembanana prakarane para randha 18 Ayo, kita padha prakaran -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupane abang kaya jarit sumba bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel. 19 Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake, sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik. 20 Nanging manawa sira padha nglawan lan mbalela sira bakal padha kamangsa ing pedhang.” Sanyata iki pangandikane Sang Yehuwah. Paukuman tumrap Yerusalem 1:21-31 21 Kapriye iki, dene kutha kang biyen setya saiki dadi wanita tunasusila Maune kebak kaadilan lan tansah kanggonan kabeneran, nanging saiki kebak wong gawe pepati. 22 Salakamu wus ora tulen maneh, lan anggurmu wus kecampuran banyu. 23 Para panggedhemu iku padha wong mbalela, lan padha sekuthon karo maling. Kabeh padha seneng tampa besel lan mburu sogok. Ora padha mbelani hake para bocah lola lan prakarane para randha ora lumadi marang wong-wong mau. 24 Mulane mangkene pangandikane Pangeran, Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, kang Maha-santosa, Pangayomaning Israel: “Lah Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang para wong kang nglawan marang Ingsun lan nandukake piwales marang para mungsuhingSun. 25 AstaningSun bakal nglawan marang sira Ingsun bakal damel tulening salakanira kalawan landha, sarta bakal nyingkirake sakehing timah saka ing sira. 26 Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyen lan para penasehatira kaya ing sakawit. Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan, kutha kang setya.” 27 Sira bakal Sunluwari kalawan pangadilan lan para wonge kang mratobat bakal Sunluwari kalawan patrap kang bener. 28 Nanging para wong kang mbalela lan para wong kang nglakoni dosa bakal kasirnakake bebarengan sarta para wong kang ninggal Sang Yehuwah bakal padha katumpes. 29 Sanyata, sira bakal padha kawirangan marga saka wit-wit elah kang padha sira dhemeni, tuwin sira bakal padha kawirangan marga saka taman-tamaning dewa kang padha sira pilih. 30 Amarga sira bakal padha kaya wit elah kang alum godhonge, lan kaya pakebonan kang kekurangan banyu. 31 Wong kang rosa banjur dadi kaya kapas lan panggawene dadi kaya geni sapelik; karo-karone bakal padha kobong bareng sarta ora ana wong kang bisa nyirep. Sion pusere karajaning katentreman 2:1-5 2 1 Pangandika kang kaparingake marang Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem. 2 Ing wekasane jaman bakal kelakon: gunung papan padalemane Sang Yehuwah bakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gunung lan munggul ing sadhuwure tengger- tengger; sakehing bangsa bakal gumrudug mrana 3 lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene: “Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah, menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub, supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine lan supaya kita padha lumaku ing kono; amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulang lan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.” 4 Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsa lan bakal ngadili suku bangsa akeh; iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejen sarta tumbak-tumbake kadadekake arit. Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijine tuwin ora bakal nggladhi perang maneh. 5 He golongan tedhake Rama Yakub ayo kita padha lumaku ing pepadhange Sang Yehuwah Paukumane Pangeran Yehuwah tumrap kabeh wong kang kumaluhur-luhur 2:6-22 6 Sanyata Paduka sampun mbucal umat Paduka inggih punika golongan tedhakipun Rama Yakub amargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetan saha sikir kados tiyang Filisti, tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun. 7 Nagarinipun kebak emas tuwin salaka saha raja-brananipun tanpa wicalan; nagarinipun kebak kapal sarta kretanipun tanpa wicalan. 8 Nagaranipun kebak brahala; tiyang-tiyang wau sami sujud nyembah dhateng dedamelaning tanganipun piyambak lan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun. 9 Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukaken saha anggenipun tiyang kaesoraken -- tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten 10 Lumebua ing sela-selaning gunung parang lan ndhelika ing rong ing sajroning lemah marga saka pagirise Sang Yehuwah sarta marga saka cahyaning kamulyane 11 Manungsa kang gumunggung bakal kaesorake lan wong kang angkuh bakal kadhingklukake, sarta mung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku. 12 Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah nemtokake dinane anggone bakal ngukum sakehe wong kang kumalungkung lan angkuh sarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake; 13 ngukum sakehing wit eres ing Libanon kang tuwuh mandhuwur lan tetep munggul, tuwin ngukum sakehing wit elah ing Basan; 14 sarta ngukum gunung kang dhuwur- dhuwur lan sakehing tengger kang munggul; 15 ngukum sakehe menara kang dhuwur- dhuwur lan sakehe baluwarti kang disantosani; 16 ngukum sakehe kapal ing Tarsis tuwin sakehe kapal kang endah dhewe. 17 Manungsa kang gumunggung bakal padha kadhingklukake lan wong kang angkuh bakal padha diesorake; amung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku. 18 Dene brahala-brahala bakal sirna babar pisan. 19 Ing kono wong bakal lumebu ing guwa-guwa ing gunung parang lan ing rong-rong ing sajroning lemah, marga saka pagirising Yehuwah tuwin marga saka cahyaning kamulyane, ing nalika Panjenengane tumindak damel getering bumi. 20 Ing dina iku brahala-brahala salaka lan brahala-brahala emas gegaweaning manungsa kang disujudi lan disembah bakal kabuwang kanggo marang tikus lan lawa, 21 lan wong mau bakal lumebu ing growongan-growonganing gunung parang tuwin ing sela-selaning tetengger watu marga saka pagirising Sang Yehuwah lan marga saka cahyaning kamulyane; ing nalika Panjenengane jumeneng damel getering bumi. 22 Aja padha ngandelake marang manungsa, awit iku ora ngluwihi wetuning napas lan wong iku banjur kena dianggep kayadene apa? Paukumane Pangeran Yehuwah marang wong kang padha nasarake bangsa iku 3:1-15 3 1 Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah sanyata bakal ngedohake saka Yerusalem lan Yehuda saben wong kang padha dadi andel-andele, sakehe tandhon pangan lan omben- omben: 2 Wong prawira lan prajurit, hakim lan nabi, juru tenung lan pinituwa, 3 paneket lan panggedhe, penasehat lan ahli sikir, sarta juru japa-mantra. 4 Ingsun bakal ngangkat para nom-noman Sundadekake pemimpine, lan bocah-bocah kang bakal padha ngereh. 5 Bangsa iku banjur bakal dhesek-dhesekan wong padha lawan-linawan, kang siji nglawan marang sijine; wong enom bakal mampang-mampang marang wong tuwa, wong asor marang wong kang kajen keringan. 6 Nganti manawa ana wong kang nggujengi sadulure ana ing omahe bapakne kalawan celathu: “Panjenengan taksih kagungan jubah, mila karsaa dados pemimpin kula sadaya saha jugrugan punika lajeng kakuwaosana,” 7 ing nalika iku sadulure nuli bakal mangsuli: “Aku emoh dadi dhokter; ing omahku ora ana roti lan ora ana jubah; aja ngangkat aku dadi pemimpin bangsa.” 8 Yerusalem sanyata wus ambruk lan Yehuda wus rubuh, amarga tembung-tembunge lan panggawene nglawan marang Sang Yehuwah sarta padha nantng marang tingale kang mulya. 9 Pasemoning raine mratelakake pialane lan kayadene wong Sodom, padha ngeblakake dosane, ora didhelikake maneh. Bilai wong-wong iku Amarga padha gawe cilakane awake dhewe. 10 Pratelakna manawa wong bener iku rahayu Amarga bakal mangan wohing panggawene. 11 Bilai wong duraka iku Bakal katempuh ing bilai, amarga bakal dietrapi manut panggawene dhewe. 12 Anadene umatingSun, kang nyekel pangwasane bocah-bocah, lan bakal kaereh ing para wong wadon. He umatingSun, para pemimpinira iku padha nasarake sira, lan dalan padha sira ambah iku dikisruhake 13 Pangeran Yehuwah bakal lenggah ngasta pangadilan lan jumeneng prelu ngadili para bangsa. 14 Pangeran Yehuwah tumindak dadi hakim tumrap para pinituwa lan para pemimpining umate: “Sira kang padha ngrusak kebon anggur iku, barang rayahan saka wong kang katindhes ana ing omahira tumpuk-tumpuk. 15 Yagene sira padha niksa umatingSun lan nganiaya para wong kang katindhes?” mangkono pangandikane Gusti Allah, Gustine sarwa tumitah. Paukumane Sang Yehuwah tumrap para wanita ing Sion kang kumalungkung 3:16--4:1 16 Pangeran Yehuwah ngandika: Sarehne wanita ing Sion wus padha gumunggung lan padha lumaku kalawan langak-langak gulune tuwin kalawan main mata, sarta lakune digawe-gawe kalawan gelange sikil kang kumrincing, 17 mulane Pangeran bakal ndadosake sirahe wanita Sion padha kebak borok tuwin Pangeran Yehuwah bakal nyukur rambute ing sisihing bathuke. 18 Ing nalika iku Pangeran bakal nyingkirake sakehing rerenggane: gelang sikil, jamang lan rembulanan, 19 rerenggan kuping, gelang tangan tuwin kudhung, 20 rerenggan sirah, gelang rante sikil, pending, wadhah wewangen lan jimat-jimat; 21 ali-ali cap lan anting-anting irung; 22 sandhangan pesta, jubah, slendhang lan tas; 23 pengilon, kotang lena, sreban lan klambi njaba. 24 Ing kono geganda arum bakal disalini kang bacin, pending bakal disalini tali, rambut klabangan disalini gundhul, sandhangan pesta disalini bagor rupa ayu disalini cacad. 25 Wong-wongira bakal padha tiwas dening pedhang, lan para pahlawanira marga perang. 26 Gapura-gapurane Sion bakal sambat- sambat lan prihatin, sarta kutha iku bakal kaya wong wadon plonthos kang nglosot ing bumi. 4 1 Ing wektu iku ana wong wadon pitu kang padha nggondheli wong lanang siji, sarta celathu: “Kula sami badhe nedha tetedhan lan mangangge sandhangan kula piyambak; nanging keparenga kula namung ngangge asma panjenengan; panjenengan mugi karsa ngicali kawirangan kula sadaya” Yerusalem kasucekake lan kaayoman 4:2-6 2 Ing nalika iku trubusan kang dithukulake dening Sang Yehuwah bakal dadi kaendahan lan kamulyan, lan pametuning bumi dadi kaagungan lan kamulyan tumrap para wong Israel kang padha bisa oncat. 3 Lan wong kekarene ing Sion tuwin kang isih ana ing Yerusalem bakal kasebut suci yaiku saben wong ing Yerusalem kang katulisan bakal oleh urip, 4 samangsa Pangeran wus ngresiki reregede putri Sion lan ngicali blentong-blentonge Yerusalem saka ing satengeha kalawan roh kang ngadili lan kang ngobong. 5 Ing kono Sang Yehuwah banjur bakal nganakake mega ing wayah awan lan mega kalawan sunaring geni kang murub makantar-kantar ing wayah bengi ing sadhuwure wilayahe gunung Sion kabeh tuwin ing sadhuwure saben kumpulan kang dianakake ing kono, amarga ing sadhuwure iku kabeh bakal ana kamulyaning Yehuwah minangka pepayung 6 sarta minangka pamondhokan papaning pangauban ing wayah awan supaya ora kena ing sumeleting panas sarta dadi papan pangungsen lan pandhelikan ing mangsa prahara lan udan. Kekidungan bab pakebonan anggur 5:1-7 5 1 Aku arep ngrepekake kidung bab kekasihku, kidunge kekasihku bab pakebonane anggur: Kekasihku iku kagungan pakebonan anggur ana ing ereng-erenging pagunungan kang subur. 2 Iku dipaculi lan watu-watune dibuwangi, nuli ditanduri wit anggur pilihan; banjur diadegi panggungan pajagan ana ing tengahe pakebonan mau. Panjenengane tumuli damel jogangan pameresan anggur; sarta ngajeng-ajeng supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik, nanging jebul metokake woh anggur kang kecut. 3 Mulane saiki, he pendhudhuk Yerusalem, lan para wong Yehuda, padha ngadilana prakaraningSun kalawan pakebonaningSun anggur iku. 4 Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku, kang durung Sunlakoni? Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yuagene dene mung metokake woh anggur kang kecut? 5 Awit saka iku Ingsun bakal paring sumurup marang sira, apa kang bakal Suntandukake marang pakebonaningSun anggur iku: Ingsun bakal mecoki pagere eri, satemah pakebonan iku entek kapangan, lan temboke bakal Sunjugrugake satemah pakebonan iku kaidak-idak. 6 Bakal Sundamel supaya kathukulan ing rerungkudan, ora dipaprasi lan ora dibabadi, satemah kathukulan piskucing lan suket; Ingsun bakal paring dhawuh marang mendhung, supaya aja nurunake udan marang pakebonan iku. 7 Amarga pakebonane anggur Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah iku turune Israel, lan para wong Yehuda iku tetanduran kang diremeni; kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran. Pepenget bab piala warna-warna 5:8-24 8 Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijine sarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine, nganti ora ana papan maneh kanggo wong liya tuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono 9 Kupingku krungu pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah: “Lah bakal akeh omah kang dadi sepi mamring; omah kang gedhe-gedhe lan kang becik-becik bakal ora ana kang ngenggoni. 10 Sabab pakebonan anggur kang ambane padha karo wlukon sapuluh dina pametune anggur mung sa-bat; tuwin winih sa-homer pametune gandum mung sa-efa.” 11 Bilai para wong kang tangi esuk lan banjur golek inuman keras, sarta lelinggihan nganti ing wayah bengi, kanthi ngangetake awake kalawan anggur 12 Clempung lan slukat, trebang lan suling, apadene anggur tinemu ana ing pajagongane wong-wong mau, nanging ora padha nggatekake marang apa kang katindakake Sang Yehuwah, sarta ora mawas marang pakaryane Sang Yehuwah. 13 Mulane umatingSun bakal kagawa marang ing pambuwangan awit ora ngreti apa-apa; wong kang mulya bakal padha mati kaliren, tuwin wong akeh bakal padha kasatan. 14 Awit saka iku jagading wong mati bakal ngangapake gorokane amba banget lan bakal ngangapake cangkeme tanpa wangenan, satemah sakehe kamulyan lan karameane Yerusalem, sakehe swara gumerah tuwin para wog kang suka-suka ana ing kutha kono bakal padha sirna ambles. 15 Manungsa banjur bakal kadhingklukake, lan wong bakal kaesorake, para wong gumunggung uga kaesorake. 16 Nanging Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal kacetha anggone mahaluhur ing sajrone kaadilane, lan gusti Allah Kang Mahasuci bakal ngatingalake kasucene ing sajroning kabenerane. 17 Wedhus gembel bakal padha nyenggut ing kono kaya ana ing pangonane dhewe tuwin wedhus-wedhus bakal padha golek pangan ana ing jugrugane gedhong-gedhonge wong sugih. 18 Bilai para wong kang mancing kaluputan kalawan talining kadursilan lan dosa kaya nganggo kendharating grobag, 19 kang ngucap: “Gusti Allah dimen age-age lan enggal-enggal nindakake pakaryane, supaya kita padha sumurup; sarta karampungane Kang Mahasuci, Gusti Allah Israel, dimen teka nyedhak, supaya kita padha weruh.” 20 Bilai para wong kang ngarani piala iku becik lan kabecikan iku ala, kang ngowahi pepeteng dadi pepadhang lan pepadhang dadi pepeteng, kang ngowahi pait dadi legi, lan legi dadi pait. 21 Bilai para wong kang nganggep awake dhewe wicaksana, kang nganggep awake dhewe pinter 22 Bilai para wong kang dadi jago ngombe inuman keras kang dadi pemenang ing bab nyampur inuman keras; 23 kang mbenerake wong duraka marga dibeseli lan kang nyelaki wewenange wong bener. 24 Sabab iku kaya ilat geni kang mangsa dami, lan kaya suket aking kang sirna dening geni, kaya mangkono oyod-oyode bakal dadi bosok, tuwin kuncupe bakal mawut kaya awu, amarga wong-wong mau wus padha nampik piwulange Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah sarta memada marang pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel. Bangsa manca dadi pirantine dedukaning Yehuwah 5:25-30 25 Mulane bebendune Sang Yehuwah banjur nempuh marang umate, diagagi astane sarta tumuli kapupuh; gunung-gunung bakal geter, mayit-mayite wong-wong mau bakal kaya rereged ana ing tengah dalan. Nanging sanadyan iku kabeh wus kelakon, dedukane durung mendha lan astane isih diagagake. 26 Panjenengane bakal nglebet-nglebetake gendera marang bangsa kang adoh, lan bakal singsot nimbali wong-wong iku saka ing tapel-watese bumi; iku sanyata enggal bakal teka kalawan rerikatan 27 Panunggalane ora ana kang kesel lan ora ana kang kesandhung, ora padha ngantuk utawa keturon, ora ana kang ucul sabuke, ora ana kang pedhot talining trumpahe; 28 panahe padha dilandhepake lan sakehe gendhewane padha kapenthang; tracake jarane atose kaya watu geni tuwin rodhane kretane kaya lesus. 29 Panggerone kaya singa wadon, padha nggero kaya singa enom; padha gereng-gereng banjur ndekep mangsane, nuli kagondhol mlayu lan ora ana kang nguwalake. 30 Ing dina iku wong-wong mau bakal padha linimputan ing swara kaya gumlegere sagara. Manawa wong ngawasake marang ing bumi, lah ing kono ana pepeteng kang ngrerupeki, sarta pepadhang dadi peteng marga saka mendhung Nabi Yesaya katimbalan dening Gusti Allah 6:1-13 6 1 Ing sajroning taun sedane Sang Prabu Uzia aku sumurup Pangeran lenggah ing dhampar kang dhuwur lan munggul, tuwin poncoting jubahe ngebeki Padaleman Suci. 2 Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane, siji-sijine padha aswiwi nenem; swiwine loro kanggo nutupi raine, loro kanggo nutupi sikile lan loro kanggo mabur. 3 Iku padha nguwuh sasauran, tembunge: “Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, saindenging bumi kebak ing kamulyane” 4 Dhasaring dhempele lawang padha gonjing marga saka swara panguwuh iku, tuwin padaleman mau banjur kebekan ing kukus. 5 Aku nuli ngucap: “Bilai aku Aku tiwas Amarga aku iki wong kang alambe najis, sarta manggon ing satengahing bangsa kang najis lambene, nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.” 6 Nanging para Serafim mau ana siji kang banjur mabur marani aku; tangane nyekel mawa, kang kajupuk nganggo sapit saka ing sahuwure misbyah. 7 Mawa iku kasenggolake ing cangkemku kalawan pratela mangkene: “Delengen, lah iki wus nggepok lambemu, dadine kaluputanmu wus sirna lan dosamu wus kaapura.” 8 Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang ngandika: “Sapa kang bakal Sunutus, lan sapa kang gelem mangkat minangka utusaningSun?” Aku banjur munjuk: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula” 9 Sawuse mangkono Panjenengane ngandika: “Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene: Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi 10 Atine bangsa iki gawenen ndableg lan kupinge sira dadekna jampeng sarta mripate gawenen merem kraket, supaya aja padha bisa ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupinge tuwin mangreteni kalawan atine, satemah banjur mratobat lan dadi waras.” 11 Aku nuli munjuk pitakon: “Ngantos pinten dangunipun punika, dhuh Pangeran?” Paring wangsulane: “Nganti kutha-kutha wus sepi mamring, ora ana kang ngenggoni maneh, lan ing omah-omah wus ora ana manungsane maneh sarta tanahe dadi sepen lan sepi. 12 Pangeran Yehuwah bakal nyingkirake manungsa nganti adoh banget, nganti meh dadi suwung babar pisan nagara iku. 13 Lan manawa ing kono isih ana kekarene saprasapuluh, iku kudu tinempuh ing bilai sapisan engkas nanging kaanane bakal kaya wit waringin lan wit elon kang tunggake isih sawuse kategor. Lan tunggak iku bakal metokake trubus kang suci” Yesaya lan Sang Prabu Akhas 7:1-9 7 1 Ing nalika jamane Sang Prabu Akhas, putrane Sang Prabu Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, nata ing nagara Yehuda, Sang Prabu Rezin, ratu ing nagara Aram, kalawan Sang Prabu Pekah putrane Sang Remalya, ratu ing Israel, padha nglurug perang menyang ing Yerusalem, nglawan kutha iku, nanging ora padha bisa ngalahake. 2 Banjur ana kang ngaturi pawarta marang tedhake Sang Prabu Dawud mangkene: “Aram sampun kekemah wonten ing wilayah Efraim,” ing kono panggalihe Sang Prabu Akhas lan atine para kawulane padha gumeter kaya hiyad-hiyuding wit-witan ing alas kang katempuh ing angin. 3 Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Yesaya: “Sira mangkata nemonana Akhas, sira lan Syear Yasyub, anakira lanang, menyang ing wekasane ilen-ilening blumbang ndhuwur, menyang ing dalan gedhe ing ara-ara Tukang Penatu, 4 lan matura mangkene: Panggalih dalem ingkang teteg tuwin ingkang tetep ayem, sampun ajrih, sarta panggalih dalem sampun ngantos gumeter awit saking tegesan kajeng bong kalih ingkang kumelun punika, punika mulad-mulading nepsunipun Rezin tuwin Aram saha anakipun Remalya. 5 Ing sarehne Aram lan Efraim kaliyan anakipun Remalya sampun sami ngrancang badhe nandukaken piawon dhumateng panjenengan dalem, kalayan tembungipun: 6 Ayo padha nempuh Yehuda lan padha diweden-wedeni sarta dirayud, anake Tabeel nuli diangkat dadi ratu ana ing satengahe, 7 milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Iku ora bakal kelakon, lan ora bakal kedadean, 8 sabab Damsyik iku ibu-kotaning Aram, lan Rezin iku sesirahe Damsyik. Ing sajrone sawidak lima taun Efraim bakal pecah ora dadi bangsa maneh. 9 Lan Samaria iku ibu-kotane Efraim, sarta anake Remalya iku sesirahe Samaria. Manawa sira padha ora pracaya, sira ora bakal padha tulus santosa.” Pawarta bab Sang Imanuel 7:10-25 10 Sang yehuwah nglajengake pangandikane marang Sang Prabu Akhas, mangkene: 11 “Sira nyuwuna sawijining pratandha marang Sang Yehuwah Gusti Allahira, sanadyan iku saka ing jagading wong mati kang ana ing ngisor dhewe utawa saka ing panggonan kang dhuwur dhewe, kang ana ing ngaluhur.” 12 Nanging unjuke Sang Prabu Akhas: “Kawula boten purun nyuwun, kawula boten purun nyobi dhumateng Sang Yehuwah.” 13 Nabi Yesaya nuli matur: “Dhuh tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi sami karsaa midhangetaken Punapa dereng cekap panjenengan dalem sami damel sayahipun tiyang, ngantos panjenengan dalem ugi damel sayahipun Gusti Allah kawula? 14 Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel. 15 Panjenenganipun badhe dhahar kaniling susu tuwin maben ngantos saged nampik ingkang awon saha milih ingkang sae, 16 awit saderengipun putra wau saged nampik ingkang awon tuwin milih ingkang sae, nagari ingkang ratunipun kekalih panjenengan dalem ajrihi punika badhe katilar suwung. 17 Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken dhumateng panjenengan dalem lan dhumateng kawula dalem sarta dhumateng kulawarga dalem dinten-dinten ingkang dereng nate wonten wiwit nalika Efraim nebihi Yehuda -- inggih punika ratu ing Asyur.” 18 Ing dinten wau badhe kelampahan: Pangeran Yehuwah singsot nimbali laler ingkang wonten sungapaning pangpangipun benawi Nil, saha nimbali tawon ing tanah Asyur. 19 Punika sadaya badhe dhateng tuwin mencok ing lembah-lembah ingkang sungil saha ing lowah-lowahing redi-redi parang, ing sakathahing pager eri sarta ing sakathahing pangenan. 20 Ing dinten punika Pangeran badhe nyukur sirah tuwin rambuting pupu kalayan lading panyukuran ingkang dipun sambut saking sabranganing benawi Efrat, inggih punika ratu ing Asyur; malah lading wau inggih badhe nyukur jenggot pisan ngantos pandhes. 21 Ing dinten wau saben tiyang badhe ngingah lembu estri ingkang enem tuwin menda gembel kalih, 22 lan margi saking kathahing wedalipun susu, tiyang-tiyang lajeng badhe nedha kanil; lah kanil kaliyan maben badhe dipun tedha ing saben tiyang ingkang taksih wonten ing salebeting nagari. 23 Ing dinten punika saben panggenan ingkang limrahipun kathukulan wit anggur sewu sarta ingkang reginipun sewu sekel salaka, badhe dados panggenaning piskucing saha rumput. 24 Tiyang ingkang kesah mriku kapeksa mbekta panah lan gendhewa, amargi namung piskucing saha rumput thok wujudipun nagari wau sadaya. 25 Makaten malih panjenengan dalem boten badhe wantun rawuh ing sakathahipun ereng-erenging redi ingkang limrahipun dipun paculi, amargi ajrih dhumateng piskucing saha rumput; namung lembu kaliyan menda ingkang saba wonten ing ngriku. Putraning nabi dadi pratandha 8:1-4 8 1 Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira njupuka watu panulisan gedhe, nuli ing dhuwur sira tulisana nganggo tulisan lumrah: Maher-Syalal Khasy-Bas.” 2 Aku banjur nyeluk seksi loro kang kena dipracaya, yaiku Imam Uri lan Zakharia bin Yeberekhya. 3 Sawuse mangkono aku tumuli nyedhaki bojoku; dheweke banjur ngandheg lan nglairake anak lanang. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang aku: “Iki jenengna: Maher-Syalal Khasy-Bas, 4 awit sadurunge bocah iku bisa nyeluk: Bapak Ibu kasugihane Damsyik lan jarahane Samaria bakal diusungi marang ing ngarepe raja Asyur.” Asyur nempuh Yehuda 8:5-10 5 Pangeran Yehuwah nglajengake pangandikane maneh marang aku mangkene: 6 “Ing sarehne bangsa iki wus nampik banyu Syiloah kang alon iline, lan wedi banget marang Rezin lan anake Remalya, 7 mulane lah Pangeran ndadekake banyune bengawan Efrat kang santer lan gedhe, mbanjiri wong-wong mau, yaiku ratu ing Asyur lan sakehe kamulyane; banyu iki bakal luber ing saurute ilen-ilene kabeh tuwin bakal mili ngluberi pinggire, 8 sarta nrobos lumebu ing Yehuda, dadi kaya banjir kang gedhe nganti sagulu; apadene pambebere swiwine bakal ngacaki tanahira kabeh, dhuh Imanuel” 9 Iku sumurupana, he para bangsa lan padha girisa, padha nggatekna, he sakehe wilayahing bumi kang adoh-adoh, padha sabukana, lan padha girisa padha sakana lan padha girisa 10 Padha gawea rancangan, nanging iku uga bakal gagal; gawea putusan, nanging uga bakal ora tumindak, awit Gusti Allah nunggil karo aku kabeh. Nabi Yesaya kepeksa singidan 8:11-22 11 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku, nalika aku dicepeng kalawan astane kang rosa, supaya aja nulad tingkah-polahe bangsa iki: 12 “Sira aja ngarani sekuthon marang samubarang kabeh kang diarani sekuthon dening bangsa iki, lan apa kang diwedeni, aja padha sira wedeni sarta aja padha gumeter ndeleng iku. 13 Nanging Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, iku kang kudu sira akoni dadi Kang Suci; iya Panjenengane iku kang kudu sira wedeni lan ana ing ngarsane iku sira gumetera. 14 Panjenengane bakal dadi papan suci, nanging uga dadi watu patanggoran lan watu sandhungan tumrap kraton Israel sakarone, sarta dadi jiret lan kala tumrap wong ing Yerusalem. 15 Apadene panunggalane akeh kang bakal padha kesandhung, tiba lan tatu abot, kacekel lan katawan.” 16 Aku kadhawuhan nyimpen paseksen iki tuwin ngecapi piwulang iki ana ing satengahe murid-muridku. 17 Lan aku arep nganti-anti marang Sang Yehuwah kang ngaling-alingi wedanane marang gelengan turune Rama Yakub; aku arep ngarep-arep marang Panjenegane. 18 Lah aku lan anak-anak kang wus kaparingake dening Sang Yehuwah marang aku iku padha dadi pratandha lan ngalamat ana ing satengahe wong Israel kang saka Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah kang akedhaton ana ing gunung Sion. 19 Lan manawa ana wong kang celathu marang sira: “Njaluka pituduh marang arwah lan roh-rohe para juru meca kang bisik-bisik lan klomat-klamet,” iku wangsulana: “Sawijining bangsa iku pantese apa ora kudu njaluk pituduh marang allahe? Utawa kudu jaluk pituduh marang para wong mati kanggo wong urip?” 20 “Ngupayaa piwulang lan paseksen” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan. 21 Iku bakal padha nglembara ana ing nagara kono, mlarat lan keluwen, tuwin manawa padha keluwen, banjur padha nepsu lan bakal padha ngipat-ipati rajane lan allahe; bakal padha tumenga ing langit, 22 sarta bakal ndeleng marang ing bumi, lah kang ana mung karupekan lan pepeteng, pamilaraning kaanan surem, lan bakal padha kabuwang marang ing pepeteng kang ndhedhet. Miyose Ratuning katentreman 9:1-7 8:23--9:6 9 1 8-23 Nanging nagara kang rinupek iku ora bakal katempuh ing kaanan surem ing salawase. Manawa biyen Sang Yehuwah ngesorake tanah Zebulon lan tanah Naftali, besuk Panjenengane bakal mulyakake dalan menyang ing sagara, wilayah ing sabrangane bengawan Yarden, wewengkoning bangsa-bangsa liya. 2 9-1 Bangsa kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadhang gedhe; wong kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhet wus padha kaplethekan pepadhang. 3 9-2 Paduka sampun nuwuhaken surak mawurahan, saha kabingahan ingkang ageng. Tiyang-tiyang sami abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka, kadosdene bingahipun tiyang ing mangsa panen, kadosdene surak-surakipun tiyang nalika mbage rayahan. 4 9-3 Awit pasangan ingkang mlinder saha rembatan ingkang wonten ing pundhakipun sarta penthungipun tiyang ingkang nindhes sampun Paduka tugel kados nalika kawonipun Midian. 5 9-4 Sabab saben sepatu prajurit ingkang gedrag-gedrug tuwin saben jubah ingkang kuthah rah badhe dados mangsaning latu. 6 9-5 Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging paprentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman. 7 9-6 Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki. Dukane Pangeran Yehuwah marang Efraim 9:8--10:4 9:7--10:4 8 9-7 Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub, lan pangandikane iku tumempuh marang Israel. 9 9-8 Sabangsa kabeh cikben sumurup, yaiku Efraim lan kang manggon ing Samaria, kang celathu kalawan angkuh lan lumuhur-luhur: 10 9-9 “Pagere bata ambruk, kita arep ngedegake pager watu tatahan; wit sikmah padha ditegori, bakal kita salini wit eres.” 11 9-10 Sang Yehuwah nuli nglurugake para panggedhening wadya-bala Rezin, lan ngangkatake para mungsuhe: 12 9-11 Wong Aram saka ing Wetan, tuwin wong Filisti saka ing kulon, iku padha nguntal Israel kalawan cangkeme kang amba. Sanadyan iki mau kelakon kabeh, dukane durung mendha, sarta astane isih kaagagake. 13 9-12 Ewasamono bangsa iku ora bali marang Panjenengane kang ngrangket, lan ora ngupaya marang Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah. 14 9-13 Mulane Pangeran Yehuwah banjur ngethok endhase lan buntute Israel, wite lan pange bareng sadina. 15 9-14 Para pinituwa lan para wong kang kajen keringan iku endhase, dene nabi kang goroh iku buntute. 16 9-15 Amarga wong-wong kang padha ngirid bangsa iki iku juru panasaran, lan wong-wong sing diirid iku dadi kisruh. 17 9-16 Marga saka iku Pangeran ora rena ing bab para nom-nomane, lan ora welas marang anak-anake lola lan marang para randhane, amarga wong iku kabeh padha murtad lan nindakake panggawe ala, sarta saben cangkem pangucape gemblung. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, tuwin astane isih kaagagake. 18 9-17 Amarga duraka iku murub kaya geni kang mangsa piskucing lan suket nganti entek, banjur ngobong kekayon ing alas, nganti kukuse kumelun mumbul. 19 9-18 Marga saka dukane Sang Yehuwah Gustine sawra tumitah, tanah iku kobong, tuwin bangsa iku dadi mangsane geni; ora ana wong siji-sijia kang melasi sadulure. 20 9-19 Padha ngemplok manengen, nanging isih luwe, padha ngemplok mangiwa, nanging durung wareg, saben wong mangan daginge kancane: 21 9-20 Manasye mangsa Efraim, lan Efraim mangsa Manasye, tuwin bebarengan padha nglawan Yehuda. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, sarta astane isih kaagagake. 10 1 Bilai para wong kang gawe katetepan-katetepan kang ora adil, sarta para wong kang gawe pututsan- putusan kang ambek siya, 2 kanggo ngalang-ngalangi para wong sekeng anggone ngupaya kaadilan lan kanggo ngrebut wewenange para wong sangsara kang ana ing satengahe umatingSun, supaya padha bisa ngrampas barang darbeke para randha, tuwin bisa njejarahi bocah yatim 3 Apa kang bakal padha sira alkoni ing dina paukuman, lan ing wektu tekane kasangsaran kang adoh sangkane? Sira bakal padha lumayu njaluk tulung marang sapa, sarta kasugihanira bakal sira tinggal ana ngendi? 4 Sira ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung njingkrung ana ing satengahe wong-wong kang kinepung, sarta tiwas ana ing satengahe para wong kang pinatenan Sanadyan iki kelakon kabeh, dukane Sang Yehuwah durung mendha, lan astane isih kaagagake. Bab bilai kang bakal nempuh marang Asyur 10:5-19 5 Bilai Asyur, kang dadi cambuking dukaningSun lan kang dadi gitiking bebenduningSun 6 Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad, tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun, supaya ngrerampas lan njarah-rayah, sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung. 7 nanging dheweke dhewe karepe ora mangkono lan ora mangkono rancanganing atine, anadene niyate atine arep numpes tuwin nyirnakake bangsa pirang-pirang. 8 Amarga pangucape: “Para panggedhening wadya-balaku rak raja-raja kabeh? 9 Kaanane Kalno rak padha kaya Karkhemis, utawa Hamat rak padha kaya Arpad, lan Samaria rak padha kaya Damsyik? 10 Kayadene tanganku wus ngrayud karajan-karajaning para brahala, mangka reca-recane ngluwihi kang ana ing Yerusalem lan kang ana ing Samaria, 11 apa aku ora bakal tumindak mangkono tumrap Yerusalem lan reca-recane brahalane, kaya kang wus daktindakake tumrap Samaria lan brahala-brahalane?” 12 Nanging manawa Pangeran wus ngrampungake sakehing pakaryane ana ing gunung Sion lan ana ing Yerusalem, Panjenengane bakal ngukum pratingkahe raja Asyur kang gumunggung lan watake kang angkuh kumalungkung. 13 Amarga wus ngucap: “Aku tumindak kaya mangkono iku kalawan kakuwataning tanganku tuwin kalawan kawicaksananku, amarga kau duwe akal budi. Aku wus ngilangi wates-watese ing antarane para bangsa, sarta wus ngrampas pasadhiyan- pasadhiyane; kalawan kakuwatan anggonkeu wus nglorod para wong kang lungguh ing dhampar. 14 Kayadene susuhing manuk, iya mangkono iku anggonku wus ngrayud kasugihane para bangsa, sarta kaya wong kang ngrakup endhog- endhog kang ditinggal dening kang ngendhog, kaya mangkono anggonku ngrayud salumahing bumi, lan siji bae ora ana kang ngobahake swiwine, tuwin kang ngangapake cucuke utawa kang cuwit-cuwit.” 15 apa ana wadung kang ngatonake gumunggunge marang wong kang nganggo, utawa graji kang ngegungake dhiri ana ing sangarepe kang nganggo? Lah kok kaya gada kang ngobahake wong kang nyolahake, lan kaya teken kang ngangkat wonge kang dudu kayu 16 Awit saka iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah, bakal damel wong-wonge kang gothot dadi padha kuru aking, lan sakehing kasugihane bakal kaobong nganti entek, kalawan geni kang mulad-mulad. 17 Padhanging Israel banjur bakal dadi geni, lan Gusti Allahe, Kang Mahasuci bakal mulad-mulad tuwin bakal ngobong lan mangsa piskucing lan sukete nganti entek ing sajroning sadina uga. 18 Kaendahane alas ing Asyur lan kebone wowohan bakal kamangsa nganti entek, wiwit delege nganti pang-pange, satemah bakal dadi kaya wong lara kang nglayung nganti mati; 19 anadene kekarene wit-witan ing alase kehe bakal kena kaetung, nganti bocah bae bisa nyatheti. Kekarene Israel ginanjar slamet 10:20-27a 20 Nanging ing wektu iku kekarene wong Israel lan wong kang bisa oncat ing antarane gelengan tedhake Rama Yakub, ora bakal sumendhe maneh marang kang ngalahake, nanging bakal sumendhe marang Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan tetep setya. 21 Ana kekarene kang bali; kekarene Rama Yakub bakal mratobat ana ing ngarsane Gusti Allah kang prakosa. 22 Amarga sanadyan bangsamu, he Israel, kehe kaya wedhining sagara, nanging mung kekarene kang bakal bali. Pangeran Yehuwah wus nemtokake tekaning karusakan, lan saka ing kono bakal tuwuh kaadilan kang nganti luber-luber. 23 Sanyata, karusakan kang wus pinasthi bakal kadhawahake ing salumahing bumi dening Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah. 24 Mulane mangkene pangandikane Pangeran, Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah: “He umatingSun kang manggon ing Sion, aja wedi marang Asyur, manawa iku nggebug sira kalawan gada lan menthung sira kalawan penthunge, kaya kang ditindakake Mesir biyen. 25 Amarga sadhela engkas dukaningSun marang sira bakal sirep, lan bebenduningSun bakal njalari sirnane. 26 Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngrangket bangsa iku kalawan cemethi, kayadene anggone ngrangket Midian ana ing gunung parang Oreb, lan ngungkulake lantarane ing sadhuwure sagara Teberau lan ngagagake kaya nalika ana ing Mesir biyen. 27 Ing wektu iku momotan kang ditumpangake ing pundhakira dening bangsa mau, bakal kabuwang, lan pasangan kang kaetrapake ing gulunira bakal ilang.” Wong Asyur nempuh perang 10:27b-34 10-27b Asyur wus jumedhul saka ing Rimon 28 lan wus nempuh Ayat; sarta wus ngliwati Migron, tuwin nata gegawane ana ing Mikhmas. 29 Wus padha liwat ing jurang panyabrangan, kalawan nguwuh: “Geba iku papan panginepan kita” Kang manggon ing Rama padha gumeter, kang manggon ing Gibea-Saul padha mlayu. 30 Jerit-jerita, he putri Galim Gatekna, he Laisya Wangsulana, he Anatot 31 Kang manggon ing Madmena lumayu adoh, wong Gebim lunga ngungsi. 32 Dina iki uga Asyur bakal leren ing Nob, ngacung-acungake tangane marang gununge putri Sion, tenggere Yerusalem. 33 Lah Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nyembali pang-pang wit kalawan kakuwatan kang nggegirisi; kang thukule dhuwur-dhuwur bakal ditegor, lan kang munggul mandhuwur bakal padha dicendhekake. 34 Kayu-kayuning alas bakal dibabadi kalawan wadung, sarta Libanon dalah wit-witane kang ngedab-edabi bakal rubuh. Ratu katentreman kang bakal rawuh 11:1-10 11 1 Ana trubusan kang bakal thukul saka ing tunggaking Isai, lan ana semen kang tuwuh saka ing oyode kang bakal metokake woh. 2 Iku bakal katedhakan Rohe Sang Yehuwah, rohing kawicaksanan lan pambudi, rohing pitutur lan kasantosan, rohing kawruh lan wedi-asih marang Sang Yehuwah; 3 malah wedi-asih marang Sang Yehuwah iku kang dadi karemenane. Panjenengane ora bakal ngadili mung waton pamirsane satleraman bae utawa ndhawahake putusna manut paturaning wong. 4 Nanging bakal ngakimi para wong sekeng kalawan kaadilan, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para wong kang katindhes ana ing nagara kono kalawan kajujuran; anggone ngrangket bumi kalawan pangandikane kayadene kalawan lantaran, tuwin kalawan napasing lesane anggone bakal nyirnakake wong duraka. 5 panjenengane ora bakal nyimpang saka ing kabeneran lan kasetyan, kayadene sabuk kang tetep tumali ing bangkekan. 6 Asu ajag bakal manggon bebarengan karo wedhus gembel lan macan tutul bakal mlegung ana ing sandhinging wedhus. Pedhet lan anak singa bakal nyenggut bebarengan, tuwin bakal kagiring ing bocah cilik. 7 Sapi lan bruwang bakal nyenggut bebarengan lan anak-anake bakal plegungan tunggal enggon, dene singa bakal mangan dami kaya sapi. 8 Bocah suson bakal dolanan ing sacedhake rong ula bedhudhak, tuwin bocah sapihan bakal rogoh-rogoh ing ronging ula mandi. 9 Ora ana kang bakal nglakoni ala ana tumindak ora becik ana ing sawewengkone gunungingSun kang suci, amarga saindenging bumi kapenuhan ing kawruh bab Sang Yehuwah, kayadene banyuning sagara kang nasabi dhasare. 10 Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya. Kekarene Israel bakal bali 11:11-16 11 Ing wektu iku Pangeran bakal ngayatake astane maneh prelu nebus kekarening umate kang isih ana ing Asyur lan ing Mesir, ing Patros, ing Etiopia lan ing Elam, ing Sinear, ing Hamat lan ing pulo-pulo ing sagara. 12 Panjenengane bakal ngedegake gendera kanggo bangsa-bangsa, bakal nglempakake para wong Israel kang kabuwang, sarta bakal ngempalake para wong Yehuda kang sumebar ing keblat papat. 13 Kumerening Efraim bakal ilang, lan kang ngrupeki Yehuda bakal sirna. Efraim ora bakal meri maneh marang Yehuda, sarta Yehuda ora bakal ngrupeki Efraim maneh. 14 Nanging bakal padha mabur mangulon, menyang ing ereng-erenging gunung Filisti, bakal njarah-rayah bani Timur bebarengan; bakal padha ngrampas Edom lan Moab, sarta wong Amon bakal padha teluk. 15 Sang Yehuwah bakal ngesat teluk Mesir kalawan napase kang nggesengake, tuwin ngayatake astane marang bengawan Efrat, kang nuli kapupuh temah pecah dadi kali pitu, njalari wong banjur bisa liwat nganggo trumpah. 16 Banjur bakal ana dalan gedhe kanggo kekarene umate kang isih ana ing Asyur, kaya kang biyen wis ana kanggo Israel, nalika padha metu saka ing tanah Mesir. Kidung panuwun marga wus ginanjar slamet 12:1-6 12 1 Ing wektu iku kowe bakal munjuk: “Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, awit sanadyan Paduka sampun duka dhumateng kawula, nanging bebendu Paduka sampun kendel tuwin Paduka lajeng nglipur kawula. 2 Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.” 3 Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungah ing etuking kaslametan. 4 Ing wektu iku kowe bakal padha ngucap: “Ngunjukna panuwun marang Sang Yehuwah, padha nyebuta marang asmane, pakaryane padha sumurupna ana ing antarane para bangsa, suwurna, manawa asmane iku luhur 5 Padha ngidungna masmur Pangeran Yehuwah, sabab pakaryane iku mulya; bab iki prayoga kasumurupan ing saindenging bumi 6 Padha giyak-giyaka lan surak-suraka, he wong kang padha manggon ing Sion, amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, iku agung ana ing satengahmu” PAUKUMAN TUMRAP PARA BANGSA BAB 13-23 Wangsit kang tumuju marang Babil 13:1-22 13 1 Wangsit kang tumuju marang Babil kang kaparingake marang Nabi Yesaya, putrane Sang Amos. 2 Masanga gendera ana ing gunung kang gundhul, nguwuh-uwuha marang para wong iku kalawan swara sora; ngawe-awea supaya iku padha lumebu ing gapura-gapurane para wong luhur 3 Ingsun iki wus paring dhawuh marang para wong kang Sunsucekake, wus nimbali para wongingSun kang prakosa supaya matrapi paukumaning bebenduningSun, marang para wongingSun, kang padha suka-suka lan gumunggung. 4 Ana swara rame ing gunung-gunung, kaya swaraning kumpulaning wong kang akeh cacahe Swara gumuruhing karajan-karajan, lan bangsa-bangsa kang padha nglumpuk Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah lagi niti-priksa wadya-bala perang. 5 Iku padha teka saka ing nagara kang adoh, malah saka ing poncoting langit, yaiku Sang Yehuwah lan kang nibakake dedukane arep padha ngrusak saindenging bumi. 6 Padha ngadhuh-adhuha, sabab dinane Sang Yehuwah wus cedhak, tekane iku kayadene pangrusak saka Kang Mahakwasa. 7 Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes, lan atine saben manungsa bakal luluh, 8 sarta wong-wong bakal padha kaget. Lara mules lan lara nguwat bakal tumempuh marang wong-wong mau, padha ngolang-ngaling kaya wong wadon nglarani. Bakal padha pandeng-pandengan kalawan kaebatan, raine padha kaya wong kang lara kadhemen. 9 Dinane Sang Yehuwah pranyata rawuh tanpa welas, kalawan bebendu lan deduka kang mulad-mulad, arep damel sepi mamringing bumi arep nyirnakake wong-wong ing kono kang padha agawe dosa. 10 Sabab lintang-lintang lan golongane ing langit bakal ora padha nyunarake cahyane; srengenge bakal dadi peteng nalika mlethek, lan rembulan ora bakal nyorotake sunare. 11 Ingsun bakal males pialane donya, lan kaluputane wong duraka; gumunggunging wong-wong kang kumawani bakal Sunuwisi, sarta kumlungkunge para wong ambek siya bakal Sunendhakake. 12 Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa, lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir. 13 Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit, lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane, yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, lan ing dina dedukane kang mulad-mulad. 14 Kayadene kidang kang kaoyak-oyak lan kayadene wedhus kang ora diengon, kaya mangkono wong-wong bakal padha noleh marang bangsane dhewe-dhewe, lan padha lumayu marang nagarane dhewe-dhewe. 15 Saben wong kecandhak bakal disuduk, lan saben wong kang kecekel bakal ambruk mati dening pedhang. 16 Bayi-bayine bakal padha karemuk ana ing ngarepe, omah-omahe bakal padha karampog lan bojo-bojone bakal padha diwori turu. 17 Lah Ingsun nglurugake wong Madai nglawan marang wong-wong mau, wong-wong kang ora padha mreduli marang salaka lan ora seneng marang emas. 18 Panah-panahe bakal nembus para wong enom; wong-wong mau padha ora bakal welas marang wohing wetengan, lan ora padha welas marang bocah-bocah. 19 Lan Babil, kang dadi kaendahaning para karajan, rerengganing wong Kasdim kang linuwih, bakal padha kaya Sodom lan Gomora yaiku samangsa padha kaobrak-abrik dening Gusti Allah: 20 ing sateruse bakal ora ana wonge, lan ora ana kang ngenggoni nganti turun-tumurun; wong Arab ora bakal ngedegake tarub ana ing kono, lan para pangon ora bakal ngolehake kewane padha mlegung ana ing kono, 21 dene kang bakal mlegung ing kono yaiku kewan ing ara-ara samun, lan omah-omahe bakal kebak manuk beluk, manuk-manuk unta kang bakal padha manggon ing kono, lan jim-jim kang padha lincak-lincak; 22 asu alas bakal padha mbaung ana ing kadhaton-kadhatone, tuwin asu ajag ana ing kraton-kratoning kasenengan. Wektune bakal enggal teka, sarta dina-dinane ora bakal diulur. Pangiwi-iwi bab ratu Babil 14:1-23 14 1 Amarga Pangeran Yehuwah bakal paring sih-kawelasan marang Yakub lan bakal milih Israel maneh lan bakal marengake padha dedunung ana ing tanahe, banjur wong bangsa liya bakal padha awor lan manunggal karo tedhake Rama Yakub. 2 Bangsa-bangsa liya bakal padha ngeterake Israel mulih menyang ing panggonane, turune Israel banjur bakal ndarbeni bangsa-bangsa iku kadadekake batur lanang lan batur wadon ana ing tanahe Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono dadine bakal padha nawan wong-wong kang maune padha nawan sarta bakal ngwasani kang maune padha nindhes. 3 Ing dinane Sang Yehuwah mungkasi kasangsaranmu lan kabingunganmu sarta anggonmu padha nindakake pagawean kanthi peksan kang abot kang kudu padha koktindakake, 4 ing kono kowe bakal nglairake pamoyok tumrap ratu ing Babil lan celathu: “Wah, wus tumeka ing wekasane wong kang nindhes, wus tumeka ing wekasane wong kang ambek siya iku 5 Pangeran yehuwah wus mutung gitike para wong duraka, tuwin gadane para wong kang ngereh, 6 kang nggebugi para bangsa kalawan nepsu, tanpa kendhat; kang ngidak-idak para bangsa kalawan bendu tanpa leren. 7 Salumahing bumi wus ayem lan tentrem; wong-wong padha bungah-bungah lan surak-surak. 8 Uga wit beros lan wit eres ing Libanon padha bungah marga kowe wus ambruk, pangucape: ‘Wiwit titimangsa kowe ambruk gumlinting; ora ana wong maneh kang munggah negor aku kabeh 9 Jagade wong mati kang ana ing ngisor kalawan gumeter anggone mapag tekamu; arwah-arwah padha kagugah marga saka kowe, yaiku sakehe tilas panggedhe ing bumi; sakehe tilas ratuning para bangsa padha diwungu saka ing dhampare. 10 Iku kabeh wiwit padha aruh-aruh lan ngucap marang kowe: ‘Kowe iya wus dadi apes kaya aku kabeh, wus dadi padha kaya aku kabeh 11 Kaluhuranmu wus kaudhunake marang ing jagade wong mati karo swarane slukatmu; kowe alemek singgat, lan akemul eset.’ ” 12 “Adhuh, kowe wus tiba saka ing langit, he lintang Panjer-Esuk, anake bangbang wetan, kowe wus kapecah lan tiba ing bumi, he, kowe kang ngalahake para bangsa 13 Kowe kang maune ngunandika: Aku arep munggah menyang ing langit, aku arep ngedegake dhamparku ana ing sadhuwure lintang-lintange Gusti Allah, lan aku arep lungguh ing gununging pasamuwan, ing sisih lor adoh. 14 Aku arep mumbul nganti ngungkuli mega, arep madhani Kang Mahaluhur 15 Nanging kosok baline, kowe kaudhunake menyang ing panggonan kang jero dhewe ing luwanging kuburan. 16 Wong-wong kang ndeleng kowe bakal padha nggatekake lan mandeng kowe kalawan ngucap: Apa iki kang wus gawe gumetering bumi, lan kang nggoncangake karajan-karajan, 17 kang wus ndadekake jagad kaya pasamunan, lan kang nglebur kutha-kuthane, kang ora ngulihake para wong tawanan? 18 Sakehe tilas ratune para bangsa padha sumare kalawan mulya, ana ing astanane dhewe-dhewe. 19 Nanging kowe iki wus kabuwang, adoh saka ing pakuburanmu, kayadene trubusan kang nggegilani, kang katutupan ing mayite para kang sinuduk ing pedhang lan ambruk tumiba ing watu-watuning luwangan kuburan, kaya bathang kang kepidak-pidak. 20 Kowe ora bakal ana ing kuburan bebarengan karo para raja, amarga kowe wus ngrusak nagaramu lan mateni rakyatmu. Anak-putune wong kang nindakake piala ora bakal kocap ing salawas-lawase. 21 Ngedegna papan panyembelehan kanggo anak-anake, marga saka kaluputane leluhure, supaya aja padha gumregah lan ndhaku bumi tuwin ngebaki jagad kalawan kutha-kutha.” 22 “Ingsun bakal jumeneng nglawan wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, “Ingsun bakal nyirnakake jenenge Babil lan kekarene, anak-putune lan buyute,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 23 “Ingsun bakal ndadekake Babil dadi duweke landhak lan dadi rawa sarta kutha iku bakal Sunsaponi kalawan sapu panggempuran,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah. Wangsit tumuju marang Asyur 14:24-27 24 Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah wus supaos, pangandikane: “Sanyata kaya kang Sunkarsakake, iya mangkono bakal kelakone, lan kaya kang Sunrancang, iya mangkono bakal tumindake: 25 Ingsun bakal mbengkas wong Asyur ana ing nagaraningSun padha Sunidak-idak ana ing gunungingSun; pasangan kang dietrapake ing umatingSun dening wong-wong mau bakal kabuwang mangkono uga momotan kang ditumpangake ing pundhake.” 26 Yaiku rancangan kang wus kadamel tumrap salumahing bumi, lan yaiku asta kang kaayatake marang sakehe bangsa. 27 Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah wus ngrancang, sapa kang bisa murungake? Astane wus kaayatake? sapa kang bisa ngundurake? Wangsit tumuju marang Filisti 14:28-32 28 Ing taun sedane Sang Prabu Akhas ana wangsit kang mangkene iki: 29 Aja bungah-bungah, he tanah Filisti kabeh, awit sanadyan gadane wong kang nggebug kowe wus tugel, nanging ula iku bakal nurunake ula bedhudhak, lan anake bakal dadi ula naga kang bisa mabur. 30 Panunggalane umatingSun kang asor dhewe bakal oleh pangan tuwin para wong miskin bakal manggon kalawan tentrem, nanging turunira bakal Sunpateni kalawan pailan, sarta kekaren-kekarenira bakal Suntumpes. 31 Ngadhuh-adhuha, he gapura Jerit-jerita, he kutha Gumetera, he tanah Filisti sakabehe Amarga ing sisih lor wus ana kukusing perang kang kumelun, lan barisaning mungsuh maju, ora ana kang mundur. 32 Lan kapriye wangsulane marang para utusane bangsa iku? “Pangeran Yehuwah kang masang tetalesing Sion, lan para wong kang nandhang sangsara panunggale umate bakal padha oleh pangayoman ana ing kono.” Wangsit tumrap Moab 15:1--16:14 15 1 Wangsit bab Moab. Lah sajrone sawengi Ar-Moab wus karusak, kasirnakake; lah sajrone sawengi Kir-Moab wus karusak, kasirnakake 2 Putri Dibon munggah ing tengger-tengger pangurbanan prelu muwun; Moab, ngadhuh-adhuh marga saka Nebo lan marga saka Medeba. Kabeh wong padha nggundhuli sirahe ana ing kono lan nyukur jenggote minangka tandhaning kasusahan. 3 Wong padha manganggo bagor ana ing dedalan, ana ing payon lan ana ing ara-ara wong kabeh padha ngadhuh-adhuh, eluhe dleweran. 4 Hesybon lan Eleale padha nangis gero-gero, swarane nganti keprungu tekan ing Yahas. Awit saka iku para wong ing Moab kang sikep gegaman padha nguwuh-uwuh, nyawane gumeter. 5 Aku mbengok marga saka Moab; wong kang ngungsi wus padha tekan ing Zoar, ing Eglat-Selisia. Lah wong padha ngunggahi unggah-unggahan Luhit kalawan nangis; lan ana ing dalan kang menyang Horonaim wong padha njerit marga tinempuh ing sangsara. 6 Lah kali ing Nimrim dadi sat, dadi pasamunan sukete wus aking, suket enom wus entek, thethukulan wus ora ana kang ijo. 7 Marga saka iku sakehing bandha kang ditumpuk lan samubarang kabeh kang disimpen padha digawani menyang ing sabrange kali Haarabim. 8 Lah panjerite mau bakal keprubu ing sawewengkone Moab kabeh, pangadhuhe keprungu nganti tekan ing Eglaim, malah nganti tekan ing Beer-Elim. 9 Lah banyu ing Dibon wus kebak getih, nanging kang tumempuh marang Dibon iku bakal Sunwuwuhi maneh, yaiku singa bakal ndekep para wong kang bisa oncat saka ing Moab lan kang isih ana ing tanah kono. 16 1 Wong-wong padha ngirimake cempe marang pamarentahing nagara, saka ing Sela ngliwati pasamunan menyang ing gununge putri Sion. 2 Kaya manuk kang mabur lunga, lan isining susuh kang kagusah, kaya mangkono anake wadon Moab ing pasabrangan-pasabranganing kali Arnon. 3 “Menehana pitutur, nggegegana wewenang, dadia pangeyuban kang edhum ing wayah tengange; wong-wong kang kabuwang padha umpetna, aja medharake bab wong kang padha keplayu 4 Para wong kang kabuwang saka ing Moab cikben padha mondhok ing panggonanmu, dadia papan pandhelikane wong-wong iku tumrap kang arep nyirnakake Samangsa pangroda-peksa wus ora ana, pangrusak wus kapungkur lan wong ambek siya wus sirna saka ing nagara, 5 banjur ana dhampar kang bakal kaadegake marga saka sih-kadarman lan iku bakal tansah dilenggahi ana ing tarube Sang Prabu Dawud dening sawijining hakim kang njejegake kaadilan, lan kang enggal-enggal nindakake kabeneran.” 6 Aku wus padha krungu bab angkuhe Moab, pancen angkuh banget iku, bab kumlungkunge, angkuhe lan sumengite, sarta anggone ngoceh kang ora bener. 7 Mulane cikbene wong Moab ngadhuh-adhuh, kang siji marga saka sijine, cikben kabeh padha ngadhuh-adhuh. Marga kelingan marang kuwih kismis saka ing Kir-Hareset cikben padha sesambat lan remuk babar pisan 8 Amarga kebon-kebon ing Hesybon lan wit anggur ing Sibma wus padha nglayung; para kang nyekel pangwasa tumrap bangsa-bangsa wus padha mbabadi wit-wite anggur kang becik dhewe, kang biyen ngembyah tekan ing Yaezer lan mrambat tekan ing pasamunan; pang-pange pating tlolor tekan ing sabranging sagara. 9 Mulane aku melu nangis kaya Yaezer marga saka wit anggur ing Sibma mau; kowe arep daktelesi kalawan eluhku, he Hesybon lan Eleale, amarga ing mangsa ketiga trep ing mangsa panen mungsuhmu nempuh kalawan alok perang. 10 Wus sirna kabungahan lan surak-surak saka ing kebon wowohan; wus ilang saka ing kebon-kebon anggur swara giyak-giyak lan surak-surak; wus ora ana kang ngidak-idak ing papan pameresan, anggone sumyak-sumyak wus leren. 11 Awit saka iku kaya dene cumengkling ing clempung, iya kaya mangkono panjeriting atiku ndeleng kaanane Moab, lan batinku rontog nyumurupi kaanane Kir-Heres. 12 Mulane sanadyan Moab ngibadah lan dilabuhi ngrekasa banget ana ing tengger pangurbanan lan lumebu ing pasucene prelu ndedonga, ora bakal oleh apa-apa. 13 Yaiku pangandika kang kalairake dening Sang Yehuwah bab Moab ing wektu kepungkur. 14 Mulane saiki Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ing sajroning telung taun, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, kamulyane Moab kalawan karameane kang gedhe, bakal dadi cecamahan, lan wong kang kari bakal sethithik banget lan ora kwasa.” Wangsit tumrap Damsyik lan Efraim 17:1-11 17 1 Wangsit tumrap Damsyik. Sanyata Damsyik ora bakal lestari dadi kutha, mengko bakal dadi tumpukan jugrugan; 2 kampung-kampunge bakal disuwungake ing salawase lan bakal dadi papan kanggo pepanthaning raja kaya, kang mlegung kalawan ora karidhu ing sapa-sapa. 3 Efraim bakal kelangan beteng-betenge, lan pangwasaning karajan bakal sirna saka ing Damsyik, uga kekarene Aram bakal sirna kabeh padha kaya kamulyane wong Israel, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa tumitah. 4 Ing wektu iku kamulyane Yakub bakal suda, lan kemakmurane bakal susut; 5 kaanane kaya gandum kang digegem arep dieneni lan tangane methiki wewulen, utawa kaya wewulen kang dipethik ing wong ana ing lembahe wong Refaim. 6 Iku bakal ana turahane kanggo asagan kaya nalika wong ngerog woh jaitun, ana siji loro kang kari ing pucuke, lan ana sawatara ing pang-pange, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel. 7 Ing wektu iku manungsa bakal mandeng marang Panjenengane kang nitahake, lan mripate bakal nyawang marang Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel; 8 ora bakal mandeng marang misblyah-misbyah gaweane tangane dhewe, lan ora bakal nyawang marang garapaning tangane, yaiku tugu-tugu brahala lan padupan-padupan. 9 Ing wektu iku kutha-kuthanira bakal kasuwungake kaya kutha-kuthane wong Hewi lan wong Amori kang padha ditinggal marga saka wong Israel, satemah banjur dadi sepi mamring. 10 Awit sira wus lali marang Gusti Allah kang wus paring kaslametan marang sira, lan ora eling marang gunung paranging kakuwatanira. Mulane sanadyan sira yasa taman kang endah kang sira tanduri cangkokan saka ing nagara manca, 11 sanadyan nalika sira tandur sira ndadekake suburing thukule, lan ing wektu esuk anggonira nandur cangkokan ndadekake kembange, nanging panenane bakal enggal sirna ing dinaning pilara lan sangsara kang ngedab-edabi. Wangsit tumrap Asyur 17:12-14 12 Bilai Gumerahe bangsa-bangsa akeh, kang padha gumeder kaya ombaking sagara kang gumleger Ramening suku-suku bangsa, kang padha rame kaya gumuruhing banyu kang ngedab-edabi. 13 Para suku bangsa padha gumerah kaya gumuruhing banyu gedhe; nanging Pangeran Yehuwah paring deduka, satemah banjur padha lumayu adoh, kalawan kesusu kaya mrambut ing panuton kang kabur ing angin, lan kaya dhedhak katiyup ing lesus. 14 Bareng ngarepake sore, lah ana pagiris Sadurunge esuk, wus ora ana kabeh Yaiku pandumane wong-wong kang padha ngrayah kita, sarta iya iku kang katemtokake tumrap para wong kang ngrampasi kita. Wangsit tumrap Etiopia 18:1-7 18 1 Bilai Nagara kumrisiking swiwi ing sabranging kali-kali ing tanah Etiopia, 2 kang ngirimake duta-duta ngliwati sagara kalawan prau-prau pandhan ngliwati lumahing banyu Mangkata, he para utusan kang cukat, nemonana bangsa kang dhuwur dedege lan kang klimis pakulitane, golongan kang diwedeni ana ing ngendi-endi yaiku bangsa kang wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali 3 He sakehing wong kang manggon i ing donya, he para wong kang manggon ing bumi Samangsa gendera kaedegake ing gunung-gunung, padha delengen; samangsa kalasangka kaunekake, padha ngrungokna 4 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Ingsun bakal mirsani saka ing papan padalemaningSun kalawan ora ebah, kayadene hawa panas kang umob ing wektu panas gumemplang, kayadene pedhut ing panasing mangsa panen.” 5 Awit sadurunge ungsum wowohan, manawa wektune kembang wus kepungkur, lan dhompolaning pentil wus dadi woh anggur kang meh mateng, Pangeran Yehuwah bakal ngethoki pang-pange kalawan arit, lan carang-carange kakethokan lan kasingkirake. 6 Iku kabeh bakal ditinggal tumpukan kanggo manuk galak ing pagunungan, lan kanggo kewan-kewan ing alas. Ing mangsa panas manuk-manuk galak bakal padha manggon ing kono tuwin sakehe kewan ing alas ing mangsa bedhidhing. 7 Ing wektu iku uga pisungsung bakal dicaosake marang Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah dening bangsa kang dhuwur dedege lan klimis pakulitane lan dening bangsa kang ana ing ngendi-endia diwedeni, yaiku bangsa kang kakuwatane wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali, menyang ing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah, yaiku gunung Sion. Wangsit tumrap Mesir 19:1-25 19 1 Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane. 2 Ingsun bakal damel wong Mesir nglawan padha wong Mesir, supaya padha perang, saben wong nglawan sadulure lan saben wong nglawan mitrane, kutha nglawan kutha, karajan nglawan karajan; 3 semangate wogn Mesir banjur ilang, rancangane bakal Sunkisruhake; banjur bakal padha njaluk pituduh marang para brahala lan marang juru japa-mantra, marang arwah lan marang roh kang memeca. 4 Ingsun bakal ngulungake wong Mesir marang ing tangane bendara kang ambek siya, lan ratu kang kereng bakal masesani bangsa iku; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah. 5 Banyune bengawn Nil bakal entek, lan bengawan iku bakal dadi asat nggereng, 6 satemah susukan-susukan bakal mambu bacin, lan cawangan-cawanganing bengawan Nil bakal dadi cethek lan asat, glagah lan rayung bakal padha mati lan rubuh. 7 Suket ing pinggiring bengawan Nil lan apa kang kasebar ing lebaking bengawan mau bakal dadi aking, katiup ing angin lan wus ora ana maneh. 8 Para juru amek iwak bakal padha sesambat lan susah, yaiku sakehe wong kang padha mancing ing bengawanl Nil; sakehe wong kang njala ana ing kono bakal padha ngenes uga. 9 Wong-wong kang gawe lena bakal padha kawirangan, mangkono uga para wong nenun mori. 10 Wong kang padha nenun bakal remuk atine, sakehe buruh bakal sedhih atine. 11 Para panggedhe ing Zoan iku padha bodho-bodho, para juru pirembage Pringon kang wicaksana dhewe padha nyaosi pamrayoga kang bodho. Kapriye dene sira padha bisa matur marang Pringon: “Kawula punika anakipun para tiyang wicaksana, turunipun para ratu ing jaman kina?” 12 Endi wong-wongira kang wicaksana? Iku cikben padha pratela marang sira lan aweh weruh apa kang wus kaputus dening Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah tumrap Mesir. 13 Para panggedhe ing Zoan tumindake gemblung, para panggedhe ing Memfis wus padha kapusan; para pangareping suku-sukune wus padha mbingungake Mesir. 14 Pangeran Yehuwah wus ngesokake ana ing tengahe sawijining roh kang ngisruhake, lan iku padha gawe bingunging Mesir ing bab pambudidayane kabeh, nganti kaya wong mendem kang mumet nalika mutah-mutah. 15 Lan ora ana kang kasil satindake Mesir kang dilakoni dening panggedhe lan panganut, dening pangarep lan wong lumrah. 16 Ing nalika iku para wong Mesir bakal padha kaya wong wadon; bakal padha gumeter lan kaget marga saka astane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah kang kaagagake marang wong-wong mau. 17 Tanah Yehuda banjur bakal nukulake pagiris ana ing satengahe wong Mesir, lan sapa bae kang eling marang wong-wong mau bakal kaget marga krungu bab pancasaning Yehuwah Gustining sarwa tumitah, kang wus kadamel tumrap wong-wong iku. 18 Ing wektu iku ing tanah Mesir bakal ana kutha lima kang caturane nganggo basa Kanaan lan kang sumpah demi Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah. Panunggalane ana siji kang bakal kasebut Ir-Kheres. 19 Ing wektu iku ing satengahe tanah Mesir bakal ana misbyah kagem Sang Yehuwah lan tugu pengetan kagem Sang Yehuwah kang dumunung ing tapel-watese. 20 Iku bakal dadi tandha paseksen kagem Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah ana ing tanah Mesir: manawa padha sesambat marang Pangeran Yehuwah marga saka kang padha nindhes, Panjenengane banjur bakal paring sawijining juru-slamet marang wong-wong mau, kang bakal tumandang lan ngluwari. 21 Sang Yehuwah bakal nglairake sarirane marng wong Mesir lan wong Mesir ing nalika iku bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah; bakal padha ngibadah kalawan nyaosi kurban sembelehan lan kurban dhaharan, sarta bakal nyaosake nadar marang Sang Yehuwah tuwin iku bakal diluwari. 22 Wong Mesir bakal dirangket dening Sang Yehuwah, bakal dirangket, banjur diwarasake; nuli bakal padha mratobat marang Sang Yehuwah, tuwin Panjenengane bakal ngabulake pandongane lan nyarasake wong-wong mau. 23 Ing wektu iku bakal ana dalan gedhe saka ing Mesir menyang ing Asyur, satemah wong Asyur bisa lumebu ing Mesir lan wong Mesir bisa lumebu ing Asyur, sarta wong Mesir bakal ngabekti bebarengan karo Asyur. 24 Ing wektu iku Israel bakal dadi kang katelu sawuse Mesir lan Asyur, sawijining berkah ana ing bumi, 25 kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kalawan pangandika: “Binerkahana Mesir, umatingSun, lan Asyur, pakaryaning astaningSun, sarta Israel warisaningSun.” Wangsit tumrap Mesir lan Etiopia 20:1-6 20 1 Ing taun nalika panggedhening wadya-bala kang diutus dening Sang Prabu Sargon, ratu ing Asyur, nglurugi perang lan ngrebut Asdod, 2 ing wektu iku Pangeran Yehuwah paring pangandika lumantar Nabi Yesaya putrane Sang Amos. Mangkene pangandikane: “Sira lumakua, sandhangan bagor ing lambungira iku aja sira anggo mangkono uga trumpahing sikilira.” Iku iya banjur kaestokake, lumampah kalawan lukar lan tanpa trumpah. 3 Pangeran Yehuwah ngangdika: “Kayadene anggone abdiningSun Yesaya lumaku kalawan wuda lan tanpa trumpah telung taun lawase minangka pratandha lan ngalamat tumrap Mesir lan Etiopia, 4 mangkono uga raja Asyur bakal nggiring wong Mesir dadi tawanan, lan wong Etiopia kayadene wong buwangan, tuwa lan enom, kalawan wuda lan tanpa trumpah tuwin katon bokonge, dadi kawirangane tanah Mesir. 5 Wong-wong banjur bakal padha kaget lan wirang marga saka Etiopia, kang dadi bakuning pangarep-arepe, lan marga saka Mesir kang dadi kamongkogane. 6 Sarta wong ing pasisir iki bakal celathu ing wektu iku: Lah mangkene kadadeane para wong kang padha dadi pangarep-arep kita, kang kita ungseni kita jaluki pitulungan supaya diuwalake saka raja ing Asyur. Kapriye bisane kita oncat?” Wangsit tumrap Babil 21:1-10 21 1 Wangsit tumrap “pasamunan ing pinggir sagara”. Kayadene lesus anggone gumrubug ngliwati Tanah Negeb, kaya mangkono tekane saka ing ara-ara samun, saka ing nagara kang nggegirisi. 2 Ana wahyu kang bengis kang wus kawangsitake marang aku: “Si penggarong nggarong, si pengrusak, ngrusak Majua, he Elam, kepungen, he Madai Sakehing pangesah kang kalirake wus Sunsirep.” 3 Mulane lambungku lara banget, aku lara mules kaya mulesing wong wadon kang manak; aku mringkus-mringkus, ora krungu maneh, aku kaget, ora ndeleng maneh. 4 Atiku ngolang-ngaling, aku kalimputan ing rasa trataban, wayah bengi kang tansah dakangen-angen iku saiki gawe geterku. 5 Wong padha ribut nata pasugatan, nata palenggahan, dhaharan, pangunjukan ... Dumadakan keprungu: “He para panggedhe Samektaa ing perang, lenganana tamenge” 6 Amarga mangkene pangandikane Pangeran marang aku: “Sira lungaa, masanga wong jaga, apa kang kadeleng kudu dikandhakake. 7 Samangsa sumurup prajurit jaranan sagelengan, ngloro-ngloro, wadya-bala nunggang kuldi, wadya-bala nunggang unta, iku kudu diwaspadakake temenan, kalawan nastiti banget.” 8 Wasana kang ndeleng iku nguwuh-uwuh: “Wonten ing panggung panjagen, dhuh bendara kula, kula tansah ngadeg sadinten muput, tuwin wonten ing papan panjagen kula kapanjer ing saben dalu.” 9 Lah punika sampun wonten prajurit sagelengan ingkang dhateng, wadya-bala kapalan Wong mau banjur nguwuh-uwuh maneh: “Sampun rebah, Babil sampun rebah, tuwin sakathahing recanipun brahala sampun karemukaken saha pating slebar wonten ing siti.” 10 He bangsaku kang wus kaidak-idak lan kainjek-injek apa kang dakrungu saka Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahe Israel, wus daksumurupake marang kowe. Wngsit tumrap Duma 21:11-12 11 Wangsit tumrap Duma. Ana wong kang nguwuh-uwuh marang aku saka ing Seir: “He wong jaga, apa wengine isih suwe? He wong jaga, apa wengine isih suwe?” 12 Wong jaga iku mangsuli: “Bakal esuk, nanging uga bakal bengi. Manawa kowe padha arep takon, tekaa lan padha takona maneh sapisan engkas” Wangsit tumrap tanah Arab 21:13-17 13 Wangsit tumrap tanah Arab. Kowe bakal padha nginep ana ing alas ing tanah Arab, he kapilah-kapilahe wong Dedan 14 He wong kang manggon ing tanah Tema, padha metua, wong kang ngelak wenehana banyu, wong kang keplayu pethuken kalawan roti. 15 Amarga wong iku padha lumayu nyingkiri pedhang, pedhang kang kaunus, gendhewa kang kapenthang, lan peperangan kang nggegirisi. 16 Awit mangkene pangandikane Pangeran marang aku: “Sanjrone sataun maneh, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, sakehing kamulyane Kedar bakal sirna. 17 Lan prajurite panahan bangsa Kedar kang gagah prakosa bakal mung kari sathithik cacahe, sabab Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel wus ngandika mangkono.” Sembranane wong kang manggon ing Yerusalem 22:1-14 22 1 Wangsit tumrap “lebaking wahyu”. Ana apa ta, dene sakehe wongmu padha munggah ing payon-payoning omah, 2 he kutha kang surak-surak rame lan gembira gumuruh, he nagara kang bungah-bungah? Wongmu kang padha mati iku ora marga mati dening pedhang, lan ora gugur ana ing peperangan. 3 Panggedhemu padha lumayu kabeh, padha katawan ora sarana kapanah; wong-wong kang prakosa padha katawan, sanadyan wus padha lumayu adoh banget. 4 Mulane aku celathu: “Aku aja koktolih, etogna bae anggonku nangis kepati; aja meksa aku supaya kau kelipur ing bab patine putrining bangsaku.” 5 Sabab Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah wus netepake dinane: Panjenengane bakal nggegerake, ngidak-idak lan ngisruhake wong, tembok ing “lebaking wahyu” bakal kajugrugake sarta panjerit njaluk tulung ngumandhang tekan ing pucaking gunung 6 Elam wus nggendhong endhonge, Aram teka nggawa wadya-bala kretan lan jaranan, lan Kir nguculi bunteling tameng. 7 Lebak-lebakmu kang endah dhewe bakal kebak kreta, lan wadya-bala jaranan baris ana ing ngarepe gapura, 8 sarta Yehuda kelangan pangayoman. Ing wektu iku kowe ngawasake marang praboting perang ing “Gedhong Alas”; 9 kowe padha sumurup, manawa temboke kuthane Sang Prabu Dawud wus bengkah-bengkah akeh sarta kowe padha nadhahi banyu ing blumbang ngisor; 10 kowe padha ngetung omah-omah ing Yerusalem, lan omah-omah banjur padha kokbubrahi kanggo nyantosakake tembok; 11 kowe gawe papan tandhon banyu ana ing antarane tembok loro mau kanggo ngwadhahi banyu ing blumbang kang lawas; nanging kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku, lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula. 12 Ing nalika iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah dhawuh marang wong supaya nangis lan sesambat kalawan gundhul lan manganggo bagor; 13 nanging lah, ing satengahe tinemu kabungahan lan suka-suka, njagal sapi lan nyembeleh wedhus, mangan iwak lan ngombe anggur, kalawan nguwuh: “Ayo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati” 14 Nanging Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah banjur paring wangsit marang aku lan ngandika mangkene: “Kaluputanira iki sanyata ora bakal kaapura, nganti sira padha mati,” mangkono pangandikane Pangeran, Gustining sarwa tumitah. Bab Sebna lan Elyakim 22:15-25 15 Mangkene pangandikaning Pangeran, Gustining sarwa tumitah: “Ayo sira nemonana panggedhene kraton iki, Sebna kang ngurus kraton lan pratelaa: 16 Sira duwe kapreluan apa, lan duwe gegayutan karo sapa ana ing kene, dene sira kok ndhudhuk kuburan kanggo kowe ana ing kene, he kang ndhudhuk kuburane ing panggonan kang dhuwur, kang natah panggonane ing gunung parang? 17 Lah Pangeran Yehuwah bakal nguncalake sira nganti adoh banget, he manungsa Sira bakal kacepeng kalawan kenceng, 18 lan bakal kagulung kenceng dadi gulungan sarta kaglundhungake kaya bal, menyang ing tanah kang amba; ana ing kono sira bakal mati, lan ana ing kono dununge kreta-kreta kamulyanira, he sira kang gawe wiranging brayate gustinira 19 Ingsun bakal njongkengake sira saka ing kalungguhanira, lan sira bakal kalungsur saka ing pangkatira. 20 Ing nalika iku Ingsun bakal nimbali abdiningSun, Elyakim anake Hilkia: 21 Iku bakal Sunenggoni jubahira lan sabukira bakal Sunubetake ing lambunge, tuwin pangwasanira bakal Sunparingake marang ing tangane; dheweke banjur bakal dadi bapa tumrap wong ing Yerusalem lan tumrap turune Yehuda. 22 Soroge kadhatone Dawud bakal Sunampilake ing pundhake; manawa wong iku ngengakake, ora ana kang bisa nginebake; manawa nginebake, ora ana kang bisa ngengakake. 23 Ingsun bakal maringi kalungguhan kang santosa marang dheweke, kayadene canthelan kang kapasang kukuh ana ing tembok; mulane banjur dadi palungguhan kang mulya tumrap kulawargane. 24 Sabanjure bakal mikul sakehe tanggung jawab tumrap kulawargane, semen lan trubusan dalasan sakehe piranti kang cilik, wiwit saka bokor nganti grabah pisan. 25 Ing nalika iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah, canthelan kang kapasang kukuh ana ing panggonan kang kukuh iku bakal ora kukuh maneh, satemah banjur tugel lan tiba, lan sakehe tanggungane iku bakal lebur, amarga Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.” Wangsit tumrap Tirus lan Sidon 23:1-18 23 1 Wangsit tumrap Tirus. Ngadhuh-adhuha, he kapal Tarsis, sabab Tirus wus rusak, omahmu utawa pelabuhanmu wus ora ana Nalika isih padha ana ing nagarane wong Kitim bab iku wus disumurupake. 2 Padha dheleg-dhelega, he kang padha manggon ing pasisir, he sudagar Sidon, kongkonamu padha nyabrang ing sagara, lan lelayar ing samodra gedhe; 3 barang-barang kang dilebokake marang Sidon yaiku gandum saka ing Sihor, lan pametune wilayah Nil, satemah kutha iku dadi pasar kanggo para bangsa. 4 Nandhanga wirang, he Sidon, sabab sagara, betenge sagara, celathu mangkene: “Aku ora tau uwat lan ora tau manak, aku ora tau nggulawenthah jejaka lan ora tau ngopeni prawan-prawan.” 5 Samangsa kabar bab Tirus iku tekan ing Mesir, wong-wong bakal padha gumeter krungu bab iku. 6 Padha ngungsia menyang ing Tarsis, padha sesambata, he kang padha manggon ing tanah pasisir 7 Iki apa kuthamu kang sumyak-sumyak, kang asale saka ing jaman kuna? Wonge wus padha lunga menyang ing panggonan kang adoh lan dadi wong neneka ana ing kana. 8 Sapa kang mutus mangkene iki tumrap Tirus, kutha kang tau ngganjar makutha, kang sudagar-sudagare para panggedhe lan wong-wonge kang dagang para wong mulya ing bumi? 9 Pangeran Yehuwah Gustining para tumitah kang wus damel putusan mangkono kanggo nyirnakake piangkuh, kanggo ngesorake sakehe kang endah lan sakehe wong mulya ing bumi. 10 Garapen pategalanmu kaya kang ana ing pinggiring bengawan Nil, he putri Tarsis, panggonan-panggonan kanggo ndandani kapal wus ora ana 11 Pangeran Yehuwah wus ngayatake astane marang ing sagara lan damel karajan-karajan padha gumeter; Panjenengane wus dhawuh supaya bettenge Kanaan padha kasirnakake. 12 Sarta wus ngandika: “Sira ora bakal bungah-bungah maneh, he prawan kang wus karusak, he putri Sidon Ngadega, ngungsia marang wong Kitim Ana ing kono uga bakal ora ana panggonan kang nyenengake tumrap sira.” 13 Delengen nagarane wong Kasdim Iya bangsa iku kang nindakake mangkono, dudu wong Asyur. Iku kang padha ngulungake Tirus marang kewan-kewan ing ara-ara samun; iku wus padha ngedegake menara-menara pangepungan lan wus nggempur puri-purining kutha iku sarta ndadekake gempuran kutha iku. 14 Sesambata, he kapal-kapal Tarsis, sabab betengmu wus karusak. 15 Ing nalika iku Tirus bakal ora dielingi pitung puluh taun lawase, padha karo yuswaning ratu. Sawuse pitung puluh taun, Tirus bakal ngalami apa kang tumanduk marang wanita tunasusila kang kamot ing kekidungan iki: 16 “Nggawaa clempung, ngubengana kutha, he wanita tunasusila kang wus ora kaelingan Unekna kang apik, sesindhena kang warna-warna, supaya kowe dielingi ing wong.” 17 Lan sawuse kliwat pitung puluh taun, Sang Yehuwah bakal nggalih marang Tirus, satemah banjur tampa opahing kanisthane maneh, lan banjur bakal tumindak nistha maneh karo sakehing karajan ing salumahing bumi. 18 Babathene lan opahing kanisthane bakal suci kagem Sang Yehuwah, ora bakal diendheg utawa disimpen, nanging bebathene iku bakal kanggo nganakake pangan kang cukup lan sandhangan kang endah kanggo para wong kang padha manggon ing ngarsaning Yehuwah. PAMECA BAB WEKASANING JAMAN BAB 24-27 Bumi kalebur 24:1-23 24 1 Lah bumi bakal didadekake suwung dening Sang Yehuwah lan bakal kalebur, lemahe bakal kawalik, sarta kang manggon bakal padha kabuyarake. 2 Nasibing imam bakal kaya rakyat, nasibing lurah bakal kaya batur lanang, nasibing lurahe wadon bakal kaya batur wadon, nasibing wong kang adol bakal kaya kang tuku, nasibe wong kang nyilihake bakal kaya kang nyilih, nasibe wong potang bakal kaya kang utang. 3 Bumi bakal kadadekake ludhes babar pisan, lan bakal dijarah-rayah entek-entekan, awit Sang Yehuwah kang ngandika mangkono. 4 Bumi katon susah alum, malah jagad banjur nglayung layu, langit lan bumi nglayung bebarengan. 5 Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni, amarga padha nglanggar angger-angger, ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng. 6 Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat, lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman; awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna, lan manungsa bakal mung kari sathithik. 7 Anggur ora gawe bingar maneh, wite anggur nglayung, lan sakehe wong kang bungah atine bakal sesambat. 8 Swaraning trebang kang gambira wus leren, ramene wong kang sumyak-sumyak wus sirep, lan swaraning clempung kang girang wus leren. 9 Wong kang ngombe anggur ora kalawan kekidungan maneh, arak dadi pait tumrap wong kang ngombe. 10 Kutha kang kisruh kaanane wus lebur, saben omah wus tutupan ora kena dileboni. 11 Wong padha njerit ana ing dedalan awit ora ana anggur, sakehing kasenengan wus sirna, gambiraning bumi wus ilang. 12 Kang tinemu ana ing kutha mung karusakan, gapurane wus kagempur lan jugrug. 13 Amarga iki bakal kelakon ana ing bumi, ana ing satengahe para bangsa, yaiku kaya ing nalika wong ngerog woh jaitun, kaya ing nalika ngasag ing sarampunging panen anggur. 14 Wong-wong padha surak-surak sora, marga saka kaluhurane Sang Yehuwah, padha nguwuh-uwuh seru saka ing sisih kulon: 15 “Mulane Pangeran Yehuwah kamulyakna ana ing nagara-nagara wetanan, asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, ana ing tanah-tanah ing sapinggiring sagara” 16 Saka ing poncoting bumi aku padha krungu kekidungan: “Kamulyan kagem Kang Mahaadil” Nanging aku celathu: “Aku kuru nglayung, kuru nglayung aku. Bilai aku Sabab para panggarong padha nggarong, malah tanpa leren anggone nggarong” 17 He para kang manggon ing bumi, kowe bakal padha ketaman ing pagiris, bakal padha kecemplung ing luweng lan kena ing kala jiret. 18 Ing kono sing sapa lumayu marga saka swara kang ngagetake iku bakal kecemplung ing luweng, lan kang munggah saka ing luweng bakal kena ing kala jiret. Amarga cendhela-cendhelaning langit bakal padha kawengakake lan dhasar-dhasaring bumi bakal padha gonjing. 19 Bumi remuk bubuk, bumi gempur ajur bumi gonjang-ganjing. 20 Bumi sempoyong-sempoyong kaya wong mendem lan gonjing kaya gubug katiyup ing angin; dosaning pambalelane tumempuh nggegirisi, mulane banjur rubuh lan ora bakal ngadeg maneh. 21 Ing nalika iku Pangeran Yehuwah tumuli bakal ngukum wadya-balaning langit ing langit lan para ratuning bumi ing bumi. 22 Iku bakal padha kaklumpukake bebarengan, kayadene tahanan kang kalebokake ing luweng; bakal padha kalebokake ing pakunjaran lan bakal padha kaukum sawuse antara lawas. 23 Rembulan purnama bakal rumangsa isin, lan srengenge kang panase ngedab-edabi bakal nandhang wirang, amarga Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngasta paprentahan ana ing gunung Sion lan ing Yerusalem, sarta bakal ngatingalake kamulyane ana ing ngarepe para pinituwane umate. Ngunjukake panuwun marga mungsuh wus sirna 25:1-5 25 1 Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika ingkang dados Allah kawula; kawula badhe ngluhuraken Paduka, badhe ngrepekaken kidung panuwun kagem asma paduka; amargi kalayan setya lan santosa anggen Paduka sampun nindakaken rancangan paduka ingkang elok ingkang wontenipun sampun wiwit ing kina mila. 2 Awit kitha punika sampun Paduka dadosaken tumpukan sela, saha kitha-beteng punika dados jugrugan; purining bangsa manca sampun sanes kitha malih, lan boten badhe kabangun malih ing salaminipun. 3 Mila satunggaling bangsa ingkang santosa badhe ngluhuraken Paduka; kithaning para bangsa ingkang prakosa badhe ajrih-asih dhumateng Paduka. 4 Amargi Paduka dados papan pangungsenipun para tiyang ingkang sekeng, dados papan pangungsenipun tiyang miskin ing salebeting karupekanipun, dados pangayoman tumrap wontenipun prahara, dados pangeyuban manawi pinuju benter sumelet, awit kanepsonipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung punika kadosdene prahara ing mangsa asrep, 5 kados benter gumeplang ing papan garing. Gumederipun para tiyang ngamanca Paduka kendelaken; kadosdene benter sumelet ingkang kasirnakaken dening aubing mega, inggih makaten anggening kekidunganipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung sami kasirep. Kaslametaning para bangsa ing Sion 25:6-12 6 Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi ana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsa arupa olah-olahan kang gurih, bujana kang awujud anggur lawas, olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum, anggur lawas kang kasaring endheg- endhege. 7 Lan ana ing gunung kene Sang Yehuwah bakal nyuwek-nyuwek sandhangan bagor kang kaenggokake marang sakehing suku bangsa lan kemul kang dikemulake marang sakehing para bangsa. 8 Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono. 9 Ing wektu iku bakal ana wong kang celathu: “Iki sanyata Gusti Allah kita, kang kita anti-anti, supaya kita kaganjar slamet. Iya iki Sang Yehuwah kang kita anti-anti; ayo kita padha surak-surak lan suka-suka marga saka pangluwaran kang kaparingake” 10 Marga astane Pangeran Yehuwah bakal ngayomi gunung iki, nanging Moab bakal kaidak-idak ana ing panggonane dhewe, kayadene dami kang kaidak-idak ing luwang rereged. 11 Manawa Moab ngegarake tangane ana ing jerone kaya patrape wong nglangi kang ngegarake tangane supaya bisa nglangi, Sang Yehuwah banjur bakal ngesorake kumlungkunge dalasan sakehe pambudi-dayane. 12 Uwat-uwating tembokmu kang dhuwur bakal kaebrukake lan karubuhake, sarta kaglimpangake ing lemah lan lebu. Kidung pangalembana marga saka pangluwaran lan pangdilan kang kaparingake dening Gusti Allah 26:1-21 26 1 Ing wektu iku kekidungan iki bakal karepekake ana ing tanah Yehuda: “Kita kadunungan kutha kang santosa, kanggo nylametake kita Pangeran Yehuwah wus masang tembok lan beteng. 2 Gapurane padha wengakna, supaya lumebua bangsa kang bener lan kang tetep setya 3 Ingkang manahipun santosa Paduka paringi tentrem rahayu, amargi pitados dhumateng Paduka. 4 Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase, awit Sang Yehuwah Allah iku gunung parang kang langgeng. 5 Amarga Panjenengane kang wus ngesorake kang padha manggon ing papan kang dhuwur; kutha-beteng wus kaendhekake, diendhekake nganti tekan ing lemah banjur kaglimpangake ing lebu. 6 Wasana bakal kaidak-idak ing sikile para wong sangsara lan tlapakaning sikile para wong kang ringkih.” 7 Marginipun tiyang leres punika lurus, amargi Paduka ingkang miwiti nglencengaken marginipun. 8 Dhuh Yehuwah, kawula ugi sami ngantos-antos titimangsa anggen Paduka nindakaken pangadilan; kareman kawula sadaya punika nyebut asma Paduka saha ngenget-enget Paduka. 9 Kalayan gumolonging nyawa anggen kawula kangen dhumateng Paduka ing wanci dalu, ugi kalayan gumolonging manah anggen kawula ngupadosi Paduka ing wanci enjing; awit manawi Paduka rawuh ngadili bumi, ingkang manggen ing jagad sami badhe sinau kaleresan. 10 Saupami tiyang duraka kaparingan sih-palimirma, boten badhe sinau punapa ingkang leres; piyambakipun badhe nindakaken kaculikan wonten ing nagari ingkang migunakaken angger-angger, saha boten badhe ningali kamulyanipun Sang Yehuwah. 11 Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka 12 Dhuh Yehuwah, kawula sami Paduka cawisi tentrem rahayu, amargi samubarang ingkang kawula lampahi, sadaya sami Paduka tindakaken kangge kawula sadaya. 13 Dhuh Yehuwah, Allah kawula sadaya, bendara-bendara sanesipun nate ngwaosi kawula sadaya, nanging namung asma Paduka kemawon ingkang sami kawula suwuraken. 14 Tiyang-tiyang wau sampun sami pejah, boten sami badhe gesang malih, sampun sami dados arwah, boten badhe tangi malih; saestunipun sampun sami Paduka ukum saha Paduka sirnakaken, punapadene sadaya pangenget-enget dhateng tiyang-tiyang wau sampun Paduka icali. 15 Dhuh Yehuwah, bangsa punika sampun Paduka damel saya wewah-wewah, umating kamulyan Paduka sampun Paduka damel saya kathah; nagaranipun sampun Paduka wiyaraken sanget. 16 Dhuh Yehuwah, ing salebeting karubedan sami madosi Paduka; nalika bebendu Paduka tumempuh dhateng tiyang-tiyang wau, lajeng sami sesambat ing salebeting pandonga. 17 Kadosdene tiyang estri ingkang ngandheg ingkang sampun dumugi ing elekipun, lajeng ngolang-ngaling sakit, ngadhuh- adhuh margi nyakiti, inggih makaten punika kawontenan kawula sadaya ing suwaunipun wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah: 18 Kawula sami ngandheg,lajeng ngolang-aling sakit, nanging kados-kados kawula sami nglairaken angin, kawula sami boten saged ngawontenaken kawilujengan wonten ing bumi, saha ingkang manggen ing jagad boten lair. 19 Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih, mayitipun sami badhe tangi malih. He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah, tangia lan surak-suraka Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang, lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh. 20 He bangsaku, lumebua ing kamarmu, sawuse lumebu lawange kancingen ndhelika sadhela tumeka sapungkure bebendu. 21 Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemane arep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane, sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono, ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono. Israel kaluwaran 27:1-13 27 1 Ing nalika iku Pangeran Yehuwah bakal matrapi paukuman kalawan pedhange kang atos, gedhe lan kuwat marang Lewiatan, naga kang lumayu, marang Lewiatan, naga kang ngleker, sarta bakal mateni ula naga ing sagara. 2 Ing wektu iku bakal dikandhakake: “Ngrerepia bab kebon anggur kang endah 3 Ingsun, Yehuwah kang ngreksa; Ingsun kang tansah nyirami. Supaya aja ana wong kang ngrusuhi, rina wengi Sunjaga; 4 Ingsun wus ora duka. Manawa Ingsun nguningani piskucing lan suket, iku bakal Sunperangi lan bakal Sunobong bareng, 5 kajaba manawa banjur padha ngupaya pangayoman marang Ingsun tuwin ngudi rukun kalawan Ingsun, iya ngudi rukun kalawan Ingsun” 6 Ing dina-dina kang bakal kelakon, Yakub bakal metu oyode, Israel bakal ngrembaka lan metu trubusane sarta bakal ngebaki bumi kabeh kalawan pametune. 7 Apa Sang Yehuwah anggone nyirnakake umate kaya anggone nyirnakake wong kang nyirnakake umat mau? Utawa apa anggone mateni umate kaya anggone mateni wong kang mateni umate mau? 8 Paduka sampun nglawan tiyang-tiyang wau, sami Paduka kesahaken saha Paduka tundhung. Wus padha kasingkirake kalawan angine kang santer ing wektu angin wetan. 9 Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan, lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake: banjur gawe sakehe watuning misbyah kayadene watu gamping kang kapecah- pecah, satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg. 10 Amarga kutha-beteng iku dununge mencil, sawijining papan panggonan kang disuwungake lan ditinggal kayadene ara-ara samun; pedhet bakal nyenggut lan mlegung ana ing kono sarta ngentekake pang-panging wit-witan. 11 Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali; nuli kaobong dening para wong wadon kang pdha teka. Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi, yaiku kang njalari ora kaparingan palimirma dening kang nitahake lan ora kinasihan dening kang mangun. 12 Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal nindakake pangrontogan wiwit saka ing bengawan Efrat nganti tekan ing kali Mesir, sarta kowe kabeh bakal padha dikumpulake siji-siji, he wong Israel 13 Ing nalika iku kasalangka kang gedhe bakal diunekake, lan kang ilang ana ing tanah Asyur bakal padha teka mangkono uga kang kabuwang menyang ing tanah Mesir prelu padha sujud nyembah marang Pangeran Yehuwah ana ing gunung kang suci, ing Yerusalem. YERUSALEM KARUPEKAN LAN PETHAL BAB 28-35 Pamedhar wangsit tumrap Samaria 28:1-6 28 1 Bilai makuthane kamulyane para kang seneng mendem ing Efraim, kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah -- yaiku kutha kang dumunung ana ing dhuwur, ana ing gunung, ing lembah kang subur kang kebak wong kang seneng ngombe anggur kang wus padha mumet -- 2 Lah Pangeran kagungan sawijining wong kang rosa lan santosa, wong kang kaya prahara kaworan udan krikil, yaiku prahara kang ngrerusak wong kang kaya prahara kaworan udan kang ngedab-edabi lan ngelekake; wong-wong mau bakal kakeplekake ing bumi kalawan rosa. 3 Makuthane kamulyaning para wong Efraim kang seneng mendem iku bakal kaidak-idak, 4 lan kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah iku -- yaiku kutha kang ana ing dhuwur gunung, ing lebak kang subur -- iku kaanane bakal kaya woh anjir kang mateng sadurunge mangsa ketiga: lagi bae kasumurupan ing wong banjur kapethik lan kaemplok. 5 Ing wektu iku Pangeran Yehwuah Gustining sarwa tumitah baka jumeneng dadi makuthaning kaendahan, lan rerengganing sirahkang endah tumrap kakarene umate, 6 bakal jumeneng dadi rohing kaadilan tumrap wong kang lungguh nindakake pangadilan, lan dadi rohing kaprawiran tumrap wong kang ngundurake perang nganti tekan ing gapura. Tumrap panggedhening Yerusalem 28:7-22 7 Nanging sanadyan wong-wong ing kene iya padha mumet marga saka anggur lan ngelu marga saka arak Imam utawa Nabi mumet marga saka arak, bingung marga saka anggur; padha mumet marga saka arak, mumet nalika weruh wahyu, sempoyongan nalika aweh putusan. 8 Lah mejane kabeh kebak utah-utahan lan rereged, temahan ora ana kang resik maneh. 9 Wong banjur celathu: “Sapa sing arep diwulang bab kawruhe lan sapa sing bakal diwenehi katrangan bab wahyu-wahyune? Kaya-kaya bocah sapihan anyar kang lagi kabethot saka susu 10 Sabab kudu iki kudu iku, kudu mangkene kudu mangkono, wuwuh iki, wuwuh iku” 11 Lah lumantar para wong kang kedaling celathune aneh lan lumantar para wong kang migunakake basa manca Panjenengane bakal paring pangandika marang bangsa mau, 12 Panjenengane kang wus ngandikani mangkene: “Yaiki papan palerenan, sira menehana papan kanggo ngaso marang wong kang kesayahen; iku papan kanggo ngaso” Nanging padha ora gelem ngrungokake. 13 Mulane bakal padha ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Kudu iki, kudu iku, kudu mangkene, kudu mangkono, wuwuh iki, wuwuh iku” supaya sajrone lumaku banjur padha tiba kelumah, satemah tatu, kecekel lan ketawan. 14 Mulane rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para wong kang padha seneng nenacad, he para wong kang mrentah rakyat kang ana ing Yerusalem iki 15 Ing sarehne kowe wus padha ngucap: “Aku wus padha nganakake prajanjian karo pati, lan karo jagading pati aku wus padha nganakake pasarujukan; sanadyan cemethi acethar-cether seru, ora bakal ngenani aku kabeh; amarga si goroh wus padha dakdadekake pangayomanku, sarta aku padha asingidan ana ing doracara,” 16 mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah Ingsun mrenahake ana ing Sion sawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales, watu pepojok kang larang, tetales kang santosa: sing sapa pracaya, ora bakal goreh 17 Lan kaadilan bakal Sundadosake tali ukuran, sarta kabeneran Sundadekake tali panyipat; udan watu bakal nyirnakake pangayoman goroh, tuwin banyu gedhe bakal nglarudake pandhelikan.” 18 Prajanjianmu kalawan pati bakal kasuwak, lan pasarujukanmu kalawan jagading wong mati ora bakal terus tumindak; manawa cemethi acethar-cether seru, kowe bakal padha remuk kaidak-idak. 19 Kaping pira bae anggonira teka, kowe bakal padha kaseret, sabab iku bakal teka saben esuk, ing wektu awan lan ing wektu bengi; sarta mangreti marang pangandika kang dirungu iku ateges mung pagiris thok. 20 Sabab paturon bakal kurang dawa manawa kanggo turu slonjor lan kemule bakal kurang amba kanggo ngemuli awak. 21 Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim, tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon, sarta bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku; lan bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku 22 Mulane kowe aja padha nenacad, supaya talining bebandanmu aja saya kenceng, awit aku krungu bab karusakan kang wus tinamtokake kang pinangkane saka Pangeran Gusti Allah ing sarwa tumitah kang bakal tumempuh marang saindenging nagara iku. Kawicaksanane Sang Yehuwah 28:23-29 23 Tilingna lan rungokna swaraku; gatekna lan rungokna tembungku 24 Apa saben dina wong iku anggone mluku, maculi lan nggaru tanahe kang bakal disebari wiji? 25 Apa ora sawise tanahe karata, anggone ngratakake jinten ireng lan nyebar jinten putih, nguluri gandum juwawut lan sair sarta wiji kusemet ana ing pinggire? 26 Bab adat pakulinan wus kaparingan piwulang, lan pituduh dening Allahe. 27 Amarga jinten ireng ora karontogake nganggo piranti pangrontogan, lan rodhaning grobag ora kanggo nggiles jinten putih, nanging jinten ireng karontogan kanthi patrap digedhig kalawan watang, lan jinten putih kalawan gebug. 28 Apa wong anggone ngrontogi iku gandume digebugi nganti ajur? Mesthi ora, ora terus bae digebugi nganti ajur Lan sanadyan wong nglakokake ing dhuwure gandum mau jantrane grobag kalawan jarane, nanging anggone nggiles ora bakal nganti ajur. 29 Sarta iki pinangkane uga saka Sang Yehuwah Gustining sakehe dumadi; pepesthene iku elok lan gedhe kawicaksanane. Yerusalem kakepung nanging banjur kaluwaran 29:1-8 29 1 Bilai Ariel, Ariel, kutha papan pakemahane Dawud Tuan gumanti taun riyaya cikben terus-terusan dianakake. 2 Ingsun bakal damel rupeking Ariel, satemah wong padha sesambat lan ngadhuh-adhuh, lan kutha iku bakal kaya prapen tumrap Ingsun. 3 Ingsun bakal kekemah ana ing sakehing keblat ngepung sira, lan damel panggung-panggung pajagan kanggo mepetake sira, apadene bakal ngedegake pager-pager kanggo ngepung sira. 4 Ing kono sira bakal ngesorake awakira lan sira banjur nywara saka sajroning bumi, tembung-tembungira keprungu lamat- lamat saka ing sajroning lebu; swaranira unine bakal kaya swaraning arwah saka ing sajroning lemah, tuwin tembung-tembungira bakal keprungu kayadene bisik-bisik saka ing sajroning lebu. 5 Nanging sakehe wadya-balane mungsuhira bakal sirna ilang kaya awu kang lembut, lan sakehe wong kang prakosa gumunggung bakal dadi kaya mrambut kang mawut kabur. Amarga dumadakan ing sakedhep netra, 6 sira bakal ndeleng rawuhe Sang Yehuwah Gustine sakehing tumitah kang sinartan ing gludhug, lindhu lan swara kang ngedab-edabi, sinartan ing lesus lan prahara lan sinartan ing geni kang memangsa nganti gusis. 7 Sakehing wadya-balane para bangsa kang perang nglawan Ariel, lan sakehe wong kang merangi kutha iku dalah baluwartine tuwin para wong kang ngrupeki bakal kaya impen lan kaya wahyu ing wanci bengi; 8 kayadene wong luwe kang ngimpi lagi mangan, bareng tangi wetenge isih kothong, utawa kayadene wong ngelak kang ngimpi lagi ngombe, bareng tangi nyatane isih sayah, gorokane isih ngelak, kaya mangkono bakal kadadeane sakehe wadya-balane para bangsa kang perang nglawan gunung Sion. Bangsa kang wuta 29:9-16 9 padha gumun kalawan kebak kaeraman, mripatmu cikben merem lan wuta Padha mendema, nanging ora marga saka anggur, padha mumeta, nanging ora marga saka arak 10 Awit Pangeran Yehuwah wus ndadekake kowe padha turu kepati; mripatmu -- yaiku para nabi -- wus kaeremake lan raimu -- yaiku para wong sidik -- wus dikrudhuki. 11 Tumrap kowe kabeh wangsit iku mau kabeh kayadene isining buku kang disegel, manawa iku kawenehake marang wong kang bisa maca kalawan dikandhani: “Iku wacanen,” wong mau bakal mangsuli: “Aku ora bisa maca, awit buku iku kasegel,” 12 lan manawa buku iku kawenehake marang wong kang ora bisa maca kalawan dikandhani: “Iki wacanen,” wong iku bakal mangsuli: “Aku ora bisa maca.” 13 Sarta Pangeran wus ngandika mangkene: “Ing sarehne bangsa iki sowan kalawan cangkeme lan ngluhurake Ingsun kalawan lambene, mangka atine ngedohi Ingsun, tuwin anggone ngabekti marang Ingsun iku mung marga saka prentahing manungsa kang diapalake, 14 mulane lah Ingsun bakal nandukake bab-bab kang elok marang bangsa iki, kaelokan kang ngedab-edabi; kawicaksanane para wonge kang wicaksana bakal ilang, tuwin kapinterane para wonge kang pinter bakal ndhelik.” 15 Bilai wong kang ndhelikake rancangane kalawan primpen ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kang panggawe-panggawene dilakoni ana ing pepeteng kalawan ngucap: “Sapa kang sumurup kita lan sapa kang niteni kita?” 16 Kapriye ta dene kowe kok padha mbolak-mbalikake samubarang kabeh? Apa lempung iki kena dianggep padha karo kundhi, satemah kang digawe bisa pratela bab kang gawe: “Dudu wong iku kang gawe aku,” lan apa kang diwangun bisa ngandhakake bab kang mangun: “Wong iku ora ngreti apa-apa?” Kaslametan sawise katindhes 29:17-24 17 Rak mung kurang sadhela, anggone Libanon bakal salin dadi kebon wowohan, lan kebn wowohan bakal kaanggep alas? 18 Ing wektu iku para wong budheg bakal padha krungu tetembungan- tetembungan saka ing sawijining kitab, lan marga saka wus luwar saka ing kalimengan tuwin pepeteng mripate para wong wuta bakal ndeleng. 19 Para wong kang nandhang sangsara ana ing Pangeran Yehuwah bakal saya banget anggone asuka-suka, lan para wong miskin kang ana ing satengahe para manungsa bakal asurak-surak awit saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel 20 Sabab wong kang santosa-gumunggung bakal ora ana lan tukang memecok bakal sirna, sarta sakehe wong kang duwe kekarepan ala bakal kamusnakake, 21 yaiku para wong kang anggere bae ngarani wong liya nindakake kaluputan ana ing sawijining prakara, kang masangi kala jiret marang wong kang srengen ana ing gapura, sarta kang ngono-ngono wong bener awewaton kang ora-ora. 22 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para tedhake Rama Yakub, yaiku kang wus ngluwari Rama Abraham: “Wiwit saiki Yakub ora bakal kawirangan maneh lan raine ora bakal pucet maneh. 23 Sabab nalika wong-wong mau, yaiku turune Yakub, padha ndeleng apa kang katindakake dening astaningSun ana ing satengahe, banjur bakal padha nucekake asmaningSun; bakal padha nucekake Kang Suci, Gusti Allahe Yakub, lan bakal padha gumeter ana ing ngarsane Gusti Allahe Israel; 24 para wong kang pikirane kesasar, bakal padha oleh pangreten, lan para wong kang grundelan bakal padha tampa piwulang.” Dudu Mesir nanging Pangeran Yehuwah kang paring pitulungan 30:1-17 30 1 Bilai anak-anak kang mbalela, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- kang padha nindakake rancangan kang ora saka Ingsun, kang lumebu ing pasarujukan, kang ora marga saka karsaning RohingSun, satemah dosane saya wuwuh-wuwuh, 2 kang mangkat menyang ing tanah Mesir, ora kalawan nyuwun putusaningSun, sumedya ngayom marang Pringon lan ngungsi marang ing pangaubaning Mesir. 3 Nanging pangayomane Pringon bakal gawe wirangira kabeh, lan ngungsi ing pangaubaning Mesir bakal ndadekake isinira kabeh. 4 Amarga sanadyan para panggedhe Yerusalem wus padha ana ing Zoan, lan para utusane wus padha tekan ing Hanes, 5 iku kabeh bakal kawirangan amarga bangsa iku ora bisa nguntungake, lan ora bisa aweh pitulungan sarta ora maedahi; nanging mung gawe wirang, malah banjur dadi lan kanisthane. 6 Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb. Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara, papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggero papaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur, wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi, lan barang darbeke ign punuking unta, arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan, 7 yaiku Mesir kang aweh pitulungan kang ora migunani lan tanpa paedah; mulane iku Sunjenengake: “Rahab kang dianggurake.” 8 Mulane saiki, sira mangkata, bab iku tulisen ing papan ana ing ngarepe mripate, lan sira cathetana ing kitab, supaya dadi paseksen kanggo ing mbesuk, nganti ing salawas-lawase. 9 Awit iku sawijining bangsa kang mbalela, anak kang padha seneng goroh anak kang padha sungkan ngrungokake marang piwulange Pangeran Yehuwah, 10 kang padha celathu marang para wong sidik: “Aja mawas,” lan marang para nabi: “Aja medharake wangsit kang nyata, nanging kandhakna marang aku kabeh bab-bab kang nyenengake, wedharna wangsit othak-athikan, 11 padha sumingkira saka ing dalan metua ing dalan liyane, aku aja padha kokridhu kalawan Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.” 12 Mulane mangkene pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Sarehne sira padha nampik pangandika iki, lan masrahake awakira marang para wong kang meres lan laku ngiwa sarta sumendhe marang wong-wong iku, 13 mulane dosa iki tumrap sira kabeh bakal kaya gempalan tembok kang arep tiba, kang mongol metu ing tembok kang dhuwur, kang bakal ambruk kalawan dadakan ing sakedhep netra, 14 bakal remuk kaya klenthinge kundhi, kang kabanting tanpa dieman, nganti ing antarane remukane ora ana wingka siji bae kang kena dianggo golek geni ing bedhiyang utawa kanggo nyidhuk banyu ing bak.” 15 Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Sarana mratobat lan sumarah sira bakal padha kaparingan slamet; kakuwatanira iku dumunung ana ing ayem lan kumandel.” Nanging sira padha ora gelem, 16 sira padhangucap: “Ora, aku arep padha nunggang jaran kang dakplayokake rikat,” mulane sira bakal padha lumayu lan sirna. Sira uga padha celathu: “Aku arep padha nunggang jaran kang cukat,” mulane kang ngoyak sira bakal ngluwihi cukate. 17 ana wong sewu kang bakal lumayu marga sumurup ancamaning wong siji, sira kabeh bakal lumayu marga saka ancamaning wong lima, nganti sira kang padha tininggal kaya pal tetengger ing pucaking gunung lan kaya gendera ing dhuwur tetengger. Janji bakal paring kaslametan marang Sion 30:18-26 18 Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh; mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil; rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane 19 He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng panjeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan. 20 Lan sanadyan Pangeran maringi roti tuwin banyu sarwa sathithik, nanging Pamulangmu ora bakal singidan maneh, nanging mripatmu bakal tansah ndeleng Panjenengane, 21 sarta kupingmu bakal krungu saka ing burimu pitembungan mangkene: “Iki dalane, lumakua ing kene,” embuh kowe lumaku manengen apa mangiwa. 22 Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira” 23 Pangeran Yehuwah bakal banjur paring udan marang wiji kang lagi bae koksebar ing pategalanmu, lan kowe bakal mangan roti kang enak lan akeh banget saka ing pametune tanah iki. Ing wektu iku raja-kayamu bakal nyenggut ing ara-ara kang jembar; 24 sapi-sapi lan kuldi-kuldi kang kanggo nggarap tanah bakal mangan pakan campuran kang enak, kang wus ditapeni lan diayak. 25 Saben gunung kang dhuwur lan saben tengger kang munggul bakal ana kali-kaline kang mili, yaiku ing dina patumpesan kang gedhe, samangsa menara-menara padha rubuh. 26 Padhanging rembulan purnama banjur bakal kaya padhanging srengenge kang sumorot sumelet, tuwin padhanging srengenge kang sumelet iku banjur bakal tikel kaping pitu, yaiku kaya padhange pitung dina, samangsa Sang Yehuwah mblebed tatune umate sarta nyarasake tilase kagebugan. Paukumane Gusti Allah marang Asyur 30:27-33 27 Pangeran Yehuwah rawuh ngatingal saka ing padalemane kang adoh -- bebendune mulad-mulad, rawuhe ana ing sajrone mega peteng kang gembuleng-gembuleng, lathine kebak deduka, lan lidhahe kaya geni kang memangsa nganti gusis; 28 wedaling napase kaya kali kang ngelekake, kang banyune nganti sagulu -- Rawuhe arep ngayaki bangsa-bangsa kalawan ayaking karusakan tuwin arep masang kendhali panasaran ing cangkeme para suku bangsa. 29 Kowe bakal padha ngrepekake kekidungan kaya ing wektu bengi nalika wong sesuci ngarepake riaya, sarta kowe bakal padha seneng-seneng kaya manawa wong lumaku digameli ing suling arep munggah ing gununge Sang Yehuwah, ing Gunung-Parange Israel. 30 Lan Pangeran Yehuwah bakal ngedalake swarane kang mulya, bakal ngatingalake astane kang nempuh kalawan bebendu kang ngedab-edabi sarta kalawan geni kang memangsa nganti gusis, tuwin kalawan udan deres, prahara lan udan krikil. 31 Sabab Asyur bakal kaget krungu swaraning Yehuwah, yaiku nalika padha kapupuh kalawan gada. 32 Amarga saben gebugan kalawan teken kang kagem ngrangket kang kagebagake dening Pangeran marang wong-wong mau, bakal kairing ing swaraning trebang lan clempung, sarta Panjenengane bakal merangi Asyur, kalawan asta kang kaacungake marang ing peperangan. 33 Sabab papaning pangobongan wus katata wiwit ing biyen -- iku rak kanggo raja -- dhasare kagawe jero lan amba, pancakane kebak geni lan kayu; napasing Yehuwah nggesengake kaya kali walirang. Amung Gusti Allah kang paring pitulungan ora ana liyane maneh 31:1-9 31 1 Bilai para wong kang lunga menyang ing tanah Mesir njaluk tulung, kang ngandelake marang jaran, kang pracaya marang kretane kang akeh banget, lan marang bala jaranan kang cacahe akeh banget, nanging ora tumenga marng Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan ora nggoleki Pangeran Yehuwah. 2 Nanging panjenengane kang wicaksana iku bakal ndhatengake bilai, tuwin ora nyelet pangandikane; Panjenengane bakal tumandang nglawan marang jinis duraka, sarta nglawan marang wadya-bala bantuane para wong kang ambek siya. 3 Amarga wong Mesir iku manungsa, dudu Allah, lan jaran-jarane iku makhluk kang ringkih, dudu roh kang kadunungan pangwasa. Manawa Pangeran Yehuwah ngacungake astane, kang mbiyantu banjur keplesed lan kang dibiyantu nuli tiba, sarta kabeh tumuli padha tiwas bebarengan. 4 Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku: “kayadene singa utawa singa enom kang gereng-gereng ngukuhi memangsane, lan ora kaget krungu gembar-gembore pangon sagolongan kang dikumpulake arep nglawan, sarta ora mundur dening ramene, iya mangkono bakal tumedhake Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi lan banjur perang ngekahi gunung Sion lan tenggere. 5 Kayadene manuk kang mabur kekablak, ngayomi susuhe, iya mangkono anggone Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngayomi Yerusalem, ngayomi lan paring pangluwaran, rumeksa lan ngedohi bilai.” 6 He wong Israel, padha mratobata marang Panjenengane, kang wus koktinggal nganti adoh 7 Lah ing dina iku sawiji-wijining panunggalanmu bakal mbuwangi brahala- brahalane salaka lan brahala-brahalaning emas kang digawe dening tanganmu dhewe kalawan kebak dosa. 8 Asyur bakal ambruk dening pedhang, nanging dudu pedhanging wong, lan bakal kamangsa dening pedhang nganti gusis, nanging dudu pedhanging manungsa, sarta bakal keplayu nyingkiri pedhang, tuwin wonge nom-noman bakal padha dadi kuli wajib. 9 Kang ngayomi bakal sirna marga saka giris, sarta panggedhening perang bakal kaget banjur lumayu ninggal genderane, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah kang kagungan geni ana ing Sion lan pawon ana ing Yerusalem. Ratu kang adil 32:1-8 32 1 Lah bakal ana ratu kang ngasta paprentahan kalawan adil, apadene para pemimpin bakal mimpin kalawan jujur, 2 tuwin sawiji-wijine bakal kayadene papan pangauban samangsa ana angin sarta papan pangayoman samangsa ana prahara, kayadene ilen-ilen banyu ing papan kang garing, kayadene aube watu kang gedhe ing tanah kang ngenthak-enthak. 3 Mripate wong kang padha ndeleng bakal ora diremake maneh, lan kupinge wong kang padha krungu bakal nggatekake. 4 Atine wong kang kurang pikiran bakal bisa nenimbang, sarta ilate wong kang groyok bakal bisa celathu cetha. 5 Wong gemblung ora bakal kaaranan maneh wong kang abudi luhur, lan wong culika ora bakal diarani wong luhur. 6 Sabab wong gemblung bakal mratelakake gemblunge, tuwin atine ngrancang prakara kang ala, yaiku sumedya murtad sarta ngandhakake bab kang nasarake tumrap Pangeran Yehuwah, ora mreduli marang kothonging wetenge wong keluwen lan marang wong kang ngelak butuh ngombe. 7 Wong culika iku akal-akale ala, kang dirancang panggawe kang nistha kanggo gawe cilakane wong sangsara kalawan tembung-tembunge kang goroh, sanadyan wong miskin iku mbelani hake. 8 Nanging wong kang luhur budine iku ngrancang bab-bab kang luhur, lan tansah tumindak mangkono. Pepenget marang para wong wadon ing Yerusalem 32:9-20 9 He para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem, padha tangia, rungokna swaraku, he para bocah wadon kang padha urip kanthi ayem, padha gatekna tembungku 10 Ing sajroning sataun punjul kowe bakal padha gumeter, he para wong kang padha urip kanthi tentrem, amarga panene woh anggur wus entek rusak, lan panen wowohan liyane uga ora ana. 11 Padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi ayem, padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem, selehna lan cucula sandhanganmu, padha manganggoa bagor ing lambungmu 12 Padha tangisana pategalanmu kang endah, tuwin witmu anggur kang tansah mbiyet wohe, 13 padha tangisana tanahe bangsaku kang kathukulan grumbul eri lan piskucing, malah uga sakehe omahmu, panggonan kang kanggo bungah-bungah ing kutha kang kebak kasenengan. 14 Awit purimu wus kasuwungake lan ramening kuthamu wus malih dadi sepi. Tenggere lan panggunge wus dadi tanah rata ing salawas-lawase, dadi papaning kabungahan kuldi alas sarta pangonaning pepanthan kewan. 15 Nganti kita padha kaesokan ing Roh saka ing dhuwur; pasamunan banjur dadi kebon wowohan, tuwin kebon wowohan iku bakal kaanggep alas. 16 Ing pasamunan bakal tansah ana kaadilan lan ing kebon wowohan bakal tetep ana kabeneran. 17 Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu, mangka wahananing kabeneran iku kaayeman lan katentreman kanggo ing salawas- lawase. 18 Bangsaku bakal manggon ing papaning karukunan, ing papan panggonan kang tentrem ing papan palerenan kang slamet. 19 Alas bakal rusak babar pisan tuwin kutha bakal kaesorake kang banget. 20 Rahayu kowe kang padha bisa nyebar ing sakehing panggonan kang ana banyune, kang bisa ngeculake sapine lan kuldine menyang ing ngendi-endi Pangeran Yehuwah iku kang mitulungi Sion lan kang jumeneng dadi ratune 33:1-24 33 1 Bilai kowe, he tukang ngrusak kang ora karusak dhewe, lan kowe, he tukang nggarong kang ora digarong dhewe Samangsa wus rampung anggonmu ngrerusak, kowe dhewe bakal karusak; samangsa wus rampung anggonmu nggarong, kowe dhewe bakal digarong. 2 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sami paduka welasi, Paduka ingkang sami kawula antos-antos Paduka mugi karsaa ngayomi kawula sadaya ing saben enjing kalayan asta Paduka, malah kawula mugi sami kaparingan wilujeng ing salebetipun nandhang karupekan 3 Rikala mireng gumuruhing swara nalika Paduka jumeneng, para bangsa sami lumajeng tuwin para suku bangsa sami buyar. 4 Wong banjur padha nglumpukake jarahan kayadene walang kang srakah kang mangan pakane; padha ngebyuk kaya panempuhing walang gegrombolan. 5 Pangeran Yehuwah iku dhuwur aluhur, awit akadhaton ing ngaluhur; Sion kagawe kebak kaadilan lan kabeneran. 6 Jaman tentrem bakal nekani kowe; kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh; wedi-asih marang Sang Yehuwah, iku kang dadi raja branane Sion. 7 Delengen, wong-wong Ariel padha sesambat ana ing dedalan, para utusan kang ngupaya karukunan padha nangis kepati. 8 Lurung-lurung dadi sepi tuwin wong ora ana siji bae kang lumaku ing dalan. Prajanjian wus diselaki, para seksi wus padha katampik, tuwin manungsa ora digubres. 9 Nagara susah lan aclum; Libanon kisinan lan ambruk mati; Saron wus kaya ara-ara, Basan lan Karmel padha brindhil. 10 Saiki Ingsun bakal jumeneng -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- saiki Ingsun bakal gumregah jumeneng, saiki Ingsun bakal jumeneng jejeg 11 Sira padha ngetengake suket aking, lan bakal manak damen; kanepsonira kaya geni kang mangsa sira dhewe. 12 Para bangsa bakal padha diobong dadi gamping tuwin bakal kaobong ing geni kaya rerungkudan eri kang dibabadi. 13 He para wong kang adoh, padha rungokna pawarta bab apa kang wus Suntindakake, he para wong kang cedhak, padha nyumurupana prakosaningSun 14 Para wong dosa ing Sion padha kaget, para wong murtad padha kalimputan ing rasa geter. Iku padha ngucap: “Panunggalan kita sapa ta kang bisa betah manggon ing jero geni kang ngentek-ngentekake iki? Panunggalan kita sapa kang betah manggon ana ing jero pawon geni kang langgeng iki?” 15 Wong kang urip ing sajroning kabeneran, kang tembung-tembunge jujur, kang nampik kauntungan, wohing pameresan, kang ngipatake tangane supaya aja nampani besel, kang nutupi kupinge supaya aja krungu rancangan bab ngwutuhake getih, kang ngeremake mripate, supaya aja sumurup piala, 16 iku kayadene wong kang manggon kalawan tentrem ana ing papan-papan kang dhuwur, betenge iku beteng kang ana ing gunung parang; roti dicawisi, banyu ngombe disadhiyani. 17 Sira bakal ndeleng ratu ing sajroning kamulyane, bakal sumurup nagara kang amba banget. 18 Ing sajroning atinira sira bakal mikir marang pagiris kang uwis-uwis: “Apa wus ora ana juru petung, apa wus ora ana juru timbang, lan apa wus ora ana wong kang ngetung menara?” 19 Sira ora bakal ndeleng maneh bangsa kang ora tata iku, bangsa kang pacelathone ora cetha, dadi ora mangretekake, kang wicarane groyok, dadi ora ana wong kang bisa ngreti. 20 Padha mawasa Sion, kuthaning pahargyan kita Mripatira bakal ndeleng Yerusalem, papan panggonan kang tentrem, tarub kang ora kaelih-elih, kang pathoke ora bakal kabedhol ing salawase, lan kang dhadhunge ora bakal pedhot. 21 Ana ing kono kita bakal sumurup sapira gedhening kamulyane Pangeran Yehuwah Gusti kita: kayadene panggonan kang kebak kali lan ilen-ilen kang amba; iku ora bakal kaliwatan prau dihayungan, lan prau kapal gedhe ora bakal nyabrang ing kono. 22 Sabab Pangeran Yehuwah iku Hakim kita, Pangeran Yehuwah iku kang paring angger-angger marang kita; Pangeran Yehuwah iku kang jumeneng dadi Ratu kita, Panjenengane bakal ngluwari kita. 23 Dhadhung-dhadhungira wus padha kendho, ora kena kanggo naleni tiyanging layar nganti kenceng ana ing papane, ora kena kanggo menthang layar. Ing wektu iku wong bakal ngedum-edum jarahan kang akeh banget, tuwin wong lumpuh bakal padha ngrayah jarahan. 24 Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: “Aku lara,” lan sakehe wong kang manggon ing kono bakal kaparingan pangapura tumrap kaluputane. Paukuman marang para bangsa, Edom kalebu uga 34:1-17 34 1 He para bangsa, padha nyedhaka lan ngrungokna, lan padha nggatekna, he para suku bangsa Bumi dalah saisine kabeh prayoga padha krungu, uga jagad lan kabeh kang tuwuh saka ing kono. 2 Sabab Sang Yehuwah duka marang sakehing bangsa, lan benter ing panggalih marga saka wadya-balane; iku wus padha kadhewekake bakal katumpes lan kapasrahake supaya padha disembeleh. 3 Wong kang mati dipateni bakal kabuwang, lan bathange bakal padha mambu blarongan; gunung-gunung bakal padha kabanjiran getihe. 4 Sakehe wadya-bala ing langit bakal tumpes, tuwin langit bakal kagulung kaya layang gulungan, kabeh wadya-balane bakal gugur kaya godhong kang padha gogrog saka ing wit anggur, lan kaya gogroge godhong anjir. 5 Sabab pedhangingSun kang ana ing langit wus ngamuk, delengen, iku wus tumurun ngakimi Edom, bangsa kang wus Sunpiyambakake supaya katumpes. 6 Pangeran Yehuwah kagungan pedhang kang kuthah getih lan gupak gajih akeh banget, yaiku getihe cempe-cempe lan wedhus- wedhus lanang tuwin gajihe ginjeling wedhus-wedhus gembel lanang. Awit Sang Yehuwah nganakake kurban sembelehan ana ing Bozra lan pasembelehan gedhe ana ing tanah Edom. 7 Bantheng-bantheng bakal padha ambruk mati bebarengan karo wedhus gembel lan wedhus liyane mau, lan sapi-sapi lanang kang enom bebarengan karo sapi-sapi lanang kang prakosa, nagarane bakal warata karesepan ing getih, sarta tanahe kebak gajih. 8 Awit Pangeran Yehuwah ndhatengake dina tumibaning piwales lan taun anggone ndhawahake paukuman marga saka prakarane Sion. 9 Kali-kaline Edom bakal malih dadi kali latung, tuwin lemahe dadi walirang; nagarane bakal dadi latung kang murub makantar-kantar. 10 Rina wengi ora bakal mati-mati, kukuse kumelun salawas-lawase. Nagara iku bakal dadi jugrugan turun- tumurun, tuwin sabanjure ora bakal ana wong kang liwat ing kono. 11 Banyak gondhok lan landhak kang bakal manggon ing kono. manuk beluk lan gagak bakal dumunung ana ing kono. Pangeran Yehuwah bakal ndadosake worsuh nagara iku sarta kadadosake suwung ngetrepi rancangane. 12 Jim-jim bakal manggon ana ing kono, lan para panggedhe bakal wus ora ana maneh; wus ora ana maneh kang bakal kajumenengake dadi ratu ing kono, tuwin sakehe panggedhene wus padha sirna. 13 Eri bebondhotan bakal thukul ing puri-purine, lan suket saarta piskucing ana ing beteng-betenge, satemah dadi papan padununganing asu ajag, tuwin dadi panggonaning manuk unta. 14 Kewan pasamunan bakal padha pethukan karo asu alas, sarta jim bakal tetemonan karo kancane ana ing kono; memedi bakal ana ing kono tuwin bakal oleh papan panggonan. 15 Ula wit-witan padha nusuh lan ngendhog ana ing kono tuwin angrem nganti edhoge padha netes; manuk beri padha krompolan ana ing kono, padha jodhon-jodhon. 16 Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen; makhluk-makhluk iku mau kabeh siji bae ora ana kang ora ana, ora ana kang kelangan kancane; amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah, sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh. 17 Panjenengane piyambak wus mbucal undhi lan mbage-mbage nagara iku marang para makhluk mau kalawan tali ukuran; makhluk-makhluk mau bakal manggon ing kono nganti ing salawas-lawase lan ana ing kono turun-tumurun. Karahayon tumrap para umate Pangeran Yehuwah 35:1-10 35 1 Ara-ara samun lan palemahan mati bakal padha bungah, pasamunan bakal surak-surak lan metokake kembang; 2 bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar, bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak. Bakal kaparingan kamulyaning Libanon kaluhuraning Karmel lan Saron; bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah, kaluhuraning Allah kita. 3 Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatna lan dhengkul kang theklok pada santosakna. 4 Kandhaa marang para wong kang kuwatir atine: “Sing padha tatag, aja padha wedi Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwales lan ganjaraning Allah. Panjenengane piyambak kang rawuh arep nguwalake kowe kabeh.” 5 Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake, lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak. 6 Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan, tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak; amarga ara-ara samun bakal metokake sumber, sarta pasamunan bakal ana kaline; 7 tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang, lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber; papan pandhodhotaning asu ajag bakal kathukulan tebu lan pandhan. 8 Ing kono bakal ana lurunge, kang bakal kaaranan Dalan Suci; wong kang najis ora bakal liwat ing kono sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono. 9 Ing kono bakal ora ana singane, kewan galak ora bakal saba mrono tuwin ora bakal tinemu ana ing kono; mung para wong kang wus padha kaluwaran kang bakal padha lumaku ing kono, 10 lan para wong kang wus kauwalan dening Pangeran Yehuwah kang bakal padha mulih tuwin lumebu ing Sion kalawan surak-surak, kanthi kapenuhan ing kabungahan kang langgeng; bakal padha kebak ing kasenengan la sukarena, kasusahan lan pasambat bakal padha ngedoh. NABI YESAYA ING SAJRONE JAMANE SANG PRABU HIZKIA BAB 36-39 Yerusalem kakepung dening Sang Prabu Sanherib 36:1-22 2Ra 18:13-37 2Bb 32:1-19 36 1 Ing taun kang kaping patbelas ing jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing nagara Asyur rawuh lan nempuh kutha-kuthane beteng nagara Yehuda, kang banjur padha kena karebat. 2 Ratu ing Asyur mau nuli ngutus priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis menyang ing Yerusalem sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia kinanthenan wadya-bala gedhe. Priyagung iku nuli kendel ana ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu. 3 Ing kono Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, hartaka nagara, padha medali manggihi priyagung juru pangunjukan mau. 4 Priyagung juru pangunjukan banjur ngandika: “Panjenengan sami kula aturi munjuk dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun nata-agung, ratu ing Asyur: Pangandel apa ta kang sira gondheli iki? 5 Pangiranira mung pangucaping lambe bae wus bisa dadi rancangan lan kakuwataning perang Saiki, sira mbalela marang ingsun iku, sapa kang sira tenga-tenga? 6 Kang sira tenga-tenga iku sanyatane teken pring kang wus pepes tumungkul, yaiku Mesir kang bakal nyubles lan nembus tangane wong kang teteken iku. Kaya mangkono iku kaanane Pringon, ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang ngandelake dheweke. 7 Lan manawa sira matur marang ingsun: Ingkang sami kawula andelaken punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake dening Hizkia kalawan pratela marang Yehuda lan Yerusalem: Sira kabeh kudu sujud lan nyembah ing ngarepe misbyah iki 8 Milanipun sapunika sumangga sami kula aturi totohan kaliyan gusti kula, ratu ing Asyur: Kula badhe nyaosi panjenengan kapal kalih ewu, manawi panjenengan sagah maringi tiyang-tiyangipun ingkang numpaki. 9 Kadospundi anggen panjenengan saged ngawonaken tetindhihipun gusti kula satunggal kemawon ingkang asor piyambak? Mangka panjenengan ngendelaken Mesir ing bab kreta tuwin prajuritipun kapalan 10 Lah sapunika, punapa anggen kula majeng nglawan nagari punika saha anggen kula badhe nyirnakaken nagari punika, punika boten margi saking karsaning Pangeran Yehuwah? Pangeran Yehuwah sampun ngandika dhateng kula: Mangkata, tempuhen nagara iku lan sirnakna” 11 Sang Elyakim, Sang Sebna lan Sang Yoah nuli mangsuli marang priyagung juru pangunjukan iku mangkene: “Sumangga kawula aturi ngandika mawi basa Aram dhateng ingkang abdi punika, awit kawula sami mangretos; nanging sampun ngandika dhateng kawula sadaya mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing sanginggiling tembok.” 12 Nanging priyagung juru pangunjukan ngandika: “Punapa gusti kula anggenipun ngutus kula nglantaraken pangandika punika namung dhateng gusti panjenengan lan dhateng panjenengan kemawon? Rak inggih dhateng para tiyang ingkang sami linggih ing nginggil tembok ugi, ingkang sami nedha sesukeripun tuwin ngombe toya turasipun piyambak sesarengan kaliyan panjenengan sadaya punika?” 13 Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan mau banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara seru ngagem basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane ratu kang agung, ratu ing nagara Asyur 14 Mangkene pangandikane Sang Prabu: Kowe aja nganti padha kena diapusi dening Hizkia, sabab iku ora bisa ngluwari kowe kabeh. 15 aja padha gelem diajak Hizkia ngendelake Pangeran Yehuwah kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah mesthi bakal ngluwari kita: kutha iki ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur. 16 Aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab mangkene pangandikane ratu ing Asyur: Padha nganakna prajanjian kalawan ingsun minangka tandhaning teluk lan padha metua sowana ing ngarsaningsun, nuli saben wong panunggalanira bakal mangan wohing wite anggur tuwin wohing wite anjir dhewe sarta ngombe banyuning sumure dhewe, 17 nganti sarawuhingsun mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira, nagara kang murah gandum lan anggur, nagara kang sugih roti lan pakebonan anggur. 18 Sira aja padha nganti kena dibujuk dening Hizkia kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita Apa tau kelakon para allahe bangsa-bangsa padha ngluwari nagarane dhewe-dhewe saka ing astane ratu ing Asyur? 19 Endi allah-allahe nagara Hamat lan Arpad? Endi para allahe nagara Sefarwaim? Apa wus padha nguwalake Samaria saka ing astaningsun? 20 Panunggalane para allahe nagara-nagara iki sapa kang wus ngluwari negarane saka astaningsun, lah kok Sang Yehuwah sagah ngluwari Yerusalem saka ing astaningsun?” 21 Nanging kabeh padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga dhawuhe Sang Prabu: “Sira aja padha aweh wangsulan marang dheweke” 22 Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara sarta Sang Yoah bin Asaf, hartaka-nagara banjur padha mundur lan padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kalawan ngagem pangageman kang suwek, nuli ngunjuki uninga marang Sang Prabu bab apa kang dipratelakake dening priyagung juru pangunjukan. Yerusalem uwal saka ing astane Sang Prabu Sanherib 37:1-38 2Ra 19:1-37 2Bb 32:20-23 37 1 Bareng Sang Prabu Hizkia mireng kang mangkono iku, sanalika iku uga banjur nyuwek-nyuwek pangagemane, sarta banjur sesingeb bagor tuwin tumuli lumebet ing padalemaning Yehuwah. 2 Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna sekretaris nagara tuwin para tetuwaning imam uga banjur kautus sowan ing ngarsane Nabi Yesaya bin Amos, kalawan mangagem bagor. 3 Iku padha matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha kawirangan; sabab sampun dumugi ing lekipun badhe nglairaken jabang-bayi, nanging boten wonten kakiyatan kangge nglairaken. 4 Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget pangucapipun, sampun midhanget pangucapipun priyagung juru pangunjukan ingkang kautus dening ratu ing Asyur, gustinipun, supados ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, lajeng badhe paring paukuman, margi saking tembung-tembungipun ingkang sampun dipun pirengaken punika. Milanipun panjenengan kula aturi ndedonga kangge tirahan ingkang taksih kantun punika” 5 Nalika para priyagung abdine Sang Prabu Hizkia wus sowan ing ngarsane Nabi Yesaya, 6 banjur padha dipangandikani dening Nabi Yesaya mangkene: “Sami kula aturi munjuk dhumateng gusti panjenengan: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang diucapake dening para bature raja Asyur kanggo ngala-ala marang Ingsun iku. 7 Lah Ingsun bakal ngutus roh supaya manjingi dheweke, kang njalari banjur mulih menyang ing nagarane amarga krungu sawijining kabar; Ingsun bakal damel supaya raja iku ambruk mati dening pedhang ana ing nagarane dhewe.” 8 Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis. 9 Nalika samana Sang Prabu mireng kabar bab Sang Prabu Tirhaka, ratu nagara Etiopia, mangkene: “Panjenenganipun sampun pangkat badhe perang nglawan panjenengan dalem,” tumuli ngintunake utusan-utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kanthi kaweling mangkene: 10 “Sira padha matura marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mangkene: Panjenengan sampun ngantos kenging dipun apusi dening Allah panjenengan ingkang panjenengan ugemi saha ingkang paring janji: Yerusalem ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur. 11 Lah ta panjenengan sampun mireng bab punapa ingkang katandukaken dening para ratu ing Asyur dhumateng nagari-nagari sadaya, inggih punika sampun sami katumpes; punapa inggih panjenengan badhe kaluwaran? 12 Punapa para allahipun para bangsa ingkang sampun kasirnakaken dening leluhur kula, saged ngluwari bangsa-bangsa wau, inggih punika Gozan, Haran, Rezef tuwin para turunipun Eden ingkang wonten ing Telasar? 13 Wonten ing pundi ta ratu ing nagari Hamat saha Arpad, ratu ing kitha Sefarwaim, ratu ing nagari Hena sarta Iwa?” 14 Sang Prabu Hizkia tampi layang mau saka ing tangane para utusan, banjur kawaos; sawuse maos nuli lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Yehuwah. 15 Sang Prabu Hizkira tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, unjuke: 16 “Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahipun Israel ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Allahipun sakathahing karajan ing bumi; Paduka ingkang nitahaken langit kaliyan bumi. 17 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nanggapaken talingan Paduka saha karsaa miyarsakaken; dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngelekaken paningal paduka saha karsaa mirsani; Paduka mugi karsaa midhangetaken sakathahing pitembunganipun Sanherib, ingkang kakintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang. 18 Dhuh Yehuwah, para ratunipun nagari Asyur pancen sampun nyirnakaken sakathahing bangsa sanagarinipun, 19 saha allahipun sami kacemplungaken ing latu, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung kadamel dening tanganing manungsa, kajeng tuwin sela, mila saged karisak dening tiyang. 20 Ingkang punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, sapunika mugi Paduka karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados sakathahing karajan ing bumi sami sumerep, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Pangeran Yehuwah.” 21 Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Bab apa kang wus sira unjukake marang Ingsun ana ing pandonga tumrap Sanherib, ratu ing Asyur, 22 mangkene pangandika kang wus kalairake dening Sang Yehuwah tumrap ratu iku: Kenya, yaiku putri ing Sion, wus ngremehake sira, wus moyoki sira; sarta putri ing Yerusalem wus gedheg-gedheg ana ing burinira. 23 Sapa kang sira cacad lan sira ala-ala iku? Sapa kang sira sumbari lan kang sira deleng kalawan gumunggung iku? Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel 24 Sira wus nenacad Pangeran lumantar para baturira, sarta sira wus ngucap: Ingsun wus munggah ing papan-papan kang dhuwur ing pagunungan, kalawan kretaningsun kang akeh cacahe, menyang papan kang adoh dhewe ing gunung Libanon; ingsun wus negori wit-wite eres kang gedhe dhuwur, wit-wite beros kang pilihan; ingsun wus lumebu ing panggonan kang dhuwur kang ana ing poncot dhewe, menyang ing alase wit-witan kang ketel. 25 Ingsun iki wus ndhudhuk banyu lan wus ngunjuk banyu; ingsun wus ngasatake sakehing kali ing tanah Mesir kalawan tlapaking sampeyaningsun 26 Apa sira durung krungu, manawa wus suwe banget anggoningSun memtokake iku mau kabeh lan wus wiwit jaman purwa anggoningSun ngrancang? Saiki iku Sunwujudake, yaiku anggonira gawe sepi mamringe kutha-kutha beteng sira dadekake tumpukan watu, 27 dene wong-wong kang padha manggon ing kono kang tanpa daya banjur padha kaget lan wirang; padha dadi kaya tetuwuhan ing ara-ara lan kaya suket kang ijo, kaya suket kang ana ing payon, utawa kaya gandum kang alum sadurunge tuwa. 28 Ingsun mirsa, manawa sira tangi utawa lungguh, manawa metu utawa lumebu, utawa manawa sira ngamuk marang Ingsun. 29 Ing sarehne sira wus ngamuk marang Ingsun, lan tembung-tembungira kang gumunggung wus sumengka marang ing talinganingSun, mulane Ingsun bakal ngetrapake keluhingSun ing irungira tuwin kendhaliningSun ing lambenira, sarta Ingsun bakal ngulihake sira liwat ing dalan, kang sira liwati nalika teka. 30 Anadene iki kang bakal dadi tandhal tumrap sira, he Hizkia: Ing sajroning taun iki wong bakal mangan apa kang thukul dhewe, lan ing taun kang kapindho apa kang tuwuh saka tanduran kang kawitan, nanging ing sajroning taun kang katelu sira bakal nyebar, banjur panen gawe kebon anggur lan mangan wohe. 31 Panunggalane turune Yehuda kang padha bisa oncat, yaiku para wong kang isih kari, bakal ngoyod maneh mangisor sarta mandhuwur metokake woh. 32 Awit saka ing Yerusalem bakal metune wong-wong kang kari lan saka ing gunung Sion wong-wong kang bisa oncat; bentering panggalihe Yehuwah, Gustine sarwa dumadi kang bakal tumindak mangkono. 33 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap ratu ing Asyur: Wong iku bakal ora lumebu ing kutha kene lan ora bakal nglepasake panahe mrene; uga ora bakal nekani kalawan tameng lan uga ora bakal ngundhug-undhug lemah kanggo tanggul pangepungan. 34 Dheweke bakal mulih liwat ing dalan, kang diliwati nalika teka, nanging ora bakal lumebu ing kutha kene. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 35 Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.” 36 Kacarita Malekate Pangeran Yehuwah nuli miyos lan mejahi wong kang ana ing tarub-tarube Asyur satus wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun iku kabeh wus padha dadi jisim. 37 Marga saka iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, banjur bidhal kondur sarta lereb ana ing kutha Niniwe. 38 Ing sawijining dina nalika panjenengane lagi sujud sembahyang ana ing kabuyutane Nisrokh, allahe, banjur kasedanan kalawan pedhang dening para putrane, yaiku Pangeran Adramelekh lan Pangeran Sareser, kang nuli padha ngungsi menyang ing tanah Ararat, Pangeran Esarhadon, putrane kang banjur gumanti jumeneng ratu. Sang Prabu Hizkia gerah nanging banjur kasarasake 38:1-22 2Ra 20:1-11 2Bb 32:24-26 38 1 Ing nalika samana Sang Prabu Hizkia kecandhak gerah nganti meh seda. Nabi Yesaya putrane Sang Amos nuli sowan marang ing ngarsane sarta munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira menehana piweling-piweling kang wekasan marang brayatira, awit sira bakal mati, ora bakal waras maneh.” 2 Sang Prabu Hizkia tumuli ngengokake wadanane marang tembok sarta ndedonga marang Sang Yehuwah, 3 unjuke: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti anggen kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya tuwin tulusing manah sarta anggen kawula sampun nindakaken punapa ingkang sae tumrap ing paningal Paduka.” Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia banjur muwun kepati-pati. 4 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Yesaya: 5 “Sira mangkata lan matura marang Hizkia: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal mewahi umurira limalas taun, 6 sarta Ingsun bakal ngluwari sira lan kutha iki saka ing tangane ratu ing Asyur tuwin bakal mageri kutha iki. 7 Iki kang bakal dadi pratandha saka ing Pangeran Yehuwah tumrap sira, yaiku manawa Sang Yehuwah bakal nindakake apa kang wus kajanjekake. 8 Lah ayang-ayanganing piranti pituduh srengenge gaweane Akhas bakal Sunundurake sapuluh tapak saka kang wus diliwati.” Ing kono piranti mau iya nuli nuduhake mundure srengenge sapuluh tapak saka kang wus dilakoni. 9 Anggitane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, sawuse gerah lan wus senggang anggone gerah: 10 Aku iki wus kandha: Umurku lagi separo aku kok kepeksa kudu lunga; ing saluwihe umurku iku aku katimbalan menyang ing gapuraning jagade wong mati. 11 Aku pratela: aku ora bakal ndeleng Sang Yehuwah maneh ana ing nagarane wong urip; aku ora bakal ndeleng wong siji-sijia maneh ana ing satengahe para kang manggon ing donya. 12 Pondhok kang dakenggoni kabubrah lan kabukak kayadene tarubing pangon; kaya tukang tenun kang nggulung tenunane anggonku mungkasi uripku; Pangeran Yehuwah ngethok nyawaku saka ing benanging urip. Wiwit siyang ngantos dalu Paduka ngendelaken kawula makaten kemawon. 13 Aku sesambat nyuwun tulung nganti esuk; kayadene singa, iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah ngremuk sakehing balungku; wiwit siyang ngantos dalu Paduka ngendelaken kawula makaten kemawon. 14 Kayadene manuk sriti, iya mangkono iku anggonku cat-cit, swaraku kethekur-kethekur kaya swaraning manuk dara. Mripatku kaya-kaya nganti entek marga saka anggonku tumenga ing ngaluhur, dhuh Pangeran, kawula sinangsara; Paduka mugi karsaa dados tanggelan tumrap kawula 15 Apa ta kang bakal dakaturake lan dakucapake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah; rak Panjenengane ta kang tumindak mangkono? Aku babar pisan ora bisa turu marga saka paiting kasusahanku iku. 16 Dhuh Pangeran, inggih margi saking makaten punika manah kawula ngantos-antos dhumateng Paduka; Paduka mugi karsaa nemtremaken roh kawula, karsaa nyarasaken kawula, karsaa maluyakaken kawula 17 Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula; Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan. Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawula ngantos tebih saking ing ngarsa Paduka. 18 Awit jagading tiyang pejah boten saged ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, sarta pejah boten saged ngalembana Paduka; tiyang ingkang sami tumurun ing luwangan kuburan boten ngantos-antos dhateng ing kasetyan Paduka. 19 Nanging namung tiyang ingkang gesang, punika ingkang ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, kados kawula ing dinten punika; bapa badhe suka sumerep bab kasetyan Paduka dhateng anak-anakipun. 20 Pangeran Yehuwah wus rawuh paring kaslametan marang aku Aku arep padha ngunekake clempung, ing salawase urip ana ing padalemane Sang Yehuwah. 21 Nabi Yesaya tumuli ngandika: “Cikben dipundhutake kuwih woh anjir banjur kapopokna ing memalane, supaya senggang” 22 Sadurunge iku Sang Prabu Hizkia wus ngandika: “Punapa tandhanipun, manawi kula badhe lumebet ing padalemanipun Pangeran Yehuwah?” Sang Prabu Hizkia lan para utusan saka ing nagara Babil 39:1-8 2Ra 20:12-19 2Bb 32:27-31 39 1 Ing nalika iku Sang Prabu Merodakh- Baladan bin Baladan, ratu ing nagara Babil, utusan wong ngirimake layang lan atur-atur marang Sang Prabu Hizkia, amarga wus midhanget manawa Sang Prabu Hizkia kang maune gerah, wus senggang. 2 Sang Prabu rena ing panggalih ing bab pisowane para utusan mau, banjur padha ditedahi gedhong raja brana, anggi-anggi lan lengane kang adi, gedhong gegamaning perang kabeh lan samubarang kabeh kang ana ing pasimpenane. Ora ana barang kang ana ing kadhatone lan ing saindenging wewengkone pangwasane kang ora dikatingalake dening Sang Prabu Hizkia marang para utusan mau. 3 Nabi Yesaya banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia lan munjuk pitakon: “Tiyang-tiyang punika sami munjuk punapa kemawon saha dhatengipun saking pundi?” Paring wangsulane Sang Prabu Hizkia: “Saking nagari ingkang tebih, saking Babil” 4 Nuli munjuk pitakon maneh: “Punapa ingkang sampun dipun tingali wonten ing kraton dalem?” Sang Prabu Hizkia mangsuli, pangandikane: “Sadaya ingkang wonten ing kraton kula, sampun sami dipun tingali. Boten wonten barang ingkang boten kula tedahaken ingkang wonten ing pasimpenan kula.” 5 Nabi Yesaya tumuli munjuk marang Sang Prabu Hizkia: “Panjenengan dalem kawula aturi midhangetaken pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi 6 Bakal tumeka ing wektune, samubarang kabeh kang ana ing kratonira lan kang kasimpen dening leluhurira nganti saprene iki, bakal padha diusungi menyang ing Babil. Ora ana barang kang ditinggal. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah. 7 Lan turunira kang bakal mijil saka sira bakal ana kang kajupuk ing wong didadekake priyagung ana ing kratone ratu ing Babil.” 8 Sang Prabu Hizkia ngandika marang Nabi Yesaya: “Saestu sae pangandikanipun Pangeran Yehuwah ingkang panjenengan pratelakaken punika” Nanging kang digalih: “Anggere sajege uripku kaanan rukun lan tentrem” PERANGAN KAPINDHO BAB 40-66 KASLAMETANING BANGSA KANG ANA ING PAMBUWANGAN BAB 40-48 Pawarta bab pangluwaran 40:1-11 40 1 UmatingSun lipuren, iya lipuren, mangkono pangandikaning Allahira, 2 atine Yerusalem ayemna sarta nguwuh-uwuha yen pangawulane wus rampung, manawa kaluputane wus kaapura, awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwah tikel ping loro marga saka sakehing dosane. 3 Ana swara kang nguwuh-uwuh: “Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan, ngencengna dalan gedhe kagem Allah kita ana ing ara-ara samun 4 Saben ledhokan kaurugana, tuwin saben gunung lan tengger kawaratakna; tanah kang ana tengger-tenggere kadadekna tanah warata, sarta tanah kang mendhak mandhukul kadadekna papan lempar; 5 ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairake tuwin umat manungsa kabeh bakal padha ndeleng iku bebarengan; Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono” 6 Ana swara kang dhawuh: “Sira nguwuh- uwuha” Aku munjuk: “Punapa ingkang kedah kawula ucapaken kalayan sora?” “Umat manungsa kabeh iku kayadene suket lan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara. 7 Suket dadi aking, kembang dadi alum, manawa Pangeran Yehuwah ndamoni iku kalawan napase. Bangsa iku sanyatane kaya suket. 8 Suket dadi aking, kembang dadi alum, nanging pangandikaning Allah kita tetep ing salawas-lawase.” 9 He Sion, kang nggawa kabar becik, munggaha ing gunung kang dhuwur He Yerusalem, kang nggawa kabar becik, ulukna swaramu kang sora, iya ulukna swaramu, aja wedi Wartakna marang kutha-kutha ing Yehuda: “Delengen, iku Gusti Allahmu” 10 Delengen, iku Pangeran Allah. Anggone rawuh kalawan kakiyatan sarta ngasta pangwaos. Lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha nunggal kalawan Panjenengane; kabeh kang wus dadi kagungane padha lumaku ana ing ngarsane. 11 Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos. Gusti Allah iku ngungkuli sakehing allah 40:12-31 12 Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epeke sarta ngukur langit nganggo kilanane, naker lebuning bumi nganggo takeran, nimbang gunung-gunung nganggo timbangan, utawa tengger-tengger nganggo traju? 13 Sapa kang bisa mranata Rohing Pangeran Yehuwah utawa nyaosi pitedah marang Panjenengane kayadene juru pitutur? 14 Pangeran Yehuwah mundhut pitedah marang sapa supaya kagungan pangretosan, lan sapa kang nyaosi piwulang marang Sang Yehuwah ing bab nindakake pangadilan, utawa sapa kang nyaosi piwulang bab kawruh marang Panjenengane lan nyaosi pitedah supaya Panjenengane tumindak kalawan pangretosan? 15 Para bangsa iku sanyatane kayadene banyu satetes kang ana ing timba tuwin kaanggep kayadene bledug saelas kang ana ing traju. Pulo-pulo iku sanyatane bobote mung kaya awu alus. 16 Libanon iku ora cukup manawa kanggo kayu dang lan satokewane ora cukup manawa kanggo kurban obaran. 17 Sakehing bangsa iku kayadene ora ana ing ngarsane padha kagalih kopong lan tanpa guna. 18 Dadine Gusti Allah iku arep kok padhakake sapa, lan apa kang kokanggep padha karo Panjenengane? 19 Apa reca? Iku kacithak dening tukang-wesi, lan kalapis emas dening kemasan, kang uga nggawekake rante-rantene salaka. 20 Wong kang ngedegake reca kayu, iku milih kayu kang ora gelis gapuk, golek tukang ahli kang ngedegake reca supaya ora bakal gelis hoyag. 21 Kowe apa padha ora sumurup? Kowe apa padha ora krungu? Apa wiwit ing sakawit ora diwartakake marang kowe kabeh? Apa kowe ora mangreti wiwit nalika bumi tinalesan? 22 Panjenengane kang lenggah ing dhampar ana ing sadhuwuring bunderan bumi kang pendhudhuke kaya walang; iya Panjenengane iku kang mbeber langit kaya lawon lan masang iku kaya tarub kang dienggoni 23 Iya Panjenengane iku kang ndadosake para panggedhe padha sirna sarta kang ndadosake para hakim ing donya tanpa guna 24 Lagi bae padha ditandur, lagi bae padha disebar, lagi bae cangkokane padha metu oyode ana ing lemah, wus padha didamoni dening Panjenengane, satemah banjur padha garing, lan kabur dening prahara kaya damen. 25 Ingsun iki arep sira padhakake sapa kang kaya-kaya dadi pepadhaningSun? Mangkono pangandikane Kang Mahasuci. 26 Mripatmu arahna marang ing langit lan delengen: sapa kang nitahake sakehing lintang iku tuwin ndhawuhi metu sakehing wadya-balane kalawan nimbali jenenge iku kabeh? Siji bae ora ana kang ora sowan, amarga Panjenengane iku Mahakwaos lan Maha-santosa. 27 Yagene kowe ngucap mangkono, he Yakub, sarta celathu mangkene, he Israel: “Uripku iki samar tumrap Sang Yehuwah, tuwin wewenangku ora digalih dening Allahku?” 28 Apa kowe ora sumurup, lan kowe apa ora krungu? Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang langgeng kang nitahake bumi wiwit poncot tekan poncot; Panjenengane ora sayah lan ora lesu, kawicaksanane ora kena jinajagan. 29 Panjenengane paring kakuwatan marang kang sayah lan paring tambahing karosan marang kang tanpa daya. 30 Para wong nom-noman padha dadi sayah lan lesu lan para taruna padha kesandhung tiba, 31 nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar: padha mabur mumbul kaya manuk garudha kalawan kakuwataning swiwine; padha lumayu lan ora nganti lesu, padha lumaku nanging ora sayah. Pangeran Yehuwah nganakake juru pangluwaran 41:1-7 41 1 He pulo-pulo, padha menenga lan ngrungokna marang Ingsun; para bangsa padha oleha kakuwatan anyar Cikben padha nyedhak lan banjur munjuk: Ayo padha maju bebarengan lan prakaran 2 Sapa kang ngobahake wong iku saka ing wetan, kang ngobahake wong kang saben tumindak mesthi unggul, kang nelukake para bangsa ana ing ngarepe lan nglorod para raja? Pedhange njalari para raja mau dadi kaya lebu sarta panahe marakake kaya damen kang didamoni. 3 Banjur mburu para raja mau sarta liwat ing dalan kang durung tau diambah, kanthi slamet. 4 Sapa kang nglakoni lan nindakake iku kabeh? Panjenengane, kang wiwit biyen mula nimbali para turuning manungsa, Ingsun, Yehuwah, kang dhisik dhewe, tuwin tumrap para wong kang keri dhewe, Ingsun tetep Panjenengane iku uga. 5 Pulo-pulo padha sumurup lan banjur wedi, poncot-poncoting bumi padha gumeter; padha teka lan saya cedhak. 6 Padha tulung-tinulung lan celathu marang kancane: “Atimu sing tatag” 7 Si pandhe nyantosakake si kemasan, kang nipisake logam kalawan palu nyantosakake atine kang nggembleng ing paron; lan banjur celathu marang si tukang patri: “Iku becik,” tuwin garapane nuli dikukuhake kalawan paku, supaya ora gonjang-ganjing. Israel abdine Pangeran Yehuwah 41:8-20 8 Nanging sira, he Israel, abdiningSun, he Yakub, kang wus Sunpilih, turune Abraham, mitraningSun; 9 sira kang wus Sunpundhut saka ing poncot-poncoting bumi sarta kang wus Suntimbali saka ing pojok-pojoke, Ingsun ngandika marang sira: “Sira iku abdiningSun, sira wus Sunpilih lan ora Suntampik”; 10 sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang. 11 Lah sakehe wong kang nepsu marang sira bakal kawirangan lan nandhang kanisthan; para wong kang madoni sira bakal padha kayadene ora ana tuwin bakal padha nemu karusakan; 12 sira bakal nggoleki wong-wong kang padha nglawan marang sira, nanging ora bakal ketemu; para wong kang merangi sira bakal kayadene ora ana lan tanpa guna. 13 Sabab Ingsun iki, Pangeran Yehuwah, Allahira, nyepeng tanganira tengen, tuwin ngandika marang sira: “Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.” 14 Sira aja wedi, he si cacing Yakub, he si uler Israel Iya Ingsun iki kang mitulungi sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel. 15 Lah sira Sundadekake piranti pangrontogan kang landhep lan anyar, kang ana untune rong larik; sira bakal ngrontogi gunung-gunung sarta iku bakal padha sira remuk, sarta tengger-tengger iya bakal sira dadekake kaya mrambut, 16 bakal padha sira tapeni, lan banjur padha kabur ing angin, tuwin bakal mawut dening prahara. Nanging sira iki bakal surak-surak awit saka Pangeran Yehuwah tuwin nggunggung-nggunggung marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel. 17 Para wong kang sangsara lan kang miskin lagi padha golek banyu, nanging ora oleh, ilate padha garing marga kasatan; nanging Ingsun Yehuwah, bakal minangkani kabutuhane wong-wong mau, sarta sarehne jumeneng dadi Allahe Israel Ingsun ora bakal negakake wong-wong mau. 18 Ingsun bakal ndadekake tengger-tengger kang gundhul, padha ana kaline sarta tanah warata banjur ana sumber- sumbere; Ingsun bakal ndadekake ara-ara samun dadi telaga tuwin tanah mati banjur metu banyune. 19 Ingsun bakal nanem wit eres ana ing ara-ara samun, wit sirah, wit jambu keling lan wit jaitun alas; Ingsun bakal damel thukule wit beros ana ing pasamunan sarta wit berangan lan wit cemara ing sandhinge, 20 supaya kabeh wong padha ndeleng lan sumurup, nggatekake lan ngreti, manawa astane Sang Yehuwah kang karya iki kabeh sarta Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel kang nitahake. Pangeran Yehuwah nantang para brahala 41:21-29 21 padha ngajokna prakaranira, mangkono Pangandikane Sang Yehuwah, mratelakna alasan-alasanira, mangkono pangandikane Sang Prabu, Gusti Allahe Rama Yakub. 22 Cikben padha maju lan martakake marang aku kabeh apa kang bakal kelakon Pameca kang biyen iku terangna apa tegese, supaya aku padha mikir-mikir, utawa bab-bab kang bakal kelakon, iku aku padha kandhanana, supaya aku padha nyumurupi kawusanane 23 Mratelakna bab-bab kang bakal kelakon sawuse iku, supaya aku padha sumurup, manawa kowe kabeh iki nyata allah; padha tumindaka bae, becik apa ala, supaya aku padha ndeleng bebarengan kalawan gumun 24 Kowe kabeh iku sanyatane kaya ora ana ing panggawe-panggawemu iku tanpa isi; wong kang milih kowe iku nistha. 25 Ingsun wus ngobahake wong saka ing lor lan iku wus teka, Ingsun wus nimbali wong iku saka ing sisih pletheking srengenge kalawan nyebut jenenge. Kayadene kundhi ngiles-iles lempung, kaya mangkono anggone wong iku bakal ngidak-idak para kang nyekel pangwasa kaya endhut. 26 Sapa kang aweh sumurup bab iku wiwit ing sakawit, satemah aku banjur padha sumurup, lan wiwit biyen, satemah aku nuli padha mratelakake: “Apa bener wong iku?” Sanyatane ora ana knag aweh sumurup, ora ana wong kang ngabari ora ana wong kang krungu tembung sakecap bae saka kowe. 27 Ingsun kang dhisik dhewe paring sumurup marang Sion, sarta Ingsun banjur ngintunake wong menyang Yerusalem kang nggawa kabar becik. 28 Manawa Ingsun mirsani mubeng, ora ana wong siji-sijia, lan panunggalaning wong kabeh iku ora ana kang bisa ngunjukake pituduh, utawa kang bisa ngaturake wangsulan manawa Ingsun ndangu marang wong-wong iku. 29 Wong iku nyata-nyata kaya-kaya padha ora ana, panggawe-panggawene tanpa isi, reca-recane cithakan iku angin lan tanpa guna. Abdine Pangeran Yehuwah 42:1-9 42 1 Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa. 2 Iku ora bakal alok-alok utawa nyerokake swarane lan ora bakal ngumbar swara ana ing dedalan. 3 Rayung kang pepes tumelung ora bakal kakethok, tuwin uceng-uceng kang melik-melik ora bakal dipateni, nanging iku bakal ngundhangake kabeneran kalawan setya. 4 Awake dhewe ora bakal lesah lan ora bakal pepes tumungkul, nganti wus rampung anggone njejegake kabeneran ana ing bumi; sakehing pulo-pulo ngarep-arep marang piwulange. 5 mangkene pangandikane Gusti Allah, Sang Yehuwah, kang nitahake lan njereng langit, kang mbeber bumi dalah kabeh kang thukul ing kono, kang paring ambegan marang umat manungsa kang manggon ing kono sarta kang maringi nyawa marang kang padha urip ing kono: 6 “Ingsun iki, Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan, wus ngasta tanganira; Ingsun wus ndhapuk sira lan maringake sira dadi prajanjian tumrap umat manungsa, dadi pepadhang tumrap para bangsa, 7 supaya ngelekke mripat kang wuta, ngwetokake wong ukuman saka ing tahanan sarta para wong kang dumunung ing pepeteng saka ing pakunjaran. 8 Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun; Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyane utawa kasuwuringSun marang reca. 9 Pameca-pameca biyen saiki wus padha kelakon, bab-bab kang anyar bakal Sunsumurupake. Sadurunge bab-bab iku kelakon, Sunsumurupake marang sira.” Kekidungan bab kaslametan 42:10-17 10 padha ngunjukna kekidungan anyar marang Sang Yehuwah lan ngluhurna Panjenengane saka ing poncoting bumi Sagara cikben gumuruh dalasan isine kabeh, tuwin pulo-pulo dalasan kang ngenggoni kabeh. 11 Ara-ara samun kareben nywara seru dalasan kutha-kuthane lan desa-desa kang dienggoni Kedar Kang ngenggoni gunung parang cikben padha surak-surak, kareben padha nguwuh-nguwuh saka ing pucaking gunung-gunung 12 Cikben padha nyaosi kaurmatan marang Pangeran Yehuwah, tuwin padha martakna bab anggone ngluhurake Panjenengane ana ing pulo-pulo. 13 Pangeran Yehuwah majeng perang kayadene gegedhug, kayadene prajurit anggone nggigah semangate perang; Panjenengane surak-surak, malah nguwuh-uwuh, marang para mungsuhe, Panjenengane nedahake kaprawirane. 14 Ingsun kendel wiwit ing biyen mula, Ingsun kendel lan ngampet, saiki Ingsun njerit kaya wong wadon kang nglarani, Ingsun menggah-menggah lan menggeh- menggeh. 15 Ingsun bakal ndadosake gundhuling gunung-gunung lan tengger-tengger, sarta damel aluming sakehhe tetuwuhane; Ingsun bakal ndadosake kali-kali padha dadi lemah garing tuwin damel asat-nggerenging telaga- telaga. 16 Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake. 17 Wong kang padha kumandel marang reca tatahan bakal padha mundur lan kawirangan, yaiku para wong kang celathu marang reca cithakan: “Paduka punika allah kawula” Bab gagal lan wutane Israel 42:18-25 18 Padha rungokna, he para wong budheg padha mandenga lan ndelenga, he para wong wuta 19 Sapa kang wuta yen dudu panunggalane abdiningSun, tuwin kang budheg kaya utusaningSun? Sapa kang wuta kaya utusaningSun lan kang budheg kaya abdining Yehuwah? 20 Sira ndeleng prakara akeh, nanging ora nggatekake, sira ngengklengake kuping, nanging ora krungu. 21 Pangeran Yehuwah demi karsane nylametake kepareng maringake piwulange kang agung lan mulya; 22 nanging iku bangsa kang dijarah lan dirampog, kabeh padha katangkep ana ing guwa-guwa lan didhelikake ana ing omah-omah pakunjaran; wus padha dadi jarahan lan ora ana kang ngluwari, dadi rampasan lan ora ana kang celathu: “Balekna” 23 Sapa panunggalanmu kang gelem nilingake kupinge marang prakara iki, kang gelem nggatekake lan ngrungokake kanggo ing sateruse? 24 Sapa kang ngulungake Yakub supaya karampas, lan Israel marang kang padha ngrayah? Apa iku dudu Pangeran Yehuwah? Amarga kita wus dosa marang Panjenengane, lan lumuh lumaku ing dalan pitedahe, tuwin ora gelem ngrungokake marang piwulange. 25 Mulane Panjenengane banjur ndawahi bentering bebendune lan peperangan kang ngedab-edabi kan nggesengake saka ing sakubenge, ewasamono iku ora dimangreteni, tuwin kang ngobong dheweke, nanging iku ora digatekake. Amung Gusti allah kang jumeneng dadi penebus, ora ana liyane 43:1-7 43 1 Nanging saiki mangkene pangandikane Sang Yehuwah kang nitahake kowe, he Yakub, kang mangun kowe, he Israel: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun. 2 Manawa sira nyabrang ing banyu, Ingsun bakal nganthi marang sira, utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal keli; manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng, lan urubing geni ora bakal ngobong sira. 3 Amarga Ingsun iki Yehuwah, Allahira, Kang Mahasuci, Allahe Israel, Juru- slametira. Mesir Sunagem nebus sira, lan Etiopia sarta Syeba Sunparingake minangka gegentinira. 4 Ing sarehne sira iku aji ana ing paningalingSun tuwin mulya, sarta Ingsun asih marang sira, mulane Ingsun maringake manungsa minangka gegentinira, tuwin bangsa-bangsa minangka gegentining nyawanira. 5 Sira aja wedi, awit Ingsun nganthi marang sira, Ingsun bakal ndhatengake anak-putunira saka ing wetan, sarta Ingsun bakal nglempakake sira saka ing kulon. 6 Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna’ lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli’ Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh, tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi, 7 yaiku sakehing wong kang jenenge nganggo asmaningSun, kang Suntitahake kagem kamulyaningSun, kang Sunwangun lan kang uga Sundadosake” Israel dadi seksine Pangeran Yehuwah 43:8-21 8 Kareben wong ngajokake bangsa kang wuta sanadyan ana mripate, kang budheg sanadyan duwe kuping 9 Cikben padha nglumpuk bebarengan sakehing bangsa iku, lan cikben padha nglumpuk sakehing suku bangsa iku Panunggalane iku sapa kang bisa aweh pawarta bab-bab iki, kang bisa mratelakake marang kita bab-bab kang kelakon dhek biyen? Cikben padha nggawa seksi-seksine, supaya kacihna yen ora luput; wong kareben krungu lan banjur celathu: “Bener mangkono” 10 “Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh. 11 Ingsun, iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun. 12 Ingsun iki kang paring sumurup, kang paring karahayon lan pawarta, tuwin dudu allah ngamanca kang ana ing tengahira. Sira iku padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah, “lan Ingsun iki Allah. 13 Uga sabanjure Ingsun iki tetep Panjenengane, tuwin ora ana kang bisa luwar saka ing astaningSun; Ingsun kang nindakake, sapa kang bisa malangi?” 14 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Marga saka sira Ingsun karsa utusan wong menyang ing Babil lan karsa nyingkirake slarak-slarake lawanging pakunjaran kabeh, tuwin surak-surake wong Kasdim banjur dadi pasambat. 15 Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci, Allahira, Ratunira kang nitahake Israel.” 16 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, kang wus karya dalan ngliwati sagara lan ngliwati banyu kang ngedab-edabi, 17 kang wus dhawuh marang kreta lan jaran supaya padha ngetoni perang, uga wadya-bala lan wong prakosa -- iku padha gumlethak, ora bisa tangi, wus padha mati, wus mati kaya uceng-uceng --. 18 Mangkene pangandikane: “Aja padha ngeling-eling bab-bab kang wus kepungkur, lan aja mikir marang bab-bab kang wus kelakon dhek jaman kuna 19 Lah Ingsun karsa damel kang anyar, kang saiki wus tuwuh, apa sira durung sumurup? Malah Ingsun bakal karya dalan ana ing ara-ara samun lan kali-kali ana ing pasamunan. 20 Kewan ing alas bakal ngluhurake Ingsun, asu ajag lan manuk unta, awit Ingsun wus karya banyu kang muncar-muncar ing ara-ara samun lan kali kang padha mili ing pasamunan, kanggo ngombeni umat pepilihaningSun; 21 umat kang wus Ingsun dhapuk kagem Ingsun iku bakal martakake misuwuringSun.” Dosane Israel kaapura 43:22-28 22 “Sanyata, sira ora nyebut marang Ingsun, he Yakub, sarta sira ora mreduli marang Ingsun, he Israel. 23 Sira ora nyaosi kurban obaranira wedhus gembel marang Ingsun, tuwin ora ngluhurake Ingsun kalawan kurban sembelehanira. Ingsun ora ngebot-eboti sira kanthi mundhut kurban dhaharan, sarta nyusahake sira kanthi mundhut menyan. 24 Sira ora mundhutake Ingsun tebu wangi sarana dhuwit, utawa gawe tuwukingSun kalawan gajihe kurban sembelehanira. Nanging sira ngebot-eboti Ingsun kalawan dosanira, sira gawe sungkawaningSun kalawan kaluputanira. 25 Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak, lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira. 26 Sira ngengetana Ingsun, ayo kita padha prakaran, ajokna samubarang kabehe supaya kacihna anggonira bener 27 Bapa leluhurira kang kawitan wus dosa, lan juru pirembagira wus mbalela marang Ingsun. 28 Dadine Ingsun kepeksa najisake para pemimpine papan pasucen, lan kepeksa ngulungake yakub supaya katumpes sarta Israel supaya dicecamah.” Pangeran Yehuwah iku kang jumeneng Allah, ora ana liyane 44:1-8 44 1 “Nanging saiki rungokna, he Yakub, abdiningSun, lan he Israel, kang wus Sunpilih 2 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang mangun sira wiwit ing wetengan tuwin kang mitulungi sira: Sira aja wedi, he abdiningSun Yakub, sarta he Yesyurun, kang wus Sunpilih 3 Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ig sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira. 4 Iku bakal padha tuwuh kaya suket ing satengahe banyu, kaya wit gandarusa ing pinggiring kali. 5 Kang siji bakal celathu: Aku iki kagungane Sang Yehuwah, sijine bakal nyebut awake dhewe klawan jenenge Yakub, lan sijine maneh bakal nulis ing tangane: Kagungane Pangeran Yehuwah, sarta bakal nyebut awake dhewe nganggo jenenge Israel.” 6 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel, Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan, ora ana Allah liyane kajaba Ingsun. 7 Sapa kang kaya Ingsun? Iku kareben nguwuh-uwuh mangkono, cikben mratelakake lan ngandhakake bab iku ana ing ngarsaningSun Sapa kang wiwit ing jaman kuna ngandhakake bab-bab kang bakal kelakon? Apa kang bakal kadadean kareben padha diwartakake marang aku kabeh 8 Sira aja gumeter lan aja wedi, awit bab iku pancen wiwit biyen mula wus Sunwartakake lan Sunsumurupake marang sira. Sira kabeh iku kang padha dadi seksi- seksiningSun Apa ana Allah liyane kejaba Ingsun? Ora ana Gunung Parang liyane, Ingsun ora mirsa liyane” Memuja marang reca iku bodho banget 44:9-20 9 Wong kang gawe reca iku kabeh tanpa guna, sarta barang-barang kang disenengi iku ora ana paedahe. Kang nyembah reca iku padha ora ndeleng lan ora sumurup apa-apa, mulane bakal padha kawirangan. 10 Sapa ta kang mangun allah lan nyithak reca kang tanpa paedah iku? 11 Sakehe panganute bakal padha kawirangan, lan tukang-tukange iku manungsa lugu. Iku cikben padha nglumpuk kabeh sarta padha kareben gumregah ngadeg Mesthi bakal padha gumeter lan padha wirang bebarengan. 12 Tukang besi anggone gawe iku nganggo kalebokake ing geni mawa lan kagembleng kalawan palu; anggone nindakake iku kanthi migunakake sakehing kakuwatane tangane. malah kalawan ngampet luwe nganti entek kakuwatane lan ora ngombe banyu nganti sayah lesu. 13 Tukang kayu menthang tali ukuran lan gawe cengkorongan reca nganggo kapur abang; anggone nindakake nganggo tatah lan digarisi nganggo jangka, nuli kawangun wong lanang, manungsa kang bagus sarta kadekek ing omah pamujan. 14 Bisa uga tukang mau negor wit eres utawa milih wit tirzan apa wit elon, kang dietogake tuwuhe ngangti dadi gedhe ana ing satengahe wit-witan ing alas, utawa nandur wit salam, kang marga saka kodanan banjur dadi gedhe. 15 Lan kayune kadadekake kayu bong dening manungsa, kanggo api-api, sarta maneh kanggo gegenen kagawe ngratengi roti. Nanging uga salong kanggo gawe allah, kang disembah-sembah; digawe reca, kang banjur disujudi. 16 Ana maneh kang diobong kagawe manggang daging. Daging panggangan mau dipangan nganti wareg; tumuli api-api kambi celathu: “Lah awakku wis anget, aku wis ngrasakake panasing geni.” 17 Sarta turahane kayu mau banjur digawe allah, dadi reca sesembahane, iku disujudi, disembah-sembah kalawan ndedoga: “Muga karsaa mitulungi kawula, awit paduka punika allah kawula.” 18 Wong kang kaya mangkono iku ora sumurup apa-apa lan ora ngreti apa-apa, sabab mripate kraket merem, satemah ora bisa ndeleng; tuwin atine uga buntet, mulane ora bisa mangreti. 19 Ora ana kang nimbang-nimbang, ora ana kang kawruhe utawa pangretene cukup temah bisa kandha: “Ana kang wus dakobong ing geni lan arenge wus dakanggo ngratengi roti, dakanggo manggang daging kang banjur dakpangan. Apa iya turahane nuli dakanggo gawe dewaning kanisthan?” 20 Wong kang tansah ribut bab awu, iku kasasarake dening atine kang kapusan; ora bisa gawe slameting nyawane utawa kandha: “Apa dudu bab kang cidra kang dadi gondhelanku iki?” Pangeran Yehuwah iku Juru Penebuse Israel 44:21-28 21 Ngelingana bab iki kabeh, he Yekub, sabab sira iku abdiningSun, he Israel. Ingsun kang wus mangun sira, sira iku abdiningSun; he Israel, sira ora Sunsupekake. 22 Ingsun wus ngicali sakehe dosaning pambalelanira kayadene pedhut kang kabur ing angin, lan sakehe dosanira kaya mendhung kang kanginan. Sira balia marang Ingsun, amarga sira wus Suntebus 23 Surak-suraka, he langit, awit Pangeran Yehuwah wus tumandang, sumyak-sumyaka, he telenging bumi Padha gambiraa kalawan surak-surak, he gunung-gunung, he alas dalasan sakehe wit-witane kang ana ing kono Sabab Sang Yehuwah wus nebus Yakub, sarta Panjenengane wus ngatingalake kamulyane ing bab Israel. 24 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, kang mangun kowe wiwit saka ing wetengan: “Ingsun iki Yehuwah, kang nitahake samubarang kabeh, kang njereng langit piyambakan, kang nggelar bumi -- sapa kang mbiyantu Ingsun? -- 25 Ingsun iki kang ngwurungake tandha- tandhane juru pameca goroh lan kang ngagem dolanan para tukang tenung; kang damel mundure para wong wicaksana, lan nyantuni kawruhe dadi kabodhoan; 26 Ingsun kang nyantosakake tembung- tembunge para abdiningSun lan nindakake putusan-putusan kang diundhangake dening para utusaningSun; kang ngandika bab Yerusalem: Prayoga dienggoni, lan tumrap kutha-kutha ing Yehuda: Prayoga dibangun, Ingsun karsa ngedegake maneh jugrugane 27 Ingsun kang ngandika marang telenging sagara: Dadia asat, Ingsun karsa ngasatake kali-kalinira 28 Ingsun kang ngandika bab Koresy: Iku abdi pangoningSun sakehing karsaningSun bakal dilakoni iku bakal celathu bab Yerusalem: Iku prayoga dibangun tuwin bab Padaleman Suci: Tetalese prayoga kapasang” Pangeran yehuwah ngagem Sang Prabu Koresy, kadadosake pirantose 45:1-8 45 1 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki pangandikaningSun marang wong kang Sunjebadi, marang Koresy kang Sunkanthi tangane tengen, Sunagen nelukake bangsa-bangsa kang ana ing ngarepe lan mblejedi para raja, Sunagem ngengakake lawang-lawang ing ngarepe lan supaya gapura-gapura aja terus mineb. 2 Ingsun piyambak bakal lumampah ana ing ngarepira sarta bakal ngrata gunung-gunung, bakal mbejadi lawang-lawang tembaga lan bakal nugeli slarak-slarak wesi. 3 Ingsun bakal maringi sira raja-brana kang kapendhem tuwin raja-darbe kang siningidake, supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe Israel, kang nimbali sira kalawan nyebut jenengira. 4 Marga saka abdiningSun Yakub lan Israel, pilihaningSun, Ingsun banjur nimbali sira kalawan nyebut jenengira, paring sesebutan marang sira, sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun. 5 Iya Ingsun iki Yehuwah ora ana liyane; kajaba Ingsun ora ana allah maneh. Ingsun wus paring gegamaning perang marang sira, sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun, 6 supaya wiwit ing papan pletheking srengenge nganti tekan papan surupe, wong sumurup, manawa ing sajabaningSun ora ana liyane maneh. Ingsun iki Yehuwah la ora ana liyane, 7 kang ndadekake padhang lan nitahake peteng, kang damel begja lan cilaka; Ingsun Yehuwah kang nindakake iki kabeh. 8 He langit, netesna kaadilan saka ing dhuwur, tuwin cikben disokake dening mendhung Bumi kareben ngengakake badane lan metokake trubusaning kaslametan, apamaneh cikben nuwuhake kaadilan Iya Ingsun iki Yehuwah kang nitahake iki kabeh.” Pangeran Yehuwah iku kang nitahake samubarang kabeh 45:9-19 9 Bilai wong kang padu kalawan Kang Nitahake; ora liya iku mung wingka pecahan kendhil Apa lempung bakal celathu marang kundhi: “Apa kang kokgawe?” utawa marang apa kang wus digawe: “Kowe iku ora duwe tangan” 10 Bilai wong kang celathu marang bapakne: “Apa kang kokanakake?” lan marang ibune: “Apa kang koklairake?” 11 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allah kang nitahake Israel: “Apa sira kang matur pitakon marang Ingsun bab putra-putraningSun, utawa kang prentah marang Ingsun bab apa kang kadamel dening astaningSun? 12 Iya Ingsun iki kang yasa bumi lan kang nitahake manungsa ana ing kono; iya astaningSun iki kang nggelar langit, lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane. 13 Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan, tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh; iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun, sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan, tanpa bayaran lan tanpa besel,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah. 14 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Pametuning tanah Mesir lan sakehing kauntungane Etiopia lan para wong ing Syeba, para wong kang pawakane dhuwur, bakal padha ngalih marang tanahira tuwin dadi duwekira, iku bakal padha lumaku ana ing burinira kalawan dirante; bakal padha sujud marang sira sarta bakal ngempek-empek marang sira kalawan tembunge: Namung wonten ing tengah-tengah paduka Gusti Allah punika, tuwin sanesipun boten wonten; kajawi Panjenenganipun boten wonten allah sanesipun 15 Sanyata, Paduka punika Gusti allah ingkang sesingidan, Gusti Allahipun Israel, Sang Juruwilujeng. 16 Nanging para tukang brahala kudu mundur kalawan wirang, kabeh bakal kawirangan lan pancen kalepetan ing wirang. 17 Dene Israel kaparingan karahayon dening Sang Yehuwah karahayon kang langgeng; sira ora bakal padha kawirangan tuwin ora bakal kalepetan wirang nganti ing salawase lan ing sateruse.” 18 Sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake langit, -- iya Panjenengane iku Gusti Allah -- kang karya bumi lan kang yasa sarta kang nyantosakake iku, -- apadene anggone nitahake iku ora banjur disuwungake, nanging iku katitahake supaya dienggoni --: “Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana liyane. 19 Ora tau Ingsun ngandika kalawan asingidan tuwin ana ing panggonan ing bumi kang peteng. Ora tau Ingsun dhawuh marang turuning Yakub supaya ngupaya Ingsun kalawan nglaha Ingsun, Yehuwah, manawa ngandika mesthi bener, sarta tansah martakake apa kang sanyata.” Bangsa-bangsa padha katimbalan supaya padha bali marang Pangeran Yehuwah 45:20-25 20 “Sira padha nglumpuka lan padha mrenea, padha majua bebarengan, he sira kabeh kang padha oncat saka ing antarane para bangsa Iku padha ora duwe kawruh wong kang padha ngarak recane kayu lan kang padha ndedonga marang allah kang ora bisa aweh karahayon. 21 Sira padha nerangna lan mratelakna alasanira, cikben padha rerembugan bebarengan: Sapa kang aweh pawarta bab iki wiwit jaman kuna mula, tuwin kang mratelakake wiwit biyen? Apa dudu Ingsun, Yehuwah? Ora ana liyane, ora ana allah liyane kajaba Ingsun Allah kang adil lan kang jumeneng Juru-slamet, ora ana liyane kajaba Ingsun 22 Padha sowana marang ing ngarsaningSun supaya sira padha kaparingan slamet, he poncot-poncoting bumi Sabab iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane. 23 Demi Ingsun piyambak Ingsun wus supaos, saka ing tutukingSun wus kalair kabeneran, pangandika kang ora bakal kaceled; sarta kabeh wong bakal padha sujud jengkeng ana ing ngarsaningSun sarta padha sumpah manawa bakal setya marang Ingsun, kanthi migunakake sakehing basa, 24 kalawan celathu: Kaadilan lan kasantosan iku mung tinemu ana ing Pangeran Yehuwah. Sakehe wong kang wus nepsu marang Panjenengane bakal padha sowan ing ngarsane lan bakal nandhang wirang, 25 nanging turune Israel kabeh bakal kacihna manawa bener lan bakal rumangsa begja ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.” Para Dewa ing Babil iku tanpa daya 46:1-13 46 1 Dewa Bel wus katelukake, dewa Nebo wus kaesorake, reca-recane wus padha kamomotake ing kewan; kamomotake ing raja-kaya kang maune padha sira arak, saiki wus padha kaemotake dadi momotaning kewan kang sayah, 2 kang ora bisa nylametake momotane iku. Dewa-dewa iku kaesorake lan katelukake bebarengan lan banjur padha dadi tawanan dhewe. 3 “Padha rungokna Ingsun, he para turune Yakub, he sakehe turune Israel kang isih kari, he para wong kang Sungendhong wiwit ing wetengan, he para wong kang Sunbopong wiwit ana ing sajroning guwa-garba. 4 Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira. 5 Sira bakal padha madhakake lan nandhing Ingsun karo sapa lan sira njejerake sapa, temah banjur padha? 6 Wong ngetokake emas saka ing kanthonge lan mbobot salaka kalawan timbangan, banjur ngopahi wong dikon nggawekake allah nganggo bakal mau, nuli disembah-sembah lan uga disujudi 7 Allahe iku tumuli ditumpangake ing pundhak, dipikul lan diprenahake ing panggonane; allahe iku banjur ngadeg ana ing kono ora bisa ngalih saka ing panggonane. Sanadyan diuwuh-uwuh ing wong, ora mangsuli lan ora bisa ngluwari wong saka ing karupekane. 8 Iku padha elingana lan padha rumangsaa wirang, padha timbang-timbangen ing sajroning ati, he para wong kang padha mbalela 9 Sira padha ngelingana lelakon-lelakon biyen kang kadadean dhek jaman kuna, manawa iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane, Ingsun iki Allah lan ora ana kang kaya Ingsun, 10 kang paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembe bakal kelakon lan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon, kang ngandika: PutusaningSun bakal tumindak, tuwin sakehe karsaningSun bakal kelakon, 11 kang nimbali manuk galak saka ing wetan, lan wong kang nindakake putusaningSun kang asale saka nagara kang adoh. Ingsun wus ngandika mangkono lan iku bakal Suntindakake, Ingsun wus ngrancang mangkono lan iku bakal Sunwujudake. 12 Padha ngrungokna Ingsun, he para wong gumunggung, para wong kang adoh saka ing kabeneran: 13 Kaslametan kang saka Ingsun wus cedhak, amarga Ingsun kang nyelakake tuwin pangluwaran kang Sunparingake ora bakal karandhatake maneh; Ingsun bakal paring pangentasan ana ing Sion sarta kamulyaningSun marang Israel.” Rusake nagara Babil 47:1-15 47 1 Tumuruna lan lungguha ing lebu, he kenya, putri ing Babil Lungguha ing lemah tanpa dhampar, he putri Kasdim Amarga sira ora bakal kaaranan maneh manis lan kenes. 2 Sira njupuka watu gulingan lan nggilinga glepung, bukaken kudhungira; silakna sarungira, liganen pupunira, nyabranga ing kali 3 Kareben wewadinira katon ngeblak lan cikben kanisthanira katon Ingsun bakal ndhawahake piwales lan ora bakal ngeman wong siji-sijia, 4 mangkono pangandikane Juru Panebus kita, Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah asmane, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel. 5 Lungguha kalawan meneng lan lumebua ing pepeteng, he putri Kasdim Sabab sira ora bakal dikandhakake maneh dadi ratu ing sadhuwure para karajan. 6 Ingsun maune duka marang umatingSun, najisake pusaka kagunganingSun, sarta Sunpasrahake ing tanganira; sira ora welas marang wong-wong iku, malah banget-banget anggonira ngetrapi pasangan kang abot marang wong kang wus tuwa. 7 Maune sira ngucap: “Tetep ing salawas- lawase anggonku jumeneng dadi ratu” Nanging sira ora eling tuwin ora mikir marang wekasane iku kabeh. 8 Mulane iki sira rungokna, he wong kang urip seneng-seneng, kang mung lelinggihan kalawan ayem, kang mosik sajroning atimu mangkene: “Ora ana liyane ing sandhingku Aku ora bakal dadi randha, lan ora bakal cures turunku” 9 Rong prakara iki bakal nekani sira, ing sakedhap netra, ing sajroning sadina uga. Sira bakal dadi randha lan turunira bakal sirna babar pisan iku bakal tumempuh marang sira, sanadyan ekeh sikirira tuwin mandi banget mantranira. 10 Ing maune sira rumangsa slamet ing sajroning pialanira; sira ngucap: “Ora ana kang weruh aku” Kawicaksananira lan kawruhira iku kang nasarake sira, satemah sira mosik ing sajroning atinira: “Kajaba aku ora ana liyane” 11 Nanging sira bakal tinempuh ing bilai, sira ora bisa nandukake japa-mandtanira marang kadadean iku; sira bakal nandhang sangsara, sira ora bakal bisa nulak iku kalawan caos kurban; sira bakal katempuh ing karusakan kalawan dadakan, kang ora sira kira babar pisan. 12 Sira dipanggah bae kalawan ngantepi sakehing mantranira lan sikirira kang akeh iku, kang sira endelake wiwit cilikira; mbokmanawa sira saguh nekakake pambiyantu, mbokmanawa sira bisa nuwuhake pagiris. 13 Sira wus sayah marga saka kehe pituduh Cikben padha maju lan ngluwari sira wong-wong kang padha naliti sakehing pojoke langit, kang padha niti-priksa lintang-lintang sarta kang saben tanggal enom aweh pawarta bab apa kang bakal kelakon tumrap sira 14 Sanyata, wong-wong iku kaya dami kang kaobong ing geni; padha ora bisa ngluwari nyawane saka ign pangwasaning geni; geni iku dudu mawa geni kanggo manasake awak, dudu geni kanggo api-api 15 Iya iku paedahe tumrap sira para tukang japa-matra iku, kang wus sira pindeng wiwit cilikira; padha sempoyongan menyang ing sakehing keblat, ora ana kang bisa ngluwari sira. Pangeran Yehuwah nyipta kaanan kang anyar 48:1-11 48 1 Rungokna pangandika iki, he para turune Yakub, kang ngarani awakira dhewe nganggo jeneng Israel lan kang padha dadi turune Yehuda, kang sumpah demi asmane Pengeran Yehuwah tuwin ngandhemi Gusti Allahe Israel -- nanging ora kalawan temenan lan tulusing ati -- 2 malah kang padha nyebut awakira dhewe manut kutha suci lan sumendhe marang Gusti Allahe Israel, Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah asmane; 3 pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lelakon-lelakon kang wus kapungkur wus Sunwartakake wiwit ing jaman kuna, iku wus Sunngandikakake lan wus Sunpratelakake. Sawuse mangkono iku banjur dadakan Suntindakake uga sarta iku kabeh wus padha kelakon. 4 Awit saka iku Ingsun sumurup, manawa sira iku wangkal, wangkot lan nggugu karepira dhewe, 5 mulane Ingsun martakake bab iku wiwit ing kuna mula; sadurunge iku kelakon, wus Sunpangandikakake marang sira, supaya sira aja celathu: Brahalaku kang nindakake iku, recaku tatahan lan recaku cithakan kang ndhawuhake iku. 6 Sira wus krungu bab iku kabeh lan saiki sira ndelenga; apa sira ora padha gelem ngakoni dhewe? Ingsun paring pawarta bab prakara-prakara kang anyar wiwit saiki, tuwin bab-bab kang sumimpen kang durung sira sumurupi. 7 Lagi saiki bab-bab iku anggone kaanakake ora dhek biyen; sadurunge sira ora krungu bab iku, iku supaya sira aja celathu: Aku pancen wus sumurup kok 8 Sira ora krungu utawa sumurup, uga kupingira ora kawengakake wiwit biyen mula; nanging Ingsun wus nguningani, manawa sira tumindak kiyanat kang nistha banget, lan wong ngarani sira: wong kang mbalela wiwit ana ing sajrone guwa-garba. 9 Marga saka asmaningSun Ingsun ngampet dukaningSun lan marga saka misuwuringSun, Ingsun paring palimirma marang sira, satemah sira ora Sunsirnakake. 10 Lah sira wus Sundadekake murni, nanging ora kaya salaka, nanging sira wus Sunuji ana ing pawoning kasangsaran. 11 AnggoningSun bakal nindakake iku marga saka Ingsun, iya marga saka Ingsun piyambak, amarga asmaningSun kok arep kanajisake Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang liyane” Pangeran Yehuwah nebus Israel 48:12-22 12 “Rungokna Ingsun, he Yakub, lan sira Israel kang Suntimbali Ingsun iki tetep ora owah-owah, Ingsun iki kang kawitan, lan uga Ingsun kang wekasan 13 AstaningSun kang uga nalesi bumi, tuwin astaningSun tengen kang njereng langit. Nalika Ingsun nyebut jenenge, banjur padha muncul jumedhul kabeh. 14 Sira padha nglumpuka kabeh lan ngrungokna Sapa panunggalane kang mratelakake iki kabeh? Wong kang kinasihan dening Pangeran Yehuwah bakal nindakake karsaning Yehuwah tumrap Babil lan ngatonake kakiyataning astane Sang Yehuwah marang wong Kasdim. 15 Ingsun, iya Ingsun kang ngandika mangkono tuwin kang nimbali uga, Ingsun kang nekakake wong iku lan sakehing tumindake bakal kasembadan. 16 Padha nyedhaka ing ngarsaningSun, iki rungokna: Wiwit biyen Ingsun ora tau ngandika kalawan sidheman lan sajrone bab iku kelakon, Ingsun ana ing kono.” Tuwin saiki Gusti Allah ngutus aku kalawan Rohe. 17 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maedahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati. 18 Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren. 19 Turunira bakal kaya wedhi tuwin anak-putunira kehe kaya laslasane; jenenge ora bakal kasirnakake utawa kasingkirake saka ing ngarsaningSun.” 20 Padha metua saka ing Babil, padha lumayua saka ing Kasdim Bab iki wartakna lan kabarna kalawan swaraning surak-surak Iku giyarna nganti tekan ing poncoting bumi Pratelakna: “Pangerna Yehuwah wus nebus Yakub abdine” 21 Wong iku padha ora kasatan, nalika katuntun dening Panjenengane ngliwati ara-ara samun; Panjenengane ngwedalake banyu saka ing gunung parang. Gununge parang kebengkah banjur metu banyune. 22 “Para wong duraka padha ora kadunungan tentrem rahayu” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. ABDINING YEHUWAH BAB 49-55 Abdining Yehuwah iku dadi pepadhang ana ing satengahing para bangsa 49:1-7 49 1 padha ngrungokna marang Ingsun, he pulo-pulo padha nggatekna, he para bangsa kang adoh Ingsun wus katimbalan dening Pangeran Yehuwah wiwit isih ana ing bobotan asmaningSun wus kapangandikakake wiwit isih ana ing guwa-garbaning ibuningSun. 2 TutukingSun kadamel kaya pedhang kang landhep lan Ingsun kaayoman ana ing aubing astane. Ingsun kadadekake panah kang lincip lan kadhelikake ana ing endhonge. 3 Ingsun dipangandikani mangkene: “Sira iku abdiningSun, Israel, sarta ana ing sira anggoningSun bakal nglairake kamulyaningSun.” 4 Ewadene unjukingSun: “Anggen kawula kangelan punika tanpa damel, tuwin tanpa wusana saha tanpa gina anggen kawula ngesokaken kakiyatan kawula; nanging wewenang kawula punika wonten ing Pangeran Yehuwah sarta pituwas kawula punika wonten ing Allah kawula.” 5 Lah saiki pangandikane Sang Yehuwah, kang nganakake Ingsun kadadekake abdine wiwit ana ing bobotan, supaya mbalekake Yakub marang Panjenengane, tuwin nglumpukake Israel ana ing ngarsane -- mulane Ingsun kaluhurake ana ing paningale Pangeran Yehuwah, tuwin Gusti AllahingSun dadi kakiyataningSun --, mangkene pangandikane: 6 “Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.” 7 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci, marang kang diremehake dening wong, marang kang dianggep njijiki dening para bangsa, marang abdining para kang nyekel pangwasa: “Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat, tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah, marga saka Pangeran Yehuwah kang setya marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang wus milih sira.” Sion kapulihake 49:8--50:3 8 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing nalika Ingsun karenan, Ingsun bakal paring wangsulan marang sira, lan ing dinane Ingsun paring karahayon, Ingsun bakal mitulungi sira; sira wus Sundhapuk lan Sundadekake prajanjian tumrap umat manungsa, Sunkarsakake mbangun bumi maneh lan mbage-mbage tanah pusaka kang wus sepi mamring, 9 Sundhawuhake wewarta marang para wong kang kinunjara: Padha metua marang para wong kang ana ing pepeteng: Padha mrenea Ing sadalan-dalan padha kaya wedhus kang ora tau kekurangan suket, tuwin sanadyan ana ing sakehing tengger kang gundhul iya padha kasadhiyanan suket. 10 Mulane ora padha luwe utawa ngelak; ora bakal padha katempuh ing angin panas lan panasing srengenge kang sumelet, amarga padha katuntun dening Sang Paring Piwelas padha kagiring menyang ing sumber- sumber banyu. 11 Sakehing gunungingSun bakal Sundadekake dalan lan sakehing lurungingSun bakal Sunrata. 12 Lan ana wong kang padha teka saka ing adoh, saka ing lor lan saka ing kulon, tuwin ana kang saka ing tanah Sinim.” 13 Surak-suraka, he langit, giyak-giyaka, he bumi, lan padha bungah-bungaha kalawan surak-surak, he gunung-gunung Amarga Pangeran Yehuwah nglipur umate lan asih marang para wong kang dadi kagungane kang padha katindhes. 14 Sion celathu: “Pangeran Yehuwah wus nilar aku tuwin Gustiku wus kesupen marang aku.” 15 Apa wong wadon bisa lali marang bayine, nganti ora tresna marang wohing wetengane? Sanadyan iku lali marang anake, nanging Ingsun ora bakal kesupen marang sira. 16 Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun, tembok-tembokira iku tansah ana ing ngarsaningSun. 17 Para wong kang mbangun sira bakal enggal padha teka, dene kang padha mbubrah lan ngrusak sira bakal padha lunga. 18 Sira ndengengeka lan ndelenga ing sakubengira, wong iku padha nglumpuk lan marani sira. Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, lah iku bakal padha sira anggo dadi rerenggan, bakal sira ubedake, kaya patrape penganten wadon. 19 Awit papan-papanira kang samun lan sepi mamring tuwing nagaranira kang kabubrah, saiki wus keciyuten kanggo kang padha ngenggoni kang samono kehe iku sarta para wong kang arep nyirnakake sira bakal padha ngedoh. 20 Malah anak-anakira kang sira kira ilang bakal padha celathu marang sira: “Panggonan iku keciyuten kanggo aku kabeh, mulane sumingkira, supaya aku padha bisa manggon ana ing kono” 21 Ing kono sira bakal mosik ing sajroning atinira: “Sapa ta kang nglairake iku kabeh kanggo aku? Aku iki rak ora duwe anak lan gabug, sarta banjur digawa menyang ing pambuwangan lan disingkirake? Nanging anak-anak iki sapa kang nggedhekake? Aku iki rak wus nyata katinggal ijen, nanging anak-anak iki kabeh, saka ing ngendi pinangkane?” 22 Mangkene pangandikane Pangeran Allah: “Lah Ingsun bakal ngayatake astaningSun minangka pratandha tmrap para bangsa lan manjer gendera-genderaningSun kanggo para suku bangsa, iku bakal padha nggendhong anak-anakira lanang sarta anak-anakira wadon bakal padha dipanggul. 23 Para raja bakal padha dadi pamomongira lan para garwane padha dadi embanira. Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumi sarta padha ndilati lebuning sikilira. Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.” 24 Apa wong bisa ngrebut jarahan saka ing tangane wong prawira utawa wong tawanan apa bisa luwar saka ing tanganing wong prakosa? 25 Lah mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Tawananing wong prawira iya bisa karebut, lan jarahaning wong prakosa bisa uwal, sabab Ingsun piyambak kang bakal nglawan wong kang nglawan sira lan Ingsun piyambak kang bakal ngluwari anak-anakira. 26 Ingsun bakal meksa para wong kang nindhes sira supaya padha mangan daginge dhewe, tuwin wong iku bakal padha mendem nalika padha ngombe getihe dhewe, kaya mendeme wong ngombe anggur anyar, iku supaya umat manungsa kabeh padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, iku Pamartanira, sarta Juru Panebusira, Kang Mahakwasa, Allahe Yakub.” 50 1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Endi ta layange pegat ibunira tandhane manawa wus Suntundhung? Utawa panunggalane kang padha ngutangi Ingsun sapa kang wus tau Sunedoli sira? Lah marga saka kasalahanira dhewe sira wus padha kaedol lan marga saka panerakira dhewe ibunira kausir. 2 Yagene nalika Ingsun rawuh kok ora ana wong, lan nalika Ingsun nimbali kok ora ana kang sumaur? Apa bokmanawa astaningSun cupet dene ora bisa ngluwari, utawa apa Ingsun ora kagungan kakuwatan kanggo ngluwari? Lah marga Ingsun duka, Ingsun ngesatake sagara, kali-kali Sundadekke ara-ara samun; iwake padha mambu bacin marga ora ana banyu lan banjur padha mati kasatan. 3 Langit Sunsandhangi panganggon ireng lan Sunkemuli bagor.” Abdining Yehuwah tansah mbangun miturut 50:4-11 4 Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsun kayadene murid, supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesu kalawan tembung. Saben esuk talinganingSun kapredi ngrungokake kayadene murid. 5 Pangeran Allah wus ngwengakake talinganingSun lan Ingsun ora mbangkang, ora mengo memburi. 6 Ingsun masrahake gegeringSun marang wong-wong kang padha nggebugi Ingsun, lan pipiningSun marang wong kang padha mbubuti jenggotingSun Ingsun ora nutupi wedaningSun nalika Ingsun diwewirang lan diidoni. 7 Nanging Pangeran Allah banjur mitulungi Ingsun; mulane Ingsun ora kawirangan. Mulane Ingsun ngiyatake panggalihingSun kayadene santosaning gunung parang awit Ingsun uninga, manawa ora bakal kawirangan. 8 Panjenengane kang ngleresake Ingsun wus celak. Sapa kang wani padudon kalawan Ingsun? Ayo padha maju bebarengan Sapa kang prakaran kalawan Ingsun? Iku kareben marani Ingsun 9 Pangeran Allah nyata-nyata mitulungi Ingsun; sapa kang wani ngarani Ingsun luput? Lah iku kabeh bakal padha dadi elek kaya sandhangan kang wus lungset; bakal padha kapangan ing renget. 10 Sapa panunggalanira kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah lan ngrungokake swaraning Abdine? Manawa dumunung ing pepeteng lan ora kasorotan ing cahya, cikben pracaya marang asmane Sang Yehuwah tuwin sumendhe marang Gusti Allahe 11 Lah sira kabeh kang padha ngurubake geni lan kang padha masang panah murub, padha lumebu ing urubing geninira, lan ing satengahing panah-panah murub kang wus padha sira pasang Bab iku bakal tumanduk marang sira saka ing astaningSun; sira bakal padha ngaleleh ana ing papan pasiksan. Pangandika kang dadi panglipur tumrap Sion 51:1-23 51 1 Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha nggayuh marang kabeneran, he sira kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah Padha mawasa gunung parang, pinangkanira katatah, lan luwangan parang pinangkanira kadhudhuk. 2 Mawasa Abraham, bapa leluhurira, lan Sara kang nglairake sira kabeh; nalika Abraham ijen, Suntimbali, banjur Sunberkahi lan Sundadekake akeh. 3 Amarga Pangeran Yehuwah nglipur Sion, nglipur sakehing jugrugane; pasamunane kadadekake kaya patamanan Eden lan ara-arane samun kadadekake kaya patamananing Yehuwah. Ing kono tinemu kabungahan lan sukarena, kidung pamuji sokur lan swaraning rerepen. 4 Padha nggatekna swaranigSun, ha para bangsa, lan kupingira englengna marang Ingsun, he para suku bangsa Awit bakal ana piwulang kang metu saka Ingsun tuwin angger-anggeringSun bakal dadi pepadhang tumrap para bangsa. 5 Ing sajroning sakedhep netra karahayon kang saka Ingsun bakal cedhak, pangluwaran peparingingSun bakal teka, sarta Ingsun bakal ngereh para bangsa kalawan astaningSun kang kwaos; pulo-pulo bakal nganti-anti marang Ingsun, padha ngarep-arep marang pakaryaning astaningSun. 6 Mripatira arahna marang ing langit lan mandenga marang bumi kang ana ngisor; amarga langit sirna kayadene kukus, bumi dadi ala kaya sandhangan kang wus lawas tuwin kang manggon bakal padha mati kaya lemud; nanging pangluwaran peparingingSun bakal lestari ing salawas-lawase, sarta karahayon kang saka Ingsun ora bakal ana pungkasane. 7 Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala. 8 Amarga iku bakal padha kapangan ing renget kaya anggone mangan sandhangan tuwin bakal padha kamangsa ing singgat kaya anggone mangsa lawon wulu wedhus gembel, nanging karahayon kang saka Ingsun bakal lestari ing salawas-lawase sarta pangluwaran peparingingSun bakal tetep turun-tumurun. 9 Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu Kawula aturi ngagem kakiyatan, dhuh astanipun Pangeran Yehuwah Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina, ing jamanipun para leluhur kala rumiyin Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab, ingkang nyuduk naga ngantos pejah? 10 Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten, toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi? ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet, supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang? 11 Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuk tuwin lumebet ing Sion kanthi asurak- surak, kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng; kebak kabingahan lan kagirangan, tinebihan ing kasisahan saha pangresah. 12 Ingsun, iya Ingsun kang nglipur sira kabeh. Sapa ta sira iku, dene kok wedi marang manungsa kang pancen bakal mati, marang anaking manungsa kang kabuwang kaya suket, 13 nganti sira lali marang Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang njereng langit lan nalesi bumi, kok nganti sira sadina-dina tansah gumeter wedi marang bangeting nepsune wong kang nganiaya iku, kang rumanti arep nyirnakake? Endi ta mulad-mulading nepsune wong kang nganiaya iku? 14 Wong kang kabelok lan kablenggu bakal enggal kaluwaran; ora bakal mati lan tumurun ing luwangan pakuburna, sarta ora bakal kekurangan pangan. 15 Sabab Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang ngocakake sagara, satemah gumleger rame swaraning alune. -- Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah iku asmane. 16 Ingsun maringake pangandikaningSun ana ing cangkemira tuwin nyingidake sira ana ing aubing astaningSun, supaya Ingsun mbeber langit maneh lan masang tetalesing bumi, sarta ngandika marang Sion: Sira iku umatingSun 17 Tangia, tangia, ngadega, he Yerusalem, he kowe kang wus ngombe saka ing astane Sang Yehuwah isining tuwung mulad-mulading bebendhune, kowe kang wus ngombe nganti entek isining cangkir kang mendemi 18 Sakehing anak kang dilairake ora ana kang nuntun dheweke lan sakehing anak-anake kang digedhekake ora ana knag nganthi tangane. 19 Rong prakara iki wus tumempuh marang kowe -- sapa kang bela sungkawa marang kowe? Karusakan lan kagempuran, keluwen lan pedhang -- sapa kang bakal nglipur kowe? 20 Anak-anakmu wus padha pating gluntung tanpa daya ana ing sakehing pepojoking dalan kaya sapi alasan kang klebu ing jaring; padha katempuh ing panasing bebendune Pangeran Yehuwah lan dedukaning Allahmu. 21 Awit saka iku rungokna iki, he kowe kang katindhes, he kowe kang mendem, nanging ora marga saka anggur 22 Mangkene pangandikane Gustimu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngembani prakarane umate: “Lah Ingsun mundhut saka ing tanganira tuwung dalah isine kang mendemi, lan isining cangkir panasing bebenduningSun ora bakal sira ombe maneh, 23 nanging iku bakal Sunparingake marang wong kang nindhes sira, wong kang maune celathu marang sira: Tumungkula, supaya aku padha bisa liwat kalawan ngidak-idak awakmu Sira banjur mengkureb warata karo lemah lan dadi dalan tumrap wong kang liwat ing dhuwure.” Pangeran Yehuwah ngluwari Sion 52:1-12 52 1 Tangia, tangia Anggonen kakuwatanmu kayadene sandhangan, he Sion Anggonen sandhanganmu kang endah, he Yerusalem, kutha kang suci Amarga ora ana wong kang ora tetak utawakang najis, kang bakal lumebu maneh ing jeromu. 2 Ketabna lebuning sikilmu, tangia, he Yerusalem kang katawan Uculana tali-tali kang ana ing gulumu, he putri Sion kang katawan 3 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha kaedol tanpa bayaran, mulane bakal katebus tanpa bayaran uga. 4 Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah: Biyen umatingSun mangkat menyang ing tanah Mesir lan dadi wong neneka manggon ana ing kono, wasana banjur dianiaya dening Asyur tanpa sabab. 5 Nanging saiki apa maneh urusaningSun ana ing kene?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. UmatingSun nuli katawan mangkono bae. Para kang ngwasani padha gedhe atine, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, tuwin asmaningSun sadina-dina tansah diala-ala. 6 Awit saka iku umatingSun bakal wanuh marang asmaningSun sarta ing nalika iku tumuli bakal padha ngreti, manawa Ingsun iki Panjenengane kang ngandika, iya Ingsun 7 Iba anggone ngresepake katone saka ing pucake tengger-tengger tekane kang nggawa pawarta, kang martakake kabar katentreman kang ngundhangake pawarta kang becik, kang nggawa kabar karahayon lan kang celathu marang Sion: “Allahmu iku ratu” 8 Rungokna swarane wong kang padha ngawat-awati kowe: padha surak-surak bebarengan. Amarga padha nyumurupi dhewe manawa Sang Yehuwah kondur menyang ing Sion. 9 Padha giyak-giyaka, padha surak-surak bebarengan, he gapuraning Yerusalem Awit Pangeran Yehuwah wus nglipur umate, wus nebus Yerusalem. 10 Pangeran Yehuwah wus ngatingalake astane kang suci ana ing ngarepe mripate sakehing bangsa; poncot-poncoting bumi kabeh banjur sumurup karahayon kang pinangkane saka ing Allah kita. 11 Ngedoha, ngedoha Metua saka ing kono Kowe aja nganti kagepok kang najis Padha metua saka ing satengahe, padha sesucia, he para wong kang padha ngusungi prabote Padalemaning Yehuwah 12 Lah angognmu padha metu bakal ora kalawan kesusu tuwin ora bakal kaya keplayu, amarga Pangeran Yehuwah bakal lumampah ana ing ngarepmu, sarta Gusti Allahe Israel bakal dadi panutuping barisanmu. Abdining Yehuwah kang nandhang sangsara 52:13--53:12 13 Lah AbdiningSun bakal oleh gawe, bakal kaluhurake, kaalembana lan kamulyakake. 14 Kayadene anggone wong akeh bakal padha dheleg-dheleg nyumurupi Panjenengane -- amarga saka bangeting rusake pasemone, nganti ora kaya manungsa maneh, lan katon ora kaya anaking manungsa maneh,-- 15 mangkono anggone Panjenengane damel gumuning bangsa akeh, para raja bakal padha sidhem mirsani Panjenengane; amarga apa kang durung kawartakake, bakal kasumurupan, tuwin apa kang durung kapireng, bakal dimangertosi. 53 1 Sapa kang ngandel marang pawarta kang padha dakrungu, lan sapa kang kawedharan astaning Yehuwah kang kwaos iku? 2 Panjenengane iku thukul kaya trubusan ana ing ngarsaning Yehuwah, tuwin kaya semen saka ing lembah garing. Ora bagus ing warna lan ora kagungan kaendahan kang njalari kita banjur padha nyawang, sarta ora kagungan rupi, kang menginake kita. 3 Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan. 4 Mangka sanyatane lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kang dirembat, ewasamono kita padha ngira Panjenengae iku kena ing ipat-ipat, kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah. 5 Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras. 6 Kita padha nglambrang kayya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane. 7 Panjenengane kinaniaya, nanging kendel bae sajrone katindhes iku lan ora mbikak tutuke kaya cempe kang katuntun menyang ing pasembelehan; kaya wedhus kang ora nywara ana ing ngarepe para wong kang padha ngguntingi wulune, kaya mangkono anggone ora mbikak tutuke. 8 Sawuse katahan lan kaukum Panjenengane nuli kaluwaran, lan sapa kang mikir marang nasibe? Panjenengane sanyata wus kapethal saka ing nagarane para wong urip, tuwin marga saka pambalelaning umatingSun Panjenengane kena ing ipat-ipat. 9 Pasareane kapapanake ing satengahe para wong duraka, lan anggone seda ana ing satengahe para durjana, sanadyan Panjenengane ora nindakake kekerasan tuwin tutuke ora kadunungan cidra. 10 Nanging Pangeran Yehuwah karsa ngremuk tuwin damel gerahe Panjenengane. Samangsa Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa, bakal mirsani tedhak turune, yuswane bakal panjang, sarta karsaning Yehuwah bakal tumindak sarana astane. 11 Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau. 12 Awit saka iku bakal Sunparingi panduman wong-wong kang luhur minangka bandhangan, tuwin bakal tampa wong-wong kang santosa minangka jarahan, yaiku pikolehe anggone wus masrahake nyawane marang pati lan marga saka anggone kagolongake wong mbalela, sanadyan Panjenengane nanggel dosane wong akeh lan ndongakake para wong kang mbalela. Prajanjian karukunan kalawan Sion 54:1-17 54 1 Surak-suraka, he wong gabug kang ora tau nglairake jabang bayi Bungaha kalawan sumyak-sumyak lan giyak-giyaka, he sira kang ora tau nglarani Amarga kang ditinggal dening sing lanang iku bakal duwe anak kehe ngungkuli anake wong kang padha bebojoan, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 2 Ambakna papanig tarubira, jerengen tendhaning papan padununganira, sira aja ngeman papan; tali-talining tarubira dawanana sarta pathok-pathokira kapasanga kang kukuh 3 Amarga sira bakal tangkar-tumangkar ngiwa nengen, turunira bakal padha ndarbeni papaning para bangsa, tuwin bakal padha ngenggoni kutha-kutha kang sepi. 4 Sira aja wedi, awit ora bakal kawirangan, lan aja rumangsa isin, sabab sira ora bakal nandhang wirang. Amarga sira bakal lali marang kawiranganing nom-nomanira, tuwin ora bakal eling maneh marang nisthane anggonira dadi randha. 5 Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira, kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah; kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi. 6 Awit kayadene wong wadon kang ditinggal lan kang susah atine anggonira katimbalan maneh dening Sang Yehuwah; garwa jaka-lara rak ora bakal tetep katampik? Mangkono pangandikane Gusti Allahira. 7 Mung sadhela anggoningSun nilar sira, nanging marga saka sih-piwelasingSun kang linuwih sira Sunpundhut maneh. 8 Ing sajroning dukaningSun kang banget Ingsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela, nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgeng Ingsun wus ngatingalake sih- piwelasingSun marang sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira. 9 Kaanan iku tumrap Ingsun kaya ing jamane Nuh: kayadene anggoningSun wus supaos marang dheweke manawa banyu ora bakal nutupi bumi maneh, mangkono uga Ingsun iya wus supaos manawa Ingsun ora bakal duka maneh marang sira lan ora bakal mbendoni sira maneh. 10 Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira. 11 He wong kang katindhes, kang katempuh ing prahara, kang ora oleh panglipur Lah Ingsun bakal masang tetalesira kalawan watu item tuwin dhasar-dhasarira kalawan sesotya manila. 12 AnggoningSun yasa ndhuwuring tembok-tembokira kalawan sesotya dlima, gapura-gapuranira kalawan sesotya manikem abang sarta kabeh tembok-tembok wates kalawan watu adi. 13 Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah, tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe; 14 sira bakal kajejegake ing kabeneran. Sira bakal ingedohake saka ing panganiaya, mulane sira ora susah wedi maneh, tuwin sira bakal adoh saka ing pagiris, sabab iku ora bakal nekani sira. 15 Manawa ana wong kang nempuh sira, iku ora saka Ingsun; sapa bae kang nempuh sira, iku bakal ambruk marga nglawan sira. 16 Lah Ingsun kang nitahake pandhe kang ngububi geni tuwin ngrampungkae gegaman manut kabisane, nanging uga Ingsun kang nitahake juru panumpes kang Sunagem numpes. 17 Saben gegaman kang digembleng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama, sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah. Iya iki kang bakal dadi pandumane para abdine Pangeran Yehuwah tuwin kabeneran peparingingSun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Timbalan supaya padha melu nampani karahayon peparinge Pangeran Yehuwah 55:1-13 55 1 He sakehe wong kang ngelak, padha mrenea lan ngombea banyu, apadene sira kang ora duwe dhuwit, mrenea Nampanana gandum tanpa bayar lan mangana, uga anggur lan susu tanpa bayar 2 Yagene sira padha ngetokake dhuwit ora kanggo tuku roti, lan pituwasing rekasanira ora kanggo tuku barang kang maregi? Padha ngrungokna marang Ingsun, temah sira bakal padha mangan pangan kang becik sarta sira bakal padha ngrasakake nikmating cecawisan kang enak dhewe 3 Padha nilingna kupingira lan sowana ing ngarsaningSun; padha ngrungokna, temah sira bakal padha urip Ingsun arsa nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh, manut sih-susetya kang santosa kang Sunjanjekake marang Dawud 4 Lah dheweke wus Suntetepake dadi seksi tumrap para bangsa, dadi ratu lan nyekel paprentahan tumrap para suku bangsa; 5 lah sira bakal ngundang bangsa kang sira durung wanuh, lan bangsa kang durung wanuh kalawan sira bakal mlayu marani sira, marga saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, sarta marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang paring kamulyan marang sira. 6 Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah pupung isih karsa disowani; padha sesambata marng Panjenengane pupung isih ana ing celakan 7 Wong duraka kareben ninggal dalane, lan wong ala cikben ninggal pangrantame; kareben mratobat marang Sang Yehuwah, mesthi bakal kaparingan sih-palimirma, sarta marang Gusti Allah kita, sabab Panjenengane bakal ngluberake pangaksamane 8 Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira, lan dalanira iku dudu marginingSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 9 Amarga sapira dhuwure langit saka ing bumi, iya samono dhuwure marginingSun saka ing dalanira sarta rancanganingSun saka ing rancanganira. 10 Sabab kayadene udan lan salju anggone tumurun sakal ing langit lan ora bali mrono, nanging banjur mbanyoni bumi, gawe subure lan njalari thukule tetuwuhan, aweh wiji marang kang nyebar lan roti marang wong kang gelem mangan, 11 iya mangkono pangandikaningSun kang miyos saka ing tutukingSun: ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha, nanging iku bakal nindakake apa kang Sunkarsakake, sarta bakal oleh gawe tumrap apa bae kang Sundhawuhake. 12 Lah sira bakal padha mangkat kalawan bungah lan bakal kaeterake kalawan tentrem; gunung-gunung lan tengger-tengger bakal padha gambira lan surak-surak ana ing ngarepira, lan sakehing wit-witan ing ara-ara bakal keplok-keplok. 13 Minangka gantine grumbul eri bakal thukul wit beros, tuwin minangka gantine kecubung bakal thukul wit jambu keling; iku bakal kelakon minangka srana kang njalari misuwuring Yehuwah, minangka tandha langgeng kang ora bakal sirna. TUMURUNING KARAHAYON LAN SARAT-SARATE BAB 56-66 Karahayon iku kanggo wong kabeh 56:1-8 56 1 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha netepana angger-angger lan njejegna kaadilan, awit sadhela engkas karahayon kang saka Ingsun wus bakal teka, sarta kaadilaningSun bakal kalairake. 2 Rahayu wong kang nglakoni, lan anaking manungsa kang nggondheli iku, kang netepi dina Sabat lan ora dinajisake, sarta kang mekak awake aja nganti nindakake sadhengaha piala. 3 Aja nganti wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah iku celathu: “Pangeran Yehuwah mesthi bakal misah aku saka umate,” sarta aja nganti wong kebiren muni: “Aku iki satemene wit kang garing.” 4 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Para wong kebiren kang padha netepi dina-dina SabatingSun lan kang padha milih apa kang Sunkarsakake sarta kang gondhelan marang prajanjianingSun, 5 iku ana ing padalemaningSun lan ana ing wewengkoning tembok- tembokingSun bakal Sunparingkae tandha pengetan lan jeneng -- iku luwih becik katimbang karo anak lanang utawa wadon, -- sawijining jeneng kang langgeng kang ora bakal sirna bakal Sunparingake marang wong-wong iku. 6 Anadene para wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah prelu ngladosi Panjenengane, lan nresnani asmaning Sang Yehuwah sarta sumedya ngabdi marang Panjenengane, kabeh kang netepi dina Sabat lan ora najisake, tuwin kang gondhelan marang prajanjianingSun, 7 iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang suci lan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun. Ingsun bakal karenan marang kurban- kurbane obaran lan sembelehan kang kacaosake ana ing misbyahingSun, awit padalemaningSun bakal sinebut dalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa. 8 Mangkene pangandikane Pangeran Allah kang nglempakake para wong Israel kang kabuwang: Ingsun bakal nglempakake wong maneh Sunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.” Para pemimpin kang duraka 56:9--57:5 9 He sakehe kewan ing ara-ara, he sakehe kewan ing alas, padha mrenea lan padha mangana 10 Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta, kabeh padha ora ngreti apa-apa; kabeh iku asu bisu, kang ora bisa njegug; padha keklemprakan kalawan ngalamun sarta mung padha seneng turu bae; 11 asu-asu kang srakah, kang ora tau krasa wareg. Mangka iya wong-wong iku kang padha dadi pangon, kang padha ora bisa neniteni Padha lumaku ing dalane dhewe-dhewe kabeh, siji-sijine padha mburu kauntungan, ora ana kang ora mangkono. 12 “Mrenea,” mangkono celathune, “aku arep njupuk anggur, ayo padha ngombe arak kang akeh; sesuk bakal padha karo dina iki, malah luwih dening ngedab-edabi” 57 1 Wong bener tiwas, lan ora ana wong siji-sijia kang maelu; wong mursid padha kajabut nyawane, tuwin ora ana wong siji-sijia kang mreduli; sanyata, marga saka sumrambahe piala, nyawane wong mursid kajabut, 2 nanging banjur lumebu ing papaning katentreman; wong kang urip kalawan ati kang lurus bakal oleh palereman ana ing paturone. 3 Nanging sira kabeh iku padha nyedhaka mrene, he para anake wong wadon juru tenung, he turune wong kang laku jina lan wong wadon tunasusila 4 Sira padha nganggo gegojegan sapa, sapa kang padha sira celathoni kalawan tetembungan kang ora-ora lan kang sira erang-erang iku? Apa sira kabeh iku dudu anaking wong mbalela, turuning wong cidra?, 5 he para wong kang padha kaobong dening hawa-nepsune ana ing sacedhake wit-wit kang kramat, ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel, he para wong kang nyembeleh bocah ana ing lebak-lebak, ing sela-selaning tengger parang. Nyembah brahala ateges laku jina 57:6-13 6 Sira mung kadunungan watu-watu kang klimis kang saka ing kali, lan iya mung iku kang katemtokake tumrap sira; iku uga padha sira wenehi kurban unjuk-unjukan, lan sira ladeni kurban dhaharan. Apa Ingsun bakal nyabari kang mangkono iku? 7 Sira mrenahake paturonira ana ing gunung kang dhuwur lan munggul tuwin sira uga banjur munggah ing gunung kono prelu ngladekake kurban sembelehan. 8 Sira ndekek lambanging brahalanira ana ing dhempeling lawang lumebu ing omahira, malah sira wus ninggal Ingsun lan cucul sandhangan babar pisan, sira wus ngunggahi tuwin ngambakake paturonira; sira wus nganakake prajanjian karo wong sawatara kang sira karepake sira ajak sapaturon sarta sira ngawasake palanangane. 9 Sira marani Molokh kalawan nggawa lenga tuwin wewangen akeh; para kongkonanira padha sira lakokake nganti adoh, nganti tekan ing ngisoring jagading wong mati. 10 Marga saka anggonira lumaku adoh iku sira banjur wus kesel lan lesu, nanging sira ora muni: “Ora ana pangarep-arep” Sira oleh kakuwatan maneh, mulane sira ora dadi sayah. 11 Sapa ta kang marakake sira giris lan wedi, dene sira nganti cidra lan ora eling marang Ingsun utawa banjur ora mreduli marang Ingsun? Apa ora marga saka anggoningSun kendel bae lan ngeremake paningalingSun, sira nuli ora wedi marang Ingsun 12 Ingsun arsa mratelakake kamursidanira lan sakehing panggawenira, nanging iku kabeh tumrap sira ora ana gunane: 13 samangsa sira sesambat, para brahalanira kareben ngluwari sira Iku bakal padha kabur ing angin, sarta padha kasirnakake dening sumentoring abab. Nanging wong kang ngayom marang Ingsun bakal tampa warisan bumi lan bakal ndarbeni gunungingSun kang suci. Tembung-tembung panglipur 57:14-21 14 Ana kang ngandika: “Bukaken, bukaken, nyawisna dalan, singkirna watu sandhungan kang ana ing dalaning umatingSun” 15 Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu. 16 Amarga Ingsun ora bakal padudon ing salawase, lan ora bakal terus duka, supaya semangate wong aja nganti lemes lesu ana ing ngarsaningSun, mangka iya Ingsun kang nitahake napasing urip. 17 Ingsun duka marga saka durakaning srakahe, banjur Sunrangket, Ingsun nyingidake pasuryaningSun lan duka, nanging dheweke banjur murtad, lumaku ing dalan kang dadi pilihaning atine. 18 Ingsun wus nguningani sakehe dalane iku, ewasamono bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntun tuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur; uga ana ing lambene wong-wonge kang padha prihatin 19 Ingsun bakal karya pepujian. Tentrem, tentrem rahayu marang wong kang adoh lan kang cedhak -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sarta kang bakal Sunwarasake 20 Nanging para wong duraka iku kaya sagara kang ngombak-ombak amarga ora bisa lestari tentrem, sarta iline ngumbulake rereged lan endhut. 21 Wong duraka iku ora kadunungan katentreman,” mangkono pangandikane Gusti Allahku. Kamursidan kang sanyata lan kang ora 58:1-12 58 1 Nguwuh-uwuha kang sora, aja ngampet swara Ngulukna swaranira kayadene kalasangka, wartakna marang umatingSun panerake lan marang para turune Yakub dosane 2 Pancen saben dina padha ngupaya Ingsun lan seneng sumurup sakehing marginingSun. Kayadene bangsa kang nglakoni kang bener tuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahe padha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener, padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah, sarta munjuk pitakon: 3 “Punapa sababipun dene kawula sami siyam Paduka kok ugi boten nggatosaken? Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badan Paduka kok boten karsa nguningani?” Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira. 4 Sanyatane anggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegan sarta kalawan ngantemi tanpa reringa. Manawa anggonira pasa kaya saiki iki swaranira bakal ora kapirengake saka ing ngaluhur. 5 Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake, tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan, manawa sira ndhingkluk kaya glagah lan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu? Apa iku kang sira arani pasa, nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah? 6 Dudu Pasa kang Sunkarsakake iku, yaiku manawa sira nguculi blengguning ambek siya, lan ngudhari tali-talining pasangan, manawa sira ngluwari wong kang kinaniaya tuwin mutungi sakehing pasangan, 7 manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwen sarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma, lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggon tuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe 8 Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetan tuwin tatunira bakal enggal waras; kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepira lan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira. 9 Ing kono manawa sira munjuk, Pangeran Yehuwah bakal paring wangsulan samangsa sira sesambat nyuwun tulung, Panjenengane bakal ngandika: Lah iki Ingsun ana ing kene Manawa sira ora ngetrapake pasangan maneh marang pepadhanira sarta ora nuding-nuding marang wong kalawan driji lan mitenah, 10 manawa sira menehi wong keluwen apa kang sira dhewe arep lan gawe lejaring atine wong kang katindhes, pepadhangira bakal sumorot ana ing pepeteng sarta pepetengira bakal kaya wayah tengange. 11 Pangeran Yehuwah bakal tansah nuntun sira lan bakal damel mareming atinira ana ing tanah kang garing sarta bakal nganyarake kakuwatanira; sira bakal kaya patamanan kang kasiraman kalawan becik tuwin kaya sumber kang ora tau gawe gela. 12 Sira bakal mbangun gempuran kang wus atusan taun, lan bakal ndandani tetales kang wus kapasang pirang-pirang turunan. Sira bakal kasebut “kang ndandani tembok kang jebol”, “kang ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”. Ngajeni dina Sabat 58:13-14 13 Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabat lan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci; manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”, lan dinaning Pangeran Yehuwah kang suci “dina kang mulya”; manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanira sarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna, 14 sira bakal seneng-seneng marga saka Pangeran Yehuwah, tuwin Ingsun bakal damel sira bisa ngliwati pucak-pucaking tengger-tengger ing bumi kalawan tetungganganing kaunggulan; sira bakal Sunparingi pangan saka warisane leluhurira Yakub, sabab mangkono pangandikane lesaning Yehuwah. Dosa iku ngrerendheti karahayon 59:1-21 59 1 Astaning Yehuwah iku sanyata ora cupet kagem paring karahayon, lan pamirenge ora kurang landhep kagem miyarsakake; 2 nanging kang dadi sesinggetan ing antarane kowe lan Gusti Allahmu iku sakehing pialamu, tuwin kang njalari Panjenengane asingidan ana ing ngarepmu, satemah banjur ora mireng, iku sakehing dosamu. 3 Sabab tanganmu iku najis marga kuthah getih sarta drijimu marga saka piala; cangkemmu ngucapake cidra, ilatmu ngandhakake kaculikan. 4 Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener, lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat; kang diandelake barang kang tanpa guna lan goroh kang diucapake, kang dikandhut kasangsaran dene kang dilairake tindak ambek siya. 5 Wong padha netesake endhog ula bedhudhak, tuwin nenun jaring kemangga; sing sapa mangan endhog mau mesthi bakal mati, sarta manawa endhog mau dipijet nganti pecah, banjur metu ulane bedhudhak. 6 Jaring kang ditenun mau ora kena dianggo sandhangan, lan gegaweane ora kena dianggo kemul; panggawene iku panggawe kang ambek siya, sarta kang ditindakake dening tangane iku mung awujud kekerasan. 7 Enggal-enggal anggone nglakoni piala, lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput; rancangane iku pangrantaming ambek siya, tuwin menyang ngendi bae parane mesthi ninggal karusakan lan gempuran. 8 Padha ora sumurup marang dalaning karukunan, tuwin ing sajroning tindak-tanduke ora ana kaadilan; padha milih dalan-dalan kang menggok, lan saben wong kang lumaku ing kono ora wanuh marang katentreman. 9 Marga saka iku kaadilan tetep adoh saka kita tuwin kabeneran ora nekani kita, kita padha ngarep-arep pepadhang, nanging kang ana mung pepeteng, padha ngarep-arep cahya, nanging kita padha lumaku ana ing pepeteng. 10 Kita padha gagap-gagap ing tembok kaya wong wuta, tuwin grayah-grayah kaya-kaya ora duwe mripat; kita padha kesandhung ing wayah tengange, kaya-kaya ing wayah repet-repet padha lungguh ing papan peteng kaya wong mati. 11 Kita kabeh padha gereng-gereng kaya bruwang, swara kita lereg-lereg kaya manuk dara; kita ngarep-arep marang kaadilan, nanging ora ana, nganti-anti marang kaslametan, nanging iku tetep adoh saka kita. 12 Dosa kawula sadaya punika saestu kathah wonten ing ngarsa Paduka tuwin dosa kawula punika dados seksi ingkang nglawan dhateng kawula; kawula sadaya saestu sami ngrumaosi anggen kawula sami mbalela saha sami nyumerepi ing piawon kawula; 13 kawula sadaya sampun mbalela tuwin nyelaki dhumateng Pangeran Yehuwah, sarta mundur nilar Gusti Allah kawula, kawula sami ngrancang badhe memeres lan nyleweng, sami ngandhut cidra ing salebeting manah saha nglairaken cidra wau kalayan tetembungan. 14 Angger-angger sampun kesuk kawula pengkeraken tuwin kaadilan tebih dunungipun, sabab kaleresan kesandhung wonten ing papan umum saha katemenan katampik ing tiyang. 15 Mulane kabeneran wus ilang, lan sing sapa ngedohi piala, dadi kurbaning wong ngrerayah. Nanging Pangeran Yehuwah nguningani kang mangkono iku, lan ndadekake rengune ana ing paningale dene ora ana angger-angger 16 Panjenengane mirsa manawa ora ana wong siji-sijia kang jumedhul, tuwin ngungun, dene ora ana kang mbiyantu. Mulane astane piyambak kang mitulungi, sarta kaadilane kang mbiyantu Panjenengane. 17 Banjur ngagem kaadilan kadadekake kere lan toponging karahayon ana ing mustakane; ngagem busana piwales sarta jubahing panggalih benter. 18 Laras karo panggawe-panggawening wong, mangkene anggone paring piwales: bebendu kang mulad-mulad marang para kang nglawan, pidana marang para mengsahe; malah dalasan pulo-pulo kang adoh uga kadhawahan pidana. 19 Ing kono wong banjur bakal wedi marang asmaning Pangeran Yehuwah ana ing papan suruping srengenge tuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge, awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut, kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah. 20 Sarta bakal rawuh jumeneng dadi Panebusing Sion tuwin kanggo para wonge Yakub kang padha mratobat nyingkiri pambalelane, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 21 Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Kamulyaning Sion kang bakal kaparingake 60:1-22 60 1 Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka, lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira. 2 Awit lah pepeteng nglimputi bumi, tuwin palimengan nutupi bangsa-bangsa; nanging pepadhanging Pangeran Yehuwah mletheki sira, sarta kamulyane katingal mayungi sira. 3 Para bangsa padha gumrudug marani pepadhangira, tuwin para raja padha nekani cahya kang mletheki sira. 4 Ndengengeka lan ndelenga sakubengira, wong kabeh padha nglumpuk marani sira; anak-anakira lanang padha teka saka ing adoh, dene anak-anakira wadon padha digendhong. 5 Ing nalika iku sira bakal eram ndeleng iku lan bungah banget sira bakal gumun lan bakal gedhe atinira, amarga lubering kasugihan ing sabranging sagara bakal ngalih marang sira, lan kasugihane para bangsa bakal nekani sira. 6 Unta kang akeh cacahe bakal ngebaki wilayahira, unta-unta enom saka ing Midian lan Efa. Iku bakal padha teka saka ing Syeba, kalawan momot emas lan menyan, sarta martakake pakaryaning Sang Yehuwah kang misuwur. 7 Sakehing wedhus ing Kedar bakal nglumpuk ana ing ngarepira, wedhus lanang saka ing Nebayot bakal cumawis kanggo pangibadahira; kabeh iku bakal kacaosake ana ing misbyahingSun minangka kurban kang ndadekake keparengingSun, sarta Ingsun bakal damel sumoroting padalemaningSun kang agung. 8 Sapa kang padha teka nglayang-nglayang kaya mega iki lan kaya manuk dara kang marani lawanging pagupone iki? 9 Sanyata Ingsun kang dianti-anti dening pulo-pulo kang adoh; kapal-kapal ing Tarsis padha lumaku ana ing ngarep, padha nggawa anak-anakira lanang saka ing adoh, sarta momot salaka lan emas, kagem asmaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira lan marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allnahe Israel, sabab Panjenengane paring kalulhuran marang sira. 10 para wong ngamanca bakal padha mbangun tembokira, tuwin para ratune bakal ngladeni sira; amarga sajroning bebenduningSun sira wus Sunrangket mung bae Ingsun wus kepareng paring sih-piwelas marang sira. 11 Gapura-gapuranira bakal tansah menga rina lan wengi ora bakal kainebake, supaya wong bisa marakake kasugihane para bangsa marang sira, bebarengan karo para ratune kang padha digiring dadi tawanan 12 Lah bangsa lan karajan kang ora gelem suwita marang sira mesthi bakal sirna; bangsa-bangsa iku bakal karusak, katumpes. 13 Kamulyaning gunung Libanon yaiku wit beros, wit berangan lan wit cemara, bakal uga digawa pisan menyang ing ngarepira, kanggo ngrerengga wewengkone padalemaningSun kang suci, sabab Ingsun arsa damel mulyaning papan kang kaidak ing sampeyaningSun. 14 anak-anake para wong kang nindhes sira bakal padha marani sira kalawan tumungkul, lan sakehe wong kang padha ngala-ala sira bakal sujud nyembah marang tlapakaning sikilira; sarta baka nyebut sira, “kuthaning Pangeran Yehuwah”, “Sion, kagungane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel”. 15 Minangka gegentine kaananira biyen, nalika sira katinggal, disengiti lan ora ditekani ing wong siji-sijia, saiki sira bakal Sundadekake kaluhuran kang langgeng, dadi kabungahan turun-tumurun. 16 Sira bakal nesep susuning para bangsa lan bakal ngombe susuning karajan- karajan; ing kono sira banjur bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Pamartanira, lan Panebusira, Kang Mahasusi, Gusti Allahe Yakub. 17 Minangka gegentining tembaga Ingsun bakal maringi emas, wesi Sunlironi salaka, kayu Sunlironi tembaga, tuwin watu Sunlironi wesi; Ingsun bakal maringi tentrem-rahayu lan kaadilan kang bakal ngayomi lan nata uripira. 18 Ing nagaranira ora bakal ana maneh kabar bab tumindak kanthi kekerasan, bab karusakan utawa gempuran ing wewengkonira; sira bakal ngarani tembokira “Rahayu” lan gapura-gapuranira “Pangalembana”. 19 Srengenge ora bakal dadi kang aweh pepadhang maneh ing wayah awan tumrap sira lan cahyaning rembulan ora bakal aweh pepadhang maneh ing wayah bengi, nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap sira, sarta Gusti Allahira bakal dadi kaluhuranira. 20 Sira bakal kadunungan srengenge kang ora tau surup lan rembulan kang ora angslup, amarga Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang kang langgeng tumrap sira, tuwin dina-dinane anggonira nandhang susah bakal diuwisi. 21 Kabeh kang ngenggoni sira para wong bener, anggone padha nduweni nagara iku ing salawas-lawase; padha kaya cangkokan kang Suntanem piyambak kanggo ngatonake kaluhuraningSun. 22 Kang cilik dhewe bakal dadi golongan kang gedhe, tuwin kang ringkih dhewe bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yehuwah, bakal enggal nindakake iku ing wektu kang wus Suntemtokake. Kabar karahayon marang Sion 61:1-11 61 1 Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum, 2 ngundhangake taun sih-rahmating Sang Yehuwah lan dina tumibane piwalesing Allah kita, nglipur sakehing wong kang nandhang susah, 3 ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane. 4 Wong-wong mau bakal padha mbangun gempuran kang wus atusan taun anane, sarta ngedegake maneh panggonan- panggonan kang wus dadi sepi wiwit biyen; bakal padha mbangun kutha-kutha kang wus dadi gempuran, panggonan-panggonan kang wus turun-tumurun sepi. 5 Para wong ngamanca bakal padha mbiyantu sira kabeh dadi pangoning wedhus-wedhusira, sarta wong-wong bangsa liyan bakal padha dadi petaninira lan tukang kebon ana ing pakebonanira anggur. 6 Nanging sira bakal padha kaaranan imaming Sang Yehuwah lan bakal kasebut abdining Allah kita. Sira bakal padha ngrasakake nikmating kasugihane para bangsa tuwin bakal padha rumangsa mbedhedheg marga saka kehing kasugihane wong-wong mau. 7 Minangka lirune anggonira padha kawirangan tikel ping pindho, lan minangka gegentine anggonira kacacad lan kaidonan, sira bakal padha tampa warisan tikel loro ana ing nagaranira tuwin bakal ngrasakake kabungahan kang langgeng. 8 Sabab Ingsun, Yehuwah, remen marang kaadilan lan sengit marang tindak ngrayah lan kaculikan; Ingsun bakal maringi pituwas marang sira kang trep, sarta bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh. 9 Turunira bakal misuwur ana ing satengahe para bangsa, samono uga anak-putunira ana ing antarane para suku bangsa, satemah sakehing wong kang ndeleng bakal padha ngakoni, manawa iku turun kang padha kaberkahan dening Pangeran Yehuwah. 10 Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah, nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun, awit Ingsun ingageman busananing karahayon sarta diagemi jubahing kabeneran, kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene. 11 Sabab kayadene bumi anggone metokake tetuwuhan, lan kaya kebon kang nukulake winih kang kasebar, iya mangkono iku anggone Pangeran Allah bakal nuwuhake kabeneran lan pepujian ana ing ngarepe sakehing bangsa. Karahayoning Sion bakal enggal kaparingake 62:1-12 62 1 Marga saka Sion aku ora bisa meneng, lan marga saka Yerusalem aku ora bakal leren, nganti tumeka kabenerane sumunar kaya cahya lan karahayone murub kaya obor. 2 Para bangsa banjur bakal padha ndeleng kabeneranmu, lan sakehing ratu bakal padha mirsani kamulyanmu, tuwin wong bakal ngarani kowe nganggo jeneng anyar kang bakal katemtokake dening Sang Yehuwah piyambak. 3 Kowe bakal dadi makuthaning kamulyan ana ing astaning Pangeran Yehuwah, lan serbaning karajan ana ing astaning Allahmu. 4 Kowe ora bakal diarani maneh “kang ditinggal ing bojo”, tuwin nagaramu ora bakal kasebut maneh “kang sepi”, nanging kowe bakal diarani “kang ndadekake keparengingSun” lan nagaramu “kang duwe bojo”, amarga kowe wus ndadekake keparenging Sang Yehuwah, lan nagaramu bakal duwe bojo. 5 Amarga kayadene jaka duwe bojo prawan, mangkono uga Panjenengane kang mbangun kowe bakal dadi jodhomu, lan kayadene bungahing atine penganten lanang ndeleng penganten wadon, mangkono uga Gusti Allahmu bakal rena ing panggalih marga saka kowe. 6 Ing dhuwure tembok-tembokira, he Yerusalem, wus Sunpasangi wong jaga. Ing sadina-dina lan ing sawengi-wengine, iku padha ora tau meneng. He kowe kang kudu ngengetake Pangeran Yehuwah marang Sion, kowe aja padha mung meneng bae 7 lan aja koketogake bae Panjenengane kendel, nganti Yerusalem kasantosakake dening Panjenengane tuwin kadadekake misuwur ana ing bumi. 8 Pangeran Yehuwah wus supaos demi astane kang tengen, demi astane kang kiyat: “Lah Ingsun ora bakal maringake gandumira maneh marang mungsuhira minangka pangane, lan wong-wong bangsa liyan ora bakal ngombe anggurira kang wus sira olah kanthi rekasa; 9 nanging wong kang ngeneni uga bakal mangan lan bakal memuji marang Pangeran Yehuwah, tuwin wong kang nglumpukake uga bakal ngombe ana ing plataran-plataraning pasuceningSun.” 10 Lumakua, lumakua metu ing gapura, nyawisna dalan kanggo umat, bukaken, bukaken lurunge gedhe, singkirna watu-watune, masanga gendera kanggo para bangsa 11 Amarga iki kang wus kaundhangake dening Pangeran Yehuwah nganti tekan ing poncoting bumi Wartakna marang putri Sion: Lah karahayonmu teka; lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha bareng kalawan Panjenengane, sarta kang wus dadi kagungane iku padha lumaku ana ing ngarsane. 12 Iku bakal padha diarani ing wong “bangsa kang suci”, “para tetebusane Pangeran Yehuwah”, dene kowe bakal kasebut “kang digoleki”, “kutha kang ora ditinggal”. Paukuman marang Edom minangka piwales 63:1-6 63 1 “Sapa ta kang rawuh saka ing Edom, kang rawuh saka ing Bozra kalawan ngagem rasukan abang iku, kang katon mawa cahya marga saka pangagemane kang kaya mangkono iku, kang lumampah kalawan ngagem kakiyatan kang linuwih iku?” “Iya Ingsun iki, kang janji bakal paring pangadilan, lan kang kagungan kwaos paring pangluwaran” 2 “Punapa sababipun, dene pangageman Paduka abritipun kados makaten, saha agemipun rasukan kok ngnatos kados rasukanipun tiyang ingkang mipit anggur?” 3 “Ingsun mung piyambakan bae anggoningSun mipit, lan panunggalane umatingSun ora ana kang ngrewangi Ingsun Ingsun wus mipit para bangsa ing sajroning bebenduningSun, wus padha Sunidak-idak ing sajroning mulad-mulading dukaningSun, getihe muncrat-muncrat marang ing rasukaningSun, sarta pangagemaningSun kabeh wus gluprut getih. 4 Amarga dinaning piwales wus Sunrancang lan wus tumeka ing taun anggoningSun pepulih. 5 Ingsun mirsani ngiwa-nengen: ora ana kang tetulung; Ingsun ngungun: kok ora ana kang mbiyantu. AstaningSun kang banjur mitulungi Ingsun, lan mulad-mulading bebenduningSun, iku kang mbiyantu Ingsun. 6 Ing sajroning dukaningSun iku bangsa- bangsa padha Sunidak-idak, padha Sunremuk ing sajroning mulad- mulading bebenduningSun, getihe Sundamel blabaran ana ing bumi.” Pangakune Israel sarta panyuwunane ing sajroning pandonga 63:7--64:12 7 Kawula badhe mratelakaken sih- susetyanipun Pangeran Yehuwah, pakaryaning Sang Yehuwah ingkang misuwut, laras kaliyan sadaya ingkang katandukaken dening Pangeran Yehuwah dhumateng kita, tuwin kamirahanipun ingkang ageng dhumateng Banisrael ingkang tumandukipun laras kaliyan sih-piwelasipun tuwin cundhuk kaliyan sih-susetyanipun ingkang ageng. 8 Panjenenganipun rak sampun ngandika: “Iku sanyata umatingSun, putra-putra kang ora bakal tumindak culika,” mila Panjenenganipun dados Pamartanipun 9 ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong. 10 Ewadene lajeng sami mbalela sarta damel sungkawaning Rohipun ingkang suci; mila Panjenenganipun lajeng santun dados mengsahipun, saha nglawan perang piyambak dhateng umatipun. 11 Nunten sami kengetan dhateng jaman kina, jamanipun Nabi Musa, abdinipun punika: Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngentas saking seganten sesarengan kaliyan pangening menda- mendanipun? Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngesokaken Rohipun ingkang suci wonten ing manahipun; 12 ingkang kalayan astanipun ingkang luhur nganthi Nabi Musa wonten ing tengenipun; ingkang mbelah toya wonten ing ngajenging umatipun supados langgengnga asmanipun; 13 ingkang nuntun umatipun nglangkungi samodra agung kadosdene kapal nglangkungi ara-ara samun? Tiyang-tiyang wau boten nate kesandhung, 14 kadosdene raja-kaya ingkang tumurun ing lebak. Rohipun Sang Yehuwah nuntun dhateng ing palereman. Inggih makaten punika anggen Paduka nuntun umat Paduka supados asma Paduka kaluhuraken. 15 Paduka mugi karsaa mirsani saking swarga saha karsaa nguningani saking padaleman Paduka ingkang suci saha agung Wonten ing pundi ta bentering panggalih Paduka saha kasantosan Paduka, panggalih Paduka ingkang trenyuh tuwin sih-piwelas Paduka? Paduka mugi sampun ngantos ngampah panggalih Paduka piyambak 16 Paduka punika rak Rama kawula sadaya? Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya, saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya. Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya; asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina. 17 Dhuh Yehuwah, punapa sababipun dene Paduka ngetogaken anggen kawula sami kesasar nyimpang saking ing margi Paduka, tuwin punapa sababipun dene Paduka mangkotaken manah kawula, satemah lajeng boten sami ajrih dhumateng Paduka? Paduka mugi karsaa wangsul margi saking para abdi Paduka, margi saking taler-talering bangsa kagungan Paduka 18 Punapa sababipun dene tiyang-tiyang dosa sami ngremehaken padaleman Paduka ingkang suci, mengsah kawula sami ngidak-idak pasucen Paduka? 19 Kawontenan kawula punika kados-kados saking ing jaman kina kawula sami dereng nate wonten ing sangandhaping paprentahan Paduka, kados-kados asma Paduka dereng nate kasebutaken tumrap kawula sadaya. 64 1 Mugi Paduka karsaa nyuwek langit lan karsaa tumedhak, satemah redi-redi sami gonjing wonten ing ngarsa Paduka 2 -- kadosdene latu ingkang mbesmi kajeng rencekan tuwin kadosdene latu ingkang ngumobaken toya -- supados asma Paduka kasumerepana dening para mengsah Paduka, satemah bangsa-bangsa sami gumeter wonten ing ngarsa Paduka, 3 amargi Paduka nindakaken bab ingkang nggegirisi ingkang boten sami kawula ajeng-ajeng, ingkang ing wiwit jaman kina dereng nate kapireng ing tiyang 4 Boten wonten kuping ingkang mireng, saha boten wonten mripat ingkang sumerep Allah ingkang nindakaken punapa-punapa kangge tiyang ingkang ngantos-antos dhateng piyambakipun namung Paduka ingkang tumindak makaten. 5 Paduka methukaken para tiyang ingkang sami nglampahi punapa ingkang leres saha sami enget dhateng margi ingkang Paduka tedahaken Paduka saestu duka punika, jalaran kawula sami nglampahi dosa; wiwit rumiyin kawula sami mbalela dhumateng Paduka. 6 Margi saking makaten kawula sadaya punika kadosdene tiyang ingkang najis saha sakathahing kamursidan kawula punika kadosdene lawon ingkang reged; kawula sadaya sami dados alum kados ron tuwin sami sirna margi saking piawon kawula kados ron ingkang kasirnakaken ing angin. 7 Boten wonten ingkang nyebut asma Paduka utawi ingkang lajeng gumregah nggondheli Paduka; amargi Paduka ngaling-alingi wadana Paduka dhateng kawula sadaya, saha ngulungaken kawula dhateng pangwaosing dosa kawula. 8 Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka. 9 Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos sanget-sanget anggen Paduka duka saha mugi sampun ngantos kalajengaken anggen Paduka ngenget-enget dhumateng dosa Mugi Paduka karsaa nguningani, bilih kawula sadaya punika umat Paduka. 10 Kitha-kitha Paduka ingkang suci sampun sami dados ara-ara samun, Sion sampun dados pasamunan, Yerusalem sepi mamring. 11 Papan pepundhen kawula ingkang suci saha agung, ingkang kangge memuji dhumateng Paduka dening leluhur kawula sadaya, sampun dados memangsaning latu, gadhahan kawula ingkang endah piyambak sampun dados gempuran. 12 Manawi nguningani punika sadaya, dhuh Yehuwah, punapa inggih Paduka badhe ngampet sarira, punapa Paduka namung badhe kendel kemawon saha damel sangsara kawula sadaya ingkang langkung dening sanget? Paring wangsulane Gusti allah: Paukuman tumrap wong dosa lan karahayon marang wong mursid 65:1-16 65 1 Wus dadi keparenging panggalihingSun paring pituduh marang wong kang ora nakokake marang Ingsun; wus dadi keparenging panggalihingSun, Ingsun ditemu dening wong kang ora ngupaya marang Ingsun. Ingsun wus ngandika: “Iki Ingsun, iki Ingsun” marang bangsa kang ora nyebut asmaningSun. 2 Sadina muput anggoningSun wus ngegarake astaningSun marang suku bangsa kang mbalela, kang lumaku ing dalan kang ora becik lan kang ngenut rancangane dhewe; 3 suku bangsa kang gawe gerahing panggalihingSun tansah ana ing ngarsaning paningalingSun, kalawan caos kurban ana ing patamanan- patamananing dewa lan ngobong kurban ana ing dhuwur bata; 4 kang lungguh ing kuburan-kuburan lan nginep ana ing guwa-guwa; kang mangan daging babi sarta kwaline isi duduh daging najis; 5 kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku, mundhak dadi suci marga saka aku” Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun, kaya geni kang murub sadina muput. 6 Lah ing ngarsaningSun wus ana tulisan mangkene: Ingsun ora bakal kendel bae, Ingsun malah bakal ndhawahake piwales, piwales marang para wong iku, 7 marga saka kaluputane wong-wong iku dhewe, lan kaluputane para leluhure, kabeh iku bareng, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Amarga wus padha ngobong kurban ana ing gunung-gunung lan nenacad Ingsun ana ing tengger- tengger. Ingsun pancen bakal naker ana ing jubahe pituwasing panggawe-panggawene kang biyen 8 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Kayadene tembunge wong manawa ing dhompolan anggur isih ana banyune: iku aja dirusak, sabab ing jerone isih ana berkahe mangkono uga Ingsun bakal tumandang marga saka para abdiningSun, yaiku wong-wong iku ora kabeh Sunsirnakake. 9 Ingsun bakal nukulake turun saka Yakub, lan wong saka Yehuda kang bakal maris gunung-gunungingSun; wong-wong pepilihaningSun kang bakal tampa iku sarta para abdiningSun kang bakal manggon ing kono. 10 Saron bakal dadi pangonaning wedhus lan lebak Akhor dadi plegunganing sapi, tumrap umatingSun kang ngupaya Ingsun. 11 Nanging sira kang wus padha ninggal Pangeran Yehuwah, kang wus padha lali marang gunungingSun kang suci, kang padha nata sesajen kanggo Dewa Gad, tuwin kang padha nyuguhake anggur kang dicampuri bumbu marang Dewa Meni: 12 Ingsun bakal nemtokake sira marang pedhang, tuwin sira bakal padha jengkeng arep disembeleh Amarga nalika Ingsun nimbali, sira ora ngaturake wangsulan, nalika Ingsun ngandika, sira ora padha ngrungokake, nanging sira nglakoni kang ala ana ing paningalingSun lan luwih dhemen marang apa kang ora ndadekake keparenging panggalihingSun.” 13 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Allah: “Lah para abdiningSun bakal mangan, nanging sira bakal padha kaliren; para abdiningSun bakal padha ngombe, nanging sira bakal padha kasatan; para abdiningSun bakal padha bungah- bungah, nanging sira bakal padha nandhang wirang; 14 para abdiningSun bakal surak-surak marga saka senenging atine, nanging sira bakal padha sambat-sambat marga saka padha prihatin, sarta sira bakal padha nangis marga pepes semangatira. 15 Para wong pepilihaningSun kudu sira tinggali jenengira kanggo sumpah ipat-ipat iki: Pangeran Allah muga karsaa ndadekake kowe kaya wong-wong iki Nanging para abdiningSun bakal kasebut nganggo jeneng seje, 16 satemah wong kang arep oleh berkah ana ing nagara, bakal nyuwun berkah demi Allah kang setya, lan wong kang arep sumpah ana ing nagara bakal sumpah demi Allah kang setya sabab karupekan-karupekan kang biyen iku wus padha ora dielingi, sarta wus kaling-kalingan tumrap paningalingSun.” Janji bab langit kang anyar lan bumi kang anyar 65:17-25 17 “Awitdene lah Ingsun nitahake langit kang anyar lan bumi kang anyar; bab-bab kang biyen ora bakal dielingi maneh, lan ora bakal tuwuh maneh ing sajroning ati. 18 Nanging padha bungah-bungaha lan surak-suraka marga saka apa kang Suntitahake, awit lah Ingsun nitahake Yerusalem kalawan kebak kabungahan tuwin para kang manggon ing kono kalawan kebak kasenengan. 19 Ingsun bakal surak-surak marga saka Yerusalem, sarta girang marga saka umatingSun; ing kono bakal ora keprungu maneh swaraning tangis lan swaraning pasambat. 20 Ing kono ora bakal ana bayi maneh kang umure mung sawatara dina utawa wong tuwa kang ora tutug umure, sabab wong kang matine umur satus taun iku bakal dianggep isih enom, lan sapa kang umure ora nganti satus taun bakal dianggep kena ing ipat-ipat. 21 Bakal padha ngadegake omah lan iya banjur dienggoni; bakal padha nandur anggur ana ing kebon lan iya banjur padha mangan wohe. 22 Ora bakal padha ngedegke apa-apa, kang banjur dienggoni ing wong liya, lan ora bakal padha nenandur, kang wohe banjur dipangan wong liya; amarga umure umatingSun iku bakal padha karo umuring wit-witan, tuwin para pepilihaningSun bakal padha ngrasakake nikmating gegaweane tangane. 23 Anggone padha nglakoni rekasa ora bakal tanpa guna tuwin ora bakal nglairake anak kang banjur mati dadakan, amarga padha turune wong kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah, sarta anak-putune padha manggon tetunggalan ana ing kono. 24 Sarta bakal kelakon sadurunge padha sesambat, Ingsun wus paring wangsulan, nalika lagi padha munjuk, Ingsun wus midhangetake. 25 Asu ajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan, singa bakal mangan dami kaya sapi sarta ula uripe bakal saka lebu. Ora ana kang nglakoni piala utawa tumindak ora becik ana ing sawratane gunungingSun kang suci,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Kaslametan sawise paukuman 66:1-24 66 1 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Langit iku dhamparingSun lan bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun; sira arep padha ngedegake padaleman apa kagem Ingsun, sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun? 2 Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh, satemah kabeh iki banjur ana?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki: wong kang katindhes lan kang lemes semangate lan kang gumeter awit saka pangandikaningSun. 3 Wong nyembeleh sapi lanang, nanging uga mateni manungsa, wong ngurbanake wedhus, nanaging iya nugel gulune asu, wong caos kurban dhaharan, nanging iya nyaosake getih babi, wong nyaosake menyan, nanging uga memuja marang brahala. Mulane: Kayadene anggone padha luwih seneng marang dalane dhewe, lan nyawane seneng marang dewaning kaninsthan, 4 mangkono uga Ingsun iya luwih remen tumindak sawenang-wenang marang para wong iku tuwin nekakake marang wong-wong mau apa kang ndadekake wedine; amarga manawa Ingsun nimbali, ora ana kang ngaturake wangsulan, manawa Ingsun ngandika, ora padha ngrungokake, nanging padha nglakoni kang ala ana ing paningalingSun sarta luwih seneng marang apa kang ora dadi karsaningSun. 5 Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan. 6 Rungokna, ana swara rame saka ing kutha, rungokna, tekane saka ing Padaleman Suci Rungokna, Pangeran Yehuwah ndhawahake piwales marang para satrune 7 Sadurunge nglarani wus nglairake anak, sadurunge krasa, wus nglairake anak lanang. 8 Sapa kang wus tau krungu bab kang kaya mangkono iku, sapa kang wus tau sumuurp kang mangkono iku? Apa bisa sawijining nagara dilairake ing sajroning sadina, tuwin sawijining bangsa dilairake sapisan? Nanging lagi bae nglarani, Sion wus nglairake anak-anake. 9 Ingsun kang mbikak guwa-garbaning wong, apa ora banjur damel supaya nglairake bayi?, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Utawa apa iya Ingsun kang damel supaya nglairake bayi, banjur nutupi guwa-garbane maneh?, mangkono pangandikane Gusti Allahira. 10 Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem, he sakehe wong kang padha tresna karo kutha iki Padha giyak-giyaka bebarengan sakatogira, he sakehe wong kang padha prihatin marga saka kutha iku, 11 supaya kowe padha nusu nganti wareg marang susu kang nyegerake kowe kabeh, supaya kowe padha nusu lan ngrasakake nikmate susune kang kebak. 12 Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun ngilekake menyang ing kutha iku karahayon kayadene kali, tuwin kasugihane para bangsa kayadene kali kang luber; sira bakal padha nusu, bakal digendhong, bakal diuthun-uthun ana ing pangkon. 13 Kayadene wong kang dilipur dening biyunge, iya kaya mangkono anggoningSun iki bakal nglipur sira kabeh; sira bakal padha dilipur ana ing Yerusalem. 14 Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah, sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule; astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine, sarta bebendune marang para satrune. 15 Sabab lah Sang Yehuwah bakal rawuh kalawan geni, tuwin kreta-kretane bakal kaya lesus, prelu ndhawahake bebendune kang mulad-mulad lan dedukane kang murub mangalad-alad. 16 Awit Pangeran Yehuwah bakal ngukum kabeh kang urip kalawan geni lan kalawan pedhange, lan wong-wong kang padha pinatenan dening Sang Yehuwah iku bakal akeh cacahe. 17 Wong-wong kang padha sesuci lan reresik awak marga arep lumebu ing patamanan-patamananing dewa, kalawan ngetutake wong kang ana ing satengahe, kang mangan daging babi lan kewan-kewan kang najis lan tikus, iku bakal padha sirna kabeh babar pisan, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 18 Ingsun nguningani sakehing panggawene lan rancangane lan Ingsun rawuh prelu nglempakake sakehing bangsa saka sakehing basa, tuwin iku bakal padha sowan lan ndeleng kamulyaningSun. 19 Ingsun bakal maringi tengeran ana ing satengahe lan panunggalane iku bakal ana kang Sunutus, yaiku para wong kang bisa oncat, marani bangsa-bangsa, yaiku menyang ing Tarsis, Pul lan Lud, menyang ing Mesekh lan ing Rosy, menyang ing Tubal lan Yawan, lan menyang ing pulo-pulo kang adoh kang durung tau krugu kabar bab Ingsun sarta durung tau ndeleng kamulyaningSun, supaya padha martakake kamulyaningSun ana ing satengahe para bangsa. 20 Iku bakal padha ngirid sakehing sadulurira saka ing antarane bangsa kabeh kacaosake minangka kurban marang Sang Yehuwah kalawan katunggangake ing jaran, kreta lan tandhu, bihal sarta unta wadon kang rikat lakune, kagawa munggah menyang ing gunungingSun kang suci, menyang Yerusalem, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, padha kaya wong Israel kang nggawa kurban ana ing wadhah kang suci menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah. 21 Panunggalane iku ana kang bakal Sunpundhut Sundadekake imam lan wong Lewi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 22 Sabab padha kaya langit kang anyar lan bumi kang anyar kang bakal Suntitahake iku, tetep dumunung ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, mangkono uga turunira lan jenengira bakal lestari. 23 Sasi gumanti sasi, lan Sabat gumanti Sabat, umat manungsa kabeh bakal padha sowan sujud nyembah ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. 24 Iku bakal padha metu lan padha ndeleng jisime wong-wong kang wus padha mbalela marang Ingsun. Set-sete ora bakal padha mati, lan genine ora bakal sirep, kabeh iku bakal dadi wewujudan kang nggegilani tumrap kabeh kang urip. YEREMIA Bebuka 1:1-3 1 1 Iki pangandikane Nabi Yeremia bin Hilkia, tedhak turune para imam ing Anatot ing tanah Benyamin. 2 Nalika jamane Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda, ing taun kang kaping telulase anggone ngasta paprentahan, ana pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia. 3 Pangandikane iku uga kadhawuhake nalika jamane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka ing wekasane taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka para wong kang manggon ing Yerusalem padha kaangkatake menyang ing pambuwangan, ing sajroning sasi kalima. Nabi Yeremia katimbalan lan diutus 1:4-19 4 Pangandikane Pangeran Yehuwah kadhawuhake marang aku, mangkene: 5 “Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.” 6 Dene unjuk wangsulanku: “Dhuh Pangeran Yehuwah Sajatosipun kawula punika boten saged wicanten, awit kawula taksih nem.” 7 Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja matur: Kawula punika taksih enem, nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus, sira kudu mangkat, lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira, kudu sira tekakake. 8 Aja sira wedi marang wong-wong iku, amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.” 9 Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira. 10 Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan, supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri, apadene mbangun lan nandur.” 11 Sawise iku ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “He Yeremia, apa sing sira deleng?” Unjukku: “Kawula ningali wit saked.” 12 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Bener pandelengira, amarga Ingsun wus arep nindakake dhawuh pangandikaningSun.” 13 Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah kang kapindhone marang aku: “Apa kang sira deleng?” Atur wangsulanku: “Kawula ningali kendhil ingkang umob, dhatengipun saking sisih ler.” 14 Sang Yehuwah nuli ngandika marang aku: “Saka ing sisih lor bakal ana bilai kang ngamuk nempuh sakehing wong kang manggon ing nagara kene. 15 Awit lah Ingsun nimbali sakehing gotrahing karajan ing sisih lor, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, lan wong-wong iku bakal padha ngedegake dhamparing kratone dhewe-dhewe ana ing sangareping gapurane Yerusalem, ing sacedhaking balowarti ing sakubenge lan ing sacedhake sakehing kuthane Yehuda. 16 Ingsun bakal banjur ndhawahake paukumaningSun marang wong-wong iku, awit saka sakehing pialane, amarga wus padha nyingkur Ingsun, klawan aweh kurban marang allah liyane, lan sujud nyembah marang gaweaning tangane dhewe. 17 Nanging sira iki, becik samektaa, ngadega lan tekakna marang wong-wong iku, kabeh kang Sundhawuhake marang sira. Aja wedi ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya Ingsun aja ndadekake wedimu ana ing ngarepe wong-wong iku. 18 Mungguh Ingsun, lah ing dina iki sira Sundadekake beteng kang santosa, saka guru wesi lan balowarti tembaga, nglawan sawarataning nagara iki, nglawan para raja ing Yehuda lan para panggedhene, para imame sarta rakyate nagara iki. 19 Wong-wong iku bakal padha merangi sira, nanging sira ora bakal kalah, amarga Ingsun nganthi sira, supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.” Israel ninggal Sang Yehuwah 2:1-37 2 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira, marang katresnanira nalika sira dadi temanten, anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun, ing tanah kang ora ana tetuwuhane. 3 Ing nalika samana Israel dadi sesengkerane Sang Yehuwah, minangka woh kawitan saka panenane. Sakehe wong kang mangan mesthi kaluputan, tinempuh ing bilai, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 4 He tedhak turune Yakub, rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he sakehe kulawargane tedhak turune Israel. 5 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para leluhurira ngalami kaculikan apa saka Ingsun dene padha ngedohi Ingsun, lan banjur ngetutwuri dewa kang tanpa paedah temah padha ora oleh apa-apa? 6 Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa? 7 Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh, supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabeh kang becik saka ing kono. Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun, iku sira najisake, tanah kagunganingSun sira dadekake jejember. 8 Para imam ora takon maneh: Sang Yehuwah ana ing ngendi? Para wong kang nyekel angger-angger wus ora wanuh marang Ingsun maneh, lan para pangon padha nyingkur Ingsun. Para nabi padha memeca demi Baal, padha ngetutwuri marang kang tanpa guna. 9 Mulane Ingsun bakal prakaran maneh kalawan sira kabeh, lan karo anak putunira Ingsun bakal prakaran, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 10 Nyabranga bae menyang ing tanah pesisire wong Kitim lan sawangen; kongkonana wong menyang ing Kedar lan gatekna temenan Setitekna apa ana kang kelakon kaya mangkene iki 11 Apa ana bangsa kang ngijolake allahe, sanadyan iku satemene dudu allah? Nanging umatingSun padha ngijolake Kaluhurane karo kang ora ana gunane. 12 He langit, kaebatana marga saka kang kaya mangkono iku, ndhredhega lan gumetera kang luwih banget, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 13 Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho: padha nyingkur Ingsun, kang dadi tuking banyu urip, nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe, yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu. 14 Israel iku batur tukon, apa anaking batur? Geneya kok dadi jarahan? 15 Singa nom padha nggero marang bangsa iku, kalawan swara kang dumeling, tanahe didadekake cengkar, kutha-kuthane diobongi, ora dienggoni maneh. 16 Dalasan para wong ing Memfis lan Takhpanhes padha nggundhuli pathaking sirahira. 17 Rak sira dhewe kang njalari sira ketaman kang kaya mangkono iku, amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira, nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan? 18 Lah saiki, apa oleh-olehanira anggonira lunga menyang ing Mesir, apa arep ngombe banyune bengawan Nil? Lan apa bathinira anggonira lunga menyang ing Asyur, apa arep ngombe banyune bengawan Efrat? 19 Pialanira bakal ngrangket sira, lan pamurtadira bakal nyiksa sira Wruhanira lan waspadakna, sapira ala lan perihe sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira iku; sarta ora gumeter wedi marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. 20 Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganira lan medhoti talining cancanganira, sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh. Malah ana ing saben tetengger kang munggul, lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung, sira teturon lan laku jina. 21 Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan, lan dadi wiji kang murni satuhu. Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk, dadi wit anggur alasan 22 Malah, sanadyan sira adusa ing banyu landha lan nganggo sabun akeh, ewadene blentonging kaluputanira ora ilang ana ing paningalingSun, mangkono pangandikane Gusti Allah. 23 Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku, aku ora tau ngetutwuri para Baal? Delengen tindak-tandukira ana ing lebak, kawruhana apa kang wus sira lakoni; he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene, 24 kang mbedhal mlayu menyang ing ara-ara samun, amarga kepengin ngisis Sapa kang bisa ngampah anggone kasmaran? Kabeh kang nggoleki dheweke, ora prelu rekasa, bakal padha ketemu ing mangsa jejodhoan. 25 Jaganen, supaya sikilira aja nganti ora nganggo trumpah, lan gorokanira aja nganti kasatan Nanging sira ngucap: Tanpa gina Tanpa gina Amargi kawula remen dhateng tiyang- tiyang ngamanca, mila kawula badhe ngetutwingking tiyang-tiyang punika. 26 Kayadene wiranging maling kang konangan, mangkono anggone turune Israel kawirangan, yaiku para ratune, panggedhene, para imame lan nabine, 27 kang celathu marang kayu satengkel: Panjenengan punika bapak kula lan marang watu: Panjenengan punika ingkang nglairaken kula Sanyata, padha nyingkur marang Ingsun temenan lan ora ngadhepake raine marang Ingsun, nanging baereng katempuh ing bebaya, nuli matur: Paduka mugi karsaa mitulungi kawula 28 Ana ngendi para allahira, kang sira gawe kanggo awakira dhewe iku? Cikben padha tangi, yen bisa mitulungi sira, ing wektu sira nemu bilai. He Yehuda, marga kayadene kehing kuthanira, iya samono iku uga kehing allahira 29 Apa prelune sira arep bebantahan kalawan Ingsun? Sira kabeh wus padha nyidrani Ingsun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 30 Tanpa guna anggoningSun nggebagi anak-anakira, pamerdi ora digape pedhangira dhewe wus mangsa para nabinira nganti entek, kaya singa nom kang nyenyempal. 31 Sira iku tedhak turune sapa? Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israel utawa tanah kang peteng ndhedhet? Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika, kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka? 32 Prawan apa bisa lali marang rerenggane, utawa penganten wadon marang udhete? Nanging umatingSun lali marang Ingsun wiwit ing wektu kang ora kena kaetung lawase. 33 Apik temen anggonira nata dalanira kanggo ngupaya katresnan Mulane sira wus kepatuh nglakoni piala. 34 Nganti getihe para wong miskin kang ora salah tinemu ana ing jubahira ora nalika padha mbabah arep maling anggone padha sira konangi Sanadyan kabeh iku mangkono, 35 ewadene sira ngucap: Aku ora gawe dosa Pancen bebendune wus sumingkir saka aku Lah, Ingsun arep ngajokake sira menyang ing pangadilan, awitdene sira ngucap: Aku ora gawe dosa 36 Entheng temen panganggepira ing bab ngowahi tindak-tandukira iku Sira bakal kisinan uga marga saka Mesir, kayadene sira nandhang wirang marga saka Asyur. 37 Saka ing kana uga sira bakal metu karo ngangkat tanganira, amarga Sang Yehuwah wus nampik para kang sira andelake, lan sira ora bakal oleh gawe karo para wong iku.” Pamratobat marang Sang Yehuwah 3:1-5 3 1 Pangandikane: “Manawa ana wong megat rabine, wong wadon mau banjur lunga ninggal dheweke lan dadi rabine wong liya, apa iya bojone kang dhisik mau mbaleni wong wadon iku? Nagara iku rak wus tetep najis? Sira wus laku jina karo bedhangan akeh lan nedya ngulihi Ingsun? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 2 Tumengaa marang tengger-tengger kang mblindhis lan sawangen Ana ing ngendi sira ora tau diajak sapaturon? Ana ing pinggir ratan-ratan sira lungguh ngadhang bedhangan, kaya wong Arab ana ing ara-ara samun. Sira wus najisake nagara kalawan anggonira laku jina lan kalawan pialanira. 3 Mulane deresing udan cinegah lan udan kiriman ora tumiba. Nanging bathukira iku bathuke wong wadon tuna-susila, sira ora idhep isin. 4 Lagi bae sira rak nyebut Ingsun: Rama kawula Paduka punika mitra kawula wiwit alit mila 5 Panjenengane rak ora bakal duka salawase utawa ngincim-incim aku ing salawase? Mangkono ucapira, ewadene ing sabisa-bisa sira nindakake piala.” Israel lan Yehuda diajak bali marang Sang Yehuwah 3:6-13 6 Sang Yehuwah ngandika marang aku, nalika jumenenge Sang Prabu Yosia: “Apa sira wus nyipati apa kang dilakoni Israel, wong wadon murtad iku, kang munggah menyang ing angger gunung kang munggul lan menyang ing sangisore saben wit kang nggrembel, nuli laku jina ana ing kono? 7 PanggalihingSun: Sawise nglakoni iku mau kabeh, bakal ngulihi Ingsun, nanging ora bali. Prakara iku disumurupi Yehuda, sadulure wadon kang ora setya. 8 Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina. 9 Anggone laku jina kang marga saka sembranane iku njalari nagara dadi najis, malah banjur bebedhangan kalawan nyembah watu lan kayu. 10 Uga kalawan tumindake kabeh kang mangkono iku Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora mbaleni Ingsun kanthi gumolonging atine, nanging mung lelamisan, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” 11 Lan Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Israel, wong wadon murtad iku satemene luwih jujur tinimbang Yehuda, wong wadon kang ora setya iku. 12 Sira lungaa mangalor lan nguwuh-uwuha mangkene: He Israel, wong wadon kang murtad, muliha -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- WedananingSun ora bakal rengu marang sira, amarga Ingsun iki ambek sihmirma -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, ora bakal mbendoni ing salawase. 13 Mung bae sira ngakonana dosanira, manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira, lan wus ngesokake katresnanira marang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel, lan ora nilingake suwaraningSun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Umat kang bakal teka ing Sion 3:14--4:4 14 He bocah-bocah kang padha murtad, muliha, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- amarga Ingsun iku gustinira Ingsun bakal mundhut sira saka angger kutha wong siji, saka saben kulawarga wong loro lan bakal ngirid sira menyang ing Sion. 15 Ingsun bakal milih pangon-pangon kang cocog karo panggalihingSun kang bakal ngengon sira kabeh kanthi kawruh lan pangreten. 16 Manawa ing nalika iku sira tangkar-tumangkar dadi akeh lan padha bebranahan ana ing tanah kene, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- pethining prajanjiane Sang Yehuwah ora bakal diucapake maneh. Prakara iku ora bakal tuwuh ana ing sajroning ati maneh lan wus ora bakal dieling-eling dening wong maneh; wong wus ora ngupaya lan yasa maneh. 17 Ing wektu iku Yerusalem bakal sinebut dhampare Sang Yehuwah, lan sakehing bangsa bakal padha nglumpuk ana ing kono, demi asmane Sang Yehuwah, ana ing Yerusalem, lan bakal padha ora tumindak manut atine kang ala. 18 Ing wektu iku tedhak turune Yehuda bakal marani turune Israel, lan bakal padha teka bebarengan saka ing nagara lor menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhurira minangka tanah pusakane. 19 Maune Ingsun kagungan panggalih: “Satemene Ingsun arsa mrenahake sira ana ing tengah-tengahing para putraningSun lan maringi sira tanah kang endah, tanah pusaka kang endah dhewe saka para bangsa. PanggalihingSun: sira bakal nyebut Ingsun: Rama kawula, lan ora bakal ninggal marang Ingsun. 20 Nanging sajatine sira padha ora setya marang Ingsun kaya wong wadon kang ora setya marang rowange, mangkono uga sira padha ora setya marang Ingsun, he turune Israel, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 21 Rungokna Ing tengger-tengger kang gundhul keprungu tangis pasambate anak-anake Israel, amarga padha milih dalan kang nasar, lan wus padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe. 22 He bocah-bocah kang murtad, padha balia, Ingsun bakal marekake pamurtadira.” “Lah punika kawula, kawula sami sowan ing ngarsa Paduka, amargi Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula. 23 Sanyatane tengger-tengger pangurbanan iku mung apus-apus, yaiku kramean ing tengger-tengger iku Sanyatane, mung Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, kang ngasta kaslametane Israel. 24 Nanging brahala kang mirangake iku nguntal sakehing rekasane para leluhur kita wiwit nom-noman kita; wedhuse lan wedhus-gembele, sarta sapi-sapine, para anak-anake lanang lan wadon. 25 Mulane cikben aku padha ungkeb-ungkeb klawan rasa wirang, lan kanisthan kita cikben nasabi kita, amarga aku wus padha gawe dosa marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, yaiku kita lan leluhur kita wiwit nom-noman kita tumeka saprene, lan kita ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.” 4 1 Pangandikane Sang Yehuwah: “He Israel Manawa sira gelem bali, sira balia marang Ingsun, lan manawa sira gelem ngedohake para dewanira kang najisake, sira ora susah sumingkir saka ing ngarsaningSun. 2 Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran: Demi Sang Yehuwah kang gesang, para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenengane lan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.” 3 Ujer Sang Yehuwah ngandika marang wong ing Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem mangkene: “Sira mbukaka palemahan anyar kanggo sira lan aja nyebar ing tengahing eren. 4 Padha tetaka lumadi marang Sang Yehuwah, lan ikuting atinira buwangen, he wong Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem, supaya bebenduningSun aja mulad-mulad kaya geni, lan murub makantar-kantar, lan ora ana wong kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala” Yehuda diancam saka ing lor 4:5-31 5 Wartakna ing tanah Yehuda, lan kabarna ing kutha Yerusalem: Ngunekna kalasangka ana ing jero nagara, nguwuh-uwuha kang seru: “Padha ngumpula, payo padha ngungsi menyang ing kutha-kutha kang santosa” 6 Banderane adegna ngener marang kutha Sion, ngungsia dienggal, aja mung padha meneng bae Amarga Ingsun ndhatengake bilai saka lor lan karusakan kang gedhe. 7 Singa wus jumedhul saka ing grumbulan. Kang ngrusak para umat wus mangkat, wus metu saka ing panggonane, arep gawe cengkaring nagaranira; kutha-kuthanira bakal padha didadekake jugrugan, ora ana kang ngenggoni. 8 Mulane manganggoa sandhangan bagor, nangisa lan sesambata, amarga bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad ora bakal mendha saka ing kita. 9 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Ing wektu iku para raja lan para panggedhe bakal kelangan krekat, para imam bakal padha kagawokan lan para nabi padha kaeraman, 10 sarta padha ngucap: Dhuh Pangeran Yehuwah, sayektos, Paduka sampun damel kacelikipun bangsa punika, lan para ingkang manggen ing Yerusalem klayan pangandika Paduka ingkang makaten: Sira padha oleha tentrem rahayu, mangka jebul pedhang ingkang ngancam nyawa kawula sadaya” 11 Ing wektu iku bakal dikandhakake marang bangsa iki lan wong kang manggon ing Yerusalem: “Angin panas saka ing tengger-tengger gundhul ing sagara wedhi midid marang ing putrining umatingSun, dudu angin kang napeni lan ngresiki, 12 nanging angin kang banter kang tekane marga saka dhawuhingSun. Saiki Ingsun piyambak bakal ndhawahake paukuman marang wong-wong iku.” 13 Delengen anggone munggah kaya lakuning mendhung, karetane perang rikate kaya prahara, jarane cukate ngluwihi manuk garudha. Adhuh cilaka aku, awit aku padha disirnakake 14 He Yerusalem, atinira resikana pialane, supaya sira oleh kaslametan Isih pira suwene pangrantamira kang ala anggone andhok ana ing atinira? 15 Rungokna Wong alok-alok saka ing Dhan, martakake bilai saka ing pagunungan Efraim. 16 Para bangsa padha elingna: Iku teka temenan Wartakna ing Yerusalem: “Wong kang ngepung teka saka ing tanah kang adoh, padha ngulukake swarane marang kutha-kuthane Yehuda. 17 Patrape kaya wong kang tunggu pategalan, ngubengi saka ing keblat papat; amarga Yehuda wus mbalela marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 18 Tindak-tandukira lan panggawenira kang njalari iku kabeh nempuh marang sira. Iku nasibira kang ala, sapira paite, nganti njojoh atinira.” 19 Adhuh, dhadhaku, dhadhaku Aku lara kaya rinemet-remet Adhuh, pagering jantungku Jantungku dheg-dhegan, aku ora bisa lerem, amarga aku krungu swaraning kalasangka, gumuruhing perang. 20 Gempuran-gempuran kawartakake, saindenging nagara dirusak, kemahku dirusak dadakan samono uga tendhaku mung sakedhap netra. 21 Isih pira suwene maneh aku ndeleng bandera iku, lan krungu swaraning kalasangka iku? 22 “UmatingSun iku nyata-nyata bodho, padha ora wanuh marang Ingsun. Bocah-bocah kang goblog, lan ora ngreti apa-apa, pintere yen nindakake piala, nanging panggawe becik ora dimangreteni.” 23 Aku ndeleng bumi, lah wus worsuh lan suwung, lan aku tumenga marang ing langit, padhange wus sirna. 24 Aku ndeleng gunung-gunung, lah padha gonjang-ganjing, lan sakehing tengger-tengger padha horeg. 25 Aku ndeleng, jebul wus ora ana manungsa, lan sakehing manuk ing awang-awang padha mabur ngilang. 26 Lah aku ndeleng tanah kang maune subur jebul wus dadi pasamunan, lan sakehing kuthane wus padha jugrug ana ing ngarsane Sang Yehuwah, marga saka bebendune kang mulad-mulad 27 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Saindenging nagara iki bakal dadi sepi mamring, nanging Ingsun ora bakal nyirnakake iku babar pisan. 28 Marga saka bab iki bumi bakal nandhang susah, lan langit ing dhuwur bakal dadi peteng amarga Ingsun wus ngandika lan wus ngrancang bab iku, Ingsun ora bakal keduwung lan ora bakal murungake iku.” 29 Marga saka gumredeging bala jaranan lan prajurit panahan, wong sanagara bakal padha ngungsi kabeh. Padha lumebu ing grumbulan lan munggah ing tengger parang-parang; saben kutha wus padha suwung, lan ora ana wong siji-sijia kang manggon ana ing kono. 30 Lan kowe kang padha kasirnakake apa kang arep koklakoni, geneya kowe padha manganggo jarit jingga, lan pepasren emas, apadene mripatmu celakan? Tanpa guna anggonmu ngadi sarira, bedhanganmu padha nampik kowe, malah padha ngarah nyawamu. 31 Amarga aku krungu swara kaya sambate wong wadon nglarani, swarane sesek kaya swaraning biyung kang nglairake anake tembean, swaraning putri ing Sion kang krenggosan, kang ngegarake tangane: “Adhuh, cilaka aku, amarga aku sirna ana ing ngarepe wong kang padha gawe pepati” Paukumane Sang Yehuwah ora kena disingkirake 5:1-31 5 1 Lurung-lurung ing Yerusalem padha liwatana, tamatna lan titenana temenan Titinen ing ara-arane, apa ana wong siji-sijia, apa ana kang nindakake kaadilan lan kang ngupaya kabeneran. Ingsun bakal paring pangapura marang kutha iku. 2 Sanadyan padha ngucap: “Demi Sang Yehuwah kang gesang,” ewadene supatane iku palsu. 3 Dhuh Sang Yehuwah, punapa tingal Paduka boten tumuju dhateng ing kaleresan? Paduka sampun nggebagi tiyang-tiyang punika, ewadene boten ngraos sakit. Paduka sampun ngremuk tiyang-tiyang punika, ewadene sami boten sami purun nampeni pamerdi. Manahipun sami dipun atosaken nglangkungi sela, lan sami boten purun mratobat. 4 Aku banjur nggagas: “Iku kabeh mung wong cilik, iku wong-wong bodho, awit padha ora ngreti marang margining Sang Yehuwah, angger-anggere Gusti Allahe. 5 Prayogane aku marani para wong gedhe, lan rembugan karo wong-wong iku, amarga wong iku kang padha ngreti marang margine Sang Yehuwah, angger-anggere Gusti Allahe.” Nanging kabeh-kabeh wus padha mutungi pasangan lan medhoti tali-talining panancang. 6 Mulane bakal padha dipateni dening singa kang metu saka ing alas, lan disempal-sempal dening asu ajag ing ara-ara kang garing. Macan tutul bakal ngintip ana ing pinggiring kutha-kuthane, angger wong kang metu, bakal ditubruk. Amarga panerake akeh banget lan panasare gedhe banget. 7 Kapriye yen mangkono, apa Ingsun bisa ngapura iku? Anak-anakira wus padha nyingkur marang Ingsun, lan padha supata demi kang dudu allah. Sawuse Sunwaregi banjur padha laku bedhang, lan padha gegembyakan menyang ing pelonthen. 8 Wong-wong iku jaran lanang kang lemu lan dremba, padha mbeker melik marang bojoning liyan. 9 Wong-wong iku apa ora Sunukum, marga saka iku kabeh? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Apa Ingsun ora males marang bangsa kang kaya mangkono iku? 10 Meneka ing kebon anggure kang mawa andha, rusaken, nanging aja dientekake babar pisan. Carang-carange wit anggur buwangana amarga iku kabeh dudu kagungane Sang Yehuwah 11 Amarga tedhak turune Israel lan Yehuda -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- wus nyidrani Ingsun temenan. 12 Wong iku padha nyelaki Sang Yehuwah, lan ngucap: “Panjenengane ora nindakake apa-apa Aku padha ora nemahi bilai, aku ora bakal ngalami perang lan pailan. 13 Para nabi iku bakal dadi angin, padha ora kanggonan pangandikane Sang Yehuwah.” 14 Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Allahing kang sarwa dumadi mangkene: “Sarehne padha ngucap mangkono, mulane bakal kelakon mangkene tumrap wong iki: Lah Ingsun bakal ndadosake pangandikaningSun dadi geni ana ing cangkemira, lan bangsa iki dadi kayubong, dene geni bakal ngobong dheweke nganti entek. 15 He tedhak turune Israel, lah Ingsun bakal ndhatengake bangsa saka ing tanah adoh, kang nempun marang sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- bangsa kang kuwat santosa, kang anane wiwit kuna mula, lan ora koksumurupi basane lan ora kokngreteni kang dikandhakake. 16 Endhonge kaya kubur kang menga, kabeh padha wong prawira. 17 Bakal padha ngentekake panenan lan panganira, bakal mangan anakira lanang lan wadon nganti entek, bakal ngentekake wedhus-wedhusira lan sapi-sapinira, bakal padha ngentekake wit anggurira lan wit anjirira, lan nggempur kalawan pedhang, kutha- kuthanira kang sentosa, kang sira andelake.” 18 “Nanging ing wektu iku uga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun ora bakal damel tumpesira babar pisan. 19 Lan manawa sira besuk takon-takon: Apa ta prelune Sang Yehuwah, Gusti Allah kita nindakake prakara iku mau marang kita?, sira wangsulana mangkene: Kayadene anggonira wus nyingkur marang Ingsun lan ngawula marang allah liyane ing nagaranira, sira iya bakal ngawula marang bangsa liya ana ing nagara kang dudu nagaranira.” 20 Iki sira kandhakna marang para turune Yakub lan iku sira wartakna ana ing tanah Yehuda, padha sira kandhanana mangkene: 21 “Iki rungokna, he bangsa kang goblog lan kang tanpa budi, kang duwe mripat nanging ora ndeleng, lan duwe kuping, nanging ora krungu 22 Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun? Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara, kang dadi wewates tetep, kang ora kena dilangkahi? Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah, sanadyan alun-alune gumulung-gulung, iya ora bakal ngliwati watese. 23 Nanging bangsa iki atine tansah nglawan lan mbalela, wis padha nyimpang lan ngilang. 24 Ing sajroning atine ora padha mosik: Prayogane kita padha wedi marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, kang paring udan ing kalamangsane, udan ing wiwitan lan wekasaning mangsa, lan netepake mangsa panen kang mesthi kanggo kita. 25 Durakanira kang ngalang-alangi iku kabeh, lan dosanira kang ngrendhetake kang becik tumrap sira. 26 Satemene, umatingSun ana kang duraka lan masang jaringe, kaya juru mikat manuk kang masang kalajirete, anggone padha nyekeli manungsa. 27 Kaya kurungan kang kebak manuk, kaya mangkono omahe kebak isi paracidra, iku kang njalari dadi wong gedhe lan sugih, 28 padha lemu ginuk-ginuk. Kajaba iku uga ngetogake tumindake sakehing piala, ora mreduli marang angger-angger, ora menangake prakarane bocah lola, lan ora mbelani wewenange wong mlarat. 29 Apa Ingsun ora bakal matrapi paukuman marang wong kang padha tumindak mangkono? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Apa Ingsun ora males ukum marang bangsa kang kaya mangkono iku?” 30 Ing nagara iki tinemu bab kang ngebat-ebati lan ngeres-eresi: 31 Para nabi nglairake pameca palsu, para imam mulang sakarep-karepe, lan umatingSun bakal dhemen kang kaya mangkono iku Nanging apa kang bakal sira lakoni samangsa wus tekan ing wekasane? Bilai kang bakal nempuh Yerusalem lan Yehuda 6:1-26 6 1 He para wong Benyamin padha lumayua ngungsi, saka ing satengahe kutha Yerusalem Ngunekna kalasangka ana ing Tekoa, ngumbulna kebul kanggo pratandha ana ing Bet-Kerem Amarga bilai wus ngincer saka ing lor, yaiku karusakan gedhe. 2 Putri ing Sion apa padha karo pangonan kang banget disenengi? 3 Temahan para pangon padha nekani klawan pepanthaning kewane? Padha masang tarub-tarube ana ing sakubenge. Siji-sijine padha mangan apa kang tinemu nganti gusis. 4 “Padha samektaa ing perang nglawan dheweke; payo padha nempuh ing wayah tengange” “Cilaka aku kabeh, amarga srengengene wus ngglewang, wayangane ing wayah sore wus dadi dawa” 5 “Payo, padha mangsah perang ing wayah bengi, lan ngrusak kedhaton-kedhatone” 6 Amarga pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi mangkene: “Wit-witane padha tegorana lan urugana lemah, dadia tanggul kanggo nglawan Yerusalem Jer iku kutha kang kudu diukum Mung panganiaya kang tinemu ana ing kono 7 Kaya sendhang kang ngluberake banyune, iya mangkono Yerusalem anggone ngwetokake durakane. Ambeksiya lan panganiaya tansah keprungu ana ing kono, tatu lan gebugan tansah Sunpirsani. 8 He Yerusalem, sira nampanana pamerdi, supaya Ingsun ora nilar sira, lan ora ndadekake sira sepi mamring, dadi nagara kang suwung” 9 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Kekarene wong Israel asagana nganti njlimet, kaya pangasage wit anggur. Balia dadi kaya tukang ngundhuh anggur, klawan tanganira kang methiki woh anggur ing carang-carange” 10 Marang sapa anggonku kudu kandha lan nglairake paseksen supaya wong banjur padha nggatekake? Kupinge wong-wong mau nyata ora tetakan; wong-wong iku ora bisa ngrungokake Lah, pangandikane Sang Yehuwah dadi cacadan, ora disenengi. 11 Nanging aku kebak bebendune Sang Yehuwah, nganti kesel anggonku nahanake, kudu ngesokake iku marang bayi ing dedalan, lan marang kumpulane para wong nom-noman. Dadia lanang dadia wadon mesthi padha dicekel, iya kang tuwa, iya kang wus akeh umure. 12 Omah-omahe bakal dadi duweke wong liya, dalasan pategalan-pategalane lan bojo-bojone. “Lah, astaningSun bakal Sunacungake, nglawan wong kang manggon ing nagara kene, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 13 Lah, wiwit saka kang cilik nganti tumeka kang gedhe, panunggalane wong-wong iku, kabeh padha ngudi oleh bathi, dadia nabi dadia imam kabeh padha ngapusi. 14 Padha nambani tatune umatingSun, iku kaangep entheng, celathune: Tentrem rahayu Tentrem rahayu Nanging ora ana tentrem rahayu. 15 Pancene kudu padha rumangsa wirang, amarga padha nindakake kanisthan, nanging babar pisan ora rumangsa isin lan padha ora nyumurupi ing kanisthane. Mulane bakal padha ambruk ana ing satengahe wong kang padha ambruk; bakal padha kesandhung lan tiba ing nalika Ingsun ngadili wong-wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” 16 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sira padha ngadhanga ana ing dedalan lan ngawasna takokna dalan-dalan kang kuna-kuna, endi kang becik, liwatana, sarana mangkono nyawanira bakal oleh katentreman. Nanging wong iku padha ngucap: Aku padha emoh liwat ing kono 17 Ingsun uga wus ngangkat wong kang padha jaga, dhawuhingSun: “Pada ngrungokna unining kalasangka Nanging padha mangsuli: Aku padha emoh ngrungokake 18 Mulane padha rungokna, he para bangsa, lan kawruhana, he pasamuwan, wong iki bakal padha nemahi apa? 19 He bumi, tilingna Lah, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang bangsa iki, minangka wohing rancangane wong-wong iku, amarga padha ora ngrungokake marang dhawuhingSun lan nampik piwulangingSun. 20 Apa paedahe tumrap Ingsun sira nggawa dupa saka Syeba lan tebu kang becik saka ing nagara kang adoh? Ingsun ora karenan marang kurbanira obaran, lan kurbanira sembelehan ora ndadekake keparenging galihingSun. 21 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ndekek watu sandhungan ana ing ngarepe bangsa iki, supaya wong iku padha tiba kesandhung ing watu iku, para bapa lan anak-anak, tangga-teparo lan para kancane kabeh bakal padha nemahi tiwas.” 22 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah, ana sawijining bangsa kang bakal teka saka ing tanah lor, ana sawijining suku bangsa kang gedhe kang bakal teka saka ing poncoting bumi. 23 Padha sikep gegaman panah lan tumbak, padha ambeksiya ora duwe rasa welas. Swarane jumlegur kaya sagara, padha nunggang jaran, samekta kaya wong mangsah perang, padha nempuh marang sira, he putri ing Sion” 24 Aku wus padha krungu wartane, tanganku wus padha jimpe, aku padha ketaman ing sesek, aku padha ngrasakake lara kaya wong wadon nglarani. 25 “Aja padha metu menyang ing ara-ara, lan aja lumaku ana ing dedalan, amarga pedhanging mungsuh ngamuk, pagiris teka saka ing keblat papat” 26 He putrining bangsaku, padha manganggoa sandhangan bagor lan gulunga ana ing lebu Nandhanga sedhih kaya nangisi anak ontang-anting, nangisa kalawan susah sedhih. Amarga kang gawe pepati bakal teka kalawan ndadak lan nempuh marang sira. Nabi Yeremia dadi panetering umat 6:27-30 27 Ingsun wus ngangkat sira saka ing antaraning para umatingSun dadi tukang neter, sira kudu ngreti carane niti-priksa, lan kudu neter tindak-tanduke. 28 Wong-wong iku kabeh padha wong kang seneng tumindak duraka, mloka-mlaku mrana-mrene mitenah wong; kabeh padha laku ala 29 Ububan wis ngempus-empus nanging kang metu saka geni mung timbel, tembaga lan wesi. Ora ana gunane mbesot terus-terusan, nanging para wong duraka ora bisa kapisah. 30 Wong iku aranana salaka buwangan, amarga Sang Yehuwah wus nampik wong iku Kotbahe Nabi Yeremia bab Padaleman Suci 7:1-15 7 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang nabi Yeremia mangkene: 2 “Sira ngadega ana ing gapuraning Padalemane Sang Yehuwah, ana ing kono sira nguwuh-uwuha, mratelakna pangandika iki sarta kandha: Padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, he para wong Yehuda kabeh kang lumebu ngliwati sakehe gapura iki arep nyembah sujud marang Sang Yehuwah 3 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira mbecikna tindak-tanduk lan panggawenira, Ingsun banjur bakal karsaa dedalem ana ing kene nunggil karo sira. 4 Aja pracaya marang tembung goroh, kang mangkene: Iki Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah, 5 kejaba manawa sira padha temen-temen mbecikake tindak-tanduk lan panggawenira sarta temen-temen nindakake kaadilan ana ing satengahira dhewe-dhewe, 6 ora nindhes wong ngamanca, bocah lola lan randha, ora ngwutahake getihe wong kang ora salah ana ing papan kene sarta ora ngetutwuri allah liyane kang marakake bilainira dhewe. 7 Ingsun banjur bakal dedalem ana ing kene nunggil kalawan sira, ing tanah kang wus Sunparingake marang leluhurira, wiwit ing jaman kuna nganti ing salawas-lawase. 8 Nanging lah sira mituhu marang tembung goroh, kang ora migunani. 9 Lah kok sira isih nyenyolong, memateni, laku bandrek, lan nglairake sumpah palsu, kekutug nyembah marang Baal sarta ngetutwuri allah liyane kang ora sira sumurupi; 10 mangka sira banjur seba marang ing ngarsaningSun, ing padaleman kang sinebut nganggo asmaningSun, kalawan ngucap: Kita padha slamet, supaya bisa nindakake panggawe kang nistha iki 11 Padaleman kang sinebut nganggo asmaningSun iki apa sira anggep pandhodhotaning begal? Lah Ingsun piyambak wus nguningani iku kabeh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 12 Nanging becike sira menyanga ing PadalemaningSun ing Silo dhisik, kang biyen dadi padununganing asmaningSun, padha satitekna apa kang wus Suntandukake awit saka durakane umatingSun Israel 13 Lah sarehne sira saiki wus nindakake sakehing panggawe iku uga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- lah sira emoh ngrungokake, sanadyan wus Sunngandikani marambah-rambah, ewadene sira ora ngaturi wangsulan, sanadyan Ingsun wus nguwuh-uwuh marang sira, 14 mulane padaleman, kang sinebut nganggo asmaningSun lan padha sira andelake iku, lan panggonan, kang Sunparingake marang sira lan leluhurira iku, bakal Sunpatrapi kaya kang wus Suntandukake marang Silo; 15 Ingsun bakal mbucal sira saka ing ngarsaningSun, kaya sakehing para sadulurira yaiku kabeh turune bani Efraim kang wus Sunbucal.” Nglawan pangabekti marang ratuning langit 7:16-20 16 “Nanging sira aja ndongakake bangsa iki; sira aja ngunjukake pesambat lan panyuwun apadene sira aja ngungset marang Ingsun kanggo wong-wong iku, amarga Ingsun ora bakal miyarsakake sira. 17 Sira apa ora ndeleng apa kang dadi panggawene ana ing kutha-kuthane Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem? 18 Bocah-bocah padha ripik-ripik kayu, bapakne padha daden geni sarta kang wadon padha ngulet jladren kanggo olah panganan, sesajen bakal katur marang ratuning langit, lan wong padha ngecurake sajen omben-omben marang allah liyane, kanthi sedya gawe gerahing galihingSun. 19 Apa panggalihingSun kang salugune digawe gerah, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- apa dudu atine dhewe kang digawe lara temah banjur padha wirang? 20 Mulane mangkene pangandikane Gusti Allah: Lah bebenduningSun lan dedukaningSun bakal kaesokake ana ing papan kene, marang manungsa, kewan lan wit-witan ing ara-ara lan marang pametuning bumi: mulad-mulading bebendu mau bakal ora bakal sirep-sirep.” Nglawan pangibadah kang tanpa kasetyan 7:21-28 21 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Kurbanira obaran kanthekna kurbanira sembelehan lan panganen daginge 22 Sanyata, ing nalikane Ingsun ngirid leluhurira metu saka ing tanah Mesir, Ingsun ora ngandika lan ndhawuhake apa-apa bab kurban obaran lan kurban sembelehan. 23 Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja. 24 Ewadene ora padha ngrungokake lan nggatekake, malah padha nuruti kekarepane lan tekade kang ala, apadene padha mungkur lan ora madhep. 25 Wiwit rikala leluhurira metu saka ing tanah Mesir tumeka saprene, saben dina ora kendhat-kendhat Ingsun ngutus para abdiningSun, para nabi, marani dheweke, 26 nanging padha emoh ngrungokake dhawuhingSun sarta ora nggatekake, malah padha ngakokake githoke; tumindake ngluwihi ala banget katimbang para leluhure. 27 Sanadyan sira mratelakake sakehing prakara iki marang wong-wong iku, ewadene padha ora ngrungokake lan sanadyan sira nguwuh-uwuh ewadene ora padha mangsuli. 28 Mulane padha tuturana mangkene: Iki bangsa kang emoh ngrungokake swaraning Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan emoh nampani pamerdi Kaburusane wus sirna, wus oncat saka ing cangkeme.” Panyembah marang brahala lan katemahane 7:29--8:3 29 Rambuting sirahira cukuren lan buwangen Nganakna patangisan ana ing gunung- gunung kang gundhul, awitdene Sang Yehuwah wus nampik lan mbucal bangsa kang ketaman ing bebendune 30 Jer wong Yehuda wus padha nglakoni apa kang ala ana ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- sarta wus padha mapanake dewa-dewane kang najisake padaleman, kang nganggo asmaningSun ndadekake najise. 31 Wong iku wus padha ngadegake tengger pangurbanan kang aran Tofet ing Lebak Ben-Hinom kanggo ngobong anak-anake lanang lan wadon, prakara kang ora tau Sunprantahake lan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun. 32 Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah: Mulane lah bakal teka wektune, panggonan iki wus ora aran “Tofet” lan “Lebak Ben-Hinom” maneh, nanging “Lebak Panyembelehan”; wong bakal padha ngubur mayit ana ing Tofet, amarga wus kentekan pakuburan, 33 malah mayite bangsa iki bakal padha dadi pakane manuk ing awang-awang sarta sato kewan ing bumi, ora ana kang munasika. 34 Ing kutha-kutha ing Yehuda lan ing lurung-lurung ing Yerusalem swaraning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon bakal Sunlerenake, amarga kutha iku bakal dadi papan kang sepi suwung. 8 1 Ing wektu iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- balunge para raja ing Yehuda, para panggedhene, para imam lan para nabi, apadene balunge para wong ing saisining Yerusalem bakal padha diwetokake saka ing kuburane, 2 dieler ana ing sangisoring srengenge, rembulan lan sagolonganing langit, kang biyene ditresnani, dikawulani, dianut, diupadi lan disujudi. Kabeh iku ora bakal dikumpulake lan dikubur, iku bakal kagawe rabuk ing pategalan. 3 Nanging sakehe kekarene wong kang ala iku bakal luwih seneng mati katimbang urip ana ing sadhengah panggonan, kang Sunagem mbuyarake wong-wong iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi. Dosa lan paukumane 8:4-17 4 Sira mratelakna marang para wong iku: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Wong kang tiba iku apa ora tangi maneh? Wong kang nyingkur iku apa ora bali maneh? 5 Yagene bangsa iki mungkur, mungkur terus? Padha nekad laku cidra, lumuh mratobat. 6 Ingsun wus nggatosake lan midhangetake, kandhane ora jujur Ora ana kang nggetuni pialane karo ngucap: Apa ta kang wus daklakoni iki kalawan mbedhal lumayu padha nggeblas manut parane dhewe-dhewe kaya jaran kang nrejang ing peperangan. 7 Dalah manuk cangak ing awang-awang, ngreti mangsane, manuk drekuku, sriti lan bango padha kelingan mangsane bali, nanging umatingSun ora sumurup angger-anggere Sang Yehuwah. 8 Kapriye dene sira wani ngucap: Aku iki wicaksana lan nduweni Torete Sang Yehuwah? Lah, pene juru tulis kang cidra, wus ngowahi dadi goroh. 9 Para wong wicaksana bakal padha kawirangan, kaget lan keblusuk. Lah wis padha nampik pangandikane Sang Yehuwah, apa isih padha kadunungan kawicaksanan? 10 Mulane rabine bakal padha Sunpasrahake marang wong liya, lan pategalan-pategalane marang para penjajah. Lah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe, kabeh padha ngupaya kauntungan, dadia nabi, dadia imam, kabeh padha laku cidra. 11 Wong iku padha nambani tatune putrining umatingSun, kang dianggep mayar bae, celathune: Tentrem rahayu Tentrem rahayu Nanging ora ana tentrem rahayu. 12 Pancene kudu rumangsa wirang, amarga padha nglakoni kanisthan, nanging padha ora rumangsa wirang babar pisan lan ora ngrumangsani cacade. Mulane bakal padha tiba ana ing satengahe wong kang padha ambruk, bakal padha kejengklok, samangsa padha tampa paukuman, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 13 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ingsun arsa mundhut pametune, nanging wite anggur ora ana wohe, wite anjir ora ana wohe, lan godhonge wus padha alum, mulane Ingsun bakal netepake, para wong kang bakal padha ngidak-idak wong-wong iku.” 14 Yagene kita kok mung padha lungguhan bae? Payo padha ngumpul lan ngungsi menyang ing kutha kang santosa lan lebur ana ing kono Awit Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, nglebur kita, maringi omben-omben racun marang kita, sabab kita wus gawe dosa ana ing ngarsane. 15 Kita ngarep-arep kantentreman, nanging ora ketekan sawiji-wijia kang becik, ngarep-arep waras, nanging kang ana mung pagiris. 16 “Bekere jaraning mungsuh keprungu saka ing Dhan, saindenging nagara padha gumeter dening bengingehing jarane lanang. Tekane ngentekake nagara saisine, kutha dalah wong saisine padha dipangan. 17 Lah delengen, Ingsun ngeculake ula bedhudhak ana ing satengahira kang ora bisa dijapani, lan bakal nyakot sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” -- Panangis tumrap Yehuda lan Yerusalem 8:18--9:11 18 Ora bisa mari kasusahan kang tumempuh marang aku, atiku lara banget. 19 Rungokna, panguwuhe putrining bangsaku njaluk tulung saka ing nagara adoh: “Sang Yehuwah apa ora ana ing Sion? Apa ing kono ora ana Rajane?” Yagene padha nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan reca-recane lan dewa-dewa saka tanah liya kang ora ana gunane? 20 Mangsane panen wus kliwat, mangsa katiga wus kepungkur, ewadene kita meksa durung diluwari 21 Atiku rempu, amarga tatune putrining bangsaku, aku nandhang susah, aku ketaman ing pagiris. 22 Apa ing Gilead ora ana boreh? Apa ing kana ora ana dhukun? Geneya tatune putrining bangsaku durung mari? 9 1 Saupama sirahku kebak banyu, lan mripatku dadi sumbering luh, mesthi rina-wengi anggonku nangisi patine para bocahe wadon bangsaku. 2 Saupama aku duwe pamondhokan ana ing ara-ara samun, kanggo wong kang lagi lelana, aku mesthi bakal lunga sumingkir ninggal bangsaku Awit iku kabeh wong kang laku jina, golonganing wong kang ora setya. 3 Iku padha menthang ilate kaya gandhewa piala lan dudu kabeneran, kang misesani nagara. Sanyata, kebacut-bacut anggone padha nglakoni piala, nanging padha ora wanuh marang Sang Yehuwah. 4 Becike saben wong ngawekanana kancane, lan aja ngandel marang sadhengaha sadulur, amarga kabeh sadulur dadi juru apus lan saben kanca mlaku mrana-mrene gawene mitenah. 5 Kang siji ngapusi sijine, lan ora ana wong siji-sijia kang tembunge bener, padha ngulinakake ilate ngucap goroh, padha nindakake kaluputan lan emoh mratobat. 6 Panganiaya matumpa-tumpa, para cidra tumpuk-undhung Padha ora gelem wanuh marang Sang Yehuwah. 7 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah Ingsun karsa nglebur lan neter bangsa iki, jer apa maneh ta kang bisa Suntandukake tumrap anake wadon umatingSun? 8 Ilate iku panah kang memateni, tembung kang kawetu saka ing cangkeme iku apus, pangucape marang kancane: tentrem, nanging ing sajroning batine isi pangincim-incim. 9 Apa Ingsun ora bakal ndhawahake paukuman marang wong-wong iku, marga saka iki kabeh? Apa Ingsun ora bakal males ukum marang bangsa kang kaya mangkene iki?, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 10 Nangisa lan sesambata marga saka gunung-gunung, lan nangisa marga saka pasuketan ing ara-ara samun, awitdene wus suwung kabeh, nganti ora ana kang ngambah, lan ora keprungu maneh swaraning raja-kaya, dadia manuk ing awang-awang, dadia sato kewan wus padha lumayu kabeh, wis ora ana. 11 Ingsun bakal damel Yerusalem dadi jugrugan papan pandhelikaning asu ajag. Ingsun bakal damel kutha-kutha Yehuda dadi sepi mamring, ora ana kang manggon maneh.” Diancam klawan karusakan lan pambuwangan 9:12-22 12 Endi wong kang wicaksana, kang nganti bisa ngreti bab iki, wong kang nampani pangandika saka lesaning Sang Yehuwah, supaya bisa mratelakake iku? Apa sababe tanah iki rusak, suwung kaya ara-ara samun, nganti ora ana wong kang ngambah? 13 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sarehne wong iku wus padha nglirwakake Angger-anggeringSun, kang wus Sunparingake, sarta ora ngrungokake marang swaraningSun lan ora nurut marang iku, 14 nanging padha nuruti apa sakareping atine, apadene manut marang para Baal kaya kang diwulangake para leluhure, 15 mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: Lah Ingsun bakal makani butrawali marang bangsa iki lan Sunombeni racun. 16 Ingsun bakal nyebar wong iki ana ing tengahe para umat kang ora ditepungi dening wong-wong iku lan para leluhure lan Ingsun bakal nglepasake pedhang kang ngoyak wong-wong iku, nganti wus padha Sunsirnakake.” 17 Padha gatekna Ngundangana para juru tangis wadon, supaya padha mrene, lan kongkonana, supaya para wong wadon kang limpad, padha mrene 18 Kareben padha enggal teka lan padha nangisi kita, supaya mripat kita metokake luh, lan suluhan kita akembeng banyu 19 Amarga ing Sion keprungu tangis: Adhuh padha mati aku Aku padha banget diwirangake Amarga aku kudu padha ninggal nagara iki, dene omah-omahku padha dibrukake. 20 He para wong wadon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah, padha nilingna dhawuhing lesane; anak-anakmu wadon padha wulangen tangisan lan sadhengah wong wadon mulangna kidung pasambat marang kancane: 21 “Adhuh, si pati wus nlusup ing cendhela- cendhela kita, kedhaton kita wus padha dileboni, bocah-bocah ing lurung-lurung padha disirnakake, samono uga para nom-noman kang ana ing alun-alun. 22 Mayite wong-wong padha kleleran kaya rabuk ana ing pategalan, kaya bentelan gandum ing saburining wong kang padha ngeneni, lan ora ana kang nglumpukake.” Wanuh marang Gusti Allah iku kabegjaning manungsa 9:23-26 23 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Wong kang wicaksana aja ngendel- endelake kawicaksanane, wong rosa aja mamerake karosane, wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane; 24 nanging sing sapa arep ngegungake, ngegungna kang mangkene: manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun, manawa Ingsun iki Sang Yehuwah, kang nedahake kadarman, kaadilan lan kabeneran ana ing bumi; sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 25 Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah bakal tumeka ing wektune anggoningSun maringi paukuman marang wong kang wus tetak, nanging isih ikutan: 26 wong Mesir, wong Yehuda, wong Edom, bani Amon, wong Moab lan sakehing wong kang cukur rambute ing ngiringan mubeng lan wong kang manggon ing pasamunan, amarga sakehing bangsa ora padha tetak lan satedhak turune Israel iya ora tetakan atine.” Gusti Allah kang gesang lan para brahala 10:1-16 10 1 He para turune Israel Padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake marang kowe: 2 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira aja nulad tindak-tanduke para bangsa, aja kaget dening tandha-tandha ing langit, sanadyan para bangsa padha giris marga saka iku. 3 Kang padha dieringi para bangsa iku tanpa guna. Brahala iku rak kayu kang ditegor ing wong ana ing alas, kang digarap klawan tatah dening tangane tukang kayu? 4 Kang direngga-rengga klawan emas lan salaka, lan dikukuhake sarana paku lan palu, supaya aja moyag-mayig. 5 Brahala iku kayadene wong-wongan ing kebon timun, ora bisa guneman, kudu dijunjung ing wong, amarga ora bisa lumaku. Aja kokwedeni, amarga brahala iku ora bisa manggawe ala lan gawe becik iya ora bisa.” 6 Boten wonten ingkang nyameni Paduka, dhuh Yehuwah Paduka punika agung lan asma Paduka agung margi Paduka punika prakosa. 7 Dhuh Rajanipun para bangsa, sinten ingkang boten ajrih dhumateng Paduka? Sayektos, sampun samesthinipun tiyang ajrih dhumateng Paduka, amargi ing antawisipun para wicaksana panunggilanipun para bangsa, saha ing antawisipun para ratunipun, boten wonten ingkang nyameni Paduka 8 Brahala iku kabeh bodho lan gemblung, piwulange dewa iku tanpa guna, awit iku mung kayu walaka. 9 Salaka blebekan digawa saka ing Tarsis lan emas saka ing Ufas; brahala iku gaweane tukang lan gaweaning tangane kemasan. Sandhangane jarit wungu tuwa lan wungu nom, kabeh gaweane para ahli. 10 Nanging Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang sejati, Panjenengane iku Gusti Allah kang gesang, lan Ratu kang langgeng. Dedukane nggonjingake bumi lan para bangsa ora bisa lestari urip karana bebendune. 11 Sira ndhawuhana marang para wong iku mangkene: “Para allah kang ora nitahake langit lan bumi iku bakal sirna saka ing bumi lan saka ing sangisoring langit iki.” 12 Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana kakiyatane, kang njejegake bumi sarana kawicaksanane lan mbeber langit kanthi kalimpadane. 13 Samangsa Panjenengane ngedalake swantene, swaraning banyu ing langit gumuruh, Panjenengane ngumbulake mega mendhung saka poncoting bumi, damel kilat binarung udan lan ngwedalake angin saka ing perawatane. 14 Saben manungsa iku nyatane bodho ora ngreti apa-apa lan saben kemasan padha wirang marga saka reca garapane. Awitdene reca cor-corane iku apus-apus, ora duwe nyawa. 15 Sakabehe iku tanpa guna, garapan kang dadi wohing pamoyok, lan kang bakal lebur samangsa kasiksa. 16 Panjenengane kang dadi pandumane Yakub ora kaya mangkono kaanane, amarga Panjenengane kang mangun samubarang kabeh, lan Israel iku uamt kagungane, asmane yaiku Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi. Tanah Yehuda dadi sepi mamring 10:17-25 17 He para wong kang ana ing pangepungan, barang-barangmu gawanana saka ing nagara kene. 18 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Lah sapisan iki Ingsun bakal mbuncang wong isining kutha iki, lan bakal Sunrupekake, supaya padha krasa.” 19 Adhuh cilaka aku, marga saka lelaraku, tatuku ora bisa mari Aku nggagas: “Ah iki kasusahan kang kudu daksandhang” 20 Kemahku wus rusak lan taline wus pedhot kabeh. Anak-anakku wus padha ninggal aku, wus ora ana maneh, wus ora ana kang ngadegake kemahku lan kang menthang tendhaku. 21 Sanyata, para pangon wus padha tanpa budi, padha ora neges marang pitedahe Sang Yehuwah. Mulane padha ora nemu begja, lan sakehing kewan pepanthane padha pating blesar. 22 Ana warta kang keprungu, unine: Ana pageger gedhe kang bakal teka saka ing tanah lor, kang bakal gawe kutha-kutha ing Yehuda padha dadi sepi mamring, dadi pandhelikane asu ajag. 23 Dhuh Sang Yehuwah, kawula mangretos, bilih manungsa punika boten gadhah pangwaos netepaken marginipun piyambak, lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhah pangwaos netepaken jangkahipun. 24 Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka perdi, nanging ing samajadipun, sampun klayan bebendu Paduka, supados kawula sampun ngantos Paduka sirnakaken 25 Bebendu Paduka mugi Paduka esokaken dhateng para bangsa ingkang boten tepang kaliyan Paduka sarta dhateng para jinis ingkang sami boten nyebut asma Paduka, amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telas sarta padununganipun kadadosaken jugrugan. Prasetyane Gusti Allah diselaki 11:1-17 11 1 Pangandika kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene: 2 “Rungokna surasane prasetyan iki lan iku dhawuhna marang wong Yehuda lan saisine kutha Yerusalem 3 Dhawuhna marang wong iku: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Kenaa ing ipat-ipat wong kang ora ngrungokake marang surasaning prasetyan iki, 4 kang wus Sundhawuhake marang leluhurira, nalika Sunluwari saka ing tanah Mesir, saka ing pawon pangleburan wesi, kanthi pangandika mangkene: Rungokna dhawuhingSun lan lakonana kabeh kang Sundhawuhake marang sira, temah sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira, 5 supaya Ingsun bisa netepi ing supaos, kang Sundhawuhake marang para leluhurira, manawa bakal Sunparingi tanah kang luber powan lan madu, kaya kang kelakon ing wektu iki.” Nuli unjuk wangsulanku: “Mugi kelampahana makaten, dhuh Sang Yehuwah” 6 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Undhangna sakehe pangandika iki ana ing kutha-kuthane Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem, mangkene: Rungokna surasane prasetyan iki sarta lakonana 7 Amarga Ingsun wus mawanti-wanti ngelingake marang para leluhurira, nalika padha Sunluwari saka ing tanah Mesir, tumeka saprene Ingsun tansah ngelingake: Rungokna dhawuhingSun 8 Ewadene padha emoh ngrungokake lan nggatekake, nanging siji-sijine malah padha nekad nuruti atine kang ala; Ingsun wus ndhatengake sakehing surasane prasetyan iki, kang wus Sundhawuhake murih ditetepana, nanging padha ora ngestokake.” 9 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Panunggalane wong Yehuda lan wong isining kutha Yerusalem tinemu padha sekuthon nglakoni ala. 10 Wong iku wus padha mbaleni pialaning para leluhure, kang wus padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun. Padha ngetutwuri allah liyane lan dibekteni. Para turune Israel lan Yehuda wus padha nyelaki prasetyaningSun, kang Sundamel karo para leluhure. 11 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ndhawahake bilai marang bangsa iki, kang ora bisa dioncati lan samangsa sesambat marang Ingsun ora bakal Sunpidhangetake. 12 Lan sanadyan kutha-kuthane Yehuda lan wong isine Yerusalem padha sesambat marang allahe kang disembah sarana kurban obaran, nanging allah iku babar pisan ora bisa mitulungi, nalika padha tinempuh ing bilai. 13 Amarga sapira cacahe kuthanira, iya samono cacahe allahira, he Yehuda, lan sapira cacahe lurung ing Yerusalem, iya samono cacahe misbyah yeyasanira kanggo allah kang nistha iku, misbyah-misbyah kang kanggo kekutug marang Baal. 14 Dene sira, sira aja ndongakake bangsa iku, amarga Ingsun ora bakal miyarsakake, manawa ana pasambate marang Ingsun marga saka sangsarane iku. 15 Apa gawene kekasihingSun ana ing padalemaningSun, dheweke rak wus nindakake rancangan-rancangane kang ala ta? Nadar-nadar lan daging suci apa bisa nyingkirake bilai saka sira, temah sira bisa bungah-bungah? 16 Sira tau sinebut dening Sang Yehuwah, wit jaitun kang ngrembuyung, asri dinulu. Nanging kanthi swara kang nggegirisi Panjenengane nyuled geni ing godhong- godhonge, temah pang-pange padha kobong. 17 Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, kang damel sira tuwuh, wus netepake bilai tumrap ing sira, jalaran saka duraka kang dilakoni dening tedhak turune Israel lan Yehuda kanggo gawe gerahing galihingSun sarana anggone kekutug marang Baal.” Wong ing Anatot padha ngarah nyawane Nabi Yeremia 11:18-23 18 Sang Yehuwah wus paring sumurup marang aku, temah aku ngreti; ing wekdal punika Paduka, dhuh Yehuwah, lajeng nedahaken pandamelipun tiyang punika dhumateng kawula. 19 Nanging kawula rumiyin kados cempe ingkang tutut ingkang kagiring badhe dipun pragat, kawula boten mangretos, manawi sami sekuthon ngarah nyawa kawula, wicantenipun: “Payo kita padha ngrusak wit iki lan sawoh-wohe pisan Payo iki disirnakake saka ing tanahe wong urip, temah jenenge ora kocap maneh.” 20 Nanging, dhuh Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumados, ingkang jumeneng hakim ingkang adil, ingkang ndadar batos lan manah, kawula mugi nyumerepana piwales Paduka dhateng tiyang-tiyang punika, amargi kawula sampun ngaturaken prakawis kawula wonten ing ngarsa Paduka. 21 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap wong-wong ing Anatot, kang ngarah nyawaku, kanthi celathune: “Aja memeca demi asmane Sang Yehuwah, supaya kowe aja nganti mati dening tanganku” 22 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah, Ingsun bakal ngukum wong-wong iku: para nom-nomane bakal padha mati dening pedhang, anak-anake lanang lan wadon bakal padha mati kaliren. 23 Ora ana kang lestari urip, amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai marang para wong Anatot, ing taun tumibane paukumane.” Pasambate Nabi Yeremia lan paring wangsulane Gusti Allah 12:1-17 12 1 Dhuh Sang Yehuwah, Paduka pancen leres, manawi kawula paben kaliyan Paduka Namung kawula badhe kumedah-kedah matur dhumateng Paduka bab kaadilan. Punapaa dene gesangipun tiyang duraka kok begja, lan sadaya tiyang ingkang boten setya sami manggih kasantosan? 2 Paduka tuwuhaken ngantos sami ngoyod, gesangipun ngrembaka lan ngedalaken woh ugi. Asma Paduka dipun ucapaken ing lambenipun, nanging batosipun tebih saking Paduka. 3 Dhuh Yehuwah, Paduka tepang lan nguningani kawula, lan Paduka ndadar kadospundi sungkem kawula dhumateng Paduka. Tiyang punika mugi Paduka gered medal kados menda-menda pragatan, lan mugi Paduka pijekaken kangge ing dinten pemragatan. 4 Ngantos pinten dangunipun malih nagari punika dados garing, lan rumput ing ara-ara sadaya sami alum? Margi saking durakanipun ingkang sami manggen ing ngriku sato kewan saha peksi-peksi sami tumpes sirna, awit pangintenipun: “Dheweke ora bakal meruhi tindak-tanduk kita” 5 “Manawa sira wus lumayu mbarengi wong mlaku dharat, kang marakake sayahira, kapriye bisanira balapan karo jaran? Manawa ana ing tanah kang tentrem, sira ora rumangsa ayem, kapriye bakal polahira ana ing grumbulan ing sapinggire bengawan Yarden? 6 Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsanira iku wus padha nyidrani sira: iku uga bebarengan ana ing burinira. Aja padha sira andel, sanadyan tembunge manis marang sira. 7 Ingsun wus nilar padalemaningSun, nagara kagunganingSun wus Sunbucal, gantilaning galihingSun wus Sunpasrahake marang mungsuhe. 8 Nagara kagunganingSun wus dadi kaya singa ing alas tumrap Ingsun. Dheweke nyenggrang Ingsun, mulane Sunsengiti. 9 Nagara kagunganingSun wus dadi kaya manuk belang tumrap Ingsun; manuk galak padha ngrubung. Payo, sakehing kewan ing ara-ara padha klumpukna, giringen mrene kareben ngentekake iku 10 Akeh pangon kang wus padha ngrusak kebon angguringSun, ngicak-icak palemahan kang Sunremeni didadekake ara-ara kang sepi samun. 11 Pancen mangkono, tanahe wus kadadekake sepi samun, sepi sepen nyedhihake ana ing ngarsaningSun. Saindenging nagara iku sepi mamring, nanging ora ana wong kang nggatekake. 12 Para pangrusak wus padha teka ngliwati tengger gundhul ing ara-ara samun, amarga pedhange Sang Yehuwah ngamuk memangsa, saka poncoting nagara kang siji tekan ing poncot sijine ora ana katentreman tumrap sabarang kang urip. 13 Wong wus padha nyebar gandum, nanging eri bebondhotan kang dieneni, anggone nggarap gawe kanthi rekasa, mung bae ora ana pituwase, padha nandhang wirang marga saka oleh-olehaning penggawene, wohing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.” 14 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Mungguh para tangganingSun kang dursila, kang wus ngrusuhi nagara, kang wus Sunparingake dadi tanah pusaka marang umatingSun Israel, lah dheweke bakal padha Sunbethot saka ing tanahe sarta turune Yehuda bakal Sunbethot saka ing antarane wong-wong mau. 15 Nanging sawuse Sunbethot, bakal Suntresnani maneh, Ingsun bakal ngulihake siji-sijine menyang ing tanah pusakane lan nagarane dhewe-dhewe. 16 Dene manawa padha sinau carane uripe umatingSun lan banjur ngucapake supata atas asmaningSun: Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, kaya nalikane padha mulang umatingSun supata demi Baal, bangsa iku bakal Sunbangun ana ing antaraning umatingSun. 17 Nanging manawa padha lumuh ngrungokake, Ingsun mesthi bakal mbethot lan numpes bangsa kang kaya mangkono iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Sabuk kang mbebret 13:1-11 13 1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Lungaa tuku sabuk lena, sarta ubedna ing lambungira, nanging aja sira celup ing banyu” 2 Aku tumuli tuku sabuk kaya dhawuhe Sang Yehuwah sarta dakubedake ing lambungku. 3 Sawuse mangkono Sang Yehuwah ndhawuhake maneh: 4 “Sabuk anggonira tuku lan kang sira anggo iku uculana Menyanga ing bengawan Efrat sabuk iku umpetna ana ing lowahaning parang.” 5 Aku tumuli lunga lan ngumpetake sabuk mau kaya dhawuhe Sang Yehuwah marang aku. 6 Sawuse sawatara mangsa Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Enggal lungaa menyang ing bengawan Efrat, sabuk kang Sundhawuhake ngumpetake kae jupuken” 7 Aku nuli mangkat menyang bengawan Efrat, banjur ndhudhuk lan njupuk sabuk iku saka papane anggonku ngumpetake, nanging jebul iku wus mbebret, ora ana gunane kanggo apa-apa. 8 Ing kono pangandikane Sang Yehuwah marang aku: 9 “Mangkene anggoningSun bakal nyirnakake digang-digunge Yehuda lan Yerusalem. 10 Bangsa kang ala iki, kang lumuh ngrungokake pangandikaningSun, kang mung nuruti tekading atine, ngetutwuri allah liyane lan ngabekti sarta sujud marang iku, bangsa iku bakal kaya sabuk kang wus ora ana gunane kanggo apa-apa iki. 11 Amarga kayadene sabuk kang rumaket ing lambunge wong, iya kaya mangkono maune anggoningSun ngraketake turune Yehuda lan Israel kabeh marang Ingsun, supaya bangsa iki dadia umatingSun kang misuwur, pinuji lan mulya kagem Ingsun. Nanging padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun.” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Guci anggur kang dikepruk 13:12-14 12 “Pangandika iki dhawuhna marang wong-wong iku: Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Saben guci kudu dikebaki anggur Lan yen wong iku padha mangsuli: Kula rak sampun sami ngretos, yen saben guci kedah dipun kebaki anggur? 13 Ing kono sira dhawuhana maneh: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, sakehing wong ing nagara iki dalah para raja kang lungguh ing dhampare Dawud, para imam lan para nabi, apadene sakehe wong ing kutha Yerusalem bakal Sunendemi, 14 tuwin bakal Sunadukumba nganti remuk; para bapa karo anak-anake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Ingsun bakal nyirnakake wong-wong iku, ora Sunwelasi, ora Suneman lan ora Sunapura.” Pepeling lan pangancam 13:15-27 15 Mara rungokna, nilingna, aja gumunggung, amarga Sang Yehuwah wus ngandika. 16 Sang Yehuwah, Gusti Allahmu iku luhurna, sadurunge Panjenengane ndadosake dina dadi peteng, sadurunge sikilmu kesandhung ana ing gunung-gunung, ing wanci repet-repet, ing sajrone kowe ngarep-arep padhang, nanging Panjenengane ndadosake padhang dadi peteng banget, dadi peteng ndhedhet. 17 Manawa kowe padha lumuh ngrungokake, aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu, luhku bakal kembeng-kembeng, malah nganti crocosan, jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwah digiring dadi boyongan. 18 Sira matura marang Sang Prabu lan Sang Prameswari Ibu mangkene: “Kawula aturi lenggah ing papan ingkang andhap piyambak, amargi makuthaning kaluhuran paduka sampun rentah saking mastaka paduka” 19 Kitha-kitha ing Tanah Negeb sampun dipun inebaken gapuranipun, lan boten wonten tiyang satunggal- tunggala ingkang ngengakaken. Yehuda sampun kabucal sadaya kabandhang dhateng pambucalan sadaya. 20 He Yerusalem, awasna lan sawangen ana wong kang padha teka saka lor Ana ing ngendi pepanthan kewan kang diwenehake marang kowe, sarta wedhus-wedhus kang dadi kaluhuranmu? 21 Kapriye kandhamu, samangsa wong-wong kang kokanggep dadi dhemenanmu, dijunjung dadi panggedhemu? Apa kowe ora katrajang lara kaya pasambate wong wadon kang lagi nglarani? 22 Lan samangsa ana pitakon kang tuwuh ana ing atimu: “Yagene aku kataman kang kaya mangkene iki kabeh?” Amarga saka gedhening durakamu, mulane poncoting tapihmu dibiyak lan kowe dirodapeksa 23 Wong Etiopia apa bisa salin warna. utawa macan tutul apa bisa ngowahi tutule? He wong kang wus kepatuh gawe dosa, apa kowe bisa tumindak becik? 24 Ingsun bakal ngabul-abul sira kaya mrambut, kang kabur ing angin ana ing ara-ara samun. 25 Yaiku kang dadi nasibira, pandumanira, kang wus Suntimbang tumrap sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- amarga sira lali marang Ingsun lan mituhu marang dora-cara. 26 Dene Ingsun uga bakal nyilakake poncoting tapihira nganti tekan rainira, temah katon kawiranganira. 27 Anggonira laku jina lan pangringikira, pamblunthahira kang rusuh ana ing gunung-gunung lan ing ara-ara, Ingsun wus nguningani polah-tingkahira kang nistha iku. He Yerusalem, cilaka sira iku, nganti pira suwene maneh anggonira dadi suci? Bab mangsa ngerak 14:1--15:4 14 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia bab mangsa ngerak. 2 Yehuda ngrudatin, gapurane padha ambruk, lan katon memelas njepaplang ana ing lemah; pasambate Yerusalem muluk mandhuwur. 3 Para panggedhene padha utusan abdi-abdine golek banyu, padha tekan ing sumur-sumur, nanging ora oleh banyu, satemah padha bali kalawan kendhi-kendhi kang isih kothong. Padha isin, polatane kucem, temah sirahe dikudhungi. 4 Pagawean ing pategalan wus kandheg, amarga ora ana udan ing nagara, satemah wong tani padha kegelan lan sirahe dikudhungi. 5 Malah ana menjangan ing ara-ara kang ninggal lunga anake kang lagi lair, awit ora ana suket nom. 6 Kuldi alasan padha ngadeg ana ing tengger-tengger gundhul, mangap-mangap kaya asu ajag, matane nglentrih, amarga ora ana suket. 7 “Dhuh Sang Yehuwah, sanadyan duraka kawula sadaya sami nggigat kawula, mugi Paduka karsaa paring pambiyantu dhumateng kawula, margi saking asma Paduka Awit kathah panasar kawula, kawula sami damel dosa wonten ing ngarsa Paduka. 8 Dhuh Andel-andelipun Israel, Juru-pitulung ing wekdal karibedan Punapaa dene Paduka kados tiyang ngamanca wonten ing nagari ngriki? kados tiyang lelana ingkang namung mampir badhe sipeng kemawon? 9 Punapaa dene Paduka kados tiyang bingung, kadosdene pahlawan ingkang boten sagah mitulungi? Nanging Paduka rak wonten ing tengah- tengah kawula, dhuh Sang Yehuwah, lan asma Paduka sinebat ing nginggil kawula. Kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken” 10 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap bangsa iki: “Wong iku padha seneng nglembara lan ora ngampah sikile. Mulane ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, nanging samengko Panjenengane karsa ngengeti durakane lan arep ngukum dosane.” 11 Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja ndedonga amrih becike bangsa iki 12 Sanadyan padha puwasa Ingsun ora bakal miyarsakake; sanadyan padha ngaturake kurban obaran lan kurban dhaharan, Ingsun ora bakal karenan marang bangsa iki, nanging Ingsun bakal numpes bangsa iki kalawan pedhang, pailan lan pageblug.” 13 Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah Para nabi rak sampun nyariyosi dhateng tiyang-tiyang punika: Sira ora bakal padha ngalami perang lan ora bakal katempuh ing pailan, nanging sira bakal Sunparingi tentrem rahayu, kang santosa ana ing kene” 14 Paring wangsulane Sang Yehuwah marang aku: “Para nabi iku padha meca goroh atas asmaningSun Ingsun ora ngutus lan paring dhawuh sarta ora paring pangandika marang para wong iku. Wong iku padha nglairake wangsit goroh, pamecane kang kothong lan akal culikaning atine dhewe. 15 Mulane pangandikane Sang Yehuwah tumrap para nabi kang padha meca demi asmaningSun, -- mangka Ingsun ora ngutus wong-wong iku, lan kang kandha: Ing kene ora bakal ketekan perang lan pailan -- : Para nabi iku dhewe kang bakal tumpes dening perang lan pailan 16 Lan bangsa kang padha diwecani iku bakal padha mati gelangsaran ana ing lurung-lurunge Yerusalem marga saka perang lan pailan, lan ora ana wong kang bakal mendhem wong-wong iku: iya wong-wong iku dhewe, bojone sarta anak-anake lanang lan wadon. Kaya mangkono anggoningSun bakal nempuhake pialane marang wong-wong iku.” 17 Kandhakna tembung iki marang wong-wong iku: “Luhku crocosan rina-wengi tanpa kendhat, awit kenya, putrining bangsaku, kataton banget, tatune ora bisa ditambani babar pisan. 18 Manawa aku metu menyang ing ara-ara ing kana ana wong kang padha mati, marga diprajaya ing pedhang Manawa aku lumebu ing kutha ing kana ana wong kang padha lara kaliren Dalah nabi lan imam padha nglambrang ana ing nagara kang ora disumurupi.” 19 Yehuda punapa Paduka tampik babar pisan? Panggalih Paduka punapa jeleh dhateng Sion? Punapaa dene kawula sami Paduka gebagi ngantos boten saged mantun babar pisan? Kawula sami ngajeng-ajeng tentrem rahayu, nanging boten wonten punapa-punapa ingkang sae, ngantos-antos kasarasan, nanging ingkang wonten namung pagiris. 20 Dhuh Sang Yehuwah, kawula sami ngrumaosi kadursilan kawula lan durakanipun leluhur kawula; sayektos, kawula damel dosa dhumateng Paduka. 21 Paduka mugi sampun nampik kawula sadaya, amargi saking asma Paduka, sampun ngantos nyepelekaken kaluhuranipun dhampar Paduka. Mugi ngengetana dhateng prasetyan Paduka kaliyan kawula sadaya, sampun Paduka batalaken 22 Saking panunggilanipun para dewaning para bangsa, ingkang tanpa gina punika, punapa wonten ingkang saged ndhawahaken jawah? Punapa langit piyambak saged nyukani jawah deres? Rak namung Paduka piyambak, dhuh Sang Yehuwah, Allah kawula, Andel-andel kawula ingkang nindakaken prakawis punika sadaya? 15 1 Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga 2 Lan saupama padha takon marang sira: Kula sami kadhawuhan kesah dhateng pundi? wangsulana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sing marang pati, maranga ing pati Sing marang pedhang, maranga ing pedhang Sing marang pailan, maranga ing pailan Sing menyang tawanan, menyanga ing tawanan 3 Ingsun bakal ndhatengake paukuman patang warna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --: pedhang kang memateni, asu-asu kang ngeret-eret, manuk-manuk ing awang-awang lan kewan-kewan ing bumi, kang padha mangsa lan ngrusak. 4 Kanthi patrap mangkono wong iku bakal padha Sundamel pangewan-ewan tumrap sakehing karajan ing donya, jalaran saka panggawene Manasye bin Hizkia, ratu Yehuda, ing Yerusalem.” Pagiris kang tuwuh marga dening peperangan 15:5-9 5 “He Yerusalem, sapa kang bakal duwe welas marang sira, lan sapa kang bakal bela sungkawa marang sira? Sapa kang bakal ngampiri nakokake mungguh ing kaslametanira? 6 Sira dhewe wus nampik Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, sarta wus lunga nyingkur Ingsun. Mulane Ingsun ngayatake astaningSun lan numpes sira; Ingsun wus kesel anggoningSun ngraosake piduwung. 7 Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampah ana ing kutha-kuthaning nagara. Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes, amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe. 8 Randha-randhane wus Sundadekake akeh ngluwihi cacahe wedhining sagara. Ingsun ndhatengake juru pangrusak tumrap para biyung lan nom-nomane ing wayah awan. Kanthi dadakan Sundhawahi pagiris lan horeg. 9 Wong wadon kang wus manak kaping pitu katon nglayung, napase sesek, tumrap dheweke srengenge wus surup sanadyan ing wayah awan, sarta nandhang wirang isin. Kekarene bakal Sunulungake marang pedhang ana ing ngareping mungsuhe. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Tarunge Nabi Yeremia 15:10-21 10 Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula, tiyang ingkang dados wijining paben lan garejegan tumrap tiyang sanagari. Kula sanes tiyang ingkang nyambutaken utawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena, nanging sadaya sami nyupaosi kula. 11 Saestu, dhuh Sang Yehuwah, kawula sampun ngladosi Paduka kalayan tumemen sanget, lan sampun mbelani mengsah wonten ing ngarsa Paduka ing wekdal nandhang bilai lan karupekan 12 Apa wong bisa mutung wesi, wesi saka ing tanah lor lan tembaga? 13 “Kasugihan lan rajabrananira bakal Sunulungake dadi rayahan, minangka ganjaran tumrap sakehing dosanira ana ing saindenging tlatahira. 14 Sira bakal Sundadekake kawulane mungsuhira, ana ing nagara kang ora sira sumurupi, amarga bebenduningSun wus metokake geni, kang mulad-mulad ngenani sira.” 15 Dhuh Sang Yehuwah, Paduka sampun nguningani bab punika, mugi ngengetana lan nggaliha dhumateng kawula; Paduka mugi karsaa malesaken kawula tumrap tiyang ingkang sami mbujeng kawula. Sampun ngantos Paduka kendelaken kawula dipun pendhet, amargi agenging kasabaran Paduka, mugi Paduka uningani, bilih anggen kawula cinampahan punika margi saking Paduka. 16 Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka, lajeng kawula raosaken nikmatipun; pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula saha nyenengaken manah kawula, amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados. 17 Kawula boten nate jejagongan tumut seneng-seneng kaliyan para tiyang ingkang sami gegujengan, amargi kawula kapetel dening asta Paduka, kawula lajeng linggih piyambakan awit Paduka sampun ngebaki nepsu manah kawula. 18 Punapaa dene reribed kawula boten telas-telas lan tatu kawula awrat sanget, ngantos angel dipun jampeni? Saestu Paduka punika dados lepen ingkang ngapirani, toyanipun boten kenging dipun jagekaken. 19 Mulane paring wangsulane Sang Yehuwah mangkene: “Manawa sira gelem mratobat, Ingsun bakal mbalekake sira ngadhep ana ing ngarsaningSun maneh, lan manawa sira ngucapake apa kang aji sarta ora asor, sira bakal dadi lesaningSun. Sanadyan wong iku padha bali marani sira, nanging sira ora prelu bali marang wong iku. 20 Ingsun bakal ndadekake sira dadi balowarti tembaga kang santosa tumrap bangsa iki; wong iku bakal padha merangi sira, nanging ora bisa menang, amarga Ingsun nganthi sira, sira Sunslametake lan Sunluwari. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 21 Ingsun bakal ngluwari sira saka tangane wong duraka, lan ngrebat sira saka ing cengkeremane para wong kang ambeksiya.” Paukumane Gusti Allah marang bangsa iku 16:1-21 16 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2 “Sira aja ngepek bojo lan aja duwe anak lanang utawa wadon ana ing panggonan kene. 3 Amarga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah tumrap anak lanang lan wadon kang lair ana ing panggonan kene, lan tumrap biyung-biyunge kang nglairake bocah-bocah iku lan bapak-bapakne kang nganakake bocah-bocah iku ana ing nagara kene --: 4 Wong iku bakal padha mati, amarga lelara-lelara kang marakake mati, ora bakal padha dilayad lan ora bakal dikubur, bakal padha dadi rabuk ana ing pategalan, bakal padha tumpes dening pedhang lan pailan, mayite bakal padha dadi pakaning manuk-manuk ing awang-awang lan sato kewan ing bumi. 5 Dene, mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Aja lumebu ing omahe wong kang kasripahan, lan aja urun tangis sarta belasungkawa, amarga Ingsun wus mundhut tentrem rahayune bangsa iki, kang wus Sunparingake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -, lan uga sih kadarman lan sih-piwelasingSun. 6 Para wong gedhe lan wong cilik ing tanah kene bakal padha mati; ora dikubur, ora ana kang nglayad utawa kang mbeleki kulite lan kang nggundhuli sirahe, marga saka kang mati mau, 7 uga ora ana kang nyuwil-nyuwil roti palayadan kagawe nglipur wong kang kepaten. Malah ora ana kang ngulungi tuwung panglipur marang dheweke, marga kepaten bapa utawa biyunge. 8 Aja lumebu ing omahe wong ropyan-ropyan sumedya njagongi, melu mangan lan ngombe karo wong iku. 9 Awit Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, ngandika mangkene: “Lah ana ing panggonan kene, ana ngareping mripatira lan ing jamanira, Ingsun bakal ngandhegake sabawaning wong bungah-bungah lan suka-parisuka, apadene sabawaning penganten lanang lan wadon. 10 Samangsa sira ndhawuhake iki mau kabeh marang bangsa iki lan banjur padha takon marang sira mangkene: Punapa sababipun dene Sang Yehuwah kok ndhawuhaken bilai ingkang ageng punika tumrap kula sadaya? Punapa kalepatan kula lan dosa punapa ingkang kula lampahi wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kula?, 11 ing kono padha sira dhawuhana mangkene: Amarga para leluhurira wus padha nyingkur Ingsun, lan wus padha ngetutwuri allah liyane klawan ngibadah lan sujud nyembah marang iku, wus padha nyingkur marang Ingsun lan ora netepi angger-anggeringSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 12 Lan sira dhewe wus padha nglakoni kang alane ngluwihi leluhurira Lah sira wus nuruti tekade atinira kang ala, sarta ora ngrungokake dhawuhingSun. 13 Mulane Ingsun bakal mbuwang sira saka ing nagara iki menyang ing nagara, kang ora sira sumurupi lan iya durung disumurupi leluhurira. Ana ing kana sira bakal ngabekti marang allah liyane rina-wengi, amarga Ingsun ora bakal paring sih-piwelas marang sira maneh. 14 Mulane lah bakal tumeka ing wektune wus ora ana tembung mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, 15 nanging kasalinan: Demi Sang Yehuwah agesang, kang nganthi bangsa Israel metu saka ing tanah lor lan saka ing sakehing nagara, ing ngendi tibane anggone Sang Yehuwah mbuyarake, marga bakal Sunulihake menyang ing tanah, kang Sunparingake marang para leluhure. 16 Lah Ingsun bakal nimbali juru amek iwak akeh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kang bakal nyekeli wong iku. Sawuse iku Ingsun ndhawuhi grema akeh kang mbujung wong iku saka ing sakehe gunung-gunung lan tengger-tengger sarta saka ing lowah-lowahing parang. 17 Amarga Ingsun wus nguningani polah-tingkahe kabeh; iku kabeh Ingsun ora kesamaran lan dosane ora kaling-kalingan ana ing paningalingSun. 18 Mulane kaluputan lan dosane bakal Sunukum tikel loro, amarga padha njemberake nagaraningSun klawan bangke-bangkening para dewa, kang ngregedi lan ngebaki tanahingSun klawan pokale kang rusuh.” 19 Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani. 20 Punapa manungsa saged damel allah kangge badanipun piyambak? Ingkang kados makaten punika rak sanes allah” 21 “Mulane kawruhana, Ingsun bakal paring sumurup marang para wong iku, sapisan iki Ingsun bakal paring sumurup bab panguwaos lan kasantosaningSun marang para wong iku, supaya padha ngretia, yen asmaningSun Sang Yehuwah.” Perange batin Nabi Yeremia marga bangsa kang nglakoni dosa 17:1-18 17 1 “Dosane Yehuda iku wus tinulisan kalawan pen wesi, kang lancipe inten, ingukir ana ing papaning atine lan ana ing sungu-sunguning misbyahe 2 minangka pepeling tumrap para wong iku -- Misbyah-misbyahe lan sesakaning brahalane pancen ana ing sandhinging wit kang nggrembel, ana ing tengger kang dhuwur, 3 yaiku ing pagunungan ing ara-ara. -- Kasugihan lan sakehing raja-brananira bakal Sunparingake dadi rayahan minangka piwales tumrap ing dosanira ana ing saindenging tlatahira. 4 Sira bakal kelangan tanah-pusakanira kang wus Sunparingake marang sira lan Ingsun bakal ndadekake sira dadi bature mungsuhira ana ing nagara kang durung sira sumurupi, amarga ing sajroning bebenduningSun genine wus murub kang bakal mulad-mulad ing salawase.” 5 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Kenaa ing ipat-ipat wong kang ngandelake marang manungsa lan karosane dhewe, sarta kang atine ngadoh saka Sang Yehuwah 6 Dheweke bakal kaya rerungkudan brindhil ing ara-ara samun, ora bakal ngrasakake tekaning kaanan kang becik; bakal manggon ing tanah garing ing pasamunan, ing tanah asin kang suwung. 7 Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah, lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah 8 Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu, kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali, lan kang ora ngalami tekane panas sumelet, godhonge ajeg ijo, ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh. 9 Ati iku culika banget, luwih culika katimbang apa bae, atine wis kaya watu: sapa kang bisa nyumurupi kaanane? 10 Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.” 11 Kayadene ayam-alas kang ngengremi dudu endhoge, mangkono kaanane wong kang ngeruk bandha, kanthi patrap kang ora kalal; nalika nedheng-nedhenge umure, bakal koncatan sakabehe, temah ing wekasaning umure kesuwur dadi wong gemblung. 12 Dhuh Dhamparing kamulyan, ingkang luhur wiwit kina-makina, Padaleman Suci kita 13 Dhuh Sang Yehuwah, Pangajapipun Israel, sadaya tiyang ingkang nyingkur Paduka temtu kawirangan. Para tiyang ingkang sami nyimpang saking Paduka, badhe kasirnakaken saking nagari, amargi sami nilar tuking toya gesang, inggih punika Sang Yehuwah. 14 Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken, temah kawula badhe saras; kawula mugi Paduka wilujengaken, temah kawula badhe wilujeng, amargi Paduka punika pepujan kawula 15 Lah, tiyang punika sami wicanten dhumateng kawula: “Ana ing ngendi pangandikane Sang Yehuwah iku? Cikbene saiki teka” 16 Ewasamanten kawula boten nate ngajap dhumateng Paduka supados ndhatengaken bilai, kawula boten ngajeng-ajeng dhatengipun dinten karibedan; inggih Paduka punika ingkang nguningani punapa ingkang medal saking lambe kawula, sadaya kabeber wonten ing ngarsa Paduka. 17 Paduka sampun ngantos dados pagiris tumrap kawula, Paduka punika dados pangauban kawula ing dinten bilai. 18 Para tiyang ingkang sami mbujeng kawula, kajengipun nandhang wirang, nanging kawula sampun ngantos kawirangan; kajengipun sami giris, nanging kawula sampun ngantos giris. Dintening bilai nempuha dhateng para tiyang punika, saha sami Paduka sirnakna ngantos tikel. Dina Sabat kudu disucekake 17:19-27 19 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Sira lungaa lan ngadega ana ing Gapura Anak Rakyat, kang diliwati mlebu metu dening raja-raja ing Yehuda, apadene ing sakehing gapura ing Yerusalem. 20 Wong-wong iku padha sira dhawuhana mangkene: Dhuh para raja Yehuda, sakathahing tiyang Yehuda lan sakathahing tiyang Yerusalem ingkang mlebet medal langkung ing gapura punika Sami mirengna pangandikanipun Sang Yehuwah 21 Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira padha diprayitna demi nyawanira Aja memikul ing dina Sabat lan nggegawa iku ngliwati gapura-gapurane Yerusalem 22 Aja nggawa barang metu saka ing omahira ing dina Sabat lan aja nglakoni pagawean apa bae, nanging dina Sabat iku sira sucekna kaya kang wus Sundhawuhake marang leluhurira. 23 Ewadene para leluhurira padha ora ngrungokake, lan ora nggatekake, nanging padha nekad mbeguguk, temah ora ngrungokake lan ora gelem nampani pepeling. 24 Samangsa sira ngrungokake dhawuhingSun kalawan temen-temen, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --, lan ora nggawa mlebu samubarang liwat gapura-gapuraning kutha iki ing dina Sabat, nanging nucekake dina Sabat lan ora nglakoni pagawean ing dina iku, 25 gapura-gapura iku bakal kaliwatan para raja lan para panggedhe, kang bakal lungguh ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan jaran: para ratu iku, para panggedhene, para wong Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem. Sarta kutha iki bakal dienggoni ing wong ing salawase. 26 Para wong saka ing kutha-kuthane Yehuda lan saka ing panggonan-panggonan ing sakubenge Yerusalem, saka tanahe Benyamin, lan saka Dhaerah Tengger, saka ing pagunungan sarta saka ing Tanah Negeb, kanthi nggawa kurban obaran, kurban sembelehan, kurban dhaharan lan menyan, ngaturake kurban pamuji sokur menyang ing padalemane Sang Yehuwah. 27 Balik samangsa sira padha ora ngrungokake dhawuhingSun lan ora nucekake dina Sabat lan memikul samubarang mlebu ngliwati gapurane Yerusalem ing dina Sabat, ana ing gapura-gapura kono Ingsun bakal ngurubake geni, kang bakal mangsa puri-puri Yerusalem nganti tapis, lan kang ora bisa sinirep.” Piwulang kang kamot ing pagaweane kundhi 18:1-17 18 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene: 2 “Enggal lungaa menyang omahe kundhi Ana ing kana sira bakal Sunwedhari pangandikaningSun marang sira.” 3 Aku banjur mangkat menyang omahe kundhi lan kabeneran dheweke pinuju gawe grabah kalawan pirantine. 4 Samangsa grabah kang saka lempung kang ana ing tangane iku rusak, kundhi mau banjur mangun grabah iku maneh kadadekake grabah liyane, kang inganggep becik manut wawasane. 5 Nuli pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 6 “He turune Israel Apa Ingsun ora bisa tumindak tumrap sira kaya kundhi iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah kayadene lempung kang ana ing tangane si kundhi iku, mangkono uga sira ana ing astaningSun, he turune Israel 7 Terkadhang ana dhawuhingSun tumrap ing sawijining bangsa utawa karajan, manawa Ingsun karsa mbedhol, mbubrah lan mbengkas iku. 8 Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhake kaya mangkono mau mratobat saka ing pialane, Ingsun temah dadi keduwung, dene Ingsun kok bakal ndhawahake bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku. 9 Terkadhang Ingsun ngandika bab sawijining bangsa utawa nagara, menawa Ingsun karsa mbangun lan nanem iku. 10 Nanging manawa bangsa iku nglakoni apa kang ala ana ing ngarsaningSun lan ora ngrungokake marang dhawuhingSun, Ingsun dadine keduwung dene Ingsun bakal ndhatengake kauntungan kang Sunjanjekake marang bangsa iku. 11 Mulane sira ndhawuhana marang bangsa Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun iki lagi nyepakake bilai tumrap sira lan nggalih pangrantam nglawan marang sira. Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira 12 Ewadene celathune wong-wong iku: Ora ana gunane Amarga aku arep padha tumindak manut rancanganku dhewe lan arep nuruti tekading atiku dhewe-dhewe kang ala.” 13 Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Coba takokna ana ing antarane para bangsa: sapa kang tau krungu prakara kang kaya mangkene iki? Prawan ing Israel wus nglakoni prakara-prakara kang nistha banget 14 Apa bisa kelakon salju putih arep ngalih saka ing gunung parang Siryon? Mokal yen banyu ing gunung bakal asat, banyu kang seger lan mili 15 Nanging umatingSun wus lali marang Ingsun, padha ngobong kurban kanggo para dewa kang tanpa guna, padha tiba kesandhung ana ing dalane dhewe-dhewe, yaiku dalan-dalane ing kuna-makuna, lan menggok ing dalan simpangan, yaiku dalan kang ora diwarata. 16 Padha gawe nagarane dadi nistha lan dadi cacadan ing salawase. Saben wong kang liwat padha eneg lan gedheg-gedheg. 17 Ingsun bakal mbuyarake bangsa iki ana ing ngarepe mungsuhe kaya angin saka ing wetan. PengkeraningSun lan dudu wadananingSun kang Sunkatingalake marang wong-wong iku ing dina tibaning bilaine.” Pandongane Nabi Yeremia nyuwun piwales tumrap mungsuhe 18:18-23 18 Celathune para wong iku: “Payo padha nganakake sekuthon nglawan Yeremia, amarga imam iku ora bakal kentekan piwulang, wong wicaksana ora bakal kentekan pitutur lan nabi ora bakal kentekan pangandikane. Payo kita ngantem dheweke kalawan basane dhewe, lan nggatekake marang sadhengah tembunge” 19 Dhuh Sang Yehuwah, mugi karsaa nggatosaken kawula saha midhangetna pasambat kawula 20 Kasaenan punapa badhe kawales piawon? Ewadene sami ndhudhuk luwangan kangge kawula Paduka mugi ngengetana, bilih kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka, saha nyuwunaken punapa ingkang sae tumrap para tiyang punika, supados kauwalna saking bebendu Paduka. 21 Mila anak-anakipun mugi sami Paduka pasrahaken dhateng paceklik, saha para tiyang punika mugi Paduka ulungaken dhateng ing landheping pedhang Ingkang estri kajengipun sami kecalan anak saha semah Ingkang jaler kajengipun sami pejah dening pageblug sarta para nem-nemanipun sami pejah dening pedhang wonten ing paprangan. 22 Kajengipun kepireng panjerit saking ing griyanipun samangsa Paduka dadakan ndhatengaken grombolan rampog, amargi sami ndhudhuk luwangan kangge nyepeng kawula, lan sampun masang kalajiret kangge suku kawula. 23 Wondene Paduka, dhuh Sang Yehuwah, Paduka nguningani, sadaya rancanganipun anggenipun badhe mejahi kawula. Sampun Paduka apunten kalepatanipun, lan sampun Paduka ruwat dosanipun saking ngarsa Paduka: Nanging mugi sami kesandhunga wonten ing ngarsa Paduka. Mugi karsaa tumindak ing dinten bebendu Paduka Piwulang kang kamot ing guci kang pecah 19:1-15 19 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Sira lungaa tuku guci lempung, banjur ngajaka para tetuwaning umat lan para imam kang tuwa dhewe, 2 nuli mangkata menyang ing Lebak Ben-Hinom, kang ana ing ngarepe gapura Beling Ana ing kana sira warak-warakna tembung-tembung kang bakal Sunlairake marang sira 3 Kandhakna mengkene: Dhuh, para ratu ing Yehuda lan para tiyang ing Yerusalem Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel: Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ing panggonan kene, nganti wong kang krungu bakal sumruweng kupinge 4 Amarga para wong iku wus nyingkur Ingsun, ngwenehi papan marang allah ngamanca lan wus ngobong dupa kanggo allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, apadene para leluhure lan para raja ing Yehuda. Panggonan iki kebak getihe wong kang ora duwe kaluputan. 5 Para wong iku wus padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo Baal, kanggo ngobong anak-anake minangka kurban obaran marang Baal, sawijining prakara kang ora tau Sundhawuhake utawa Sunngandikakake apadene kang ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun. 6 Mulane lah bakal teka wektune -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- panggonan iki ora karan Tofet utawa Lebak Ben-Hinom maneh, nanging Lebak Panyembelehan. 7 Ingsun bakal murungake rancangane Yehuda lan Yerusalem ing panggonan iki, lan Ingsun bakal damel ambruke wong-wong iku dening pedhang ana ing ngarepe mungsuhe lan para wong kang padha ngarah nyawane. Ingsun bakal ngetogake bae mayite kamangsa ing manuk-manuk ing awang-awang lan sato kewan ing bumi. 8 Ingsun bakal damel kutha iki dadi pangewan-ewan lan cacadan. Sadhengah wong kang liwat ing kene bakal padha kaeraman lan ngeses marga saka sakehe wewelake. 9 Ingsun bakal damel para wong iku padha mangan daginge anak-anake lanang lan wadon, lan saben wong mangan daginge kancane ing sajrone nandhang kasusahan lan karibedan, jalaran saka mungsuh-mungsuhe tuwin para wong kang padha ngarah nyawane. 10 Sira nuli ngepruka guci iku ana ing ngarepe para wong kang padha melu sira. 11 Wong iku nuli padha sira dhawuhana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Ingsun bakal ngepruk bangsa lan kutha iki kayadene pangepruke kundhi marang grabahe, temah ora bisa didandani maneh. Tofet bakal dadi kuburan, amarga wus ora ana panggonan liyane maneh kanggo ngubur. 12 Kaya mangkono iku kang bakal Suntandukake marang panggonan lan isine kutha iki. -- Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah -- Ingsun bakal ndadekake kutha iki kaya Tofet. 13 Omah-omah ing Yerusalem lan omah-omahe para raja ing Yehuda iku bakal Sundadekake jember kaya Tofet, yaiku sakehe omah kang payone kanggo ngobong kurban marang sakehe balatantraning langit lan kanggo ngesokake sesajen omben-omben marang para allah liyane.” 14 Sakondure Nabi Yeremia saka Tofet anggone kautus dening Sang Yehuwah, supaya memeca, panjenengane banjur jumeneng ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah, lan ngandika marang wong akeh mangkene: 15 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhatengake ana ing kutha kene lan kutha-kutha ing sakiwatengene sakehing bilai kang wus Sungandikakake, yen bakal nempuh wong-wong iki, amarga padha nekad mbangkang lan ora ngrungokake marang pangandikaningSun.” Ipat-ipat marang Pasyhur jalaran ngunjara Nabi Yeremia 20:1-6 20 1 Pasyhur bin Imer, imam kang ing wektu iku dadi kepalane padalemane Sang Yehuwah, krungu Nabi Yeremia memeca mangkono. 2 Nabi Yeremia nuli disapu lan dibelok ana ing gapura Benyamin, kang ana ing dhuwure padalemane Sang Yehuwah. 3 Nanging esuke bareng Nabi Yeremia diluwari saka ing belokan, banjur ngandika marang Imam Pasyhur mangkene: “Sang Yehuwah bakal nyebut kowe dudu Pasyhur, nanging Pagiris saka ing ngendi-endi. 4 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndadekake sira dadi pagiris tumrap sira dhewe lan mitra-mitranira kabeh; mitra-mitranira bakal padha mati ambruk dening pedhanging mungsuh ana ing ngarepira dhewe. Apadene Yehuda kabeh bakal Sunulungake ing tangane ratu ing Babil, banjur padha diangkatake menyang ing pambuwangan ing tanah Babil lan dipateni kalawan pedhang. 5 Uga kasugihane kutha iki, oleh-olehaning rekasane kabeh, samubarang kang pangaji lan raja-branane para raja ing Yehuda bakal Sunulungake marang tanganing mungsuhe, kang njarah-rayah, nglumpukake lan mbandhang iku kabeh menyang Babil. 6 Dene mungguh sira dhewe, he Pasyhur dalah saisine omahira, sira bakal diangkat dadi tawanan, sira bakal teka ing Babil lan bakal mati ana ing kana sarta bakal dikubur ana ing kana; iya sira lan para mitranira kabeh kang padha kokwedhari pameca kang goroh.” Pasambate Nabi Yeremia jalaran pameteking kalenggahane 20:7-18 7 Dhuh Sang Yehuwah, Paduka ingkang ngarih-arih kawula lan kawula sampun purun kaarih-arih; Paduka punika rosa sanget tumrap kawula, Paduka nunten nelukaken kawula. Kawula dados gegujengan sadinten muput, sadayanipun sami moyoki kawula. 8 Amargi saben kawula wicanten, kapeksa mbengkok, kedah alok-alok: “Ambeksiya Paniksa” Amargi pangandikanipun Sang Yehuwah dados cacadan lan pamoyok tumraping kawula, sadinten muput. 9 Nanging samangsa kawula mosik: “Aku emoh ngelingi Panjenengane lan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane”, ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantar ingkang pinepetan wonten ing balung kawula, kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken, nanging boten kuwawi. 10 Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah: “Pagiris teka saka ing ngendi-endi Gugaten dheweke Aku padha arep nggugat dheweke” Kanca-kanca kenthel kawula piyambak sami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah: “Bokmanawa dheweke kena diglembuk, temah bisa kita kalahake, lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke” 11 Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawula kados sang prawira ingkang prakosa, pramila ingkang mbujeng kawula badhe kesandhung lan dhawah, lan boten saged nindakaken punapa-punapa. Sami badhe nandhang wirang sanget, amargi sami boten angsal damel; punika badhe dados kawirangan, ingkang salaminipun boten saged dipun supekaken 12 Dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados, ingkang ndadar tiyang ingkang leres, sarta nguningani batos lan manah, keparenga kawula nyipati pamales Paduka dhateng para tiyang punika, amargi prakawis punika sampun kawula pasrahaken dhumateng Paduka. 13 Ngidunga kagem Sang Yehuwah, ngaturna pamuji marang Sang Yehuwah Amarga Panjenengane wus ngluwari nyawane wong miskin saka ing tangane wong kang nandukake piala. 14 Kenaa ing ipat-ipat dina kalairanku Kareben aja diberkahi dina nalika ibuku nglairake aku 15 Kenaa ing ipat-ipat wong kang nggawa kabar marang bapakku, mangkene: “Panjenengan kaparingan putra kakung”, kang njalari panjenengane rena banget. 16 Dina iku dadia kaya kutha-kutha, kang wus kawalik dening Sang Yehuwah tanpa sih-palimirma Muga keprungua pasambat ing wayah esuk, lan swara gumeder ing wayah tengange 17 Amarga dina iku ora mateni aku, nalika aku ana ing kandhutan, temah ibuku dadi kuburanku lan mbobot ing salawase 18 Yagene aku kok lair saka ing kandhutan, nyawang kasusahan lan prihatin, temah dina-dinaning uripku liwat klawan wirang? Bab anggone Sang Prabu Zedhekia bakal kabucal didhawuhake 21:1-10 21 1 Pangandika kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, nalika Sang Prabu Zedhekia ngutus Imam Pasyhur bin Malkia lan Imam Zefanya bin Maaseya, kanthi wineling mangkene: 2 “Panjenengan mugi karsaa neges dhumateng Sang Yehuwah, amargi Sang Prabu Nebukadnezar, raja ing Babil nempuh perang Bokmanawi Sang Yehuwah karsa nindakaken tumrap kula sami kadosdene kaelokan ingkang sampun kalampahan, temah Sang Prabu Nebukadnezar wau mundur nilar kula.” 3 Pangandikane Nabi Yeremia marang para utusan mau: “Munjuka marang Sang Prabu Zedhekia mangkene: 4 Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel makaten: Lah Ingsun bakal malik gegamane perang kang sira cekel iku, lan sira anggo nanggulangi perange raja ing Babil lan para wong ing Kasdim, kang ngepung ing sajabaning balowarti: Ingsun bakal nglumpukake gegamane iku ana ing jero kutha iki. 5 Ingsun piyambak bakal perang nglawan marang sira kalawan ngayatake asta, lan bau kang rosa, klawan deduka, sarta bentering bebendu lan bramantya. 6 Ingsun bakal ndhawahake wewelak marang isine kutha iki, iya manungsa iya kewan, bakal padha mati dening pageblug kang ngebat-ebati. 7 Sawuse iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Zedhekia, raja ing Yehuda, para punggawane tuwin para wong isining kutha, kekarene kang isih urip, ora tinempuh ing pageblug, pedhang lan paceklik, iku kabeh bakal Sunulungake marang tangane Nebukadnezar, raja ing Babil, yaiku mungsuhe, kang ngarah nyawane, banjur padha dipateni kalawan landheping pedhang tanpa pangeman, piwelas lan pangapura. 8 Nanging para kawula ing kene padha sira warahana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah Ingsun nedahake marganing urip lan pati. 9 Sing sapa tetep manggon ana ing kutha kene, bakal mati dening pedhang, paceklik lan pageblug, nanging sing sapa metu saka ing kene lan teluk marang ing Kasdim, kang ngepung sira, iku bakal urip; nyawane bakal kanggo rayahan kanggo para wong iku. 10 Amarga Ingsun wus nglawan kutha iki sarana ndhatengake bilai, lan ora marakake kabegjane; -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Kutha iki bakal Sunulungake marang ing tangane raja ing Babil, kang bakal ngobong kutha iki nganti entek.” Pameca nglawan raja ing Yehuda 21:11--22:9 11 Katur dhumateng brayatipun Sang Nata ing Yehuda. Sami midhangetna pangandikanipun Sang Yehuwah: 12 “He para tedhak turune Dawud, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: Saben esuk nindakna putusan kang adil, lan kang direbut wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya, supaya mulad-mulading bebenduningSun aja nganti nyamber kaya geni, sarta makantar-kantar, ora ana kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala 13 Lah, Ingsun bakal dadi mungsuhira, he kutha kang ana ing lebak, gunung parang kang ana ing tanah ngare, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: He sira kang muni: “Sapa kang wani ngudhuni aku lan sapa kang bisa lumebu ing pasingidanku? 14 Ingsun bakal ndhawahake piwales marang sira, kang timbang karo wohing panggawenira, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- Ingsun bakal ngurubake geni ana ing alase, kang bakal mangsa samubarang ing sakiwa-tengene nganti entek.” 22 1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira mangkata menyang ing kadhatone Sang Nata ing Yehuda lan dhawuhna pangandika iki ana ing kono 2 Dhawuhna mangkene: He ratu Yehuda kang lungguh ing dhampare Dawud, sira, para punggawanira lan kawulanira kang lumebu liwat ing gapura-gapura kene 3 -- Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: Tumindaka kang adil lan bener; wong kang dirayah wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya; sira aja nandukake panganiaya marang wong neneka, bocah lola lan randha, apadene aja ngwutahake getihe wong kang resik ana ing kene 4 Amarga yen sira padha bisa nindakake iku kabeh kalawan temen-temen, bakal kelakon para raja, kang bakal lungguh ana ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan kaarak lumebu ing gapura-gapuraning kraton: para raja iku, para punggawane lan kawulane. 5 Nanging manawa sira ora ngrungokake pangandika iki, Ingsun wus supaos demi Ingsun piyambak, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- kraton iki bakal dadi jugrugan. 6 Amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah ing ngatasipun brayatipun Sang Nata ing Yehuda: Sira Sunanggep kaya Gilead, lan kaya pucake gunung Libanon Nanging Ingsun mesthi bakal ndadekake sira dadi ara-ara samun, dadi kutha kang suwung. 7 Ingsun bakal netepake juru pangrusak tumrap sira, kang padha nggawa gegamane dhewe-dhewe: Wong iku bakal padha negori wit eres kang dadi pepethinganira kang banjur dicemplungake ing geni. 8 Lan samangsa akeh wong kang liwat ing kutha kene, iku bakal padha rerasanan: Yagene Sang Yehuwah nandukake kang kaya mangkene marang kutha kang gedhe iki? 9 Wong bakal mangsuli: Amarga wus padha lali marang prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan wus sujud nyembah marang allah liyane lan ngabekti marang iku.” Pameca nglawan Sang Prabu Salum 22:10-12 10 Sira aja nangisi wong mati, lan aja belasungkawa marga saka wong iku. Luwih becik sira nangisana kang wus lunga, amarga iku ora bakal bali maneh, lan ora bakal ndeleng tanah kelairane maneh. 11 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Salum bin Yosia, raja ing Yehuda, kang wus jumeneng raja, nggentosi Sang Prabu Yosia, kang rama, lan kang wus nilar tanah iki: “Dheweke ora bakal bali mrene maneh; 12 nanging bakal mati ana ing tanah pambuwangan lan ora bakal ndeleng nagara iki maneh.” Pameca nglawan Sang Prabu Yoyakim 22:13-19 13 Bilai wong kang mbangun kratone adhedhasar kang ora adil, lan pandhapane gedhe adhedhasar pratingkah kang daksiya, lan kang magawekake pepadhane kanthi lelahanan sarta ora menehi pituwase, 14 kang celathu: “Aku arep ngedegake kraton, kang gedhe amba lan pandhapane kang jembar bawera” Temboking kraton banjur dietrapi cendhela- cendhela blabaging kraton kang kagawe kayu eres, sarta dicet abang. 15 Apa panganggepira sira iku raja, manawa padha rebut unggul bab migunakake kayu eres? Bapakira rak uga mangan lan ngombe, lan oleh kanikmatan? Nanging iku nindakake kaadilan lan kabeneran, 16 sarta mutusi prakarane wong sangsara lan wong miskin kalawan adil. Rak iku arane nganggep marang Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 17 Nanging mripat lan atinira mung ngarah marang kauntungan, ngwutahake getihe wong kang ora luput, sarta nindakake pameres lan panganiaya. 18 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, raja ing Yehuda: “Wong ora bakal nangisi dheweke: Adhuh lae kakangku Adhuh lae mbakyuku Wong ora bakal nangisi dheweke: Adhuh lae gusti Adhuh lae panjenengan dalem 19 Anggone kakubur patrape bakal kaya mendhem kuldi, dilarak lan dibuwang ing sajabaning gapurane Yerusalem.” Pameca nglawan Sang Prabu Khonya 22:20-30 20 Sira munggaha ing gunung Libanon lan nguwuh-uwuha Ulukna swaranira ana ing pagunungan Basan Nguwuh-uwuha saka ing pagunungan Abarim, amarga sakehe kang padha sira tresnani wus padha tumpes 21 Ingsun wus ngandika marang sira nalika sira santosa, nanging sira mangsuli: “Aku emoh ngrungokake” Kaya mangkono tindak-tandukira wiwit nalika nom-nomanira, amarga sira emoh ngrungokake dhawuhingSun 22 Sakehe wong kang ngengon sira bakal kabur dening prahara, lan para kang sira tresnani bakal diangkat dadi wong tawanan. Ing kono sira bakal nandhang wirang lan camah amarga saka sakehing pialanira. 23 He sira kang manggon ana ing gunung Libanon, lan nusuh ana ing wit-wit eres Saiba bakal pasambatira, samangsa sira nandhang lara, nandhang lara kang rasane kaya wong wadon kang lagi nglarani. 24 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Demi Ingsun agesang, malah sanadyan Khonya bin Yoyakim, raja ing Yehuda iku dadi sesupe cap ana ing astaningSun tengen, ewadene sira bakal Suncopot 25 Ingsun bakal masrahake sira marang tangane para wong kang padha ngarah nyawanira, marang tangane wong kang sira eringi, marang ing tangane Nebukadnezar, raja ing tanah Babil, sarta marang ing tangane wong Kasdim. 26 Ingsun bakal mbucal sira lan ibunira kang nglairake sira menyang ing nagara liya kang dudu tanah kalairanira; sira bakal mati ana ing kana. 27 Nanging wong iku ora bakal padha mulih menyang ing nagara kang diengen-engen supaya bisa bali mrana” 28 Khonya iku rak barang kang remeh kang bakal diremuk dening wong, utawa grabah kang ora disenengi ing wong? Yagene dheweke kok dibanting lan dibuwang, menyang ing nagara, kang ora disumurupi? 29 He nagara, nagara, nagara Rungokna pangandikane Sang Yehuwah. 30 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Wong iku catheten ora duwe anak, wong lanang kang ora tau oleh begja ing sajroning uripe, marga turune ora ana siji-sijia kang bisa nglungguhi dhampare Dawud lan nyekel paprentahan ing Yehuda maneh” Prasetya bab Trubusane Sang Prabu Dawud kang adil 23:1-8 23 1 “Bilai para pangon kang ngetogake bae wedhus-wedhus ngonngonaningSun padha ilang lan buyar” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 2 Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang para pangon kang ngengon bangsaku, mangkene: “Sira wus ngetogake bae wedhus-wedhusingSun buyar lan pating slebar, ora sira reksa. Mulane wruhanira, Ingsun bakal males marang sakehing panggawenira kang ala, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 3 Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh. 4 Ingsun bakal milih pangon-pangon kang bakal ngengon wedhus-wedhus iku, temah ora padha wedi maneh, ora kaget, sarta ora ana siji-sijia kang ketriwal. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 5 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara. 6 Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita. 7 Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah --, lah bakal tumeka ing wektune wong ora muni mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake Israel saka ing tanah Mesir, 8 nanging mangkene: Demi Sang Yehuwah agesang kang ngirid lan ngulihake tedhak turune Israel metu saka ing tanah lor lan saka sakehing nagara, anggone Panjenengane mbuyarake wong-wong iku, sarta iku banjur bakal padha manggon ana ing tanahe dhewe.” Nglawan para nabi palsu 23:9-40 9 Bab para nabi. Atiku remuk sajroning dhadhaku. Sakehing balungku gograg. Kaananku kaya wong mendem, kaya wong lanang kang keladuk anggone ngombe anggur, awit saka Sang Yehuwah lan pangandikane kang suci. 10 Nagara wus kebak wong laku jina; sanyata marga saka ipat-ipat iki nagara iki dadi garing, lan suket-suket ing ara-ara padha alum; kang diburu mung piala, lan karosane iku anggone padha ora adil. 11 “Sanyata, nabia, imama padha dursila; ana ing padalemaningSun Ingsun uga nrenjuhi pialane. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 12 Mulane dalan kang diambah para wong iku bakal kaya dalan kang lunyu; ana ing petengan bakal padha kesandhung lan tiba ana ing kono, amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai tumrap para wong iku ing sajroning taun nalika padha kaukum. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 13 Ing kalangane para nabi ing Samaria, Ingsun nguningani ana kang ora patut, padha meca demi Baal lan padha nasarake umatingSun Israel. 14 Nanging ing kalangane para nabi ing Yerusalem Ingsun nguningani pokal kang rusuh, padha laku jina lan tumindak ora jujur, padha mangkotake atine wong kang nindakake piala, temah ora ana wong kang mratobat saka kadursilane. Kabeh wus padha dadi kaya Sodom tumrap Ingsun, sarta para kang manggon ing kono kaya Gomora.” 15 Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, tumrap para nabi iku mangkene: “Lah, Ingsun bakal maringi pangan butrawali lan omben-omben racun marang wong-wong iku, awit marga saka para nabi ing Yerusalem iku, kadursilan wis ngembrah ana ing saindenging nagara.” 16 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: “Aja ngrungokake tembunge para nabi kang memeca marang sira Wong-wong iku mung aweh pangarep-arep kang kothong marang sira, lan mung medharake wangsit akal-akalane dhewe, kang tekane ora saka lesane Sang Yehuwah. 17 Wong iku padha kandha marang wong kang padha nyampahi sabdane Sang Yehuwah: Kowe bakal padha slamet lan marang sadhengah wong kang mbeguguk nuruti tekading atine, kandhane mangkene: Kowe ora bakal nemu bilai” 18 Awitdene sapa ta kang nekseni pirembagane Sang Yehuwah, temah bisa nggatekake lan krungu pangandikane? Sapa kang nggatekake lan ngrungokake iku? 19 Mara delengen, praharaning Sang Yehuwah, yaiku bentering bebendune, wus metu nyamber-nyamber, -- angin lesus -- lan tumiba nempuh sirahe para wong duraka. 20 Bebendune Sang Yehuwah ora bakal mendha, nganti Panjenengane wus nindakake lan mujudake apa kang wus rinancang ana ing panggalihe; ing dina-dina kang wekasan sira bakal mangreti prakara iku temenan 21 “Ingsun ora ngutus para nabi iku, ewadene padha mempeng, Ingsun ora paring pangandika marang para wong iku, ewadene padha memeca. 22 Saupama padha nunggoni anggoningSun pirembagan, mesthi padha nglairake pangandikaningSun marang para umatingSun, lan padha ngajak bali umatingSun saka ing tindak-tanduke kang ala tuwin panggawene kang dursila. 23 Ingsun rak dudu Allah kang mung ana ing cedhakan, nanging kang ana ing kadohan uga. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 24 Saupama ana wong kang umpetan ana ing pasingidan, apa Ingsun ora pirsa? -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Apa dudu Ingsun kang ngebeki langit lan bumi? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 25 Ingsun wus miyarsa apa kang dikandhakake para nabi, kang memeca goroh demi asmaningSun, sarana pangucape: Aku wis ngimpi, aku wis oleh impen 26 Nganti sapira suwene bab iku ana ing batine para nabi, kang doracara lan medharake saka pangothak-athike dhewe, 27 kang ngrantam supaya umatingSun padha lali marang Ingsun kalawan impen-impen, kang dikandhakake nabi siji marang sijine, padha kayadene para leluhurira, kang lali marang asmaningSun marga saka Baal? 28 Nabi kang oleh impen, kareben ngandhakake impene, lan kang tampa pangandikaningSun iya kareben ngabarake pangandikaningSun ing sabenere Apa ana gandheng-cenenge dami karo gandum? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 29 PangandikaningSun rak prasasat geni, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- lan kaya palu kang ngremuk gunung parang? 30 Mulane, lah Ingsun bakal nglawan para nabi kang padha nyolong pangandikaningSun saka kancane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 31 Satemene Ingsun bakal nglawan para nabi kang ngempakake ilate kanthi sawenang-wenang kanggo ngandharake pangandikaning Allah. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 32 Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; -- lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 33 Samangsa bangsa iki, nabia, imama, pitakon marang sira: Pangandika apa kang diemotake dening Sang Yehuwah? Nuli wangsulana mangkene: Iya kowe iku momotane Mulane sira bakal Sunbuwang saka ing nagaraningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 34 Dene nabi utawa imam utawa rakyat kang isih ngrembug bab Sabda kang diemotake dening Sang Yehuwah, Ingsun bakal ndhawahake piwales marang wong iku dalah kulawargane. 35 Kang kudu sira kandhakake, siji-sijine marang kancane utawa sadulure: Kapriye paring wangsulane Sang Yehuwah?, utawa: Apa pangandikane Sang Yehuwah? 36 Nanging Sabda kang diemotake dening Sang Yehuwah, aja kokkandhakake maneh, awit kang dadi momotane saben wong yaiku tembunge dhewe, amarga kowe wus padha ngowahi pangandikane Gusti Allah kang gesang, Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allah kita. 37 Sira kandhaa marang para nabi mangkene: Kapriye dhawuh wangsulane Sang Yehuwah marang kowe utawa: Apa pangandikane Sang Yehuwah? 38 Nanging manawa sira isih ngucapake bab Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah, pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sarehne sira isih ngandhakake isining Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah, sanadyan Ingsun ngutus wong marang sira supaya mratelakna: aja rembugan bab Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah, 39 mulane, lah Ingsun bakal nyepeng lan mbuwang sira saka ing ngarsaningSun, sira lan kuthanira kang wus Sunparingake marang sira lan leluhurira iku. 40 Ingsun bakal maringi cacadan lan kawirangan kang langgeng marang sira kang ora bakal kalalekake.” Wahyu bab kranjang loro isi woh anjir 24:1-10 24 1 Delengen, Sang Yehuwah nedahake kranjang loro isi woh anjir, ana ing ngarepe padalemane Sang Yehuwah. Kalakone prakara iku sawuse Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil ngangkut Sang Prabu Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda dalah para panggedhene Yehuda, para tukang lan pandhe saka ing Yerusalem, digawa menyang ing pambuwangan ing tanah Babil. 2 Kranjang kang siji isi woh anjir kang becik banget, empere kaya woh anjir kang mateng kawitan; kranjang sijine isi woh anjir kang elek banget, nganti ora kena dipangan marga saka eleke. 3 Aku banjur dipangandikani dening Sang Yehuwah: “He Yeremia, apa kang sira deleng?” Unjuk wangsulanku: “Kawula ningali woh anjir Ingkang sae punika sanget saenipun, saha woh anjir ingkang awon ingkang boten kenging katedha margi saking awonipun.” 4 Ing kono pangandikane Sang Yehuwah marang aku: 5 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Kayadene woh anjir kang becik iku iya kaya mangkono anggoningSun bakal nggalih marang wong Yehuda kang Sunbekta saka ing panggonan iki menyang ing tanah pambuwangan, tanahe para wong Kasdim murih becike. 6 Ingsun bakal mirsani para wong iku murih becike, lan Sunulihake menyang ing nagara kene maneh: bakal Sunbangun, ora Sunbubrah; Suntanem, ora Sunbedholi. 7 Bakal Sunparingi ati kang wanuh marang Ingsun, yaiku manawa Ingsun iku Yehuwah. Wong iku bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe, amarga bakal padha mratobat marang Ingsun kanthi gumolonging atine. 8 Nanging kayadene woh anjir kang elek kang marga saka eleke nganti ora kena dipangan iku -- pangandikane Sang Yehuwah mangkene: -- Iya kaya mangkono anggoningSun bakal tumindak ing ngatase Zedhekia, ratu ing Yehuda, dalah para panggedhene, sarta kekarene wong ing Yerusalem, kang isih ana ing nagara kene apadene para wong kang manggon ana ing nagara Mesir. 9 Ingsun bakal damel para wong iku dadi pangewan-ewan tumrap sakehing krajan ing bumi, dadi cacadan lan pocapan, dadi poyokan lan ipat-ipat ana ing sakehing panggonan, anggoningSun mbuyarake. 10 Sarta Ingsun bakal ndhatengake perang, pailan lan pageblug marang wong-wong iku, nganti padha kasirnakake babar pisan saka ing tanah peparingingSun marang wong-wong iku lan marang para leluhure.” Yehuda bakal dibuwang menyang ing tanah Babil lawase pitung puluh taun 25:1-14 25 1 Pangandika kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia bab sakehe wong Yehuda, nalika jumenenge Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda wus nyandhak patang taune, yaiku nalika ing taun kawitan jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil. 2 Pangandika mau kadhawuhake dening Nabi Yeremia marang sakehe wong ing Yehuda lan sakehe wong ing kutha Yerusalem, mangkene wirasane: 3 “Wiwit nalika jumenenge Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda wus nyandhak telulas taune tumeka ing dina iki, dadi wus oleh telulikur taun anggonku kadhawuhan pangandikane Sang Yehuwah iku, lan ora kendhat-kendhat anggonku mituturi marang kowe, nanging kowe ora gelem ngrungokake. 4 Mangkono maneh Sang Yehuwah tansah ngutus para abdine, yaiku para nabi, nanging kowe padha ora manut sarta ora nggatekake. 5 Pangandikane para nabi mau mangkene: Padha mratobata saka polah-tingkah lan pokal gawemu, kang ala; kowe bakal padha tetep manggon ana ing tanah kang diparingake dening Sang Yehuwah marang kowe lan para leluhurmu ing salawas-lawase. 6 Aja ngetut-buri marang allah liyane, aja kokbekteni lan koksujudi. Sira aja gawe gerahing panggalihingSun sarana gegaweane tanganira, supaya Ingsun aja nganti nekakake bilai marang sira. 7 Ewadene sira padha ora manut marang dhawuhingSun. -- Mangkono pangadikane Sang Yehuwah --, temah gawe gerahing panggalihingSun srana gegaweane tanganira, njalari bilainira dhewe. 8 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Sarehne sira ora ngrungokake pangandikaningSun, 9 lah Ingsun bakal nimbali sakehe para umat saka ing tanah lor -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan dhawuh marang Nebukadnezar, raja ing Babil, abdiningSun iku; Ingsun bakal nekakake para wong iku nglurugi nagara kene, wong-wonge kang padha manggon lan bangsa-bangsa ing sakubenge, kang bakal padha Suntumpes, Sundadekake pagiris, dadi lesaning panacad lan dadi ludhesan ing salawase. 10 Ingsun bakal nyingkirake swaraning kasenengan lan kabungahan, sabawaning penganten lanang lan wadon, kumrusuking gilingan lan padhanging damar. 11 Saindenging nagara iki banjur bakal dadi jugrugan lan bera sarta bangsa iki bakal ngawula marang raja ing Babil pitung puluh taun lawase. 12 Nuli sawuse genep pitung puluh taun, Ingsun bakal males raja ing Babil lan bangsa iku, apadene nagarane para wong Kasdim, sarana Sundadekake papan-papan kang cengkar ing salawase, marga saka kaluputane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 13 Ingsun bakal ndhawahake marang nagara iki, kabeh kang wus Sundhawuhake tumrap nagara iki, yaiku: kabeh kang tinulis ana ing kitab iki, kayadene kang wus kawecakake dening Yeremia ing ngatase bangsa iku kabeh. 14 Amarga wong iku uga bakal padha dadi kawulane bangsa akeh lan para raja kang agung, tuwin Ingsun bakal matrapi para wong iku kang laras karo polah-tingkahe lan panggawene.” Tuwung bebendune Sang Yehuwah tumrap para bangsa 25:15-38 15 Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang aku mangkene: “Tampanana tuwung kang isi anggur bentering bebenduningSun iki saka astaningSun, nuli ombekna marang sakehe para bangsa kang dadi tujuane anggoningSun ngutus sira, 16 supaya iku padha ngombea, nganti sempoyongan lan bingung marga saka pedhang, kang bakal Suntamakake ana ing satengahe. 17 Aku banjur nampani tuwung iku saka ing astane Sang Yehuwah, sarta ngombekake marang para bangsa kang dadi tujuane anggonku kautus dening Sang Yehuwah, 18 yaiku marang kutha Yerusalem lan kutha-kuthane Yehuda, dalah para raja lan panggedhene, supaya iki kabeh dadia jugrugan, padha garing lan dadi lesaning panacad sarta ipat-ipat, kayadene kang kelakon ing dina iki; 19 marang Pringon, ratu ing tanah Mesir dalah para punggawane, para panggedhene lan sakehe kawulane. 20 Mangkono uga marang bangsa campurane bangsa warna-warna, para ratu ing tanah Us; para raja ing tanah Filisti, yaiku ing Askelon, Gaza, Ekron lan para wong kekarene kang ana ing Asdod; 21 ing Edom, Moab lan bani Amon; 22 marang sakehe raja ing Tirus lan Sidon sarta para raja ing tanah pasisir ing sabrange segara, 23 marang Dedan, Tema, Bus lan sakehe wong kang cukur rambute ing pinggir mubeng, 24 marang sakehe raja ing tanah Arab, kang manggon ana ing ara-ara samun; 25 marang sakehe para raja ing Zimri, ing Elam lan ing Madhai; 26 marang sakehe raja saka ing tanah lor, kang cedhak lan kang adoh, baka siji, apadene marang sakehe karajan donya kang ana ing salumahing bumi, uga raja ing Sesakh bakal ngombe sawuse wong-wong mau. 27 Para wong mau nuli padha sira kandhanana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: Sira padha ngombea nganti mendem lan mutah-mutah. Padha ambruka, aja nganti tangi maneh Marga saka pedhang kang bakal Suntamakake ana ing tengahira 28 Nanging manawa padha ora gelem nampani tuwung iku saka ing tanganira supaya diombe, nuli sira kandhanana mangkene: Sabdane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi mangkene: Sira kudu ngombe 29 Amarga kutha kang sinebut manut asmaningSun iku, bakal wiwit Sundhawahi wewelak; apa sira bisa oncat saka paukuman? Sira padha ora bakal bisa oncat saka paukuman, amarga Ingsun wus ngagagake pedhang marang sakehing wong ing salumahing bumi. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --. 30 Sakehing pangandika iku sira wedharna marang para wong iku, sarta sira mratelakna mangkene: Sang Yehuwah bakal nggretak saka ing ngaluhur lan ngulukake swantene saka ing padalemane kang suci; Panjenengane bakal ngumbar suwanten marang pangenane, bakal mbengok kaya pambengoke para juru ngiles anggur, kang tumuju marang wong saisining bumi. 31 Gumuruhing perang bakal tumeka ing poncoting bumi, amarga Sang Yehuwah kagungan prakara karo para bangsa; Panjenengane karsa prakaran karo sakehing para titah; wong duraka bakal padha diulungake marang pedhang. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 32 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Lah, wewelak bakal tular-tumular saka bangsa siji marang bangsa sijine, prahara gedhe bakal ngamuk saka poncoting bumi. 33 Ing dina iku banjur bakal akeh wong mati glimpangan, kang pinejahan dening Sang Yehuwah, saka ing poncoting bumi tumeka ing poncoting bumi. Bakal padha ora ditangisi, ora dikukupi lan dipendhem, bakal padha dadi rabuk ing pategalan. 34 He para pangon, padha sesambata lan jerit-jerita He para pangiriding wedhus pepanthan, padha gulunga ana ing lebu Amarga wus tekan ing titi-mangsane anggonira bakal padha disembeleh lan sira bakal padha tiba kaya wedhus lanang pilihan. 35 Tumrap para pangon bakal ora ana pangluwaran meneh, lan tumrap pangiride pepanthaning wedhus-wedhus wus ora ana dalan bisane oncat. 36 Rungokna Para pangon padha sambat- sambat, para pangiriding pepanthaning wedhus- wedhus padha ngadhuh-adhuh Amarga Sang Yehuwah wus ngrisak pangonane. 37 Pangonane kang tentrem dadi sepi mamring, marga saka mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah. 38 Panjenengane wus nilar kaya singa kang ninggal grumbul pasingidane, amarga nagarane wus dadi tanah mluwa, jalaran saka pedhang kang nggegirisi lan bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.” Nabi Yeremia arep disedani, amarga meca rusake Padaleman Suci Nabi Uria ditibani paukuman pati 26:1-24 26 1 Nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Yoyakim putrane Sang Prabu Yosia, ratu ing Yehuda, ana pangandikane Sang Yehuwah, mangkene: 2 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira ngadega ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah, ana ing kono para wong ing sakehe kutha ing Yehuda, kang arep munggah sembahyang ana ing padalemane Sang Yehuwah, padha sira pratelanana sakehing pangandikaningSun marang sira, tumrap wong iku. Aja sira kurangi satembung bae 3 Bokmanawa padha gelem ngrungokake lan sawiji-wijine padha gelem ninggal panggawene kang ala, satemah Ingsun getun ing bab kasangsaran, kang Sunrancang tumrap wong-wong mau marga saka sakehing panggawene kang ala. 4 Dadine padha sira kandhanana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa sira padha ora ngrungokake marang Ingsun sarta ora miturut marang angger-anggeringSun, kang wus Sundhawuhake ana ing ngarepira, 5 lan ora gelem ngrungokake tembunge para abdiningSun, para nabi, kang tansah Sunutus marani sira, -- nanging sira lumuh ngrungokake -- 6 temah Ingsun bakal ndadekake omah iki kaya Silo, lan kutha iki dadi ipat-ipat tumrap sakehing bangsa ing salumahing bumi.” 7 Para imam, para nabi lan sakehe rakyat padha krungu anggone Nabi Yeremia ndhawuhake pangandika iku ana ing padalemane Sang Yehuwah. 8 Sawuse Nabi Yeremia rampung anggone nglantarake kabeh kang diprentahake dening Sang Yehuwah kang supaya didhawuhake marang rakyat kabeh iku, para imam, para nabi lan rakyat kabeh banjur padha nyekel Nabi Yeremia, kalawan pangucape: “Kowe kudu mati 9 Yagene kowe meca demi asmane Sang Yehuwah, kalawan kandhamu: Omah iki bakal padha kaya Silo lan kutha iki bakal dadi jugrugan, temah ora ana kang manggon ing kono maneh?” Lah rakyat kabeh nuli padha nglumpuk ngrubung Nabi Yeremia ana ing padalemane Sang Yehuwah. 10 Bareng para panggedhene Yehuda padha krungu prakara iku, banjur padha mangkat saka ing kraton menyang ing padalemane Sang Yehuwah sarta lenggah ana ing gapura anyar ing padalemane Sang Yehuwah. 11 Para imam lan para nabi nuli padha pratela marang para panggedhe lan rakyat kabeh, tembunge: “Tiyang punika kedah kapatrapan paukuman pejah, amargi meca bab kitha ngriki kados ingkang sami panjenengan piyarsakaken piyambak.” 12 Nanging Nabi Yeremia nuli ngandika marang para panggedhe lan rakyat kabeh: “Sang Yehuwah ingkang ngutus kula kadhawuhan meca bab padaleman lan kitha punika, supados ndumugekaken sadaya pangandika ingkang sami panjenengan piyarsakaken punika. 13 Milanipun sami kula aturi ngewahi tindak-tanduk tuwin pandamel panjenengan, saha sami midhangetna pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, temah Sang Yehuwah lajeng keduwung ing bab bilai ingkang dipun rancang tumrap panjenengan. 14 Nanging menggah kula, kula punika wonten ing asta panjenengan, inggih sumangga, kula kapatrapana, punapa ingkang panjenengan galih sae lan leres. 15 Namung kemawon mugi panjenengan uningani sayektos, bilih panjenengan mejahi kula punika, ateges panjenengan ngwutahaken rahipun tiyang ingkang resik, punika tumempuh dhateng panjenengan, saha dhateng kitha punika dalah ingkang manggen ing kitha punika, amargi Sang Yehuwah sayektos ngutus kula dhateng panjenengan ndumugekaken sadaya pangandika punika.” 16 Para panggedhe lan rakyat kabeh banjur pratela marang para imam lan para nabi: “Tiyang punika boten samesthinipun kapatrapan paukuman pejah, amargi piyambakipun wicanten dhateng kita atas asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.” 17 Para tetuwane nagara pancen ana sawatara kang padha maju lan ngandhani marang rakyat kang nglumpuk iku, tembunge: 18 “Nalika jamanipun Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda wonten tiyang, namanipun Mikha, tiyang Moresyet, ingkang sampun meca saha cariyos dhateng bangsa Yehuda sadaya, tembungipun: Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados makaten: Sion bakal diwluku kaya pategalan, lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununging Padaleman Suci bakal dadi gunung kang ana alase. 19 Punapa Sang Prabu Hizkia, raja ing Yehuda lan sakathahipun tiyang Yehuda lajeng mejahi piyambakipun? Piyambakipun rak ngabekti dhateng Sang Yehuwah, satemah nunten nyuwun sih-piwelasipun Sang Yehuwah, mugi Sang Yehuwah kaduwunga ing bab bilai ingkang kaancamaken dhateng para leluhur kita. Lah sapunika kita, punapa kita badhe ndhatengaken bilai ingkang ageng sanget punika dhateng badan kita piyambak?” 20 Ing kala semana uga ana sawijining wong maneh kang meca atas asmane Sang Yehuwha, yaiku Nabi Uria bin Semaya, saka ing Kiryat-Yearim. Panjenengane meca bab kutha lan nagara iki, padha kaya kang dipangandikakake Nabi Yeremia. 21 Nalika Sang Prabu Yoyakim, para prawira lan para panggedhe miyarsa tembunge nabi iku, Sang Prabu banjur ngangkah nyirnakake panjenengane. Bareng Nabi Uria mireng prakara iku, panggalihe miris, nuli ngungsi menyang ing tanah Mesir. 22 Wasana Sang Prabu Yoyakim utusan Elnatan bin Akhbor kinanthenan wong sawatara menyang tanah Mesir. 23 Nabi Uria digawa saka ing tanah Mesir lan diaturake marang ngarsane Sang Prabu Yoyakim. Sang Prabu tumuli dhawuh nyedani Nabi Uria kalawan pedhang, lan layone dibuwang ana ing pakuburaning rakyat lumrah. 24 Nanging Nabi Yeremia diayomi dening Ahikam bin Safan, temah ora diulungake marang ing tangane rakyat lan ora disedani. Kadhawuhan mikul pasangane Babil 27:1-22 27 1 Nalika ing wiwitane jumenenge Sang Prabu Zedhekia, putrane Sang Prabu Yosia, ratu ing Yehuda, ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia. 2 Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Sira gawea kendharat lan pasangan, padha etrapna ing gulunira. 3 Nuli ngirimna piweling marang raja ing Edom, raja ing Moab, rajaning bani Amon, raja ing Tirus lan raja ing Sidon, lumantar para utusan kang wus padha sowan Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda ana ing Yerusalem. 4 Dhawuhna marang para utusan mau supaya padha matur marang para gustine: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun kang sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel: Mangkene kang kudu sira aturake marang gustinira: 5 Ingsun iki kang nitahake bumi, manungsa lan kewan kang padha ana ing bumi, kalawan kakiyataningSun kang gedhe lan astaningSun kang Sunegarake sarta Ingsun maringake iku kabeh marang wong, kang Sunanggep sembada ana ing ngarsaningSun. 6 Lan saiki, Ingsun maringake sakehing nagara iki marang tangane abdiningSun Nebukadnezar, ratu ing Babil, dalah kewan ing ara-ara uga wus Sunparingake marang tangane supaya padha suyuda. 7 Sakehing bangsa bakal padha ngawula marang dheweke lan anak putune, nganti tumeka ing wektune uga tumrap nagarane dhewe, nuli akeh bangsa lan ratu agung kang bakal padha nelukake. 8 Nanging bangsa lan karajan kang ora gelem teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil lan lumuh mikul pasangane ana ing gulune, iku bakal Sunukum kalawan pedhang, pailan lan pageblug, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah -- temah padha Sunulungake babar pisan ing tangane. 9 Dene mungguh sira kabeh, sira aja padha nggugu marang para nabinira, juru tenungira, juru mbatang impenira, juru bethekira, lan juru sihirira, kang kandha marang sira: Kowe aja padha gelem teluk marang raja ing Babil 10 Amarga wong iku padha meca goroh marang sira, karepe ngedohake sira saka ing tanahira, temah sira padha Sunbuyarake lan nemu karusakan. 11 Nanging bangsa kang gelem kaetrapan pasangane Nebukadnezar ing gulune sarta kang teluk marang dheweke, iku bakal Suntegakake bae ana ing tanahe -- makaten Pangandikanipun Sang Yehuwah -- lan babal ngolah iku sarta manggon ing kono.” 12 Aku wus matur marang Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, uga kaya mangkono, aturku: “Panjenengan dalem mugi karsaa ngrembat pasanganipun Sang Prabu ing Babil, panjenengan dalem karsaa teluk dhateng panjenenganipun lan rakyatipun, temah panjenengan dalem temtu lestantun sugeng. 13 Punapaa dene panjenengan dalem dalah rakyat dalem kedah nemahi sirna dening pedhang, pailan saha pageblug, kados ingkang dipun ngandikakaken Sang Yehuwah tumrap bangsa ingkang boten purun teluk dhateng raja ing Babil punika? 14 Panjenengan dalem sampun miyarsakaken aturipun para nabi ingkang munjuk dhateng panjenengan dalem: Panjenengan dalem sampun ngantos karsa teluk dhateng Sang Prabu ing Babil Amargi pamecanipun dora wonten ing ngarsa panjenengan dalem. 15 Amarga Ingsun ora ngutus para wong iku, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah -- ananging padha meca goroh atas asmaningSun, temah sira padha Sunbuyarake lan nemu karusakan bareng karo para nabi kang padha meca marang sira iku.” 16 Marang para imam lan rakyat kabeh aku uga kandha, pangucapku: “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Aja padha nggugu marang para nabinira, kang meca marang sira. Lah piranti-pirantining padalemane Sang Yehuwah ora antara suwe bakal dibalekake saka tanah Babil. Amarga para wong iku padha meca goroh marang sira. 17 Sira aja padha nggugu marang para wong iku, padha teluka marang raja ing Babil, temah kowe bakal padha lestari urip. Yagene kutha iki kudu dadi jugrugan? 18 Manawa wong-wong iku pancen nabi, lan padha mundhi pangandikane Sang Yehuwah, mesthine rak padha nyuwun kanthi adreng marang Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, supaya piranti-piranti kang isih kari ana ing padalemane Sang Yehuwah, lan kang ana kratone Sang Nata ing Yehuda sarta kang ana ing Yerusalem, aja nganti diangkati menyang ing Babil. 19 Awit mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, bab saka-saka, wadhah “segaran” lan sanggan, kekarene piranti-piranti kang ana ing kutha kene, 20 kang ora dijupuki dening Prabu Nebukadnezar, raja ing Babil, nalika panjenengane mboyong Sang Prabu Yekhonya bin Yoyakim, ratu Yehuda dalah para panggedhene tanah Yehuda lan kutha Yerusalem, saka Yerusalem menyang ing Babil, 21 sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, bab piranti-piranti kang isih kari ana ing padalemane Sang Yehuwah, ing kratone ratu ing Yehuda lan ing Yerusalem: 22 Iku kabeh bakal diusungi menyang ing Babil lan bakal disimpen ana ing kana nganti tumeka ing titi-mangsane Ingsun nggalih marang iku maneh -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- sarta ngasta bali maneh menyang panggonan iki.” Nabi Yeremia nglawan Nabi Hananya 28:1-17 28 1 Ing sajroning taun iku uga, nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, panuju ing sasi kalima, ing taun kang kaping papate, Nabi Hananya bin Azur, kang asal saka ing Gibeon iku pratela marang aku ana ing padalemane Sang Yehuwah, ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh: 2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Ingsun wus mutung pasangane ratu ing Babil iku. 3 Ing sajroning rong taun iki Ingsun bakal ngulihake sakehing pirantining padalemane Sang Yehuwah, kang dijupuk dening Nebukadnezar, ratu ing Babil, saka ing panggonane lan diusungi menyang ing Babil. 4 Uga Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda tuwin sakehe wong buwangan saka ing Yehuda kang digawa menyang Babil, bakal Sunulihake menyang padunungane iki, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah, Ingsun bakal mutung pasangane ratu ing Babil iku” 5 Nabi Yeremia tumuli ngandika marang Nabi Hananya ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh, kang padha ngadeg ana ing padalemane Sang Yehuwah. 6 Pangandikane Nabi Yeremia: “Amin Muga-muga Sang Yehuwah tumindak mangkono Muga-muga Sang Yehuwah netepi kaya surasane kang kokwecakake iku mungguh baline piranti-piranti padalemane Sang Yehuwah lan sakehe wong buwangan iku saka ing tanah Babil. 7 Mung bae, kowe padha ngrungokna tembungku kang bakal daklairake ana ing ngarepmu lan ing ngarepe rakyat iki kabeh: 8 Para nabi kang ana sadurunge aku lan kowe, wiwit biyen mula wus padha nglairake pameca marang nagara akeh lan karajan gedhe-gedhe bab perang, bilai lan pageblug. 9 Nanging mungguh sawijining nabi kang meca bab tentrem rahayu, manawa pameca iku kayektenan, lagi disumurupi, yen nabi iku kautus dening Sang Yehuwah temenan.” 10 Nabi Hananya nuli njupuk pasangan iku saka ing janggane Nabi Yeremia, banjur diputung. 11 Nabi Hananya ngandika ana ing ngarepe rakyat kabeh: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Iya kaya mangkono anggoningSun bakal mutung pasangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, Sunbuwang saka ing gulune para bangsa sajroning rong taun iki” Nanging Nabi Yeremia nuli tindak saka kono. 12 Sawise Nabi Hananya mutung pasangan saka ing janggane Nabi Yeremia, ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene: 13 “Sira nemonana Hananya lan dhawuhana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira wus mutung pasangan kayu, nanging Ingsun bakal damel pasangan wesi minangka lirune. 14 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel: Pasangan wesi bakal Sunetrapake ana ing gulune sakehing bangsa iku, temah bangsa iku mau padha teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil; sanyata, para raja iku mesthi bakal teluk Dalah sato kewan ing ara-ara wus padha Sunparingake.” 15 Nabi Yeremia banjur ngandika marang Nabi Hananya: “He Hananya, mara rungokna Kowe ora diutus dening Sang Yehuwah, malah kowe ndadekake bangsa iki ngandel marang doracara, 16 mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sanyata, Ingsun bakal nyirnakake sira saka ing bumi; sajrone taun iki uga sira bakal mati, marga sira wus ngajak murtad saka ngarsane Sang Yehuwah.” 17 Nabi Hananya seda ing taun iku uga, ing nalika sasi kapitu. Layang kiriman marang para wong buwangan ing tanah Babil 29:1-23 29 1 Iki ijoane layang kang dikirimake dening Nabi Yeremia saka ing Yerusalem marang para sepuh-sepuh kang padha kabuwang, marang para imam, para nabi lan sakehing wong kang kabuwang dening Sang Prabu Nebukadnezar saka ing Yerusalem menyang ing Babil. 2 Iku kelakone sawise Sang Prabu Yekhonya dalah kang ibu Prameswari tedhak menyang ing sajabaning Yerusalem, kadherekake para abdi dalem kraton, para panggedhe Yehuda lan Yerusalem, apadene para tukang lan pandhe. 3 Layang iki dikirimake lumantar Elasa bin Safan lan Gemarya bin Hilkia, kang diutus dening Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, menyang Babil, menyang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil. Surasane: 4 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel, marang wong buwangan kabeh, kang diangkatake menyang ing pambuwangan saka Yerusalem menyang Babil. 5 Sira padha ngadegna omah lan sira enggonana, sira gawea pakebonan, kang kena sira pangan pametune. 6 Padha omah-omaha supaya duwea anak lanang lan wadon; anakira lanang padha rabekna, anakira wadon, omah-omahna, supaya padha duwe anak lanang lan wadon, supaya sira ana ing kana tangkar-tumangkara, lan aja nganti suda 7 Padha ngudia marang karaharjaning kutha, ing ngendi parane anggoningSun mbucal sira, sarta ndongakna kutha-kutha iku marang Sang Yehuwah, amarga tata-tentreming kutha iku uga dadi karaharjanira dhewe. 8 Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira aja gelem diapusi dening para nabinira, kang ana ing tengahira, apadene dening para juru petungira, lan aja nggugu marang impen, kang diimpekake 9 Amarga para wong iku padha meca dora marang sira atas asmaningSun. Ingsun ora ngutus para wong iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 10 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Samangsa wus ganep pitung puluh taun tumrap Babil, Ingsun lagi nggalih marang sira. Ingsun bakal nuhoni prasetyaningSun marang sira, ngulihake sira marang panggonan kene. 11 Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 12 Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku. 13 Samangsa sira ngupaya marang Ingsun, bakal ketemu lawan Ingsun; manawa sira nakokake marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, 14 Ingsun bakal marengake sira ketemu kalawan Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka ing antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira. 15 Pancen pangucapira: Sang Yehuwah wus ngangkat para nabi kanggo aku kabeh ana ing Babil. 16 Lah mangkene pangandikane Sang Yehuwah bab ratu kang lenggah ing dhampare Sang Prabu Dawud lan sakehing rakyat kang manggon ana ing kutha iki, yaiku para sadulurmu kang ora katut digawa metu menyang pambuwangan. 17 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Lah Ingsun bakal ngintunake pedhang, pailan lan pageblug ana ing tengahe lan Ingsun bakal ndadekake wong iku kaya woh anjir kang bosok, kang marga saka eleke nganti ora kena dipangan. 18 Ingsun bakal mbujeng wong-wong iku kalawan pedhang, pailan lan pageblug lan Sundadekake pagiris tumrap sakehing karajan ing bumi, dadi dununging ipat-ipat lan marganing miris, poyokan lan cecampahan ana ing antarane para bangsa kang dadi paraning anggoningSun mbuyarake wong-wong iku, 19 minangka paukuman tumrap anggone padha ora ngrungokake marang dhawuhingSun, -- mangkono pangandikane sang Yehuwah --, kang wus Sunparingake marang para wong iku tanpa kendhat lumantar para abdiningSun, yaiku para nabi, nanging sira ora padha ngrungokake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 20 Nanging padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, heh sira kabeh wong buwangan, kang wus Sunkintunake saka Yerusalem menyang ing tanah Babil 21 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mungguh Akhab bin Kolaya, lan Zedhekia bin Maaseya, wong kang padha meca dora marang sira atas asmaningSun: Lah Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, bakal padha dipateni ana ing ngarepira dhewe, 22 temah iku bakal didadekake ipat-ipat dening sakehe wong buwangan saka Yehuda kang padha ana ing Babil, mangkene ujare: Kareben Sang Yehuwah nandukake marang kowe kaya Zedhekia lan Akhab kang padha dipanggang ing geni dening ratu ing Babil, 23 amarga saka anggone nglakoni duraka ana ing Israel, laku bandrek karo bojoning pepadhane, lan ngucapake doracara kalawan nyebut asmaningSun, mangka iku ora Sundhawuhake marang wong-wong iku. Ingsun piyambak nguningani lan nekseni piyambak prakara iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Tanggapane sawijining wong buwangan tumrap layange Nabi Yeremia 29:24-32 24 Marang Semaya, wong Nekhelam iku, sira kandhaa mangkene: 25 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira wus kirim layang atas jenengira dhewe, marang sakehing wong kang ana ing Yerusalem, yaiku marang Imam Zefanya bin Maaseya lan para imam kabeh, surasane: 26 Sang Yehuwah wus ngangkat sira dadi imam nggenteni Imam Yoyadha, supaya sira dadi juru ngawat-awati ana ing padalemane Sang Yehuwah, supaya mbelok sadhengah wong owah kang ngaku nabi lan ngalungi rante wesi wong iku ing gulune, 27 mulane, yagene sira saiki kok ora nyaruwe Yeremia wong Anatot iku, kang ngaku nabi ana ing antaramu? 28 Wong iku rak kirim piweling marang aku kabeh kang ana ing Babil, unine: Anggonmu ana ing pambuwangan iku isih suwe. Ngadegna omah, kang kokenggoni, gawea pakebonan, kang kena kokpangan pametune” 29 Layang iki diwacakake Imam Zefanya, marang Nabi Yeremia. 30 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene: 31 “Ngirimna piweling marang sakehing wong buwangan iku: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah mungguh Semaya wong ing Nekhelam iku: Sarehne Semaya wis meca marang sira, sanadyan ora Sunutus, lan marakake sira padha pracaya marang doracara, 32 mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Semaya, wong ing Nekhelam iku, lan saturun-turune; kulawargane siji bae ora ana kang bakal manggon ing tengahe bangsa iki lan nyumurupi kabecikan, kang bakal Suntandukake marang umatingSun, amarga wong iku ngajak murtad saka ing ngarsane Sang Yehuwah. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Janji mulihake Israel 30:1-24 30 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia: 2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Sakehe pangandika kang Sundhawuhake marang sira iku tulisen ana ing buku. 3 Sabab lah, bakal tumeka ing wektune, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Ingsun bakal mulihake kaanane umatingSun Israel lan Yehuda -- pangandikane Sang Yehuwah -- lan Ingsun bakal mbalekake para wong iku menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure lan bakal ndarbeni iku.” 4 Iki pangandikane kang didhawuhake dening Sang Yehuwah bab Israel lan Yehuda: 5 “Lah, Ingsun wus padha miyarsa, panjerit marga saka wedi, pagiris lan ora ana katentreman, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 6 Coba takona lan titipriksanen, apa ana wong lanang kang nglairake anak? Geneya Sunpirsani sadhengah wong lanang numpangake tangane ing lambunge kaya patrape wong wadon, kang nglarani? Geneya polatane padha katon pucet? 7 Adhuh, iba ta anggone nggegirisi dina iku, ora ana tandhinge; iku dina karubedan tumrap Yakub, nanging bakal linuwaran. 8 Ing dina iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --, Ingsun bakal mutung pasangane saka ing gulune wong-wong iku lan medhoti tali-taline kang ningseti lan wong iku bakal ora padha ngawula maneh marang wong ngamanca. 9 Wong iku bakal padha ngabdi marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan marang Dawud, ratune kang bakal Sunjumenengake. 10 He abdiningSun Yakub, sira aja wedi, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, he Israel, sira aja miris Amarga, lah Ingsun ngluwari sira saka ing panggonan adoh, lan turunira saka ing nagaraning pambuwangan. Yakub bakal mulih lan uripe bakal jenjem lan tentram, ora ana kang ngeget-egeti. 11 Amarga Ingsun nunggil klawan sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, prelu mitulungi sira. Sakehing bangsa kang Sunpasrahi sira ana ing satengahe, iku bakal Sunsirnakake, nanging sira ora bakal Suntumpes tapis. Ingsun bakal nggebagi sira wewaton angger-angger, nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan. 12 Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Laranira wus banget, tatunira ora bisa ditambani 13 Ora ana kang mbelani wewenangira, ora ana tambane wudunira, sira ora bakal bisa mari 14 Sakehe wong kang dhemen marang sira, wus padha lali marang sira, wus ora ana kang nakokake sira maneh. Lah Ingsun wus nggebagi sira kaya patraping satru klawan gebugan kang wengis. Amarga kaluputanira akeh, sarta akeh cacahe dosanira. 15 Yagene sira sambat-sambat marga saka laranira, saka perihira kang banget? Sarehne kaluputanira akeh, sarta akeh banget cacahe dosanira, mulane Ingsun nandukake iku kabeh marang sira. 16 Nanging kabeh kang nguntal sira, bakal kauntal dhewe, lan sakehing satrunira bakal padha lumebu ing tawanan; wong kang ngrayah sira, bakal padha dadi rayahan, lan sakehing wong kang njarah sira bakal padha Sundadekake jarahan. 17 Amarga Ingsun bakal maluyakake sira, Ingsun bakal ngusadani memalanira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, amarga wong iku padha ngarani sira wong buwangan, yaiku kekarene kang ora ana kang nakokake babar pisan. 18 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal mulihake kaanane tarub-tarube Yakub, lan melasi papan-papan panggonane; kutha iku bakal dibangun maneh ana ing sadhuwure jugrugane, lan kratone bakal ngadeg ana ing panggonane lawas. 19 Kidung panuwun bakal keprungu ana ing satengahe, uga swarane wong sukarena, Ingsun bakal ndadekake tangkar-tumangkar, lan ora bakal suda maneh. Ingsun bakal ndadekake wong iku padha linuhurake lan ora disepelekake maneh 20 Anak-anake bakal dadi padha kaya biyen, lan pasamuwane bakal tetep lestari ana ing ngarsaningSun. Ingsun bakal ngukum sakehing wong kang padha meres. 21 Wong kang ngereh bakal jumedhul saka ing antarane wong-wong iku dhewe lan wong kang ngwasani bakal muncul saka ing tengahe; Ingsun bakal damel bisa seba wong iku, lan cedhak kalawan Ingsun. Amarga sapa kang wani ngetohake nyawane supaya cedhak kalawan Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 22 Dene sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira.” 23 Delengen Angin praharane Sang Yehuwah, yaiku bentering bebendune, wus miyos nyamber-nyamber, -- angin lesus -- lan nempuh sirahe para wong duraka. 24 Bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad iku ora bakal sirep, nganti apa kang wus rinancang ana ing galihe wus kaleksanan lan maujud; ing wekasaning jaman sira bakal ngreti bab iku. Prajanjian anyar 31:1-40 31 1 “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ing wektu iku Ingsun bakal dadi Allahe sakehing kulawarga trah Israel lan iku kabeh bakal dadi umatingSun. 2 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Kekarening bangsa kang kalis ing pedhang oleh sihpiwelas ana ing ara-ara samun Israel lunga ngupaya katentremane 3 Sang Yehuwah ngatingali aku saka ing kadohan, pangandikane: Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng, mulane Ingsun nglestarekake sih- susetyaningSun marang sira. 4 Ingsun bakal mbangun sira maneh, temah sira binangun, he putri Israel Sira bakal ngrerengga awakira maneh kinanthen trebang, lan metu kalawan jejogedan asukarena. 5 Sira bakal gawe kebon anggur maneh ana ing pagunungan Samaria; dene para wong kang padha gawe iku bakal ngundhuh pametune uga. 6 Lah bakal tumeka ing titi-mangsane para wong kang jaga bakal padha nguwuh-uwuh ana ing pagunungan Efraim: Payo, padha munggah menyang ing Sion sowan ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita 7 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Padha surak-suraka tumrap Yakub klawan sukarena, bungah-bungaha ing bab panggedhening para bangsa Wartakna, memujia lan kandhakna: Sang Yehuwah wus mitulungi umate, yaiku kekarene Israel 8 Lah, Ingsun bakal ngirid para wong iku saka ing tanah lor, lan bakal ngumpulake wong-wong iku saka ing poncoting bumi, panunggalane ana kang picak lan lumpuh, ana wonge wadon kang lagi ngandheg bareng karo kumpulane wong kang nglairake anak; baline mrene dadi pasamuwan kang gedhe. 9 Tekane wong-wong iku kambi nangis, Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur; Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung; amarga Ingsun wus dadi ramane Israel, dene Efraim iku putraningSun pembayun. 10 He para bangsa, padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, iku undhangna ing tanah-tanah pesisir kang adoh, kandhakna: Panjenengane kang wus mbuyarake Israel karsa ngempalake maneh lan rumeksa kaya pangon marang pepanthaning wedhuse. 11 Amarga Sang Yehuwah wus ngluwari Yakub, wus nebus saka ing tangane wong kang luwih rosa. 12 Mulane bakal padha teka karo surak-surak ana ing tenggere Sion, sarta polatane sumringah, marga saka kamirahane Sang Yehuwah, kang arupa gandum, anggur lan lenga, apadene cempe-cempe lan sapi-sapi; uripe bakal kaya taman kang kaoncoran banyu, sarta ora bakal katon nglayung maneh. 13 Ing wektu iku prawan-prawan padha seneng-seneng jejogedan asukarena wong anom lan wong tuwa bakal padha sumyak-sumyak. Ingsun bakal nyantuni rudatine dadi kabungahan, nglipur lan mbungahake wong-wong iku sawise padha nandhang prihatin. 14 Ingsun bakal maregi nyawane para imam kalawan kaluberan, umatingSun bakal Sunwaregi kalawan kamirahaningSun. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 15 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Rongokna Ing Rama keprungu swaraning tangis, tangis kang ngeres-eresi. Rakhel nangisi anak-anake, lumuh linipur jalaran saka anak-anake, amarga wus padha ora ana maneh. 16 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ampeten anggonira nangis, lan ampeten dlewering luh saka ing mripatira, amarga tumrap kangelanira ana ganjarane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, anak-anakira bakal mulih saka ing nagaraning mungsuh. 17 Isih ana pangarep-arep tumrap ing besuk kanggo sira, anak-anakira bakal mulih menyang ing tlatahe dhewe, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 18 Ingsun wus miyarsa temenan panangise Efraim: Paduka sampun ngrangket kawula, saha kawula sampun nampeni pangrangket punika, kados pedhet ingkang boten linatih. Kawula mugi Paduka wangsulaken, supados kawula mratobat, amargi Paduka punika Sang Yehuwah, Gusti Allah kawula. 19 Sayektos, sareng kawula mratobat, kawula getun, sareng kawula ngretos menggah badan kawula piyambak, kawula ceblek-ceblek cethik kawula, minangka pratandhaning prihatos, kawula rumaos isin lan wirang, amargi kawula nandhang kanisthan ing wekdal nem-neman kawula. 20 Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? Sabab samangsa Sunwelehake, Ingsun tansah kengetan marang dheweke, marga saka iku panggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 21 Sira ngadegna tugu-tugu ing ratan kanggo sira, lan masanga tandha-tandha dalan, waspadakna dalan gedhe kang temenan, yaiku dalan kang wus sira liwati Balia, he para kenya Israel, balia menyang ing kutha-kuthanira kene 22 He bocah wadon kang wangkot, isih pira suwene anggonira monga-mangu? Amarga Sang Yehuwah nitahake kang anyar ana ing bumi: wong wadon ngrangkul wong lanang.” 23 Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mangkene: “Samangsa Ingsun wus mulihake kaanane para wong iku, wong bakal ngucapake tetembungan iki maneh ana ing tanah Yehuda lan ing kutha-kuthane: He papan panggonaning kabeneran, he gunung kang suci, Sang Yehuwah muga mberkahana sira 24 Yehuda dalah sakabehe kutha-kuthane bakal tetep lestari ana ing prenahe, apadene para wong tani, para kang nglembara klawan pepanthaning kewane. 25 Amarga Ingsun bakal damel segere wong kang sayah, lan wong kang ngenes bakal Sunwaregi.” 26 Mulane aku tangi lan ndeleng; anggonku turu kapenak. 27 “Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Ingsun bakal ngluberi gotrahe Israel lan Yehuda klawan wiji manungsa lan kewan. 28 Kayadene ing maune Ingsun cepak-cepak nedya mbedhol lan ngebrukake para wong iku, supaya bubrah, rusak lan cilaka, kaya mangkono uga Ingsun karsa mbangun lan nenanem. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 29 Ing wektu iku bakal ora ana wong kang ngucap maneh: Para bapa padha mangan woh mentah, anak-anake padha linu untune, 30 nanging: Saben wong bakal mati marga saka durakane dhewe; saben wong kang mangan woh mentah, untune dadi linu. 31 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun bakal damel prajanjian anyar karo wong Israel lan Yehuda, 32 ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 33 Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun. 34 Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.” 35 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang maringi srengenge kagawe madhangi awan kang netepake rembulan lan lintang-lintang kanggo madhangi bengi, lan ngebur sagara, nganti alune molak-malik, -- asmane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --: 36 “Kayadene katemtuan iku anggone ora bakal gumingsir saka ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, iya kaya mangkono uga trahe Israel ora bakal pegat-pegat anggone dadi bangsa ana ing ngarsaningSun ing sauruting jaman. 37 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Kayadene langit ora kena ingukur, lan dhasar-dhasaring bumi ngisor ora bisa katiti-priksa, mangkono uga Ingsun ora bakal nampik sakehing tedhak turune Israel, marga sakehing panggawene. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 38 Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- kutha iku bakal kabangun maneh konjuk marang Sang Yehuwah, wiwit saka ing menara Hananeel tutug ing Gapura Pojok, 39 sarta pangukure katerusake tekan ing tengger Gareb, banjur menggok marang Goa, 40 lan sawratane lebak iku dalah mayit-mayit lan awune kurbane, apadene sakehing palemahan ing sapinggiring kali Kidron nganti tekan ing pojoking Gapura Kuda, mangetan, iku bakal dadi sesengkerane Sang Yehuwah. Wong ora bakal mbubrah utawa ngrubuhake maneh ana ing kang ing salawase.” Panukone pategalan minangka tanggungan tumrap karaharjane Yehuda kang bakal kelakon 32:1-44 32 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia ing tahun kang kaping sapuluhe jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, iku taun kang kaping wolulase jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar. 2 Ing wektu iku wadya-balane ratu ing Babil ngepung kutha Yerusalem, dene Nabi Yeremia kinunjara ana ing plataraning pajagan ing kratone ratu ing Yehuda. 3 Nabi Yeremia anggone kakunjara ana ing kono dening Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda iku, awit kadakwa meca mangkene: “Yagene sira meca: Mangkene pangandikane Sang Yehwuah: Lah, Ingsun bakal ngulungake kutha iki marang tangane ratu ing Babil, supaya diebroki; 4 Zedhekia, ratu ing Yehuda, bakal ora bisa oncat saka tangane wong ing Kasdim nanging mesthi bakal diulungake marang ratu ing Babil, temah dheweke bakal sapocapan adu arep, sarta pandeng-pandengan karo dheweke. 5 Zedhekia bakal kaangkatake menyang ing Babil lan bakal manggon ana ing kana, nganti Ingsun nggalih marang dheweke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Manawa sira perang nglawan wong ing Kasdim iku, sira ora bakal begja” 6 Pangandikane Nabi Yeremia: “Aku wus kadhawuhan dening Sang Yehuwah, mangkene: 7 Lah, Hanameel, anake Salum, pamanira, bakal nemoni sira kalawan usul: Pategilan kula ingkang wonten ing Anatot, sampeyan tumbas, amargi sampeyan ingkang gadhah hak-nebus lan numbas. 8 Sawuse mangkono cundhuk karo pangandikane Sang Yehuwah, Hanameel, nakdulurku, nuli nemoni aku ana ing plataraning pajagan lan ngusulake marang aku: Pategilan kula ingkang wonten ing Anatot, ing tlatahipun Benyamin, sampeyan tumbas, amargi sampeyan ingkang gadhah hak-ndarbeni lan hak-nebus; sampeyan tumbas punika Aku banjur ngreti, yen prakara iku saka Sang Yehuwah. 9 Dadine aku nuku palemahan, kang ana ing Anatot iku saka tangane Hanameel, anake pamanku mau lan nimbang dhuwite pitulas sekel salaka. 10 Aku nulis layang pratandha dol-tinuku, kang nuli kaecap lan kaseksekake, dhuwite banjur daktimbang ana ing traju. 11 Aku banjur njupuk layang pratandha dol-tinuku, iya kang kaecap, iya turunane kang bukakan. 12 Aku nuli masrahake layang pratandha mau marang Barukh bin Neria bin Makhseya ana ing ngarepe Hanameel, anake pamanku iku, ana ngarepe para seksi kang padha melu nandha-tangani layang pratandha mau, lan ana ngarepe kabeh wong Yehuda kang ana ing plataraning pajagan kono. 13 Ana ing ngarepe para wong iku aku meling marang Barukh, tembungku: 14 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Layang-layang iki jupuken iya kang mawa ecap, iya turunane kang bukakan, kabeh dokokna ana ing wadhah grabah supaya awet suwe. 15 Amarga mangkene pangadikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Wong bakal tuku omah, pategalan lan kebon anggur maneh ana ing nagara kene. 16 Layang pratandha iku sawuse dakpasrahake marang Barukh bin Neria, aku nuli ndedonga, aturku: 17 Dhuh Pangeran Yehuwah Saestu Paduka punika ingkang nitahaken langit tuwin bumi, kaliyan karosan Paduka ingkang ageng, lan asta Paduka ingkang kaegaraken. Boten wonten barang ingkang mokal kagem Paduka 18 Paduka ingkang ngatingalaken sih-susetya Paduka dhateng tiyang ewon-ewon, ingkang malesaken dosanipun bapa dhateng anak- anakipun ing sapengkeripun. Dhuh Gusti Allah ingkang agung tuwin kuwaos, asma Paduka punika ingkang sinebut Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados. 19 Agung rancangan Paduka saha agung pakaryan Paduka; tingal Paduka ngudaneni sadaya tindak-tanduking anakipun manungsa lan paring ganjaran dhumateng saben tiyang timbang kaliyan tindak-tanduk miwah wohing pandamelipun. 20 Paduka punika ingkang ngatingalaken pratandha tuwin kaelokan wonten ing tanah Mesir, ngantos dumugi ing dinten punika dhateng Israel lan dhateng umat manungsa, temah asma Paduka kasuwur, kados ingkang kacetha ing dinten punika. 21 Paduka sampun ngentasaken umat Paduka Israel saking tanah Mesir klayan pratandha tuwin kaelokan, srana asta ingkang rosa saha kaacungaken, sarta kanthi pagiris ingkang ngebat-ebati. 22 Punapadene Paduka sampun maringi tanah punika kados ingkang Paduka prasetyakaken klayan supaos, dhateng para leluhuripun, bilih badhe Paduka paringaken, tanah ingkang luber puwan saha maben. 23 Wasana sami mlebet ing tanah punika, ingkang lajeng dipunejegi, nanging sami boten ngestokaken dhateng dhawuh Paduka, boten miturut dhateng Toret Paduka; sami boten nglampahi sadaya ingkang Paduka dhawuhaken, supados dipun lampahi. Milanipun Paduka ndhawahaken sadaya bilai punika. 24 Lah, tembok-tembok ingkang badhe kadamel ngepang lan mbedhah kitha punika sampun celak; kalayan pedhang, pailan lan pageblug kitha punika sampun dipun ulungaken dhateng tiyang Kasdim ingkang sami nempuh. Ingkang Paduka ngandikakaken punika sampun kaleksanan; Paduka piyambak sampun nguningani. 25 Ewadene Paduka, dhuh Pangeran Yehuwah, sampun ngandika dhateng kawula: Pategalan iku tukunen kalawan salaka sarta seksekna. -- Mangka kitha punika sampun kaulungaken dhateng tanganipun tiyang Kasdim.” 26 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene: 27 “Sanyatane, Ingsun iki Yehuwah, Gusti Allahe sakehing titah; apa ana barang kang mokal tumrap Ingsun? 28 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun maringake kutha iki marang tangane wong Kasdim lan marang Nebukadnezar, ratu ing Babil, lan dheweke bakal mbedhah kutha iki. 29 Kutha iki bakal kaobong lan kadadekake areng dening wong Kasdim kang merangi, dalah omah-omah kang payone kanggo papan kekutug nyembah marang brahala Baal lan kanggo gawe sesajen omben-omben marang allah liyane, kanggo nukulake gerahing galihingSun. 30 Amarga wong Israel lan wong Yehuda mung tansah nglakoni kang ala ana ing ngarsaningSun wiwit nom-noman mula, sanyata, wong Israel mung tansah nuwuhake gerahing panggalihingSun srana panggawening tangane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 31 Lan kutha iki wiwit madege nganti saprene tansah marakake duka lan mulad-mulading bebenduningSun, mulane mesthi Sunbengkas saka ing ngarsaningSun, 32 marga saka sakehing piala kang dilakoni dening wong Israel lan Yehuda, kang nukulake gerahing panggalihingSun, sarta dening para wong iku dhewe, para ratune, para panggedhene, para imame, para nabine, wong Yehuda lan wong kang manggon ing kutha Yerusalem. 33 Wong iku padha nyingkur Ingsun lan ora madhep marang Ingsun, lan sanadyan anggoningSun merdi tanpa kendhat, lumuh ngrungokake lan nanggapi pamerdiningSun. 34 Dewa-dewane kang marakake najis dipapanake ana ing padalemaningSun, kang ing dhuwure asmaningSun sinebut, kanggo najisake iku. 35 Padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo nyembah marang Baal ana ing Lebak Ben-Hinom, sarana ngobong anak-anake lanang lan wadon minangka kurban marang Molokh, kadadekake kurban ing geni, sanadyan Ingsun ora tau ndhawuhake lan babar pisan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun, yaiku bab nindakake kanisthan iki, temah Yehuda tumiba ing dosa. 36 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel -- tumrap kutha iki kang kokarani: wus diulungake marang tangane ratu ing tanah Babil, marga saka pedhang, pailan lan pageblug: 37 Sanyatane, Ingsun ngempalake para wong iku saka ing sakehing nagara, papan anggoningSun mbuyarake marga saka dukaningSun, mulad- mulading bebenduningSun lan gedhening pamuringingSun, lan Ingsun bakal ngulihake para wong iku mrene lan Sundamel tentrem pamanggone. 38 Para wong iku padha dadi umatingSun lan Ingsun jumeneng dadi Gusti Allahe. 39 Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk. 40 Ingsun bakal damel prasetyan langgeng kalawan umatingSun iku, manawa Ingsun ora bakal nilar, nanging bakal damel becik. Ingsun bakal paring ati kang wedi-asih marang Ingsun, supaya aja ngedohi Ingsun. 41 Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun. 42 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Kayadene anggoningSun ndhatengake sakehing kasangsaran kang ngebat-ebati marang bangsa iki, iya kaya mangkono uga anggoningSun ndhatengake kabegjan, kang wus Sunprasetyakake. 43 Wong bakal tuku palemahan maneh ana ing nagara kene, kang kokarani: Iku papan cengkar kang ora didunungi manungsa lan kewan, iku wus diulungake marang ing tangane wong Kasdim 44 Wong bakal tuku pategalan kalawan salaka, nulis layang bab doltinuku kang ingecap lan sineksekake ana ing tlatah Benyamin, ing sakubenge Yerusalem, ing kutha-kuthane Yehuda, ing kutha-kutha Pagunungan lan ing kutha-kutha ing Tanah Negeb. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane para wong iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Prasetya bab mulihake kaanane kutha Yerusalem lan Yehuda 33:1-13 33 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia kang kaping pindhone, nalika isih kinunjara ana ing plataraning pajagan, wirasane: 2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake bumi sarana mangun lan njejegake -- Sang Yehuwah iku asmane --: 3 Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi. 4 Amarga -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel --, mungguh omah-omah kang ana ing kutha iki lan gedhong-gedhonging kratone Sang Nata ing Yehuda kang dibubrah kanggo nanggulangi tembok-temboking pangepungane mungsuh lan pedhang: 5 Wong bakal mangsah perang nglawan wong ing Kasdim lan kutha iki bakal kebak mayiting manungsa kang wus Sunpateni marga saka dukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun, awit Ingsun wus nyingidake wadananingSun saka ing kutha iki, marga saka sakehing pialane. 6 Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber. 7 Ingsun bakal mulihake kaanane Yehuda lan Israel lan bakal Sunbangun maneh kaya ing maune. 8 Ingsun bakal nucekake para wong iku saka ing sakabehe kaluputane kang dilakoni, anggone nindakake dosa ana ing ngarsaningSun lan Ingsun bakal ngapura sakehing kaluputan kang dilakoni kalawan anggone nindakake dosa lan anggone mbalela marang Ingsun. 9 Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku. 10 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ing panggonan kene, kang kokarani wus dadi jugrugan, ora didunungi manungsa lan kewan, ing kutha-kuthaning Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem, kang sepi mamring iku, lan ora ana wonge kang ngenggoni lan ora ana kewane, 11 bakal keprungu maneh sabawaning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon, swaraning wong kang padha ngucapake: Ngaturna puji panuwun marang Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, amarga Sang Yehuwah iku asih-darma, sih-susetyane iku langgeng ing salawase, karo ngaturake kurban panuwun ana ing padalemane Sang Yehuwah. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane nagara iki kaya ing maune. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 12 Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, mangkene: Ing tlatah kene, kang wis dadi jugrugan, ora didunungi manungsa lan kewan, tuwin ing sakehing kuthane, bakal ana pangonan maneh kanggo para pangon, kang mlegungake wedhus-wedhuse ana ing kono. 13 Ing kutha-kutha Pagunungan, ing kutha-kutha Tlatah Pagunungan, ing kutha-kutha ing Tanah Negeb, ing tlatahe Benyamin, ing saubenge Yerusalem lan ing kutha-kuthane Yehuda, wedhus-wedhus bakal liwat maneh ana ing sangisoring tangane kang ngetung. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Prajanjian karo tedhak turune Sang Prabu Dawud lan tedhak turune Rama Lewi 33:14-26 14 “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing mangsane anggoningSun bakal nuhoni prasetya, kang Sunparingake marang tedhak turune Israel lan Yehuda. 15 Ing wektu lan ing mangsa iku Ingsun bakal nuwuhake Trubusing kaadilan tumrap Dawud, kang bakal nindakake kaadilan lan kabeneran ana ing nagara. 16 Ing wektu iku Yehuda bakal linuwaran lan Yerusalem uripe bakal tentrem. Lan kalawan jeneng iki, iku bakal padha sinebut: Sang Yehuwah iku kaadilan kita. 17 Amarga pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Tedhak turune Dawud bakal ora pedhot-pedhot nglungguhi dhamparing kratone bangsa Israel 18 Lan tedhak turune para imam bangsa Lewi uga ora kendhat- kendhat nyaosake kurban obaran, lan kurban dhaharan, apadene kurban sembelehan ing sauruting jaman, ana ing ngarsaningSun.” 19 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene: 20 “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa sira bisa mbubrah prasetyaningSun marang rina lan wengi, temah rina lan wengi ora netepi ing wayahe, 21 ing kono prajanjianingsun marang abdiningSun Dawud uga bisa kabubrah, temah ora duwe turun maneh kang nglungguhi dhamparing kratone, mangkono uga prasetyaningSun karo bangsa Lewi, yaiku para imam kang dadi paladeningSun. 22 Kayadene bala ing langit kang tanpa wilangan kehe tuwin kaya wedhining sagara kang ora kena tinaker, iya kaya mangkono uga anggoningSun nangkar-nangkarake tedhak turune Dawud lan para wong Lewi, kang ngladeni Ingsun.” 23 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene: 24 “Apa kang diucapake para wong iku ora sira gatekake: Turun rong kulawarga, kang piniji dening Sang Yehuwah iku wus tinampik dening Panjenengane? Kanthi patrap mangkono wong iku padha ngremehake umatingSun, amarga iku ora dianggep dadi bangsa maneh. 25 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa Ingsun ora nuhoni prasetyaningSun karo rina lan wengi, apadene tataning langit lan bumi, 26 ing kono Ingsun mesthi uga bakal nampik tedhak turune Yakub lan abdiningSun Dawud, temah kendel anggoningSun ngangkat saka tedhak turune, kang padha ngereh marang tedhak turune Abraham, Iskak lan Yakub. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane para wong iku sarta iku bakal padha Sunwelasi.” Nabi Yeremia ngandikakake bab pepesthene kang wekasan Sang Prabu Zedhekia 34:1-7 34 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, nalika Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil lan sakehing wadya-balane, sakehing karajan ing bumi, reh-rehane, lan sakehing bangsa mangsah perang nglawan Yerusalem tuwin sakehing kutha-kutha wewengkone: 2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Sira lungaa, aturna marang Zedhekia, ratu ing Yehuda, pangandika iki: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ngulungake kutha iki marang ing tangane ratu ing Babil, supaya diobong. 3 Lan sira dhewe ora bakal bisa oncat saka ing tangane, sira mesthi bakal kecekel lan dipasrahake marang ing tangane; sira bakal mandeng adu-arep karo ratu ing Babil, lan sapocapan karo dheweke, sarta sira bakal ditawan menyang ing Babil. 4 Ewadene sanadyan makaten, kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, dhuh Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap panjenengan dalem: Sira ora bakal mati dening pedhang 5 Sira bakal mati kanthi tentrem. Sira isih bakal dikurmati sarana obong-obongan kaya para leluhurira, para ratu ing jaman biyen, ing sadurunge sira; mangkono uga sira isih ditangisi kalawan tembung pangadhuh: Adhuh Gusti Sanyata Ingsun kang ndhawuhake pangandika iki. Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah.” 6 Nabi Yeremia banjur ngaturake pangandika iku marang Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, ana ing Yerusalem, 7 nalika wadya- balane ratu ing Babil nempuh perang nglawan Yerusalem lan kekarene kutha-kuthane Yehuda, yaiku Lakhis lan Aseka, amarga panunggalane kutha-kuthane Yehuda mung kari iku kang isih ana balowartine. Janji marang para batur Ibrani ora ditetepi 34:8-22 8 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, sawuse Sang Prabu Zedhekia damel prajanjian karo rakyat ing Yerusalem kabeh supaya ngundhangake kamardikan, 9 supaya saben wong ngluwarana bature bangsa Ibrani, iya lanang iya wadon, amrih dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur wong Yehuda, sadulure. 10 Sakehing panggedhe, lan rakyat kabeh kang padha melu ing prajanjian iku padha nyarujuki manawa saben wong bakal ngluwari bature lanang lan wadon, supaya padha dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur panunggalane wong iku. Wong-wong padha nyarujuki lan padha mardikakake para bature. 11 Nanging sawuse iku padha salin gagasan, banjur njupuk batur kang wus padha dimardikakake, padha dipeksa ngenger maneh, lanang lan wadon. 12 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene: 13 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Ingsun piyambak wus damel prajanjian kalawan para leluhurira, ing nalika padha Sunentasake saka ing tanah Mesir, saka ing tanah pangawulan, isine: 14 Ing sawuse pitung taun sira siji-sijine kudu mardikakake sadulure bangsa Ibrani kang wus padha ngedol awake marang sira; dheweke bakal padha ngenger nem taun suwene, nuli kudu kokluwari banjur dadi wong mardika. Nanging para leluhurira ora padha ngestokake lan nggatekake marang dhawuhingSun. 15 Ing dina iki sira wus padha mratobat lan nglakoni apa kang bener ana ing ngarsaningSun, amarga saben wong wus padha ngundhangake kamardikan marang sadulure lan sira wus prajanji ana ing ngarsaningSun ana ing padaleman, kang ing sadhuwure sinebut asmaningSun. 16 Nanging sira banjur padha salin gagasan lan njemberake asmaningSun: sira sawiji-wijine padha mbaleni bature lanang lan wadon, kang wis sira mardikakake miturut pepenginane, lan meksa para wong iku dadi baturira maneh. 17 Mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sira ora padha ngestokake dhawuhingSun, kang supaya saben wong ngundhangake pangluwaran marang sapepadhane lan sadulure, mulane lah, Ingsun ngundhangake tumrap sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kebebasan marang pedhang, pageblug lan pailan. Sira bakal Sundadekake kang njalari girise sakehing karajan ing bumi. 18 Lan Ingsun bakal ngulungake para wong kang nerak prajanjianingSun lan ora nuhoni isining prajanjian, kang digawe ana ing ngarsaningSun kanthi nyigar pedhet dadi loro, sarta banjur lumaku ing antaraning sigarane, 19 para panggedhe Yehuda, para panggedhe Yerusalem, punggawa karaton, para imam lan rakyat kabeh kang wus mlaku ing antarane sigaraning pedhet iku, 20 wong iku bakal padha Sunulungake marang tanganing mungsuhe, lan para wong kang ngarah nyawane, wasana mayite banjur bakal dadi pakane manuk ing awang-awang lan kewan ing bumi. 21 Uga Zedhekia, ratu ing Yehuda dalah para panggedhene bakal Sunulungake marang tanganing mungsuh lan marang wong kang ngarah nyawane tuwin marang ing tangane wadya-balane ratu ing Babil, kang ing wektu iki padha budhalan ninggal sira. 22 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, Ingsun wus paring dhawuh lan mangsulake wadya-bala iku menyang ing kutha kene, banjur nempuh perang, mbedhah lan ngobong kutha iki. Kutha-kuthane Yehuda bakal Sundamel ludhes, nganti ora ana wong kang ngenggoni.” Kasetyane para wong Rekhab 35:1-19 35 1 Pangandikane Sang yehuwah marang Nabi Yeremia ing jamane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, mangkene: 2 “Lungaa maranana wong trah Rekhab, rembugana karo para wong iku lan iriden menyang ing padalemane Sang Yehuwah ana ing sawijining kamar, nuli ombenana anggur” 3 Aku banjur marani Yaazanya bin Yeremia bin Habazinya dalah para sadulure lan para anake kabeh, cekake: sakehing gotrahe Rekhab. 4 Aku ngirid wong-wong iku menyang ing padalemane Sang Yehuwah, menyang ing kamare para anake Hanan bin Yigdalya, abdining Allah; iya iku kamar ing sandhinge kamare para panggedhe ing sadhuwuring kamare Maaseya bin Salum, jaga-gapura. 5 Ana ing ngarepe para kulawargane Rekhab aku nyelehake tuwung-tuwung kebak anggur lan cangkir-cangkir, aku nuli kandha marang wong-wong mau: “Kowe padha ngombea anggur” 6 Nanging padha mangsuli: “Kula sami boten ngombe anggur, amargi Eyang Yonadab bin Rekhab, leluhur kula, sampun meling dhateng kula sadaya makaten: Kowe lan saanak-anakmu kabeh aja padha ngombe anggur ing salawas-lawase, 7 aja gawe omah, aja nyebar wiji, aja gawe lan nduweni kebon anggur, nanging padha manggona ing kemah-kemah ing salawase urip, supaya kowe dawa umurmu ana ing tanah, kang kokenggoni dadi wong neneka 8 Kula sami ngestokaken piwelingipun Eyang Yonadab bin Rekhab, leluhur kula, ing bab samukawis ingkang dados piwelingipun dhateng kula sadaya, supados kula sami boten ngombe anggur salaminipun gesang, inggih punika kula piyambak, semah kula, anak-anak kula jaler estri, 9 supados kula boten damel griya ingkang kula enggeni, boten gadhah kebon anggur, utawi pategilan sarta wiji, 10 nanging tetep sami manggen wonten ing kemah kemawon saha setya ngestokaken kados ingkang dados piwelingipun Eyang Yonadab, leluhur kula. 11 Nanging nalika Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil nglurugi tanah punika, kula lajeng sami wicanten: Payo padha ngungsi menyang Yerusalem marga saka tekane wadya-bala ing Kasdim lan ing Aram iku Makaten jalaranipun kula lajeng sami manggen wonten ing Yerusalem.” 12 Ing wektu iku Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia, mangkene: “Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: 13 Mangkata lan tutura marang wong ing Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Apa sira ora tampa piwulang yaiku ngrungokake pangandikaningSun? 14 Pancen, piwelinge Yonadab bin Rekhab iku isih diestokake, yaiku anggone dheweke meling marang tedhak turune, supaya aja ngombe anggur lan tumeka saprene wong iku padha ora ngombe anggur, amarga padha ngestokake marang piwelinge leluhure. Ingsun piyambak tansah ngandikani sira, nanging sira padha ora ngrungokake marang Ingsun. 15 Ingsun wus ngutus marani sira sakehe abdiningSun, yaiku para nabi, tanpa kendhat anggone mituturi: Padha mratobata saka tindak-tandukira kang ala, panggawenira owahana supaya becik, aja ngetutwuri allah liyane lan aja sujud nyembah marang iku, temah sira bakal tetep manggon ana ing tanah kang Sunparingake marang sira lan leluhurira. Nanging sira padha suthik nggatekake lan ngestokake marang Ingsun. 16 Lah, tedhak turune Yonadab bin Rekhab padha setya ngestokake piwelinge para leluhure, nanging bangsa iki wegah ngrungokake marang Ingsun. 17 Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhawahake marang Yehuda lan sakehing wong isine kutha Yerusalem sakehe kasangsaran, kang wus Sunagem ngancam wong-wong iku; amarga Ingsun wus paring pangandika marang para wong iku, nanging padha ora ngrungokake, lan Ingsun wus nimbali wong-wong iku, nanging padha ora mangsuli.” 18 Nanging Nabi Yeremia ngandika marang bani Rekhab: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira padha ngestokake marang piwelinge Yonadab, leluhurira, ngukuhi marang sakehing piwelinge, lan tetep padha nglakoni kaya piwelinge marang sira, 19 mulane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel ngandika mangkene: Tedhak turune Yonadab bin Rekhab bakal ora pedhot-pedhot ngladeni Ingsun ing salawas-lawase.” Kitab pamecane Nabi Yeremia kaobong dening Sang Prabu Yoyakim 36:1-32 36 1 Nalika ing taun kangkaping pate paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia mangkene: 2 “Njupuka layang gulungan tulisen ana ing kono sakehing pangandika kang Sundhawuhake marang sira tumrap Israel, Yehuda lan sakehing bangsa, wiwit nalika Ingsun medhar pangandika marang sira, yaiku wiwit jamane Yosia, nganti saprene. 3 Samangsa turune Yehuda krungu bab sakehing bilai, kang Sunrancang bakal Suntandukake marang wong-wong iku, bokmanawa siji-sijine bakal mratobat saka polah-tingkahe kang ala, temah Ingsun ngapura kaluputan lan dosane.” 4 Dadine Nabi Yeremia banjur ngundang Barukh bin Neria, Barukh nuli nulisi ana ing layang gulungan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika, kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah. 5 Ing sawijining dina Nabi Yeremia dhawuh marang Barukh mangkene: “Aku iki lagi ana alangan ora bisa munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah. 6 Dadine ing dina puwasa kowe bae kang macakake pangandikane Sang Yehuwah saka ing gulungan kang koktulis terus bae saka ing cangkemku iku marang wong akeh ana ing padalemaning Sang Yehuwah; iku sira wacakna uga marang sakehe wong Yehuda kang teka saka ing kutha-kuthane. 7 Bokmanawa pasambate sumengka ing ngarsane Sang Yehuwah, banjur sawiji-wijine padha mratobat saka ing polah-tingkahe kang ala iku, amarga gedhe bebendune lan mulad-mulading deduka kang diagem ngancam dening Sang Yehuwah marang bangsa iki.” 8 Barukh bin Neria nindakake ceples kaya kang kadhawuhake Nabi Yeremia, yaiku macakake pangandikane Sang Yehuwah saka kitab iku ana ing padalemane Sang Yehuwah. 9 Dene nalika ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasanga, diundhangake puwasa ana ing ngarsane Sang Yehuwah tumrap sakehing wong ing Yerusalem lan rakyat kabeh kang teka ing Yerusalem saka ing kutha-kutha Yehuda. 10 Barukh nuli macakake pangandikane Nabi Yeremia saka ing kitab iku marang rakyat kabeh ana ing padalemane Sang Yehuwah, ing kamare Gemarya, anake panitra Safan, ana ing plataran ndhuwur, ing sangareping gapuraning padalemane Sang Yehuwah kang anyar. 11 Bareng Mikhaya bin Gemarya bin Safan krungu sakehing pangandika saka ing kitab mau, 12 banjur mudhun menyang ing kratone Sang Prabu menyang ing kamare panitra. Ing kono katon sakehing panggedhe padha lenggahan yaiku: panitra Elisama, Delaya bin Semaya, Elnatan bin Akhbor, Gemarya bin Safan, Zedhekia bin Hananya lan sakehing panggedhe liyane. 13 Mikhaya banjur ngaturi pirsa marang para panggedhe mau sakehing pangandika kang dirungu, nalika Barukh macakake kitab iku marang wong akeh. 14 Para panggedhe mau tumuli dhawuh marang Yehudi bin Netanya bin Selemya bin Kusyi supaya matur marang Barukh: “Gulungan kang mentas kokwacakake marang wong akeh iku gawanen lan mrenea” 15 Barukh tumuli mara karo nggawa gulungan mau. Dhawuhe para panggedhe: “Lungguha lan iku wacakna marang aku kabeh” 16 Bareng para panggedhe krungu pangandika iku kabeh, banget kagete lan banjur padha sapocapan: “Kita kedah enggal-enggal ngaturaken sakathahing pangandika punika dhateng Sang Prabu” 17 Banjur padha takon marang Barukh, tembunge: “Tutura marang aku kabeh,kapriye carane anggonmu nulis sakehing pangandika iki” 18 Wangsulane Barukh marang wong-wong iku: “Sakathahing pangandika punika kula tampi lajeng kemawon saking tutukipun Nabi Yeremia, lajeng kula serati mawi mangsi wonten ing kitab.” 19 Para panggedhe nuli celathu marang Barukh: “Lungaa lan ndhelika bareng karo Nabi Yeremia Aja nganti ana wong kang nyumurupi panggonanmu” 20 Para panggedhe mau banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu ana ing plataran, sawise gulungan mau disinggahake ana ing kamare panitra Elisama. Nuli ngaturake pangandika iku kabeh marang Sang Prabu. 21 Sang Prabu banjur dhawuh marang Yehudi mundhut layang gulungan mau saka ing kamare panitra Elisama. Yehudi nuli macakake kitab iku marang Sang Prabu lan sakehing panggedhe kang padha ngadeg ana ing sandhinge Sang Prabu. 22 Nalika iku pinuju sasi kasanga lan Sang Prabu lagi lenggah ana ing bale kanggo mangsa atis; rada kepara ngarsane Sang Prabu ana geni prapen murub. 23 Saben-saben Yehudi rampung pamacane oleh telu utawa patang kaca, Sang Prabu nyebit-nyebit layang iku mawa lading pangirisan, banjur kabucal ing prapen, nganti layang gulungan iku entek kaobong ana ing prapen mau. 24 Sang Prabu apadene para punggawane kang padha mireng pangandika iku ora ana kang kejot utawa nyuwek-nyuwek pangagemane. 25 Sanadyan Elnatan, Delaya lan Gemarya wus padha ngaturi supaya aja mbesmi layang gulungan iku, ewadene Sang Prabu ora karsa ndhahar ature. 26 Sang Prabu malah dhawuh marang Pangeran Yerahmeel, Seraya bin Azriel lan Selemya bin Abdeel supaya nyekel jurutulis Barukh lan Nabi Yeremia, nanging Sang Yehuwah ngumpetake wong loro mau. 27 Sawuse Sang Prabu mbesmi gulungan kang ngemot pangandika kang ditulis dening Barukh katampan saka ing lesane Nabi Yeremia iku, Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia mangkene: 28 “Njupuka gulungan liyane tulisana sakehing pangandika, kang ana ing gulungan kang dhisik lan kang wus diobong dening Yoyakim, ratu ing Yehuda kae. 29 Yoyakim, ratu ing Yehuda iku sira tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira wus ngobong gulungan iku sarta kandha: Geneya sira nulis ana ing kono, manawa ratu ing Babil mesthi bakal teka nyirnakake nagara kene lan mbengkas manungsa lan kewan ing kono? 30 Amarga saka iku -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim ratu ing Yehuda --: Dheweke ora bakal duwe turun kang nglungguhi dhampare Dawud, lan mayite bakal gilang-gilang, temah kepanasan ing wayah awan lan kadhemen ing wayah bengi. 31 Ingsun bakal ngukum dheweke, tedhak turune lan para kawulane marga saka kaluputane; Ingsun bakal ndhatengake marang wong-wong iku, marang sakehe wong kang manggon ing Yerusalem tuwin marang wong Yehuda sakehing bilai kang wus Sunagem ngancam wong iku kabeh, nanging pangandikaningSun ora dirungokake.” 32 Nabi Yeremia nuli mundhut gulungan liyane lan diparingake marang panitra Barukh bin Neria, kang nulisi kang katampan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika kang kamot ana ing layang kang wus diobong dening Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda iku. Apa maneh isih diwuwuhi pangandika akeh tunggale iku. Sang Prabu Zedhekia mundhut pitedah marang Nabi Yeremia 37:1-10 37 1 Sang Prabu Zedhekia bin Yosia jumeneng ratu nggentosi Sang Prabu Khonya bin Yoyakim; Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil wus njumenengake panjenengane dadi ratu ing nagara Yehuda. 2 Nanging panjenengane sapunggawane apadene rakyate ing nagara kono padha ora nggugu marang pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake lumantar Nabi Yeremia. 3 Nuju ing sawijining dina Sang Prabu Zedhekia utusan Yukhal bin Selemya lan Imam Zefanya bin Maaseya marang ing ngarsane Nabi Yeremia, kadhawuhan nglantarake pangandikane: “Kula sami sampeyan dongakaken dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita” 4 Dene ing nalika samana Nabi Yeremia isih saged mlebet-medal ing satengahingrakyat; panjenengane durung dicemplungake ing pakunjaran. 5 Dene wadya-balane Sang Pringon wus budhal saka ing Mesir; bareng para wong Kasdim kang ngepung Yerusalem krungu, banjur padha ninggal kutha iku. 6 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene: 7 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Matura marang ratu ing Yehuda kang ngutus sira, supaya nyuwun pitedah marang Ingsun: Delengen wadya-bala kang wus budhal saka Mesir arep mbiyantu sira, bakal bali menyang ing Mesir nagarane. 8 Nanging wong Kasdim bakal bali nempuh perang nglawan kutha iki, dibedhah lan diobong. 9 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira aja ngapusi awakira dhewe, kalawan ngucap: Para wong Kasdim wus lunga kabeh ing salawase Mangka ora padha lunga ing salawase 10 Lan saupama sira nggepuk lan bisa ngalahake sakehe bala Kasdim, kang merangi sira iku nganti mung ana kekarene kang ketaton banget, ana ing pakemahane dhewe-dhewe bakal padha gumregah lan ngobong kutha iki.” Nabi Yeremia dikunjara 37:11-16 11 Nalika wadya-bala ing Kasdim wus ninggal kutha Yerusalem jalaran wedi karo balane Sang Prabu Pringon, 12 Nabi Yeremia banjur tindak saka Yerusalem menyang tlatah Benyamin prelu ngurus pangedume warisan ing antarane sanak sadulure. 13 Nalika mlebet ing gapurane tlatah Benyamin, ing kono ana sawijining lurah jaga kang aran Yeria bin Selemya bin Hananya; iku nuli nyekel Nabi Yeremia, kalawan ngucap sora: “Kowe arep mbalik ngeloni wong Kasdim” 14 Lan sanadyan Nabi Yeremia mangsuli: “O goroh iku, aku ora mbalik melu wong Kasdim”, nanging ora dipaelu dening Yeria, iku banjur nyekel Nabi Yeremia lan diladekake marang para panggedhe. 15 Para panggedhe mau padha duka banget marang Nabi Yeremia lan nyapu panjenengane sarta banjur dilebokake ing omah tahanan, ana ing omahe panitra Yonatan; omah iku wus kadadekake pakunjaran. 16 Kaya mangkono lelakone Nabi Yeremia kang banjur dicemplungake ing kulah tandhon banyu ing jero lemah. Lan Nabi Yeremia suwe anggone ana ing kono. Sang Prabu Zedhekia mindhah panggonane ngunjara Nabi Yeremia 37:17-21 17 Nuju ing sawijining dina Sang Prabu Zedhekia utusan wong mundhut Nabi Yeremia. Nuli kalawan sidheman Sang Prabu ndangu marang Nabi Yeremia: “Punapa wonten pangandikanipun Sang Yehuwah?” Unjuk wangsulane Nabi Yeremia: “Wonten Panjenengan dalem badhe kaulungaken dhateng ing astanipun ratu ing Babil.” 18 Nabi Yeremia nuli matur marang Sang Prabu Zedhekia: “Punapa dosa kawula ingkang kawula tandukaken dhateng panjenengan dalem, dene kawula ngantos panjenengan dalem lebetaken ing pakunjaran? 19 Wonten ing pundi para nabi panjenengan dalem ingkang sampun meca, bilih ratu ing Babil boten badhe nempuh perang nglawan panjenengan dalem saha nagari punika? 20 Sapunika, dhuh gusti kawula Sang Prabu, paduka mugi karsaa midhangetaken. Panyuwun kawula mugi dumugia ing ngarsa dalem. Kawula mugi sampun paduka wangsulaken dhateng ing griyanipun panitra Yonatan; kawula mesthi dipun pejahi wonten ing ngrika.” 21 Sang Prabu Zedhekia banjur paring dhawuh, supaya Nabi Yeremia ditahan ana ing plataran pajagan lan saben dina supaya diparingi roti sairis saka ing dalan tukang roti, nganti saenteke roti ing kutha kono. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep ana ing plataran pajagan. Nabi Yeremia dicemplungake ing sumur; ditulungi dening Ebed-Melekh 38:1-13 38 1 Nanging Sefaca bin Matan, Gedalya bin Pasyhur, Yukhal bin Selemya lan Pasyhur bin Malkia padha krungu tembung kang tanpa pedhot diucapake dening Nabi Yeremia marang sakehing wong: 2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sing sapa manggon ana ing kutha kene bakal mati dening pedhang, kaliren utawa pageblug; nanging sing sapa metu saka kene nemoni bala Kasdim, iku bakal lestari urip, nyawane bakal dadi rayahane lan dheweke lestari urip. 3 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Kutha iki bakal diulungake marang ing tangane balane ratu ing Babil, bakal dibedhah.” 4 Para panggedhe mau nuli padha munjuk marang Sang Prabu: “Saenipun tiyang punika dipun pejahi Ujer sarana ngucap makaten punika piyambakipun nglemesaken semangatipun para prajurit, ingkang taksih manggen wonten ing kitha ngriki, punapadene semangatipun rakyat sadaya. Sayektos, tiyang punika boten ngudi dhateng karaharjaning bangsa, nanging cilakanipun.” 5 Sang Prabu Zedhekia ngandika: “Prayoga, wong iku ana ing tanganira Amarga ratu ora bisa nindakake apa-apa, kang nyulayani sira” 6 Wong-wong iku banjur padha nyekel Nabi Yeremia lan dicemplungake ing sumur kagungane Pangeran Malkia kang ana ing plataran pajagan; anggone nyemplungake Nabi Yeremia mawa dhadhung. Sumure iku asat, mung ana endhute, dadine Nabi Yeremia nuli ambles ana ing endhutan kono. 7 Nanging nalika keprungu dening Ebed- Melekh, wong Etiopia iku -- dheweke iku sawijining abdidalem kaputren, kang manggon ana ing kraton -- manawa Nabi Yeremia kacemplungake ing sumur -- nalika samana Sang Prabu pinuju lenggah ana ing gapura Benyamin --, 8 Ebed-Melekh banjur metu saka ing kraton sarta munjuk marang Sang Prabu: 9 Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, pandamelipun tiyang-tiyang punika awon tumrap Nabi Yeremia, inggih punika anggenipun nyemplungaken piyambakipun ing sumur, piyambakipun temtu pejah kaliren wonten ing ngriku Amargi ing kitha rotinipun sampun telas.” 10 Sang Prabu nuli paring dhawuh marang Ebed-Melekh, wong Etiopia iku, pangandikane: “Ngajaka wong telu, Nabi Yeremia entasna, sadurunge mati” 11 Ebed-Melekh banjur ngajak wong telu mlebu ing kadhaton ing gudhang sandhangan, papan pasimpenan barang- barang; ana ing kono njupuk sandangan gombal-gombalan lan amoh-amohan, nuli ngudhuni tali marang Nabi Yeremia, kang ana ing sumur iku. 12 Ebed-Melekh, wong Etiopia banjur nguwuh-uwuh marang Nabi Yeremia: “Sandhangan gombal-gombalan lan amoh-amohan punika panjenengan trapaken ing sangandhapipun cangklakan panjenengan, minangka ganjelipun tangsul” Nabi Yeremia banjur tumindak mangkono. 13 Wong-wong mau banjur narik taline lan ngentasake Nabi Yeremia saka ing sumur. Mangkono dadine Nabi Yeremia manggon tetep ana ing plataraning pajagan. Pirembugan kang wekasan karo Sang Prabu Zedhekia 38:14-28 14 Sang Prabu Zedhekia ndhawuhi wong nyowanake Nabi Yeremia marang ing ngarsane ana ing gapura katelu ing padalemane Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Prabu marang Nabi Yeremia: “Kula badhe miterang satunggaling prakawis dhateng sampeyan, sampun ngantos nutupi satunggal-tunggala dhateng kula” 15 Atur wangsulane Nabi Yeremia marang Sang Prabu Zedhekia: “Saupami kawula ngaturaken dhateng panjenengan dalem, panjenengan dalem rak badhe mejahi kawula, ta? Saha manawi kawula ngaturi rembag panjenengan dalem mesthi boten kadhahar” 16 Sang Prabu Zedhekia nuli supaos dhedhemitan marang Nabi Yeremia, pangandikane: “Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang maringi nyawa punika dhateng kula sadaya, sampeyan boten badhe kula pejahi lan boten badhe kula pasrahaken dhateng para tiyang ingkang sami ngarah dhateng nyawa sampeyan punika” 17 Sawuse mangkono Nabi Yeremia nuli matur marang Sang Prabu Zedhekia: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahipun Israel: Manawa sira metoni lan masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, nyawanira bakal ingayoman lan kutha iki ora bakal kaobong; sira dalah sakulawarganira bakal lestari urip. 18 Nanging manawa sira ora masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, kutha iki bakal dipasrahake marang tangane wong Kasdim, banjur bakal kaobong; sira dhewe bakal ora bisa oncat saka ing tangane.” 19 Sang Prabu Zedhekia nuli ngandika marang Nabi Yeremia: “Kula ajrih dhateng para tiyang Yehuda ingkang sampun sami mbalik tumut tiyang Kasdim punika, temah kula badhe dipun angge gegujengan.” 20 Unjuke Nabi Yeremia: “Prakawis punika boten badhe kelampahan Kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah menggah prakawis ingkang sampun kawula unjukaken dhateng panjenengan dalem; kawontenan panjenengan dalem badhe sae saha sarira dalem badhe karimatan. 21 Nanging manawi panjenengan dalem boten karsa masrahaken sarira dalem, pangandikanipun Sang Yehuwah makaten, ingkang kadhawuhaken dhateng kawula. 22 Sadaya pawestri ingkang taksih kantun wonten ing kratonipun Sang Nata ing Yehuda badhe kairid medal dhateng sangajengipun para prawiranipun ratu ing Babil, kaliyan nguwuh-uwuh: Kowe dibujuk lan dikalahake dening para mitra-mitramu. Nanging lagi bae sikilmu keblesek ing endhut, wong iku wis padha bali mulih. 23 Sadaya garwa saha para putra dalem sami dipun irid medal dhateng ing sangajengipun tiyang Kasdim. Saha panjenengan dalem piyambak boten badhe saged oncat saking tanganipun, nanging panjenengan dalem badhe kacepeng dening ratu ing Babil. Tuwin kitha punika badhe dipun besmi.” 24 Ing kono pangandikane Sang Prabu Zedhekia marang Nabi Yeremia: “Sampun ngantos wonten tiyang ingkang ngretos rembag punika, supados sampeyan boten pejah. 25 Manawi para pengageng mangretos, bilih kula rembagan kaliyan sampeyan, temtu sami murugi sampeyan sarta wicanten: Kula sampeyan cariyosi, punapa ingkang sampeyan unjukaken dhateng Sang Prabu, saha punapa ingkang dipun pangandikakaken Sang Prabu dhateng sampeyan, sampun ngantos sampeyan tutupi, mindhak sampeyan kula pejahi 26 Ing ngriku sampeyan wangsulana makaten: Aku ngaturake panyuwunan marang ing ngarsane Sang Prabu, murih aku aja dibalekake marang omahe Yonatan lan banjur mati ana ing kana.” 27 Para panggedhe pancen banjur padha marani lan takon marang Nabi Yeremia, nanging padha diwangsuli plek kayadene piwelinge Sang Prabu. Nabi Yeremia ditogake bae, amarga ora ana rembug kang kebrojol marang sapa-sapa. 28 Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep ana ing plataran pajagan, nganti dinane Yerusalem kabedhah. Bedhahe kutha Yerusalem 39:1-10 2Ra 24:20--25:21, 2Bb 36:17-21, Ym 52:3-30 39 1 Kacarita nalika Yerusalem dibedhah -- sajroning taun kang kaping sangane paprentahane Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasepuluh, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kadherekake wadya-balane, ngepung kutha Yerusalem; 2 ing sajrone tahun kang kaping sawelase paprentahane Sang Prabu Zedhekia, ing sasi kapat, nalika tanggal sanga sasi iku, balowartine kutha iku kabedhah -- 3 para prawirane ratu ing Babil iku, banjur ngejegi gapura tengah, yaiku: Sang Nergal-Sarezer, panggedhe saka Sin-Magir, Senapati, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton lan para prawira liyane, abdine ratu ing Babil. 4 Bareng Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, mirsa iku kabeh banjur lolos, kadherekake para wadya-balane, anggone nilar kutha iku ing wayah bengi, miyos ing dalan ing patamananing Sang Prabu, nglangkungi gapura ing antarane balowarti loro, banjur dharat ngener ing Araba-Yarden. 5 Nanging diburu dening wadya-bala Kasdim lan Sang Prabu Zedhekia kacandhak ana ing lebak Yerikho; panjenengane dicepeng nuli diirid menyang Ribla, ing tanah Hamat, marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang netepake paukumane. 6 Sang Nata ing Babil nuli dhawuh nyembeleh para putrane Sang Prabu Zedhekia ana ing ngarsane ana ing Ribla; sakehing panggedhene Yehuda padha disembeleh uga dening ratu ing Babil. 7 Tumuli tingale Sang Prabu Zedhekia dicuplak, wasana dikecrek mawa rante tembaga, ditawan menyang ing tanah Babil. 8 Wadya-bala Kasdim padha ngobongi kraton lan omah-omahe rakyat, banjur njugrugake balowartine Yerusalem. 9 Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, banjur nawan para kekarening rakyat kang isih ana ing kutha iku, lan wong-wong padha mbalik ngrojongi mungsuh apadene kekarening para kriya, padha dibuwang menyang ing Babil. 10 Nanging saperanganing rakyat, yaiku para wong mlarat kang ora duwe apa-apa, ditinggal ana ing tanah Yehuda dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal. Ing kala semana wong-wong padha diparingi pakebonan anggur lan pategalan dadi darbeke. Sang Prabu Nebukadnezar dhawuh supaya Nabi Yeremia diayomi 39:11-14 11 Tumrap Nabi Yeremia, Sang Prabu Nebukadnezar, nata ing Babil, wus paring dhawuh lumantar Sang Nebuzaradan panggedhening prajurit pengawal, mangkene: 12 “Wong iku boyongen lan sira openana, aja sira kapak-kapakake, nanging turutana apa kang dadi panjaluke marang sira” 13 Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton, tuwin Sang Senapati Nergal-Sarezer, lan sakehing prawira-agunge nata ing Babil, padha utusan wong -- 14 padha didhawuhi ngirid Nabi Yeremia saka ing plataran pajagan, kang banjur kapasrahake marang Gedalya bin Ahikam, bin Safan supaya diluwari, kareben kondur menyang ing daleme. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep manggen ana ing satengahing rakyat. Janji marang Ebed-Melekh manawa bakal diluwari 39:15-18 15 Nalika Nabi Yeremia isih dikunjara ana ing plataran pajagan tampa dhawuh saka Sang Yehuwah, mangkene: 16 “Maranana Ebed- Melekh, wong Etiopia iku lan kandhanana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sanyata, pangandikaningSun tumrap kutha iki bakal Sunleksanani murih cilakane lan ora murih raharjane, lan iku kabeh bakal kelakon ana ing ngarepira ing wektu iku uga. 17 Ing nalika iku uga -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Ingsun bakal ngluwari sira lan ora Sunulungake marang tangane wong kang sira wedeni, 18 nanging Ingsun mesthi bakal ngluwari sira; sira ora bakal mati dening pedhang, nyawanira bakal sira rebut kaya rayahan, amarga sira kumandel marang Ingsun. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Nabi Yeremia ana ing daleme Gedalya 40:1-6 40 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, sawuse diluwari saka Rama dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, kang wus dhawuh nguculi rante kang kanggo ngecrek astane ana ing satengahing para wong buwangan saka ing Yerusalem lan Yehuda, kang arep diangkatake menyang ing pambuwangan ing tanah Babil. 2 Panggedhening prajurit pengawal iku wus nimbali Nabi Yeremia lan banjur ngandika: “Sang Yehuwah, Gusti Allah sampeyan sampun ngancam badhe ndhatengaken bilai tumrap panggenan punika, 3 lan punika sapunika sampun kalampahan. Sang Yehuwah sampun nindakaken, punapa ingkang dipun dhawuhaken ing saderengipun, amargi sampeyan sadaya sami nglampahi dosa wonten ing ngarsanipun saha boten mirengaken dhateng pangandikanipun, temah kalampahan prakawis punika tumrap ing sampeyan. 4 Dene ing dinten punika kula sampun nguculi rante ingkang wonten ing tangan sampeyan. Manawi sampeyan purun tumut kula dhateng tanah Babil, sumangga kula badhe rumeksa dhateng sampeyan. Nanging manawi sampeyan boten kesdu tumut kula dhateng Babil, sampeyan boten prelu pangkat Sumangga sampeyan tingali sawradinipun tanah punika ginelar wonten ing ngajeng sampeyan; sampeyan kenging kesah dhateng pundi kemawon ingkang sampeyan anggep sae saha leres. 5 Sampeyan kenging wangsul dhateng panggenanipun Gedalya bin Ahikam bin Safan, ingkang sampun dipun tetepaken dening Sang Prabu ing Babil mengku kitha-kitha Yehuda lan sampeyan saged manggen nunggil kaliyan piyambakipun wonten ing satengahipun rakyat, utawi dhatenga pundi kemawon ingkang sampeyan anggep sae, sampeyan kenging mriku” Panggedhening prajurit pengawal mau nuli ngaturi sangu pangan lan ganjaran, nuli dililani tindak. 6 Nabi Yeremia dadine banjur tindak menyang ing daleme Sang Gedalya bin Ahikam ing Mizpa, lan manggen nunggil karo panjenengane ana ing satengahe rakyat, kang isih kari ana ing nagara kono. Bab anggone Sang Gedalya dadi gupernur lan banjur disedani 40:7--41:18 2Ra 25:22-26 7 Nalika sakehe senapatining wadya-bala kang isih ana ing jaban kutha lan para prajurite padha krungu, manawa Sang Prabu ing Babil wus netepake Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan dadi kang mengku nagara kono, lan wus dipasrahi panguwasa tumrap wong lanang, wong wadon lan bocah-bocah yaiku golongane wong mlarat, kang ora padha katut kabuwang menyang ing tanah Babil, 8 tumuli padha nemoni Sang Gedalya mau ana ing Mizpa, yaiku: Sang Ismael bin Netanya, Sang Yohanan bin Kareah, Sang Seraya bin Tankhumet, para putrane Sang Efai wong Netofa lan Sang Yezanya, putrane priyayi ing Maakha, kadherekake wadya-balane. 9 Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan nuli supaos: “Sampun sami sumelang ngawula dhateng tiyang Kasdim. Kula aturi sami dedalem wonten ing nagari ngriki saha kula aturi ngawula dhateng ratu ing Babil, kawontenan panjenengan temtu badhe dados sae. 10 Dene kula piyambak, kula manggen wonten ing Mizpa saha dados wakil wonten ing ngajengipun tiyang Kasdim, ingkang sami badhe ndhatengi kita; nanging panjenengan sadaya punika sami kula aturi ngempalaken piwedaling anggur, wowohan saha lisah, lajeng kasimpen minangka pasadhiyan, saha sami dedalem ing kitha-kitha, ingkang panjenengan karsakaken.” 11 Nalika sakehe wong Yehuda, kang ana ing Moab, ing antarane bani Amon ing Edom lan ing nagara-nagara liyane padha krungu warta, yen ratu ing Babil wus ngendelake bae kekarene rakyat manggon ing Yehuda, lan matah Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan mengku wong-wong mau, 12 sakehing wong Yehuda kang pating blesar ana ing ngendi-endi, banjur padha bali menyang tanah Yehuda lan sowan marang Sang Gedalya ing Mizpa; iku padha ngundhuhi anggur lan woh-wohan akeh banget. 13 Nuju ing sawijining dina Sang Yohanan bin Kareah lan sakehing senapati kang isih ana ing jaban kutha padha nemoni Sang Gedalya ana ing Mizpa 14 lan padha matur marang panjenengane: “Punapa panjenengan pirsa, bilih Sang Prabu Baalis, ratunipun bangsa Amon, sampun utusan Ismael bin Netanya, nyedani panjenengan?” Nanging Sang Gedalya bin Ahikam ora pracaya marang para panggedhe iku. 15 Sang Yohanan bin Kareah nuli matur sesidheman marang Sang Gedalya ana ing Mizpa: “Keparenga kula kesah mejahi Ismael bin Netanya punika, ingkang boten ngantos konangan sinten-sinten. Punapaa ta dene panjenengan ngantos kasedanan, temah tiyang Yehuda ingkang sampun sami nglempak ndherek panjenengan punika lajeng pating blesar malih lan kekantunanipun Yehuda sami manggih tiwas?” 16 Ewadene Sang Gedalya bin Ahikam mangsuli Sang Yohanan bin Kareah: “Sampun tumindak makaten, awit punapa ingkang panjenengan ngandikakaken bab Ismael punika dora.” 41 1 Nalika sasi kapitu Sang Israel bin Netanya bin Elisama -- panjenengane iku tedhaking ratu lan dadi prawira-agunging ratu -- kanthi wong sepuluh sowan marang ngarsane Sang Gedalya bin Ahikam ana ing Mizpa. Ing nalika semana padha kembul dhahar roti ana ing Mizpa. 2 Sang Ismael bin Netanya klawan kancane sepuluh kang padha ndherek mau banjur padha nyedani Sang Gedalya bin ahikam bin Safan kalawan pedhang; kaya mangkono anggone Sang Ismael nyedani panjenengane, sawuse ditetepake dening Sang Nata ing Babil mengku nagara iku. 3 Sakehing wong Yehuda kang padha nunggal karo Sang Gedalya ing Mizpa lan para wong Kasdim, yaiku para prajurit kang tinemu ana ing kono, uga dipateni dening Sang Ismael. 4 Esuke sawise nyedani Sang Gedalya -- ing kala semana durung ana kang nyumurupi -- 5 ana wong saka Sikhem, Silo lan Samaria, cacahe wolung puluh, kang padha cukur jenggot, panganggone rowak-rawek, lan awake pating glaret; wong iku padha nggawa kurban dhaharan lan menyan arep disaosake ana ing padalemane Sang Yehuwah. 6 Sang Ismael bin Netanya nuli medal saka Mizpa methukake para wong mau kambi muwun. Bareng ketemu karo wong iku pangandikane marang wong-wong iku: “Sowana marang ngarsane Sang Gedalya bin Ahikam” 7 Nanging bareng wong-wong mau padha tekan ing tengah kutha, padha disembelehi dening Sang Ismael bin Netanya dibiyantu dening wong kang padha ndherekake; mayit-mayite diuncalake menyang ing sumur. 8 Nanging panunggalane ana sepuluh kang matur marang Sang Ismael: “Kula mugi sampun panjenengan pejahi, amargi kula taksih gadhah tandhon ingkang kula dhelikaken wonten ing jawi kitha inggih punika: gandum, sir, lisah tuwin maben” Dadine padha dieman, ora dipateni bareng karo kanca-kancane. 9 Dene sumur panggonane Sang Ismael nguncalake mayit-mayite para wong kang padha dipateni mau, sumur gedhe yasane Sang Prabu Asa kanggo nanggulangi Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel; sumur iku diiseni mayit-mayite wong kang padha dipateni Sang Ismael bin Netanya. 10 Sang Ismael banjur nawan kabeh kekarening rakyat kang ana ing Mizpa: para putrine Sang Prabu lan sakehing wong kang isih kari ana ing Mizpa kang didadekake reh-rehane Sang Gedalya bin Ahikam dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal; Sang Ismael bin Netanya nawan para wong iku lan banjur sumedya sumingkir menyang ing tlatahe bani Amon. 11 Nanging Sang Yohanan bin Kareah dalah para prawiraning wadya-bala kang padha krungu bab pokal gawene Sang Ismael bin Netanya mau, 12 banjur padha nglumpukake balane kabeh mangkat mangsah perang nglawan Sang Ismael bin Netanya. Katututan ana ing telaga ing Gibeon. 13 Bareng sakehing rakyat kang padha ndherek Sang Ismael padha ndeleng Sang Yohanan bin Kareah apadene sakehe wadya-bala, padha seneng atine. 14 Sakehing wong kang ditawan dening Sang Ismael saka ing Mizpa, iku padha mbalik ndherek Sang Yohanan bin Kareah. 15 Nanging Sang Ismael bin Netanya kanthi wong wolu bisa oncat saka ing astane Sang Yohanan lan ngungsi menyang tlatah Amon. 16 Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala kang padha ndherek, nglumpukake sakehe kekarening rakyat kang kabandhang dadi tawanan dening Sang Ismael bin Netanya saka ing Mizpa, sawise nyedani Sang Gedalya bin Ahikam, yaiku para wong lanang, para prajurit, para wong wadon, bocah-bocah lan para punggawa kraton kang digawa bali saka Gibeon; 17 nuli padha mbacutake lakune lan leren ana ing pondhokan darbeke Kimham ing sacedhake Betlehem, sedyane arep terus menyang ing tanah Mesir, 18 kanggo nyingkiri wadya-bala Kasdim kang diwedeni, amarga Sang Ismael wus nyedani Sang Gedalya bin Ahikam, kang wus kaangkat dening ratu ing Babil dadi kang mengku nagara iku. Nabi Yeremia ngengetake supaya aja ngungsi menyang Mesir 42:1-22 42 1 Sakehing prawiraning wadya-bala, kalebu Sang Yohanan bin Kareah lan Sang Azarya bin Hosaya, dalah rakyat kabeh, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe nuli padha sowan, 2 lan matur marang Nabi Yeremia: “Kaparenga kula sami ngaturaken panyuwunan wonten ing ngarsa panjenengan. Panjenengan mugi karsaa ndongakaken kula sadaya dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, kangge ingkang taksih kantun punika sadaya; amargi tiyang ingkang cacahipun kathah namung kantun kula ingkang namung sakedhik punika ingkang taksih kantun kados ingkang panjenengan pirsani piyambak punika. 3 Mugi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nyumerepaken dhateng kula sadaya, margi pundi ingkang kedah kula langkungi lan punapa ingkang kedah kula lampahi.” 4 Wangsulane Nabi Yeremia marang para wong iku: “Panyuwunmu wis dakrungu Lah, aku arep ndedonga marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kayadene panyuwunmu iku, lan sakehing pangandika, kang kaparingake minangka wangsulan, bakal dakkandakake marang kowe kabeh; satembung bae ora ana kang bakal dakunthet” 5 Atur wangsulane wong-wong mau marang Nabi Yeremia: “Mugi Sang Yehuwah dadosa seksi ingkang setya tuhu lan kenging dipun pitados ingkang tumuju dhateng kula sadaya, manawi kula boten ngestokaken sadaya pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang panjenengan dhawuhaken dhateng kula. 6 Saea awona, kula badhe mirengaken sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, ingkang panjenengan sowani margi saking panyuwun kula dhateng panjenengan, supados kula manggih wilujeng, awit kula sami ngestokaken dhateng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.” 7 Bareng wus sepuluh dina Nabi Yeremia tampi dhawuh saka Sang Yehuwah. 8 Nabi Yeremia nuli nimbali Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala, kang padha ndherek, tuwin rakyat kabeh kang cilik tumeka kang gedhe. 9 Nabi Yeremia nuli ngandika marang wong-wong iku: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang daksowani marga saka panyuwunmu, prelu ngunjukake panyuwunan ana ing ngarsane. 10 Manawa sira tetep manggon ana ing nagara kene, Ingsun bakal mbangun lan ora bakal mbubrah sira. Ingsun bakal ndadekake tuwuhira lan ora bakal mbedholi sira, amarga Ingsun keduwung anggoningSun ndhatengake bilai marang sira. 11 Aja padha wedi marang ratu ing Babil, kang padha kokwedeni. Aja wedi marang dheweke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, amarga Ingsun kang nunggal kalawan sira, nylametake sira lan ngluwari sira saka ing tangane. 12 Ingsun bakal ndadekake sira oleh sih-piwelas, temah dheweke mesakake marang sira lan ngendelake bae kowe manggon ana ing tanahira. 13 Nanging manawa sira lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, Gusti Allahira, sarta ngucap: Aku emoh manggon ana ing tanah kene, 14 awit gagasanira: Ora Aku arep mangkat menyang tanah Mesir, ana ing kana aku ora bakal ngalami paprangan, ora bakal krungu kalasangka lan ora ngrasakake luwe, lan aku bakal padha manggon ana ing kana, 15 he kekarening Yehuda, saiki rungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Manawa sira kedereng sumedya menyang ing tanah Mesir, nuli sira sida mangkat, lan manggon ana ing kana dadi wong neneka, 16 pedhang kang sira wedeni iku bakal nututi sira menyang tanah Mesir lan ora kendhat-kendhat sira bakal diuber-uber dening si luwe, kang koksamari iku, temah sira mati ana ing kana. 17 Sakehing wong kang sumedya menyang ing tanah Mesir arep manggon ana ing kana dadi wong neneka, bakal mati dening pedhang, kaliren lan pageblug; siji bae ora ana kang bisa luwar utawa oncat saka ing bilahi, kang Sundhatengake marang wong iku. 18 Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Kayadene kasoking dedukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun tumrap wong kang manggon ana ing Yerusalem, mangono uga kasoking dedukaningSun tumrap sira, samangsa sira lunga menyang Mesir. Sira bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan. Sira ora bakal ndeleng panggonan iki maneh. 19 Sang Yehuwah wus ngandika marang sira, he kekarening Yehuda: Poma sira aja menyang Mesir Pikiren temenan, aku wus ngelingake marang kowe ing dina iki 20 Kowe wus mblithuk awakmu dhewe, lan marakake nyawamu kena ing bebaya, nalika kowe akon aku sowan marang ing ngarsane Sang Yehwuah, Gusti Allahmu kanthi piweling: Kula panjenengan dongakaken dhateng Sang Yehuwah, saha lajeng panjenengan ngandikakaken dhateng kula sadhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supados sami kula estokaken 21 Nanging sanadyan aku wus nyumurupake marang kowe ing dina iki, ewadene kowe ora ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku ora miturut marang sakehing pangandikane kang dakterusake marang kowe. 22 Mulane, pikiren kang temenan, manawa kowe kabeh bakal padha mati dening pedhang, kaliren lan pageblug ana ing panggonan kang kokimpi-impi arep kokenggoni dadi wong neneka.” Nabi Yeremia kapeksa ngungsi menyang ing tanah Mesir 43:1-7 43 1 Bareng Nabi Yeremia wus rampung anggone nglantarake marang rakyat kabeh sakehing pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kang marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kapratelakake marang para wong iku, yaiku: sakehing pangandika kang kasebut ing dhuwur, 2 Sang Azarya bin Hosaya lan Sang Yohanan bin Kareah sarta sakehing wong kang padha gumunggung iku padha banjur matur marang Nabi Yeremia: “Pangandika panjenengan punika dora Sang Yehuwah, Gusti Allah kita boten ngutus panjenengan supados ngandika: Sira aja lunga menyang tanah Mesir, supaya manggon dadi wong neneka ana ing kana, 3 nanging Barukh bin Neria ingkang ngojok-ojoki panjenengan supados ngandika makaten dhateng kula, kanthi sedya badhe masrahaken kula dhateng ing tanganipun tiyang Kasdim ingkang lajeng badhe mejahi kula, punapadene ngangkataken kula dados tiyang tawanan dhateng Babil.” 4 Sang Yohanan bin Kareah lan sakehing prawiraning wadya-bala lan rakyat kabeh padha lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, supaya tetepa manggon ana ing tanah Yehuda. 5 Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala nuli nglumpukake kekarene sakehing wong Yehuda, yaiku sakehing wong kang wus mulih saka ing antarane para bangsa, panggonane anggone padha pating slebar, kang banjur arep manggon ana ing tanah Yehuda, 6 para wong lanang, para wong wadon, bocah-bocah para putrane putri Sang Prabu lan sadhengah wong kang padha ditinggal dening Nebuzaradan, panggedhening bala pengawal, kanggo Gedalya bin Ahikam bin Safan; mangkono uga Nabi Yeremia lan Barukh bin Neria. 7 Banjur padha budhal menyang ing tanah Mesir, amarga padha ora gelem ngrungokake marang sabdane Sang Yehuwah. Lakune wus tekan ing Takhpanhes. Nabi Yeremia meca, manawa Mesir bakal ditelukake dening Sang Prabu Nebukadnezar 43:8-13 8 Ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia ana ing Takhpanhes mangkene: 9 “Njupuka watu kang gedhe-gedhe lan pendhemen ana ing lemah lempung sacedhake gapura kadhatone Sang Pringon ing Takhpanhes, ana ing ngarepe para wong Yehuda iku, 10 banjur padha kandhanana: Mangkene pangadikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun ngutus wong supaya nimbali Nebukadnezar, ratu ing Babil abdiningSun iku, supaya ngadegake dhampare ana ing sadhuwure watu-watu kang Sundhawuhake supaya dipendhem iku, lan nggelar babuding kamulyane ana ing kono. 11 Lan samangsa iku teka, bakal nggepuk tanah Mesir: Sing marani pati, maranana pati Sing menyang ing tawanan, menyanga ing tawanan Sing marani pedhang, maranana pedhang 12 Dheweke bakal ngurubake geni ana ing kabuyutane para allah ing Mesir lan bakal ngobong utawa ngangkuti iku dadi tawanan. Lan bakal ngresiki tuma-tuma ing tanah Mesir kayadene para pangon anggone metani sandhangane, nuli bakal lunga saka kono tanpa alangan. 13 Dheweke bakal ngrusak tugu-tuguning brahala Betsyemes kang ana ing Mesir lan bakal ngobongi kabuyutane para allahe Mesir iku.” Pamecane Nabi Yeremia kang wekasan ana ing Mesir 44:1-30 44 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia kanggo sakehing wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, ing Migdol, ing Takhpanhes, ing Memfis lan ing tanah Patros: 2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira wus padha ngalami sakehing bilai kang wus Sundhawahake marang Yerusalem, lan sakehing kuthane Yehuda. Lah iku kabeh saiki wus dadi jugrugan lan wus ora ana wong siji-sijia kang manggon ana ing kono. 3 Iku jalarane marga saka piala kang wus dilakoni, kang nuwuhake gerahing panggalihingSun, yaiku anggone sesaji kurban lan ngabekti marang allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, sira dhewe utawa leluhurira. 4 Ingsun ora kendhat-kendhat wus ngutus para abdiningSun, para nabi, kanthi piweling: Poma aja nindakake kanisthan kang Sunsengiti iku 5 Nanging ora padha ngrungokake lan ora ngestokake sarta ora banjur ninggal pialane lan ora sesaji kurban maneh marang allah liyane. 6 Mulane mulad-mulading bebendu lan dedukaningSun wus kaesokake lan mbesmi kutha-kuthane Yehuda lan lurung-lurunge Yerusalem, temah dadi jugrugan lan samun kaya kaanane ing wektu iki. 7 Saikine, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Yagene sira nekakake bilai gedhe marang awakira dhewe? Sira arep numpes para wong lanang, wong wadon, bocah-bocah lan bayining wong Yehuda, nganti ora ana kekarene apa-apa. 8 Yagene sira nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan penggawening tanganira, yaiku sesaji kurban marang allah liyane ing tanah Mesir, kang sira parani amarga sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka? Kena apa sira arep dadi ipat-ipat lan cecampahan ana ing satengahing sakehe bangsa ing bumi? 9 Sira apa wis ora kelingan marang pialane para leluhurira, para ratu ing Yehuda, para panggedhe apadene pialanira dhewe lan para bojonira kang ditindakake ana ing tanah Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem? 10 Wong iku padha ora rempu atine nganti tumeka saprene, padha ora wedi lan ora netepi Toret lan pranataningSun kang wus Sunparingake marang sira lan para leluhurira. 11 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun bakal ngadhepake wadananingSun marang sira murih bilainira, yaiku Ingsun bakal numpes sakehe wong Yehuda. 12 Ingsun bakal mulung kekarening wong Yehuda, kang sumedya lunga menyang ing tanah Mesir, prelu manggon ana ing kana dadi wong neneka; wong iku bakal padha mati kabeh ana ing tanah Mesir; bakal padha ambruk mati dening pedhang lan bakal tiwas dening kaliren, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe; wong iku bakal padha mati dening pedhang lan kaliren apadene bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan. 13 Ingsun bakal paring paukuman marang wong kang manggon ana ing tanah Mesir iku, kayadene anggoningSun ngukum Yerusalem, yaiku kalawan pedhang, kaliren lan pageblug, 14 temah saka kekarene Yehuda, kang wus menyang ing tanah Mesir nedya manggon ana ing kono dadi wong neneka, ora ana siji-sijia kang bisa oncat lan luwar bisa bali mulih menyang ing tanah Yehuda, kang banget dikangeni lan nedya manggon ana ing kono maneh; sanyata wong iku ora bakal padha bisa bali mulih, kejaba wong sawatara kang padha ngungsi.” 15 Tumuli sakehe wong lanang kang padha ngreti manawa bojone padha sesaji kurban marang allah liyane, lan sakehe wong wadon kang padha ana ing kana, wong akeh banget, yaiku rakyat kang manggon ana ing tanah Mesir lan ing Patros, padha mangsuli, tembunge: 16 “Menggah punapa ingkang panjenengan ngandikakaken atas asmanipun Gusti Allah punika, kula boten badhe mirengaken dhateng panjenengan, 17 nanging kula sami badhe nglajengaken nindakaken punapa ingkang sampun kula ucapaken, inggih punika sesaji kurban dhateng raja putri ing langit lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng panjenenganipun, kados ingkang sampun sami kula lampahi, kula piyambak lan leluhur kula, punapadene para ratu saha pengageng kula ing kitha-kithanipun Yehuda lan ing lurung-lurungipun Yerusalem. Nalika samanten kula sami gadhah tetedhan cekap, kula sami rumaos begja lan boten ngalami karibedan. 18 Nanging wiwit kula sami nyampuni anggen kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit, kula sami kekirangan samukawis lan sami kasirnakaken dening pedhang tuwin kaliren.” 19 Para wong wadon mau padha numpangi: “Manawi kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit punika, punapa boten kanthi kasumerepan dening semah kula, ugi anggen kula sami damel tetedhan atur-atur ngemba recanipun lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhumateng panjenenganipun punika?” 20 Sawise iku Nabi Yeremia ngandika marang rakyat iku kabeh, marang para wong lanang, para wong wadon, lan sakehe wong kang ngaturi wangsulan iku: 21 “Malah iya kurban kang kokobong dhewe ana ing kutha- kuthaning Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem lan diobong dening para leluhurmu, para ratumu, para panggedhemu lan rakyat ing nagara, apa dudu iku kang diengeti lan digalih dening Sang Yehuwah? 22 Sang Yehuwah wus ora tahan maneh mirsani polah-tingkahmu kang ala lan kanisthan kang padha koklakoni, mulane nagaramu wis dadi jugrugan, pagiris lan ipat-ipat sarta ora ana kang ngenggoni kayadene kang wus kelakon saiki iki. 23 Kowe wis padha sesaji kurban lan wis padha nglakoni dosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, padha ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah lan ora manut marang Torete, pranatane lan tatanane, yaiku jalarane kowe banjur padha ketaman ing bilai kayadene kang wus kelakon saiki iki.” 24 Nabi Yeremia nuli ngandika marang rakyat kabeh dalah sakehe wong wadon iku: “Padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para wong Yehuda, kang ana ing tanah Mesir. 25 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira, para wong lanang lan bojonira Sira wus padha ngleksanani apa kang dadi ujarira, yaiku: aku bakal padha netepi temenan, nadar kang wus daklairake, sumedya sesaji kurban lan ngaturake kurban unjuk-unjukan marang raja putri ing langit. Iya becik Wujudna lan luwarana nadarira temenan 26 He wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah. Lah, Ingsun wus supaos, demi asmaningSun kang agung, -- pangandikane Sang Yehuwah -- manawa asmaningSun ora bakal disebut dening sawiji-wijining wong Yehuda ana ing saindenging tanah Mesir, kalawan ngucapake: Demi Gusti Allah kang gesang 27 Lan Ingsun njaga murih cilakane lan ora murih begjane; sadhengah wong Yehuda kang ana ing tanah Mesir, bakal tiwas dening pedhang lan kaliren, nganti satapise. 28 Mung ana sawatara kang bisa oncat saka ing pedhang -- cacahe mung sethithik -- kang bakal bali mulih saka Mesir menyang tanah Yehuda. Dene sakehing kekarene wong Yehuda kang wus menyang ing tanah Mesir sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka bakal nyumurupi tembunge sapa kang kelakon: pangandikaningSun apa kandhane wong-wong iku. 29 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Iki kang minangka tenger, yen Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang sira ana ing panggonan kene, supaya sira sumurupa manawa Ingsun bakal ngleksanani apa kang Sunpangandikakake amrih kasangsaranira. 30 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ngulungake Pringon Hofra, ratu ing Mesir marang ing tanganing mungsuhe, lan ing pangwasaning para wong kang ngarah nyawane, kayadene anggoningSun ngulungake Zedhekia, ratu ing Yehuda, marang ing tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, mungsuhe kang ngarah nyawane.” Panglipure Nabi Yeremia marang Barukh 45:1-5 45 1 Pangandikane kang diluntakake Nabi Yeremia marang Barukh bin Neria, rikala Barukh ing taun kapate jumenenge Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, wus nulisi sakehing pangandika mau ana ing kitab, tinampan saka ing tutuke Nabi Yeremia: 2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel tumrap kowe, he Barukh 3 Sarehne sira wus ngucap: Adhuh cilaka aku, dene Sang Yehuwah wus muwuhi kasusahan marang prihatinku Aku nglentrih marga saka anggonku sambat-sambat lan aku ora oleh katentreman. 4 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, apa kang Sunyasa, bakal Sunbubrah, lan apa kang Suntanem bakal Sunbedholi, malah sanadyan nganti saindenging nagara 5 Sira aja ngarah marang prakara kang muluk-muluk kanggo sira dhewe Poma aja sira gayuh Awitdene, lah, Ingsun ndhatengake bilai tumrap sakehing titah, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, nanging sira iku bakal Sunparingi nyawanira kayadene rayahan ana ing ngendi-endia panggonan kang bakal sira parani.” PAMECA TUMRAP BANGSA-BANGSA LIYANE BAB 46-51 Pangandikane Sang Yehuwah tumrap para bangsa 46:1 46 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap para bangsa. Tumrap Mesir 46:2-28 2 Tumrap Mesir. Tumrap wadya-balane Sang Prabu Pringon Nekho, ratu ing Mesir, kang ngadegake kemah ana ing sapinggire bengawan Efrat, ing sacedhake Karkhemis lan kang diasorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, nalika ing taun kang kaping pate paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda: 3 “Cepakna tameng gedhe lan tameng cilik lan majua perang 4 He para bala jaranan, jaranira abah-abahana lan tunggangana Nataa gelarira kalawan nganggo topong, asahana tumbakira, ngrasuka kerenira 5 Yagene Sunpirsani padha giris sarta padha mundur? Prawirane padha kasoran, mlayu sar-saran, tanpa nolah-noleh, pagiris saka keblat papat, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 6 Wong kang cancingan ora bisa lumayu, pahlawan ora bisa oncat, ana ing sisih lor ing sapinggire bengawan Efrat padha kejengklok lan ambruk. 7 Sapa ta kang mbludag kaya bengawan Nil lan kang banyune molak-malik kaya kali? 8 Iya iku Mesir kang mbludag kaya bengawan Nil, lan banyune molak-malik kaya kali. Sumbara: Aku arep ngluberi lan nutupi bumi nyirnakake kutha saisine. 9 He jaran, padha nyandera He kareta perang, padha mbalapa He para prawira mangsaha perang He kowe wong Etiopia lan wong Put kang asikep tameng lan wong Lidia kang menthang gandhewa 10 Iki dinane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, dina piwales dina tumibaning piwales marang para mungsuhe. Pedhang bakal memangsa nganti wareg, lan nguyup getihe nganti marem. Amarga Gusti Allah, Gustining sarwa dumadi nganakake kurban sembelehan ing tanah lor ing sacedhake bengawan Efrat. 11 He kenya putri Mesir, menyanga ing Gilead njupuk beboreh Ora ana gunane anggonmu tetamba akeh, kowe ora bakal bisa mari 12 Para bangsa wus padha krungu mungguh cacadmu, bumi wus kebak pasambatmu, amarga para prawira padha tunjang- tinunjang, sakarone bareng ambruk.” 13 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, bab rawuhe Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, arep nelukake tanah Mesir: 14 “Wartakna ana ing Mesir, lan kandhakna ana ing Migdol Kandhakna ana ing Memfis lan ing Takhpanhes Tuturana: Nataa gelar lan samektaa, amarga ing saubengira wus gusis, kamangsa ing pedhang 15 Yagene Apis keplayu sapinira lanang apa ora kuwawa nanggulangi? Sanyata, Sang Yehuwah wus nelukake dheweke 16 Saka ing antaranira akeh kang kejengklok lan ambruk, kang siji kandha marang sijine: Payo padha ngulihi bangsa kita, tanah kalairan kita, prelu ngendhani pedhang kang ngamuk iki 17 Nyebuta jenenge Pringon, ratu ing Mesir: Tukang ribut kang ora migunakake wektu kang becik. 18 Demi Ingsun kang gesang, -- mangkono pangandikane Sang Prabu kang asmane Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, -- tekane bakal prasasat gunung Tabor kang munggul ing antarane gunung- gunung liyane, kaya gunung Karmel ing pinggiring sagara. 19 He putri Mesir kang wis suwe pamanggonira nyepakna samubarang kang kanggo lakunira menyang ing pambuwangan. Amarga Memfis bakal dadi sepi mamring, dinadekake jugrugan kang ora dienggoni maneh. 20 Mesir iku pedhet kang bregas, nanging ana laler cathak siji kang nekani saka lor. 21 Uga prajurit buruhan kang ana ing kono, iku kaya pedhet-pedhet kang lemu, padha minger lan lumayu bebarengan, padha ora bisa nanggulangi, amarga dinaning bilai nempuh marang wong-wong iku, yaiku mangsa tibaning paukumane. 22 Swarane kaya ula kang ngeses, samangsa padha maju kanthi wadya-bala; padha nempuh marang dheweke klawan nggawa wadung kayadene para blandhong. 23 Wong iku padha negori alase, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- sanadyan ora kena dileboni: amarga luwih akeh katimbang walang, tanpa wilangan cacahe. 24 Putri Mesir dadi kawirangan dipasrahake marang ing tangane bangsa saka ing lor.” 25 Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Lah, Ingsun ndhatengake paukuman marang dewa Amon saka Tebe, marang Pringon dalah tanah Mesir, para dewane lan para ratune, yaiku marang Pringon dalah para wong kang pracaya marang dheweke. 26 Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang ing tangane wong kang ngarah marang nyawane, yaiku ing tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil lan para punggawane. Nanging sawise iku, nagara iku bakal dienggoni kaya dhek jaman kuna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. 27 Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi, he Israel, aja kuwatir Amarga lah, Ingsun mitulungi sira saka ing panggonan kang adoh, tuwin turunira saka ing nagara pambuwangane. Yakub bakal bali mulih lan urip ayem sarta tentrem, tanpa ana kang gawe giris. 28 Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, amarga Ingsun nganthi sira, sakehing bangsa ing nagara, panggonan anggoningSun mbuyarake sira, iku bakal Sunsirnakake, nanging sira iku ora bakal Suntumpes, Ingsun bakal nggitiki sira manut ing angger-angger, nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan.” Tumrap wong Filisti 47:1-7 47 1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap bangsa Filisti, sadurunge Sang Pringon nelukake Gaza. 2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah banyu kang mbludag ngamuk saka lor dadi kali kang banjir ngelebi nagara saisine, kutha dalah kang manggon. Manungsa bakal padha sesambat, sarta wong kang manggon ing kutha bakal padha nangis, 3 krungu gumedering sikile jaran-jarane kareta, lan gumledheging rodhane. Para bapa padha ora tumoleh, ngelingi marang anak-anake maneh amarga tangane wis lemes, 4 jalaran wus tumeka ing dinane tumrap panumpesing sakehe wong Filisti lan anggone nyirnakake sadhengah pambiyantu kang isih ana tumrap Tirus lan Sidon. Lah, Sang Yehuwah bakal numpes wong Filisti, yaiku kekarening wong kang teka saka ing pulo Kaftor. 5 Gaza wis dadi gundhul, Askelon wis meneng cep. He Asdod, kekarene wong Enak, isih sapira suwene anggonira mbeleki awakira? 6 Adhuh pedhange Sang Yehuwah, isih sapira suwene anggonmu banjur leren? Lumebua ing warangkamu maneh, menenga lan lerena 7 Nanging kapriye bisane leren? Rak Sang Yehuwah kang dhawuh? Menyang ing Askelon lan ing pasisir, iya mrana iku anggone Panjenengane ndhawuhi” Tumrap Moab 48:1-47 48 1 Tumrap Moab. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Bilai Nebo, amarga kutha iku wus karusak Kiryataim wus kawirangan lan wus karebut Kutha-beteng iku kawirangan lan giris 2 Kamulyane Moab wus sirna Ana ing Hesybon wong ngrantam bilai tumrap kutha iku: Payo padha disirnakake bangsa iku He Madmen, uga sira bakal dibungkem, sira bakal kaoyak-oyak dening pedhang. 3 Rungokna Pasambat saka ing Horonaim: Karusakan Gempuran gedhe 4 Moab wus digempur nganti lebur, pasambating wong keprungu nganti tekan Zoar. 5 Lah, wong padha munggah ing unggah-unggahan Luhit karo nangis. Lah, ing dalan udhun-udhunan menyang Horonaim, keprungu pasambat marga tinempuh ing sangsara. 6 Lumayua, ungsekna nyawanira; dadia kaya kuldi alas ing pasamunan 7 Lah, sarehne sira ngendelake betengira, lan kasugihanira, sira uga bakal karebut. Kamos bakal menyang ing pambuwangan, bareng karo para imam lan panggedhene. 8 Juru pangrusak bakal nekani saben kutha, ora ana kutha kang bisa oncat Lebak bakal rinusak, tanah ngare sirna babar pisan, kaya kang dadi pangandikane Sang Yehuwah. 9 Moab wenehana swiwi, supaya bisa lunga mabur; kutha-kuthane bakal dadi sepi mamring, ora ana wong kang manggon ing kono maneh. 10 Kenaa ing ipat-ipat wong kang nindakake ayahane Sang Yehuwah kanthi sembrana, lan kenaa ing ipat-ipat wong kang menggak pedhange anggone ngwutahake getih 11 Moab uripe tentrem wiwit nom-nomane, uripe ayem kaya anggur meneb ana ing endheg-endhege, ora diiling saka ing wadhah kang siji marang ing sijine, ora tau klebu ing pambuwangan, mulane rasane ora malih lan gandane ora owah. 12 Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun bakal ngutus para tukang kang bakal ngiling nyuntaki wadhah-wadhahe lan ngremuk guci-gucine. 13 Dene Moab bakal kawirangan marga saka Bathara Kamos, padha kayadene turune Israel anggone kawirangan marga saka Betel, kang dadi andel-andele. 14 Kapriye dene sira wani ngucap: Aku kabeh iki pahlawan, wong kang gagah prakosa tumrap ing perang 15 Juru pangrusak wus nempuh nagara Moab dalah kutha-kuthane, para nom-noman pilihan wus padha kasembelehan, -- mangkono pangandikane Sang Prabu kang asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. -- 16 Bilaine Moab wus meh teka, kasangsarane enggal bakal nekani. 17 He wong kang ana ing saubenge, padha nangisana, he wong kang padha weruh jenenge Kandhakna: Lah tetengering pangwasane, tekening kamulyan wus putung 18 He putri ing Dibon kang wis suwe manggon ana ing kono, lengsera saka ing kaluhuranira lan lungguha ing tlethongan Amarga juru pangrusak Moab wus mangsah nempuh sira, sarta nyirnakake panggonan-panggonanira kang ana balowartine. 19 He para wong ing Aroër, ngadhanga ing pinggir dalan lan ngungaka Takona marang kang padha keplayu lan bisa oncat, takona, apa kang wus kelakon 20 Moab wus kawirangan, amarga giris. Nangisa lan sesambata, wartakna ana ing kali Arnon: Sanyata, nagara Moab wus rusak 21 Tanah lempar kang dhuwur wus padha katibanan paukuman, uga kutha-kuthane: Holon, Yahas, Mefaat, 22 Dibon, Nebo, Bet- Diblataim, 23 Kiryataim, Bet-Gamul, Bet-Meon, Keriot, Bozra 24 lan sakehing kutha-kutha ing tanah Moab kang adoh lan kang cedhak. 25 Sungu kekuwataning Moab wus putung, sarta bau panguwasane wus pepes Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 26 Dheweke endemana, amarga ngegungake awake dhewe ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Moab bakal glimpangan ana ing utah-utahane, lan dheweke dhewe uga bakal dadi pepoyokaning wong. 27 Apa maune dudu Israel kang dadi poyokan? Apa dheweke ana ing satengahe para maling, nganti dene sira gedheg-gedheg, saben sira ngrembug dheweke? 28 He wong ing tanah Moab, tinggalen kutha-kuthanira lan manggona ana ing gunung parang Dadia kaya manuk dara kang nusuh ana ing cangkeming guwa. 29 Aku wus padha krungu bab gumunggunge Moab, -- banget anggone kumlungkung, -- bab kumingsune, gumunggunge lan kumlungkunge, sarta gumedhene atine 30 Ingsun wus nguningani kumenthuse, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- ora bener tembunge, ora patut solah-tingkahe. 31 Mulane aku arep nangisi Moab, arep sesambat marga saka Moab kabeh lan ngadhuh-adhuh marga saka wong Kir-Heres 32 Aku bakal nangisi kowe, ngluwihi anggonku nangisi Yaezer he wis anggur Sibma Elung-elungmu mrambat tekan ing sagara, nggedhabyah tekan ing Yaezer. Si pengrusak wus ambruk nibani panenanmu mangsa katiga lan oleh-olehaning anggurmu. 33 Sukarena lan giyak-giyak wus sirna, saka kebon woh-wohan lan saka ing tanah Moab. Ingsun wus ngedohake anggur saka ing pamipitan, tukang ngiles wus ora ana kang ngiles, suraking kabungahan wus ora keprungu maneh. 34 Hesybon lan Eleale gembar-gembor, wong padha ngumbar swarane nganti tekan Yahas, saka Zoar tekan Horonaim lan Eglat-Selisia, amarga banyune kali Nimrim uga wus asat. 35 Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal mbubarake wong Moab anggone aweh kurban obaran ing tengger pangurbanan, lan kekutug marang allahe. 36 Marga saka iku kayadene Ingsun trenyuh miyarsa swaraning suling, mangkono uga galihingSun trenyuh nguningani kaanane Moab lan kaanane para wong Kir-Heres; sakehing bandhane kang ditumpuk-tumpuk rak wis ilang kabeh? 37 Lah, saben sirah diplonthos lan sadhengah jenggot dicukur, kabeh tangan ana belekane lan padha nganggo sandhangan prihatin ana ing lambunge. 38 Ing payon-payonaning omah ing Moab lan ing alun-alune mung ana kasusahan thok; -- lah, Ingsun wus ngepruk Moab kaya wadhah beling, temah ora ana wong kang seneng marang iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 39 Iba kagete Moab Iba wirange Moab, nganti ngumpetake raine Moab wus dadi pepoyokan lan pagiris tumrap wong ing saubenge kabeh. 40 Amarga -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah: -- Lah, tekane nglayang kaya manuk garudha, lan ngegarake swiwine ing sadhuwure tanah Moab. 41 Kutha-kutha padha dibedhah, beteng-beteng pananggulangan digempur, atine para prawiraning Moab ing kala semana kaya atine wong wadon kang lagi nglarani. 42 Moab bakal mari anggone dadi bangsa, amarga ngegungake dhiri ana ing ngarsane Sang Yehuwah. 43 He wong isine nagara Moab, pagiris, luwangan lan kalajiret dadi pandumanira; -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 44 Kang keplayu marga saka pagiris bakal kecegur ing luwangan, kang krekelan saka ing luwangan kena ing jiret. Lah, Ingsun ndhatengake iki kabeh marang Moab, ing taun tibaning paukumane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 45 Ana ing pangaubane Hesybon, para wong kang keplayu padha mandheg, entek kakuwatane, nanging banjur ana geni kang metu saka ing Hesybon, urubing geni saka ing kratone Sihon, kang mangsa pilingane wong Moab lan pathake para wong kang gawe ribut. 46 Cilaka sira, he Moab, sira bakal tumpes, he bangsa kang nyembah marang Bathara Kamos. Amarga anak-anakira lanang wus padha cinulik dadi bandhangan lan anak-anakira wadon dadi tawanan. 47 Nanging besuk Ingsun bakal mulihake kaanane Moab. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Tekan samene pangandikane bab paukuman tumrap Moab. Tumrap bani Amon 49:1-6 49 1 Tumrap bani Amon. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Apa ora ana turune Israel, apa ora ana ahli warise? Kena apa Bathara Milkom ndarbeni Gad, lan bangsane ngenggoni kutha-kuthane? 2 Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun bakal damel anane surak ramening paprangan, nglawan Raba kuthane bani Amon. Kutha iku bakal dadi punthuk kang garing, lan kutha-kutha wewengkone bakal padha diobongi, dene Israel bakal ngebeki wong-wong kang biyen ndarbeni iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 3 He Hesybon, nangisa, amarga si pangrusak wus mangsah nempuh, he para putri ing Raba, nganggoa sandhangan prihatin, prihatina, ngubengana kutha klawan tatuning belekan, amarga Milkom bakal katawan menyang ing pambuwangan bareng karo para imam lan para panggedhene. 4 He putri kang kumlungkung, sira kok ngegung-ngegungake lebak- lebakira lan ngendelake raja-brananira sarta ngucap: Sapa kang wani teka nempuh aku? 5 Lah, Ingsun ndhatengake pagiris marang sira, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, -- saka ing sakehing panggonan ing saubengira temah sira padha pating jlerit lumayu manut parane dhewe-dhewe, lan ora ana kang nglumpukake para wong kang pating blesar iku. 6 Nanging sawise mangkono Ingsun bakal mulihake kaanane bani Amon iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Tumrap Edom 49:7-22 7 Tumrap Edom. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Apa wus ora ana kawicaksanan ing Teman? Pamrayogane para wong limpad ing budi apa wis ilang? Kawicaksanane apa wis musna? 8 He wong ing kutha Dedan, mlayua dikebat, ndhelika ing guwa-guwa Amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Esap ing samangsa Ingsun ngukum dheweke. 9 Yen juru ngundhuhi anggur nekani sira, bakal ora ngarekake turahaning pangundhuhe? Yen ana maling ing wayah bengi nekani sira, rak bakal ngrusak sasenenge? 10 Nanging Ingsun wus mblejedi Esap, ngeblakake papan-papan pandhelikane temah ora bisa umpetan maneh. Turune wis tumpes, dene sadulur-sadulure apadene tangga-tangga bangsane wis ora ana maneh. 11 Tinggalen anak-anakira kang lola, bakal Sunuripi, cikben randha-randhanira kumandel marang Ingsun” 12 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sanadyan para wong kang ora pantes ngombe isining tuwung iku, kapeksa wis ngombe, apa iya sira bakal luwar saka ing paukuman? Sira ora bakal luwar saka ing paukuman, nanging mesthi ngombe 13 Amarga Ingsun wus supaos, demi Ingsun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Bozra bakal dadi garing, ciri, jugrugan lan ipat-ipat lan sakehe kuthane bakal dadi jugrugan kang langgeng” 14 Aku wus krungu warta saka Sang Yehuwah, sawijining utusan wus kadhawuhan menyang ing satengahing para bangsa: “Padha ngumpula, majua, nempuha, samektaa ing perang 15 Amarga lah, Ingsun wus ndadekake sira asor ana ing antarane para bangsa, diremehake ana ing antarane manungsa. 16 Trajangira kang nggegirisi lan kumlungkunge atinira, ngloropake sira, iya sira kang ana ing guwa-guwa parang, lan kang ana ing dhuwur gunung Sanadyan sira gawe susuhira ana ing papan kang dhuwur, kaya manuk garudha, Ingsun bakal mlorodake sira saka ing kono, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 17 Edom bakal dadi garing; saben wong kang ngliwati panggonan kono kaget semu gumun lan ngeses marga sakehing wewelake 18 Kayadene nalika Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge diobrak-abrik -- pangandikane Sang Yehuwah -- ora ana wong siji-sijia kang manggon lan ora bakal ana manungsa siji bae kang dedunung ing kono. 19 Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun? 20 Mulane rungokna kekancingane Sang Yehuwah tumrap Edom lan rantamane Pangeran tumrap wong ing Teman. Menawa kang cilik dhewe saka ing antarane pepanthan wedhus bakal diseret. Menawa pasuketane dhewe bakal ngrasa kaget semu gumun marga saka kaanane iku. 21 Bumi bakal horeg marga saka swarane tibane; panjerite keprungu nganti tekan ing sagara Teberau. 22 Lah banjur mumbul mabur kaya manuk garudha, nglayang lan ngegarake swiwine ing dhuwure Bozra. Atine para prawiraning Edom ing dina iku bakal kaya atine wong wadon kang lagi nglarani.” Tumrap Damsyik 49:23-27 23 Tumrap Damsyik. “Hamat lan Arpad padha wirang, amarga padha krungu warta kang ala; atine dheg-dhegan marga semplah, ora bisa tentrem. 24 Damsyik wis ora duwe krekat, mengo arep lumayu, kecandhak ing pagiris, karupekan lan krasa lara kaya wong wadon kang lagi nglarani, kaya wong wadon kang lagi nglairake. 25 Lah, kutha kang dadi pangaleman lan gambira iku wus ditinggal prung. 26 Mulane para nom-nomane bakal padha ambruk ana ing alun-alune lan sakehing prajurite bakal padha ora cemuwit ing dina iku. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 27 Ingsun bakal ngurubake geni ana ing balowartine kutha Damsyik lan ngobong kratone Benhadad.” Tumrap suku-suku bangsa Arab 49:28-33 28 Tumrap Kedar lan karajan-karajane Hazor, kang digecak kaesorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Samektaa, majua perang nglawan Kedar, para wong ing sisih wetan sirnakna 29 Kemah-kemah lan pepanthaning wedhuse karayaha nganti gusis, dalah tendha- tendha lan sakehing pirantine. Unta-untane kabandhangana kabeh uga, lan padha kasurakana: Pageger saka keblat papat 30 Lumayua, ngungsia dikebat, ndhelika ing guwa-guwa, he wong ing kutha Hazor -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Amarga Nebukadnezar, ratu ing Babil wis gawe putusan tumrap sira kabeh lan wus gawe rancangan tumrap sira. 31 Samektaa, majua perang nglawan bangsa kang santosa uripe, kang manggon klawan ayem-tentrem, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- apadene kang ora duwe gapura utawa slarak sarta mencil pamanggone. 32 Unta-untane bakal dadi jarahan lan raja-kayane kang akeh cacahe iku dadi rayahan. Ingsun bakal mbuyarake marang keblat papat sakehing wong kang nyukur pucuking rambute mubeng lan Ingsun bakal ndhatengake bilai tumrap marang para wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 33 Hazor bakal dadi pandhelikane asu ajag, dadi papan ngenthak-enthak ing salawas-lawase. Ora ana wong siji-sijia kang bakal manggon ing kono lan ora ana manungsa siji bae kang bakal dedunung ana ing kono maneh.” Tumrap Elam 49:34-39 34 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap Elam, ing nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda: 35 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah Ingsun mutung gandhewane Elam, yaiku bakune kakuwatane. 36 Ingsun ndhatengake marang Elam angin papat saka keblat papat lan bakal mbuyarake wong-wong iku marang keblat papat, temah ora ana bangsa siji-sijia kang ora ketekan wong Elam kang pating blesar mau. 37 Ingsun ndadekake girise Elam ana ing ngareping mungsuhe lan ing ngarepe para wong kang ngarah nyawane, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Elam, yaiku dedukaningSun kang mulad-mulad, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Ingsun bakal ngutus pedhang mburu wong-wong mau nganti Sunsirnakake kabeh. 38 Ingsun bakal ngadegake dhamparingSun ana ing Elam, lan Ingsun bakal nyirnakake para raja lan para panggedhe ing kono -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 39 Nanging besuk Ingsun bakal mulihake kaanane Elam. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Tumrap Babil 50:1-46 50 1 Pangandikane Sang Yehuwah lumantar Nabi Yeremia tumrap Babil lan tanahe para wong Kasdim: 2 “Undhangna ana ing antarane para bangsa lan wartakna, ngadegna tunggul lan wartakna, aja disidhem, kandhakna: Babil wus bedhah, Bathara Bel nandhang wirang, Bathara Merodakh wus nandhang giris. Brahalane padha wirang, para dewane kang nistha padha katempuh ing pagiris. 3 Ana sawijining bangsa kang nempuh Babil saka ing lor, njalari tanahe dadi garing, ora ana kang ngenggoni maneh, manungsa apadene kewan kabeh padha keplayu larud. 4 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ing wektu lan ing mangsa iku wong Israel bakal teka bebarengan karo wong Yehuda; wong iku bakal padha lumaku karo nangis ngupaya Sang Yehuwah, Gusti Allahe; 5 wong iku padha takon dalan menyang Sion, parane mrana: Payo kita padha nunggal karo Sang Yehuwah, nunggal ing prajanjian kang langgeng, kang ora bisa dilalekake. 6 Maune umatingSun kaya wedhus-wedhus kang ketriwal, padha kesasar ditogake bae dening para pangone, diuja saba ana ing gunung-gunung, padha lumaku saka ing gunung menyang ing tengger, temah lali marang plegungane. 7 Padha dimangsa dening wong kang padha mrangguli nganti entek; lan para satrune padha ngucap: Aku padha ora luput Amarga iku wus padha nglakoni dosa marang Sang Yehuwah papaning kabeneran, Sang Yehuwah, kang dadi pangarep-arepe para leluhure 8 Padha lumayu saka ing laladan Babil, saka ing nagarane wong Kasdim Metua Dadia kaya wedhus-wedhus lanang, kang manggedheni pepanthane 9 Amarga lah, Ingsun ngebahake lan nangekake bangsa golongan gedhe saka ing tanah lor, supaya nglawan Babil. Wong-wong iku padha masang gelar kanggo nglawan mungsuhe, saka ing kono anggone mbedhah kutha. Panah-panahe kaya pahlawan kang begja, kang ora tau bali nglenthung. 10 Nagarane bangsa Kasdim bakal dadi jarahan, sakehe wong kang njarah-rayah bakal padha lega atine. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 11 He wong kang padha ngrayah bandhaningSun, sanadyan sira padha seneng-seneng lan suka-parisuka, tuwin mencolot-mencolot kaya pedhet ana ing pangonan, sarta mbeker-mbeker kaya jaran lanang, 12 ewadene biyungira nandhang wirang banget lan wong wadon kang nglairake sira klicutan Lah, dheweke dadi kang buncit dhewe, ing antarane para bangsa, dadi pasamunan, dadi alas, lan pasuketan garing 13 Marga saka bebendune Sang Yehuwah, nagara iku ora bakal didunungi manungsa maneh, dadi tanah garing babar pisan. Saben wong ngliwati Babil bakal kaget semu gumun, tuwin ngeses marga wewelak kang disandhang. 14 He para bala kang asikep gandhewa masanga gelar kanggo nempuh Babil saka keblat papat. Lepasna panahira aja nganggo ngeman panah, amarga iku nglakoni dosa marang Sang Yehuwah. 15 Padha nempuha kambi surak-surak saka ing keblat papat Wonge wis asrah bongkokan, saka-sakane wis rubuh, pager-pagere wis ambruk Lah iku piwalese Sang Yehuwah. Tibakna piwalesira. Tandukna kayadene kang ditandukake 16 Sirnakna juru nyebar saka ing Babil, sarta wong ngerit ing mangsa panen Kanggo nyingkiri pedhang kang nggegirisi iku, saben wong bakal ngulihi bangsane, lan lumayu menyang nagarane. 17 Israel iku kaya wedhus kang dibuyarake, dioyak-oyak dening singa akeh. Wiwitane dimangsa dening ratu ing Asyur, wekasane saiki balunge diklethak-klethak dening Nebukadnezar, ratu ing Babil. 18 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun ngukum ratu ing Babil lan nagarane kayadene anggoningSun ngukum ratu ing Asyur. 19 Nanging Ingsun bakal ngulihake Israel menyang ing pangonane, supaya nyengguta suket ana ing gunung Karmel lan ing Basan tuwin ana ing pagunungan Efraim lan Gilead. 20 Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputane Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 21 Padha ngluruga menyang Merataim, majua nempuha wong ing Pekod Patenana lan tumpesen bangsa iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Poma tindakna trep kaya kang Sundhawuhake 22 Gumuruh swaraning perang ing nagara kono, kang nuwuhake karusakan akeh 23 Gada kang kanggo saindenging bumi kok banjur remuk bubuk, ajur mumur mangkono Babil kok banjur dadi sangsara nggegirisi mangkono ana ing antarane para bangsa 24 He Babil, Ingsun masang kalajiret kanggo sira, temah sira kejiret, ora sira nyana. Sira konangan lan pancen kecekel amarga sira wis nantang Sang Yehuwah. 25 Sang Yehuwah wis mbikak gedhong parawatane lan ngedalake dedameling bebendune, amarga ana pakaryan kagem Gusti Allah. Gustining sarwa dumadi, ana ing nagarane wong Kasdim. 26 Payo padha nekani saka ing keblat papat, lumbung-lumbunge wengakna, isine tumpuken, undhung-undhungen lan rusaken lan aja nganti ana kekarene sethithik- thithika 27 Sakehing sapine patenana, cikben mati kabeh disembeleh Cilaka wong-wong iku, amarga wus tumeka ing mangsane, yaiku wektu anggone padha tampa paukuman. 28 Padha rungokna Para wong kang keplayu lan kang bisa oncat saka ing nagara Babil, padha teka lan ngabari ana ing Sion, bab piwalese Sang Yehuwah, Gusti Allah kita; piwales marga saka padalemane kang suci. 29 Klumpukna sakehing bala kang asikep gandhewa, sakehing bala-panahan, supaya nglawan Babil Ngadegna kemah-kemah pangepungan, supaya aja ana kang bisa oncat Walesen satimbang karo panggawene, trapna marang wong-wong iku kang plek karo kang dilakoni dhewe. Amarga tumindak murang tata ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel. 30 Mulane para nom-nomane padha ambruk ana ing alun-alune lan sakehing prajurite padha bakal tinumpes ana ing kono, ing dina iku. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 31 He sira kang murang tata, lah Ingsun bakal nglawan sira, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi -- amarga wus tumeka ing wektunira Ingsun ngukum sira. 32 Si murang tata bakal kesandhung lan tiba sarta ora ana kang nangekake maneh. Ingsun bakal nyumed geni ana ing kutha-kuthane kang bakal ngobong apa bae kang ana ing sakubenge. 33 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Wong Israel lan Yehuda padha bareng tinindhes. Sakehing wong kang nawan wong-wong iku, tetep anggone nahan, ora gelem ngluwari tawanane. 34 Nanging Juru-Panebuse iku santosa, asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. Mesthine Panjenengane mbelani prakarane umate, supaya padha oleh katentreman ana ing bumi, nanging ndhatengake pagiris marang para wong kang manggon ing Babil. 35 Pedhang bakal nempuh bangsa Kasdim, namani wong ing Babil, ngenani para panggedhe lan para wong wicaksana, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 36 Pedhang nempuh marang juru mbebatang, temah konangan yen bodho Pedhang ngenani para prawirane, temah padha giris. 37 Pedhang ngenani jaran lan karetane perang, nempuh sakehing bala warna-warna kang ana ing tengahe, temah padha dadi kaya wong wadon Pedhang ngenani raja-branane, temah dijarah ing wong 38 Pedhang ngenani sakehing banyune, temah dadi asat Amarga nagara iku kebak reca, wong-wong mau padha edan marga saka brahalane 39 Mulane sato kewan pasamuwan lan asu ajag bakal padha manggon ana ing kono, lan uga manuk unta bakal nusuh ana ing kono. Nagara iku ora bakal dienggoni maneh ing wong sabanjure lan ora bakal didunungi maneh dening turun-turune. 40 Padha kayadene nalika Gusti Allah molak-malik tanah Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing sacedhake, mangkono uga ora bakal ana wong kang manggon ana ing kono maneh lan ora ana manungsa siji-sijia kang dedunung ana ing kono maneh. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 41 Lah, ana sawijining bangsa kang teka saka ing lor, bangsa kang gedhe, lan akeh para ratu kang mangsah perang saka poncoting bumi. 42 Padha asikep gegaman panah lan tumbak; padha ambeksiya, ora kadunungan sih-piwelas. Swarane gumuruh kaya banyuning sagara, padha nunggang jaran, asikep gegaman kaya arep nglurug perang, nempuh marang sira, he, putri ing Babil 43 Ratu ing Babil wus krungu warta bab iku, temah tangane krasa lemes tanpa daya, krasa sesek, ngrasakake lara kayadene wong wadon kang lagi nglarani. 44 Lah, kaya singa kang jumedhul metu saka gegrumbulaning alas ing bengawan Yarden, kang nekani ara-ara pangonan pepanthaning wedhus, iya mangkono anggoningSun ndadekake wong-wong padha lumayu dadakan saka ing nagara kono, lan Ingsun nuli netepake wong liyane kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa marang Ingsun? Apa ana pangon kang tahan ana ing ngarsaningSun? 45 Mulane padha rungokna putusan kang wus Suntetepake tumrap Babil lan rancangan-rancangan kang wus kadamel tumrap nagarane wong Kasdim: Yaiku kang ringkih dhewe ing antarane pepanthaning wedhus bakal diseret. Apadene ara-ara pangonane dhewe krasa kaget semu gumun ing ngatase para wong iku. 46 Bumi bakal horeg marga krungu pawarta: Babil wus bedhah, tangise bakal keprungu ana ing antarane para bangsa” Paukumane Sang Yehuwah marang Babil 51:1-64 51 1 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Lah, Ingsun ngebahake semangat pangrusak tumrap Babil lan wong ing tanah Kasdim. 2 Ingsun bakal ngutus juru napeni kang bakal napeni lan nyaponi nagarane nganti resik, amarga anggone ngepung ing dinaning karubedan saka ing keblat papat. 3 Bala pemanah menthanga gandhewane incerna marang kang nginceng, lan wong kang aklambi kere Aja ngeman marang para nom-nomane, sakehing wadya-balane tumpesen 4 Para wong kang padha pinatenan bakal ambruk ana ing nagarane bangsa Kasdim lan wong kang tatu abot ana ing lurung- lurunge. 5 Lah Israel lan Yehuda ora ditinggal dadi randha dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi, amarga nagarane wong Kasdim iku wis kebak kaluputan ana ing ngarsane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel. 6 Lumayua saka ing tengahe tanah Babil, saben wong goleka slameting nyawane, supaya sira aja padha katut katumpes marga saka kaluputane Amarga iki dinaning piwalese Sang Yehuwah; Panjenengane ngganjar marang para wong Babil. 7 Maune Babil iku kaya tuwung kencana ana ing astane Sang Yehuwah, kang ngendemi wong salumahing bumi. Para bangsa padha ngombe anggure, yaiku jalarane padha dadi edan. 8 Dumadakan Babil ambruk lan remuk; tangisana Babil iku Jupukna lenga boreh kanggo nambani tatune, bokmanawa bisa waras 9 Maune aku arep padha nambani Babil, nanging ora bisa waras. Tinggalen bae, payo padha mulih menyang tanahku dhewe-dhewe Sanyata paukumane wus sundhul ing langit, nganti papak karo mega 10 Sang Yehuwah wus ndadosake nyata sakehing kabeneran kita; payo padha nyritakake pakaryane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita ana ing Sion 11 Panahe padha lancipana, tameng-tameng padha cepakna Sang Yehuwah wus nggigah semangate para ratu ing Media, amarga rantamane nglawan Babil iku yaiku murih sirnane, iku pamalese Sang Yehuwah, kanggo malesake padalemane kang suci. 12 Acungna tunggul-tunggule marang balowartine Babil, pajagane santosakna Para wong jaga padha prenahna, nganakna cegatan Amarga Sang Yehuwah wus ngrantam lan uga bakal nindakake apa kang wus kagem ngancam wong kang manggon ing Babil. 13 He kowe kang padha manggon ana ing pinggiring bengawan lan sugih raja-brana, iki wus tekan ing wekasaning umurmu, wus tekan ing watesing uripmu 14 Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi wus supaos demi sarirane piyambak: Sanadyan sira kebak manungsa nganti kaya walang, nanging wong bakal padha nguwuh marang sira panguwuhing perang. 15 Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana pangwasane, kang nalesi jagad klawan kawicaksanane, lan kang mbeber langit klawan limpading galihe. 16 Samangsa Panjenengane ngedalake swantene, gumrujug saraning banyu ing langit, Panjenengane nginggahake pedhut lan mega saka ing poncoting bumi, lan damel kilat bareng lan udan sarta ngedalake angin saka ing susuhe. 17 Saben wong iku satemene bodho, ora duwe kawruh, lan saben kemasan bakal nandhang wirang marga reca ukir-ukiran garapane. Amarga reca cor-corane iku goroh, ora kadunungan nyawa. 18 Sakabehe iku muspra, gegaweane mung dadi pepoyokan lan bakal kalebur ing wektu tumibaning paukuman. 19 Ora mangkono mungguh Panjenengane kang dadi pandumane Yakub, amarga Panjenengane kang nitahake samubarang kabeh, lan Israel dadi taler kagungane, asmane sinebut Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. 20 Sira iku maune dadi gada tumrap Ingsun, gegamaning perang: Kalawan sira Ingsun ngremuk para bangsa, kalawan sira Ingsun nyirnakake krajan-krajan. 21 Kalawan sira Ingsun ngremuk jaran dalah kang nunggangi, kalawan sira Ingsun ngejur kareta perang dalah kang nunggang. 22 Kalawan sira Ingsun ngremuk wong lanang lan wong wadon, kalawan sira Ingsun ngejur wong tuwa lan wong anom, kalawan sira Ingsun ngejur jaka lan prawan, 23 kalawan sira Ingsun ngremuk para pangon lan pepanthaning wedhuse, kalawan sira Ingsun ngremuk petani lan sapi kang kanggo mluku, kalawan sira Ingsun ngejur para bupati lan para panggedhe 24 Apadene Ingsun bakal paring piwales marang Babil lan sakehing wong Kasdim marga saka sakehing pialane, kang ditandukake marang Sion, kaya kang sira sipati dhewe. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 25 He gunung pangrusak, lah, Ingsun dadi mungsuhira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- kang nglebur salumahing bumi Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang sira, nggolingake sira saka ing parang-parang lan ndadekake sira dadi gunung geni kang wis sirep. 26 Wong ora bakal njupuk watu saka sira kanggo watu pepojok utawa tetates, nanging sira bakal dadi panggonan kang garing ing salawase. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 27 Ngadegna tunggul ana ing bumi, ngunekna kalasangka ana ing tengahe para umat, para bangsa padha samektakna ing perang nglawan Babil balane karajan-karajan kumpulna -- Ararat, Mini lan Askenas -- ngadegna senapati nglawan Babil, ngajokna jaran-jaran kang kehe kaya walang 28 Samektakna para bangsa marang perang, para ratu ing Media, karo para bupati lan para panggedhene, lan sadhengah nagara kang dibawahake. 29 Bumi gonjang-ganjing lan horeg, amarga rantamane Sang Yehuwah tumrap Babil lagi katindakake, yaiku supaya nagara Babil dadi tanah kang cengkar, lan ora ana kang ngenggoni. 30 Para prawiraning Babil wus padha leren anggone perang, padha thenguk-thenguk ana ing beteng-beteng, kuwanene wus ilang, wis dadi kaya wong wadon. Omah-omahe wus kaobong, slaraking gapurane tugel 31 Playangan kilat lumayu susul-sumusul. Para juru warta padha susul-sumusul, padha nyaosi kabar marang ratu ing Babil, yen kuthane wis padha diejegi saka ing keblat papat, 32 sabrangane wus padha diejegi, beteng-beteng kang kanggo nanggulangi wus diobongi, para prajurit wis padha giris. 33 Sebab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Putri ing Babil iku kayadene pamipitan, ing wektune wong ngiles-iles. Sadhela engkas bakal wus mangsa panen. 34 Aku dimangsa, dijuwing-juwing dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, diselehake kaya mangkok kothong. Panjenengane nguntal aku kaya naga, kang wetenge kebak pangananku kang enak-enak, aku dibuwang. 35 Babil katampeka ing panganiaya lan paniksa kang pancena tumempuh marang aku: kaya mangkono kudune celathune wong ing Sion, getihku cikben tumempuh marang wong ing Kasdim, kaya mangkono kudune ujare Yerusalem. 36 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ngembani prakaranira, lan malesake sira: Ingsun bakal ngasatake sagarane lan mateni sumbere banyu. 37 Babil bakal dadi tumpukan gempuran, pandhelikane asu ajag, panggonan kang marakake ngungun lan ngeses-ngeses lan dadi cecampahan, ora ana kang ngenggoni. 38 Padha bebarengan nggero kaya singa nom, lan nggereng kaya anak singa. 39 Manawa wus padha krasa sumuk, Ingsun bakal nyawisi bujana, bakal Sunendemi supaya mumet, lan banjur ambruk ing salawas-lawase, sarta ora bakal bisa tangi maneh. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. 40 Ingsun bakal ngebrukake wong-wong iku, kang nuli disembeleh kaya cempe, sarta kaya wedhus gembel lan wedhus jawa lanang. 41 Kapriye dene kutha Sesakh, kang dadi pangalemaning jagad bisa kabedhah lan diebroki Kapriye dene Babil banjur dadi margane trenyuh mawor gumun ana ing antarane para bangsa 42 Sagara wus rob ngelebi tanah Babil, alun-alune gumuruh ngebyuki. 43 Kutha-kuthane wus dadi tanah ludhes, tanah mati lan ara-ara samun, kang ora didunungi manungsa lan ora diambah ing wong siji-sijia. 44 Ingsun bakal ngukum Bathara Bel ing Babil, lan mutahake apa kang wus diuntal. Bangsa-bangsa ora bakal ndilir maneh, amarga balowartine Babil uga wus jugrug. 45 He umatingSun, metua saka ing antarane Saben wong nylametna nyawane saka ing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad 46 Atinira aja kekes lan giris marga saka pawarta kang keprungu ana ing nagara: manawa ing taun iki kang sumebar kabar iki lan ing taun ngarep kabar iku, manawa kekerasan saya ndadra ana ing nagara sarta manawa pangwasa kang wengis nglawan padha wengis. 47 Mulane lah, bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun nglebur reca-reca ing Babil; sawrataning nagarane bakal nandhang wirang lan sakehing wong kang pinatenan padha ambruk ana ing satengahe. 48 Dene langit lan bumi lan sakehe kang padha ana ing kono bakal rame nyuraki Babil, samangsa para juru pangrusak teka saka ing lor. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 49 Babil bakal ambruk marga wong kang padha mati ing antarane Israel padha kaya wong ing saindenging jagad kang mati dening Babil. 50 Kowe, wong kang padha oncat saka ing pedhang, padha lungaa, aja mandheg- mandheg Elinga marang Sang Yehuwah ing tanah kang adoh lan Yerusalem timbula maneh ana ing atimu 51 Kawula sami isin, amargi kula mireng pawartos bab pamada lan panyamah ingkang ngebeki bumi, dene tiyang ngamanca sami mlebet ing papan-papan suci ing padalemanipun Sang Yehuwah. 52 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane Ingsun bakal nglebur reca-recane lan ing saindenging nagarane wong bakal padha nggluruh marga tatu sinuduk. 53 Sanadyan Babil mumbula tekan ing langit lan yasa beteng-beteng ana ing papan kang dhuwur, nganti ora kena diparani, atas dhawuhingSun iku bakal ditekani para juru pangrusak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- 54 Mara rungokna Pasambat saka ing Babil lan karusakan kang banget saka nagarane bangsa Kasdim 55 Amarga Pangeran Yehuwah ngrusak tanah Babil lan nglerenake swarane kang sora. Sanadyan alun-alune gumuruh kaya banyu gedhe lan swarane saya rame, 56 ewasamono para juru pangrusak bakal nekani tanah Babil, para prawirane bakal padha dicekeli lan gandhewane bakal padha remuk, amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang paring piwales; Panjenengane mesthi bakal nandukake piwales. 57 Ingsun bakal ngendemi para pangarepe, para wonge kang wicaksana, para bupatine, para panggedhene lan para prawirane, temah padha ambruk keturon ing salawas-lawase, ora bakal tangi maneh. Mangkono pangandikane Sang Nata, kang asmane: Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. 58 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Balowartine Babil kang kandel bakal digempur nganti warata karo lemah, gapura-gapurane kang dhuwur bakal diobong, satemah kangelane para bangsa padha tanpa guna lan kesel-sayahe para talering bangsa mung padha dadi pakaning geni bae.” 59 Piwelinge Nabi Yeremia marang Sang Seraya bin Neria bin Makhseya, nalika Sang Seraya ndherek tindake Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, menyang ing Babil, nalika ing taun kang kaping pate jumenenge. -- Sang Seraya iku ing wektu iku dadi kepala ubarampening kraton. -- 60 Nabi Yeremia wus nulisi ing kitab sakehing bilai, kang bakal nempuh Babil yaiku sakehing pangandika kang tinulisan ana ing kono tumrap Babil. -- 61 Pangandikane Nabi Yeremia marang Sang Seraya: “Manawa kowe tekan ing Babil, mbudidayaa, supaya kowe bisa macakake sakehing pangandika iki, 62 lan munjuka: Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngandika tumrap kitha punika, bilih badhe Paduka tumpes saisinipun sadaya, ngantos boten wonten ingkang ngenggeni, inggih manungsa inggih kewan, lan kitha punika badhe dados tanah ingkang pejah ing salami- laminipun 63 Manawa anggonmu macakake layang iki wis rampung, nuli bandhulana watu lan cemplungna ing bengawan Efrat 64 kambi ngucapa: Kaya mangkene bakal amblese kutha Babil lan ora bakal timbul maneh, marga saka sakehing bilai kang Suntempuhake marang kutha iku.” Tekan samene pangandikane Nabi Yeremia. Sang Prabu Zedhekia ratu ing Yehuda Rusake kraton Yehuda 52:1-30 2Ra 24:18--25:21 2Bb 36:11-21 Ym 39:1-10 52 1 Sang Prabu Zedhekia yuswa selikur taun nalika jumeneng ratu, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sawelas taun. Kang ibu asmane Hamutal, putrane putri Sang Yeremia saka ing Libna. 2 Panjenengane nindakake apa kang ala ana ing ngarsane Sang Yehuwah plek karo apa satindake Sang Prabu Yoyakim. 3 Marga saka bebendune Sang Yehuwah kelakone prakara iki tumrap Yerusalem lan Yehuda, yaiku, anggone banjur padha kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarsane. Sang Prabu Zedhekia mbalela nglawan ratu ing Babil. 4 Mulane nalika ing taun kang kaping sangane jumenenge, ing sasi kang kaping sapuluh tanggal kaping sapuluh Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing Babil kanthi wadya-balane nempuh Yerusalem. Banjur padha masang kemah ngepung Yerusalem lan ngadegake tembok pangepungan ana ing saubenge. 5 Kaya mangkono anggone kutha iku kinepung nganti tumeka ing taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia. 6 Ing tanggal sanga sasi kapat, nalika pailan ing kutha kono wus banget lan wis ora ana kang dipangan dening rakyat ing kono, 7 balowartine kutha nuli dibedhah. Bareng Sang Prabu mirsa prakara iku banjur lolos sabalane nilar kutha kono ing wayah bengi, tindak miyos ing gapura ing sela-selaning balowarti loro, cedhak ing taman raja, sanadyan bala Kasdim ngepung Yerusalem temugelang. Anggone padha lumayu ngener lebak Araba-Yarden. 8 Nanging bala Kasdim mburu Sang Prabu lan Sang Prabu Zedhekia kecepeng ana ing lebak Yerikho; para wadya-balane wus padha pating slebar ninggal panjenengane. 9 Sang Prabu kabanda lan diirid sowan menyang ing ngarsane Sang Nata ing Babil ana ing Ribla ing tanah Hamat; Sang Nata banjur netepake paukumane. 10 Ratu ing Babil dhawuh nyembeleh putra-putrane Sang Prabu Zedhekia ana ing ngarsane, mangkono uga sakehing para panggedhene Yehuda iya pada disembelehi ana ing Ribla. 11 Sang Prabu Zedhekia banjur dicuplaki tingale sarta dibesta kalawan rante tembaga, wasana digawa menyang Babil, katutup ana ing pakunjaran, nganti tumeka ing sedane. 12 Nalika sasi kalima tanggal kaping sapuluh -- iku taun kang kaping sangalase jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil -- Sang Nebuzaradan, panggedhene wadya-bala pengawal, kang ngladeni Sang Nata ing Babil, rawuh ing Yerusalem. 13 Padalemane Sang Yehuwah, kadhatone Sang Prabu lan sakehe omah ing Yerusalem, sakehe daleme para panggedhe padha diobongi. 14 Balowarti sakubenge kutha Yerusalem dijugrugi dening bala Kasdim kang padha ndherek panggedhening wadya-bala pengawal mau. 15 Saperangane wong kang ringkih dhewe, lan kekarene wong kang isih manggon ana ing kono, tuwin para wong kang malik tingal mbalik ndherek ratu ing Babil, apadene kekarene para tukang padha diangkatake menyang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal iku. 16 Mung panunggalane para wong mlarat ing tanah kono, ana sawatara kang ditinggal dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala pengawal mau, supaya dadi juru kebon anggur lan among tani. 17 Saka-sakane tembaga kang ana ing padalemane Sang Yehuwah kareta panyangga lan segaran tembaga kang ana ing padalemane Sang Yehuwah padha dirusak dening bala Kasdim tuwin sakehing tembagane diusungi menyang tanah Babil. 18 Kwali-kwali, sorok- sorok, lading-lading, bokor-bokor panyiraman lan piring-piring apadene sakehing piranti tembaga kang kanggo nindakake pangibadah, dijupuki kabeh. 19 Uga jembangan-jembangan, padupan-padupan, bokor-bokor panyiraman, kwali-kwali, padamaran-padamaran, piring- piring lan tuwung-tuwung, kang emas lan kang salaka, kajupukan dening panggedhening wadya-bala pengawal mau. 20 Dene saka loro, segaran siji lan sapi tembaga rolas kang ana ing sangisore kareta panyangga, kang kayasa dening Sang Prabu Suleman, kanggo padalemane Sang Yehuwah, iku nganti ora kena dibobot tembagane sakehing piranti iku. 21 Dene saka-saka iku, saka siji dhuwure wolulas asta lan dibuleti lawe kang dawane rolas asta, kandele patang nyari lan ing jerone growong. 22 Ing sadhuwure ana krebile tembaga, kang siji iku dhuwure limang asta, lan diubengi anam-anaman lan woh-wohan delima, kabeh tembaga. Lan saka kang kapindho uga kaya mangkono. 23 Mungguh wohe delima ana sangang puluh nem woh delima kang awujud gambar mbrenjul, cacahe woh-wohan delima iku kabeh ana satus ngubengi anam-anaman iku. 24 Panggedhening wadya-bala pengawal iku banjur nyepeng Imam Seraya, pangarepe tetuwane para imam, lan Imam Zefanya, imam pangkat loro, lan jaga-gapura telu. 25 Saka kutha kono kang dicekel sawijining punggawa kraton kang diangkat dadi panggedhene para prajurit, lan abdidaleme Sang Prabu pitu kang ana ing kutha kono, lan panitraning senapati kang ngumpulake rakyat dadi prajurit, apadene wong sawidak saka antarane rakyat ing sajroning kutha kono. 26 Nebuzaradan panggedhening wadya-bala pengawal mau dhawuh nyekel para wong iku kang banjur diladekake marang ngarsane ratu ing Babil, ana ing Ribla. 27 Raja ing Babil nuli dhawuh mateni para wong iku ana ing Ribla ing tanah Hamat. Mangkono anggone wong Yehuda padha diangkatake menyang ing pambuwangan saka ing tanahe. 28 Iki cacahe rakyat kang diangkat menyang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan: nalika ing taun kapitune, telung ewu telulikur jiwa saka ing Yehuda; 29 nalika taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Nebukadnezar, wolung atus telung puluh loro jiwa saka ing Yerusalem; 30 nalika ing taun kang kaping telulikur jamane Sang Prabu Nebukadnezar, kang diangkatake menyang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala pengawal mau pitung atus patang puluh lima jiwa saka ing Yehuda; gunggunge kabeh ana patang ewu nem atus jiwa. Sang Prabu Yoyakhin kinasihan 52:31-34 2Ra 25:27-30 31 Wusana nalika ing taun kang kaping telung puluh pitu sawuse Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, kabucal, nalika sasi karolas tanggal selawe ing sasi iku, Sang Prabu Ewil-Merodakh, ratu ing Babil, ing taun jumenenge, ngatingalake piwelase marang Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, sarta banjur ngluwari panjenengane saka ing pakunjaran. 32 Sang Prabu Ewil-Merodakh tangkepe grapyak marang panjenengane sarta maringi kalenggahan kang luwih dhuwur katimbang karo ratu kang bebarengan karo panjenengane ana ing Babil. 33 Sang Prabu Yoyakhin kepareng lukar pengagemane pakunjaran lan ing salawase sugenge diparengake ajeg dhahar roti ana ing ngarsane ratu ing Babil. 34 Lan mungguh panggesangane ing saben dinane diparingi dening Sang Nata ing Babil, ing sajege sugenge nganti tumeka ing sedane. KIDUNG PANGADHUH Gempure lan sepine Yerusalem 1:1-22 1 1 Adhuh lae, kutha iku kok sepi temen, kang dhek biyen reja banget Wus dadi kaya randha kang maune linuwih ana ing satengahe para bangsa. Kang biyen dadi ratune kutha-kutha, saiki dadi jajahan. 2 Ing wayah bengi nangis kelara-lara, pipine adus luh; ing antarane para kang nresnani, ora ana siji bae kang aweh panglipur. Mitrane kabeh wus padha nyidrani, wus malih dadi satrune. 3 Yehuda wus ditinggal dening kang padha ngenggoni, marga saka sangsara lan saka abote anggone dikawulakake; saiki dumunung ing antarane para bangsa, ewadene ora bisa oleh katentreman; sapa bae kang nempuh bisa ngejegi ing mangsa nemahi karubedan. 4 Dalan-dalan kang anjog ing Sion kebak prihatin, marga ora ana kang padha nekani riyaya, gapurane sepi nyenyet kabeh, para imame padha ngesah, para prawane padha sedhih, dene Sion dhewe pepes atine. 5 Para mungsuhe padha nguwasani, lan satrune padha seneng-seneng. Pranyata Sion diganjar kasusahan dening Pangeran Yehuwah, marga akeh panerake; anak-anake padha lumaku ana ing ngarepe satrune kayadene tawanan. 6 Putri ing Sion wus koncatan kamulyane kabeh, para pemimpine padha kaya menjangan kang ora nemu panggonan kanggo nyenggut; nglentroh anggone lumaku, ana ing ngarepe kang ngoyak-oyak. 7 Ing dinane kasangsaran lan kasusahan Yerusalem kelingan marang sakehing raja-brana kang dadi duweke dhek biyen; nalika wonge katelukake dening mungsuh, lan ora ana kang mitulungi, para satrune padha nyawang lan padha gumuyu, marga saka karusakane. 8 Yerusalem banget anggone gawe dosa, satemah kaanane najis; kabeh kang biyen padha ngajeni, saiki padha ngremehake, marga weruh anggone kawudan; Yerusalem dhewe sambat-sambat kambi mungkur. 9 Kanajisane kelet ing poncoting jubahe, wus ora mikir bab bakal wekasane, anggone tiba kanteb banget, ora ana wong kang nglipur. “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula, margi pun mengsah ngegungaken badanipun piyambak.” 10 Si satru gumrageh tangane marang raja-branane Yerusalem kabeh, malah Yerusalem ndeleng para bangsa anggone padha lumebu ing papan pasucene, mangka Paduka, dhuh Yehuwah, sampun ngawisi tiyang-tiyang punika, boten kenging lumebet ing pasamuwan Paduka. 11 Wong saisine Yerusalem kabeh padha sambat-sambat, padha golek roti; raja-branane diijolake pangan, kanggo nyambung uripe. “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani, dene samanten kanisthan kawula. 12 Heh kowe kang padha liwat, apa kowe ora padha mreduli? Sawangen lan tamatna, apa ana kasusahan kaya kang ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku, supaya aku nandhang sedhih banget, nalika bebendune mulad-mulad? 13 Panjenengane ngintunake geni saka ing dhuwur, kang manjing ing balung-balungku; Panjenengane masang jaring ana ing ngarepe sikilku, aku didhesek mundur, sarta aku digawe kaget, lan kelaran nganti sadina muput. 14 Sakehing panerakku iku pasangan kang abot, sawijining bebuletan, damelaning astane Pangeran, kang ditumpangake ana ing guluku, satemah njalari enteking kakuwatanku. Pangeran wus ngulungake aku marang ing tangane para wong kang aku ora kaconggah nandhingi. 15 Pangeran wus mbucal sakehe para gegedhugku kang ana ing wewengkonku. Pangeran wus damel pista kanggo nglawan marang aku, kanggo nyirnakake para wong nonomanku. Pangeran wus ngidak-ngidak putri Yehuda, para kenya, kaya patrape ngiles-iles meres anggur. 16 Marga saka iku aku nangis, mripatku ngetokake luh carocosan, awitdene juru panglipur kang bisa nglejarake atiku wus adoh; anak-anakku padha bingung, marga si satru rosa banget.” 17 Sion ngegarake tangane, nanging ora ana wong kang nglipur; Pangeran Yehuwah wus nglempakake tangga-tanggane, supaya padha nglawan marang Yakub. Yerusalem wus dadi najis, ana ing satengahe mungsuh-mungsuh mau. 18 “Pangeran Yehuwah iku kang leres, awit aku wus mbalela marang pangandikane; heh sakehe bangsa, padha rungokna lan sawangen prihatinku, para wong nonomanku lanang lan wadon wus padha lunga dadi tawanan. 19 Aku ngundang para kang daktresnani, nanging iku padha ngapusi aku, para imamku lan para tuwa-tuwaku, wus padha ngajal kabeh ana ing kutha, nalika padha golek pangan kanggo nyambung uripe. 20 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani, anggen kawula ajrih sanget punika, saha anggenipun nyawa kawula ngolang-ngaling punika, manah kawula molak-malik wonten ing nglebet kawula, awitdene kesangeten anggen kawula mbalela, wonten ing jawi anak-anak kawula katumpes dening pedhang, wonten ing salebetipun griya dening sesakit pes. 21 Paduka mugi karsaa midhangetaken, kadospundi anggen kawula sesambat, mangka boten wonten ingkang nglipur kawula, mengsah-mengsah kawula sami mireng bab kasangsaran kawula, lajeng sami bingah, awit Paduka ingkang ndhatengaken punika Dinten ingkang sampun Paduka undhangaken punika mugi kadhatengna, saha mengsah-mengsah wau mugi sami dadosa kados kawula 22 Piawonipun sadaya mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka, saha tiyang-tiyang wau lajeng mugi sami Paduka etrapi punapa ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng kawula, margi saking kathahipun duraka kawula; awit kathah panggresah kawula, sarta manah kawula nandhang sakit.” Bebendune Gusti Allah marang Sion 2:1-22 2 1 Adhuh lae, putri Sion, banget temen anggone kinemulan ing mendhung dening Pangeran ing sajroning bebendune, kamulyane Israel wus kabuwang Panjenengane saka ing langit menyang ing bumi. Ancik-anciking sampeyane ora diengeti nalika Panjenengane duka. 2 Pangeran nyirnakake sakehe pategalane Yakub, ora nganggo pinaringan sih-piwelas. Panjenengane ing sajroning bramatyane nggempuri sakehe betenge putri ing Yehuda. Karajan dalah para panggedhene padha kabanting ing bumi lan didamel sawiyah-wiyah. 3 Marga saka mulad-mulading bebendune, sakehe sungune Israel padha dipokahi, nalika mungsuh wus cedhak Pangeran ngingkedake astane tengen, Panjenengane mbesmi Yakub kaya geni kang mulad-mulad kang mangsa ing sakubenge. 4 Pangeran menthang gandhewane kaya mungsuh, lan ngacungake astane tengen kaya satru, mateni sakabehe kang nengsemake pandeleng kang ana ing tarube putri Sion, bebendune kaesokake kayadene geni. 5 Pangeran wus malih dadi kaya mungsuh, Israel kalebur, sakehing kedhatone karemuk, beteng-betenge padha kadadekake gempuran, kasusahan lan pasambate putri ing Yehuda kadadekake akeh. 6 Tarube piyambak karusak kaya kebon, papan masamuwane kabubrah. Ana ing Sion Pangeran Yehuwah wus damel laline wong marang riyaya lan sabat, raja lan imam wus padha ditampik, marga saka bramatyane. 7 Pangeran mbucal misbyahe piyambak, pasucene katilar, temboking kadhatone padha dipasrahake marang ing tangane mungsuh; mungsuh mau padha ngumbar swara ana ing Padalemaning Allah, memper kaya kramean ing dina riyaya. 8 Pangeran Yehuwah wus damel putusan ndadekake gempuran balowartine putri Sion, kabeh wus diukur srana tali ukuran, astane ora mingsed saka anggone bakal ngrisak, balowarti ing jaba lan ing jero padha kadadekake ngadhuh-adhuh lan ngenes kabeh. 9 Gapurane padha ambles ing bumi, Pangeran Yehuwah ngrisak lan nugel-nugel slarake; rajane lan panggedhene padha dumunung ana ing antarane bangsa manca. Ora ana pitedah saka Sang Yehuwah dalah para nabine padha ora tampa wahyu saka Panjenengane. 10 Para tuwa-tuwane putri Sion, padha nglosod ana ing lemah, padha nguwur-uwuri awu ing sirahe lan manganggo bagor. Para prawan ing Yerusalem, padha tumungkul konjem ing bumi. 11 Mripatku nganti nggerong dening luh, remuk bubuk atiku, atiku ajur mumur, marga tumpese putrine bangsaku, dene bocah cilik lan bayi padha sumaput ana ing ara-araning kutha. 12 Padha takon marang biyunge: “Endi rotine lan anggure?”, nalika padha sumaput ana ing alun-alune kutha kaya wong kang gugur ana ing paprangan, sarta padha pegat nyawa ana ing pangkone biyunge. 13 He, putri ing Yerusalem, aku bisa mratelakake apa marang kowe, lan kowe kena dakupamakake apa? He, putri kenya ing Sion, kowe kena dakupamakake apa, kanggo nglipur kowe, marga gempuranmu ambane kaya sagara, sapa kang bisa marasake kowe? 14 Para nabimu padha nyaritakake marang kowe wahyu kang cidra lan kothong. Padha ora mratelakake kaluputanmu supaya kowe banjur waras maneh. Wangsit-wangsit kang goroh lan nasarake kang dikandhakake marang kowe. 15 Sakehe wong kang liwat, padha keplok-keplok marga meruhi kowe, padha ngeses-ngeses lan gedheg-gedheg, tumrap putri ing Yerusalem, ujare: “Apa iki kutha kang kaaranan luwih dening endah, dadi kasenengane wong salumahing bumi kabeh?” 16 Sakehe mungsuhmu padha ngunek- unekake kowe, padha ngeses-ngeses lan nggeget untu, ujare: “Iku wus padha daksirnakake” “La, yaiki dina kang dakarep-arep, wus dakalami lan daksipati” 17 Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang karancang, wus netepi apa kang dadi pangandikane, kang diundhangake wiwit dhek jaman biyen, wus nggempur tanpa pangeman, mungsuh didadekake seneng ing ngatase kowe, sungune satru-satrumu wus didhuwurake. 18 Sambat-sambata marang Pangeran kanthi seru, he, putri ing Sion, rina-wengi luhmu milia kaya kali, awakmu aja kokasokake, mripatmu aja nganti leren 19 Tangia, ngadhuh-adhuha ing wayah bengi, ing wiwitaning giliraning jaga bengi; isining atimu esokna kaya banyu, ana ing ngarsaning Pangeran, tanganmu egarna marang Panjenengane, amrih uripe anak-anakmu, kang semaput marga saka luwe, ana ing pojoke lurung-lurung. 20 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani saha niti-priksa, sinten ingkang Paduka etrapi makaten punika, punapa tiyang estri kedah nedha wohing wetenganipun piyambak, inggih bayi-bayi ingkang taksih wonten ing bopongan; punapa imam tuwin nabi kedah dipun pejahi wonten ing pasucenipun Pangeran? 21 Nem-neman lan tiyang sepuh, sami gilang-gilang wonten ing margi, prawan-prawan lan jaka-jaka kawula, sami pejah dening pedhang, sami Paduka pejahi nalika Paduka bendu, Paduka pragad tanpa pangowel. 22 Kados-kados ing dinten pahargyan Paduka nimbali sadaya ingkang kawula sami ajrihi saking kiwa-tengen. Nalika Pangeran Yehuwah bendu, boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang saged oncat utawi wilujeng. Lare-lare ingkang kawula uthun-uthun saha kawula gula-wenthah, sami dipun pejahi dening mengsah kawula. Panglipur sajroning kasangsaran 3:1-66 3 1 Aku iki wong kang ngalami sangsara marga saka panggebaging dukane Pangeran. 2 Panjenengane nundhung lan nglampahake aku ana ing pepeteng kang ora ana padhange. 3 Lah aku katibanan ing astane marambah- rambah, nganti sadina muput. 4 Daging lan kulitku didamel susut, balungku padha ditugeli. 5 Pangeran ngedegake tembok ngungkuli aku, ngupengi aku kalawan kaprihatinan lan kasusahan. 6 Aku dipapanake ing panggonan kang peteng, kaya wong kang wus mati suwe. 7 Aku dipepeti, dalan metu ditutup kabeh sarta ditaleni nganggo rante kang abot. 8 Sanadyan aku sambat-sambat lan bengok-bengok nyuwun tulung, pandongaku ora dipiyarsakake. 9 Dalan-dalanku padha dipepeti nganggo watu tatahan, didadekake ora kena diambah. 10 Panjenengane prasasat bruwang kang ngadhang marang aku, lan prasasat singa ana ing pandhelikan. 11 Dalan-dalanku dienggokake, aku disempal-sempal lan ndadosake aku bingung. 12 Gandhewane wus dipenthang lan aku kang dadi lesaning jemparinge. 13 Jemparinge kang ana ing endhonge padha dilepasake kabeh, padha manjing ing atiku. 14 Aku dadi pepoyokane bangsaku kabeh, digawe lagu pangece nganti sadina muput. 15 Aku diwaregi kalawan pepait lan diombeni butrawali. 16 Untuku diremuk, srana aku diparingi mangan krikil, lan aku diblesekake ing lebu. 17 Nyawa kawula Paduka pisahaken saking ing katentreman, kawula kasupen dhateng kabegjan. 18 Ing kono pangiraku: Misuwurku wus sirna, lan pangarep-arepku marang Pangeran Yehuwah wus ilang. 19 “Paduka mugi ngengeti kasangsaran saha anggen kawula kalunta-lunta, punapadene wontenipun butrawali lan wisa.” 20 Nyawa kawula tansah kengetan dhateng prakawis punika, saha nglemprek wonten ing lebet kawula. 21 Nanging iki kang dakrasakake, lan kang njalari aku duwe pangarep-arep: 22 Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot, lan sih-kawelasane ora ana enteke. 23 Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk. Saestu ageng kasetyan Paduka punika 24 Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku, mulane dakarep-arep.” 25 Pangeran iku sae tumrap wong kang padha nganti-anti, tumrap nyawa kang ngupaya Panjenengane. 26 Becik manawa wong nganti-anti marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar. 27 Becik manawa wong lanang mikul pasangan nalika nome. 28 Iku lungguha dhewekan lan menenga, manawa lagi dietrapi dening Pangeran Yehuwah. 29 Ambruka lan nempelna raine ing lebu, bokmanawa isih ana pangarep-arep. 30 Pipine diulungna marang kang napuk, dinganti wareg anggone dipoyoki. 31 Awit Pangeran Yehuwah anggone nyebratake ora ing salawase. 32 Amarga sanadyan Panjenengan maringi kaprihatinan, iya nuli paring palimirma, cundhuk karo sih-kadarmane. 33 Awit ora kalawan lila-legawaning galihe manawa maringi kasusahan lan kaprihatinan marang para anake manungsa. 34 Manawa ana wong kang ngidak-idak sakehe wong tawanan ing salumahing bumi, 35 manawa wewenanging wong dienggokake ana ing ngarsane Kang Mahaluhur, 36 manawa wong ditanduki kang ora adil tumrap prakarane, iku apa ora diuningani dening Pangeran Yehuwah? 37 Sapa ta kang ngandika lan samubarang kabeh banjur ana? Apa dudu Pangeran kang ndhawuhake? 38 Kang ala lan kang becik iku wijile apa ora saka lesane Kang Mahaluhur? 39 Yagene wong urip padha nggresah? Saben wong nggresaha marga saka dosane 40 Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah. 41 Mara, payo padha ngulukake ati lan tangan kita marang Gusti Allah ing swarga lan munjuk: 42 Kawula sampun nerak lan mbalela, mangka Paduka boten paring pangapunten. 43 Paduka singeban bebendu, sarta mbujeng kawula, Paduka pejahi tanpa piwelas. 44 Paduka singeban mendhung, satemah pandonga kawula boten saged nembus. 45 Kawula sami Paduka dadosaken jember lan nistha wonten ing satengahipun para bangsa. 46 Sakathahipun mengsah kawula, sami ngungel-ungelaken kawula. 47 Kawula kataman pagiris sarta kalajiret, karisakan lan pagempuran. 48 Luh kawula mili kados lepen awit saking risaking putrinipun bangsa kawula. 49 Luh kawula tansah crocosan, tanpa wonten kendelipun; 50 ngantos Pangeran Yehuwah ngudaneni saking nginggil saha mirsani saking swarga. 51 Mripat kawula ngantos kraos perih awit saking kawontenanipun para putri ing kitha kawula. 52 Kawula dipun uber-uber kados peksi dening tiyang ingkang sami mengsah dhateng kawula tanpa sabab. 53 Kawula dipun cemplungaken dhateng luweng gesang-gesangan, sarta dipun banggali sela. 54 Toya mbanjiri sirah kawula, kawula nginten: “Bilai aku saiki.” 55 “Dhuh Yehuwah, kawula nyebut asma Paduka saking dhasaring luweng ingkang lebet. 56 Paduka miyarsakaken swara kawula. Paduka sampun ngantos nutupi talingan Paduka tumrap pangadhuh saha pasambat kawula. 57 Nalika kawula sesambat dhateng Paduka, Paduka celak sarta ngandika: Aja wedi.” 58 “Dhuh Yehuwah, Paduka sampun mbelani prakawis kawula, sarta sampun ngluwari gesang kawula. 59 Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nguningani anggen kawula dipun etrapi ingkang boten adil; Paduka mugi karsaa maringi kaadilan 60 Paduka sampun nguningani pangigit- igitipun tiyang-tiyang wau saha sadaya pangrantamipun dhateng kawula.” 61 “Dhuh Yehuwah, Paduka sampun midhangetaken pamemadanipun, dalah pangrantamipun dhateng kawula; 62 punapadene wicantenipun tiyang-tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula, sarta malih pangangen-angenipun awon tumrap kawula sadinten muput 63 Mugi Paduka pirsani ngadeg-linggihipun, kawula kadadosaken lagu pepoyokanipun.” 64 “Dhuh Yehuwah, Paduka badhe nandukaken piwales dhateng tiyang- tiyang wau, miturut ing sapandamelipun. 65 Paduka badhe mangkotaken manahipun, mugi sami kadhawahana laknat Paduka. 66 Dhuh Yehuwah, Paduka badhe mbujeng tiyang-tiyang wau klayan bebendu, sarta sami badhe Paduka sirnakaken saking sangandhaping langit” Kasangsarane Sion kang nggegirisi 4:1-22 4 1 Adhuh lae, emas iku kok surem temen, emas murni kok malih; watu-watu suci iku padha kabuwang ana ing pojoke saben lurung. 2 Para anake Sion kang aji, padha karo kaya emas tuwa, adhuh, kok dipadhakake karo pengaron lemah gaweaning tangane kundhi. 3 Sanadyan asu ajag iya ngulungake susune nusoni anake, nanging putrining bangsaku wus dadi mentala, kaya manuk unta ing sagara wedhi. 4 Ilate bocah pasuson kraket ing cethake dening kasatan; bocah-bocah padha njaluk roti, nanging ora ana kang ngwenehi. 5 Wong kang kulina mangan kang sarwa enak, padha kaluwen ana ing lelurung, kang kulina linggih ing bantal gluga, padha nglemprak ana ing pawuhan. 6 Durakaning putrine bangsaku ngungkuli dosane Sodom, kang diwalik sajroning sakedhep netra, tanpa katiban ing tangan. 7 Para pemimpine resike ngungkuli salju, lan luwih putih tinimbang susu, abanging awake ngungkuli merjan, pasemone memper watu manila; 8 nanging saiki rupane ireng ngungkuli angus, kang ana ing lurung-lurung padha pangling, kulite kelet karo balung-balunge, garing kaya kayu. 9 Luwih begja kang kapupu ing pedhang, tinimbang kang mati kaluwen, kang ngenes lan mati marga tegale ora ana pametune. 10 Tangane wong wadon kang welasan wus padha ngolah anak-anake, kanggo pangane nalika putrining bangsaku rusak. 11 Pangeran Yehuwah wus ngebyukake sakehe bramatyane, ngesokake bebendune kang mulad-mulad, sarta wus nyumed geni ana ing Sion kang mangsa dhasar-dhasare. 12 Para raja ing sajagad lan sarupane wong isine donya padha ora pracaya yen mungsuh lan satru bisa lumebu ing gapurane Yerusalem. 13 Iku kelakon mangkono marga saka dosane para nabine lan pialane para imame, kang padha ngwutahake getihe wong kang ora luput, kang ana ing satengahe. 14 Padha nuk-nukan kaya wong tuna-netra ana ing lurung-lurung, najis dening getih, nganti wong ora bisa nggepok marang sandhangane. 15 Paha dielokake: “Sumingkir, najis. Sumingkir, sumingkir, aja nggepok”, nuli padha lunga lan nglambrang; para bangsa banjur padha ngucap: “Iku padha ora kena manggon ana ing kene maneh” 16 Pangeran Yehuwah piyambak mbuyarake wong-wong mau, bakal ora diudaneni maneh. Para imam padha ora diajeni dalah para wong tuwa iya ora diwelasi. 17 Mripatku tansah ngarep-arep pitulungan, nanging tanpa guna; saka menara pajagan olehku ngarep-arep marang bangsa kang ora bisa mitulungi. 18 Wong-wong mau padha ndingkik lakuku, nganti aku padha ora bisa metu ing alun-alunku; wus ndungkap ajalku, wus puput uripku, aku wus padha tekan ing wekasaning uripku. 19 Kang padha ngoyak-oyak aku rikate ngungkuli manuk garudha ing awang-awang, aku padha diburu ana ing gunung-gunung, lan dicegat ana ing pasamunan. 20 Wong kang jinebadan dening Pangeran Yehuwah, napasing uripku kabeh kacemplung ing luwenganing wong-wong mau, wong kang dakkira: “Ana ing pangaubane aku bakal padha urip ana ing tengahe para bangsa.” 21 Heh, putri ing Edom, kang manggon ing tanah Us, bungaha lan giyak-giyaka, tuwunge uga bakal tumeka ing kowe, kowe bakal mendem nganti kawudan. 22 He, putri ing Sion, kaluputanmu wus ilang, Pangeran Yehuwah ara bakal marengake kowe dibuwang maneh, nanging kaluputanmu, he putri ing Edom, bakal diwales lan dosa-dosamu bakal digelar. Pandonga murih kabangun maneh 5:1-22 5 1 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengeti punapa ingkang sampun sami kawula alami, mugi Paduka karsaa mirsani saha ngudaneni dhateng kawontenan kawula ingkang asor punika. 2 Tanah pusaka kawula sampun dhumawah dhateng bangsa sanes, griya-griya kawula dhateng tiyang ngamanca. 3 Kawula sami dados lare lola, boten gadhah bapa, biyung kawula sami kados randha. 4 Anggen kawula ngombe toya srana tumbas, sarta anggen kawula ngangge kajeng mawi mbayar. 5 Kawula sami dipun bujeng-bujeng wonten ing celakan, sami sayah nanging boten angsal ngaso. 6 Kawula sampun sami ngathungaken tangan dhateng tiyang Mesir, saha dhateng tiyang Asyur, supados sageda nedha tuwuk. 7 Para leluhur kawula ingkang sami damel dosa sampun boten wonten, kawula ingkang katempah ing durakanipun. 8 Rencang tumbasan sami mrentah kawula, boten wonten ingkang ngluwari kawula saking tanganipun. 9 Anggen kawula pados tedha klayan toh pejah margi saking wontenipun pedhang ing pasamunan. 10 Kulit kawula mengangah kados prapen, margi saking sangeting kaluwen. 11 Para tiyang estri ing Sion sami dipun roda-peksa, makaten ugi prawan-prawan ing kitha-kithanipun Yehuda. 12 Para pemimpin sami kagantung dening tanganipun mengsah, para sesepuh boten dipun urmati. 13 Tiyang nem-neman sami dipun kedahaken mikul gilingan, lare-lare sami ambruk margi kawraten anggenipun ngrembat kajeng. 14 Para sepuh sami boten keklempakan malih wonten ing gapuraning kitha, para nem-neman kendel anggenipun nylempung. 15 Kabingahaning manah kawula sampun ical, beksan kawula sami malih dados kasisahan. 16 Makutha sampun dhawuh saking sirah kawula, adhuh memelas; amargi kawula sampun sami damel dosa. 17 Inggih margi saking makaten punika manah kawula sakit, inggih margi saking makaten punika mripat kawula lajeng dados bliwur. 18 Awit saking redi Sion ingkang sampun ludhes, segawon-segawon wana sami pating kluyur wonten ngriku. 19 Dhuh Yehuwah, Paduka punika jumeneng langgeng, dhampar Paduka boten ewah gingsir ing salami-laminipun. 20 Kenging punapa dene Paduka ngantos boten enget dhateng kawula sadaya ing salaminipun, punapaa dene kawula Paduka tegakaken ngantos lami? 21 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sami Paduka wangsulaken dhateng Paduka, temahan sami badhe mratobat, kawontenan kawula mugi Paduka pulihaken malih kados kala rumiyin. 22 Utawi punapa Paduka badhe nampik dhateng kawula sadaya babar-pisan? Punapa Paduka duka sanget dhateng kawula? YEHESKIEL

BAB 1--24 PAMECA-PAMECA NGLAWAN ISRAEL