-42 PARING WANGSULANE GUSTI ALLAH MARANG AYUB

Gusti Allah kalimputan ing kamulyan kang nggegirisi. 23 kang Mahakwasa, kang padha ora dakmangreteni, iku gedhe pangwaose lan kaadilane; sanajan sugih kabeneran, ewasamono ora nindhes, 24 mulane diwedeni dening wong, sarta saben wong kang rumangsa wicaksana, iku ora dipreduli.”

BAB 38-42 PARING WANGSULANE GUSTI ALLAH MARANG AYUB

Pangwasaning Pangeran ing sajroning alam jembar 38:1--39:30 38:1--39:33 38 1 Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang Ayub saka ing sajroning prahara, pangandikane: 2 “Sapa ta kang gawe petenging pepesthen kalawan pangucap kang tanpa pamikir? 3 Mara rumantia dikaya wong lanang Sira Sundangu, Ingsun unjukana pratela. 4 Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi. Munjuka manawa sira mangreti 5 Sapa kang nemtokake ukurane -- Sira rak sumurup? -- Tuwin sapa kang menthang tali ukurane? 6 Pilar-pilare tumancep ing ngendi lan sapa kang masang watu pojokan, 7 ing nalikane lintang-lintang esuk padha asuka-rena bebarengan tuwin para putraning Allah padha asurak-surak? 8 Sapa kang mbendung sagara kalawan plawangan nalika lagi kumrasak metu saka ing guwa-garba, 9 nalika Sunkaryakake mega minangka sandhangane tuwin pepeteng minangka gegedhonge; 10 nalika Ingsun nemtokake watese, sarta masang slarak lan lawang; 11 nalika Ingsun ngandika: Tekan ing kene bae, aja kliwat, ana ing kene alunira kang gumunggung bakal padha katambak 12 Ing sajroning uripira apa sira tau ngundang marang gagat-raina lan mrenahake bangbang wetan, 13 supaya padha nyekel poncoting bumi sarta ngebutake wong duraka? 14 Bumi mau banjur salin rupa dadi lempung kang diecap, samubarang kabeh awujud kaya busana. 15 Para wong duraka padha kailangan pepadhange, tangan kang kaacungake katugel. 16 Apa sira wus bisa tumurun nganti tekan ing etuking sagara lan wus ndlajahi dhasaring samodra-raya? 17 Apa gapuraning pati wus padha katon marang sira sarta apa sira wus ndeleng lawanging teleng palimengan? 18 Apa sira mangreti jembaring bumi? Caritakna, manawa sira wus nyumurupi iku kabeh 19 Ana ing ngendi dalan kang anjog ing papan padununganing pepadhang, lan ana ing ngendi prenahe pepeteng, 20 supaya sira banjur bisa mrenahake ana ing wewengkone dhewe-dhewe lan nyumurupi dalan-dalan kang anjog ing padunungane? 21 Mesthine sira wus sumurup, amarga nalika samana sira wus lair, lan wus akeh cacahing dinanira 22 Apa sira wus lumebu ing gedhong parawatane salju, sarta apa wus ndeleng parawatane udan krikil, 23 kang Ingsun simpen kanggo ing dina karubedan, kanggo ing mangsa pacampuhan lan perang? 24 Ana ing ngendi dalane menyang ing papan sumebaring pepadhang, lan papan pencaring angin ing salumahing bumi? 25 Sapa kang karya ilen-ilening udan deres lan dalan kanggo kilating gludhug, 26 supaya tanah kang ora dienggoni ing wong lan ara-ara kang suwung padha kodanan; 27 sarta supaya pasamunan lan tanah kang ludhes padha kawaregan apadene suket-suket padha thukul seger? 28 Apa udan iku ana bapakne? Sarta sapa kang nganakake tetesing ebun? 29 Es iku metu saka ing guwa-garbane sapa, lan ebun kang njendhel ing langit iku sapa kang nglairake? 30 Banyu njendhel nganti kaya watu, lan lumahing samodra dadi atos. 31 Apa sira bisa mbundheli talining lintang Wuluh, lan nguculi bebandaning lintang Wluku? 32 Apa sira bisa ngetokake lintang Bima Suci ing kala mangsane, lan nuntun lakune lintang Prau saanak- anake? 33 Apa sira nyumurupi pranataning langit sarta netepake anggone mrentah ana ing bumi? 34 Apa sira bisa ngulukake swaranira nganti tekan ing mega, temah sira banjur kebanjiran? 35 Apa sira bisa nglepasake kilat, temah padha samber-samberan kalawan calathu marang sira: Sandika? 36 Sapa kang ndunungake kawicaksanan ana ing mega utawa sapa kang paring budi marang mendhung? 37 Sapa bisa ngetung mendhung kalawan kawicaksanan, lan sapa kang bisa nyuntak ejuning langit, 38 nalika lebu njendhel dadi logam tuwin prongkalan lemah padha lelengketan dadi siji? 39 39-1 Apa sira bisa nggolekake memangsaning singa wadon, lan bisa maremake marang singa enom, 40 39-2 manawa padha mendhek-mendhek ana ing guwane manawa padha ndingkik ana ing grumbulan? 41 39-3 Sapa kang nyawisake pakaning gagak, manawa anake padha sesambat marang Gusti Allah, padha klambarangan marga ora ana pangan? 39 1 39-4 Sira apa sumurup wancine wedhus gunung duwe anak, utawa apa namatake menjangan anggone nglarani? 2 39-5 Apa sira bisa ngetung pirang sasi anggone meteng sarta apa bisa nyumurupi ing eleke? 3 39-6 Anggone nglairake anake, kalawan njengking lan banjur ngetokake isining guwa- garbane. 4 39-7 Anake padha dadi rosa lan gedhe ana ing ara-ara, padha lunga lan ora bali marang embokne. 5 39-8 Sapa kang ngumbar kuldi alasan, utawa sapa kang nguculi dhadhunge kuldi ing ara-ara? 6 39-9 Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padunungane lan tanah asin dadi pasabane. 7 39-10 Ramening kutha dipoyoki, ora krungu swarane kang nggiring; 8 39-11 banjur golek pangonan ing gunung-gunung, lan ngluru samubarang kang ijo. 9 39-12 Apa bantheng gelem teluk marang sira utawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi? 10 39-13 Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan, utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira? 11 39-14 Apa sira pracaya, marga gedhe karosane? Utawa banjur sira pasrahi pagaweanira kang abot? 12 39-15 Apa sira nemtokake, yen bakal ngulihake pametuning buminira, lan nglumpukake ing papan panutonira? 13 39-16 Manuk unta kekablak kalawan bungah nanging apa elar lan wulu iku mratelakake katresnan? 14 39-17 Awit endhoge ditinggal ing lemah, lan dietogake sarta diangremake ana ing pawedhen, 15 39-18 nanging lali, manawa endhog mau bisa kapidak ing sikil, lan kailes-iles ing kewan alasan. 16 39-19 Pangrengkuhe marang anak-anake keras kaya-kaya dudu anake dhewe; sanajan rekasane tanpa guna, ora dipreduli, 17 39-20 amarga ora kaparingan kawicaksanan dening Gusti Allah lan ora dipandumi pangreten. 18 39-21 Manawa kekablak kalawan gumunggung. banjur nggeguyu jaran lan kang nunggangi. 19 39-22 Apa sira kang aweh karosan marang jaran? Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke? 20 39-23 Apa sira kang mbisakake mlumpat kaya walang? Panggabere kang nggegirisi medeni. 21 39-24 Anggone thakur-thakur ing lemah kalawan gambira, anggone maju methukake gegaman kalawan kakuwatan. 22 39-25 Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang. 23 39-26 Endhong panah kamrincing ing sadhuwure, tumbak lan towok pating cleret. 24 39-27 Kalawan ringas lan galak lemah dikemah-kemah, sarta banget notole manawa krungu unining kalasangka; 25 39-28 ngerik-ngerik manawa kalasangka kaunekake; lan saka ing kadohan wus bisa ngambus anane perang, bantering abane para panggedhe tuwin suraking wadya-bala. 26 39-29 Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulung kalawan ngegarake swiwine ngener mangidul? 27 39-30 Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbul lan nusuh ing panggonan kang dhuwur? 28 39-31 Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang, ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan. 29 39-32 Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane, matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan; 30 39-33 anake padha ngokop getih lan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.” Ayub ngesorake awake ana ing ngarsaning Allah 40:1-5 39:34-38 40 1 39-34 Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub: 2 39-35 “Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa? Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana” 3 39-36 Ing kono unjuke Ayub marang Sang Yehuwah: 4 39-37 “Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka? Cangkem kawula kawula tutupi kalayan tangan. 5 39-38 Sapisan kawula sampun gadhah pangucap, nanging badhe boten kawula lairaken malih; malah kaping kalih, nanging boten badhe kawula lajengaken.” Ayub katantang dening Gusti Allah 40:6-14 40:1-9 6 40-1 Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Ayub saka ing satengahing prahara, mangkene: 7 40-2 “Mara rumantia dikaya wong lanang; “Sira bakal Sundangu, Ingsun unjukana wangsulan. 8 40-3 Apa sira arep ngorakake pangadilaningSun nyalahake Ingsun supaya bisa mbenerake awakira dhewe? 9 40-4 Apa tanganira kaya astaning Allah, lan apa sira bisa ngetokake swara gumludhug kaya Panjenengane? 10 40-5 Yen mangkono awakira wenehana rerenggan kamulyan lan kaluhuran, sira ngrasuka kaagungan lan prabawa 11 40-6 Esokna nepsunira kang mulad- mulad; awasna saben wong kang kumlungkung lan sira esorna, 12 40-7 awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna. Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane 13 40-8 Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu, kunjaranen ana ing papan kang ndhelik, 14 40-9 temah Ingsun bakal ngalembana marang sira, amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.” Rumpakan bab jaran Nil 40:15-24 40:10-19 15 40-10 “Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira. Iku mangan suket kaya sapi. 16 40-11 Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempenge kakuwatane kang ana ing ototing wetenge 17 40-12 Anggone ngencengake buntute kaya wit eres, otot-ototing pupune bebuletan, 18 40-13 Balung-balunge kaya pipa tembaga, ragangane kaya lantakan wesi. 19 40-14 Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah, makhluk kang kaparingan gegaman pedhang; 20 40-15 gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane; kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono. 21 40-16 Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate, ingaling-alingan ing glagah lan rawa. 22 40-17 Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane, sarta ingubengan ing wit truntum. 23 40-18 Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter; sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme, atine iya enak-enak bae. 24 40-19 Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?” Rumpakan bab baya 41:1-34 40:20--41:25 41 1 40-20 “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing, utawa njiret ilate nganggo tali? 2 40-21 Apa sira bisa ngetrapake tali penjalin ing irunge, utawa nyublesake gantholan ing uwange. 3 40-22 Apa kira-kira kewan mau bisa njaluk sih-piwelas marang sira, utawa bisa calathu alus marang sira? 4 40-23 Apa kira-kira bisa gawe prajanjian kalawan sira, temah banjur sira dadekake batur ing salawase? 5 40-24 Apa sira bisa dolanan karo kewan mau kayadene karo manuk, sarta apa bisa sira dadekake dolananing anak-anakira wadon? 6 40-25 Apa kira-kira kena didadekake daganganing para juru amek iwak, utawa diedum-edum ing antarane para wong dagang? 7 40-26 Apa kulite kena sira jojohi kalawan towok, utawa endhase kalawan cempuling? 8 40-27 Tanganira sira tumpangna ing endhase Elinga marang anggone tarung -- Sira ora bakal nindakake mangkono maneh 9 40-28 pangarep-arepira iku sanyata tanpa isi. Lagi ndeleng kewan iku bae, wong wis ambruk. 10 41-1 Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku, lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun? 11 41-2 Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet? Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh. 12 41-3 Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku, bab karosane lan endahing pawakane. 13 41-4 Sapa kang bisa mbukak jubahe? Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku? 14 41-5 Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme? Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi. 15 41-6 Gigire awujud tameng-tameng kang santosa, kang kraket rapet kaya segel. 16 41-7 Siji lan sijine gandheng rapet nganti ora bisa klebon angin; 17 41-8 kang siji kelet karo sijine cathok-cinathok ora kena kapisah. 18 41-9 Samangsa wahing metu sunare, matane kaya pletheking bangbang wetan. 19 41-10 Cangkeme metu obore, lan nyemburake geni kang pating pletik. 20 41-11 Lenging irunge metu kukuse kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul. 21 41-12 Ambekane ngobong areng, cangkeme metu genine. 22 41-13 Githoke kadunungan kakuwatan, pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe. 23 41-14 Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket. kraket ing awake ora glembyar-glembyor. 24 41-15 Atine atos kaya watu, atose kaya watu landhesaning panggilingan. 25 41-16 Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeter dadi bingung jalaran wedi. 26 41-17 Manawa dipedhang ora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah. 27 41-18 Wesi dirasa kaya dami, tembaga kaya kayu gapuk. 28 41-19 Panah ora bisa nglungakake, bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen. 29 41-20 Gada dianggep merang sarta sumiyuting towok digeguyu. 30 41-21 Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip, manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan. 31 41-22 Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil, sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon. 32 41-23 Tabeting lakune sumunar, satemah samodra kakira uwan dening wong. 33 41-24 Ing salumahing bumi ora ana kang madhani, iku makhluk kang ora kadunungan wedi. 34 41-25 Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku, iku dadi ratune sakehing kewan galak.” Ayub nyeled tembung-tembunge lan nlangsa ana ing ngarsane Gusti Allah 42:1-6 42 1 Ing kono Ayub banjur ngunjukake wangsulan marang Sang Yehuwah, ature: 2 “Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis, saha boten wonten karsa Paduka ingkang kenging kabadal. 3 Paduka ndangu makaten: Sapa kang nutupi pepesthen tanpa kawruh? Sampun tetela bilih anggen kawula cariyos punika tanpa pangretosan. Ingkang boten ginayuh ing pikiran kawula punika kawula cariyosaken. 4 Paduka dhawuh: Rungokna, Ingsun bakal paring pangandika; Sira arep Sundangu, sira ngaturana wangsulan 5 Anggen kawula mireng bab Paduka punika namung saking katranganing tiyang, nanging sapunika kawula ningali Paduka kalayan mripat kawula piyambak. 6 Pramila tembung-tembung kawula kawula celed, sarta kalayan nalangsa kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.” Kaanane Ayub kapulihake 42:7-17 7 Kacarita sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandika ing dhuwur mau marang Ayub, banjur ngandika marang Elifas, wong Teman, mangkene: “BebenduningSun mulad-mulad marang sira lan marang mitranira sakarone, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub. 8 Mulane saiki sira padha njupuka sapi lanang nom pitu lan wedhus gembel lanang iya pitu, nuli maranana abdiningSun Ayub, padha nyaosna kurban obaran, tuwin Ayub abdiningSun nyaosna pandonga tumrap sira, awit mung pandongane kang bakal Suntrimah, supaya sira ora padha Sunaniaya, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.” 9 Elifas wong Teman, Bildad wong Suah, lan Zofar wong Naama banjur padha nindakake kaya sadhawuhe Sang Yehuwah mau sarta Sang Yehuwah karsa midhangetake pandongane Ayub. 10 Pangeran Yehuwah banjur ngluwari Ayub saka ing sangsarane, sawise ndongakake mitrane mau sarta diparingi tikele kang wus dadi duweke ing maune. 11 Nalika iku Ayub katuwenan dening sakehe sadulure lanang wadon apadene kawanuhane kabeh, padha kembul mangan karo Ayub ana ing omahe kambi nglairake belasungkawa lan aweh panglipur ing bab anggone mentas kaganjar kasangsaran dening Pangeran Yehuwah, apadene siji-sijine padha menehi dhuwit sakesitah karo ali-ali emas siji. 12 Wasana Ayub diberkahi dening Sang Yehuwah nganti ngungkuli dhek biyen; duweke kang rupa wedhus patbelas ewu, untane nem ewu, sapine sewu rakit, lan kang rupa kuldi wadon sewu. 13 Anake kang lanang pitu lan kang wadon telu. 14 Anake wadon mau kang dhisik dijenengake Yemima, kang kapindho Kesia, lan kang katelune Keren-hapukh. 15 Ing sanagara ora ana wong wadon kang ayune kaya anak-anake Ayub, kabeh padha dipandumi warisan dening bapakne padha kaya sadulure lanang. 16 Sawuse kelakon kang kasebut ing dhuwur iki, Ayub kaganjar umur maneh satus patang puluh taun sarta menangi anak-putu nganti patang turunan. 17 Patine Ayub wus tuwa banget, wus wareg anggone ngrasakake uripe. JABUR Jilid I: MASMUR 1--41 Bab uripe wong mursid lan uripe wong duraka 1:1-6 1 1 Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong dosa sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok, 2 nanging kang karem marang angger- anggere Sang Yehuwah, lan digilut-gilut rina wengi. 3 Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari. 4 Ora mangkono mungguh wong duraka, nanging prasasat mrambut kang kabur ing angin. 5 Mulane wong duraka iku ora tulus ana ing ngarsane pangadilan, mangkono wong dosa ana ing pakumpulane para wong mursid; 6 amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong mursid, nanging lakune wong duraka iku ngener marang karusakan. MASMUR 2 Ratu kang jinebadan dening Sang Yehuwah 2:1-12 2 1 Geneya para bangsa padha mampang- mampang wringuten, lan para suku bangsa padha ngangen- angen kang tanpa guna? 2 Para raja ing bumi padha siyaga ing perang lan para panggedhe sakuthon arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape: 3 “Payo padha medhot dhadhunge lan mbuwang kendharate.” 4 Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng, Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau. 5 Nuli padha didhawuhi kalawan bendu lan digirisake kalawan bramantyane: 6 “Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.” 7 Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah; pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki. 8 Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira. 9 Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi, bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.” 10 Mulane, he para raja, padha tumindaka kang wicaksana; para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling 11 Padha ngabektia marang Sang Yehuwah kanthi pakering; lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter, 12 supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan, amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad. Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane MASMUR 3 Kidung ing wayah esuk ing sajrone adhep-adhepan karo mungsuh 3:1-8 3:1-9 3 1 Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, nalika keplajeng saka ing ngarsane kang putra Pangeran Absalom. 3-2 Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru kawula, kathah tiyang ingkang nglawan kawula; 2 3-3 kathah tiyang ingkang mungel tumrap kawula makaten: “Iku mesthi ora oleh pitulungan saka Gusti Allah.” Selah 3 3-4 Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang dados tetameng kawula, ingkang ngaling-alingi kawula, Paduka ingkang dados kaluhuran kawula, inggih ingkang ndengengekaken sirah kawula. 4 3-5 Kalawan sora anggonku nyebut marang Sang Yehuwah, banjur diparingi wangsulan saka ing gununge kang suci. Selah 5 3-6 Aku leyeh-leyeh banjur turu; aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah. 6 3-7 Aku ora wedi marang bala leksan, kang arep ngepung aku. 7 3-8 Dhuh Yehuwah, kawula aturi jumeneng mitulungi kawula, dhuh Allah kawula, amargi Paduka ingkang sampun nggepuk uwanging sakathahipun mengsah kawula, saha tiyang duraka sami Paduka rampalaken untunipun. 8 3-9 Pitulungan punika dhatengipun saking Sang Yehuwah, berkah Paduka rumentaha ing umat Paduka. Selah MASMUR 4 Donga ing wayah bengi 4:1-8 4:1-9 4 1 Kanggo lurah pasindhen, binarung swaraning clempung. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. 4-2 Manawi kawula sesambat, mugi karsaa paring wangsulan, dhuh Allah ingkang ngleresaken kawula. Ing salebeting karupekan Paduka ingkang paring omber dhateng kawula, mugi karsaa paring sih-piwelas dhumateng kawula saha karsaa miyarsakaken pandonga kawula 2 4-3 He para priya, nganti pira suwene kaluhuranku diwirangake, nganti pira lawase anggonmu padha rumaket marang kang tanpa guna, sarta anggonmu mburu marang pagorohan? Selah 3 4-4 Padha sumurupa yen Sang Yehuwah wus milih kang dadi kekasihe; Sang Yehuwah karsaa midhangetake samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane. 4 4-5 Nepsua nanging aja nganti gawe dosa, mosika sajroning atimu ana ing paturon, nanging tetepa meneng. Selah 5 4-6 Padha nyaosna kurban kang bener, sarta kumandela marang Sang Yehuwah. 6 4-7 Kathah tiyang ingkang sami mungel makaten: “Sapa kang bakal nyumurupake kang becik marang aku?” Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mlethekaken cahyaning wadana Paduka dhateng kawula sadaya. 7 4-8 Paduka sampun paring kabingahan dhateng kawula, nglangkungi tiyang-tiyang samangsa angsal gandum tuwin anggur kathah. 8 4-9 Kanthi ayem-tentrem kawula badhe leyeh-leyeh lajeng enggal tilem, amargi dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang njalari kawula manggen kanthi tentrem. MASMUR 5 Donga ing wayah esuk 5:1-12 5:1-13 5 1 Kanggo lurah pasindhen binarung swaraning suling. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. 5-2 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula, saha karsaa midhangetaken pasambat kawula. 2 5-3 Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula, Paduka mugi midhangetaken anggen kawula njerit nyuwun pitulungan, amargi dhumateng Paduka anggen kawula ndedonga. 3 5-4 Dhuh Yehuwah ing wanci enjing Paduka miyarsakaken swara kawula, ing wanci enjing kawula nyawisaken kurban wonten ing ngarsa Paduka, sarta kawula ngantos-antos. 4 5-5 Amargi Paduka punika Allah ingkang boten remen dhateng duraka, tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka. 5 5-6 Tiyang gumunggung boten badhe tahan wonten ing ngarsa Paduka, Paduka sengit dhateng sakathahing tiyang ingkang nindakaken piawon. 6 5-7 Paduka numpes sakathahipun tiyang dora-cara, Yehuwah eneg mirsani tiyang ingkang ngwutahaken rah saha lampah cidra. 7 5-8 Nanging kawula Paduka parengaken sowan lumebet ing padaleman Paduka, amargi saking agenging sih palimirma Paduka. Kawula Paduka parengaken tumungkul sujud madhep dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci, kanthi pakering dhumateng Paduka. 8 5-9 Dhuh Yehuwah Paduka mugi karsaa nuntun kawula wonten ing kaadilan Paduka, awit saking panjejeping mengsah kawula; Paduka mugi ngradinaken margi Paduka wonten ing ngajeng kawula. 9 5-10 Amargi tembungipun tiyang-tiyang punika boten wonten ingkang temen, batosipun kebak piawon, gurungipun kadosdene kubur menga, ilatipun ngucapaken lelamisan. 10 5-11 Dhuh Allah, tiyang punika kajengipun sami nanggel kalepatanipun, kajengipun sami dhawah margi saking rancanganipun piyambak, sami kabucala awit saking kathahing panerakipun, amargi sami mbalela dhateng Paduka. 11 5-12 Nanging sakathahipun tiyang ingkang ngungsi dhumateng Paduka, badhe sami suka rena, sami surak-surak ing salaminipun margi sami Paduka ayomi saha margi saking Paduka tiyang ingkang tresna dhumateng Paduka badhe sami sumyak-sumyak. 12 5-13 Amargi Paduka ingkang mberkahi tiyang mursid, dhuh Yehuwah, saha Paduka amping-ampingi kalayan kanugrahan Paduka, kadosdene tetameng. MASMUR 6 Pandonga sajrone ati ngolang-ngaling 6:1-10 6:1-11 6 1 Kanggo lurah pasindhen binarung ing swaraning clempung. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. 6-2 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka ukum kalayan bebendu Paduka, mugi sampun Paduka perdi kalayan bramantya Paduka. 2 6-3 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, awit kawula nglayung. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken, awit balung kawula sami gumeter, 3 6-4 lan nyawa kawula sanget kaget. Dene Paduka, dhuh Yehuwah, taksih sapinten dangunipun? 4 6-5 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul, karsaa ngentas nyawa kawula, mugi karsaa ngluwari kawula awit saking sih-kadarman Paduka. 5 6-6 Awit ing salebetipun pejah boten wonten tiyang ingkang ngenget-enget dhumateng Paduka, wonten ing teleng palimengan sinten ingkang badhe memuji dhumateng Paduka? 6 6-7 Kawula sampun lesah margi saking pangesah kawula, ing saben dalu patileman kawula kebesan ing luh kawula, amben kawula kawula benani kalayan luh kawula. 7 6-8 Mripat kawula ngantos pendul margi saking sisah, sarta lamur jalaran kathahing tiyang ingkang ngrupeki manah kawula. 8 6-9 Heh wong kang padha gawe piala, sumingkira saka ing ngarepku, amarga Sang Yehuwah wus miyarsa tangisku. 9 6-10 Sang Yehuwah wus mireng panyuwunku, Sang Yehuwah nampeni pandongaku. 10 6-11 Sakehing satruku padha kawirangan sarta kaget banget, lan mundur sakal tuwin kawirangan kabeh. MASMUR 7 Gusti Allah iku Hakim kang adil 7:1-17 7:1-18 7 1 Kidung pasambat anggitane Sang Prabu Dawud, kang dikidungake konjuk marang Sang Yehuwah, marga saka tembunge Kusy, wong Benyamin. 7-2 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka ingkang kawula suwuni pangayoman, mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahipun tiyang ingkang ngoyak- oyak kawula, kawula mugi Paduka luwari, 2 7-3 supados sampun ngantos nubruk kawula kadosdene singa, sarta nyered kawula, saha boten wonten ingkang nguwalaken. 3 7-4 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, manawi kawula tumindak makaten: manawi tangan kawula nindakaken kaculikan, 4 7-5 manawi kawula damel piawon dhateng tiyang ingkang tepangipun sae kaliyan kawula, utawi mitunani tiyang ingkang nyatru kawula tanpa sabab, 5 7-6 manawi makaten, mugi kawula kabujenga ing mengsah ngantos kacepeng, lajeng gesang kawula dipun idak-idaka ing siti, saha kaluhuran kawula kapendhema ing lebu. Selah 6 7-7 Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng ing salebeting bebendu Paduka, mugi karsaa jumeneng nadhahi pangigit- igitipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula, mugi Paduka wungu mitulungi kawula amargi Paduka ingkang mrentahaken pangadilan. 7 7-8 Dene para bangsa kajengipun sami nglempak ngupengi Paduka, Paduka lajeng karsaa lenggah ing sanginggilipun ing papan ingkang inggil. 8 7-9 Sang Yehuwah ngadili para bangsa. Dhuh Yehuwah, mugi Paduka karsaa ngadili kawula, punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas. 9 7-10 Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun, nanging tiyang mursid mugi Paduka santosakaken, Paduka ingkang ndadar manah saha batosing tiyang, dhuh Allah ingkang adil. 10 7-11 Gusti Allah iku tetamengku, kang mitulungi wong kang burus ing ati. 11 7-12 Gusti Allah iku Hakim kang adil, tuwin Allah kang tansah nglairake bebendune. 12 7-13 Manawa wong ora mratobat, Gusti Allah bakal ngasah pedhange, menthang gandhewane, lan kaenerake. 13 7-14 Gegaman ampuh kacawisake kanggo wong mau, jemparinge diurubake. 14 7-15 Lah wong iku ngandhut piala lan ngandheg bilai nuli nglairake cidra; 15 7-16 nuli gawe luwangan, didhudhuk, nanging kecemplung dhewe ing luwangan gaweane mau. 16 7-17 Piala kang ditindakake mau mbalik nempuh endhase dhewe, sarta panganiayane nibani pathake dhewe. 17 7-18 Aku arep ngunjukake panuwun marang Sang Yehuwah amarga saka kaadilane, sarta ngidungake masmur kagem asmane Sang Yehuwah, Kang Mahaluhur. MASMUR 8 Manungsa kang asor dadi titah kang luhur 8:1-9 8:1-10 8 1 Kanggo lelurahing pasindhen. Manut lagu: Gitit. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. 8-2 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi, kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langit kakidungaken. 2 8-3 Sarana cangkemipun bayi-bayi lan manungsa. Paduka sampun nalesi kakiyatan margi saking lawanan Paduka, supados mbungkem mengsah tuwin tiyang ingkang watek remen males piawon. 3 8-4 Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka, punapa dene rembulan saha lintang- lintang ingkang sampun Paduka tata, 4 8-5 manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti? Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih? 5 8-6 Ewadene Paduka dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan. 6 8-7 Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka, samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakanipun: 7 8-8 sakathahipun menda tuwin lembu, ugi sato-kewan ing ara-ara, 8 8-9 peksi ing awang-awang saha ulam ing saganten, saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten. 9 8-10 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi. MASMUR 9 Gusti Allah iku pangayomaning wong saleh 9:1--10:18 9 1 Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Mut-Laben. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud. 9-2 Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Sang Yehuwah kalayan gumolonging manah, kawula badhe nyariyosaken sakathahing kaelokan Paduka. 2 9-3 Kawula badhe bingah-bingah sarta asumyak-sumyak awit saking Paduka, Asma Paduka kawula puji klayan masmur, dhuh Gusti, Sang Mahaluhur, 3 9-4 awit mengsah kawula sami mundur, rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka. 4 9-5 Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula, temah kawula angsal kaleresan, Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil. 5 9-6 Para bangsa sami Paduka ancam, para tiyang duraka Paduka tumpes; namanipun Paduka sirnakaken langgeng ing salaminipun. 6 9-7 Mengsah sampun sami tumpes tapis, dados gempuran ngundhuk-undhuk ing salaminipun, kithanipun sampun sami Paduka gempuri, sampun boten dipun engeti malih babar pisan. 7 9-8 Nanging Sang Yehuwah wus lenggah ing dhampar salawase, dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan. 8 9-9 Iya Panjenengane iku kang ngukumi jagad kalawan adil, sarta ngadili para bangsa kalawan patitis. 9 9-10 Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes, dadi pangauban ing wektu karubedan. 10 9-11 Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma Paduka, punika sami kumandel dhateng Paduka, amargi Paduka, boten nate negakaken tiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuh Yehuwah. 11 9-12 Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion. Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa. 12 9-13 Dene Panjenengane kang males marang wong kang ngwutahake getih, enget marang wong kang katindhes, ora kesupen marang pasambate. 13 9-14 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang ingkang sengit dhateng kawula; Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah, 14 9-15 supados kawula saged nyariyosaken sadaya pakaryan Paduka, ingkang wajib pinuji punika, sarta wonten ing gapuraning putri ing Sion, kawula asurak-surak, awit saking pangluwaran ingkang Paduka paringaken. 15 9-16 Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe, sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe. 16 9-17 Sang Yehuwah wus nglairake sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan; wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. Selah 17 9-18 Para wong duraka bakal padha bali menyang ing teleng palimengan, malah uga sakehing bangsa kang padha lali marang Gusti Allah. 18 9-19 Awitdene wong mlarat iku ora dilalekake ing sateruse, wong kang kesrakat ora kelangan pangarep-arep ing salawase. 19 9-20 Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng, manungsa sampun ngantos angsal kaunggulan, para bangsa sami kadhawahana pangadilan wonten ing ngarsa Paduka. 20 9-21 Dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka damel geter, satemah para bangsa sami ngakeni, bilih namung manungsa kemawon kawontenanipun. Selah 10 1 Dhuh Yehuwah, punapaa dene Paduka jumeneng wonten ing katebihan, sarta umpetan ing wekdal karupekan? 2 Amargi gumunggungipun tiyang duraka sanget-sanget anggenipun mbebujeng para tiyang ingkang katindhes. Mugi-mugi tiyang duraka punika ketamana ing kekajenganipun awon ingkang karantam. 3 Awit tiyang duraka punika ngegung- egungaken pepenginaning manahipun, lan tiyang kethaha punika nyupatani lan ngawon-awon Sang Yehuwah. 4 Tiyang duraka wicanten kaliyan nyungiraken irungipun: “Gusti Allah rak ora bakal nuntut” sadaya gagasanipun mungel: “Ora ana Allah.” 5 Salampah-lampahipun tansah kasil, pangadilan Paduka kinggilen tumrap piyambakipun; sadaya ingkang nglawan dipun remehaken. 6 Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal gograg, aku ora bakal tinempuh ing bilai nganti turun-tumurun.” 7 Cangkemipun kebak ipat-ipat lan cidra sarta panyikara, ilatipun isi piawon lan panyiksa. 8 Tiyang wau ngindhik-indhik wonten ing gubug-gubug, wonten ing pandhelikan mejahi tiyang ingkang boten lepat, mripatipun ngindhik tiyang ingkang apes. 9 Wonten ing pangumpetan ngulat-ulataken, kados singa wonten ing gegrumbulan; ngindhik-indhik sumedya nubruk tiyang ingkang kesrakat, kagered dhateng ing jaringipun. 10 Mendhak, ndhekem, para tiyang ringkih lajeng sami dhumawah ing cengkeremaning kukunipun ingkang kiyat. 11 Tiyang wau mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah kalepyan, wedanane ditutupi, mesthi bakal ora pirsa ing sateruse.” 12 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng. Dhuh Allah mugi karsaa mulungaken asta Paduka, sampun ngantos kesupen dhateng tiyang ingkang kesrakat. 13 Punapaa dene tiyang duraka nyenyamah Gusti Allah, kaliyan mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah rak ora nuntut.” 14 Paduka pancen mirsa, awit Paduka nguningani kasisahan tuwin sakiting manah, Paduka pundhut wonten ing asta Paduka piyambak, tiyang apes sumendhe ing Paduka, Paduka punika ingkang mitulungi lare lola. 15 Tanganipun tiyang duraka saha tiyang awon mugi Paduka tugel, durakanipun mugi Paduka cuthati, ngantos Paduka boten manggih malih. 16 Sang Yehuwah jumeneng Raja ing sateruse lan ing salawase. Bangsa-bangsa padha sirna saka ing tanah kagungane. 17 Dhuh Yehuwah, pepenginanipun para tiyang ingkang katindhes sampun Paduka pirengaken. Manahipun Paduka santosakaken, talingan Paduka tumiling, 18 prelu paring kaleresan dhateng lare lola saha tiyang ingkang katindhes, supados sampun ngantos wonten manungsa ing bumi malih ingkang damel giris. MASMUR 11 Sang Yehuwah iku jumeneng dadi pangayoman 11:1-7 11 1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Aku ngayom marang Sang Yehuwah, kepriye dene kowe padha wani kandha marang aku: “Mabura menyang gunung kaya manuk” 2 Awit delengen, wong duraka padha menthang gandhewa, panahe dietrapake ing sendheng, sumedya dilepasake marang wong kang burus atine ana ing panggonan kang peteng. 3 Samangsa tetalese padha dibubrahi, wong mursid iku bisa nindakake apa? 4 Sang Yehuwah ana ing padalemane kang suci; Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga; tingale maspadakake, kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa. 5 Sang Yehuwah ndadar wong mursid lan wong duraka, lan gething marang wong duraka, kang seneng tumindak keras. 6 Wong duraka padha diudani areng mengangah lan welirang; angin kang nggesengake ngebaki tuwunge. 7 Amarga Sang Yehuwah iku adil; remen marang kaadilan: wong kang burus atine bakal nyawang wedanane. MASMUR 12 Pandonga nyuwun pitulungan marga saka anane wong culika 12:1-9 12 1 Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Prabu Dawud. 12-2 Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring pitulungan, awit sampun boten wonten tiyang mursid, tiyang setya sampun sirna saking ing antawisipun anaking manungsa. 2 12-3 Rambagipun sami apus-ingapusan, wicantenipun mawi lambe lamis, mawi manah rangkep. 3 12-4 Muga-muga Pangeran numpes sakehing lambe lamis lan ilat kang umuk-umukan, 4 12-5 yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang Lambeku kang mbiyantu aku Sapa kang mrentah aku?” 5 12-6 Jalaran wong kang ringkih padha katindhes, lan marga saka pangrintihe para wong mlarat Ingsun saiki uga jumeneng, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, sarta mitulungi wong kang banget anggone ngantu-antu marang pitulungan. 6 12-7 Pangandikane Sang Yehuwah iku Sabda kang murni, kayadene selaka kang binesot, rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ing bumi. 7 12-8 Dhuh Yehuwah, Paduka badhe netepi, kawula tansah badhe Paduka ayomi, Paduka uwalaken saking jinis punika. 8 12-9 Para wong duraka padha klambrangan mrana-mrana, samangsa budi kang nistha jumedhul ing satengahing anaking manungsa. MASMUR 13 Pandonga bab pracaya 13:1-6 13 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 2 Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka boten ngengeti kawula? Ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka nutupi wedana Paduka dhateng kawula? 3 Ngantos dumugi benjing punapa anggen kawula kedah ngraosaken kwatos, sarta anggenipun manah kawula sedhih ing sadinten-dinten? ngantos benjing punapa satru kawula anggenipun ngungkuli kawula? 4 Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa mirsani, karsaa paring wangsulan dhumateng kawula; mripat kawula kapadhangna supados kawula sampun ngantos katileman lajeng pejah; 5 tuwin supados satru kawula sampun ngantos wicanten makaten: “Wus daksorake,” punapa malih mengsah kawula sampun ngantos surak-surak, manawi kawula keguh. 6 Nanging kawula kumandel dhumateng sih-kadarman Paduka, manah kawula abingah-bingah margi saking pitulungan Paduka. Aku arep kekidungan kagem Sang Yehuwah, amarga wus paring kasaenan marang aku. MASMUR 14 Kapunggungane manungsa 14:1-7 14 1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.” Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan. 2 Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani mangisor marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budi lan ngupaya Gusti Allah. 3 Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejad ora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana. 4 Apa ora rumangsa kabeh wong kang padha nglakoni piala, kang padha mangsa umatingSun nganti entek kayadene mangan roti bae, lan kang ora nyebut marang Sang Yehuwah? 5 Ana ing kana padha ketaman ing pagiris kang banget, amarga Gusti Allah ana ing satengahe golongane wong mursid. 6 Kowe padha bisa ngerang-erang kekarepane wong kang katindhes, nanging Sang Yehuwah jumeneng dadi pangayomane. 7 Muga-muga karahayoning Israel laira saka ing Sion Samangsa Sang Yehuwah mulihake kaanane umate, Yakub bakal asurak-surak, Israel bakal suka rena. MASMUR 15 Sapa kang diparengake sowan marang ing ngarsane Sang Yehuwah? 15:1-5 15 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka? Sinten ingkang kelilan manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci? 2 Yaiku wong kang lakune tanpa cacad lan nindakake apa kang adil, apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine, 3 kang ora nyebar pitenah kalawan ilate, sarta ora nindakake piala marang kancane, lan ora memada marang pepadhane; 4 kang nganggep asor marang kang ambek nistha, nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah; kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan; 5 kang ora nganakake dhuwite lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh. sapa kang tumindake kang mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase. MASMUR 16 Rahayu wong kang mursid 16:1-11 16 1 Miktam. Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhumateng kawula, amargi kawula ngayom dhumateng Paduka. 2 Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene: “Paduka punika Gusti kawula, tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.” 3 Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki, punika sami tiyang mulya ingkang tansah dados kabingahan kawula. 4 Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng; kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken; namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula. 5 Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula. Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun. 6 Dhawahipun tangsul pangukur ingkang kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken; siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula. 7 Aku ngalembana marang Sang Yehuwah, kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku. 8 Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah, manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku, aku mesthi ora nganti keguh. 9 Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak, malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem. 10 Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat. 11 Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula; kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka; ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng. MASMUR 17 Tanpa kaluputan kaoyak-oyak 17:1-15 17 1 Pandongane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken dhateng prakawis ingkang leres, mugi karsaa nggatosaken ing pasambat kawula; sarta mugi karsaa nilingaken dhateng ing pandonga kawula, saking ing lambe ingkang boten dora. 2 Mugi kawula angsala kaadilan saking Paduka: paningal Paduka mugi nguningani punapa ingkang leres. 3 Manawi Paduka nguji dhateng manah kawula, niti kawula ing wanci dalu, saha mriksa kawula Paduka boten badhe manggih punapa- punapa ingkang awon, ing cangkem kawula boten wonten panerak. 4 Menggah pandamelanipun tiyang, manut sabda ingkang Paduka pangandikakaken, kawula boten tumut-tumut kaliyan tindakipun tiyang ingkang sami ambek roda-peksa; 5 lampah kawula tetep ndherek ing tindak Paduka saha suku kawula boten sleyoran. 6 Kawula nyebut dhumateng Paduka, amargi Paduka paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Allah; mugi Paduka karsaa nanggapaken talingan Paduka dhateng kawula mugi karsaa miyarsakaken atur kawula. 7 Mugi Paduka karsaa ngatingalaken sih-rahmat Paduka ingkang elok, Paduka ingkang ngluwari tiyang ingkang sami ngungsi dhateng ing pangaubaning asta Paduka ingkang tengen margi saking wontenipun para ingkang sami mbalela. 8 Mugi kawula Paduka reksa kados maniking mripat, sarta Paduka dhelikaken wonten ing ayoming swiwi Paduka: 9 margi wonten tiyang duraka ingkang sami ngangkah dhateng karisakan kawula, inggih satru bebuyutan ingkang sami ngepang kawula. 10 Tiyang wau sami boten ngatingalaken sih-kawelasan, sami ngumbar kumalungkungipun; 11 sami ngetutaken ing lampah-lampah kawula, sapunika sami ngrubung kawula, mripatipun ngangkah badhe ngeplekaken kawula ing bumi. 12 Rupinipun kados singa ingkang badhe ndekep, kados singa nem ingkang ndhekem wonten ing pandhelikan. 13 Dhuh Yehuwah mugi karsaa jumeneng, karsaa methukaken tiyang-tiyang wau saha Paduka rebahaken, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tiyang duraka klayan pedhang Paduka. 14 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula kalayan asta Paduka, saking tiyang-tiyang kadonyan punika ingkang pandumanipun wonten ing gesang samangke, padharanipun katuwukana ing simpenan Paduka, satemah anakipun sami tuwuk, sarta tirahanipun katilarna dhateng ing bayi-bayinipun. 15 Nanging kawula, badhe nyawang wadana Paduka wonten ing salebeting kaleresan; tuwin ing satangi kawula, kawula badhe katuwukan ing pasuryan Paduka. MASMUR 18 Kidung pamuji sokur anggitane Prabu Dawud 18:1-50 18:1-51 18 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane abdine Sang Yehuwah, yaitu Prabu Dawud kang ngunjukake wirasane kidung iki marang Sang Yehuwah, nalika wus kaluwaran dening Sang Yehuwah saka ing cengkeremaning sakehing mungsuhe lan saka ing astane Sang Prabu Saul. 18-2 Unjuke mangkene: “Kawula tresna dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah ingkang dados karosan kawula 2 18-3 Dhuh Yehuwah, peparang kawula, beteng kawula saha ingkang ngluwari kawula, Allah kawula ingkang dados peparang pangauban kawula, tetameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula 3 18-4 Pinujia Pangeran Yehuwah: mangkono unjukku kalawan sora; temah aku diuwalake saka ing mungsuhku. 4 18-5 Aku tinalikung ing tetalining pati, sarta tinempuh ing banjiring karusakan. 5 18-6 Aku digubed ing jireting teleng palimengan, kalajireting pati ngadhang-adhangi aku. 6 18-7 Sajroning karubedanku aku nyebut marang Sang Yehuwah; sarta sesambat marang Allahku nyuwun tulung. Panjenengane tumuli miyarsakake swaraku saka ing kedhatone, sarta pasambatku nyuwun tulung tumeka ing talingane. 7 18-8 Ing kono bumi banjur horeg gonjang-ganjing, sarta dhasar-dhasaring gunung padha horeg lan gumeter, amarga saka mulad-mulading bebendune. 8 18-9 Kukus kumelun saka ing granane, saka ing tutuke medal geni kang memangsa, mawa mengangah metu saka ing Panjenengane. 9 18-10 Langit ditiyungake, nuli tumedhak, mendhung nggameng ana ing sangisoring sampeyane. 10 18-11 Panjenengane nitih Kerub, banjur mabur lan nglayang ana ing swiwining angin. 11 18-12 Pepeteng ing sakubenge kadadekake pasingidane, kang dadi tarube: yaiku udah kang peteng lan mendhung kang kandel. 12 18-13 Marga saka cahya kang sumunar ing ngarsane mendhunge padha ilang bareng karo udan es lan mawa mengangah. 13 18-14 Sang Yehuwah banjur gumludhug ana ing langit, Kang Mahaluhur ngulukake swarane. 14 18-15 Jemparing-jemparinge dilepasake temah mungsuhe padha buyar, nlorongake bledheg, satrune padha bingung. 15 18-16 Dhasar-dhasaripun seganten lajeng sami katingal, saha tetalesing jagad sami kaungkaban amargi saking bebendu Paduka, dhuh Yehuwah, saha margi saking bantering abab saking grana Paduka. 16 18-17 Panjenengane tumuli mulung astane saka ing ngaluhur, aku banjur diasta, lan kaentasake saka ing banjir. 17 18-18 Aku kauwalake saka ingmungsuhku kang rosa lan saka ing wong-wong kang padha sengit marang aku, amarga iku kakuwatane ngungkuli aku. 18 18-19 Iku wus padha nyegat aku ing nalikane aku lagi kacilakan, nanging Sang Yehuwah dadi pikukuhku; 19 18-20 Panjenengane nuntun aku metu menyang ing papan kang omber, aku diluwari amarga karenan marang aku. 20 18-21 Sang Yehuwah males aku miturut ing kabeneranku, ngganjar aku miturut karesikaning tanganku, 21 18-22 amarga aku ngantepi anggonku ngambah ing margining Sang Yehuwah, lan aku ora tumindak duraka marang Allahku. 22 18-23 Awit aku nggatekake sakehing angger-anggere lan pranatane ora daklirwakake, 23 18-24 saparipolahku tanpa cacad ana ing ngarsane, lan aku tansah ngedohi kaluputan. 24 18-25 Mulane aku diwales Sang Yehuwah miturut kabeneranku, iya miturut ing resiking tanganku ana ing ngarsane paningale. 25 18-26 Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya, tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Paduka ugi tumindak tanpa cacad. 26 18-27 Tumrap tiyang ingkang suci, Paduka inggih tumindak suci, nanging tumraping tiyang para-cidra Paduka inggih tumindak mbulat-mbulet. 27 18-28 Amargi bangsa ingkang katindhes Paduka pitulungi, nanging mripat ingkang kumingsun Paduka soraken. 28 18-29 Jer Paduka ingkang damel murubing dilah kawula; Sang Yehuwah Allah kawula ingkang madhangaken pepeteng kawula. 29 18-30 Amargi kaliyan Paduka kawula wantun nanggulangi grombolan, kaliyan Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti. 30 18-31 Anadene Gusti Allah iku margine sampurna; kasagahane Sang Yehuwah iku murni; Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing wong kang ngayom marang Panjenengane. 31 18-32 Amarga sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah, lan sapa kang dadi peparang kejaba Gusti Allah kita? 32 18-33 Gusti Allah, iya Panjenengane iku kang nyabuki aku kalawan karosan, kang ngratakake dalanku; 33 18-34 kang ndadekake sikilku kaya sikiling menjangan lan ngadegake aku ana ing pagunungan; 34 18-35 kang mulang perang tanganku, nganti lengenku bisa menthang gandhewa tembaga. 35 18-36 Paduka maringi tetamenging karahayon dhateng kawula, asta tengen Paduka nyanggi kawula, sih-palimirma Paduka damel luhur kawula. 36 18-37 Paduka maringi papan ingkang omber dhumateng jangkah kawula, temah polok kawula boten ngantos kesliyo. 37 18-38 Mengsah kawula sami kawula oyak, ngantos kecepeng, sarta kawula boten wangsul-wangsul saderengipun tumpes sadaya; 38 18-39 inggih sami kawula gebag ngantos boten saged tangi malih, sami ambruk wonten ing sangandhapipun tlapakan kawula. 39 18-40 Kawula sampun Paduka sabuki klayan karosan tumrap ing perang; ingkang sami nglawan kawula punika sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula. 40 18-41 Mengsah kawula sampun Paduka damel sami keplajeng saking ngajeng kawula, sarta para tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula sami kawula tumpes. 41 18-42 Sami sesambat nedha tulung, nanging boten wonten ingkang mitulungi sami sesambat dhumateng Sang Yehuwah, nanging boten kaparingan wangsulan. 42 18-43 Sami kawula ejur-ejur ngantos lembat kados lebu ingkang kabur ing angin, kawula bucal kados blethok ing margi. 43 18-44 Paduka sampun nguwalaken kawula saking bebantahaning rakyat; kawula Paduka angkat dados pengagenging para bangsa; bangsa ingkang boten tepang kaliyan kawula punika sami ngabdi dhateng kawula; 44 18-45 kupingipun saweg mireng kawula kemawon, lajeng sami mbangun miturut dhumateng kawula; tiyang ngamanca sami sujud lan ngrampek-ngrampek dhateng kawula. 45 18-46 Tiyang-tiyang ngamanca sami nglumpruk tanpa bayu, sarta sami medal nilar beteng-betengipun klayan gumeter. 46 18-47 Sang Yehuwah gesang Pinujia peparangku, linuhurna Gusti Allah, Juru Slametku. 47 18-48 Gusti Allah kang malesake aku, lan wus nelukake para bangsa marang sangisoring pangwasaku, 48 18-49 kang wus ngluwari aku saka mungsuhku. Paduka malah sampun ngluhuraken kawula ngungkuli para tiyang ingkang nglawan kawula; kawula Paduka luwari saking tiyang ingkang ambek siya. 49 18-50 Pramila dhuh Yehuwah, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur wonten ing antawisipun para bangsa, asma Paduka badhe kawula luhuraken kanthi kidung masmur. 50 18-51 Panjenengane ngganjar kaslametan kang linuwih marang raja kang kajumenengake, lan paring sih-rahmat marang kang dijebadi, yaiku marang Prabu Dawud lan satedhak-turune nganti ing salawase.” MASMUR 19 Kamulyane Sang Yehuwah ana ing pakaryaning astane lan ana ing angger-anggere 19:1-14 19:1-15 19 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 19-2 Langit nyaritakake kamulyaning Allah, sarta akasa mratelakake yeyasaning astane; 2 19-3 rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti, lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti. 3 19-4 Ora ana pawarta lan ora ana tembung, ora keprungu swarane, 4 19-5 ewadene kumandhange ngebeki salumahing bumi, pamicarane tumeka ing pungkasaning jagad. Pangeran wus mrenahake tarubing surya ana ing langit 5 19-6 kang pletheke kaya panganten lanang kang lagi metu saka ing kamare, berag kaya prawira kang arep lumaku ing dalane. 6 19-7 Wetune saka ing tepining langit sarta ubenge tumeka ing sisih liyane, ora ana barang kang ora kena ing panasing sunare. 7 19-8 Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna, nyegerake nyawa; pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu, aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pangalaman. 8 19-9 Pangandikane Sang Yehuwah iku patitis, mbungahake ati; prentahe Sang Yehuwah iku murni, gawe sumoroting mripat. 9 19-10 Wedi marang Sang Yehuwah iku suci, lestari ana ing salawase; paugerane Sang Yehuwah iku bener, kabeh adil, 10 19-11 endahe ngungkuli mas, malah ngluwihi mas murni akeh; legine ngungkuli madu, malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon. 11 19-12 Lan malih abdi Paduka dipun engetaken dening punika wau sadaya, sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran ageng. 12 19-13 Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran? Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi. 13 19-14 Abdi Paduka mugi Paduka ayomi, ugi margi saking wontenipun tiyang ingkang sami ndhugal; punika sampun ngantos sami ngwaosi kawula Kawula lajeng tetep tanpa cacad saha resik saking ing panerak ingkang ageng. 14 19-15 Mugi-mugi Paduka karenan dhateng kedaling cangkem kawula tuwin pangangen-angen kawula lan panggagasing manah kawula, dhuh Yehuwah, peparang kawula, saha panebus kawula. MASMUR 20 Pandonga nyuwun kaunggulan kagem Sang Prabu 20:1-9 20:1-10 20 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 20-2 Sang Yehuwah mugi karsaa paring wangsulan dhumateng panjenengan dalem ing wekdal karibedan; asmaning Allahipun Rama Yakub mugi dadosa bebeteng dalem. 2 20-3 Sang Yehuwah mugi ngintunana pitulungan saking pasucen dhateng panjenengan dalem, sarta nyantosakaken panjenengan dalem saking Sion. 3 20-4 Gusti Allah mugi karsaa ngengeti sakathahing sesaosan dalem kurban, sarta karsaa nampeni kurban obaran dalem. Selah 4 20-5 Mugi panjenengan dalem pinaringan punapa ingkang kakarsakaken, sarta mugi sageda kalampahan punapa ingkang panjenengan dalem rancang. 5 20-6 Kawula sami badhe surak-surak margi saking kaunggulan dalem, sarta masang umbul-umbul margi saking asmanipun Gusti Allah kawula, Sang Yehuwah mugi njurungana ing sapanyuwun dalem. 6 20-7 Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi, lan paring wangsulan saka ing swargane kang suci kalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen. 7 20-8 Wong iku padha nggunggung karetane lan wong kae nggunggung jarane, nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku. 8 20-9 Wong iku padha ambruk, padha tiba, nanging aku padha ngadeg jejeg. 9 20-10 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaunggulan dhateng Sang Prabu Mugi karsaa paring wangsulan samangsa kawula munjuk MASMUR 21 Kidung panuwun marga Sang Prabu unggul 21:1-13 21:1-14 21 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 21-2 Dhuh Yehuwah, Sang Prabu suka rena margi saking pangwaos Paduka, sanget ing bingahipun margi saking kaunggulan peparing Paduka 2 21-3 Sapangesthining panggalihipun sampun Paduka paringi, saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. Selah 3 21-4 Dene sampun Paduka pethuk kalayan berkah ingkang luber; saha Paduka agemi makutha kancana murni ing mastakanipun. 4 21-5 Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi, ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun. 5 21-6 Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka, punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan. 6 21-7 Panjenenganipun Paduka dadosaken berkah ing salaminipun; Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka. 7 21-8 Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah, saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh. 8 21-9 Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka, ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen 9 21-10 sami badhe Paduka dadosaken kadosdene pawon murub, samangsa Paduka ngatingal, dhuh Yehuwah. Bebendunipun Yehuwah badhe nguntal tiyang wau sedaya, sarta sami badhe kamangsa ing latu. 10 21-11 Turunipun badhe Paduka sirnakaken saking bumi, tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa. 11 21-12 Manawi badhe damel cilaka panjenengan dalem, sarta nganam-anam piawon, sami tanpa daya. 12 21-13 Malah badhe Paduka damel sami lumajeng sadaya, sendhenging gandhewa Paduka, Paduka arahaken dhateng rainipun. 13 21-14 Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng kanthi pangwaos Paduka Kawula lajeng sami ngidung saha ngrepekaken masmur tumuju dhateng ing kasantosan Paduka. MASMUR 22 Dhuh Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken? 22:1-31 22:1-32 22 1 Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Menjangan wadon ing wayah bangbang wetan. Masmur anggitane Prabu Dawud. 22-2 Dhuh Allah kawula, Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken? Kawula munjuk kalayan sora, nanging Paduka tetep tebih saha boten mitulungi kawula. 2 22-3 Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat, nanging Paduka boten paring wangsulan, ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem. 3 22-4 Mangka Paduka punika Ingkang Mahasuci ingkang lenggah ing dhamparing kidung- pangalembananipun Israel. 4 22-5 Para leluhur kawula sami kumandel dhumateng Paduka; sami kumandel dhumateng Paduka, nunten Paduka luwari; 5 22-6 Paduka ingkang dipun sebut, lajeng Paduka entasaken; sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan. 6 22-7 Nanging kawula punika cacing, sanes manungsa, dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah. 7 22-8 Tiyang ingkang nyawang dhateng kawula sami moyoki sadaya, kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg, tembungipun makaten: 8 22-9 “Wong sumendhe marang Sang Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane, cikben Panjenengane kang ngluwari Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?” 9 22-10 Inggih, saestu Paduka ingkang nglairaken kawula saking guwa garba; Paduka ingkang murugaken kawula tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula. 10 22-11 Wiwit lair mila kawula kasaosaken dhumateng Paduka, wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula, Paduka dados Allah kawula. 11 22-12 Mugi-mugi Paduka sampun ngantos nebihi kawula, amargi kasisahan sampun celak, mangka boten wonten ingkang mitulungi. 12 22-13 Lembu-lembu jaler kathah ingkang sami ngrubung kawula; kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan; 13 22-14 anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula prasasat singa ingkang nubruk lan nggero. 14 22-15 Kawula ingesokaken kados toya, sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun; manah kawula kados lilin, leleh wonten ing batos kawula; 15 22-16 kakiyatan kawula garing kados beling, ilat kawula kraket ing cethak kawula, sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula wonten ing lebuning pejah. 16 22-17 Amargi kawula karubung ing segawon, grombolaning durjana ngepang kawula, sami nyuduki tangan saha suku kawula. 17 22-18 Balung-balung kawula saged kawula etang sadaya; tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula. 18 22-19 Sandhangan kawula sami dipun dumdum, saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu. 19 22-20 Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, mugi Paduka sampun nebih saking kawula; dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa mitulungi kawula 20 22-21 Kawula mugi Paduka uwalaken saking pedhang, saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon. 21 22-22 Mugi ngluwari kawula saking cangkeming singa, tuwin saking singating bantheng. Paduka sampun paring wangsulan dhumateng kawula 22 22-23 Kawula badhe martosaken asma Paduka dhateng para sadherek kawula, Paduka badhe kawula puji wonten ing tengahipun pasamuwan: 23 22-24 he para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah, padha nyaosna puji marang Panjenengane, he sakehing turune Yakub, padha nyaosna urmat marang Panjenengane; he sakehing turune Israel, padha duwea wedi asih marang Panjenengane. 24 22-25 Amarga Panjenengane ora mastani asor lan ora jijik marang kanisthane wong kang katindhes, sarta ora ngaling-alingi wedanane, lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane. 25 22-26 Margi saking Paduka kawula memuji-muji wonten ing pasamuwan ingkang ageng; nadar kawula badhe kawula luwari wonten ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka. 26 22-27 Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben urip ing salawase 27 22-28 Poncot-poncoting bumi bakal eling marang iku lan banjur mratobat marang Sang Yehuwah; Para bangsa turun-tumurun badhe sami sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka. 28 22-29 Amarga Sang Yehuwah kang kagungan karaton, Panjenengane kang ngereh bangsa- bangsa. 29 22-30 Wong gumedhe ing bumi bakal padha sujud nyembah kabeh marang Panjenengane, para wong kang tumurun ing lebu lan ora bisa nyambung uripe bakal padha jengkeng ana ing ngarsane. 30 22-31 Para tedhak-turune padha ngabekti marang Panjenengane, sarta martakake bab Sang Yehuwah marang para turune. 31 22-32 Iku kabeh bakal padha martakake kaadilane marang bangsa kang mengko bakal lair, marga iku wus katindakake dening Panjenengane. MASMUR 23 Gusti Allah iku pangen kang utama 23:1-6 23 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa. 2 Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete, aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem; 3 nyawaku diayemake, sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmane. 4 Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula. 5 Paduka nata pasegahan kangge kawula, wonten ing ngajengipun satru kawula; sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah, tuwung kawula kebak mancep-mancep. 6 Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula, salaminipun gesang, saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun. MASMUR 24 Rawuhe Ratuning Kamulyan ing Padalemaning Allah 24:1-10 24 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni. 2 Awit Panjenengane kang nitahake kalawan ditalesi segara ditetepake tumumpang ing kali-kali. 3 “Sapa kang kepareng munggah ing gununge Sang Yehuwah? Sapa kang kepareng ngadeg ana ing padalemane kang suci?” 4 “Wong kang resik tangane lan suci atine, kang ora masrahake nyawane marang kaculikan, lan ora nglairake sumpah goroh. 5 Iku bakal kaparingan berkah dening Sang Yehuwah, sarta kaadilan dening Allah kang njalari karahayone. 6 Iku bangsane wong kang padha takon ing bab Penjenengane, ingkang sami ngupadosi wedana Paduka, dhuh Allahipun Rama Yakub.” Selah 7 He gapura, padha dhuwurna pucakmu. He lawang langgeng, padha kangkata, supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet 8 “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?” “Iku Sang Yehuwah kang kwaos lan prakosa, Sang Yehuwah prakosa ing prang” 9 He gapura, padha dhuwurna pucakmu, he lawang kawak padha kangkata, supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet” 10 “Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?” “Iku Sang Yehuwah, Gustine balatantra, Iku Sang Ratuning Kamulyan.” Selah MASMUR 25 Donga nyuwun pangapura lan pangayoman 25:1-22 25 1 Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, nyawa kawula kawula angkat dhumateng ing ngarsa Paduka. 2 Dhuh Allah kawula, kawula pitados dhumateng Paduka, mugi kawula sampun ngantos nandhang wirang; mengsah kawula sampun ngantos sami bingah-bingah margi saking kawula. 3 Sayektos, tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka punika, mesthi boten kawirangan; nanging tiyang ingkang nglampahi cidra tanpa sabab punika manggih wirang. 4 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka, sarta karsaa nedahaken radinan Paduka. 5 Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang, amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula; Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput. 6 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadarman Paduka, awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila. 7 Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nem tuwin dhateng duraka kawula, nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka, margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah. 8 Sang Yehuwah iku becik lan adil, mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan. 9 Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ana ing kabeneran, wong kang lembah manah padha ditedahi margine. 10 Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabeneran tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete. 11 Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah, mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula, awit punika ageng. 12 Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah? Iku mesthi ditedahi dalan kang kudu kapilih. 13 Wong iku dhewe bakal tetep ana ing kabegjan, sarta turune bakal oleh warisan bumi. 14 Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane. 15 Mripatku tansah tumenga marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane bakal nguwalake sikilku saka ing kalajiret. 16 Paduka mugi karsaa mirsani lan melasi kawula, awit kawula kepencil tuwin kesrakat. 17 Paduka mugi karsaa nglonggaraken manah kawula ingkang karupekan punika, mugi karsaa ngluwari kawula saking karibedan kawula 18 Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran saha kangelan kawula, saha sakathahing dosa kawula mugi kaapuntena. 19 Paduka mugi karsaa mirsani mengsah kawula, dene kathah sanget, sarta anggenipun sengit sanget dhateng kawula. 20 Nyawa kawula mugi Paduka reksa saha mugi karsaa ngluwari kawula, sampun ngantos kawula manggih kawirangan, awit kawula ngayom dhumateng Paduka. 21 Kawula mugi kairingna ing katulusan saha kajujuran, awit Paduka ingkang kawula antos-antos. 22 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluwari Israel saking sakathahing karibedanipun. MASMUR 26 Pandonga nyuwun kaleresake dening Sang Yehuwah 26:1-12 26 1 Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaadilan dhumateng kawula, amargi lampah kawula kanthi lampah resik, kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah kalayan boten mangu-mangu. 2 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ndadar lan neter kawula; batos kawula saha manah kawula mugi Paduka titi-priksa. 3 Amargi katresnan saha kasetyan Paduka ingkang kawula pandeng, sarta lampah kawula wonten ing kaleresan Paduka. 4 Kawula boten linggih nunggil kaliyan juru apus saha boten sesrawungan kaliyan tiyang lamis; 5 kula sengit dhateng pakempalanipun tiyang awon, lan ugi boten linggih nunggil kaliyan tiyang duraka. 6 Kawula ngwisuhi tangan kawula tandha bilih boten kalepatan, saha kawula lajeng ngubengi misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, 7 kanthi ngrepekaken kidung panuwun kalayan swara sora, saha martosaken sakathahing kaelokan Paduka. 8 Dhuh Yehuwah, kawula tresna dhateng papan padaleman Paduka kaliyan dhateng papan kamulyan Paduka. 9 Paduka mugi sampun ngukud nyawa kawula sareng kaliyan tiyang dosa, punapa dene gesang kawula sampun ngantos sareng kaliyan tiyang ingkang ngwutahaken rah, 10 ingkang tanganipun nggegem pendamel awon, tanganipun tengen kebak reruba. 11 Naning gesang kawula kanthi manah resik; kawula mugi linuwarna saha mugi Paduka welasi. 12 Sikilku ngambah tanah kang rata; aku bakal ngalembana marang Sang Yehuwah ana ing pasamuwan. MASMUR 27 Ayem ana ing pangayomaning Allah 27:1-14 27 1 Anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku, sapa kang dakwedeni? Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku, sapa kang marakake aku gumeter? 2 Nalika para durjana padha nempuh marang aku arep mangan dagingku, yaiku sakehing satruku lan mungsuhku banjur padha kajengklok lan tiba. 3 Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake tarub ngepung aku, atiku ora giris, sanadyan tuwuh peperangan, atiku tetep pracaya. 4 Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah, yaiku kang dakpengini muga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip, nyawang kadarmane Sang Yehuwah sarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene. 5 Sabab Pangeran ngayomi aku ana ing pasanggrahane, manawa ana bebaya; ngaling-alingi aku ana ing papan kang ndhelik ing sajroning tarube. Panjenengane mrenahake aku ana ing sadhuwuring parang. 6 Saiki sirahku jejeg, ngungkuli musuh kang ngepung aku; ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak; aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah. 7 Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula ingkang kawula unjukaken, mugi Paduka karsaa melasi kawula saha kawula mugi kaparingana wangsulan 8 Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.” Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah. 9 Paduka mugi sampun nutupi wedana Paduka dhateng kawula, Paduka sampun nampik abdi Paduka klayan bebendu; Paduka punika pitulungan kawula, kawula mugi sampun Paduka tampik saha Paduka tilar, dhuh Allah, Juruwilujeng kawula 10 Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula, nanging Sang Yehuwah ingkang mupu kawula. 11 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi pitedah bab Paduka, sarta lampah kawula katuntuna wonten ing margi ingkang wradin margi saking wontenipun mengsah kawula. 12 Kawula sampun Paduka ulungaken dhateng hawa nepsunipun satru kawula, awit sampun wonten seksi-seksi dora ingkang sami nglawan kawula, kaliyan tiyang-tiyang ingkang kadunungan dereng badhe niksa. 13 Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwah ana ing bumining wong urip 14 Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah Padha dipanggah lan ditatag atimu Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah MASMUR 28 Sang Yehuwah iku tetamengku 28:1-9 28 1 Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah peparang kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka, mugi sampun ngendelaken kawula, sabab manawi Paduka ngendelaken kawula, kawula lajeng kadosdene tiyang ingkang mandhap dhateng kubur. 2 Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula, manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung, tuwin njunjung tangan kawula ngener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci. 3 Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka, utawi ingkang nglampahi awon, ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun, nanging manahipun kebak piawon. 4 Punika mugi sami Paduka wales satimbang kaliyan pandamelipun, saha manut pratingkahipun ingkang awon; mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining tanganipun sarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika. 5 Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah, sarta apa kang katindakake dening astane, mulane bakal padha katibakake lan ora ditangekake maneh. 6 Pinujia Sang Yehuwah, awit wus miyarsakake swaraning pasambatku. 7 Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku, atiku kumandel marang Panjenengane. Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah, sarta aku ngunjukake panuwun marang Panjenengane kalawan kekidungan. 8 Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate, Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi 9 Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka, tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak, mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun. MASMUR 29 Kamulyane Gusti Allah ana ing prahara 29:1-11 29 1 Anggitane Prabu Dawud. He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah, ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan 2 Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane, padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen 3 Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu, Gusti Allah kang mulya gumludhug, Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe. 4 Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan. 5 Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres, malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah. 6 Panjenengane andadosake gunung Libanon mlumpat-mlumpat kaya pedhet, lan gunung Siryon kaya pedheting bantheng. 7 Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni mulad-mulad. 8 Swantene Sang Yehuwah ngoregake pasamunan, Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy. 9 Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak, malah njalari alas-alas padha gundhul, sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna” 10 Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring banjir, Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase. 11 Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate, Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu. MASMUR 30 Kidung pamuji sokur marga uwal saka ing bebaya 30:1-12 30:1-13 30 1 Masmur. Kidung kanggo nucekake Padaleman Suci. Anggitane Prabu Dawud. 30-2 Dhuh Yehuwah, Paduka badhe kawula luhuraken, amargi Paduka sampun ngentas kawula, saha boten marengaken manawi mengsah kawula sami bingah margi saking kawula. 2 30-3 Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula sesambat nyuwun tulung dhumateng Paduka, lajeng Paduka sarasaken. 3 30-4 Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngentas nyawa kawula saking ing teleng palimengan, Paduka nggesangaken kawula wonten ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang sampun lumebet ing kubur. 4 30-5 Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi, sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmane kang suci 5 30-6 Amarga bebendune mung sadhela, nanging kamirahane tetep ing salawase urip; ing wayah bengi ana panangis, ing wayah ngarepake esuk keprungu surak-surak. 6 30-7 Ing salebeting kabingahan kawula, osiking manah kawula: “Aku ora bakal gloyoran salawase” 7 30-8 Dhuh Yehuwah, margi saking anggen Paduka karenan, kawula sampun Paduka papanaken wonten ing sanginggiling redi ingkang santosa; nanging sareng Paduka nutupi wadana Paduka, kawula kaget. 8 30-9 Kawula munjuk kalayan sora dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, lan kawula nyenyuwun dhumateng Pangeran: 9 30-10 “Punapa paedahipun manawi rah kawula wutah, manawi kawula mandhap dhateng ing kubur? Punapa lebu saged ngaturaken pamuji sokur dhumateng Paduka sarta martosaken kasetyan Paduka? 10 30-11 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula” 11 30-12 Kawula ingkang sesambat Paduka santuni dados tiyang ingkang jejogedan, pangangge kawula bagor Paduka rucat, kawula lajeng Paduka sabuki kaliyan kabingahan, 12 30-13 supados nyawa kawula ngidungaken masmur kagem Paduka lan sampun ngantos kendel kemawon. Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur dhumateng Paduka ing salaminipun. MASMUR 31 Tentrem ana ing astaning Yehuwah 31:1-24 31:1-25 31 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 31-2 Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka, kawula mugi sampun ngantos nandhang kawirangan. Mugi Paduka ngentas kawula amargi kaadilan Paduka, 2 31-3 Paduka mugi nilingna dhateng kawula, karsaa enggal paring wangsulan Paduka mugi karsaa dados redi sela papan pangayoman kawula, beteng santosa ingkang mitulungi kawula 3 31-4 Awit Paduka punika redi sela tuwin beteng kawula, kawula badhe Paduka irid saha Paduka tuntun margi saking asma Paduka. 4 31-5 Paduka badhe ngluwari kawula saking kala, ingkang kapasang dening tiyang kangge kawula, amargi Paduka ingkang dados pangauban kawula. 5 31-6 Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka; dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula. 6 31-7 Paduka sengit dhateng tiyang ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina, nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah. 7 31-8 Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka, awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula, 8 31-9 saha kawula boten Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsah, nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan. 9 31-10 Dhuh Yehuwah, mugi kawula Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek; mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos. 10 31-11 Amargi gesang kawula katedha ing kasisahan saha tauning umur kawula sami telas dening pangesah; kekiyatan kawula mundur margi saking kasangsaran kawula, sarta balung kawula sami gopok. 11 31-12 Kawula dados cecampahaning mengsah kawula, lan njalari girisipun para tangga tepalih kawula, punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula; tiyang ingkang sami sumerep kawula wonten ing margi, lajeng sami lumajeng. 12 31-13 Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah, kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah. 13 31-14 Amargi kawula mireng tiyang kathah sami bisik-bisik, -- kawula kinepang ing pagiris -- sami sekuthon badhe nglawan dhateng kawula, ngangkah dhateng nyawa kawula. 14 31-15 Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, kawula matur: “Paduka punika Allah kawula” 15 31-16 Gesang kawula punika wonten ing asta Paduka, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tanganipun para satru kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula 16 31-17 Wadana Paduka mugi madhangna abdi Paduka, kaluwarana margi saking sih-kadarman Paduka 17 31-18 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken ing salebetipun nandhang kawirangan, amargi kawula nyebut dhumateng Paduka; tiyang duraka punika kajengipun sami nandhang kawirangan mandhapa dhateng teleng palimengan klayan kendel. 18 31-19 Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu, ingkang nyendhu dhateng tiyang burus kalayan kumethak lan nyenyampahi 19 31-20 Iba lubering kautamen Paduka ingkang kacawisaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng tiyang ingkang sami ngayom dhateng ing Paduka, wonten ing ngajengipun manungsa 20 31-21 Punika sami Paduka singidaken wonten ing pangayomaning wadana Paduka, margi saking wontenipun sekuthoning tiyang; sami Paduka ayomi wonten ing pamondhokan supados lepat saking padudonipun ilat kathah. 21 31-22 Pinujia Sang Yehuwah, awitdene sih-kadarmane dikatingalake marang aku kanthi patrap kang nggumunake nalika aku ketaman ing karupekan 22 31-23 Amargi saking bingung kawula, kawula nginten: “Kawula sampun kabucal saking paningal Paduka.” Ewasamanten nalika kawula sesambat dhumateng Paduka, Paduka lajeng nyembadani dhateng pasambat kawula. 23 31-24 He sakehe para kekasihing Pangeran, padha tresnaa marang Sang Yehuwah Sang Yehuwah ngreksa para wong kang setya, nanging kang gumunggung diwales temenan. 24 31-25 Sakehing wong kang ngarep-arep marang Sang Yehuwah, padha disantosa lan diteteg atimu MASMUR 32 Bab karahayone wong kang kaapura dosane 32:1-11 32 1 Anggitane Prabu Dawud. Kidung piwulang. Rahayu wong kang kaapura panerake, kang dosane kaaling-alingan 2 Rahayu wong kang durakane ora kaetang dening Yehuwah, sarta kang atine ora kadunungan cidra 3 Sadangunipun kawula kendel, balung kawula sami dados gapuk ing salebeting panggluruh kawula sadinten muput; 4 amargi rinten dalu asta Paduka awrat pametekipun dhateng kawula sungsum kawula ngantos garing, kadosdene ngeraking mangsa benter. Selah 5 Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,” Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. Selah 6 Milanipun sakathahing tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Paduka, mumpung taksih saged pinanggih; sanadyan wontena bena ageng, boten kebenan. 7 Paduka ingkang dados pasingidan kawula, Paduka nebihaken kawula saking karibedan, Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak. Selah 8 Aku arep mulang marang kowe, dakweruhake dalan kang wajib kokambah; aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe. 9 Aja kaya jaran utawa bihal kang ora duwe budi, prelu dienggoni apus lan kendhali, manawa ora, ora bakal nyedhaki kowe. 10 Wong duraka nandhang perih akeh, nanging kang kumandel marang Sang Yehuwah iku mesthi kinubengan ing sih-rahmat. 11 He para wong mursid, padha bungaha lan giyak-giyaka ana ing Pangeran Yehuwah. He para wong kang mulus ing ati, padha surak-suraka MASMUR 33 Kidung pangalembana marang Allahe Israel 33:1-22 33 1 He para wong mursid, padha asurak-suraka ana ing Sang Yehuwah Awit wus samesthine, manawa wong tulus atine padha memuji. 2 Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah kalawan clempung, kidungna masmur kalawan slukat akawat sepuluh. 3 Kidungna kekidungan anyar; diprigel panabuhmu kanthi swara kang rame 4 Sebab pangandikane Sang Yehuwah iku nyata, samubarang kabeh katindakake kalawan setya tuhu. 5 Panjenengane karenan marang kang bener lan adil; bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah. 6 Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah, sakehing balane dening napasing lesane. 7 Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan, samodra gedhe dilebokake ing wadhah. 8 Salumahing bumi cikben padha wedi marang Sang Yehuwah, wong saisining jagad cikben padha gumeter ana ing ngarsane 9 Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi; Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana. 10 Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa; murungake rancangane para suku bangsa; 11 nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase, tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun. 12 Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe, sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane 13 Pangeran Yehuwah maspaosake saka ing swarga, lan mirsani sakehing anake manungsa; 14 saka ing padalemane nguningani sakehing isine bumi. 15 Kabeh padha diwangun atine, sarta digatosake apa sapanggawene. 16 Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane; pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane. 17 Jaran iku tangeh yen marakake unggul, lan karosane kang ngedab-edabi ora njalari bisa oncat. 18 Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta nganti-anti marang sih-kadarmane, 19 supaya nyawane kauwalake saka ing pati, sarta padha diuripi ing mangsa paceklik. 20 Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah. Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita. 21 Sanyata ati kita bungah marga saka Panjenengane, awit kita pracaya marang asmane kang suci. 22 Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka lumuntura dhateng kawula sadaya, kadosdene pangantos-antos kawula sadaya dhumateng Paduka. MASMUR 34 Ana ing pangayomane Pangeran Yehuwah 34:1-22 34:1-23 34 1 Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika mindha-mindha wong kang owah pikirane ana ing ngarsane Prabu Abimelekh, temah ditundhung, banjur angles. 34-2 Pangeran Yehuwah arep dakpuji ing salawase; pepujian marang Panjenengane tetep ana ing cangkemku. 2 34-3 Marga saka Sang Yehuwah nyawaku rumangsa mulya; wong kang lembah manah cikben padha krungu lan padha bungah. 3 34-4 Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku, payo padha bebarengan nyuwurake asmane 4 34-5 Aku wus ngupaya Pangeran Yehuwah, banjur diparingi wangsulan, sarta diluwari saka sabarang kang marakake girisku. 5 34-6 Padha mandenga marang Pangeran Yehuwah, ulatmu mesthi bakal padha dibingarake, sarta mesthi ora bakal padha kawirangan. 6 34-7 Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah; sarta diluwari saka ing sakehe rerubede. 7 34-8 Malaekate Pangeran Yehuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengane, sarta padha kaluwaran. 8 34-9 Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhene kasaenane Pangeran Yehuwah iku Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengane 9 34-10 He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah, wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa. 10 34-11 Singa anom padha nandhang papa lan keluwen, nanging wong kang ngupaya Sang Yehuwah padha ora kekurangan sabarang kang becik. 11 34-12 He para bocah, padha ngrungokna pituturku, kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah. 12 34-13 Sapa kang seneng urip, kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik? 13 34-14 Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung ala sarta lambemu aja ngucapake kang cidra; 14 34-15 ngedohana piala, nglakonana kang becik, ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel 15 34-16 Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid, sarta talingane midhangetake ing pasambate; 16 34-17 wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangenget-enget tumrap wong- wong mau kasirnakake saka ing bumi. 17 34-18 Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake, sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede. 18 34-19 Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine, sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi. 19 34-20 Wong mursid iku akeh rerubede, nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh, 20 34-21 Panjenengane ngreksa balung- balunge, nganti ora ana kang tugel siji-sijia. 21 34-22 Wong duraka bakal dipateni dening kasangsaran, sarta sing sapa sengit marang wong mursid, mesthi oleh paukuman. 22 34-23 Pangeran Yehuwah ngluwari nyawane para abdine, sarta sakehing wong kang pracaya marang Panjenengane ora bakal kaukum. MASMUR 35 Pandonga nyuwun tulung, marga ana mungsuh 35:1-28 35 1 Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi mabenana tiyang ingkang sami mabeni kawula, mugi merangana tiyang ingkang sami merangi kawula. 2 Paduka mugi karsaa ngasta tameng lan paris, Paduka mugi karsaa jumeneng mitulungi kawula. 3 Paduka mugi karsaa ngedalaken tumbak kaliyan wadung-perang kangge nglawan para tiyang ingkang sami ngoyak kawula; saha Paduka mugi karsaa ngendika dhateng nyawa kawula: “Ingsun kang mitulungi sira.” 4 Tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula mugi samia kisinan lan kawirangan, tuwin ingkang ngangkah dhateng sangsara kawula mugi samia mundur lan kisinan. 5 Samia kados mrambut kabur ing angin, samangsa sami kakentasaken dening Malaekating Yehuwah. 6 Marginipun dadosa peteng saha lunyu, saha sami kaoyaka dening Malaekating Yehuwah. 7 Tanpa jalaran anggenipun masangi kala-jiret dhateng kawula, tanpa jalaran anggenipun ndhudhuk luwangan kangge kawula. 8 Tiyang punika kadhatengana ing bilai ingkang boten kanyana-nyana, sarta kajireta ing kala ingkang kapasang piyambak, kajengipun dhawah temah sirna 9 Nanging kawula badhe asurak-surak margi saking Pangeran Yehuwah, sarta badhe suka pari suka margi saking paringipun pitulungan. 10 Balung kawula sadaya badhe munjuk makaten: “Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kados Paduka, ingkang ngluwari tiyang kesrakat saking tanganipun tiyang ingkang langkung kiyat katimbang piyambakipun, sarta ingkang ngluwari tiyang sangsara saha mlarat saking tanganipun ingkang ngrampog?” 11 Seksi ingkang remen dhateng kakerasan sami jumedhul, sami nggigat ing bab ingkang boten kawula ngretosi. 12 Kasaenan kawula dipun wales piawon, temah nyawa kawula dados pepes. 13 Ewadene menggah kawula, nalika tiyang punika sami sakit, kawula mangangge bagor, kawula nyiksa badan kawula kaliyan siyam, tuwin pandonga kawula thukul malih wonten ing manah kawula, 14 kados-kados mitra kawula utawi sadherek kawula ingkang sakit, kados makaten tangkep kawula; kawula tansah nandhang sisah kados tiyang ingkang kapejahan biyungipun, lampah kawula tansah tumungkul kalayan mangangge bagor. 15 Nanging sareng kawula kesandhung saha dhawah, lajeng sami bingah saha nglempak, sami nggrombol nglawan kawula; tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula, sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel; 16 anggenipun ngece kawula kados patrapipun tiyang dursila, klayan nggeget-nggeget untu dhateng kawula. 17 Dhuh Pangeran, ngantos benjing punapa anggen Paduka namung mirsani kemawon? Nyawa kawula mugi Paduka luwari saking pangrisakipun tiyang-tiyang punika, sarta saking singa-singa enem 18 Kawula lajeng badhe ngidungaken panuwun dhateng Paduka wonten ing pasamuwan agung, Paduka badhe kawula luhuraken wonten ing satengahing rakyat kathah. 19 Tiyang ingkang sami nyatru dhateng kawula tanpa sabab, punika sampun ngantos sami bingah- bingah ing bab kawula, tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula tanpa sabab, sampun ngantos kedhap-kedhep mripat. 20 Ingkang dipun rembag sanes karukunan, malah sami ngrancang pratingkah cidra kangge nglawan tiyang ing nagari ingkang gesangipun sami rukun. 21 Punapa malih sami broak-braok ujaripun dhateng kawula; tembungipun: “Sokur, sokur, mripatku wus weruh” 22 Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang sampun nguningani, mugi Paduka sampun kendel kemawon, dhuh Pangeran, mugi sampun ngantos nebihi kawula 23 Paduka mugi karsaa wungu lan karsaa jumeneng mbelani wewenang kawula, dhuh Allah kawula, lan Gusti kawula, Paduka mugi karsaa ngembani prakawis kawula. 24 Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngadili kawula ingkang salaras kaliyan kaadilan Paduka, supados tiyang punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula 25 Sampun ngantos sami nggraita makaten: “Lah kaya mangkono kuwi kang padha dakkarepake.” Utawi ungelipun: “Saiki dheweke wis dakuntal” 26 Sami nandhanga wirang saha isin sesarengan, tiyang ingkang sami bingah-bingah margi saking sangsara kawula, tiyang ingkang sami methenthengi kawula, sami nandhanga wirang isin. 27 Tiyang ingkang sami kepengin sumerep kawula dipun leresaken, punika kajengipun sami asurak-surak saha abingah-bingah sarta tansah sami wicantena makaten: “Pangeran Yehuwah iku agung, kang ngarsakake rahayune abdine” 28 Wondene ilat kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka, tuwin memuji Paduka ing sadinten muput. MASMUR 36 Durakane wong dosa lan sih-rahmate Gusti Allah 36:1-12 36:1-13 36 1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud abdine Sang Yehuwah. 36-2 Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine; ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah, 2 36-3 sabab wong mau mbebujuk marang awake dhewe, nganti wong nyumurupi kaluputane lan sengit marang iku. 3 36-4 Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan, wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan. 4 36-5 Ana ing paturone ngrantam- ngrantam piala, kang diambah dalan kang ora becik, sarta ora nyirik piala. 5 36-6 Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika sundhul ing akasa, saha kasetyan Paduka dumugi ing mega. 6 36-7 Kaadilan Paduka punika kados redi-redining Allah, pancasan Paduka kados samodra agung ingkang nggegirisi. Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungi manungsa lan kewan. 7 36-8 Iba-iba ajining sih-kamirahan Paduka, dhuh Allah Para anaking manungsa sami ngungsi dhateng aubing swiwi Paduka. 8 36-9 Sami katuwukan ing gajih saking padaleman Paduka, sarta Paduka paringi ngombe saking lepening kasukan Paduka. 9 36-10 Amargi tuking gesang punika wonten ing Paduka; anggen kawula ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka. 10 36-11 Kamirahan Paduka mugi kaluberna dhateng tiyang ingkang sami tepang kaliyan Paduka, sarta kaadilan Paduka dhateng ing tiyang ingkang tulus manahipun. 11 36-12 Kawula mugi sampun ngantos kaicak-icak ing sukunipun tiyang gumunggung, utawi katundhung ing tanganipun tiyang duraka. 12 36-13 Lah punika para tiyang ingkang nglampahi piawon sami dhawah; sami kabanting ngantos boten saged tangi malih. MASMUR 37 Kabegjane wong duraka iku kabegjan kang ora nyata 37:1-40 37 1 Anggitane Prabu Dawud. Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika; 2 amarga iku enggal bakal padha layu kaya suket, utawa alum kaya tetuwuhan kang ijo. 3 Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan, tetepa pamanggonmu ana ing nagara sarta tumindaka kang setya, 4 lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu. 5 Uripmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah sarta kumandela marang Panjenengane, Panjenengane kang bakal tumindak. 6 Panjenengane bakal mbabarake kebeneran mau kaya pepadhang, sarta wewenangmu kaya raina. 7 Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah, aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe, sarta marga saka wong kang nglakoni culika. 8 Biraten nepsumu lan tinggalen panasing atimu iku, aja nepsu, iku mung nuntun marang panggawe ala. 9 Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes, nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwah iku bakal padha oleh warisan bumi. 10 Awit wektune mung kari sathithik, wong duraka nuli bakal sirna; sarta tilas panggonane bae yen kokgatekake iya wus ora ana maneh. 11 Balik wong kang andhap-asor iku bakal padha oleh warisan bumi, sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakake katentreman kang linuwih. 12 Wong duraka nganam-anam pitenah nglawan wong mursid, sarta nggeget-nggeget untu ana ing ngarepe. 13 Nanging digegujeng ing Pangeran, amarga Pangeran mirsa, yen dinane wong iku wus cedhak. 14 Wong duraka padha ngunus pedhange lan menthang gandhewane arep mateni para wong kang sangsara lan mlarat, sarta kang jujur lakune. 15 Nanging pedhange bakal mbalik lan nuwek awake dhewe, gandhewane padha pinutung. 16 Sathithika kae barang darbeke wong mursid iku luwih becik katimbang karo mubra-mubrune wong duraka. 17 Amarga tangane wong duraka bakal padha ditugel, nanging wong mursid iku dikukuhake dening Pangeran Yehuwah. 18 Pangeran Yehuwah nupiksani dinane wong saleh, warisane bakal lestari ing salawase; 19 ing dina karibedan ora bakal kawirangan, lan ing mangsa paceklik iya bakal kawaregan. 20 Balik wong duraka mesthi bakal padha tumpes lan satrune Sang Yehuwah bakal padha sirna kaya kaendahane suket ing pangonan; padha sirna, padha sirna kayadene kukus. 21 Wong duraka utang, nanging ora nyaur, balik wong mursid iku ambek welasan lan dhemen weweh. 22 Wong kang binerkahan ing Pangeran iku padha oleh warisan bumi, nanging kang kena ing laknate iku padha ditumpes. 23 Jangkahe wong dikukuhake dening Pangeran Yehuwah, anggere lakune wong mau dadi keparenge Pangeran; 24 samangsa tiba ora nganti gumuling, amarga Pangeran Yehuwah nyepengi tangane. 25 Wiwit aku isih enom nganti saiki wis tuwa, aku durung tau nyumurupi wong mursid kategakake, utawa anak-putune padha luru-luru pangan; 26 saben dina nandukake kawelasan lan ngutangi, sarta anak-putune padha dadi berkah. 27 Ngedohana marang piala sarta nglakonana kabecikan, temah pamanggonmu lestari ing salawas-lawase; 28 amarga Sang Yehuwah nresnani kaadilan, lan ora bakal negakake marang para kang kinasihan. Malah padha direksa ing salawase, nanging para turune wong duraka padha ditumpes. 29 Para wong mursid padha oleh warisan bumi lan tansah manggon ing kono. 30 Cangkeme wong mursid iku medharake kawicaksanan, sarta ilate ngucapake kaadilan. 31 Angger-anggering Allahe ana ing batine, lakune ora sleyoran. 32 Wong duraka ndingkik marang wong mursid ngarah patine; 33 nanging ora diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane, Panjenengane ora bakal kendel bae samangsa dheweke diadili kaanggep duraka. 34 Padha nganti-antia marang Pangeran Yehuwah, sarta lumakua ing margine, satemah kowe banjur kaangkat supaya oleh warisan bumi, sarta kowe bakal padha ndeleng para wong duraka tinumpes. 35 Aku weruh sawijining wong duraka kang agung-gumunggung; kang mekar kaya wit eres ing Libanon. 36 Nalika aku liwat, kok wus ora ana; dakgoleki nanging ora ketemu. 37 Mara titenana mungguh wong mursid, lan delengen wong kang temen, awit wong kang ambek rukun iku kaanane bakal nyenengake ing tembe burine; 38 balik wong mursal padha tinumpes bebarengan, sarta para wong duraka pangarep-arepe ing tembe bakal kasirnakake. 39 Para wong mursid iku dipitulungi dening Sang Yehuwah; Panjenengane kang dadi pangayomane ing mangsa karubedan; 40 bakal padha dipitulungi dening Sang Yehuwah sarta diluwari, padha diuwalake saka ing tangane para wong duraka lan dislametake, awit padha ngungsi marang ing Panjenengane. MASMUR 38 Pandonga ing sajrone lara 38:1-22 38:1-23 38 1 Masmur anggitane Prabu Dawud nalika nyaosake kurban pengetan. 38-2 Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos kaukum salebeting bebendu Paduka, sarta kawula sampun ngantos karangket ing salebeting bramantya Paduka; 2 38-3 amargi kawula ketaman ing panah Paduka, asta Paduka sampun ndhawahi kawula. 3 38-4 Daging kawula boten wonten ingkang saras margi saking bebendu Paduka, balung kawula boten wonten ingkang wilujeng margi saking dosa kawula; 4 38-5 amargi piawon kawula sampun tumempuh dhateng ing sirah kawula sadayanipun punika kados momotan ingkang langkung dening awrat saha kawraten tumrap kawula. 5 38-6 Koreng kawula mambet boten eca, ngemu nanah margi saking bodho kawula. 6 38-7 Kawula ngantos wungkuk, ngantos mbengkeluk sanget; sadinten muput anggen kawula lumampah sarwi mangangge bagor. 7 38-8 Bangkekan kawula kebak tatu, saha daging kawula boten wonten ingkang wetah; 8 38-9 kawula nglempuruk, katelasan kakiyatan, kawula asesambat amargi manah kawula trataban. 9 38-10 Dhuh Pangeran, Paduka nguningani sadaya pepenginan kawula, sarta boten kesamaran menggah pasambat kawula. 10 38-11 Manah kawula trataban, kakiyatan kawula telas, saha mripat kawula koncatan sunaripun. 11 38-12 Mitra saha tetepangan kawula sami sumingkir, margi saking memala kawula, saha sanak-sadherek kawula sami nebih. 12 38-13 Tiyang ingkang ngarah nyawa kawula sami masang kala-jiret, ingkang murih cilaka kawula sami ngrantam badhe ngrisak kawula, saha saben dinten ngrancang paekan. 13 38-14 Nanging kawula kados tiyang budheg, boten mireng, lan kados tiyang bisu, ingkang boten mbikak cangkemipun. 14 38-15 Malah kados tiyang ingkang boten mireng, lan cangkemipun boten saged mabeni. 15 38-16 Dene Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, dhuh Yehuwah; Paduka ingkang badhe maringi wangsulan, dhuh Pangeran Allah kawula. 16 38-17 Gagasan kawula makaten: “Anggeripun tiyang punika sampun ngantos bingah-bingah margi saking kawula, sampun ngantos gumunggung manawi suku kawula gloyoran” 17 38-18 Awit kawula badhe dhawah jalaran kasandhung, saha kawula tansah karidhu ing sakit. 18 38-19 Dene kawula ngakeni kalepatan kawula, kawula melang-melang margi saking dosa kawula. 19 38-20 Mengsah kawula kathah sanget, tuwin kathah tiyang ingkang sengit dhumateng kawula tanpa sabab; 20 38-21 tiyang ingkang males awon dhateng kasaenan kawula, sami nglawan kawula, amargi kawula ngudi dhateng kasaenan. 21 38-22 Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi sampun negakaken kawula, sampun nebihi kawula. 22 38-23 Mugi enggala mitulungi kawula, dhuh Pangeran, Pamarta kawula MASMUR 39 Pandonga nyuwun pitulungan 39:1-13 39:1-14 39 1 Kanggo lurah pasindhen, kanggo Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud. 39-2 Gagasanku mangkene: “Aku dak ngati-ati, supaya aku aja nganti nglakoni dosa kalawan ilatku, cangkemku dakjaga kalawan dakbrangus, sajrone wong duraka isih ana ing ngarepku.” 2 39-3 Aku mbisu, aku meneng, aku mbisu, aku adoh karo bab kang becik, nanging prihatinku saya banget. 3 39-4 Atiku panas ana ing jeroku, murub kaya geni nalika aku sesambat; aku munjuk kalawan ilatku: 4 39-5 “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula, punapadene bab watesing umur kawula, supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng 5 39-6 Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. Selah 6 39-7 Manungsa punika namung kadosdene wewayangan ingkang langkung, namung usreg kemawon bab barang ingkang tanpa paedah, nandho-nandho nanging boten sumerep sinten ingkang badhe ngrakup. 7 39-8 Dados sapunika ingkang kula ajeng-ajeng punika punapa, dhuh Gusti? Namung Paduka kemawon ingkang kawula ajab. 8 39-9 Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahing kalepatan, kawula sampun ngantos dados cecampahanipun tiyang gemblung. 9 39-10 Kawula mingkem, boten mbikak cangkem kawula, amargi Paduka piyambak ingkang tumindak. 10 39-11 Paduka mugi karsaa nyingkiraken panyiksa Paduka saking kawula, kawula remuk-rempu margi saking panggebag Paduka. 11 39-12 Paduka ngrangket tiyang mawi paukuman, jalaran lepat; kaendahanipun Paduka lebur kadosdene renget, pancen saben tiyang punika namung bab ingkang tanpa gina. Selah 12 39-13 Dhuh Yehuwah mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, saha nilingna ing pasambat kawula, tetesing eluh kawula sampun Paduka kendelaken kemawon, amargi kawula punika mondhok wonten ing ngarsa Paduka, tiyang neneka kadosdene leluhur kawula sadaya. 13 39-14 Paduka mugi mengkeraken kawula, supados kawula saged bingar, saderengipun kawula kesah sarta boten wonten ing malih.” MASMUR 40 Panuwun lan pandonga 40:1-17 40:1-18 40 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 40-2 Aku nganti-anti banget marang Sang Yehuwah, nuli iya diuningani, sarta pasambatku dipiyarsakake. 2 40-3 Aku dientasake saka luwenging bilai, lan saka ing bladhering rawa, sikilku banjur didegake ana ing parang, jangkahku dikukuhake. 3 40-4 Apadene cangkemku diparingi kidung anyar, kidung pamuji marang Allah kita, akeh wong kang padha weruh, temahan wedi, lan banjur kumandel marang Pangeran Yehuwah. 4 40-5 Rahayu wong, kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah, kang ora tumolih marang wong kang padha kumlungkung, lan marang wong kang nyimpang marang ing pambekan cidra. 5 40-6 Dhuh Yehuwah Allah kawula, sampun kathah ingkang Paduka tindakaken, pakaryan Paduka ingkang elok saha karsa Paduka tumrap kawula sadaya, boten wonten ingkang saged kajejeraken kaliyan Paduka. Kaelokan Paduka badhe kawula cariyosaken saha kawula ucapaken, nanging manawi kaetang kakathahen sanget cacahipun. 6 40-7 Paduka boten karenan dhateng kurban sembelehan saha kurban dhaharan. Paduka sampun mbikak kuping kawula, Paduka boten mundhut kurban obaran tuwin kurban pangruwating dosa. 7 40-8 Kula lajeng munjuk: “Lah punika kawula sowan; ing gulunganing kitab sampun wonten seratipun ingkang magepokan kaliyan kawula; 8 40-9 dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka; sarta angger-angger Paduka wonten ing batos kawula.” 9 40-10 Kawula martosaken kaleresan wonten ing pasamuwanipun tiyang kathah; malah kawula boten mekak lambe kawula, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang ugi mirsa. 10 40-11 Kaadilan boten kawula sidhem wonten ing manah kawula, kasetyan Paduka saha kawilujengan ingkang saking Paduka kawula rembag, katresnan saha kaleresan Paduka boten kawula sidhem wonten ing pasamuwanipun tiyang kathah. 11 40-12 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi sampun ngantos mekak sih-kadarman Paduka saking kawula, kawula mugi tansah kareksaa ing katresnan saha kaleresan Paduka 12 40-13 Amargi bebaya ngepang kawula ngantos boten kenging kaetang kathahipun. Kawula sampun ketututan ing duraka kawula, ngantos kawula boten tahan ningali; cacahipun nglangkungi cacahipun rambutipun sirah kawula, temah manah kawula pasrah. 13 40-14 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula; dhuh Yehuwah, mugi enggal karsaa paring pitulungan dhumateng kawula 14 40-15 Sadaya tiyang ingkang ngangkah dhateng nyawa kawula, mugi sami nandhanga wirang tuwin isin; ingkang ngudi bilai kawula, mugi sami mundur sarta nandhanga wirang 15 40-16 Tiyang ingkang mungel: “Sokur, sokur” dhateng kawula, punika mugi kabungkema cangkemipun margi wirang. 16 40-17 Tiyang ingkang ngupadosi Paduka, mugi sami bingah-bingah sarta suka-suka margi saking Paduka; ingkang remen dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka, tetepa ngucap makaten: “Pangeran Yehuwah, linuhurna” 17 40-18 Kawula punika sangsara lan mlarat, nanging Pangeran nggalih dhateng kawula, Paduka ingkang mitulungi tuwin ngluwari kawula, dhuh Allah kawula, mugi sampun ngantos rendhet MASMUR 41 Pandonga nyuwun kawarasan 41:1-13 41:1-14 41 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 41-2 Rahayu wong kang nggatekake marang wong kang ringkih Wong iku bakal dipitulungi Sang Yehuwah ing wektu nandhang sangsara. 2 41-3 Pangeran Yehuwah bakal ngayomi lan ngopeni nyawane, temah kasebut wong begja ana ing bumi; Paduka boten badhe marengaken piyambakipun dipun angge dolanan dening mengsahipun 3 41-4 Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu dening Sang Yehuwah ana ing paturone, Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun. 4 41-5 Mungguh aku, aturku mangkene: “Dhuh Yehuwah kawula mugi Paduka welasi, kawula mugi Paduka sarasaken, amargi anggen kawula damel dosa punika dhumateng Paduka.” 5 41-6 Satruku padha nyatur aku ala: “Besuk kapan matine wong iku, sarta sirnane jenenge?” 6 41-7 Wong kang tilik aku, rembuge goroh: atine kebak piala, bareng metu iku diwartak-wartakake. 7 41-8 Sakehing wong kang sengit marang aku padha bisik-bisik bab aku, padha ngrantam piala marang aku: 8 41-9 “Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani, anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.” 9 41-10 Dalah mitraku kang dakpracaya, kang kembul mangan karo aku, iku uga ngethungake tungkake marang aku. 10 41-11 Nanging Paduka dhuh Yehuwah, mugi karsaa melasi kawula saha njejegaken kawula, kawula lajeng badhe males dhateng tiyang-tiyang punika. 11 41-12 Margi saking makaten kawula sumerep, bilih Paduka karenan dhumateng kawula, punika manawi kawula boten dados margining satru kawula lajeng asurak-surak. 12 41-13 Wondene menggah ing kawula, Paduka ngekahaken kawula margi saking temen kawula, sarta Paduka jejegaken wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun. 13 41-14 Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel, wiwit ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan Amin, Amin. Jilid II: MASMUR 42--72 Kangen marang Gusti Allah 42:1--43:5 42 1 Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulang anggitane bani Korakh. 42-2 Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lepen, inggih makaten kangening nyawa kawula dhumateng Paduka, dhuh Allah. 2 42-3 Nyawaku ngorong marang Allah, marang Allah kang gesang, besuk kapan anggonku diparengake sowan ndeleng Gusti Allah? 3 42-4 Luhku kang dakpangan rina lan wengi awit sadina muput aku dicalathoni ing wong mangkene: “Allahmu ana ing ngendi?” 4 42-5 Iki bakal dakeling-eling, sajrone nyawaku sedhih lan lesu: sarehne wonge akeh banget kapriye bisaku maju ndhisiki wong-wong iku menyang ing padalemaning Allah kalawan surak-surak lan ngrepekake kidung panuwun, ana ing karameaning wong-wong kang padha nganakake pahargyan. 5 42-6 Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul, lan ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Allah, awit Panjenengane bakal dakpuji, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku 6 42-7 Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula, mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka, saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon, saking ing redi Mizar. 7 42-8 Samodra agung nguwuh-uwuh dhateng sami samodra agung, sareng kaliyan kumrasaking grojogan Paduka; kawula karoban ing sakathahing ombak saha alun Paduka. 8 42-9 Ing wayah rina Pangeran Yehuwah ndhawuhake sih-kadarman, sarta ing wayah bengi aku ngrepekake kekidungan, pandonga marang Gusti Allahing uripku. 9 42-10 Unjukku marang Allah peparangku mangkene: “Punapaa dene Paduka boten ngengeti kawula? Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor margi saking panganiayanipun satru?” 10 42-11 Tiyang ingkang nenacad kawula punika, kados nuwek-nuweka balung kawula, sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten: “Allahmu ana ing ngendi?” 11 42-12 Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah Awit Panjenengane dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku MASMUR 43 43 1 Dhuh Allah, Paduka mugi paring adil dhumateng kawula, karsaa nindakaken prakawis kawula, ingkang tumuju dhateng bangsa ingkang boten saleh Mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang ambek cidra lan culika 2 Awit Paduka punika Allah ingkang dados pangungsen kawula. Punapaa dene kawula kok Paduka sebrataken? Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor, margi saking panganiayanipun satru? 3 Paduka mugi maringi pepadhang saha kasetyan Paduka, sageda nuntun kawula dhateng redi Paduka ingkang suci, sarta dhateng ing padaleman Paduka. 4 Supados kawula sageda lumebet dhateng ing ngajengipun misbyah Paduka, sowan dhateng ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring suka bingah dhateng kawula, saha memuji binarung swaraning clempung, dhuh Allah, Allah kawula 5 Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku MASMUR 44 Pasambate bangsa kang katindhes 44:1-26 44:1-27 44 1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang. 44-2 Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak, saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula, bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun, inggih kala jaman kina. 2 44-3 Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka, nanging para leluhur sami Paduka tanem, suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara, nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar. 3 44-4 Amargi boten sarana pedhang anggenipun sami ngejegi nagari, sanes tanganipun ingkang murugaken unggul, nanging asta Paduka tengen, bau Paduka saha cahyaning wadana Paduka, sabab sami damel rena Paduka. 4 44-5 Inggih Paduka piyambak punika ingkang jumeneng dados Raja saha Allah kawula, ingkang ndhawuhaken kaunggulanipun Yakub. 5 44-6 Kanthi pitulungan Paduka kawula saged ngrebahaken mengsah, sarta margi saking asma Paduka kawula saged ngiles-iles para tiyang ingkang nglawan kawula. 6 44-7 Amargi sanes panah kawula ingkang kawula andelaken, sanes pedhang kawula ingkang murugaken unggul, 7 44-8 nanging Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng kawula samangsa kawula nglawan mengsah, saha Paduka ingkang mirangaken tetiyang ingkang sami nyengiti kawula. 8 44-9 Awit saking Gusti Allah kawula sadinten muput sami ngrepekaken kidung pamuji, sarta asma Paduka sami kawula puji ing salaminipun. Selah 9 44-10 Nanging sapunika kawula sami Paduka kipataken sarta Paduka kendel kemawon, kawula sami kawirangan. Paduka boten miyos ngirid lampahing wadya-bala kawula. 10 44-11 Paduka damel mundur kawula saking ngajenganing mengsah kawula lan tiyang ingkang sami nyengiti kawula sami njejarah. 11 44-12 Kawula sami Paduka ulungaken kadosdene menda sembelehan, saha kawula sami Paduka sebar wonten ing antawisipun para bangsa. 12 44-13 Umat Paduka Paduka sade kanthi lelahanan sarta boten mundhut bathi saking pepajenganipun. 13 44-14 Kawula sami Paduka dadosaken cacadan tumrap ing tangga-tepalih kawula, kadamel gegujengan saha dipun wirang- wirangaken dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula. 14 44-15 Kawula Paduka dadosaken pocapan wonten ing antawisipun para bangsa, tuwin jalaranipun para suku bangsa sami gedheg-gedheg. 15 44-16 Sadinten muput kanisthan kawula wonten ing ngajeng kawula, sarta rai kawula kasasaban ing kawirangan, 16 44-17 awit saking tembung- tembungipun tiyang ingkang nenacad saha nyenyamah, wonten ing ngajenging mengsah saha tiyang ingkang ambek remen males awon. 17 44-18 Sadaya wau sampun dhumawah ing badan kawula, nanging kawula boten kesupen dhumateng Paduka, inggih boten cidra dhumateng prasetya Paduka. 18 44-19 Manah kawula sami boten mbangkang, saha lampah kawula sami boten nyleweng saking margi Paduka, 19 44-20 sanadyan Paduka sampun ngremuk kawula wonten ing tengahipun segawon ajag, saha Paduka nglimputi kawula kalayan pepeteng. 20 44-21 Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula, lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun, 21 44-22 punapa Gusti Allah boten badhe nitipriksa ingkang kados makaten punika? Amargi Pangeran rak boten kesamaran wewadosing manah? 22 44-23 Saestu, awit saking Paduka kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah ing saben dintenipun, saha kasamekaken kaliyan menda sembelehan. 23 44-24 Dhuh Gusti, mugi Paduka karsaa wungu, punapaa dene Paduka sare? Mugi Paduka karsaa wungu, sampun ngantos tansah ngipataken kawula. 24 44-25 Punapadene Paduka nasabi wadana Paduka, saha boten enget dhateng anggen kawula sami katindhes sarta kasiya-siya? 25 44-26 Dene nyawa kawula tumungkul ing lebu, badan kawula kelet ing siti. 26 44-27 Mugi Paduka karsaa jumeneng mitulungi kawula sadaya, sarta karsaa ngluwari kawula awit saking sih-piwelas Paduka. MASMUR 45 Kidungan nalika palakramaning ratu 45:1-17 45:1-18 45 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka bani Korakh. Kidung piwulang: kidung katresnan. 45-2 Atiku ngluberake tembung kang ngresepake, aku arep ngunjukake kekidunganku marang Sang Prabu; ilatku iku dadi pene juru-tulis kang wasis. 2 45-3 Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa, lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi dening Gusti Allah ing salami-laminipun. 3 45-4 Dhuh Sang Prawira, pedhang dalem panjenengan dalem sengkelit, ing salebeting kaluhuran saha kamulyan dalem 4 45-5 Ing salebeting kamulyan dalem punika kawula aturi majeng dhemi kaleresan, peri kamanungsan saha kaadilan Asta dalem tengen supados ngunjukna piwulang dhumateng panjenengan dalem bab pandamel ingkang ngedab-edabi 5 45-6 Jemparing dalem sami landhep- landhep nembus manahipun para mengsahipun Sang Prabu, para bangsa sami sumungkem ing ngandhapipun sampeyan dalem. 6 45-7 Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun, jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan. 7 45-8 Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka; mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem. 8 45-9 Busana dalem sadaya ngganda blendok mur, kajeng garu tuwin cendhana, saking kadhaton gadhing swaraning clempung damel renaning pangalih dalem; 9 45-10 para putrining ratu sami kagolong kaliyan para kekasih dalem, Sang Prameswari jumeneng wonten ing tengen dalem, ngagem busana kencana saking Ofir. 10 45-11 Dhuh Sang Putri, panjenengan dalem kawula aturi mirsani, mugi karsaa nilingaken talingan dalem, sampun ngengeti dhateng bangsa dalem sarta sadaya isining padalemanipun rama dalem 11 45-12 Sang Prabu supados kasengsem margi saking endahing sarira dalem, awit punika gusti dalem Kawula aturi nyembah wonten ing ngarsanipun. 12 45-13 Putri ing Tirus marak mbekta pisungsung; para tiyang sugih ing antawisipun rakyat sami sowan badhe ngasih-asih dhumateng panjenengan dalem. 13 45-14 Putrine Sang Prabu iku dadi kaendahan ana ing njero, busanane sinulaman benang mas. 14 45-15 Anggone kasowanake marang ngarsane Sang Prabu ngagem busana sulaman manca warna, kadherekake dening para kenya mitrane, yaiku para kang padha katimbalan kagem panjenengane. 15 45-16 Iku padha kasowanake kalawan suka-suka lan asurak-surak, padha lumebu ing kadhatone Sang Prabu. 16 45-17 Para putra dalem prayoginipun sami nggentosana para leluhur dalem, tuwin sami panjenengan dalem wisudha dados pangageng wonten ing salumahing bumi. 17 45-18 Kawula sami badhe nyuwuraken asma dalem ngantos turun-tumurun, mila sakathahipun bangsa sami badhe memuji dhumateng panjenengan dalem ing salajengipun saha ing salaminipun. MASMUR 46 Gusti Allah iku kutha beteng kita 46:1-11 46:1-12 46 1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan. 46-2 Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita, nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan. 2 46-3 Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona, tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara; 3 46-4 sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk, sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. Selah 4 46-5 Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah, padalemane Kang Mahaluhur. 5 46-6 Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing, sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk. 6 46-7 Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing, Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur. 7 46-8 Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita, Allahe Rama Yakub iku dadi beteng kita. Selah 8 46-9 Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah, kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi, 9 46-10 kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi, kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak, kang ngobongi kareta perang kalawan geni. 10 46-11 “Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa, linuhurake ana ing bumi” 11 46-12 Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita, Allahe Rama Yakub iku beteng kita. Selah MASMUR 47 Gusti Allah, Ratuning salumahing bumi 47:1-9 47:1-10 47 1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur. 47-2 He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka, padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak 2 47-3 Awit Pangeran Yehuwah Kang Mahaluhur iku nggegirisi, sarta jumeneng Ratu Agung ana ing salumahing bumi. 3 47-4 Para bangsa padha ditelukake marang kita, sarta para suku bangsa padha disorake ana ing tlapakan kita. 4 47-5 Kita padha kapilihake tanah-pusaka kita, kang digung-gungake dening Rama Yakub, kekasihe. Selah 5 47-6 Gusti Allah wus sumengka ingiring ing surak rame, iya Sang Yehuwah iku sumengka kalawan kairing ing swaraning kalasangka. 6 47-7 Gusti Allah padha saosana kekidungan masmur, padha saosana kekidungan masmur. padha ngidunga masmur kagem ratu kita, padha ngidunga masmur 7 47-8 Amarga Gusti Allah iku Ratu ing salumahing bumi, padha ngidunga masmur, kidung piwulang 8 47-9 Gusti Allah iku ngratoni para bangsa, sarta lenggah ing dhampare kang suci. 9 47-10 Para panggedhening bangsa- bangsa padha ngumpul, kang padha dadi umate Allahe Rama Abraham. Sabab tameng-tamenging bumi iku kagungane Gusti Allah, Panjenengane iku banget anggone kaluhurake. MASMUR 48 Sion, kuthane Gusti Allah 48:1-14 48:1-15 48 1 Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. 48-2 Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-puji ana ing kuthane Gusti Allah kita 2 48-3 Gununge kang suci, kang munggul endah, iku minangka kasenenganing sajagad rat; gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor, kuthane Sang Nata Agung. 3 48-4 Ana ing kadhaton-kadhatone Gusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng. 4 48-5 Amarga awasna, para raja padha ngumpul, sarta padha bebarengan mangsah nempuh; 5 48-6 bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan; kaget, banjur padha mlayu sarsaran. 6 48-7 Dumadakan padha geter ana ing kono, padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak. 7 48-8 Paduka ngremuki baita-baita Tarsis, kaliyan prahara saking wetan. 8 48-9 Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita, ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, ing kuthaning Allah kita; Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. Selah 9 48-10 Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka, kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka. 10 48-11 Dhuh Allah, kadosdene asma Paduka, makaten ugi misuwur Paduka, ngantos dumugi ing pungkasaning bumi, asta tengen Paduka kebak kaadilan. 11 48-12 Redi Sion kajengipun abingah- bingah; para putrinipun Yahuda kajengipun asurak-surak margi saking paukuman Paduka 12 48-13 Padha lumakua ngubengi Sion, padha ngubengana sakempute, etungen menarane, 13 48-14 tamatna balowartine, dlajahana kraton-kratone, supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu. 14 48-15 Sanyatane iki Gusti Allah, iya Panjenengane iku Allah kita ing sabanjure lan ing salawase Iya Panjenengane iku kang nuntun kita. MASMUR 49 Kabegjan kang tanpa guna 49:1-20 49:1-21 49 1 Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur. 49-2 He sakehing para bangsa, padha ngrungokna, he sakehing wong ing donya, padha nilingna; 2 49-3 para wong cilik lan wong gedhe, para wong sugih lan wong mlarat sakabehe 3 49-4 Cangkemku bakal nglairake kawicaksanan, kang dipikir-pikir dening atiku iku pangreten. 4 49-5 Aku bakal nilingake marang bebasan, tuwin bakal ngandharake paribasanku kalawan ngunekake clempung 5 49-6 Yagene kok aku nganti wedi marang dinaning karubedan, rikala aku kinepung ing pialane wong kang padha ngoyak-oyak aku, 6 49-7 wong-wong kang padha ngendel- endelake raja-branane, lan umuk marga saka kehing bandhane? 7 49-8 Ora ana wong siji-sijia bae kang bisa ngluwari awake dhewe, utawa ngaturi tebusan marang Gusti Allah minangka liruning nyawane. 8 49-9 Amarga kelarangen regane pangluwaraning nyawane, lan ora nyukupi ing salawase, 9 49-10 supaya lestari urip ing sateruse, lan ora ndeleng luwanganing kuburan. 10 49-11 Sanyatane, bakal kinawruhan: para wong kang wicaksana padha mati, para wong bodho lan tanpa budi padha mati bareng, lan bandhane ditinggalake marang wong liya. 11 49-12 Kubure iku dadi omahe ing salawase, dienggoni nganti turun-tumurun, pategalan-pategalan dianggep dadi duweke. 12 49-13 Nanging wong iku gedhea kaluhurane, iya ora lestari uripe, mung padha kaya kewan kang dipateni. 13 49-14 Kaya mangkono iku kaanane wong kang ngendelake awake dhewe, sarta patine wong kang seneng marang tembunge dhewe. Selah 14 49-15 Kaya wedhus anggone padha lumebu marang ing jagading wong mati, pati kang dadi pangone; padha terus tumurun marang ing kuburan, awake ajur mumur, jagading wong mati kang dadi papan padunungane. 15 49-16 Nanging nyawaku bakal diluwari dening Gusti Allah, saka ing cengkeremaning jagade wong mati, amarga Panjenengane bakal mundhut aku. Selah 16 49-17 Aja sumelang, manawa ana wong sangsaya sugih, sarta sangsaya wuwuh kamuktene ana ing omahe, 17 49-18 amarga rikala matine kabeh iku ora bakal digawa, kamuktene ora bakal ngetutake dheweke. 18 49-19 Sanadyan sajroning uripe ngarani awake dhewe iku begja, lan dialem dening wong marga anggone mbeciki awake dhewe, 19 49-20 ewadene bakal padha marani para leluhure, kang ora bakal ndeleng pepadang ing sateruse. 20 49-21 Manungsa kang kadunungan kamulyan akeh, manawa ora duwe kawruh, iku kena dipadhakake kewan kang disembeleh. MASMUR 50 Pangabekti kang sejati 50:1-23 50 1 Masmur anggitane Asaf. Kang Mahakawasa, yaiku Pangeran Yehuwah, ngandika sarta nimbali marang bumi, saka prenah pletheking surya tutug prenahe surupe. 2 Saka ing Sion, sampurnaning kaendahan, Gusti Allah miyos ngagem kamulyan. 3 Allah kita bakal rawuh lan ora kendel bae, ing ngarsane ana geni kang memangsa, ingayap ing prahara kang nggegirisi. 4 Panjenengane nguwuh marang langit ing dhuwur, lan marang bumi prelu ngadili marang umate: 5 “Para kekasihingSun padha kumpulna ana ing ngarsaningSun, kang padha gawe prajanjian kalawan Ingsun mawa saos kurban sembelehan” 6 Nuli langit mratelakake kaadilane, amarga Gusti Allah piyambak iku kang jumeneng Hakim. Selah 7 “He umatingSun, padha ngrungokna, Ingsun karsa ngandika, he Israel, Ingsun ndhawuhake paseksen marang sira, Ingsun iki Allah, Allahira 8 Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira, amarga kurbanira obaran rak tansah ana ing ngarsaningSun? 9 Ingsun ora susah mundhut sapi saka ing omahira utawa wedhus lanang saka ing kandhangira, 10 amarga sarupaning kewan ing alas iku kagunganingSun, samono uga sato-kewan ewon kang ana ing gunung. 11 Sakehing manuk ing awang-awang Ingsun wanuh, lan apa kang kumelip ana ing ara-ara iku Sunwengku. 12 Manawa Ingsun kerapan, ora usah ngandika marang sira, amarga jagad saisine kabeh iku kagunganingSun. 13 Apa Ingsun dhahar daginge sapi lanang, utawa ngunjuk getihing wedhus lanang? 14 Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur 15 Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” Selah 16 Balik marang wong duraka Gusti Allah ngandika mangkene: “Sira kok kumawani niti-priksa pranataningSun, lan cangkemira kok ngrasani prajanjianingSun, 17 mangka sira gething marang pameleh, sarta nyingkur marang pangandikaningSun. 18 Manawa sira weruh maling, sira banjur dadi kancane, sarta sira tetunggalan karo wong laku bedhang. 19 Cangkemira sira uja muni ala, sarta ilatira nganam-anam para cidra. 20 Sira lelungguhan nyatur alaning sadulurira, lan anake embokira sira pitenah. 21 Iya iku kang sira lakoni; nanging Ingsun kendel bae; panyananira Ingsun iki padha karo sira; sira mesthi Sunwelehake lan bab iki bakal Suncolok-colokake ana ing ngarepira. 22 He sira kang padha nyingkur marang Gusti Allah, padha gatekna; supaya aja nganti Sunsempal-sempal, lan ora ana kang ngluwari. 23 Sapa kang ngaturake pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun; sapa kang jujur lakune, karahayon peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake.” MASMUR 51 Nalangsani dosa 51:1-19 51:1-21 51 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, 51-2 nalika Nabi Natan sowan, sawuse panjenengane sapasarean karo Batsyeba. 51-3 Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi awit saking sih-kadarman Paduka, mugi karsaa nglebur dosa kawula awit saking gunging sih-kadarman Paduka. 2 51-4 Mugi kawula Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula, sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat. 3 51-5 Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula, saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula. 4 51-6 Kawula damel dosa dhumateng Paduka, inggih namung dhumateng Paduka piyambak anggen kawula sampun damel dosa punika, sarta nglampahi ingkang Paduka galih awon, supados tetelaa bilih pancasan Paduka punika adil, saha patrap anggen Paduka ngadili punika resik. 5 51-7 Pancen saestu, anggen kawula kalairaken punika nandhang duraka, sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa. 6 51-8 Pancen saestu, Paduka punika karenan dhateng kaleresan ing salebeting batos, kanthi kendel-kendelan Paduka paring sumerep bab kawicaksanan dhumateng kawula. 7 51-9 Dosa kawula mugi Paduka icali kalayan hisop, temah dados resik, kawula Paduka edusi temah dados pethak, nglangkungi salju 8 51-10 Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena, saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih 9 51-11 Paduka mugi karsaa ngaling-alingi wedana Paduka, sampun ngantos mirsa dosa kawula, saha kalepatan kawula mugi Paduka lebur sadaya. 10 51-12 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa. 11 51-13 Kawula mugi sampun ngantos Paduka bucal saking ngarsa Paduka, saha roh Paduka ingkang suci sampun ngantos kapundhut saking kawula. 12 51-14 Paduka mugi karsaa nggigah kabingahan kawula malih margi saking karahayon ingkang saking Paduka, saha kawula Paduka jangkepi klayan roh ingkang eklas 13 51-15 Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar, supados tiyang dosa sami mratobata dhuumateng Paduka. 14 51-16 Dhuh Allah, Allahipun karahayon kawula, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking anggen kawula kasambutan rah, temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken kaadilan Paduka. 15 51-17 Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula, supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka 16 51-18 Awit Paduka boten ngarsakaken mundhut kurban sembelehan, kurban obaran Paduka inggih boten karsa. 17 51-19 Kurban sembelehan ingkang katarimah ing Gusti Allah punika manah ingkang rempu, manah ingkang pepes lan remuk, dhuh Allah punika boten Paduka galih asor. 18 51-20 Paduka mugi karsaa nandukaken kasaenan dhumateng Sion manut rilaning panggalih Paduka, saha karsaa mbangun balowartinipun Yerusalem 19 51-21 Paduka nunten badhe karsa nampeni kurban ingkang leres, kurban obaran tuwin kurban ingkang kabesmi sadaya, lembu jaler lajeng badhe kakurbanaken wonten ing misbyah Paduka. MASMUR 52 Paukuman tumrap wong duraka 52:1-11 52 1 Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulange Prabu Dawud, 52-2 naliga Doëg, wong Edom seba ngaturi uninga marang Prabu Saul, yen Sang Senopati Dawud wus rawuh ing daleme Imam Akhimelekh. 52-3 He pahlawan, geneya kowe kok gumunggung ing bab piala, ana ing ngarepe wong kang sadina-dina kinasihan dening Gusti Allah? 2 52-4 Kowe ngrantam-ngrantam bilai, ilatmu iku kaya lading panyukuran kang wus kaasah, he wong cidra 3 52-5 Kowe iku dhemen marang piala ngungkuli kabecikan, sarta marang para cidra ngluwihi kayekten. Selah 4 52-6 Kang kok dhemeni iku sakehing tetembungan kang ngrusak, he ilat kang cidra 5 52-7 Nanging kowe iku ing satemene bakal dibrukake dening Gusti Allah ing sateruse bakal direbat lan dilarak saka ing tarub bakal kabethot saka ing tanahe wong ngaurip. Selah 6 52-8 Para wong mursid bakal padha ndeleng, temahan padha wedi, lan bakal padha nggeguyu, pangucape: 7 52-9 “Lah kae delengen, wong iku ora nganggep Gusti Allah dadi pangungsene, nanging ngendelake marang kasugihane kang luber, lan ngayom marang pratingkahe anggone ngrerusak” 8 52-10 Nanging aku iki bakal ana ing padalemane Gusti Allah; kaya wit jaitun kang ngrembuyung seger ijo royo-royo; sih-kadarmane Allah kang dakendelake ing salawase. 9 52-11 Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun, margi saking pangreh Paduka; awit asma Paduka punika sae, mila badhe kawula suwuraken wonten ing ngajengipun para kekasih Paduka MASMUR 53 Bab kanisthaning manungsa 53:1-6 53:1-7 53 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Mahalat. Kidung piwulange Prabu Dawud. 53-2 Wong gemblung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah” Kaculikan kang padha dilakoni iku rusuh lan nistha banget, ora ana kang nglakoni kabecikan. 2 53-3 Gusti Allah mirsani mangisor saka ing swarga marang para anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang duwe budi, lan kang ngupaya marang Gusti Allah. 3 53-4 Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bubrah; ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana. 4 53-5 Para wong kang nglakoni piala iku apa ora ngrumangsani, yen padha memangan marang umatingSun nganti entek kaya mangan roti, lan ora nyebut marang asmane Gusti Allah? 5 53-6 Ana ing kono padha ketaman ing pagiris, sanadyan ora ana kang marakake giris; amarga Gusti Allah nyebar balung-balunge wong kang padha ngepung kowe, wong iku bakal padha kawirangake, amarga wus padha katampik dening Gusti Allah. 6 53-7 Muga-muga pangentasane Israel tekaa saka ing kutha Sion Manawa Gusti Allah maluyakake kaanane umate maneh, Yakub bakal surak-surak, Israel bakal bungah-bungah. MASMUR 54 Pandonga ing sajrone adu-arep karo mungsuh 54:1-7 54:1-9 54 1 Kanggo lurah pasindhen. Binarung ing swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud, 54-2 rikala wong ing Zifi padha seba marang ing ngarsane Prabu Saul lan munjuk: “Dawud ndhelik wonten ing panggenan kawula.” 54-3 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mitulungi kawula margi saking asma Paduka, kawula mugi Paduka paringi kaadilan margi saking kasantosan Paduka. 2 54-4 Dhuh Allah, Paduka karsaa miyarsakaken pandonga kawula, sarta mugi karsaa nilingaken unjukipun cangkem kawula. 3 54-5 Awit wonten tiyang kumingsun ingkang sami nglawan kawula; tiyang ingkang gumunggung sami ngangkah nyawa kawula; tiyang-tiyang wau sami boten maelu dhateng Gusti Allah. Selah 4 54-6 Satemene Gusti Allah iku kang mitulungi aku; Pangeran iku kang ngemong uripku. 5 54-7 Pialane nampeka marang satru-satruku, mugi sami Paduka tumpes awit saking kasetyan Paduka. 6 54-8 Kawula badhe nyaosi kurban kanthi eklasing manah, dhuh Yehuwah, kawula badhe memuji asma Paduka, amargi asma Paduka punika sae. 7 54-9 Amargi Paduka ngluwari kawula saking sakathahing karibedan, saha mripat kawula nyawang dhateng mengsah kawula. MASMUR 55 Pandonga nyuwun pitulungan marga ana mungsuh 55:1-23 55:1-24 55 1 Kanggo lurah pasindhen. Binarung swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud. 55-2 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, Paduka sampun ngantos mengkeraken panyuwun kawula 2 55-3 Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa maringi wangsulan, kawula nglembara kaliyan nangis margi saking semplah. 3 55-4 Margi saking pambengoking mengsah, lan panganiayanipun tiyang duraka; amargi sami ndhatengaken bilai, sarta kanthi pangigit-igit anggenipun nglawan kawula. 4 55-5 Manah kawula ngolang-ngaling, tuwin pagirising pejah ngebruki kawula. 5 55-6 Kawula ketaman ing ajrih lan raos gumeter, kawula kalimputan ing pagiris. 6 55-7 Kawula manah makaten: “Adhuh, saupama aku kaparingan swiwi kaya manuk dara, banjur mabur golek papan kang tentrem, 7 55-8 malah nuli lumayu nganti adoh, lan banjur nginep ana ing pasamunan. Selah 8 55-9 Aku bakal enggal-enggal golek papan pangungsen, ngoncati angin gedhe lan prahara.” 9 55-10 Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa damel bingungipun tiyang-tiyang punika, saha karsaa ngisruhaken pirembagipun, amargi kawula ningali panganiaya saha bebantahan wonten ing kitha 10 55-11 Rinten dalu sami ngubengi kitha punika wonten ing sanginggiling balowartinipun, sarta ing nglebet wonten kacilakan lan kasangsaran; 11 55-12 saha kawontenan ingkang ngrerisak pinanggih ing wewengkonipun, panindhes lan para cidra jumedhul tanpa kendhat wonten ing alun-alunipun. 12 55-13 Saupami mengsah kawula ingkang ngawon-awon kawula, kawula taksih saged sabar. Saupami ingkang sengit dhateng kawula ingkang ngegungaken dhiri wonten ing ngajeng kawula, kawula taksih saged singidan. 13 55-14 Nanging kowe iku wong kang cedhak karo aku, kancaku lan wong kang dakpracaya. 14 55-15 Aku padha sesrawungan kalawan becik, lan padha bebarengan munggah menyang ing padalemaning Allah ing satengahing karamean. 15 55-16 Wong iku muga padha kacandhaka ing pati, padha mudhuna menyang ing jagading wong mati urip-uripan Amarga omahe malah batine kadunungan piala. 16 55-17 Nanging aku nyebut marang Gusti Allah, sarta Pangeran Yehuwah banjur bakal ngluwari aku. 17 55-18 Ing wayah sore, esuk lan awan aku sesambat lan nangis; Pangeran banjur miyarsakake swaraku. 18 55-19 Gusti Allah ngluwari aku kanthi tentrem saka pangrangsanging mungsuhku, awit padha gumrudug nglawan marang aku. 19 55-20 Gusti Allah kang lenggah ana ing dhampare wiwit kuna mula, bakal mireng sarta ngesorake wong-wong iku. Selah Amarga padha ajeg bae, sarta padha ora wedi marang Gusti Allah. 20 55-21 Wong iku ngagakake tangane marang para wong kang urip bebarengan karo dheweke kalawan rukun, amarga nerak prajanjiane. 21 55-22 Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega, nanging karepe arep nempuh perang; alusing tembunge ngluwihi lenga, nanging sakabehing mau pedhang ligan. 22 55-23 Sumelangmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah kowe mesthi direksa Pangeran ora marengake, yen wong mursid gloyoran ing salawase. 23 55-24 Nanging Paduka, dhuh Allah, badhe nyemplungaken tiyang-tiyang punika dhateng ing sumur ingkang lebet; tiyang ingkang ngwutahaken rah tuwin lampah cidra, umuripun boten badhe dumugi sapalih nanging kawula kumandel dhumateng Paduka. MASMUR 56 Kumandel marang Gusti Allah ing sajroning karubedan 56:1-13 56:1-14 56 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Manuk dara ing wit terbantin kang adoh. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika panjenengane dicekel bangsa Filisti ana ing kutha Gat. 56-2 Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, margi tiyang-tiyang sami ngidak-idak kawula, sarta kawula dipun perangi saha dipun pepetaken sadinten muput. 2 56-3 Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput, malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung. 3 56-4 Manawi kawula ajrih, kawula punika kumandel dhumateng Paduka; 4 56-5 Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana, iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku? 5 56-6 Sadinten-dinten sami ngruwedaken prakawis kawula, sami tansah gadhah kekajengan badhe nandukaken piawon dhateng kawula, 6 56-7 sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula, kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula. 7 56-8 Tiyang wau punapa saged oncat, manawi ngengeti durakanipun wau? Dhuh Allah, para bangsa mugi sami Paduka rebahaken klayan bebendu Paduka. 8 56-9 Kasangsaran kawula punika Paduka ingkang ngetang-etang, luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka; sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka? 9 56-10 Mungsuhku banjur padha mundur nalika aku sesambat, aku yakin yen Gusti Allah nunggil karo aku. 10 56-11 Gusti Allah, kang sabdane dakegungake, Pangeran Yehuwah, kang sabdane dakegungake. 11 56-12 Gusti Allah, kang dakendelake, mulane aku ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku? 12 56-13 Dhuh Allah, nadar kawula badhe kawula tetepi wonten ing ngarsa Paduka, kawula badhe ngaturaken kurban panuwun dhumateng Paduka. 13 56-14 Amargi Paduka sampun ngluwari nyawa kawula saking pejah, malah njagi suku kawula, satemah boten kesandhung; mila kawula saged lumampah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, ing pepadhanging gesang. MASMUR 57 Diburu dening mungsuh, nanging kapitulungan dening Gusti Allah 57:1-11 57:1-12 57 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa. 57-2 Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula; kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi Paduka, ngantos bebaya punika sampun mengker. 2 57-3 Aku sesambat marang Gusti Allah Kang Mahaluhur, Gusti Allah ngrampungi prakaraku. 3 57-4 Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku, lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. Selah Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane. 4 57-5 Aku ngleleh ana ing tengah- tengahing singa-singa, kang dhemen nubruk anak-anaking manungsa, kang untune kaya tumbak lan panah, sarta kang ilate kaya pedhang landhep. 5 57-6 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nedahaken kaluhuran Paduka, ngantos dumugi ing sanginggiling langit, sarta kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi. 6 57-7 Lakuku padha dipasangi kala-jiret, nyawaku ditungkulake, padha ndhudhuk luwangan ana ing ngarepku, nanging banjur padha kecemplung dhewe ana ing kono. Selah 7 57-8 Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, manah kawula sampun cumadhang, kawula badhe ngrerepi, kawula badhe ngidung masmur. 8 57-9 He nyawaku, tangia, tangia, he slukat lan clempung, aku arep nggugah bangbang wetan 9 57-10 Paduka badhe kawula puji wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Pangeran, Paduka badhe kawula kidungaken masmur wonten ing satengahipun para suku bangsa. 10 57-11 Awit sih-kadarman Paduka luhuripun sundhul ing akasa, sarta kaleresan Paduka sundhul ing mega. 11 57-12 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kaluhuran Paduka ngantos dumugi ing sanginggiling langit, saha kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi. MASMUR 58 Tumrap panggedhe kang ambeksiya 58:1-11 58:1-12 58 1 Kanggo lurah pasindhen. Lagune kaya kidung: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud. 58-2 He para kang nyekel pangwasa, apa pancasanmu iku adil temenan? Anggonmu ngakimi marang para anaking manungsa iku apa jujur? 2 58-3 Malah cocog karo karepmu kowe nglakoni piala, tanganmu nindakake kekerasan ana ing bumi. 3 58-4 Wong duraka padha murtad wiwit lair mula, para juru apus iku padha nasar wiwit ana ing wetenganing biyung. 4 58-5 Wisane kaya wisane ula, padha kaya ula bedhudhak kang budheg, kang nutupi kupinge, 5 58-6 kang ora ngrungokake marang swarane para tukang njapani, utawa swarane tukang maca mantra kang wasis. 6 58-7 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngrampali untuning cangkemipun, saha karsaa motholi siyungipun singa anem. Selah 7 58-8 Sami sirnaa kados toya ingkang mili lajeng telas, kajengipun sami alum kados rumput ing margi. 8 58-9 Kajengipun sami sirna kados bekicot ingkang dados ilu, sami kadosa bayining tiyang estri ingkang lair keluron ingkang boten ningali surya. 9 58-10 Sadurunge kwali-kwalimu kena panasing eri, kabeh kang isih seger dalasan kang wus geseng padha kabengkas dening Pangeran. 10 58-11 Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales, sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka. 11 58-12 Lan wong bakal padha ngucap: “Wong mursid iku nyata tampa pituwas, satemene ana Allah kang maringi kaadilan ana ing bumi.” MASMUR 59 Nyuwun pitulungan nglawan mungsuh 59:1-17 59:1-18 59 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika Sang Prabu Saul utusan ndingkik lan nyedani ana ing daleme. 59-2 Dhuh Allah kawula, kawula mugi Paduka uwalaken saking mengsah kawula, Paduka mugi karsaa mbetengi kawula tumrap ingkang sami nglawan kawula. 2 59-3 Kawula mugi kauwalna saking tiyang ingkang sami damel piawon, kaluwarana saking tiyang ingkang sami remen ngwutahaken rah. 3 59-4 Amargi tiyang punika saestu sami nyegat ngangkah dhateng nyawa kawula, tiyang prakosa sami nempuh kawula, mangka kawula boten nerak wewaler, kawula boten dosa, dhuh Yehuwah, 4 59-5 kawula boten gadhah kalepatan, kok sami mlajeng saha tata-tata. Paduka mugi karsaa ngrawuhi kawula lan karsaa nguningani 5 59-6 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka punika Gusti Allahipun Israel. Paduka mugi karsaa wungu paring paukuman dhateng para bangsa; para tiyang ingkang sami nglampahi piawon lan nandukaken kiyanat punika sampun ngantos Paduka welasi Selah 6 59-7 Saben sonten sami wangsul malih, sami mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha. 7 59-8 Saestu, sami nyemoni kaliyan cangkemipun; panyenyamah dumunung ing lambenipun, sabab -- sinten ingkang mirengaken? 8 59-9 Nanging tiyang punika sami Paduka gegujeng, dhuh Yehuwah, sakathahing bangsa sami Paduka poyoki. 9 59-10 Dhuh kakiyatan kawula, Paduka ingkang kawula gondheli, amargi Gusti Allah dados kitha beteng kawula. 10 59-11 Allahku bakal methuk aku kalawan sih-kadarmane; Gusti Allah bakal marakake aku bisa ngremehake para satruku. 11 59-12 Mugi sampun ngantos sami Paduka pejahi, supados bangsa kawula boten kesupen, mugi Paduka damel sami kelunta-lunta klayan pamisesa Paduka, mugi sami Paduka rebahaken, dhuh Pangeran, tetameng kawula. 12 59-13 Ujaring lambenipun punika dosaning cangkemipun, sami kajireta margi saking piyangkuhipun. Amargi ipat-ipat lan cidra ingkang dipun cariyosaken. 13 59-14 Mugi sami katumpesa kalayan bebendu, katumpesa ngantos sami sirna, supados smi mangretosa, bilih Gusti Allah ingkang misesani tedhak turunipun Rama Yakub, ngantos dumugi ing pungkasaning bumi. Selah 14 59-15 Saben wanci sonten sami dhateng malih, mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha. 15 59-16 Sami nglambrang ngupados tedha, manawi boten tuwuk, lajeng sami nggereng. 16 59-17 Nanging kawula badhe ngidungaken kakiyatan Paduka, ing wanci enjing kawula badhe asurak- surak margi saking sih-kadarman Paduka; amargi Paduka punika sampun dados kitha beteng kawula, papan pangungsen kawula ing salebeting karupekan kawula. 17 59-18 Dhuh Karosan kawula, Paduka badhe kawula kidungaken klayan kidung masmur; amargi Gusti Allah punika dados kitha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang asih-darma. MASMUR 60 Pandonga nyuwun kaunggulan 60:1-12 60:1-14 60 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung paseksen. Miktam anggitane Prabu Dawud kanggo piwulang, 60-2 nalika perang karo bala Aram-Mesopotamia lan wong Aram-Zoba, sarta sawuse Senapati Yoab bali saka nggecak bala Edom ana ing lebak Asin ngesorake mungsuh kehe rolas ewu. 60-3 Dhuh Allah, kawula sampun sami Paduka tampik, beteng kawula sampun Paduka bedhah; Paduka duka; Paduka mugi karsaa ndandosi kawula 2 60-4 Bumi sampun Paduka gonjingaken saha Paduka belah; ingkang pecah mugi Paduka pulihaken malih, awit bumi sampun gonjing. 3 60-5 Umat Paduka sampun paduka damel rekaos sanget, kawula sampun sami Paduka ombeni anggur ingkang mendemi. 4 60-6 Paduka sampun maringi umbul- umbul dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, minangka pratandha supados amping- amping ngoncati panah. Selah 5 60-7 Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat, Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan 6 60-8 Gusti Allah sampun ngandika wonten ing dalem pasucenipun: “Ingsun karsa suka-suka parisuka, tanah Sikhem bakal Sunbagi, sarta lebak Sukot bakal Sunukur. 7 60-9 Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun, Efraim iku tetoponging mustakaningSun, Yahuda iku jungkating kepraboningSun; 8 60-10 Moab iku papan pawijikaningSun, Edom Sunbalang kalawan trumpahingSun, marga saka Filisti Ingsun asurak-surak.” 9 60-11 Sapa kang bakal ngirid aku lumebu ing kutha kang santosa? Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom? 10 60-12 Punapa sanes Paduka dhuh Allah, ingkang sampun nampik kawula, sarta boten majeng, dhuh Allah, sareng kalayan bala kawula? 11 60-13 Dhuh Gusti Allah, Paduka mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula sadaya nglawan mengsah, amargi pitulunganing manungsa punika muspra. 12 60-14 Manawa kinanthi ing Allah kita bakal nindakake kaprawiran, awit Pangeran piyambak bakal ngiles-iles sakehing mungsuh kita. MASMUR 61 Pandonga kagem Sang Prabu 61:1-8 61:1-9 61 1 Kanggo lurah pasindhen. Binarung swaraning clempung. Anggitane Prabu Dawud. 61-2 Dhuh Allah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula, pandonga kawula mugi katilingna 2 61-3 Saking pungkasaning bumi kawula nyebut asma Paduka, amargi manah kawula lesu nglentrih, Paduka mugi karsaa nuntun kawula minggah ing redi parang ingkang kinggilen tumrap kawula. 3 61-4 Paduka punika saestu dados papan pangayoman kawula, menara ingkang santosa wonten ing ngajenging mengsah. 4 61-5 Kawula mugi Paduka parengaken manggen wonten ing kemah Paduka ing salami-laminipun, sarta ngayom wonten ing aubing swiwi Paduka Selah 5 61-6 Dhuh Allah, Paduka saestu sampun midhangetaken nadar kawula, sampun nyembadani panyuwunipun para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka. 6 61-7 Paduka mugi karsaa mewahi yuswanipun Sang Prabu, taun-taun sugengipun sageda ngantos turun-tumurun. 7 61-8 Mugi anggenipun jumeneng ratu wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saged lestantun ing salami-laminipun, sih-kadarman tuwin kasetyan Paduka kadhawuhana ngreksa panjenenganipun. 8 61-9 Kawula badhe ngidungaken asma Paduka klayan masmur ing salaminipun, saha ngluwari nadar kawula ing sadinten-dintenipun. MASMUR 62 Rasa ayem marga cedhak karo Gusti Allah 62:1-12 62:1-13 62 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud. 62-2 Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem, kaslametanku iku saka ing Panjenengane. 2 62-3 Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran. 3 62-4 Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong, arep kokremuk, he kowe kabeh, kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh? 4 62-5 Sedyane mung arep njorogake wong mau saka ing kalungguhane kang dhuwur, padha dhemen goroh, cangkeme padha ngucapake berkah, nanging batine padha ngipat-ipati. Selah 5 62-6 Kantentremanku mung ana ing Gusti Allah, amarga kang dakarep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane. 6 62-7 Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran. 7 62-8 Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku; peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah. 8 62-9 He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane, sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane, Gusti Allah iku pangayoman kita. Selah 9 62-10 Satemene wong asor iku mung angin, para wong kang mulya iku mung pagorohan; yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur, amarga luwih entheng katimbang angin. 10 62-11 Aja ngandel marang panindhesan, aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan; manawa mundhak bandhamu, atimu aja rumaket mrono. 11 62-12 Gusti Allah ngandika sapisan, rong prakara kang dakrungu, manawa panguwasa iku pinangkane saka Gusti Allah, 12 62-13 saha, Pangeran, sih-kadarman punika ugi saking Paduka; amargi Paduka paring piwales dhateng saben tiyang miturut pandamelipun. MASMUR 63 Kangen marang Gusti Allah 63:1-11 63:1-12 63 1 Masmur anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing pasamunan Yahuda. 63-2 Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka; daging kawula kangen dhumateng Paduka; kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya. 2 63-3 Kados makaten anggen kawula tumenga dhumateng Paduka wonten ing pasucen, kalayan nyawang dhateng karosan saha kamulyan Paduka. 3 63-4 Amargi sih-kadarman Paduka langkung sae tinimbang gesang; lambe kawula badhe memuji asma Paduka. 4 63-5 Inggih makaten punika anggen kawula badhe ngluhuraken Paduka ing salaminipun kawula gesang, ngulukaken tangan kawula margi saking asma Paduka. 5 63-6 Nyawa kawula kados katuwukan ing gajih saha sungsum, kalayan lambe ingkang asurak-surak cangkem kawula ngaturaken pamuji. 6 63-7 Manawi kawula wonten ing patileman kengetan dhumateng Paduka, sadalu muput anggen kawula semedi dhumateng Paduka, 7 63-8 sayektosipun Paduka sampun dados pitulungan kawula, saha kawula saged surak-surak wonten ing aubing swiwi Paduka. 8 63-9 Nyawa kawula rumaket dhumateng Paduka, sarta asta tengen Paduka nyepengi kawula. 9 63-10 Nanging tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula, sami dhawah ing telenging bumi; 10 63-11 sami badhe kaulungaken dhateng ing pangwaosing pedhang tuwin badhe dados mangsanipun segawon ajag. 11 63-12 Nanging Sang Prabu badhe suka-suka, amargi saking Gusti Allah; sok tiyanga ingkang supaos demi Gusti Allah, badhe nglairaken panggunggung amargi sadaya tiyang cidra sami kabungkem cangkemipun. MASMUR 64 Paukumane Gusti Allah marang wong duraka 64:1-10 64:1-11 64 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 64-2 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swaraning pasambat kawula, nyawa kawula mugi Paduka reksa manawi wonten satru ingkang nggegirisi. 2 64-3 Kawula mugi Paduka aling-alingi manawi wonten tiyang awon ingkang sami sekuthon, tuwin reresah ingkang dipun wontenaken dening para tiyang ingkang tumindak duraka, 3 64-4 ingkang nglandhepaken ilatipun kados pedhang, sarta ingkang ngeculaken tembung sengak kados panah, 4 64-5 ingkang kalepasaken dhateng tiyang mursid saking ing pasingidan, dumadakan panahipun katamakaken tanpa ringa-ringa. 5 64-6 Sami nekad nindakaken duraka, sami sarembag masang kala ing pasingidan, sarta ngucap: “Sapa kang weruh?” 6 64-7 Sami ngangen-angen tindak culika: “Aku wis padha rumanti, rancangane wis mateng.” Saiba lebetipn batos saha manahipun tiyang punika 7 64-8 Nanging Gusti Allah nglepasi panah dhumateng tiyang-tiyang punika; dumadakan sami ketaton. 8 64-9 Padha ditibakake dening Gusti Allah marga saka ilate dhewe; sakehing wong kang nyawang padha gedheg-gedheg. 9 64-10 Wong kabeh padha wedi lan banjur nyaritakake pakaryaning Allah, kanthi ngakoni pandamele. 10 64-11 Wong mursid bakal padha bungah, marga pangrehe Sang Yehuwah, sarta ngayom marang Panjenengane; sakehing wong kang jujur bakal padha ngalembana. MASMUR 65 Kidung panuwun awit saka berkahe Gusti Allah 65:1-13 65:1-14 65 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan. 65-2 Dhuh Allah, pepujian punika kagem Paduka wonten ing Sion, sarta tiyang ngluwari nadar wonten ing ngarsa Paduka. 2 65-3 Paduka ingkang midhangetaken pandonga. Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka 3 65-4 amargi kalepatan. Manawi panerak kawula nglangkungi kakiyatan kawula, Paduka ingkang nglebur. 4 65-5 Rahayu tiyang ingkang Paduka pilih sarta Paduka dhawuhi nyelak, supados manggen wonten ing plataran Paduka Kawula sami katuwukan ing kaendahanipun padaleman Paduka, inggih kadhaton Paduka ingkang suci. 5 65-6 Dhuh Allah Pamarta kawula, Paduka ingkang dados andel-andelipun salumahing bumi, dalasan pulo ingkang tebih-tebih; kalayan pandamel ingkang ngedab-edabi sanget saha kalayan kaadilan anggen Paduka paring wangsulan dhumateng kawula. 6 65-7 Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka, Paduka ingkang apaningset karosan; 7 65-8 Paduka ingkang nyirep gumuruhipun saganten, sarta jumlegeripun alun, punapadene gegeripun para bangsa 8 65-9 Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot- poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka; papan jumedhulipun enjing tuwin sonten, Paduka damel asurak-surak. 9 65-10 Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan, kalenipun Gusti Allah peres toyanipun, gandumipun Paduka cawisaken, inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun: 10 65-11 Aluranipun Paduka elebi toya, prongkalanipun Paduka telesi, Paduka dadosaken leleran kalayan deresing jawah, tetuwuhanipun Paduka berkahi. 11 65-12 Taunipun Paduka makuthani klayan kamirahan Paduka, tipaking pada Paduka ngedalaken gajih. 12 65-13 Pasiten ing ara-ara samun tetes-tetes toyanipun, pareden-pareden sami abingah-bingah, 13 65-14 pangenan-pangenan sami kebak menda gembel, lebak-lebak sami kinemulan gandum, samudayanipun sami asurak-surak saha sami ngidung-ngidung. MASMUR 66 Kidung pamuji sokur amarga Gusti Allah ngluwari bangsa Israel 66:1-20 66 1 Kanggo lurah pasindhen. Kidung masmur. He salumahing bumi, surak-suraka kagem Gusti Allah 2 Kamulyane asmane padha kidungna, Panjenengane luhurna kalawan pepujian 3 Munjuka marang Gusti Allah: “Saiba anggenipun nggegirisi sadaya pakaryan Paduka punika; amargi saking agunging panguwaos Paduka, mengsah Paduka temah sami teluk, ngempek-empek dhumateng Paduka. 4 Sajagad sadaya sujud nyembah dhumateng Paduka, saha sami ngidungaken masmur konjuk ing ngarsa Paduka, tuwin ngidungaken masmur asma Paduka.” Selah 5 Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah; ngebat-ebati kang ditandukake marang manungsa. 6 Segara diwalik dadi dharatan, wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan. Awit saka iku kita padha sukarena marga saka Panjenengane, 7 kang mrentah kanthi santosa ing salawase, kang mirsani para bangsa kalawan paningale. Wong kang padha mbalela ora bisa gumunggung. Selah 8 He para bangsa, Gusti Allah kita padha saosana puji, lan padha ngunjukna pepujian marang Panjenengane 9 Panjenengane kang nguripi nyawa kita sarta ora marengake manawa sikil kita padha gloyoran. 10 Amargi Paduka sampun ndadar kawula, dhuh Allah, sampun Paduka besot kadosdene mbesot selaka. 11 Paduka sampun mbekta kawula lumebet ing jaring; tuwin boyok kawula Paduka tumpangi momotan. 12 Paduka kendelaken kemawon tiyang-tiyang ingkang sami ngicak-icak sirah kawula, kawula sampun lumebet ing latu lan ing toya; nanging samangke kawula sampun Paduka wedalaken temahan lajeng luwar. 13 Kawula badhe sowan lumebet ing padaleman Paduka ngaturaken kurban obaran, saha ngluwari nadar kawula konjuk dhumateng Paduka, 14 inggih punika nadar ingkang kawedal saking lambe kawula, sarta kaucapaken cangkem kawula, nalika kawula nandhang sisah. 15 Kurban-kurban obaran warni kewan leman ingkang badhe kawula aturaken dhumateng Paduka, kanthi kumeluning kurban menda-menda jaler; kawula badhe nyaosaken lembu punapadene menda jaler. Selah 16 He kowe kabeh kang padha ngabekti marang Gusti Allah padha ngrungokna, aku arep nyritakake apa kang katandukake Pangeran marang aku. 17 Aku wus sesambat marang Panjenengane kalayan cangkemku, saiki aku ngidungake pepujian kalawan ilatku. 18 Saupama ing atiku ana pangangen-angen kang ala, Pangeran mesthi ora karsa miyarsakake. 19 Nanging nyatane Gusti Allah wus miyarsakake, sarta wus migatosake pandongaku kang dakucapake. 20 Pinujia Gusti Allah, kang ora nampik pandongaku lan ora nyukengi sih-kadarmane marang aku. MASMUR 67 Kidung panuwun marga sakehing berkah peparinge Gusti Allah 67:1-7 67:1-8 67 1 Kanggo lurah pasindhen. Binarung swaraning clempung. Masmur. Kidungan. 67-2 Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita, Panjenengane muga karsaa nyunari kita kalawan wadanane, Selah 2 67-3 supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi, saha karahayon peparing Paduka wonten ing satengahing bangsa sadaya. 3 67-4 Dhuh Allah, para bangsa mugi sami ngucapa sokur dhumateng Paduka; para bangsa mugi sami ngucap sokur dhumateng Paduka sadaya. 4 67-5 Para suku bangsa mugi sami sukarenaa, tuwin surak-suraka, amargi Paduka ngereh para bangsa kanthi adil, lan para suku bangsa ing salumahing bumi sami Paduka tuntun. Selah 5 67-6 Dhuh Allah, para bangsa mugi sami memujia dhumateng Paduka, Paduka pinujia dening sadaya bangsa. 6 67-7 Bumi wus menehake pametune, Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita. 7 67-8 Gusti Allah mberkahi kita; salumahing bumi muga ngabektia marang Panjenengane. MASMUR 68 Arak-arakan kaunggulane Gusti Allah 68:1-35 68:1-36 68 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan. 68-2 Allah jumeneng, mungsuhe padha buyar, wong kang padha sengit marang Panjenengane larud saka ing ngarsane. 2 68-3 Sami kados kukus kabur sirna, kados lilin ajer wonten ing sangajenging latu, makaten tumpesipun tiyang duraka wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. 3 68-4 Nanging para tiyang mursid sami bingah-bingah, sami sumyak-sumyak wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, sami gambira lan sukarena. 4 68-5 Padha ngidunga kagem Gusti Allah, asmane luhurna kalawan masmur, gawea dalan kagem Panjenengane, kang ngagem titihan kang nratas ing mega Asmane yaiku Yehuwah, bungah-bungaha ana ing ngarsane 5 68-6 Ramane para bocah lola lan pangayomane para randha, iku Gusti Allah kang ana ing kadhatone kang suci; 6 68-7 wong kang kesepen sanak sadulur padha diparingi papan panggonan, wong tawanan padha diluwari, temah padha rumangsa begja, nanging wong mbalela padha andhok ana ing tanah gundhul. 7 68-8 Dhuh Allah, kala Paduka mangsah perang wonten ing ngajengipun umat Paduka, nalika Paduka tindak ngambah ing pasamunan, Selah 8 68-9 bumi gonjang-ganjing, malah langit nurunaken jawah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah; redi Sinai hoyag wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, Allahipun Israel. 9 68-10 Dhuh Allah, Paduka ngesokaken jawah kalayan mirah; siti kagungan Paduka ingkang garing Paduka pulihaken, 10 68-11 temah pepanthaning raja-kaya Paduka lajeng sami angsal panggenan wonten ing ngriku; dhuh Allah, margi saking sih-kadarman Paduka, Paduka maringi kabetahanipun tiyang ingkang katindhes. 11 68-12 Pangeran paring pangandika; wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe. 12 68-13 Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng, para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane. 13 68-14 Kowe apa padha gelem leleyeh ana ing antarane kandhang-kandhang? Swiwining manuk dara padha diselut selaka, sarta elare kaselut ing emas kang mencorong. 14 68-15 Nalika Kang Mahakawasa mbuyarake para raja ana ing kono, gunung Zalmon banjur kaudanan ing salju. 15 68-16 Gunung Basyan iku gunung kagungane Gusti Allah, gunung Basyan iku gunung kang pucake akeh 16 68-17 He gunung-gunung kang pucake akeh, yagene kowe padha ewa mleroki gunung kang dikarsakake dening Gusti Allah dadi padalemane? Lah Pangeran Yehuwah bakal dedalem ana ing kono ing salawase. 17 68-18 Karetane Gusti Allah iku puluhan ewu, malah ewon kehe, Pangeran wus tedhak saka ing gunung Sinai lumebet ing padaleman suci. 18 68-19 Paduka sampun sumengka dhateng ing ngaluhur, mbandhangi para tiyang tawanan; Paduka nampeni pisungsung saking para manungsa, malah ugi saking para tiyang ingkang sami mbalela supados sami manggen wonten ing ngriku, dhuh Sang Yehuwah Allah. 19 68-20 Pinujia Pangeran Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita. Gusti Allah iku karahayon kita. Selah 20 68-21 Gusti Allah iku tumrap kita Allah kang paring karahayon, Gusti Allah, Gustiku iku ngluwari kita saka ing pati. 21 68-22 Lah, Gusti Allah ngremuk endhasing mungsuhe, pathake wong kang dhiwut-dhiwut, kang ndlarung ing sajroning kaluputane. 22 68-23 Dhawuhe Pangeran mangkene: “Bakal Sunbalekake saka ing Basyan, bakal Sungawa bali saka ing panggonan kang jero, 23 68-24 supaya sira ngwisuhi sikilira kalawan getih, sarta ilate asu-asunira uga padha oleh panduman saka mungsuhira.” 24 68-25 Dhuh Allah, tiyang sami ningali tindak Paduka mawi arak-arakan, arak-arakanipun Allah kawula, Raja kawula dhateng ing pasucen. 25 68-26 Tiyang ingkang sesindhenan lumampah wonten ing ngajeng, ingkang wonten ing wingkingipun para ingkang sami ngungelaken clempung, ingkang wonten ing tengah para prawan ingkang sami nrebang. 26 68-27 “Padha ngluhurna Gusti Allah apepanthan, yaiku Pangeran Yehuwah, he kowe kang asalmu padha saka ing tuke Israel” 27 68-28 Kae Benyamin, kang wuragil, kang lumaku ana ing ngarep dhewe, para panggedhening Yahuda padha gumrudug, para panggedhening Zebulon, para panggedhening Naftali. 28 68-29 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngempalaken kakiyatan Paduka, dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken pangwaos Paduka, Paduka ingkang sampun makarya kangge kawula sadaya. 29 68-30 Para raja sami ngaturaken pisungsung dhumateng Paduka, margi saking padaleman Paduka ing Yerusalem. 30 68-31 Paduka mugi karsaa ndukani satokewan ing glagahan, golonganing tiyang rosa saha para pangagenging bangsa Ingkang sami remen dhateng selaka, mugi Paduka iles-iles, ingkang sami remen perang, mugi Paduka buyaraken 31 68-32 Wong padha nggawa barang tembaga saka Mesir, wong Etiopia enggal-enggal padha ngegarake tangane ana ing ngarsaning Allah. 32 68-33 He sakehing karajan ing salumahing bumi, padha ngengidunga kagem Gusti Allah, padha ngidunga masmur kagem Pangeran; Selah 33 68-34 kagem Panjenengane kang nitih kareta miyos ing langit kang saka ing kuna mula. Padha nggatekna, Panjenengane ngedalake swarane, swarane kang nggegirisi 34 68-35 Padha ngakonana pangwasaning Allah; kaluhurane ngayomi Israel, pangwaose ana ing mega-mega. 35 68-36 Gusti Allah iku nggegirisi ana ing padalemane kang suci, Gusti Allahe Israel, Panjenengane ngganjar pangwasa lan kekuwatan marang umate. Pinujia Gusti Allah MASMUR 69 Pandonga ing sajroning karubedan 69:1-36 69:1-37 69 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka Sang Prabu Dawud. 69-2 Dhuh Allah, kawula mugi Paduka pitulungi, awit toyanipun sampun minggah dumugi ing gulu kawula. 2 69-3 Kawula ambles ing rawa ingkang lebet, boten wonten papan kangge pancadan; kawula sampun klelep wonten ing toya ingkang lebet, alun ageng ngentiraken kawula. 3 69-4 Kawula lesah margi saking anggen kawula sesambat, telak kawula garing; mripat kawula pedhes margi saking anggen kawula ngantos-antos dhumateng Gusti Allah kawula. 4 69-5 Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sabab langkung kathah katimbang rambut kawula, kathah sanget cacahipun tiyang ingkang ngangkah badhe ngrisak kawula, ingkang nyatur kawula tanpa sabab; kawula dipun peksa nglintoni barang ingkang boten kawula rayah. 5 69-6 Dhuh Allah, Paduka mirsa menggah bodho kawula, kalepatan-kalepatan kawula Paduka boten kekilapan. 6 69-7 Dhuh, Pangeran, Allahing sarwa tumitah, para tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka, mugi sampun ngantos nandhang wirang margi saking kawula. Dhuh Allahipun Israel, tiyang ingkang ngupadosi Paduka, sampun ngantos dados cacadan margi saking kawula. 7 69-8 Margi saking Paduka kawula tampi pamada, rai kawula kebak cacad. 8 69-9 Kawula dipun emohi sadherek- sadherek kawula, anak-anakipun embok kawula sami nganggep kawula tiyang sanes, 9 69-10 margi anggen kawula ngandhemi padaleman Paduka punika nggesengaken kawula, sarta tembung-tembung panacad dhumateng Paduka sampun namani kawula. 10 69-11 Kawula ngrisak badan kawula sarana siyam, nanging punika ugi dados cacad tumrap kawula; 11 69-12 kawula mangangge bagor, lajeng dados pocapanipun. 12 69-13 Kawula tansah dados rembagipun tiyang-tiyang ingkang sami linggih ing korining gapura, kawula dipun nyanyekaken dening tiyang ingkang sami remen ngombe inuman keras kalayan ngungelaken clempung. 13 69-14 Nanging kawula, kawula ndedonga dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, ing wekdal Paduka karenan ing panggalih, dhuh Allah; demi sih-piwelas Paduka ingkang agung, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, kanthi pitulungan Paduka ingkang setya 14 69-15 Kawula mugi Paduka entasaken saking ing endhutan, sampun ngantos kleleb, kawula mugi kaluwarana saking tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula, sarta saking toya ingkang lebet. 15 69-16 Ombaking toya sampun ngantos ngentiraken kawula, sampun ngantos kawula kauntal ing teleng, saha sumur sampun ngantos ngingkemi kawula. 16 69-17 Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, awit sih-piwelas Paduka punika pinunjul, Paduka mugi karsaa mirsani kawula salaras kaliyan sih-rahmat Paduka ingkang ageng. 17 69-18 Sampun ngantos nyingidaken wadana Paduka saking abdi Paduka, amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula 18 69-19 Mugi karsaa ngrawuhi kawula saha nebus kawula. Kawula mugi Paduka luwari margi saking satru-satru kawula. 19 69-20 Paduka nupiksani cacad kawula, kawirangan kawula saha kanisthan kawula. Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula. 20 69-21 Manah kawula rempu margi saking panyamah, telah pangajeng-ajeng kawula; kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina, sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih. 21 69-22 Malah kawula dipun tedhani racun, sarta nalika kawula ngelak, dipun sukani anggur kecut. 22 69-23 Pekembulanipun tiyang-tiyang punika dadosa jiret wonten ing ngajengipun, lan kendhurenipun dadosa kala. 23 69-24 Mripatipun sami dadosa peteng, ngantos boten saged ningali; sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh 24 69-25 Paduka mugi karsaa ngebyuki ing bebendu tiyang-tiyang punika, sarta ketamana ing mulad-mulading deduka Paduka. 25 69-26 Pemahanipun dadosa suwung, kemah-kemahipun sampun ngantos wonten ing ngenggeni. 26 69-27 Amargi sami nguya-uya tiyang ingkang Paduka gebagi, sami ngindhaki sakitipun tiyang ingkang sami Paduka tatoni. 27 69-28 Durakanipun tiyang-tiyang punika mugi Paduka wewahi, sampun ngantos sami manggih kaleresan wonten ing ngarsa Paduka 28 69-29 Mugi kacoreka saking kitabing gesang, sampun ngantos kecathet nunggil kaliyan tiyang ingkang sampurna 29 69-30 Nanging kawula punika katindhes lan sinangsara, dhuh Allah, karahayon peparing Paduka mugi ngayomi kawula 30 69-31 Asmane Allah bakal dakpuji kalawan kekidungan, sarta Panjenengane dakluhurake kanthi kidung panuwun. 31 69-32 Ana ing paningaling Allah iku luwih becik katimbang sapi lanang, ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah. 32 69-33 Delengen, he wong kang andhap- asor lan padha bungah-bungaha, he wong kang padha ngupaya marang Allah, cikben atimu girang maneh 33 69-34 Amarga Pangeran Yehuwah miyarsakake marang wong kang padha mlarat, lan ora nyepelekake marang umate kang dadi tahanan. 34 69-35 Panjenengane muga linuhurna dening langit lan bumi, sarta segara dalah kang molah ana ing jerone. 35 69-36 Amarga Gusti Allah bakal mitulungi Sion, sarta mbangun kutha-kutha ing Yahuda, supaya dienggoni para umate lan dadia darbeke. 36 69-37 Para anak-putune abdine bakal padha tampa warisan iku, sarta wong kang tresna marang asmane bakal padha manggon ana ing kono. MASMUR 70 Pandonga nyuwun pitulungan 70:1-5 70:1-6 70 1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika nyaosake kurban pengetan. 70-2 Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mitulungi kawula 2 70-3 Tiyang ingkang ngangkah njabut nyawa kawula, mugi sami kawirangna saha klicutan; ingkang ngangkah damel bilai kawula, mugi sami kaundurna saha nandhanga wirang; 3 70-4 kajengipun mundur margi isin, ingkang sami mungel: “Sokur, sokur” 4 70-5 Tiyang ingkang sami ngupadosi Paduka, sami bingah-bingaha lan sukarenaa sadaya; ingkang nresnani karahayon peparing Paduka, tansaha ngucap makaten: “Gusti Allah iku agung” 5 70-6 Kawula punika sangsara lan mlarat, dhuh Allah, mugi karsaa enggal rawuh Paduka punika ingkang mitulungi saha ngluwari kawula; dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos ngrandhataken rawuh Paduka MASMUR 71 Pandonga nyuwun pangayoman samangsa wus tuwa 71:1-24 71 1 Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka, kawula sampun ngantos kawirangan babar pisan. 2 Paduka mugi karsaa ngluwari kawula sarta mitulungi kawula, amargi saking kaadilan Paduka, Paduka mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhumateng kawula 3 Paduka mugi karsaa dados redi parang tumrap kawula, dados papan pangauban kawula, saha beteng ingkang milujengaken kawula, awit inggih Paduka punika ingkang dados redi parang tuwin beteng kawula. 4 Dhuh Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tanganipun tiyang duraka, saha cangkeremaning para tiyang ingkang ambek-siya lan dakwenang. 5 Sabab, dhuh Pangeran inggih Paduka punika ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, andel-andel kawula wiwit alit mila, dhuh Yehuwah. 6 Kawula sumendhe dhumateng Paduka wiwit wonten ing kandhutan, Paduka ingkang ngedalaken kawula saking kandhutaning biyung kawula; Paduka ingkang tansah kawula pepuji. 7 Kawula dados tandha ingkang ngeramaken tumrap tiyang kathah, amargi Paduka punika pangungsen kawula ingkang santosa. 8 Cangkem kawula kebak pamuji dhumateng Paduka, sadinten-dinten Paduka kawula luhuraken. 9 Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik, sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas. 10 Awit kawula dipun raosi dening para satru kawula, tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula sami sekuthon, 11 pangucapipun: “Wong kae wus ditegakake dening Gusti Allah, padha oyaken, nganti kecekel, awit ora ana kang mitulungi” 12 Dhuh Allah, Paduka sampun ngantos tebih saking kawula, dhuh Allah kawula, Paduka mugi enggal-enggal karsa mitulungi kawula 13 Tiyang ingkang sami nyatru nyawa kawula mugi samia kawirangan lan sami tumpesa; ingkang ngangkah cilaka kawula mugi karobana ing kanisthan lan kawirangan 14 Nanging kawula badhe ngantepi ing pangajeng-ajeng, saha mindhak-mindhak anggen kawula ngluhuraken Paduka; 15 cangkem kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka, saha karahayon peparing Paduka ing sadinten-dinten, amargi kawula boten saged ngetang kathahipun. 16 Kawula badhe dhateng kanthi kaprawiranipun Gusti Allah, saha namung badhe ngundhangaken kaadilan Paduka. 17 Dhuh Allah, wiwit alit mila kawula sampun Paduka wulang, lan ngantos dumugi sapunika kawula tansah nggelaraken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi; 18 dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen, kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar, supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke, sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng. 19 Kaadilan Paduka punika sundhul ing langit, dhuh Allah, Paduka ingkang sampun nindakaken prakawis-prakawis ingkang ageng, dhuh Allah, sinten ingkang kados Paduka? 20 Paduka ingkang murugaken kawula ketaman ing karibedan tuwin kasangsaran kathah, inggih badhe nggesangaken kawula malih, saha ngentasaken kawula saking telenging bumi. 21 Paduka badhe mewahi kaluhuran kawula, sarta paring panglipur malih. 22 Kawula inggih badhe nyaosaken kekidungan pamuji-sokur dhumateng Paduka kanthi swaraning slukat, margi saking kasetyan Paduka, dhuh Allah kawula. Paduka badhe kawula kidungaken masmur kanthi swaraning clempung, dhuh Ingkang Mahasuci, Gusti Allahipun Israel. 23 Lambe kawula surak-surak ngidung masmur kagem Paduka, ugi nyawa kawula ingkang sampun Paduka luwari. 24 Ilat kawula ugi badhe martosaken kaadilan Paduka ing sadinten-dinten, amargi tiyang ingkang ngangkah bilai kawula, sami badhe kawirangan lan klicutan. MASMUR 72 Donga pangajap tumrap Sang Prabu 72:1-20 72 1 Saka Prabu Suleman. Dhuh Allah, Sang Prabu mugi Paduka paringi angger-angger Paduka, sarta kaadilan Paduka dhateng Sang Raja-putra 2 Sageda panjenenganipun ngereh para umat Paduka klayan adil, saha para kawula Paduka ingkang katindhes, kalayan angger-angger 3 Redi-redi sami nuwuhna tentrem-rahayu dhumateng bangsa, sarta tengger-tengger ngangsalna kaleresan 4 Panjenenganipun mugi karsaa paring kaadilan dhumateng para tiyang ingkang katindhes, panunggilanipun bangsa punika, para tiyang mlarat sami kapitulungana, nanging ingkang nganiaya mugi sami karemuka 5 Mugi yuswanipun pinanjangna salaminipun wonten surya, ngantos turun-tumurun, salaminipun wonten rembulan 6 Panjenenganipun mugi kadosa jawah ingkang dhumawah ing ara-ara parumputan, sarta kados deresing jawah ingkang nyirami bumi 7 Ing jaman sugengipun kaadilan mugi saged mekar, sarta tentrem rahayu sageda luber, ngantos rembulan sampun boten wonten malih. 8 Panjenenganipun mugi ngastaa pangwaos wiwit saking saganten dumugi saganten, tuwin saking bengawan Efrat ngantos dumugi ing pungkasanipun bumi. 9 Para ingkang manggen ing ara-ara samun sami sujuda wonten ing ngarsanipun, sarta para mengsahipun sami ndilata lebu; 10 para raja ing Tarsis kaliyan ing pulo-pulo sami nyaosana pisungsung, para ratu ing Syeba lan ing Seba sami saosa bulu-bekti 11 Sakathahipun para raja mugi sami sujud lan nyembah dhateng panjenenganipun, sarta sakathahipun bangsa sami dadosa abdinipun 12 Sabab panjenenganipun badhe ngluwari para tiyang mlarat ingkang sami sesambat nyuwun tulung, tiyang ingkang katindhes, saha tiyang ingkang boten wonten ingkang mitulungi; 13 panjenenganipun badhe ngeman dhateng tiyang ingkang ringkih saha tiyang mlarat, badhe ngentas nyawanipun tiyang mlarat. 14 Panjenenganipun badhe nebus nyawanipun saking panindhes tuwin panganiaya, rahipun dipun anggep adi wonten ing paningalipun. 15 Mugi sugenga Sang Prabu Mugi kasaosana pisungsung mas wedalan ing tanah Syeba Mugi tansah kadongakna, saha ing sadinten-dinten mugi kaparingana berkah 16 Nagari mugi kaluberana taneman gandum, ingkang katingal ngombak-ombak wonten ing pucaking pareden; wohipun kajengipun mekar kados ing Libanon, wewulenipun samia mekar kados rumput ing bumi. 17 Asmanipun lestantuna ing salami- laminipun, salaminipun wonten surya asmanipun mugi saya kondhanga. Sakathahipun bangsa mugi sami berkah- binerkahana kanthi asmanipun, lan mastanana panjenenganipun rahayu. 18 Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, Panjenengane kang nindakake kaelokan piyambakan 19 Sarta pinujia asmane kang mulya ing salawas-lawase, salumahing bumi kebaka ing kaluhurane. Amin, Amin. 20 Tekan samene wus tamat pandongane Prabu Dawud, putrane Rama Isai. Jilid III: MASMUR 73--89 Perang sajroning batin lan pangarep-arep 73:1-28 73 1 Masmur anggitane Asaf. Satemene Gusti Allah iku becik tumrap para wong kang mulus atine, lan kang resik atine. 2 Nanging aku, kurang sathithik bae sikilku keplesed, aku meh keplesed. 3 Amarga panas atiku marang para wong kang gumunggung, manawa aku meruhi kabegjane wong duraka. 4 Awit iku ora padha nandhang lara, awake waras lan lemu; 5 ora padha ngrasakake susahing manungsa, lan ora padha kena ing bebendu kaya wong liyane. 6 Mulane padha akalung piangkuh, tuwin panganggone arupa panganiaya. 7 Amarga saka lemune, kaluputane katon ngegla, atine mbludag ing pandakwa. 8 Padha nyemoni lan muni-muni kanthi patrap kang ala, bab panganiaya padha dirembug kalawan gumunggung. 9 Padha ngangapake cangkeme nglawan marang langit, lan ilate ngumukake awake ana ing bumi. 10 Marga saka iku wong padha bali marani dheweke kabeh, katone kaya banyu kang kimplah-kimplah. 11 Sarta pangucape: “Kapriye Gusti Allah anggone mirsa bab iku, apa Kang Mahaluhur iku kadunungan kawruh?” 12 Lah kaya mangkono iku kaanane para wong duraka: padha golek undhaking barang-darbeke sarta seneng-seneng ing salawase 13 Rak tanpa guna anggonku njaga resiking atiku, sarta anggonku wisuh tangan, minangka tandhaning tanpa kaluputan. 14 Ewadene ing sadina muput anggonku kena ing bebendu, sarta saben esuk ora sepi ing paukuman. 15 Saupami kawula wicanten: “Aku arep calathu mangkono,” dados kawula sajatosipun cidra dhateng gelenganing para putra Paduka. 16 Nanging bareng aku duwe karep arep nyumurupi, bab iku katon angel ana ing mripatku, 17 nganti aku lumebu marang pasucening Allah, banjur nggatekake wekasane para wong mau. 18 Inggih, tiyang punika sami Paduka papanaken wonten ing panggenan ingkang lunyu, lajeng Paduka dhawahaken temah remuk. 19 Saestu sanget sangsaranipun ing sakedhap netra punika, sami sirna, tumpes margi saking pagiris. 20 Sami kados impenipun tiyang satanginipun tilem, dhuh Pangeran, samangsa tangi, rupinipun Paduka galih asor. 21 Nalika manah kawula sanget sisah, saha ginjel kawula raosipun kados tinuwek-tuwek, 22 kawula rumaos bodho saha boten mangretos, kados kewan wonten ing ngarsa Paduka. 23 Nanging kawula lestantun celak kaliyan Paduka; Paduka nganthi tangan kawula tengen. 24 Margi saking pitedah Paduka, Paduka tuntun, sarta ing wekasanipun Paduka pulung dhateng kamulyan. 25 Wonten ing swarga kawula nggadhahi sinten malih kejawi Paduka? Wonten ing bumi kawula boten melik punapa-punapa kejawi Paduka. 26 Sanadyan daging lan manah kawula telas, sirna, ing salaminipun tetep Gusti Allah ingkang dados peparang saha panduman kawula. 27 Awit sajatosipun sinten ingkang tebih kaliyan Paduka, punika sami badhe dhumawah ing karisakan; sadaya tiyang ingkang lampah jina kalayan nilar Paduka punika mesthi Paduka bengkas. 28 Nanging kawula, kawula remen celak kaliyan Gusti Allah; Pangeran Allah ingkang kawula anggep dados pangayoman kawula, supados kawula saged nyariyosaken sakathahing pakaryanipun. MASMUR 74 Kidung pangadhuh marga saka rusake Padaleman Suci 74:1-23 74 1 Kidung piwulang anggitane Asaf. Dhuh Allah, punapa sababipun dene Paduka mbucal kawula sadaya ing salaminipun? Punapa sababipun dene bebendu Paduka ingkang mulad-mulad ndhawahi menda ngen-ngenan Paduka? 2 Paduka mugi karsaa ngengeti umat Paduka ingkang sampun Paduka pundhut wiwit kala kina, ingkang Paduka tebus dados bangsa kagungan Paduka piyambak, saha mugi karsaa ngengeti dhateng redi Sion kadhaton Paduka 3 Paduka mugi karsaa rawuh ing panggenan ingkang kalajeng-lajeng risak punika; sadaya-sadayanipun sampun kasirnakaken dening mengsah wonten ing pasucen. 4 Satru Paduka sami mbaung wonten ing dalem pamujan Paduka, saha sampun ngedegaken benderanipun kadamel tetenger. 5 Katingalipun kados tiyang ingkang ninggil wadung ngantos inggil, kaempakaken ing kekajengan ingkang ketel, 6 lan sapunika ukir-ukiranipun sami dipun dhawahi ing kampak tuwin wadung sadaya; 7 padaleman Paduka ingkang suci dipun besmi, sarta papan padalemaning asma Paduka dipun najisaken ngantos dumugi ing siti; 8 osiking manahipun makaten: “Apike padha daktumpes kabeh wae” Lajeng dalem pamujan ing saindenging nagari dipun besmeni sadaya. 9 Tetenger kawula boten wonten ingkang katingal, nabi inggih sampun boten wonten malih, saha panunggilan kawula sadaya boten wonten ingkang sumerep badhe ngantos sapinten dangunipun malih. 10 Dhuh Allah badhe ngantos sapinten dangunipun anggenipun satru punika nyenyampahi, saha mengsah anggenipun ngawon-awon asma Paduka tanpa kendel punika? 11 Punapaa dene Paduka narik wangsul asta Paduka, sarta numpangaken asta Paduka ingkang tengen ing jaja? 12 Ewasamanten Paduka, dhuh Allah, dados Ratu kawula wiwit jaman kina mila, ingkang paring pangluwaran wonten ing bumi. 13 Inggih Paduka punika ingkang miyak saganten klayan kakiyatan Paduka, ingkang ngremuki endhasipun naga-naga wonten ing sanginggiling toya. 14 Paduka ingkang ngremuki endhasipun Lewiyatan-lewiyatan, Paduka pakakaken dhateng sato ing pasamunan. 15 Paduka ingkang mbelah sumber saha lepen; Paduka ingkang ngesataken lepen-lepen ingkang ajeg mili. 16 Rinten punika kagungan Paduka, dalu punika ugi kagungan Paduka, Paduka ingkang mrenahaken pepadhang saha surya. 17 Paduka ingkang netepaken watesipun bumi sadaya, mangsa ketiga kaliyan mangsa rendheng Paduka ingkang ngawontenaken. 18 Paduka mugi karsaa ngengeti punika: mengsah memada, dhuh Yehuwah, bangsa ingkang keblinger punika ngawon-awon asma Paduka. 19 Nyawanipun peksi dara Paduka sampun ngantos Paduka pakakaken dhateng sato galak; Paduka mugi sampun ngantos kelajeng- lajeng kesupen dhateng nyawanipun para tiyang kagungan Paduka, ingkang katindhes 20 Paduka mugi enget dhateng prajanjian Paduka, amargi papan-papan ingkang peteng ing bumi punika kebak susuh panganiaya. 21 Tiyang ingkang siniya-siya sampun ngantos wangsul kanthi wirang. Tiyang ingkang kasangsaran sarta tiyang ingkang mlarat supados sami ngalembana dhateng asma Paduka. 22 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng sarta nindakaken pangadilan Paduka Mugi karsaa enget dhumateng panacadipun para tiyang ingkang kablinger dhumateng Paduka sadinten muput punika. 23 Paduka mugi sampun ngantos kesupen dhateng swaranipun satru Paduka, saha bengok-bengokipun tiyang ingkang sami mbalela dhumateng Paduka, ingkang tanpa kendel, malah sangsaya sora punika. MASMUR 75 Gusti Allah, Hakim kang adil 75:1-10 75:1-11 75 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan. 75-2 Kawula sami ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka, dhuh Allah, kawula sami ngunjukaken pamuji sokur, tiyang-tiyang ingkang nyebut asma Paduka sami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi. 2 75-3 “Manawa Ingsun nemtokake wektune, Ingsun piyambak kang bakal mancasi kalawan adil. 3 75-4 Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur; Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” Selah 4 75-5 Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.” Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu 5 75-6 Aja padha masang sungunira nganti dhuwur, lan aja calathu kalawan ndegeg” 6 75-7 Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon, lan iya ora saka ing pasamunan, 7 75-8 nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim: nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine. 8 75-9 Astane Pangeran nyepeng tuwung isi anggur kang munthuk, kebak campuran bumbu; Panjenengane banjur ngiling saka ing kono; lah ampase bakal disruput lan diombe dening sakehing wong duraka ing bumi. 9 75-10 Nanging aku bakal surak-surak ing salawas-lawase, Gusti Allahe Rama Yakub bakal dakpuji kalawan masmur. 10 75-11 Sakehing sungune para wong duraka bakal diremuk, nanging sungune wong mursid iku bakal padha didhuwurake. MASMUR 76 Gusti Allah, Hakime para bangsa 76:1-12 76:1-13 76 1 Kanggo lurah pasindhen. Binarung ing swaraning clempung. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan. 76-2 Gusti Allah iku kesuwur ana ing Yahuda, asmane kondhang ana ing Israel 2 76-3 Kemahe wus ana ing Salem, sarta padalemane ana ing Sion 3 76-4 Ana ing kono Pangeran wus mutungi panah kang kumilat, tameng tuwin pedhang sarta piranti perang. Selah 4 76-5 Gumilaping cahya Paduka punika kamulyanipun ngungkuli pareden ingkang wonten wiwit kina makina. 5 76-6 Para wong kendel wus padha kajarah-rayah, padha ngantuk angles, para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane. 6 76-7 Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka, kapal saha ingkang numpaki sami katileman. 7 76-8 Paduka punika nggegirisi Sinten ingkang tahan wonten ing ngarsa Paduka samangsa Paduka duka? 8 76-9 Paduka ndhawahaken pancasaning pangadilan saking ing langit; bumi ajrih saha kami-tenggengen, 9 76-10 nalika Gusti Allah jumeneng ngasta pangadilan, saha ngluwari sakathahipun tiyang ingkang katindhes wonten ing bumi. Selah 10 76-11 Saestu para tiyang brangasan lajeng badhe sami caos sokur dhumateng asma Paduka, kekantunaning tiyang brangasan sami Paduka kendhaleni. 11 76-12 Padha ngucapna nadar banjur padha luwarana konjuk ing Yehuwah Allahmu Kabeh wong kang ana ing ngarsane Yehuwah, kareben padha ngunjukake pisungsung marang Panjenengane kang diwedeni. 12 76-13 Panjenengane kang nglemesake semangate para pemimpin, Panjenengane kang nggegirisi tumrap para ratu ing bumi. MASMUR 77 Pakaryane Gusti Allah kang wus kapungkur 77:1-20 77:1-21 77 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Asaf. 77-2 Aku arep nyebut marang Gusti Allah kalawan swara sora, kalawan swara sora marang Gusti Allah, supaya midhangetake marang aku. 2 77-3 Ing dina karubedan aku ngupaya Pangeran; ing wayah bengi tanganku dakegarake, lan ora banjur kesel, nyawaku lumuh diarih-arih. 3 77-4 Manawa aku ngangen-angen marang Allah, banjur ngadhuh-adhuh, manawa dakrasak-rasakake, nyawaku saya lungkrah lesu. Selah 4 77-5 Paduka damel mripat kawula tansah kelop-kelop; kawula semplah, temah boten saged wicanten. 5 77-6 Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina; kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker. 6 77-7 Ing wanci dalu kawula ngenam-enam salebeting manah, kawula nggagas-nggagas tuwin nyawa kawula nlusur-nlusur: 7 77-8 “Pangeran apa iya nampik ing salawase, lan apa ora bakal paring sih-piwelas maneh? 8 77-9 Sih-susetyane apa wus sirna ing sabanjure, prasetyane apa wus tumeka ing pungkasane nganti turun-tumurun? 9 77-10 Gusti Allah apa wus kesupen marang ing pangemane, sih-piwelase apa kapunggel marga saka bebendune?” Selah 10 77-11 Ing kono pangucapku: “Iki kang nuwek atiku, dene astane tengen Kang Mahaluhur wis owah” 11 77-12 Aku bakal ngeling-eling pakaryan- pakaryane Pangeran Yehuwah, inggih, kawula badhe ngengeti kaelokan Paduka kala jaman kina. 12 77-13 Kawula badhe nyebut sakathahing pakaryan Paduka, sarta badhe manah dhateng saliring pandamel Paduka. 13 77-14 Dhuh Allah, margi Paduka punika suci Allah ingkang pundi ingkang agung kados Allah kawula sadaya? 14 77-15 Paduka punika Gusti Allah ingkang nindakaken kaelokan; Paduka sampun nglairaken pangwaos Paduka wonten ing tengahipun para bangsa. 15 77-16 Umat Paduka, tedhak turunipun Rama Yakub tuwin Rama Yusuf, sampun Paduka tebus klayan asta Paduka. Selah 16 77-17 Dhuh Allah, toya-toya sampun sami ningali Paduka, toya-toya sampun sami ningali Paduka saha sami gumeter, malah samodra agung inggih ndhredheg. 17 77-18 Mendhung nggrojogaken toya, gumuruh swaraning mega mawarni-warni, malah jemparing Paduka sami pating clorot. 18 77-19 Swaraning gludhug Paduka gumledheg, kilat-kilat sami madhangi jagad, bumi geter saha gonjang-ganjing. 19 77-20 Margi Paduka nglangkungi saganten, sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar, nanging tapak tilas Paduka boten katingal. 20 77-21 Paduka sampun ngirid umat Paduka kados nggiring menda apanthan, lumantar Nabi Musa lan Imam Harun. MASMUR 78 Piwulanging sejarah 78:1-72 78 1 Kidung piwulang anggitane Asaf. Dhuh bangsaku, piwulangku padha rungokna, pamicarane cangkemku padha tilingna. 2 Aku arep mbukak cangkemku prelu medharake bebasan, aku arep ngucapake cangkriman jaman kuna, 3 Apa kang wus padha kita rungu, sarta kita sumurupi, lan kang dicritakake dening para leluhur kita marang kita, 4 ora bakal daksidhem tumrap anak-putune; nanging kita bakal nyaritakake marang para turun ing tembe pepujian marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, sarta kaelokan-kaelokan kang wus katindakake. 5 Pangeran wus ndhawuhake pepenget marang trahe Rama Yakub, lan angger-anggering Toret marang Banisrael; para leluhur kita padha kadhawuhan ngluntakake iku marang para anak putune, 6 supaya disumurupana dening para turune ing sapungkure, supaya anak-putu kang ing tembe bakal padha lair, padha gumregah lan nyaritakake marang anak-anake, 7 supaya padha kumandela marang Gusti Allah, lan aja lali marang sakabehing pakaryane, nanging padha netepana dhawuh- dhawuhe; 8 apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah. 9 Bani Efraim, prajurit panahan kang sikep gegaman ganep, padha mundur nalika dinane perang. 10 Padha ora nggondheli prasetyaning Allah sarta padha emoh lumaku manut ing Torete. 11 Padha lali marang pakaryane lan kaelokan kang katindakake, kang wus dikatingalake marang dheweke kabeh. 12 Gusti Allah wus nindakake kaelokan- kaelokan ana ing ngarepe para leluhure, ana ing tanah Mesir, ana ing ara-ara Zoan; 13 segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake; banyune diadegake kaya bendungan, 14 ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega, ing wayah bengi kalawan padhanging geni. 15 Gunung parang ing ara-ara samun dibengkah, para leluhur mau tumuli padha diparingi banyu akeh kaya saka ing samodra agung; 16 saka ing parang Gusti Allah mijilake kali, grojoging banyune kaya bengawan. 17 Ewadene para leluhur mau ndlarung anggone gawe dosa marang Panjenengane, yaiku anggone mbalela marang Kang Mahaluhur ana ing pasamunan. 18 Malah padha nyoba marang Gusti Allah ing sajroning atine yaiku anggone nyuwun pangan kanggo nguja hawa-napsune. 19 Padha rasanan bab Gusti Allah mangkene: “Allah apa iya kuwasa nyedhiyani pangan ana ing ara-ara samun? 20 Pancen Panjenengane nggebag parang satemah metu banyune lan banjur ana kali-kali kang mili; nanging apa iya kuwaos paring roti, utawa nyawisi daging para umate?” 21 Iku kapiyarsa dening Pangeran Yehuwah, njalari dukane, temahan ana geni kang mubal nempuh bani Yakub, sarta bebendune nempuh Banisrael, 22 awit padha ora pracaya marang Gusti Allah, sarta ora padha kumandel marang pitulungane. 23 Gusti Allah tumuli dhawuh marang mega-mega ing dhuwur, lan mbikak lawang-lawanging langit, 24 umate diudani mana minangka pangane, sarta padha diparingi gandum saka ing langit; 25 saben wong wus mangan roti malaekat; padha dikirimi sangu pangan nganti turah-turah. 26 Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awang lan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane; 27 umate banjur diudani daging kehe kaya bledug, tuwin diudani manuk kang mawa swiwi cacahe kaya wedhining segara; 28 padha katibakake ing satengahing tarub-tarube, ing sakubenging papan panggonane mau. 29 Tumuli padha mangan nganti wareg banget; Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake. 30 Nalika isih padha rumangsa durung wareg, sarta pangane isih ana ing cangkeme; 31 Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku, gembong-gembonge padha dipateni, lan para nonomane Israel padha disirnakake. 32 Sanadyan mangkono, para leluhur mau iya isih bae anggone padha nglakoni dosa, sarta ora pracaya marang sakehing pakaryane Allah kang ngedab-edabi. 33 Mulane dina-dinane kadamel sirna tanpa tanja, sarta taun-taune padha sirna sajroning pagiris. 34 Bareng padha dipateni banjur padha nakokake marang Panjenengane, padha mratobat sarta padha ngupaya marang Gusti Allah; 35 padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange, lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse. 36 Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkeme lan nggorohi Panjenengane kalawan ilate. 37 Atine ora mantep marang Panjenengane, lan ora setya marang ing prajanjiane. 38 Tujune Panjenengane iku asipat welasan, karsa ngapura kaluputane lan ora numpes umate; malah kerep ngampah bebendune, sarta ora nggigah dedukane kabeh. 39 Panjenengane karsa ngengeti manawa wong iku kabeh daging, angin kang midid, kang ora bakal bali. 40 Ping pira bae para leluhur mau anggone padha mbalela marang Panjenengane ana ing ara-ara samun, lan anggone padha gawe sekeling galihe ana ing pasamunan 41 Bola-bali anggone padha nyoba marang Gusti Allah, sarta anggone padha gawe gerahe panggalihing Allah Israel Kang Mahasuci. 42 Padha ora eling marang pagwaose, sarta marang dina nalika padha diluwari saka ing tanganing mungsuh, 43 nalika Panjenengane nganakake pratandha-pratandha ana ing tanah Mesir, sarta mukjijat-mukjijat ana ing ara-ara Zoan. 44 Kali-kaline lan ilen-ilene padha disabdakake dadi getih, temahan banyune ora kena diombe; 45 ndhatengake laler cathak kang mangsa wong-wong mau, lan kodhok-kodhok kang nyirnakake wong-wong mau. 46 Tanem tuwuhe wong Mesir dipakakake marang ama uler, tuwin wohing rekasane marang walang. 47 Wite anggur padha disirnakake sarana udan watu, sarta wite sikmah sarana ebun njendhel. 48 Pepanthaning kewane padha dipasrahake marang udan es, lan rajakayane disamber ing bledheg. 49 Padha didhawahi mulad-mulading bebendune, bramantya, deduka sarta karupekan, apadene malaekat sabregada kang nggawa bilai; 50 Panjenengane ngumbar mulad-mulading bebendune, nyawane padha ora diluwari saka ing pati, nyawane padha diulungake marang pageblug; 51 sakehing anake pembarep wong Mesir padha dipateni, wohing kakuwatane kang kawitan ana ing tarub-tarube Kham; 52 para umat kagungane tumuli padha didhawuhi mangkat kaya wedhus, padha dituntun kaya pepanthan kewan ana ing ara-ara samun; 53 padha dituntun kalawan tentrem, temah ora padha kuwatir, amarga satrune wus padha keblabak ana ing segara; 54 padha diirid menyang ing tanah suci kagunganing Allah, yaiku ing pagunungan iki, kang pinundhut ing astane kang tengen; 55 para bangsa padha ditundhung saka ing ngarepane umat, tanah pusaka iku diedum-edum nganggo tali ukuran, sarta sakehing talere Israel padha didhawuhi ngenggoni tarub-tarube. 56 Nanging Banisrael padha nyoba lan mbalela marang Gusti Allah kang Mahaluhur, sarta ora padha netepi marang pepenget-pepengete; 57 padha murtad lan ora setya kaya para leluhure; padha nyimpang kaya gandhewa kang cidra; 58 padha gawe gerahing penggalihe Gusti Allah sarana tengger-tengger papang pangurbanane, sarta ndadekake bentering penggalihe marga saka reca-recane. 59 Bareng kapiyarsa dening Gusti Allah, temah Panjenengane banjur duka banget, Israel ditampik babar pisan; 60 mulane nilar padalemane ing Silo, tarub kang wus didalemi ana ing antarane manungsa; 61 kasantosane nuli diulungake dadi bandhangan, kamulyane dipasrahake marang ing tanganing mungsuh; 62 Panjenengane marengake bae umate kamangsa ing pedhang, sarta bendu marang kagungane piyambak. 63 Para wong non-nomane padha kamangsa ing geni, lan para prawane padha ora dialembana maneh kalawan kekidungan palakrama; 64 para imam padha mati dening pedhang, lan randhane ora padha bisa nangisi. 65 Ing kono Pangeran tumuli wungu, kaya wong kang keturon, kaya prawira kang wus eling saka anggone mendem anggur; 66 mungsuh-mungsuhe padha digebag temah padha mundur, padha kadamel nandhang wirang ing salawase. 67 Panjenengane nampik tarube Yusuf, taler Efraim ora kapilih, 68 nanging kang dipilih taler Yahuda, Gunung Sion kang kinasihan; 69 pasucene banjur dibangun nganti sundhul langit, kaya bumi kang tinalesan langgeng; 70 Panjenengane milih Dawud, abdine, kapundhut saka ing satengahe kandhang- kandhang wedhus; 71 kapundhut saka ing panggonane wedhus-wedhus kang padha nusoni, kapatah ngengon trahe Yakub, umate, iya Banisrael kagungane piyambak. 72 Tumuli iya padha diengon kalawan tulusing galih, sarta padha katuntun kanthi kaprigelaning astane. MASMUR 79 Pandongane umat kang kaancam ing bebaya 79:1-13 79 1 Masmur anggitane Asaf. Dhuh Allah, bangsa sanes sampun sami lumebet dhateng ing tanah kagungan Paduka, sami najisaken padaleman Paduka ingkang suci, Yerusalem dipun dadosaken jugrugan. 2 Mayitipun para abdi Paduka dipun pakakaken dhateng peksi-peksi ing awang-awang, dagingipun para kekasih Paduka dipun pakakaken dhateng sato ing ara-ara. 3 Rahipun umat Paduka dipun wutahaken kadosdene toya, wonten ing sakubenging Yerusalem sarta boten wonten ingkang ngubur. 4 Kawula sami dados cacadanipun para tangga-tepalih kawula, lan dados pepoyokan miwah cacampahanipun tiyang ingkang manggen ing sakubeng kawula. 5 Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah paring bebendu Paduka, saha bentering panggalih Paduka anggenipun mulad-mulad kados latu? 6 Bebendu Paduka mugi kaesokna dhateng para bangsa ingkang boten sami tepang kaliyan Paduka, inggih dhateng sakathahing karajan ingkang boten nyebut asma Paduka; 7 amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telas, griyanipun dipun risak. 8 Paduka mugi sampun ngantos ndhawahaken kalepatanipun para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya; kawula mugi enggal kadhawahana ing sih-rahmat Paduka, awitdene kawula sampun sami ringkih sanget. 9 Dhuh Allah, ingkang mengku karahayon kawula, kawula mugi sami Paduka paringi pitulungan margi saking kaluhuraning asma Paduka. Kawula mugi sami kaentasna saha kaapuntena dosa kawula margi saking asma Paduka. 10 Punapaa dene bangsa sanes ngantos sami ngucap makaten: “Allahe wong iku ana ing ngendi?” Pamalesing rahipun para abdi Paduka ingkang sampun kawutahaken, mugi kasumerepana dening bangsa- bangsa sanes wonten ing ngajeng kawula sedaya. 11 Pasambatipun para tiyang ingkang kinunjara mugi sageda sumengka dhateng ing ngarsa Paduka; tiyang ingkang sami katetepaken kaukum pejah, mugi sami Paduka parengaken gesang laras kaliyan asta Paduka ingkang agung. 12 Saha para tangga kawula mugi sami kadhawahana piwales tikel pitu, amargi anggenipun sami memada dhumateng Paduka, dhuh Pangeran. 13 Kawula sadaya punika, umat Paduka, inggih pepanthan menda ngen-ngenan Paduka, badhe lajeng sami ngaturaken panuwun dhumateng Paduka ing salaminipun, saha pepujian ingkang tumuju dhumateng Paduka badhe sami kawula wartosaken ngantos turun-tumurun. MASMUR 80 Pandonga kanggo keslametane Israel 80:1-19 80:1-20 80 1 Kanggo lurah pasindhen, lagune kaya kidung: Kembang Bakung. Paseksene Asaf. Masmur. 80-2 Dhuh Juru Pangenipun Banisrael, mugi karsaa midhangetaken. Paduka ingkang nggiring bani Yusuf kados pepanthan menda, Paduka ingkang nitih kerub-kerub, mugi karsaa ngatingalaken cahya Paduka, 2 80-3 wonten ing ngajengipun Efraim kaliyan Benyamin tuwin Manasye. Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasantosan Paduka saha mugi karsaa rawuh ngluwari kawula sadaya. 3 80-4 Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng. 4 80-5 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, taksih pinten laminipun anggen Paduka bendu sanadyan umat Paduka ndedonga? 5 80-6 Umat Paduka sami Paduka tedhani roti tumatesing luh, Paduka paringi ngombe luh ngantos kathah sanget, 6 80-7 kawula sami Paduka dadosaken rerebatanipun para tangga-tepalih, saha sami cinampahan ing mengsah- mengsah kawula. 7 80-8 Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami manggih wilujeng. 8 80-9 Paduka sampun mundhut wit anggur saking tanah Mesir, para bangsa sami Paduka tundhungi, wit anggur wau lajeng Paduka tanem. 9 80-10 Paduka sampun nyawisi papan, wit anggur wau lajeng ngoyod lebet sanget saha ngebaki nagari; 10 80-11 redi-redi sami kayoman ing ayang-ayanganipun, lan wit-wit eres kagunganipun Gusti Allah sami kayoman ing pangpangipun; 11 80-12 pangipun ingkang alit-alit sami pating tlolor ngantos dumugi ing saganten, sarta elungipun ngantos dumugi ing benawi Efrat. 12 80-13 Punapa sababipun dene Paduka njugrugaken pageripun, temah dipun pethiki dening tiyang ingkang sami langkung? 13 80-14 Dipun grogoti ing andhapan, sarta dipun tedha ing kewan-kewan ing ara-ara. 14 80-15 Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka mugi karsaa wangsul, mirsanana saking ing swara sarta ningalana. Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika, 15 80-16 wit ingkang katanem dening asta Paduka ingkang tengen. 16 80-17 Witipun sampun sami dipun besmeni lan dipun tegori, tiyang-tiyang wau kajengipun sami sirna ical dening bebendu Paduka. 17 80-18 Paduka mugi karsaa ngreksa dhateng para tiyang ingkang wonten ing sisih tengen Paduka, anakipun manungsa ingkang sampun Paduka kiyataken kagem Paduka piyambak. 18 80-19 Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka, kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka. 19 80-20 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng. MASMUR 81 Kidungan nalika nganyarake prajanjian 81:1-16 81:1-17 81 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Anggitane Asaf. 81-2 Padha surak-suraka kagem Gusti Allah, kang dadi kasantosan kita, padha surak-suraka kagem Gusti Allahe Rama Yakub. 2 81-3 Padha ngidunga karo trebangan lan clempungan, kang laras binarung swaraning slukat. 3 81-4 Ngunekna kalasangka ing tanggal sapisan, ing tanggal purnama ing dina riyaya kita. 4 81-5 Amarga bab iku dadi pranatan tumrap bangsa Israel, sarta dadi angger-angger saka Gusti Allahe Rama Yakub. 5 81-6 Kang pinacak dadi pepakon marang Rama Yusuf, nalika Gusti Allah miyos nglurugi tanah Mesir. Aku krungu bangsa kang aku durung tau weruh. 6 81-7 “Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul, sarta tangane saka ing kranjanging pikulan; 7 81-8 sajroning karubedan sira padha sesambat, Ingsun banjur ngentasake sira, Ingsun nyembadani panyuwunira saka ing pasingidaning gludhug, Ingsun wus nyoba marang sira ana ing sacedhake banyu Meriba. Selah 8 81-9 He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira; he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun. 9 81-10 Ing tengahira aja ana allah liyane, sira aja sujud marang allah ngamanca. 10 81-11 Iya Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang ngluwari sira saka ing tanah Mesir, cangkemira angapna kang amba, nuli bakal Sunkebaki. 11 81-12 Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun, sarta Israel ora seneng marang Ingsun. 12 81-13 Mulane banjur Suntogake atine kang wangkot iku, cikben padha nglakoni sakarepe dhewe. 13 81-14 Ah, saupama umatingSun ngrungokake marang dhawuhingSun, saupama Israel ngambah ing dalan pitedahingSun. 14 81-15 Sanalika iku uga mungsuhe mesthi Suntelukake, sarta mungsuhe padha ngrasakake antebing astaningSun. 15 81-16 Para wong kang sengit marang Pangeran Yehuwah, bakal nyembah ndilat sampeyane, lan iki wis dadi nasibe ing salawas-lawase. 16 81-17 Nanging umatingSun bakal Sunparingi mangan gandum kang becik dhewe malah bakal padha Sunwaregi kalawan madu saka ing parang.” MASMUR 82 Gusti Allah ana ing parepatan ilahi 82:1-8 82 1 Masmur anggitane Asaf. Gusti Allah jumeneng ana ing parepatan ilahi, ana ing satengahing para allah Panjenengane nindakake pangadilan: 2 “Nganti sepira suwene anggonira padha ngadili kalawan ambek-siya, sarta ngrewangi marang wong duraka? Selah 3 Wong kang sekeng lan bocah lola padha wenehana adil, wong kasangsaran lan kacingkrangan padha belanana wewenange. 4 Wong kang sekeng lan kang mlarat padha pitulungana, luwarana saka ing tangane wong duraka.” 5 Iku wong kang padha ora sumurup lan ora ngreti apa-apa, padha lumaku ana ing pepeteng; sakehing tetalese bumi padha gonjang- ganjing. 6 Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah, lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. -- 7 Nanging sira bakal padha mati kayadene manungsa, lan bakal tiwas kayadene salah sawijining panggedhe.” 8 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng ngadili bumi, amargi sakathahipun bangsa punika kagungan Paduka.” MASMUR 83 Pandonga nyuwun pitulungan nglawan mungsuh 83:1-18 83:1-19 83 1 Masmur anggitane Asaf: sawijining kekidungan. 83-2 Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kendel mugi karsaa ngandika, saha sampun nganggur, dhuh Allah 2 83-3 Amargi mengsah Paduka sami gumuruh, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami nglangak kumethak, 3 83-4 sami ngrantam paekan nglawan Paduka, sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi. 4 83-5 Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa iku supaya jenenge Israel ora kocap maneh” 5 83-6 Saestu, sampun sami ngrantam kalayan saiyeg, sami damel prajanjian nglawan Paduka: 6 83-7 Para ingkang sami manggen ing kemahipun bangsa Edom, lan Ismael, Moab kaliyan Hagar, 7 83-8 Gebal lan Amon tuwin Amalek, Filisti sesarengan kaliyan tiyang ing Tirus, 8 83-9 ugi Asyur sami manunggil kaliyan tiyang-tiyang wau, sami dados bebantunipun darah Lut. Selah 9 83-10 Sedaya punika sami kadamela kadosdene bangsa Midian, kados Sisera tuwin Yabin wonten ing sacelakipun lepen Kisyon, 10 83-11 ingkang sampun sami katumpes wonten ing Endor, sami dados rabuking siti. 11 83-12 Para pangagengipun sami kadamela kados Oreb kaliyan Zeeb, saha sakathahing pemimpinipun kados Zebah lan Salmunah, 12 83-13 ingkang sami wicanten: “Payo padha ngejegi papan-papan padalemaning Allah.” 13 83-14 Dhuh Allah kawula, tiyang punika sami kadadosna kados dhedhak ingkang mabul-mabul, kados mrambut ingkang kabur ing angin. 14 83-15 Kados latu ingkang mbesmi wana, saha kados urubing latu ingkang nggesengaken redi-redi, 15 83-16 sami kaoyaka kaliyan prahara Paduka, tuwin kadamela kaget kaliyan lesus Paduka. 16 83-17 Rainipun sami kasasabana ing wirang, supados sami ngupadosana asma Paduka, dhuh Yehuwah. 17 83-18 Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun, sami kawirangna saha lejeng sami tumpes, 18 83-19 supados sami sumerepa, bilih namung Paduka ingkang asma Yehuwah, Ingkang Mahaluhur tuwin misesani ing salumahing bumi. MASMUR 84 Kangen marang padalemane Gusti Allah 84:1-12 84:1-13 84 1 Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Masmur anggitane bani Korakh. 84-2 Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka, dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah. 2 84-3 Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah, manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyak tumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang. 3 84-4 Dalah peksi greja sampun manggih griya, lan peksi kedhali manggih susuh, kangge nyelehaken anakipun, wonten ing misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Ratu kawula saha Gusti Allah kawula. 4 84-5 Rahayu tiyang ingkang sami manggen ing padaleman Paduka, saha tansah ngluhuraken asma Paduka. Selah 5 84-6 Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka, ingkang gadhah niyat badhe jiyarah. 6 84-7 Manawi lumampah wonten ing lebak Baka, punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun; tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan. 7 84-8 Lampahipun saya dangu saya kiyat, badhe sowan ing ngarsanipun Gusti Allah ing Sion. 8 84-9 Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, mugi karsaa nilingaken dhateng kawula, dhuh Gusti Allahipun Rama Yakub. Selah 9 84-10 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mirsani tetameng kawula sadaya, mugi karsaa mirsani dhumateng wedananipun jebadan Paduka 10 84-11 Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka. 11 84-12 Amarga Pangeran Yehuwah Allah iku dadi sesurya lan tetameng; Panjenengane maringi sih lan kamulyan; wong kang lakune tanpa cacad ora dicukengi ing bab samubarang kang becik. 12 84-13 Dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah, rahayu tiyang ingkang kumandel dhumateng Paduka. MASMUR 85 Pandonga nyuwun muga Israel kapulihake 85:1-13 85:1-14 85 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane bani Korakh. 85-2 Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngatingalaken keparenging panggalih Paduka dhumateng tanah Paduka, kewontenanipun trahipun Rama Yakub sampun Paduka pulihaken. 2 85-3 Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka, sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. Selah 3 85-4 Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep, bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken. 4 85-5 Dhuh Allah, Pamarta kawula, kawula mugi sami Paduka pulihaken, Paduka mugi karsaa ngicali gerahing panggalih Paduka tumrap kawula. 5 85-6 Kawula punapa sami badhe Paduka dukani ing salaminipun, saha anggen Paduka duka punapa badhe Paduka lajengaken ngantos turun-tumurun? 6 85-7 Punapa Paduka boten karsa nggesangaken kawula sadaya malih, supados umat Paduka saged bingah-bingah margi saking Paduka? 7 85-8 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken sih-susetya Paduka dhumateng kawula sadaya, saha karsaa maringi karaharjan Paduka dhumateng kawula sadaya. 8 85-9 Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah. Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake marang umate lan marang para kekasihe, supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh? 9 85-10 Sanyata, karaharjan kang saka ing Pangeran iku cepak tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengane, satemah nagara kita kadunungan kamulyan. 10 85-11 Sih lan kasetyan bakal padha tempuk kaadilan lan katentreman bakal padha ambung-ingambung. 11 85-12 Kasetyan bakal tuwuh saka ing bumi, lan kaadilan bakal ngawat-awati saka ing langit. 12 85-13 Tur Pangeran Yehuwah bakal paring samubarang kang becik, sarta nagara kita bakal ngwenehake pametune. 13 85-14 Kaadilane bakal lumaku ana ing ngarsane, sarta tapak-tilasing sampeyane kadadekake dalan. MASMUR 86 Pandonga nyuwun pitulungan 86:1-17 86 1 Pandongane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa paring wangsulan, amargi kawula nandhang sangsara saha kesrakat. 2 Nyawa kawula mugi Paduka reksa, awit Paduka asih dhumateng kawula, Paduka mugi karsaa ngluwari abdi Paduka ingkang pitados dhumateng Paduka punika. 3 Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka welasi, amargi sadinten muput anggen kawula sesambat dhumateng Paduka. 4 Paduka mugi karsaa mbingahaken nyawanipun abdi Paduka amargi, dhuh Pangeran, nyawa kawula sumengka dhumateng Paduka. 5 Amargi Paduka punika sae, dhuh Pangeran, saha remen ngapunten, punapa malih sih-susetya Paduka punika luber tumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka. 6 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, saha karsaa migatosaken swaraning panyuwun kawula. 7 Ing dinten karibedan kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka, amargi Paduka karsa paring wangsulan dhumateng kawula. 8 Dhuh Allah, ing antawisipun para allah boten wonten ingkang nyameni Paduka, sarta boten wonten ingkang ngemperi pakaryan Paduka. 9 Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken, sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka, saha badhe ngluhuraken asma Paduka. 10 Amargi Paduka punika agung saha nindakaken kaelokan-kaelokan; inggih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Allah. 11 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka tedahaken margi Paduka, supados lampah kawula manuta ing kaleresan Paduka; manah kawula mugi Paduka golongaken supados ajrih-asih dhumateng asma Paduka. 12 Dhuh Pangeran, Allah kawula, kawula badhe ngaturaken pamuji sokur kanthi gumolonging manah dhumateng Paduka saha ngluhuraken asma Paduka ing salami-laminipun; 13 amargi agung sih-susetya Paduka dhumateng kawula, saha nyawa kawula sampun Paduka luwari saking jagading tiyang pejah ingkang lebet piyambak. 14 Dhuh Allah, tiyang ingkang angkuh sami gumregah nempuh kawula, saha grombolaning tiyang gumunggung sami ngangkah dhateng nyawa kawula, sarta boten mreduli dhumateng Paduka. 15 Nanging Paduka punika, dhuh Pangeran, Allah ingkang ambek welasan saha asih, agung kasabaran Paduka saha luber sih tuwin kasetyan Paduka. 16 Kawula mugi Paduka pirsani saha kaparingana sih-piwelas, abdi Paduka mugi Paduka paringi karosan Paduka, anakipun jaler parekan Paduka mugi kaluwarana. 17 Kawula mugi Paduka paringi pratandhaning kasaenan, supados para satru kawula sami sumerep kalayan wirang, bilih Paduka dhuh Yehuwah, sampun paring pitulungan saha panglipur dhumateng kawula. MASMUR 87 Sion kuthane Gusti Allah 87:1-7 87 1 Masmur anggitane bani Korakh: kidungan. Ing gunung-gunung kang suci ana kutha kang dibangun dening Pangeran. 2 Kori-kori gapuraning Sion luwih dikasihi dening Pangeran Yehuwah, katimbang karo sakehing panggonane darah Yakub. 3 He kuthaning Allah, kowe kasuwurake mungguh prakara- prakara kang mulya. Selah 4 Rahab lan Babil Sungolongake para wong kang nganggep marang Ingsun, dalasan nagara Filisti, Tirus tuwin Etiopia: “Iki padha dilairake ana ing kono.” 5 Nanging bab Sion diwartakake: “Wong iku siji-sijine laire padha ana ing kono,” lan Panjenengane, Kang Mahaluhur, kang njejegake. 6 Wong iku mau kabeh padha kawilang dening Pangeran Yehuwah, samangsa nyatheti para bangsa: “Iki laire ana ing kono.” Selah 7 Lan wong padha ngidung tuwin jogedan karo seneng-seneng: “Sakehing sumberku ana ing sajroning nagaramu.” MASMUR 88 Pandonga nalika lara banget 88:1-18 88:1-19 88 1 Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. Kanggo lurah pasindhen, miturut lagu: Mahalat Leanot. Kidung piwulange Heman, wong Ezrahi. 88-2 Dhuh Yehuwah, Allah ingkang ngluwari kawula ing wanci siyang kawula sesambat, ing wanci dalu kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka. 2 88-3 Pandonga kawula mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka, Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng pasambat kawula. 3 88-4 Amargi nyawa kawula tuwuk ing kasisahan, lan gesang kawula sampun celak kaliyan jagadipun tiyang pejah. 4 88-5 Kawula sampun kagolongaken para tiyang ingkang mandhap dhateng ing kubur, sarta kados tiyang ingkang tanpa daya. 5 88-6 Kawula kedah amor kaliyan para tiyang pejah, kados tiyang ingkang sami pejah margi dipun pejahi, gumlethak wonten ing kubur, ingkang boten Paduka engeti malih, amargi sampun sami kapethal saking panguwaos Paduka. 6 88-7 Kawula sampun Paduka selehaken wonten ing luwangan kuburan ingkang ngandhap piyambak ing salebeting pepeteng, ing papan ingkang lebet. 7 88-8 Kawula kapetek dening bentering bebendu Paduka, sampun kebyukan ing muncrating alun Paduka sadaya. Selah 8 88-9 Pitepangan kawula sadaya sampun sami Paduka tebihaken saking kawula, kawula sampun Paduka damel pangewan- ewan kangge tiyang-tiyang wau, kawula kinungkung boten saged medal. 9 88-10 Mripat kawula ngerong margi nandhang kasangsaran. Dhuh Yehuwah, kawula sampun sesambat dhumateng Paduka ing sadinten muput sarta sampun ngathungaken tangan kawula dhumateng Paduka. 10 88-11 Paduka punapa badhe nindakaken kaelokan kangge tiyang ingkang sami pejah? Arwah punapa badhe tangi, saha ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka? Selah 11 88-12 Sih-kadarman Paduka punapa saged kacariyosaken wonten ing kubur, tuwin kasetyan Paduka wonten ing paleburan? 12 88-13 Kaelokan-kaelokan Paduka punapa saged kasumerepan wonten ing palimengan, tuwin kaadilan Paduka wonten ing nagarinipun sadaya kekilapan? 13 88-14 Nanging, dhuh Yehuwah, kawula punika sesambat dhumateng Paduka, ing wanci enjing Paduka kawula pethukaken kaliyan pandonga kawula. 14 88-15 Dhuh Yehuwah, punapaa dene kawula Paduka sebrataken, saha wadana Paduka Paduka engokaken saking kawula? 15 88-16 Wiwit alit mila kawula katindhes tuwin kaancam ing pejah, kawula sampun nyanggi pagiris ingkang saking Paduka, kawula rumaos tanpa pangajeng-ajeng. 16 88-17 Kawula katempuh ing bentering bebendu Paduka, saha kabungkem dening pagiris Paduka. 17 88-18 Punika ing sadinten muput nglimputi kawula kados toya, ngantos kemput anggen kawula kinepang. 18 88-19 Mitra tuwin kanca Paduka tebihaken saking kawula, namung pepeteng ingkang dados pitepangan kawula. MASMUR 89 Kasetyaning Yehuwah marang Sang Prabu Dawud 89:1-52 89:1-53 89 1 Kidung piwulang, anggitane Etan, wong Ezrahi. 89-2 Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun, kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun. 2 89-3 Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun; kasetyan Paduka jejeg kados langit. 3 89-4 Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun, Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun. 4 89-5 Wijinira Suntetepake ing salawas- lawase, sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” Selah 5 89-6 Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah, malah inggih jalaran saking kasetyan Paduka ing satengahing pasamuwanipun para suci. 6 89-7 Amarga ing mega-mega iku sapa kang ngembari Pangeran Yehuwah, lan ing antarane para kang manggon ing swarga sapa kang madhani Sang Yehuwah? 7 89-8 Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci, lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene. 8 89-9 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka? Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka. 9 89-10 Gumunggungipun saganten punika Paduka ingkang ngereh, manawi alunipun ageng Paduka ingkang ngendhakaken. 10 89-11 Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan, mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa. 11 89-12 Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka, jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari. 12 89-13 Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken, redi Tabor tuwin Hermon sami bingah- bingah surak-surak margi saking asma Paduka. 13 89-14 Paduka ingkang kagungan bau santosa asta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen. 14 89-15 Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka, sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka. 15 89-16 Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak, dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka, 16 89-17 sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka, saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka. 17 89-18 Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun, singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka. 18 89-19 Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah, saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci. 19 89-20 Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi, suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan, sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku. 20 89-21 Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun, kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci. 21 89-22 Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun, sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun. 22 89-23 Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh, apadene kawasesa ing wong culika. 23 89-24 Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe, sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake. 24 89-25 Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun, sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun, 25 89-26 Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara, sarta tangane tengen ngereh kali-kali. 26 89-27 Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: “Paduka punika Rama kawula, Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.” 27 89-28 Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep, tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi. 28 89-29 Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase, lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke. 29 89-30 Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase, apadene dhampare ing saumuring langit. 30 89-31 Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun, sarta lakune ora manut ing pranataningSun, 31 89-32 lan padha nerak marang katetepaningSun, sarta ora netepi pepakeningSun, 32 89-33 panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada, tuwin kaluputane kalawan gebug. 33 89-34 Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud, sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun. 34 89-35 Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun, tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi. 35 89-36 Sapisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun, mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud. 36 89-37 Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase, lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun, 37 89-38 kaya rembulan kang ana ing salawas-lawase minangka seksi kang setya tuhu ana ing mega.” Selah 38 89-39 Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken, sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi, 39 89-40 prajanjian Paduka kaliyan ingkang abdi Paduka batalaken, makuthanipun Paduka regedi kados lebu, 40 89-41 balowartinipun Paduka rebahaken, beteng-betengipun Paduka dadosaken jugrugan. 41 89-42 Sadaya tiyang ingkang langkung wonten ing margi sami ngrayahi, sarta dados cacadan tumrap tangga tepalih. 42 89-43 Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken, sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah. 43 89-44 landheping pedhangipun Paduka damel mbalik, Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan. 44 89-45 Cahyanipun Paduka suremaken, sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti. 45 89-46 Dinten enemipun sampun Paduka celakaken; piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. Selah 46 89-47 Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan, sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika? 47 89-48 Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun, punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika? 48 89-49 Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah, ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? Selah 49 89-50 Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit, ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika? 50 89-51 Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada, saha bilih kawula nandhang pangerang- erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula, 51 89-52 ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka. 52 89-53 Pinujia Pangeran Yehuwah ing salami-laminipun. Amin. Amin Jilid IV: MASMUR 90--106 Gusti Allah, papan pangauban kang langgeng 90:1-17 90 1 Pandongane Nabi Musa, abdine Allah. Dhuh Pangeran, Paduka punika dados pangungsen kawula turun-tumurun. 2 Saderengipun redi-redi kalairaken, sarta saderengipun Paduka nitahaken bumi lan jagad, wiwit kalanggengan dumugi kalanggengan Paduka punika jumeneng Allah. 3 Paduka mangsulaken manungsa dados lebu, lan dhawuh: “He para anaking manungsa, padha balia” 4 Amargi sewu taun punika wonten ing paningal Paduka, sami kados dinten wingi sasampunipun kapengker, inggih sami kados giliraning jagi ing wanci dalu. 5 Manungsa Paduka kentiraken; sami kados ngimpi, kados tuwuhing rumput. 6 Ing wanci enjing sekar saha seger tuwuhipun, sontenipun sampun lesah lajeng alum. 7 Saestu, kawula sami sirna margi saking bebendu Paduka, saha kadhawahan giris awit saking bramantya Paduka. 8 Kalepatana kawula sadaya Paduka beber wonten ing ngarsa Paduka, tuwin piawon kawula ingkang samar wonten ing padhanging cahyanipun wedana Paduka. 9 Saestu dinten kawula sadaya sami mengker margi saking bendu Paduka, taun-taun kawula kawula telasaken kadosdene sesambat. 10 Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna. 11 Sinten ingkang sumerep karosaning bebendu Paduka, saha ajrih dhateng anggen Paduka duka? 12 Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana. 13 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul, -- ngantos benjing punapa? -- saha mugi karsaa melasi dhateng para abdi Paduka. 14 Mugi ing wanci enjing kawula sami Paduka tuwuki ing sih-susetya Paduka temah kawula lajeng sami surak-surak lan bingah-bingah salami kawula gesang. 15 Kawula mugi sami Paduka paringi kabingahan ingkang satimbang kaliyan dangunipun dinten-dinten anggen Paduka ngganjar karibedan, sarta satimbang kaliyan dangunipun taun-taun anggen kawula ngraosaken cilaka. 16 Pakaryan Paduka mugi sageda tiningalan dening para abdi Paduka, saha kamulyan Paduka dening anak- anakipun. 17 Kamirahaning Pangeran Allah kawula, mugi ngayomana kawula, saha Paduka mugi karsaa nyantosakaken pandameling tangan kawula sadaya, inggih pandameling tangan kawula sadaya punika mugi kasantosakna. Ana ing pangaubane Gusti Allah 91:1-16 91 1 Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa, 2 iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.” 3 Sanyata Panjenengane iku kang bakal nguwalake kowe saka ing jirete juru pikat, lan saka pageblug kang mbilaeni. 4 kowe bakal dikemuli kalawan elare, bakal diayomi ing sangisoring siwiwine, kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok. 5 Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi, marang panah kang lumepes ing wayah awan, 6 marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng, tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore. 7 Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu, sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu, ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman; 8 iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae, lan ndeleng piwales marang para wong duraka. 9 Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu, Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu, 10 Kowe ora bakal katempuh ing bilai, sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu; 11 awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe, supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu. 12 Kowe bakal ditadhahi ing tangane, supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu. 13 Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi, singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak. 14 “Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari, bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun. 15 Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani, ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi, bakal Sunentasake lan Sunluhurake, 16 bakal Sunwaregi kalawan umur dawa, lan karahayoningSun bakal Suntedahake marang dheweke.” MASMUR 92 Pangeran Yehuwah Hakim kang adil 92:1-15 92:1-16 92 1 Masmur, kekidungan ing dina Sabat. 92-2 Ngucap sokur dhumateng Pangeran Yehuwah kanthi kekidungan punika prayogi, makaten ugi nyaosi kidung masmur dhumateng asma Paduka, dhuh Gusti Allah ingkang Mahaluhur, 2 92-3 saha nyariyosaken sih-susetya Paduka ing wanci enjing tuwin kasetyan Paduka ing wanci dalu, 3 92-4 kanthi ngungelaken kawat sedasa kaliyan slukat, binarung ing swaraning clempung. 4 92-5 Dene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka, kawula badhe asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka. 5 92-6 Dhuh Yehuwah, saestu agung pakaryan Paduka, sarta sanget lebet rancangan Paduka punika. 6 92-7 Tiyang bodho boten badhe nyumerepi, saha tiyang goblog ugi boten badhe mangretos bab punika. 7 92-8 Manawi tiyang duraka anggenipun gesang sami kados tetuwuhan, sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembaka punika supados sami katumpesa ing salami-laminipun. 8 92-9 Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka wonten ing ngaluhur ing salaminipun. 9 92-10 Amargi saestu mengsah Paduka dhuh Yehuwah, inggih sayektos mengsah Paduka badhe tumpes, sakathahing tiyang ingkang tumindak awon badhe kabuyaraken. 10 92-11 Nanging singat kawula Paduka inggilaken kados singating bantheng, kawula ingesokan ing lisah jebad ingkang enggal; 11 92-12 mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula. 12 92-13 Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma, sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon; 13 92-14 para kang katandur ana ing padalemaning Yehuwah, bakal padha ngrembaka ana ing plataraning Allah kita, 14 92-15 sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe, padha dadi lemu lan seger, 15 92-16 supaya bisaa nyaritakake yen Pangeran Yehuwah iku bener, peparangku kang adoh saka ing laku cidra. MASMUR 93 Pangeran Yehuwah Ratu kang langgeng 93:1-5 93 1 Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan, Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan. Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang- ganjing. 2 Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin, wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten. 3 Dhuh Yehuwah, lepen-lepen sami kumrasak, lan sami ngulukaken swaranipun, saha sami ngulukaken jumleguripun. 4 Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur, ngungkuli kumrasaking banyu agung, ngluwihi jumleguring alun ing segara. 5 Pranatan Paduka sanget kenceng, padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci, dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun. MASMUR 94 Gusti Allah, juru ngembani kaadilan 94:1-23 94 1 Dhuh Allah ingkang ndhawahaken piwales, dhuh Yehuwah, dhuh Allah ingkang ndhawahaken piwales, Paduka mugi karsaa jumeneng 2 Dhuh Hakimipun jagad, mugi karsaa jumeneng, mugi karsaa ndhawahaken piwales dhumateng sarupining pandamelipun tiyang angkuh 3 Ngantos sapinten dangunipun malih para tiyang duraka, dhuh Yehuwah, ngantos sapinten dangunipun malih tiyang duraka sami suka pari suka? 4 Tiyang-tiyang wau sami mutahaken tembung-tembung ingkang digsura, sarta sakatahahing tiyang ingkang nglampahi piawon sami gumunggung. 5 Dhuh Yehuwah, tiyang wau sami ngiles-iles umat Paduka, sarta para kagungan Paduka piyambak sami dipun tindhes; 6 sami nyembelehi randha lan tiyang neneka, tuwin mejahi lare lola; 7 sarta sami mungel makaten: “Pangeran Yehuwah ora nguningani, lan Allahe Yakub ora nggatosake.” 8 Heh, para wong kang bodho panunggalane rakyat, padha gatekna Heh, para wong goblog, besuk apa anggonmu padha bisa mikir? 9 Gusti Allah kang masang kuping apa ora miyarsa? kang yasa mripat apa ora mirsani? 10 Kang maringi pamardi marang para umat, apa ora ndhawahake paukuman? Panjenengane kang mulangake kawruh marang manungsa? 11 Pangeran Yehuwah nguningani sakehing rancangane manungsa, iku kabeh sanyatane tanpa guna. 12 Dhuh Yehuwah, rahayu tiyang ingkang Paduka perdi, ingkang Paduka wulang saking angger- angger Paduka, 13 supados kenginga kadamel nentremaken manahipun ing salebetipun nandhang karibedan, ngantos dumugi wekdalipun tiyang duraka kadhudhukaken luwangan. 14 Dene Pangeran Yehuwah ora negakake umate, lan ora bakal nilar marang umat kagungane. 15 Amarga karampunganing pradata bakal bali marang kaadilan, sarta diturut dening sakehing wong kang tulus atine. 16 Sapa kang mbiyantu aku nglawan marang para wong ala, sapa kang mbiyantu aku nglawan marang para wong kang nglakoni piala? 17 Ajaa Pangeran Yehuwah kang mitulungi aku, meh bae aku manggon ana ing alam suwung. 18 Nalika kawula manah: “Sikilku theklok,” lajeng dipun kiyataken dening sih-susetya Paduka. 19 Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula. 20 Paduka punapa badhe nunggil kaliyan dhamparing piawon, ingkang ngrancang bilai adhedhasar katetepan? 21 Sami sakuthon nglawan dhateng nyawanipun tiyang mursid, lan rahipun tiyang ingkang boten lepat dipun wastani duraka. 22 Nanging Pangeran Yehuwah iku betengku kang santosa, sarta Allahku iku peparang pangungsenku. 23 Gusti Allah kang malesake pialane wong-wong mau, lan jalaran saka pialane bakal padha katumpes. Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, bakal nyirnakake wong-wong iku. MASMUR 95 Yehuwah kurmatana lan sujudana 95:1-11 95 1 Ayo padha surak-surak ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, surak-surak kagem Paranging karahayon kita. 2 Ayo padha methukake wedanane kalawan kidung pamuji sokur, surak-surak kanthi pangidung masmur ana ing ngarsane. 3 Awitdene Pangeran Yehuwah iku Allah kang agung, sarta Raja agung kang ngungkuli sakehing allah. 4 Telenging bumi ana ing astane, pucaking gunung-gunung iku uga kagungane. 5 Segara uga kagungane, Panjenengane kang nitahake, sarta astane kang yasa dharatan. 6 Lumebua, payo padha tumungkul sujud, padha jengkeng ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, kang nitahake kita, 7 awit Panjenengane iku Gusti Allah kita, kita iku padha umat ngen-ngenane, papanthan wedhus reh-rehane. Ing dina iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane 8 Sira aja mangkotake atinira kaya nalika ana ing Meriba, kaya ing dina nalika ana ing Masa ana ing pasamunan, 9 nalika leluhurira padha nyoba marang Ingsun, padha ndadar Ingsun, sanadyan wus padha ndeleng pakaryaningSun. 10 Patang puluh taun lawase enggoningSun pegel ing galih ing bab jinis iku. PangandikaningSun: “Iku bangsa kang kesasar atine, padha ora nyumurupi dalan pitedahingSun.” 11 Mulane Ingsun wus supaos ing sajroning dukaningSun: “Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing padalemaningSun.” MASMUR 96 Gusti Allah, Gusti lan Hakim ing saindenging jagad 96:1-13 96 1 Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar, he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah 2 Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane, peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina. 3 Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa, lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa. 4 Amarga Pangeran Yehuwah iku mahaagung lan banget pinuji-puji, sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah. 5 Ujer sakehing allahe para bangsa iku tanpa guna, nanging Pangeran Yehuwah iku kang nitahake langit, 6 kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane, karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene. 7 He sakehing para suku bangsa, marang Pangeran Yehuwah, iya mung marang Pangeran Yehuwah kamulyan lan karosan iku 8 Pangeran Yehuwah caosana kamulyaning asmane, nggawaa pisungsung lan sebaa marang ing platarane. 9 Padha sujuda marang Sang Yehuwah kalawan manganggo kasucen, he sawrataning bumi kabeh, gumetera ana ing ngarsane. 10 Padha undhangna ana ing antarane para bangsa: “Pangeran Yehuwah iku Raja Sanyata jagad iku madeg santosa, ora goyang, Panjenengane bakal ngadili para bangsa kalawan kabeneran.” 11 Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak, sarta segara dalah saisine kareben padha gumuruh 12 Ara-ara dalah saisine kareben sukarena; ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak, 13 ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh, sabab rawuhe bakal ngadili jagad, jagad bakal dihakimi kalawan adil, lan para bangsa kalawan kasetyane. MASMUR 97 Yehuwah iku Raja 96:1-12 97 1 Pangeran Yehuwah iku Raja, salumahing bumi kareben surak-surak, pulo-pulo kareben akeh kang padha sukarena 2 Panjenengane kubengan ing mega lan pepeteng, kaadilan lan angger-angger kang dadi tetalesing dhampare. 3 Geni lumaku ana ing ngarsane, lan nggesengake satrune ing sakiwa- tengene. 4 Kilate padha madhangi jagad, bumi ndeleng temah gumeter. 5 Gunung-gunung padha ajer prasasat malam ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, ana ing ngarsane Gustine salumahing bumi. 6 Langit martakake kaadilane, lan sakehing bangsa padha nyawang kaluhurane. 7 Sarupaning wong kang ngabekti marang reca bakal padha nandhang wirang, wong kang padha gumunggung marga saka brahala-brahala; sakehing allah padha sujud nyembah marang Panjenengane. 8 Sion mireng wartosipun, temah bingah, sarta para putrinipun Yahuda sami surak-surak, margi saking paukuman Paduka, dhuh Yehuwah. 9 Awit Paduka punika, dhuh Yehuwah, Ingkang Mahaluhur, ingkang mengku salumahing bumi, Paduka linuhuraken sanget nglangkungi sakathahipun allah. 10 He wong kang padha tresna marang Sang Yehuwah padha sengita marang piala Panjenengane kang ngreksa nyawane para wong kang kinasihan, bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangane para wong duraka. 11 Pepadhang wus sumunar tumrap para wong mursid, lan kabungahan tumrap para wong kang burus atine. 12 He para wong mursid, padha bungah- bungaha marga saka Pangeran Yehuwah, lan ngrepekna kidung pamuji sokur kagem asmane kang suci. MASMUR 98 Wektune karahayon wus cedhak 98:1-9 98 1 Masmur. Pangeran Yehuwah repekna kidung anyar, awit Panjenengane wus nindakake kaelokan; kaunggulan wus kaangsalake dening panjenengane kalawan astane kang tengen tuwin baune kang suci. 2 Pangeran Yehuwah wus ngundhangake karaharjan kang saka ing Panjenengane, sarta wus mbabar kaadilane ana ing ngareping mripate para bangsa. 3 Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane marang kulawargane Rama Israel, sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita. 4 He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah, padha bungah-bungaha, surak-suraka, lan ngidungna masmur 5 Padha ngidungna masmur kagem Pangeran Yehuwah kalawan clempung, kalawan clempung sarta lagu kang laras, 6 kalawan nafiri lan kalasangka kang nganyut-anyut, padha surak-suraka ana ing ngarsane Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah 7 Segara saisine kareben padha gumuruh, mengkono uga, jagad dalah kang padha ngenggoni. 8 Kali-kali cikben padha keplok-keplok, lan gunung-gunung kareben padha surak-surak bebarengan 9 ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, awit Panjenengane rawuh ngadili bumi, jagad bakal diadili ing sabenere, tuwin para bangsa kalawan kabeneran. MASMUR 99 Pangeran Yehuwah, Ratu kang suci 99:1-9 99 1 Pangeran Yehuwah iku Ratu, para bangsa banjur padha gumeter, Panjenengane adhedhampar ana ing kerub, bumi banjur gonjang-ganjing 2 Pangeran Yehuwah iku mahaagung ana ing Sion, luhure ngungkuli sakehing bangsa. 3 Kajengipun sami ngrepekaken pamuji sokur dhumateng asma paduka ingkang agung, saha nggegirisi punika. Panjenenganipun punika suci 4 Ratu ingkang santosa, ingkang remen dhateng angger-angger, Paduka ingkang njejegaken kaleresan, angger-angger lan kaadilan wonten ing antawising turunipun Rama Yakub, Paduka ingkang nindakaken. 5 Linuhurna Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane ancik-anciking sampeyane, Panjenengane iku suci 6 Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame, tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane, iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan. 7 Padha dipangandikani saka ing tugu mega, kabeh wus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake. 8 Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka sampun paring wangsulan dhumateng tiyang wau sadaya. Paduka punika Gusti Allah, ingkang remen ngapunten tumrap para tiyang punika, nanging ingkang ugi paring piwales dhateng pandamelipun. 9 Padha ngluhurna Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane gununge kang suci, awit Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita iku suci. MASMUR 100 Ngluhurna Gusti Allah ana ing padalemane 100:1-5 100 1 Masmur kanggo kurban atur panuwun. He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah. 2 Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena, padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak 3 Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane, umate lan pepanthan wedhus ngenngenane. 4 Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane, lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana, ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane. 5 Amarga Pangeran Yehuwah iku becik, sih-kasetyane iku kanggo ing salawase, lan kasetyane lestari turun-tumurun. MASMUR 101 Nadaring ratu 101:1-8 101 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Kawula badhe ngidungaken sih-susetyan lan angger-angger, kawula badhe ngrepekaken masmur kagem Paduka, dhuh Yehuwah. 2 Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad: Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula? Kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resik wonten ing griya kawula. 3 Kawula boten badhe manah dhateng prakawis ingkang awon, pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti, boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula. 4 Manah ingkang cidra badhe sumingkir saking kawula, kawula boten badhe purun tepang kaliyan piawon. 5 Tiyang ingkang bebisikan ngawon-awon dhateng sasaminipun, punika badhe kawula tumpes, tiyang ingkang kumalungkung saha kumaluhur-luhur manahipun, punika kawula boten remen. 6 Mripat kawula mandeng dhateng tiyang ingkang sami tuhu-setya wonten ing nagari, supados sami manggen nunggil kaliyan kawula. Tiyang ingkang tanpa cacad lampahipun, punika badhe ngladosi kawula. 7 Tiyang ingkang lampah culika boten badhe manggen ing griya kawula, sinten ingkang dora-cara boten badhe tetep wonten ing ngajeng kawula. 8 Saben enjing kawula badhe numpes sakathahing tiyang duraka, ingkang wonten ing nagari; sakathahing tiyang ingkang lampah awon, badhe kawula sirnakaken saking kithaning Yehuwah. MASMUR 102 Pandonga nyuwun tulung lan pandonga tumrap Sion 102:1-28 102:1-29 102 1 Pandongane wong sangsara nalika lesu-lesah lan banjur ngesokake pasambate ana ing ngarsaning Sang Yehuwah. 102-2 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka. 2 102-3 Mugi sampun nyingidaken wedana Paduka tumrap kawula ing dinten karubedan kawula. Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula; manawi kawula sesambat mugi enggal kersaa paring wangsulan 3 102-4 Amargi dinten-dinten kawula telas kados kukus, balung kawula sami mengangah kados prapen. 4 102-5 Manah kawula pinupuh sarta alum kados rumput, ngantos kawul kasupen nedha roti kawula. 5 102-6 Margi saking pasambat kawula ingkang sora kawula ngantos kantun lunglit. 6 102-7 Kawula sampun kados peksi kontul wonten ing ara-ara samun, saha peksi beluk wonten ing jugrugan. 7 102-8 Kawula boten saged tilem lan sampun dados kados peksi kepencil wonten ing payon. 8 102-9 Sadinten muput kawula dipun uman-uman dening para satru kawula, tiyang ingkang sami damel dolanan kawula supaos kaliyan nyebut nama kawula. 9 102-10 Awit kawula nedha awu kadosdene roti, saha omben-omben kawula, kawula campuri luh. 10 102-11 Ingkang makaten punika margi saking deduka lan bebendu Paduka, kawula Paduka junjung lajeng Paduka simpar. 11 102-12 Dinten-dinten kawula kados ayang-ayangan sangsaya panjang, saha kawula piyambak alum kados rumput. 12 102-13 Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang adhedhampar ing salaminipun, sarta asma Paduka tetep turun-tumurun. 13 102-14 Paduka piyambak badhe jumeneng paring piwelas dhateng Sion, amargi sampun dumugi titimangsanipun kaparingan sih, sampun dumugi ing wancinipun. 14 102-15 Awit para abdi Paduka sami remen dhateng sela-selanipun, sarta sami ngraos mesakaken dhateng reremukanipun. 15 102-16 Para bangsa banjur padha ering marang asmaning Pangeran Yehuwah, sarta sakehing para raja ing salumahing bumi marang kaluhurane, 16 102-17 manawa Sang Yehuwah wus mbangun Sion lan wus ngatingal kalawan ngagem kamulyane 17 102-18 sarta wus miyarsakake marang pandongane para wong kang nandhang kemlaratan, sarta ora ngremehake marang pandongane. 18 102-19 Bab iki kareben cinathet kanggo para turun ing tembe, temah bangsa kang katitahake mengko bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, 19 102-20 awit Pangeran wus nguningani saka ing pasucene kang luhur, sarta Sang Yehuwah wus mirsani saka ing swarga marang ing bumi, 20 102-21 prelu miyarsakake pasambate wong tahanan, tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati, 21 102-22 supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion, tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem, 22 102-23 samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk, padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah. 23 102-24 Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan, lan umurku dicendhakake. 24 102-25 Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula, Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun” 25 102-26 Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi, saha langit punika yasanipun asta Paduka. 26 102-27 Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun, tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge, lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi, 27 102-28 nanging Paduka piyambak boten ewah-gingsir, saha taun-taun Paduka boten badhe wonten watesipun. 28 102-29 Anakipun para abdi Paduka sami badhe manggen kaliyan tentrem, saha turunipun sami lestantun wonten ing ngarsa Paduka MASMUR 103 Heh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah 103:1-22 103 1 Anggitane Prabu Dawud. Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah Heh isining batinku kabeh, memujia marang asmane kang suci 2 Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah, lan aja lali marang sakehing kasaenane 3 Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu, lan maluyakake sakehe lelaramu. 4 Kang ngentas uripmu saka ing kubur, lan makuthani kowe kalawan kadarman lan kawelasan, 5 kang maregi kekarepanmu kalawan apa kang becik, temah kowe kaenomake maneh kaya manuk garudha. 6 Pangeran Yehuwah paring adil lan kabeneran marang sakehing wong kang kinaniaya. 7 Nabi Musa wus disumurupake marang margi-margine, lan pakaryan-pakaryane marang wong Israel. 8 Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih, gedhe sabare lan luber sih-susetyane; 9 ora tansah ndedukani, anggone duka ora ing salawase. 10 kang katandukake marang kita ora timbang karo dosa kita, anggone paring piwales marang kita ora ing sabobote kaluputan kita, 11 nanging sapira dhuwure langit ngungkuli bumi, iya samono gedhene sih-kadarmane tumrap para kang ngabekti marang Panjenengane; 12 sapira dohe wetan saka ing kulon, iya samono anggone nebihake panerak kita saka ing kita. 13 Kayadene bapa anggone duwe piwelas marang anak-anake, iya kaya mangkono Yehuwah anggone paring piwelas marang para wong kang ngabekti marang Panjenengane. 14 Amarga Panjenengane mirsa kadadean kita iku saka apa, sarta enget yen kita iki lebu. 15 Anadene manungsa iku dina-dinane kaya suket, kaya kembang ing ara-ara, kaya mangkono anggone akembang; 16 manawa kasiliran ing angin, banjur wus ora ana, tilas panggonane wus ora wanuh marang dheweke maneh. 17 Nanging sih-susetyaning Pangeran Yehuwah, iku wiwit ing kalanggengan, nganti tekan ing kalanggengan, tumrap para wong kang ngabekti marang Panjenengane, apadene kaadilane tumrap para anak-putune, 18 tumrap para wong kang padha ngandhemi ing prasetyane lan kang eling marang dhawuhe, nedya diestokake. 19 Pangeran Yehuwah wus nyantosakake dhampare ana ing swarga, sarta karajane mengku samubarang kabeh. 20 He para malaekate, para prawira prakosa kang nglakoni apa sadhawuhe, kalawan ngrungokake swaraning pangandikane, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah. 21 He sakehing wadya-balane lan abdine kang nglakoni sakarsane, padha saosa puji marang Sang Yehuwah. 22 He sakehing yeyasane, ing sawewengkone pangwasane, padha saosa puji marang Sang Yehuwah He nyawaku, saosa puji marang Sang Yehuwah. MASMUR 104 Kaluhurane Pangeran Yehuwah ana ing sakehing titahe 104:1-35 104 1 Heh nyawaku saosa puji marang Sang Yehuwah Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, Paduka punika langkung dening agung, Paduka ngagem busana keprabon gumebyar. 2 Paduka ingkang asingeb pepadhang kadosdene nyamping, mbeber langit kados tendha. 3 ingkang yasa kamar-kamar panggungan Paduka wonten ing toya, ingkang ndadosaken mega dados titihan Paduka, ingkang tindak ing luhuring swiwinipun angin, 4 ingkang ndadosaken angin dados utusan Paduka, saha latu murub dados para pelados Paduka. 5 Ingkang nalesi bumi wonten ing ancik-ancikipun, satemah boten gonjang-ganjing ing salimi-laminipun. 6 Paduka krukub kaliyan samodra agung, toyanipun minggah ngungkuli redi-redi. 7 Toya wau lumajeng ajrih dhateng pangancam-ancam Paduka, lumajeng bingung margi saking swantening gludhug Paduka, 8 minggah ing redi, mandhap ing lebak, dhateng panggenan ingkang sampun Paduka temtokaken tumrap toya wau. 9 Watesipun Paduka tetepaken, boten badhe dipun langkahi, boten badhe wangsul ngelebi bumi. 10 Paduka ingkang ngilekaken toya dhateng ing lebak-lebak, mili ing sela-selaning redi-redi, 11 ngombeni sakathahing sato-kewan ing ara-ara, ngicali ngelakipun kuldi wanan, 12 ing sacelakipun dipun enggeni ing peksi-peksi ing awang-awang, ingkang sami ngoceh wonten ing antawisipun ron-ronan. 13 Paduka ingkang paring pangomben dhateng redi-redi saking ing dalem panggungan Paduka, bumi tuwuk margi saking wohing pakaryan Paduka. 14 Paduka ingkang nuwuhaken rumput kangge sato-kewan, saha tetuwuhan, supados kapigunakaken dening manungsa, temah ngedalaken tetedhan saking ing salebeting siti, 15 punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa, ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah, saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang. 16 Wit-witanipun Pangeran Yehuwah sami tuwuk, wit eres ing Libanon tanemanipun, 17 papan panusuhipun peksi-peksi, peksi kasidah ingkang ngenggeni wit beros; 18 redi-redi ingkang inggil dados padununganipun menda wanan, lan parang-parang dados papan pandhelikaning kancil. 19 Paduka ingkang ndadosaken rembulan dados pananggalan; surya ingkang sumerep wekdal anggenipun serap. 20 Manawi Paduka ndhatengaken pepeteng, lajeng dados dalu, ing wekdal punika sakathahing sato-kewan ing wana sami saba. 21 Singa nem sami nggero-gero betah memangsan, lan ngadhang-adhang pakan saking Gusti Allah. 22 Ing wanci pletheking surya sami ngempal, sarta ngglethak wonten ing guwa pandhelikanipun. 23 Dene manungsa lajeng mangkat dhateng ing padamelanipun, saha dhateng ing panggaotanipun ngantos ing wanci sonten. 24 Saestu kathah sanget yeyasan Paduka punika, dhuh Yehuwah, sadaya wau sami Paduka titahaken klayan kawicaksanan; saindenging bumi kebak ing titah Paduka. 25 Lah punika samodra, ageng lan wiyar tebanipun, ing ngriku kemruwet kewan-kewan ageng alit, tanpa wicalan kathahipun. 26 Ing ngriku kapal-kapal sami lelayaran, saha Lewiyatan ingkang Paduka titahaken, Paduka damel lelangen. 27 Sadaya sami ngajeng-ajeng dhateng Paduka, supados kaparingan tedha ing wancinipun. 28 Manawi Paduka paringaken, lajeng tinampenan, yen Paduka ngegaraken asta Paduka, sadaya sami katuwukan ing kasaenan. 29 Manawi Paduka nyingidaken wedana Paduka, sadaya sami gragapan; manawi Paduka mundhut nyawanipun, lajeng sami pejah, lan wangsul dados lebu malih. 30 Manawi Paduka maringaken Roh Paduka, lajeng sami tumitah, saha lumahing bumi Paduka dadosaken enggal. 31 Kaluhuraning Sang Yehuwah langgenga ing salawase, Pangeran Yehuwah karenana marga saka pakaryane. 32 Panjenengane kang mirsani bumi ndadekake gumetere, gunung-gunung kaasta, banjur ngwetokake kukus. 33 Sajegku urip aku arep ngidung kagem Sang Yehuwah, salawase aku ana, aku arep ngidung masmur, konjuk marang Gusti Allah. 34 Muga anggonku nggagas-nggagas ana ing ngarsane iki kapireng ing Panjenengane Aku bakal tansah bungah-bungah marga saka Pangeran Yehuwah. 35 Para wong dosa ing bumiku cikben tumpes, lan para wong duraka cikben ora ana maneh Heh nyawaku, ngluhurna asmane Pangeran Yehuwah Haleluya MASMUR 105 Kidung pamuji tumrap pakaryane Gusti Allah kang wus kelakon 105:1-45 105 1 Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta asmane, pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa 2 Padha ngidunga kagem Panjenengane, kidungna kalawan masmur; saliring pakaryane kang elok padha caritakna 3 Padha ngegung-egungna asmane kang suci, atine para wong kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah dimen padha bungah. 4 Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, padha tansah ngupayaa wedanane 5 Padha ngelingana marang kaelokane kang wus padha katindakake, tandha-tandhane kang elok-elok lan pepancasan kang dingandikakake, 6 he para putra-wayahe Rama Abraham, abdine, he para putrane Rama Yakub, pepilihane 7 Iya panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, pepancasane nyrambahi ing salumahing bumi. 8 Panjenengane ngengeti ing prasetyane nganti ing salawas-lawase, yaiku sabda kang wus didhawuhake marang sewu turunan, 9 kang wus didamel karo Rama Abraham, lan supaose marang Rama Iskak; 10 kang ditetepake dadi pranatan kanggo Rama Yakub, dadi prajanjian langgeng kanggo bangsa Israel, 11 mangkene pangandikane: “Sira bakal Sunparingi tanah Kanaan, dadi tanah pusaka kang katemtokake kanggo sira.” 12 Nalika cacahe durung sapiraa, mung sethithik, tur dadi wong ngamanca ana ing kono. 13 Sarta padha ngumbara saka panggonane bangsa kang siji, menyang panggonane bangsa sijine, saka ing karajan kang siji menyang panggonane suku bangsa sijine; 14 Panjenengane ora marengake yen ngantia padha dianiaya dening sapa-sapaa, para ratu padha diukum marga saka dheweke kabeh; 15 pangandikane: “Para jebadaningSun aja nganti sira ganggu-gawe, lan aja nandukake piala marang para nabiningSun” 16 Nalika Panjenengane ndhatengake pailan ana ing nagara kono, lan sakehe tandhon pangan disirnakake, 17 banjur ana wong kang kautus ndhisiki dheweke kabeh: Yusuf kang kaedol dadi batur tukon. 18 Sikile dibelok, gulune rinante ing wesi, 19 nganti tumeka ing titimangsane pangandikane kelakon, sarta pancasaning Yehuwah mbenerake dheweke. 20 Sang Prabu nuli dhawuh ngluwari, pangwasane para bangsa kang ngluwari. 21 Nuli dikarsakake dadi lelurahing kadhatone, lan tinanggenah mengku apa sakagungane Sang Prabu kabeh, 22 diparengake ngereh para panggedhe abdine Sang Prabu sakarsane piyambak, sarta memulang kawicaksanan marang para tetuwane. 23 Mangkono Rama Israel banjur rawuh ing tanah Mesir, lan Rama Yakub dadi wong neneka ana ing tanahe Kham. 24 Pangeran Yehuwah banjur ndadosake umate tangkar-tumangkar, kadadekake santosa ngluwihi para mungsuhe; 25 atine mungsuhe mau diwalik temah padha sengit marang umate Gusti Allah, sarta abdine padha dipitenah. 26 Gusti Allah tumuli ngutus Nabi Musa, abdine, lan Imam Harun pepilihane. 27 Sakarone nganakake kaelokaning Pangeran ana ing tengahe, sarta mukjijat ana ing tanah Kham. 28 Pangeran ndhatengake pegowong, temah dadi peteng, nanging padha mbangkang marang pangandikane; 29 banyune kasabdakake malih dadi getih, sarta iwake padha dipateni. 30 Kodhok-kodhok padha uyel-uyelan ana ing negarane, malah nganti tekan ing kamar-kamare rajane. 31 Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak, lan lemud-lemud ing satanah kabeh; 32 Panjenengane ndhawahake udan es dadi gegantine udan ing kono, lan geni kang mulad-mulad ing negarane; 33 wit anggur lan anjir padha karubuhake, lan sakehing wit-witan ing tlatahe disempali. 34 Gusti Allah ngandika, banjur ana walang, lan iku walang memangsa kang tanpa wilangan kehe, 35 banjur mangsa sakehe tetuwuhan ing negarane, sarta ngganyang sapametuning palemahane. 36 Pangeran numpes sakehe anak pembarep ing negarane, wohing kekuatane kang kawitan. 37 Umate nuli diirid metu kalawan nggawa salaka lan emas, lan panunggalane sakehing talere ora ana kang kajengklok siji-sijia. 38 Nalika metune mau wong Mesir padha bungah-bungah, amarga wong Mesir padha ketaman wedi marang dheweke kabeh. 39 Gusti Allah nggelar mega kagawe mayungi umate, tuwin geni kang madhangi ing wayah bengi. 40 Para leluhur padha nyenyuwun, Gusti Allah nuli ndhatengake manuk gemak, sarta maregi umate kalawan roti saka ing langit. 41 Pangeran mbengkahake parang, banjur ana banyu mancur, kang mili kaya kali ana ing tanah garing. 42 Iku marga Panjenengane ngengeti marang pangandikane kang suci, marang Rama Abraham abdine. 43 Gusti Allah ngirid umate metu kalawan bungah-bungah, sarta pepilihane kalawan surak-surak. 44 Padha diparingi negarane para bangsa, temah padha tampa oleh-olehane rekasane para bangsa, 45 supaya padha tetep nindakake pranatane Gusti Allah, lan ngestokake marang sakehe piwulange. Haleluya MASMUR 106 Sih-susetyane Gusti Allah lan wangkoting atine bangsa Israel 106:1-48 106 1 Haleluya Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae Sih-susetyane iku langgeng ing salawase. 2 Sapa kang bisa nyaritakake pakaryaning Sang Yehuwah kang linuwih, tuwin martakake sakehing pangalembana marang Panjenengane? 3 Rahayu wong kang netepi angger-angger, kang nindakake kaadilan ing salawas- lawase. 4 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka engeti, awit saking kamirahan Paduka dhateng umat Paduka, Paduka mugi kersaa migatosaken dhumateng kawula demi karahayon Paduka, 5 supados kawula sageda ningali kabegjanipun para pepilihan Paduka, supados kawula tumuta bingah ing salebeting kabingahanipun umat Paduka, sarta supados saged nglairaken panggunggung sesarengan kaliyan umat kagungan Paduka piyambak. 6 Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa, kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka. 7 Para leluhur kawula nalika wonten ing tanah Mesir, sami boten mangertos dhumateng kaelokan Paduka, sami boten enget dhateng agenging sih-kadarman Paduka, malah sami mbalela dhumateng Ingkang Mahaluhur, wonten ing pinggiripun seganten Teberau. 8 Ewadene padha dipitulungi slamet Gusti Allah marga saka asmane, supaya padha sumurupa marang kakiyatane. 9 Segara Teberau didukani temah dadi asat, para leluhur banjur padha dilakokake ana ing samodra agung, kayadene liwat ing ara-ara samun. 10 Kaya mangkono anggone padha diluwari saka ing tanganing wong kang sengit, sarta padha diuwalake saka ing tanganing mungsuh. 11 Mungsuhe padha kasasaban ing banyu, ora ana kang kari siji-sijia. 12 Nalika iku para leluhur banjur padha ngandel marang pangandikane, sarta ngidungake pepujian katur ing Panjenengane. 13 Nanging banjur enggal padha lali marang pakaryane, lan ora nyrantekake marang pitedahe; 14 padha ngumbar hawa-napsune ana ing segara wedhi, sarta nyoba marang Gusti Allah ana ing ara-ara samun. 15 Padha diuja kekarepane, nanging awake uga banjur diganjar lelara nglayung. 16 Sawuse mangkono padha meri marang Nabi Musa ana ing pakemahan, tuwin marang Imam Harun, abdining Pangeran Yehuwah kang suci. 17 Bumi tumuli bengkah nguntal Dhatan, sarta ngingkemi grombolane Abiram. 18 Ana geni kang mulad-mulad ing tengahe grombolan mau, lan urube nggesengake para wong kang duraka iku. 19 Ana ing gunung Horeb padha gawe reca pedhet, sarta sujud marang reca cithakan; 20 padha ngijolake Kamulyane kalawan wewujudan sapi lanang kang mangan suket. 21 Padha lali marang Gusti Allah juru Pangluwarane, kang wus nindakake prakara-prakara kang gedhe ana ing tanah Mesir; 22 pandamel-pandamel kang elok ana ing tanahe Kham, pandamel-pandamel kang nggegirisi ana ing sapinggire segara Teberau. 23 Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur, yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran, nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur. 24 Para leluhur padha ngemohi negara kang adi iku, padha ora ngandel marang pangandikane, 25 malah padha pating kedumel ana ing kemahe, lan ora ngrungokake marang swantene Pangeran Yehuwah, 26 mulane Pangeran banjur ngagagake astane marang para leluhur, arep padha dipateni ana ing ara-ara samun, 27 sarta turune bakal padha dibuyarake ana ing antarane para bangsa, lan disebar menyang ing negara-negara. 28 Apadene padha rumaket marang Baal-Peor, sarta mangan kurban-kurban sembelehan kanggo wong mati. 29 Dadi padha gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah marga saka pratingkahe mau, mulane padha katempuh ing wewelak. 30 Pinehas tumuli tumandang nindakake pangadilan, temah wewelak mau banjur sirep. 31 Bab iku kapetung dadi jasane turun- tumurun ing salawas-lawase. 32 Ana ing sacedhake banyu ing Meriba, para leluhur padha gawe dukaning Allah, satemah Nabi Musa banjur ketaman ing karubedan, marga saka para leluhur mau, 33 amarga para leluhur padha njalari dukane Nabi Musa, nganti panjenengane ketrucut anggone ngandika. 34 Para bangsa padha ora dibengkas, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhur, 35 nanging padha tetunggalan karo para bangsa mau, lan niru pratingkahe, 36 brahalane padha disembah, temah dadi kalajiret tumrap para leluhur. 37 Padha ngurbanake anak-anake lanang, lan anak-anake wadon marang para roh reged, 38 dadi padha ngwutahake getihe wong kang ora luput, iya iku getihe anake lanang lan wadon, kang padha disembeleh dadi sesajen marang brahalane wong Kanaan, temah negara kono banjur najis awit saka anggone utang getih mau. 39 Padha najisake awake dhewe srana pratingkahe iku, sarta padha laku jina ing sajroning panggawene mau. 40 Mulane bebenduning Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang umate, sarta ewa marang bangsa kagungane piyambak iku, 41 banjur padha diulungake marang ing tangane bangsa liyan, satemah kawasesa ing wong kang padha nyengiti. 42 Padha kaindhes-indhes dening mungsuhe, satemah teluk marang ing pangwasane. 43 Wus bola-bali anggone padha dipitulungi dening Gusti Allah, nanging padha mbalela wae kanthi rancangan-rancangane, padha kerem ing sajroning kaluputane. 44 Ewadene Gusti Allah mirsani ing karubedane, nalika miyarsa pasambate. 45 Panjenengane enget marang prasetyane marga saka para leluhur mau, temah kaduwung marga saka gedhening sih-kadarmane. 46 Padha diparengake oleh kawelasan saka ing sakehing wong kang padha nawan. 47 Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka luwari, sami kaklempakna saking ing antawisipun para bangsa, supados kawula sami ngucap sokur dhumateng asma Paduka ingkang suci, sami ageng ing manah kalayan ngaturaken pepujian dhumateng Paduka. 48 Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan sarta umate kabeh padha ngucapa: “Amin” Haleluya JILID V: MASMUR 107-150 Kidung panuwun rerepene para wong kang tinebus dening Pangeran Yehuwah 107:1-43 107 1 Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae Ujer sih-susetyane iku langgeng ing salawase. 2 Mangkono pangucape para wong kang padha katebus dening Yehuwah, kang ditebus saka ing pangwasane kang gawe susah, 3 kang dikumpulake saka ing nagara-nagara, saka ing tanah wetan lan kulon, saka ing lor lan saka ing kidul. 4 Ana wong kang padha nglambrang ana ing ara-ara samun, ora nemu dalan kang anjog marang ing kutha kang dienggoni ing wong. 5 padha kaluwen lan kasatan, nyawane kasulayah banget. 6 Sajroning karubedane mau nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing sangsarane, 7 ditedahi dalan kang bener, temah banjur tekan ing kutha kang dienggoni ing wong. 8 Wong mau kareben padha ngaturake panuwun marang Sang Yehuwah, marga saka sih-susetyane, marga saka kaelokane marang para anaking manungsa, 9 awitdene Pangeran karsa maregi nyawane wong kang kasatan, sarta nyawa kang kaluwen kawaregan ing kabecikan. 10 Ana wong kang padha ana ing pepeteng lan ing palimengan, kinurung ing sangsara lan wesi. 11 Sarehne padha mbalela marang pepakoning Allah, sarta ngremehake marang pitadahe Kang Mahaluhur, 12 mulane ditelukake atine kalawan kasusahan, padha kejlungup, ora ana kang mitulungi. 13 Ing sajroning karubedane iku, bareng padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing kasangsarane, 14 diluwari saka ing pepeteng lan palimengan, sarta ranten padha dipedhoti. 15 Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah awit saka sih-susetyane, lan kaelokane marang para anaking manungsa; 16 awit Pangeran wus karsa mbejadi lawang-lawang tembaga, sarta nugeli slarak-slarake wesi. 17 Ana wong kang padha nandhang lara awit saka panggawene kang dosa, lan siniksa marga saka kaluputane. 18 Wis padha bosen marang sarupaning pangan, lan wus padha tekan ing gapuraning pati. 19 Ing sajroning karupekane mau nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing kasusahane. 20 Pangeran paring pangandika sarta tumuli padha diwaluyakake, padha oncat saka ing luwenging kubur. 21 Wong iku mau kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah, awit saka sih-kadarmane, lan marga saka kaelokane marang para anaking manungsa, 22 sarta kareben padha nyaosake kurban pamuji sokur tuwin nyaritakake pakaryane Gusti Allah kalawan surak-surak. 23 Ana wong kang nyabrangi segara kalawan prau, kang laku dagang ana ing samodra kang nglangut, 24 padha ndeleng pakaryaning Sang Yehuwah lan pandamele kang elok ana ing telenging segara. 25 Pangeran ngandika sarta ndhatengake prahara, kang ngumbulake ombak-ombake, 26 wonge padha mumbul tekan ing langit lan padha mudhun marang ing samodra gedhe, nyawane remuk marga saka kacilakan iku, 27 padha mumet lan sempoyongan kaya wong mendem, sarta entek akale. 28 Ing sajroning karubedane iku nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing karubedane; 29 praharane kasirep lan ombake segara padha anteng. 30 Wong-wong mau padha bungah, awit kaanane kabeh wus tentrem, sarta banjur dituntun menyang ing pelabuhan kang disenengi. 31 Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Yehuwah, awit saka sih-susetyane, marga saka kaelokane marang para anaking manungsa. 32 Wong mau kareben padha ngluhurake Pangeran ana ing pasamuwaning umat iku, sarta memuji marang Panjenengane ana ing pakumpulane para pinituwa. 33 Kali-kali kadadekake segara wedhi, sarta tuking banyu didadekake lemah cengkar, 34 tanah subur didadekake bumi asin, kang mangkono iku awit saka pialane wong kang padha ngenggoni, 35 ara-ara samun kadadekake blumbang, tuwin tanah cengkar didadekake sumber, 36 wong kang keluwen banjur padha dinungake ana ing kono, nuli padha mbangun kutha kang dienggoni, 37 tumuli padha nyebar ana ing pategalan lan gawe pakebonan anggur, kang metokake woh-wohan minangka pametune. 38 Anadene wong iku padha banget diberkahi dening Pangeran, temah banjur banget anggone ngambra-ambra, tuwin raja-kayane padha didadekake nak-kumanak. 39 Nanging banjur suda-suda lan ngrekasa, awit saka pameteking sangsara lan kasusahan. 40 Pangeran banjur ngesoki kawirangan marang para panggedhe, padha kadadekake nglambrang ana ing pasamunan, kang ora ana dalane. 41 Nanging wong mlarat padha diayomi supaya ora katindhes, sarta anak-putune padha ditangkar- tangkarake kaya pepanthan wedhus kehe. 42 Para wong mursid padha weruh banjur padha bungah, nanging sakehing kaculikan padha mingkem. 43 Sapa wong kang wicaksana? Iku becik gondhelana marang prakara iku kabeh, sarta nggatekna marang sih-kadarmaning Yehuwah. MASMUR 108 Pangucap sokur lan pandonga 108:1-13 108:1-14 108 1 Kidung. Masmur anggitane Prabu Dawud. 108-2 Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, kawula badhe ngidung, kawula badhe ngrepekaken masmur. Tangia, heh nyawaku. 2 108-3 He slukat lan clempung padha tangia bangbang wetan arep dakgugah. 3 108-4 Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Yehuwah saha badhe ngidungaken masmur kagem Paduka wonten ing tengahipun para suku bangsa; 4 108-5 awit sih-kadarman Paduka punika agengipun ngungkuli langit, saha kasetyan Paduka ngantos sundhul ing mega. 5 108-6 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluhuraken sarira ngantos ngungkuli langit, saha kamulyan Paduka supados ngungkulana bumi sadaya. 6 108-7 Supados para kekasih paduka sami saged oncat; mugi Paduka kersaa maringi pangluwaran klayan asta Paduka tengen, saha kersaa paring wangsulan dhumateng kawula. 7 108-8 Gusti Allah wus ngandika ana ing pasucene: “Ingsun arsa surak-surak; tanah Sikhem bakal Sunbagi-bagi, lebak Sukot arep Sunukur, 8 108-9 Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun, Efraim iku tetoponging mastakaningSun, Yahuda iku jungkating kapraboningSun, 9 108-10 Moab iku papan pawijikaningSun, Edom Sununcali trumpahingSun, lan marga saka tanah Filisti Ingsun asurak-surak.” 10 108-11 Sapa kang bakal ngirid aku lumebu marang kutha kang santosa? Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom? 11 108-12 Dhuh Allah, punapa sanes Paduka piyambak ingkang sampun nampik kawula, sarta boten miyos sesarengan kaliyan bala kawula, dhuh Allah? 12 108-13 Paduka mugi karsaa paring pitulungan nglawan mengsah, awit pambiyantunipun manungsa punika tanpa gina. 13 108-14 Marga saka Gusti Allah, kita bakal padha nindakake panggawe-panggawe kang prawira, sarta Gusti Allah piyambak bakal ngiles-iles para mungsuh kita. MASMUR 109 Pandongane wong kang kapitenah 109:1-31 109 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Parabu Dawud. Dhuh Allah pepujan kawula, Paduka mugi sampun kendel, 2 awitdene cangkemipun tiyang duraka kaliyan cangkemipun tiyang cidra kaangapaken dhateng kawula, sarta kawula dipun ungel-ungeli kaliyan ilat dora, 3 kawula dipun tempuh klayan tembung- tembung sesengitan, saha dipun perangi tanpa sabab. 4 Minangka piwales tumrap katresnan kawula sami nggigat kawula, mangka sami kawula dongakaken, 5 kasaenan kawula dipun wales piawon, saha katresnan kawula kawales sengit. 6 “Netepna tiyang duraka ingkang masesani piyambakipun lan tukang nggigat wonten ing sisih tengenipun. 7 Samangsa dipun adili katetepna kalepatanipun, saha pandonganipun kaanggepa dosa; 8 umuripun kacelakna, kalenggahanipun kaalapa dening tiyang sanes; 9 anakipun sami dadosa lola, tuwin semahipun dadosa randha. 10 Anak-anakipun kajengipun nglambrang boten kantenan lan ngemis, sarta katundhung saking jugruganing griyanipun. 11 Ingkang potang mbeslaha sabarang darbekipun, sarta tiyang sanes sami ngrayaha angsal-angsalaning ngrekaosipun; 12 sampun ngantos lestantun manggih sih piwelasipun tiyang, saha sampun ngantos wonten ingkang melasi dhateng anakipun ingkang sampun dados lola; 13 saturunipun sami tumpesa, tuwin namanipun kasirnakna ing turun candhakipun, 14 piawoning para leluhuripun kaengetana wonten ing ngarsaning Yehuwah, sarta dosaning biyungipun sampun ngantos kalebur, 15 kajengipun tansah kagalih dening Pangeran Yehuwah, supados pangenget-enget dhateng tiyang punika dipun bengkas saking bumi, 16 awitdene boten enget nindakaken katresnan, nanging ngoyak-oyak tiyang ingkang kesrakat sarta mlarat tuwin ingkang pepes manahipun ngantos sami nemahi pejah. 17 Sarehning remen ngucapaken ipat-ipat, mila sami katamana ing ipat-ipatipun piyambak; sarehning boten remen dhateng berkah, mila mugi berkah inggih nebiha saking piyambakipun. 18 Ipat-ipat dipun angge kados rasukan, mila rumesepa ing badanipun kados toya, tuwin kados lisah ing balungipun, 19 inggih dadosa kados sandhangan ingkang dipun angge, sarta sabuk ingkang tansah dipun angge. 20 Sadaya punika dadosa pituwas, ganjaranipun Pangeran Yehuwah dhateng tiyang ingkang sami ndakwa kawula, sarta ingkang sami ngawon-awon kawula.” 21 Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka mugi kersaa tumindak tumrap kawula awit saking asma Paduka, kawula mugi Paduka luwari awit saking sih- kadarman Paduka ingkang linangkung punika. 22 Kawula nandhang sangsara saha kakirangan saha manah kawula karujit-rujit wonten ing batos kawula, 23 kawula ngical kados wewayangan ingkang sangsaya panjang, kawula kakebutaken kados walang. 24 Dhengkul kawula lemes margi anggen kawula siyam, sarta badan kawula dados kera, katelasan gajih. 25 Kawula sampun dados cecampahanipun tiyang-tiyang punika, saben ningali kawula sami gedheg-gedheg. 26 Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka pitulungi, kawula mugi Paduka luwari, laras kaliyan sih-kadarman Paduka, 27 supados sami sumerepa, bilih punika asta Paduka, bilih Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang nindakaken punika. 28 Kajengipun sami nyupatani, Paduka badhe mberkahi, kajengipun mengsah-mengsah kawula sami nandhang wirang, nanging abdi Paduka manggiha kabingahan. 29 Tiyang ingkang sami nglawan kawula mugi sami kasandhangana wirang, sami kalimputana ing kawirangan kadosdene mawi jubah. 30 Banget anggonku arep ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah kalawan cangkemku, sarta Panjenengane arep dakluhurake ana ing satengahing wong akeh, 31 awitdene Pangeran jumeneng ana ing satengene wong papa, arep ngluwari saka para wong kang ngukum. MASMUR 110 Jumenenge Ratu-Imam 110:1-7 110 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.” 2 Pangeran Yehuwah badhe ngacungaken tekening panguwaos Paduka saking Sion; Paduka ngastaa pamisesa wonten ing tengahipun mengsah Paduka 3 Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen; saking guwa-garbaning bangbang wetan kaaneman Paduka medal kados ebun. 4 Pangeran Yehuwah sampun supaos, sarta badhe boten keduwung: “Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase manut tatanane Melkisedhek.” 5 Pangeran wonten ing tengen Paduka, ngremuk para raja pinten-pinten ing dintening bebendunipun; 6 Pangeran ngadili wonten ing antawisipun para bangsa ngantos bathang-bathang sami pating glimpang. Panjenenganipun ngejur tiyang-tiyang ingkang dados pangageng ing nagari ingkang wiyar. 7 Wonten pinggir margi Panjenenganipun ngunjuk ing lepen, temah ndengengekaken mastakanipun. MASMUR 111 Kasaenane Gusti Allah 111:1-10 111 1 Haleluya Pangeran Yehuwah arep dakcaosi pamuji sokur kalawan gumolonging atiku, ana ing pakumpulane para wong mursid lan ana ing pasamuwan. 2 Pakaryane Sang Yehuwah iku agung, patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem. 3 Pakaryane iku agung lan mulya, tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase. 4 Kaelokane wus didadekake pangeling-eling; Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan. 5 Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan, prajanjiane diengeti ing salawase. 6 Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate, padha diparingi tanah pusakane para bangsa. 7 Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan, sakehing prentahe iku padha kena diugemi, 8 salawas-lawase lan ing sateruse kukuh, katindakake kalawan bener lan jujur. 9 Umate pinaringan pangentasan, Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase, asmane iku suci sarta nggegirisi. 10 Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang. Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase. MASMUR 112 Rahayu wong kang bener 112:1-10 112 1 Haleluya Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, kang banget kasengsem marang sakehing pepakone, 2 anak-putune bakal santosa ana ing bumi, turune wong bener bakal diberkahi, 3 omahe kanggonan bandha lan kasugihan, sarta kautamane iku tetep ing salawas- lawase. 4 Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang, tresna welasan lan adil. 5 Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake, kang ngrampungake urusane kanthi samesthine, 6 sabab ora bakal gonjing ing salawase, wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase, 7 ora wedi marang kabar kang ala, atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah, 8 atine santosa, ora kadunungan wedi, temah nganggep remeh marang para satrune. 9 Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan. 10 Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine, nggeget untu banjur luluh; pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan. MASMUR 113 Pangeran Yehuwah njunjung wong asor 113:1-9 113 1 Haleluya He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji, padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah. 2 Asmaning Sang Yehuwah kasuwurna, ing saiki lan ing salawase. 3 Asmaning Sang Yehuwah pinuji-pujia saka papan pletheking srengenge nganti tekan ing papan surupe; 4 Pangeran Yehuwah iku luhur ngungkuli sakehe para bangsa, kamulyane ngungkuli langit. 5 Sapa kang kaya Pangeran Yehuwah, Allah kita, kang dedalem ing ngaluhur, 6 kang ngesorake sarira prelu nguningani, swarga lan bumi? 7 Wong asor dijunjung saka ing lebu lan wong mlarat dientas saka ing blethokan, 8 kalungguhake awor lan para panggedhe, awor lan para panggedhe bangsane. 9 Wong kang gabug dilungguhake ing omah, dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan. Haleluya MASMUR 114 Lelakon kang elok, nalika Israel metu saka ing tanah Mesir 114:1-18 114 1 Nalika Israel budhal saka ing tanah Mesir, nalika turune Yakub metu saka ing tengahe bangsa kang seje basane, 2 nuli Yahuda dadi papan pasucene, Israel dadi wewengkoning pangwaose. 3 Segara weruh banjur lumayu, bengawan Yarden bali mandhuwur, 4 gunung-gunung padha mencolot-mencolot kaya wedhus lanang, tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempe. 5 He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu? He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur, 6 he gunung-gunung, dene kowe padha cecolotan kaya wedhus lanang? He tengger-tengger, dene kowe padha lincak-lincak kaya cempe? 7 Gumetera he bumi, ana ing ngarsane Pangeran, ana ing ngarsane Gusti Allahe Rama Yakub, 8 kang ngowahi parang dadi blumbang, tuwin watu kang atos dadi sendhang. MASMUR 115 Kamulyan mung kagem Gusti Allah 115:1-18 115 1 Dhuh Yehuwah, sampun dhateng kawula, sampun dhateng kawula, ngemungna dhateng asma Paduka anggen Paduka paring kamulyan, awit saking sih Paduka, margi saking kasetyan Paduka. 2 Punapaa dene para bangsa ngantos sami badhe ngucap: “Allahe wong-wong iku ana ing ngendi?” 3 Allah kita ana ing swarga; nindakake ing sakarsane. 4 Brahalane para bangsa mau selaka lan mas, garapaning tangane manungsa; 5 padha duwe cangkem, nanging ora bisa celathu; padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng; 6 padha duwe kuping, nanging ora bisa ngrungokake; padha duwe irung, nanging ora bisa ngambu; 7 tangane ana, nanging ora bisa nggrayahi; sikile ana, nanging ora bisa lumaku, ora bisa nywara kalawan gurunge; 8 para wong kang gawe iku padha dadia pepadhane mangkono uga sarupane wong kang kumandel marang iku. 9 He Israel, kumandela marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge. 10 He turune Imam Harun Kumandela marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge. 11 He para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, padha kumandela marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge. 12 Pangeran Yehuwah wus ngengeti marang kita bakal paring berkah, bakal mberkahi turune Israel, bakal mberkahi turune Imam Harun, 13 bakal mberkahi para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah, dadia kang cilik dadia kang gedhe. 14 Pangeran Yehuwah muga ndadekna kowe padha tangkar-tumangkar, iya kowe lan anak-putumu. 15 Kowe padha ginanjara berkah dening Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi. 16 Langit iku langit kagunganing Sang Yehuwah, dene bumi wus diparingake marang para anaking manungsa. 17 Dudu wong mati kang bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, lan dudu sakehing wong kang wus mudhun marang ing alam suwung, 18 nanging kita, kita bakal padha memuji marang Sang Yehuwah, wiwit ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase. Haleluya MASMUR 116 Oncat saka ing bebandaning pati 116:1-19 116 1 Aku tresna marang Sang Yehuwah awit miyarsakake swaraku lan panyuwunku, 2 sarta talingane nilingake aku, mulane sajegku urip aku bakal nyebut marang Panjenengane. 3 Aku digubed ing talining pati, sarta ditempuh ing rasa wedi marang jagading wong mati, tuwin ngrasakake karupekan lan kasusahan. 4 Nanging aku nyebut asmaning Pangeran Yehuwah: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.” 5 Pangeran Yehuwah iku asih-mirma lan adil, Gusti Allah kita iku ambek welasan. 6 Pangeran Yehuwah iku rumeksa marang wong prasaja; aku wus lemes, nanging banjur dipitulungi dening Panjenengane. 7 Dhuh nyawaku, puliha dadi ayem maneh, awit Pangeran Yehuwah wus nyaeni marang kowe. 8 Inggih, Paduka sampun ngluwari kawula saking pejah, lan mripat kawula saking luh, tuwin suku kawula saking sesandhungan. 9 Aku diparengake lumaku ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, ana ing tanahe wong urip. 10 Aku pracaya, sanajan duwe pangucap: “Banget temen anggonku katindhes.” 11 Ing sajroning kabingunganku aku ngucap: “Manungsa iku padha dora-cara kabeh.” 12 Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah, tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku? 13 Aku arep njunjung tuwunging pangentasan lan arep nyebut asmaning Pangeran Yehuwah, 14 arep ngluwari kaulku marang Sang Yehuwah ana ing ngarepe umat kabeh. 15 Patine para kekasihe iku akeh pangajine ana ing paningaling Sang Yehuwah. 16 Dhuh Yehuwah, kawula punika abdi Paduka, inggih estu abdi Paduka, anakipun parekan Paduka; Paduka ingkang sampun nguculi bebandan kawula. 17 Paduka badhe kawula saosi kurban pamuji sokur, saha badhe nyebut asmaning Sang Yehuwah. 18 Dakngluwari kaulku marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe umate kabeh, 19 ing platarane padalemaning Pangeran Yehuwah, ana ing satengahmu, he Yerusalem Haleluya MASMUR 117 He sakehe bangsa padha ngluhurna Pangeran Yehuwah 117:1-2 117 1 He sakehing bangsa, padha ngluhurna Pangeran Yehuwah, padha ngalembanaa Panjenengane, he sakehing suku bangsa 2 Awit sih-kadarmane iku ngedab-edabi tumrap kita, sarta kasetyane Sang Yehuwah iku langgeng ing salawas-lawase. Haleluya MASMUR 118 Kidung pepujian 118:1-29 118 1 Padha saosa pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae ujer sih-kadarmane iku langgeng ing salawas-lawase. 2 Israel ngucapa: “Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase” 3 Turune Imam Harun ngucapa: “Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase” 4 Para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah padha ngucapa: “Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase” 5 Sajroning karubedan aku nyebut marang Pangeran Yehuwah. Pangeran Yehuwah tumuli nyembadani panyuwunku, aku kaparingan lega; 6 Pangeran Yehuwah nunggil karo aku, aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku? 7 Pangeran Yehuwah nunggil karo aku sarta mitulungi aku, aku bakal nganggep sepele marang wong kang padha sengit marang aku. 8 Becik ngungsi marang Pangeran Yehuwah katimbang karo ngandelake manungsa; 9 becik ngungsi marang Pangeran Yehuwah katimbang karo ngandelake para panggedhe. 10 Aku dikepung sakehe bangsa demi asmaning Sang Yehuwah, kabeh padha dakgecak. 11 Aku dikepung, kemput anggone ngepung, demi asmaning Sang Yehuwah, dakgecak. 12 Padha ngepung aku kaya tawon, padha mulad-mulad kaya geni eren, demi asmaning Sang Yehuwah, padha dakgecak temah mundur. 13 Aku dijorogake sarosane nganti tiba, nanging Sang Yehuwah mitulungi aku. 14 Pangeran Yehuwah iku dadi karosanku lan masmurku,, Panjenengane wus dadi karaharjanku. 15 Ing kemahe para wong mursid ana swara surak-surak lan kaunggulan: “Astane tengen Sang Yehuwah nindakake kaprawiran, 16 Astane tengen Sang Yehuwah bisa njunjung; Astane tengen Sang Yehuwah nindakake kaprawiran” 17 Aku bakal ora mati, nanging urip lan aku bakal nyritakake pakaryaning Sang Yehuwah. 18 Sang Yehuwah banget anggone ngrangket marang aku, nanging aku ora diulungake marang pati. 19 Aku wenganana gapuraning kabeneran, aku arep lumebu, arep ngunjukake panuwun marang Sang Yehuwah. 20 Iki gapuraning Sang Yehuwah kang bakal dileboni dening para wong mursid. 21 Kawula ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, margi Paduka sampun nyembadani panyuwun kawula sarta Paduka sampun dados karahayon kawula. 22 Watu kang tinampik dening para juru yasa omah iku wus dadi uger-ugering padon; 23 kadadeyan iku saka ing Pangeran Yehuwah, sarta elok ing pandeleng kita. 24 Iki dina kang katitahake dening Pangeran Yehuwah, ayo padha bungah-bungah lan sukarena. 25 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa paring karaharjan. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa paring kabegjan. 26 Binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran Yehuwah. Aku padha mberkahi kowe kabeh saka ing padalemaning Sang Yehuwah. 27 Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane paring pepadhang marang kita, kurbane riyaya cancangen kalawan tali ing sungu-sungune misbyah. 28 Paduka punika Allah kawula, Paduka badhe kawula caosi pamuji sokur, dhuh Allah kawula, Paduka badhe kawula luhuraken. 29 Padha saosa pamuji sokur marang Sang Yehuwah, awit Panjenengane iku sae Ujer sih-susetyane iku kanggo ing salawase. MASMUR 119 Kabegjane wong kang uripe manut angger-anggering Yehuwah 119:1-176 119 1 Rahayu wong kang padha utama lakune, kang ngambah dalaning angger-anggering Pangeran Yehuwah. 2 Rahayu wong kang padha netepi ing dhawuh pepengete sarta ngupaya Panjenengane kalawan gumolonging ati, 3 kang uga ora nglakoni duraka, nanging ngambah dalan pitedahe. 4 Paduka piyambak sampun ndhawuhaken pepaken Paduka, supados dipun tetepana kaliyan tumemen. 5 Mugi-mugi lampah kawula tetep miturut pranatan Paduka. 6 Manawi makaten kawula boten badhe kawirangan, manawi kawula ngawasaken sakathahing pepaken Paduka. 7 Kawula badhe ngucap sokur dhumateng Paduka klayan eklasing manah, samangsa nggegulang dhateng sarak Paduka ingkang adil. 8 Pranatan Paduka sami badhe kawula tetepi, kawula mugi sampun ngantos paduka tilar babar pisan. 9 Tiyang nem-neman sagedipun tetep sae lampahipun punika isaratipun punapa? Manawi netepi ing pangandika Paduka. 10 Paduka kawula upadosi klayan gumolonging manah kawula, sampun ngantos Paduka uja nyimpang saking pepaken Paduka. 11 Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah, supados kawula sampun ngantos damel dosa dhumateng Paduka. 12 Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang pinuji-puji, kawula mugi Paduka wulang pranatan Paduka; 13 sarana lambe kawula kawula nyariyosaken sakathahing sarak ingkang Paduka dhawuhaken. 14 Kawula bingah ing bab pitedah pepenget Paduka, kadosdene ing bab sakathahing raja-brana. 15 Pepaken Paduka badhe kawula gilut-gilut, saha ngawasaken dhateng margi pitedah Paduka. 16 Kawula badhe seneng wonten ing pranatan Paduka, sarta boten badhe kesupen dhateng pangandika Paduka. 17 Paduka mugi karsaa ngganjar kasaenan dhateng abdi Paduka supados kawula gesang, sarta kawula badhe ngugemi pangandika Paduka. 18 Mripat kawula mugi Paduka elekaken, supados kawula sageda nyawang kaelokanipun angger-angger Paduka. 19 Kawula tiyang neneka wonten ing bumi, pepaken Paduka mugi sampun Paduka umpetaken saking kawula. 20 Manah kawula rempu margi saking anggen kawula tansah kangen dhumateng sarak Paduka. 21 Paduka mbendonana para tiyang mursal; mugi kenginga ing ipat-ipat tiyang ingkang nyimpang saking pepaken Paduka. 22 Panacad tuwin pangina mugi Paduka singkiraken saking kawula, awitdene kawula netepi dhawuh pepenget Paduka. 23 Sanadyna para pengageng sami lelenggahan sekuthon nglawan dhateng kawula, ewadene abdi Paduka punika ngraos- ngraosaken pranatan Paduka. 24 Dhawuh pepenget Paduka punika malah sami dados kasenengan kawula saha dados juru pirembag kawula. 25 Nyawa kawula kraket dhateng lebu, Paduka mugi karsaa nggesangaken kawula miturut ing pangandika Paduka. 26 Salampah kawula sampun kawula unjukaken, dene Paduka lajeng paring wangsulan. Paduka mugi karsaa mulang bab pranatan Paduka dhumateng kawula. 27 Kawula mugi Paduka sumerepaken dhateng pitedah pepaken Paduka, supados kawula ngraosaken kaelokan Paduka. 28 Nyawa kawula nangis margi saking sedhih, Paduka mugi karsaa ngiyataken miturut pangandika Paduka; 29 kawula mugi Paduka tebihaken saking margi ingkang nasar, saha kaparingana angger-angger Paduka. 30 Margining kaleresan ingkang sampun kawula pilih, sarta sarak Paduka kawula dekek wonten ing ngajeng kawula; 31 dhawuh pepenget Paduka kawula gondheli; dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka wirangaken. 32 Kawula badhe mbangung miturut dhumateng pitedah pepaken Paduka, awitdene Paduka sampun paring ombering manah kawula. 33 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nedahaken pitedah bab pranatan Paduka dhumateng kawula, badhe kawula turut ing salami-laminipun. 34 Kawula mugi Paduka mangretosaken, temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger Paduka, badhe kawula estokaken klayan gumolonging manah. 35 Kawula mugi Paduka lampahaken wonten ing marginipun pepaken Paduka, awit punika ingkang kawula remeni. 36 Manah kawula mugi Paduka adhepaken dhateng dhawuh pepenget Paduka, sampun ngantos dhateng pangoyaking bebathen. 37 Mripat kawula mugi Paduka enggokaken saking barang ingkang tanpa gina; kawula Paduka gesangaken wonten ing margi pitedah Paduka 38 Abdi Paduka mugi kaparingana santosaning prasetyan Paduka, ingkang kaparingaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka. 39 Cacad kawula ingkang kawula kwatosaken, mugi Paduka singkiraken saking kawula, awitdene angger-angger Paduka punika sae; 40 saestu ingkang kawula kangeni punika pepaken Paduka; kawula mugi Paduka gesangaken kalayan kaadilan Paduka. 41 Dhuh Yehuwah, mugi kawula kadhawahana ing sih-susetya Paduka, karahayon peparing Paduka punika laras kaliyan janji Paduka; 42 supados sageda mangsuli dhateng ingkang nacad kawula, sabab kawula pitados dhateng pangandika Paduka. 43 Pangandikaning kaleresan punika mugi sampun ngantos kapundhut saking cangkem kawula, awitdene kawula ngajeng-ngajeng dhateng pranatan Paduka. 44 Kawula tansah badhe netepi angger-angger Paduka ing salajengipun saha ing salaminipun. 45 Kawula badhe lumampah wonten ing omberan, margi pepaken Paduka ingkang kawula padosi. 46 Kawula badhe ngucapaken dhawuh pepenget Paduka wonten ing ngajengipun para raja, sarta boten badhe kawirangan. 47 Kawula badhe kasengsem dhateng pepaken Paduka ingkang kawula tresnani punika. 48 Tangan kawula nyadhong dhateng pepaken Paduka ingkang kawula tresnani; kawula badhe ngraos-ngraosaken pranatan-pranatan Paduka. 49 Paduka mugi ngengeti dhateng pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng abdi Paduka, amargi Paduka sampun paring pangajeng- ajeng dhumateng kawula. 50 Punika ingkang dados panglipur kawula ing salebetipun kasangsaran kawula, inggih punika anggen kawula kagesangaken dening prasetya Paduka. 51 Tiyang ingkang kumingsun sanget anggenipun sami moyoki dhateng kawula, nanging kawula boten badhe mengeng saking angger-angger Paduka. 52 Dhuh Yehuwah, pangadilan Paduka ingkang saking kina mila kawula engeti, milanipun angsal panglipur. 53 Kawula nepsu dhateng para tiyang duraka ingkang sami nilar angger-angger Paduka. 54 Pranatan Paduka punika tumamanipun dhateng kawula kados kidung masmur, wonten ing griya, ingkang kawula enggeni dados tiyang neneka. 55 Dhuh Yehuwah, ing wanci dalu kawula enget dhumateng asma Paduka, kawula badhe netepi angger-angger Paduka. 56 Punika ganjaran Paduka dhateng kawula, inggih punika bilih kawula ngestokaken pepaken Paduka. 57 Pangeran Yehuwah punika ingkang dados panduman kawula, kawula sampun prajanji badhe netepi pangandika Paduka. 58 Klayan sanget adreng saha gumolonging manah anggen kawula nyuwun sih-piwelas Paduka, mugi Paduka karsaa paring sih-palimirma dhumateng kawula laras kaliyan janji Paduka. 59 Lampah kawula tansah kawula raosaken, sarta suku kawula, kawula eneraken dhateng ing dhawuh pepenget Paduka. 60 Kawula enggal-enggal saha boten badhe ngrendhetaken anggen kawula netepi pepaken Paduka. 61 Jiretipun tiyang duraka sami nangsuli kawula, nanging kawula boten kasupen dhateng angger-angger Paduka. 62 Ing wanci tengah dalu kawula nglilir muji sokur dhumateng Paduka margi saking pranatan-pranatan Paduka ingkang adil. 63 Kawula manunggil kaliyan sakathahipun tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, saha kaliyan para tiyang ingkang sami netepi dhawuh-dhawuh Paduka. 64 Dhuh Yehuwah, bumi punika kebak ing sih-susetya Paduka, kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka. 65 Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nandukaken kasaenan dhateng abdi Paduka, miturut pangandika Paduka. 66 Kawula mugi Paduka wulang bab kawicaksanan sarta kawruh ingkang sae, awit kawula pitados dhateng pepaken Paduka. 67 Saderengipun kawula nandhang sangsara, lampah kawula nyleweng, nanging sapunika kawula gondhelan dhumateng janji Paduka; 68 Paduka punika sae saha nandukaken kasaenan, kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka. 69 Tiyang kumingsun sami nandukaken piawon dhateng kawula kaliyan dora-cara, nanging kawula badhe netepi prentah Paduka klayan gumolonging manah. 70 Manahipun tiyang-tiyang wau sami kandel kados gajih, nanging kawula, angger-angger Paduka punika dados kabingahan kawula, 71 anggen kawula katindhes punika maedahi tumrap kawula, inggih punika ndadosaken kawula lajeng nggegulang pranatan Paduka. 72 Toret ingkang Paduka paringaken punika sae tumrap kawula nglangkungi mas utawi selaka blebekan. 73 Asta Paduka ingkang nitahaken saha mangun kawula, kawula mugi Paduka paringi pangretosan, supados kawula saged nyinau pepaken Paduka. 74 Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, sami nyawang kawula kaliyan bingah, awitdene kawula ngajeng-ajeng dhateng pangandika Paduka. 75 Dhuh Yehuwah, kawula sumerep bilih pranatan-pranatan Paduka punika adil, saha anggen Paduka ngganjar kesrakatan dhateng kawula punika awit saking kasetyan Paduka. 76 Mugi-mugi sih-susetya Paduka punika dadosa panglipur kawula, kados prasetya Paduka dhateng ingkang abdi. 77 Sih-palimirma Paduka mugi tumanduka dhateng kawula supados kawula gesang, awit angger-angger Paduka punika karemenan kawula. 78 Para tiyang kumingsun sami kawirangan, dene kawula dipun siya-siya tanpa sabab; nanging pepaken Paduka badhe kawula raos-raosaken. 79 Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, saha ngretos dhateng dhawuh pepenget Paduka, punika sami ngguyubana dhateng kawula; 80 manah kawula mugi sageda lestantun pamadhepipun dhateng pranatan Paduka, supados kawula sampun ngantos nandhang wirang. 81 Nyawa kawula cecengklungen dhateng karahayon peparing Paduka, pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng; 82 mripat kawula bengep margi saking anggenipun ngajeng-ajeng dhateng prasetya Paduka; kawula munjuk: “Benjing punapa Paduka badhe nglipur kawula?” 83 Sabab kawula sampun kados impes wecucal tinarang wonten ing kukus, ewasamanten kawula inggih boten kasupen dhateng pranatan Paduka. 84 Kantun pinten dinten-dintenipun abdi Paduka punika? Benjing punapa anggen Paduka badhe ngadili tiyang ingkang sami mbujeng kawula? 85 Tiyang kumingsun ingkang boten nurut ing angger-angger Paduka, punika sami ndhudhuk luwangan kangge kawula. 86 Sakathahipun pepaken Paduka punika kenging pinitados; kawula dipun oyak-oyak tanpa sabab, kawula mugi Paduka pitulungi. 87 Kawula meh-meh kemawon dipun sirnakaken saking ing bumi, ewadene kawula inggih boten nilar dhawuh Paduka. 88 Kawula mugi Paduka gesangaken awit saking sih-kadarman Paduka, supados kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka. 89 Dhuh Yehuwah, pangandika Paduka punika ing salami-laminipun tetep santosa wonten ing swarga. 90 Kasetyan Paduka punika turun-tumurun, Paduka ngekahaken bumi, temah tetep wonten. 91 Tulusipun sadaya ngantos ing samangke punika miturut pranatan Paduka, margi sadaya-sadayanipun punika sami ngladosi Paduka. 92 Manawi angger-angger Paduka boten dados kasenengan kawula, kawula mesthi sampun lami tiwas wonten ing kasangsaran kawula. 93 Kawula boten badhe kasupen dhateng prentah Paduka ing salami-laminipun, awit punika marginipun anggen Paduka nggesangaken dhateng kawula. 94 Kawula punika kagungan Paduka, kawula mugi Paduka luwari, awit kawula punika ngupadosi prentah- prentah Paduka. 95 Tiyang duraka sami ndingkik kawula, badhe nyirnakaken kawula, nanging kawula badhe migatosaken pepenget-pepenget Paduka. 96 Kawula sumerep dhateng wates-watesipun kasampurnan, nanging prentah Paduka punika wiyar sanget. 97 Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka, sadinten muput kawula gilut-gilut. 98 Pepaken Paduka punika paring kawicaksanan dhateng kawula, munjuli satru kawula, margi ing salaminipun wonten ing kawula. 99 Akal budi kawula punika nglangkungi para guru kawula, margi dhawuh pepenget-pepenget Paduka kawula gilut-gilut. 100 Kawula langkung mangretos katimbang kaliyan tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh, margi kawula netepi prentah-prentah Paduka. 101 Suku kawula kawula pekak tumrap sakathahing margining piawon, supados ngestokaken pangandika Paduka. 102 Kawula boten mengeng saking sarak-sarak Paduka margi Paduka ingkang mulang dhateng kawula. 103 Janji Paduka punika legi sanget wonten ing lak-lakan kawula, ngungkuli leginipun maben wonten ing cangkem kawula. 104 Dhawuh Paduka ngangsalaken kapinteran dhateng kawula, mila kawula sengit dhateng sakathahipun margining dora-cara. 105 Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula, sarta pepadhanging margi kawula. 106 Kawula sampun supaos, saha kawula badhe netepi, badhe ngestokaken sarak-sarak Paduka ingkang adil. 107 Dhuh Yehuwah, kawula sanget anggen kawula katindhes, mugi Paduka gesangaken nyondhongi ing pangandika Paduka. 108 Dhuh Yehuwah, sesaosan manasuka ingkang awujud kidung pepujian punika, mugi sageda ndadosaken kepareng Paduka, sarta kawula mugi kawulanga bab pranatan Paduka. 109 Kawula tansah ngetohaken nyawa kawula, ewasamanten kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka. 110 Tiyang duraka sami masangi kala dhateng kawula, ewadene kawula boten nyleweng saking dhawuh-dhawuh Paduka. 111 Dhawuh pepenget Paduka punika dados pusaka kawula salami-laminipun, awit punika dados kabingahanipun manah kawula. 112 Manah kawula kawula adhepaken supados nglampahi pranatan Paduka, ing salaminipun ngantos dumugi ing wekasan. 113 Kawula sengit dhateng tiyang ingkang mangu-mangu, nanging ingkang kawula tresnani punika angger-angger Paduka. 114 Paduka punika pangauban sarta tetameng kawula, pangandika Paduka ingkang kawula antos-antos. 115 He para durjana padha sumingkira saka aku, supaya aku netepana pepakone Gusti Allahku. 116 Kawula mugi Paduka santosakaken nyondhongi ing prasetya Paduka supados kawula gesang, sarta sampun ngantos kacuwan ing pangajeng-ajeng kawula. 117 Kawula mugi Paduka pitulungi supados wilujeng, kawula tansah badhe bingah-bingah margi saking pranatan Paduka. 118 Sakathahipun tiyang ingkang nyleweng saking pranatan Paduka punika sami Paduka tampik, awit pokalipun sami tanpa gina. 119 Sakathahipun tiyang duraka sami Paduka simpar kados rereged, mila kawula remen dhateng pranatan- pranatan Paduka. 120 Badan kawula gumeter margi ajrih dhumateng Paduka, sarta kawula ajrih dhateng pangadilan Paduka. 121 Kaleresan sarta kaadilan ingkang sampun kawula lampahi, kawula mugi sampun Paduka ulungaken dhateng tiyang ingkang nganiaya dhumateng kawula. 122 Paduka mugi karsaa nanggel abdi Paduka ing bab kasaenan, tiyang ambek kumawasa sampun ngantos sami nindhes dhateng kawula; 123 mripat kawula cecengklungen dhateng karahayon peparing Paduka saha prasetya Paduka ingkang adil, 124 abdi Paduka mugi karengkuha ingkang nyondhongi sih-kadarman Paduka, saha Paduka wulang bab pranatan Paduka. 125 Kawula punika abdi Paduka, mugi Paduka paringi pangretosan, supados kawula nyumerepi dhawuh pepenget-pepenget Paduka. 126 Ing sapunika sampun wekdalipun kagem Pangeran Yehuwah tumindak ing damel; tiyang-tiyang sampun sami mbibrah angger-angger Paduka. 127 Mila kawula remen dhateng pepaken Paduka, nglangkungi mas, sanadyan ingkang murni pisan. 128 Punika sababipun kawula gesang kanthi jujur, salaras kaliyan sadaya dhawuh Paduka, sakathahing margining dora-cara kawula sengiti. 129 Dhawuh pepenget-pepenget Paduka punika elok, mila nyawa kawula ngestokaken punika, 130 kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi, paring pangretosan dhateng para tiyang ingkang bodho; 131 cangkem kawula kawula engakaken wiyar lan mangap-mangap, awit ngorong kepengin dhateng pepaken-pepaken Paduka. 132 Paduka mugi karsaa mirsani kawula saha karsaa paring piwelas, miturut sapantesipun tumrap tiyang ingkang sami tresna dhateng asma Paduka. 133 Jangkah kawula mugi Paduka jejegaken manut janji Paduka, saha sakathahing piawon sampun ngantos misesani kawula. 134 Kawula mugi Paduka uwalaken saking panganiayaning tiyang, supados kawula ngandhemi prentah- prentah Paduka. 135 Cahyanipun wedana Paduka mugi nyunarana abdi Paduka, sarta kawula mugi Paduka wulang bab pranatan-pranatan Paduka. 136 Luh kawula crocosan kados ilining toya, awit tiyang sami boten netepi angger- angger Paduka. 137 Dhuh Yehuwah, Paduka punika adil, saha pranatan Paduka punika leres; 138 pepenget Paduka sampun Paduka dhawuhaken kaliyan adil tuwin kasetyan ageng. 139 Kawula nggeges dening urubing katresnan kawula, margi satru kawula sami nglirwakaken sakathahing dhawuh Paduka. 140 Prasetya Paduka punika murni sanget, abdi Paduka remen sanget. 141 Kawula punika tiyang alit sarta nistha, ewadene boten kesupen dhateng dhawuh Paduka. 142 Kaadilan Paduka punika adil ing salaminipun, tuwin angger-angger Paduka punika leres. 143 Kawula tinempuh ing karibedan tuwin kasisahan, nanging pepaken Paduka sami dados kabingahan kawula. 144 Pepenget Paduka punika adil ing salaminipun, kawula mugi Paduka mangretosaken supados kawula gesang. 145 Paduka kawula sebut kaliyan manah ingkang gumolong; dhuh Yehuwah, mugi Paduka sembadani Pranatan Paduka badhe kawula tetepi. 146 Kawula sesambat dhumateng Paduka; Paduka mugi karsaa ngluwari kawula Kawula badhe ngestokaken pepenget Paduka. 147 Enjing umun-umun kawula tangi saha sesambat nyuwun tulung, Pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng. 148 Tangi kawula ngrumiyini wekdalipun jagi dalu prelu ngraos-ngraosaken janji Paduka. 149 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula, awit saking sih-kadarman Paduka; kawula mugi Paduka gesangaken miturut pranatan Paduka. 150 Tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula badhe nandukaken piawon dhateng kawula sampun celak, tiyang-tiyang wau sami nebihi angger- angger Paduka. 151 Nanging dhuh Yehuwah, Paduka celak, sarta sakathahipun pepaken Paduka punika leres. 152 Sampun wiwit rumiyin kawula mangretos saking ing pepenget Paduka, bilih punika sampun Paduka tetepaken kangge ing salaminipun. 153 Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula sarta kawula mugi Paduka entasaken, awit kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka. 154 Paduka mugi karsaa ngurus prakawis kawula, saha kawula mugi Paduka luwari, punapa malih kawula mugi Paduka gesangaken miturut prasetya Paduka. 155 Karahayon punika tebih saking para tiyang duraka, margi sami boten ngupadosi pranatan Paduka. 156 Dhuh Yehuwah, sih-piwelas Paduka punika luber, kawula mugi Paduka gesangaken laras kaliyan angger-angger Paduka. 157 Kathah tiyang ingkang mbujeng sarta ingkang nglawan kawula, nanging kawula boten nyleweng saking pepenget Paduka. 158 Anggen kawula ningali tiyang ingkang lampah cidra ngantos bosen, dene kok sami boten ngestokaken janji Paduka. 159 Lah kawula remen sanget dhateng dhawuh-dhawuh Paduka Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka gesangaken awit saking sih-kadarman Paduka. 160 Dhasaripun pangandika Paduka punika kaleresan saha sakathahing angger-anggering kaadilan Paduka punika kangge ing salaminipun. 161 Kawula dipun oyak-oyak tanpa sabab dening para pangageng, nanging manah kawula namung ajrih dhumateng pangandika Paduka. 162 Kawula bingah ing bab janji Paduka, prasasat tiyang ingkang angsal rayahan kathah. 163 Kawula gething saha rumaos eneg dhateng para-cidra, nanging remen dhateng angger-angger Paduka. 164 Kawula memuji Paduka kaping pitu sadinten, margi saking kaadilaning sarak Paduka. 165 Tiyang ingkang sami remen dhateng angger-angger Paduka punika kadunungan katentreman ingkang ageng, saha boten wonten sandhunganipun. 166 Dhuh Yehuwah, karahayon peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, sarta kawula nglampahi pepaken Paduka. 167 Kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka, sanget anggen kawula remen, 168 prentah saha pepenget Paduka sami kawula tetepi, awitdene salampah-lampah kawula wonten ing ngarsa Paduka. 169 Dhuh Yehuwah, mugi pasambat kawula sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka, kawula mugi pinaringana pangretosan nyondhongi pangandika Paduka. 170 Pasambat kawula mugi katrimaha wonten ing ngarsa Paduka, kawula mugi kaentasna miturut janji Paduka. 171 Lambe kawula kajengipun nglairaken pepujian, margi Paduka mulangaken pranatan Paduka dhateng kawula. 172 Ilat kawula kajengipun ngidungaken janji Paduka, awit sakathahipun pepaken Paduka punika leres. 173 Asta Paduka mugi dadosa pitulungan kawula, awit prentah Paduka ingkang kawula pilih. 174 Dhuh Yehuwah, pangluwaran peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, saha angger-angger Paduka dados kabingahan kawula. 175 Nyawa kawula mugi sageda gesang, supados memuji dhumateng Paduka, saha sarak Paduka mugi dadosa pitulungan kawula. 176 Kawula punika kesasar kados menda ingkang ketriwal, abdi Paduka mugi Paduka padosi, awit kawula boten kesupen dhateng pepaken Paduka. MASMUR 120 Dioyak-oyak ing paekan 120:1-7 120 1 Kidung jiyarah. Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur disembadani: 2 “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking lambe ingkang cidra, saking ilat ingkang dora-cara.” 3 Apa kang bakal diparingake marang kowe, sarta kowe diparingi tambahan apa, he ilat kang dora-cara? 4 Panahe prawira kang landhep, tuwin mawane kayu arar. 5 Cilaka aku amarga kudu manggon kaya wong manca, kaya wong ngamanca ana ing tanah Mesekh, awit kudu manggon ana ing antarane kemahe bangsa Kedar 6 Wus cukup suwe pamanggonku awor karo wong kang padha sengit marang karukunan. 7 Aku iki dhemen rukun, nanging saben ana pangucapku, wong ing kono banjur padha ngajak perang. MASMUR 121 Pangeran Yehuwah, kang rumeksa bangsa Israel 121:1-8 121 1 Kidung jiyarah. Mripatku tumenga marang gunung-gunung; pitulunganku iku pinangkane saka ing ngendi? 2 Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi. 3 Panjenengane ora bakal marengake yen sikilku gloyoran, kang ngreksa kowe ora bakal ngantuk. 4 Sayektine kang ngreksa Israel ora ngantuk lan ora sare. 5 Pangeran Yehuwah iku kang ngreksa kowe, Pangeran Yehuwah iku pangayomanmu ana ing tengenmu. 6 Srengenge ora bakal nglarani kowe ing wayah awan, utawa rembulan ing wayah bengi. 7 Kowe bakal direksa dening Sang Yehuwah, tumrap ing sakehing bilai; nyawamu direksa. 8 Pangeran Yehuwah bakal ngreksa marang lebu lan wetumu, wiwit ing samengko tumeka ing delahan. MASMUR 122 Pandonga nyuwunake tataraharjane kutha Yerusalem 122:1-9 122 1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Aku bungah nalika ana wong kang kandha marang aku mangkene: “Ayo padha munggah menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.” 2 Saiki sikilku padha tumapak ana ing gapuramu, he Yerusalem. 3 He Yerusalem, kang wus kaadegake dadi kutha sesanggitan rapet, 4 kang kaunggahan dening para taler, yaiku para taler kagunganing Sang Yehuwah, prelu padha ngucap sokur marang asmaning Sang Yehuwah, nocogi pranatan tumrap Israel. 5 Awit ing kono prenahe dhampar-dhamparing pangadilan, dhampare trahe Prabu Dawud. 6 Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu: “Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan. 7 Tentrem rahayu anaa sajroning balowartimu, lan kasantosan anaa ing kadhatonmu.” 8 Marga saka para sadulurku lan para mitraku, aku dakngucapake: “Tentrem rayahu anaa ing kowe.” 9 Marga saka padalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, aku bakal padha ngupaya apa kang becik tumrap kowe. MASMUR 123 Ngarep-arep marang kanugrahaning Pangeran Yehuwah 123:1-4 123 1 Kidung jiyarah. Mripat kawula tumenga dhumateng Paduka ingkang adhedhampar wonten ing swarga. 2 Inggih kados mripating abdi jaler anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun, utawi kados mripatipun abdi estri anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun putri, inggih makaten mripat kawula sadaya, anggenipun sami mulat dhumateng Yehuwah Allah kita, ngantos rinentahan ing sih-piwelasipun. 3 Kawula mugi sami Paduka welasi, dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka welasi, margi sampun tuwuk anggen kawula sami karemehaken; 4 nyawa kawula sampun langkung dening tuwuk dhateng pamoyokipun para tiyang ingkang rumaos tentrem, tuwin dhateng tiyang gumunggung anggenipun sami ngremehaken. MASMUR 124 Pinujia Juru Selamete bangsa Israel 124:1-8 124 1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, -- dikaya mangkono pangucape Israel, -- 2 yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, nalika wong padha gumregah nglawan marang kita, 3 kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan, nalika mulad-mulading nepsune marang kita; 4 kita banjur kentir ing banyu, aku wus padha kleleb ana ing kali; 5 ilining banyu kang luber kang molak-malik iku wus nasabi kita. 6 Pinuji-pujia Pangeran Yehuwah kang ora ngulungake kita dadi mangsane untune wong-wong mau 7 Nyawa kita padha bisa oncat kaya manuk, kang oncat saka jirete wong mikat, rantas jirete, kita nuli oncat. 8 Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi. MASMUR 125 Tentrem ana ing pangayomaning Sang Yehuwah 125:1-5 125 1 Kidung jiyarah. Wong kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah, iku padha kaya gunung Sion kang ora obah-obah, kang tetep ing salawase. 2 Yerusalem kinupengan ing gunung, kaya mangkono Pangeran Yehuwah anggone ngamping-ampingi umate, wiwit ing samengko nganti ing salawase. 3 Tekene kaprabone wong duraka ora bakal tetep ana ing bumi kang wus diundhi kanggo para wong mursid, supaya wong mursid aja nganti padha kumranggeh tangane marang piala. 4 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nindakaken kasaenan dhateng para tiyang sae tuwin dhateng para tiyang ingkang manahipun tulus. 5 Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak- menggok, mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon. Tentrem rahayu tumrapa marang Israel MASMUR 126 Pangarep-arep ing satengahing karubedan 126:1-6 126 1 Kidung jiyarah. Ing kalane Pangeran Yehuwah mulihake kaanane Sion, kaanan kita kaya wong ngimpi. 2 Ing nalika iku cangkem kita padha kebak guyu, lan ilat kita kebak giyak-giyak. Ing nalika iku ing antarane para bangsa ana ujar mangkene: “Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang para wong iki” 3 Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang kita, mulane kita padha bungah. 4 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulihaken kawontenan kawula, kados pulihipun lepen asat wonten ing Tanah Negeb 5 Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili, bakal ngeneni kambi giyak-giyak. 6 Wong kang lumaku maju kalawan nangis kambi nyebar wiji, mulihe mesthi kalawan surak-surak karo ngusung gedhengane. MASMUR 127 Berkahe Pangeran Yehuwah kawitaning kaslametan 127:1-5 127 1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Suleman. Manawa dudu Pangeran Yehuwah kang yasa omah, tanpa gawe panggarape tukange; manawa dudu Pangeran Yehuwah kang ngreksa marang kita, tanpa gawe wong jaga anggone melek. 2 Tanpa guna anggonmu tangi esuk umun-umun, lan lelungguhan nganti bengi, lan mangan roti kang anggone oleh kalawan rekasa, amarga iku diparingake dening Panjenengane marang kang ditresnani nalika pinuju turu. 3 Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas. 4 Kaya panah ana ing tangane wong prawira, kaya mangkono mungguh anak-anak nalika nome. 5 Begja wong kang endhonge dikebaki kalawan iku kabeh. Wong iku ora bakal nandhang wirang manawa rembugan karo mungsuh ana ing gapura. MASMUR 128 Berkahing kulawarga 128:1-6 128 1 Kidung jiyarah. Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalan pitedahe. 2 Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu, rahayu kowe lan becik kaananmu 3 Rabimu bakal dadi kaya wit anggur kang subur ana ing jerone omahmu; lan anak-anakmu kaya trubusaning wit jaitun kang ngupengi mejamu. 4 Lah kaya mangkono anggone bakal kaberkahan wong lanang kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah. 5 Sang Yehuwah muga mberkahana kowe saka ing Sion, sarta kowe muga menangana karaharjane Yerusalem sajegmu urip, 6 sarta muga menangana anak-anake anak-anakmu Tentrem rahayu anaa ing Israel MASMUR 129 Luwar saka ing kasangsaran 129:1-8 129 1 Kidung jiyarah. Banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, -- kareben Israel ngucap mangkono -- 2 banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, ewadene padha ora bisa ngalahake aku. 3 Wong mluku, mluku ana ing gegerku, alurane waluku didawakake. 4 Pangeran Yehuwah iku adil, lan kang medhoti dhadhunge wong duraka. 5 Sakehe wong kang sengit marang Sion bakal padha kawirangan lan bakal mundur. 6 Padha kaya suket ing payon, kang alum sadurunge dibedhol, 7 kang ora digegem dening tangane wong ngarit, utawa dirakupi dening kang mbenteli, 8 satemah wong kang padha liwat ora ngucap: “Berkahe Sang Yehuwah anaa ing kowe kabeh Aku padha mberkahi kowe kabeh ing asmane Sang Yehuwah” MASMUR 130 Pasambat sajroning kasusahan 130:1-8 130 1 Kidung jiyarah. Dhuh Yehuwah, saking jurang ingkang lebet kawula sesambat dhumateng Paduka. 2 Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula, Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula. 3 Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget- enget dhateng durakaning tiyang, dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun? 4 Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka. 5 Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep, lan aku ngarep-arep marang Pangandikane. 6 Nyawaku anggone nganti-anti marang Pangeran ngluwihi pangarep-arepe jaga malem marang wayah esuk, iya wong jaga kang ngarep-arep marang wayah esuk. 7 Ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, he Israel awit Sang Yehuwah kagungan sih- kadarman, sarta kerep banget paring pangluwaran. 8 Panjenengane kang bakal ngluwari Israel saka sakehing kaluputane. MASMUR 131 Pasrah marang Gusti Allah 131:1-3 131 1 Kidung jiyarah, anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, kawula boten gumunggung sarta boten mawas kanthi kumlungkung; kawula boten nggayuh dhateng bab-bab ingkang muluk-muluk, utawi bab-bab ingkang aneh tumrap kawula. 2 Saestu, kawula sampun nentremaken sarta ngleremaken nyawa kawula; kados lare sapihan ingkang tileman celak biyungipun, kados lare ingkang dipun sapih nyawa kawula wonten ing nglebet kawula. 3 He Israel, ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, wiwit samengko nganti ing salawas-lawase MASMUR 132 Prabu Dawud lan kutha Sion pilihane Pangeran Yehuwah 132:1-18 132 1 Kidung jiyarah. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengetana dhumateng Prabu Dawud tuwin sakathahing kasisahanipun; 2 anggenipun supaos dhumateng Sang Yehuwah, saha nglairaken punagi dhumateng Allahipun Rama Yakub, ingkang Mahakuwaos makaten: 3 “Saestu kawula boten badhe lumebet ing kemah padunungan kawula, sarta boten minggah dhateng kanthil patileman kawula, 4 inggih boten ngangsalaken mripat kawula tilem utawi ngliyepaken tlapukan kawula, 5 ngantos kawula manggih papan kagem Pangeran Yehuwah, padaleman kagem Ingkang Mahakuwaos, Allahipun Rama Yakub.” 6 Kita pancen wus padha krungu bab iku ana ing Efrata, wus oleh ana ing ara-ara Yaar. 7 “Payo padha lumebu marang padalemaning Allah, padha sujud nyembah ana ing ngarepe ancik-ancikaning sampeyane.” 8 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi jumeneng saha tedhak dhateng ing palereman Paduka, Paduka kadherekaken ing pethining kasantosan Paduka. 9 Para imam Paduka mugi sinandhangana ing kaleresan, saha para kekasih Paduka sami surak-suraka 10 Margi saking Prabu Dawud, abdi Paduka, mugi Paduka sampun nampik dhumateng jebadan Paduka. 11 Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Prabu Dawud kalawan supaos, kang mesthi ora bakal diselaki: “Sawijining turunira bakal Sunlungguhake ing dhamparira; 12 angger turunira tetep anggone ngestokake prasetyaningSun, tuwin sakehing pranatan-pranatan kang Sunwulangake marang dheweke, anak-putune turunira mau ing salawas- lawase bakal padha lungguh ing dhamparira.” 13 Sabab kutha Sion kang wus dipilih dening Pangeran Yehuwah, dikarsakake dadi padalemane. 14 “Iki padalemaningSun ing salawase, ana ing kene anggoningSun bakal dedalem, awit iku karsaningSun. 15 Panguripane bakal Sunberkahi nganti luber, sarta wonge mlarat bakal Sunwaregi kalawan roti. 16 Para imame bakal Sunsandhangi karahayon, sarta para wonge kang mursid bakal padha surak-surak marga saka bungahe. 17 Ana ing kono Ingsun bakal nuwuhake sungu kanggo Dawud, sarta jebadaningSun bakal Suncawisi diyan. 18 Mungsuhe bakal padha Sunanggoni sandhangan kang kebak kawirangan, nanging Dawud iku bakal nganggo makutha kang mencorong.” MASMUR 133 Pasaduluran kang rukun 133:1-3 133 1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Saiba prayoga lan endahe, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun. 2 Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirah kang ndlewer marang jenggot, kang ndlewer marang jenggote Imam Harun lan marang guloning jubahe. 3 Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase. MASMUR 134 Kekidungan ing wayah bengi 134:1-3 134 1 Kidung jiyarah. Ayo padha saosa puji marang Sang Yehuwah. He sakehe para abdining Sang Yehuwah, kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, ing wayah bengi. 2 Tanganmu padha ulukna madhep marang papan suci, lan padha saosa puji marang Sang Yehuwah. 3 Pangeran Yehuwah kang nitahake langit lan bumi, muga mberkahana kowe saka ing Sion. MASMUR 135 Mung Pangeran Yehuwah kang pantes linuhurake 135:1-21 135 1 Haleluya Padha ngluhurna asmaning Pangeran Yehuwah, padha luhurna, he para abdining Pangeran Yehuwah. 2 He para wong kang padha teka leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, ing platarane padalemane Allah kita 3 Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, awit Pangeran Yehuwah iku becik, asmane padha luhurna kalawan masmur, awit iku endah 4 Awit Pangeran Yehuwah wus milih Yakub dadi kagungane, Israel dadi kekasihe. 5 Lah aku sumurup, yen Pangeran Yehuwah iku mahaagung, sarta Gusti kita kang ngungkuli sakehing allah. 6 Pangeran Yehuwah nindakake apa kang dadi karsane, ana ing swarga lan ing bumi, ing segara lan ing saindenging samodra agung. 7 Pangeran ndadekake mendhung mumbul saka ing pungkasaning bumi, nitahake bledheg kang mbarengi udan, angin diwetokake saka ing gedhonge. 8 Panjenengane kang mejahi para anak pembarep ing tanah Mesir, manungsa lan kewan, 9 apadene ndhatengake pratandha lan kaelokan ana ing satengahmu, he tanah Mesir, nglawan marang Raja Pringon lan sakehing abdine. 10 Panjenengane kang nggecak bangsa akeh, sarta nyedani raja-raja kang santosa. 11 Sihon, ratune bangsa Amori, Og, ratu ing nagara Basyan, lan sakehe karajan ing tanah Kanaan, 12 sarta tanahe diparingake dadi tanah- pusaka, tanah-pusaka marang Israel, umate. 13 Dhuh Yehuwah, asma Paduka punika langgeng ing salaminipun. Dhuh Yehuwah, Paduka dipun enget-enget turun-tumurun. 14 Awitdene Sang Yehuwah iku bakal paring kaadilan marang umate, sarta bakal melasi marang para abdine. 15 Brahalane para bangsa iku selaka utawa mas, gaweane tangane manungsa, 16 padha duwe cangkem nanging ora bisa calathu, padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng, 17 kupinge ana, nanging ora bisa ngrungokake, dalah cangkeme iya ora ana ambekane. 18 Iya kaya mangkono kaanane para wong kang gawe, sarta sakehing wong kang nganggep iku. 19 He turune Rama Israel, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, he para turune Imam Harun, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah. 20 He turune Rama Lewi, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, he, para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah. 21 Sang Yehuwah kasaosana puji saka ing kutha Sion, Panjenengane kang akedhaton ana ing Yerusalem. Haleluya MASMUR 136 Sih-susetyaning Allah marang bangsa Israel 136:1-26 136 1 Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, sabab Panjenengane iku becik awit langgeng sih-kadarmane. 2 Padha saosa puji marang Allahe para allah, awit langgeng sih-kadarmane. 3 Padha saosa puji marang Gustine para gusti, awit langgeng sih-kadarmane. 4 Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan, awit langgeng sih-kadarmane. 5 Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan, awit langgeng sih-kadarmane. 6 Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu, awit langgeng sih-kadarmane. 7 Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit, awit langgeng sih-kadarmane. 8 Srengenge kang mengku raina, awit langgeng sih-kadarmane. 9 Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi, awit langgeng sih-kadarmane. 10 Kang mejahi para pembarepe wong Mesir, awit langgeng sih-kadarmane. 11 Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe, awit langgeng sih-kadarmane. 12 Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene, awit langgeng sih-kadarmane. 13 Segara Teberau dipiyak dadi loro, awit langgeng sih-kadarmane. 14 Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe, awit langgeng sih-kadarmane. 15 Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau, awit langgeng sih-kadarmane. 16 Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi, awit langgeng sih-kadarmane. 17 Kang ngasorake perange raja gedhe- gedhe, awit langgeng sih-kadarmane. 18 Para ratu kang mulya padha dipateni, awit langgeng sih-kadarmane. 19 Sihon, ratune bangsa Amori, awit langgeng sih-kadarmane. 20 Lan Og, ratu ing Basyan, awit langgeng sih-kadarmane. 21 Tanahe banjur diparingake dadi pusakane, awit langgeng sih-kadarmane. 22 Dadi pusakane Israel, abdine, awit langgeng sih-kadarmane. 23 Gusti Allah kang ngengeti kita sajroning kaasoran, awit langgeng sih-kadarmane. 24 Padha diluwari saka ing tangane mungsuh kita, awit langgeng sih-kadarmane. 25 Apadene paring pangan marang sakehing makhluk, awit langgeng sih-kadarmane. 26 Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga, awit langgeng sih-kadarmane. MASMUR 137 Ing sapinggiring kali-kali ing tanah Babel 137:1-9 137 1 Ana ing pinggir bengawan Babel anggonku padha ndheprok karo nanging, manawa kelingan kutha Sion. 2 Clempungku padha dakcanthelake ana ing wit gandarusa ing kono. 3 Amarga ana ing kono wong-wong kang padha nawan kita, njaluk supaya aku padha ngrepekake kekidungan, lan wong kang niksa kita iku padha njaluk kidung kabungahan: “Aku padha kidungna kidunge Sion.” 4 Kapriye bisaku padha ngrepekake kidunging Yehuwah ana ing nagara ngamanca? 5 Manawa aku lali marang kowe, he Yerusalem, garinga tanganku tengen 6 Ilatku kraketa ing cethak, manawa aku ora tetap eling marang kowe, sarta manawa Yerusalem ora dakdadekake musthikaning kabungahanku? 7 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti bani Edom, ingkang ing dinten bilainipun Yerusalem ngucap: “Gempuren, gempuren tekan talese pisan” 8 He putri ing Babel, kang dhemen nganiaya, rahayu wong kang nindakake piwales marang kowe, tumrap pakarti-pakarti kang koktandukake marang aku kabeh 9 Rahayu wong kang padha nyekeli anak-anakmu, banjur padha dibantingi ana ing parang. MASMUR 138 Kidung panuwun tumrap pitulungane Pangeran Yehuwah 138:1-8 138 1 Anggitane Prabu Dawud. Paduka badhe kawula puji klayan gumolonging manah, wonten ing ngajengipun para allah kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka. 2 Kawula badhe sujud madhep ing padaleman Paduka ingkang suci, saha memuji dhumateng asma Paduka, awit saking sih-kadarman lan kasetyan Paduka, dene asma saha prasetya Paduka, Paduka damel nglangkungi samukawis. 3 Sareng kawula sesambat, Paduka lajeng nyembadani kawula, Paduka mewahi kasantosan wonten ing manah kawula. 4 Dhuh Yehuwah, sakathahipun raja ing bumi badhe sami ngucap sokur dhumateng Paduka, awit sami mirengaken janji saking ing lesan Paduka; 5 sami badhe ngidungaken sapangrehing Sang Yehuwah, awit ageng kamulyaning Pangeran Yehuwah. 6 Pangeran Yehuwah iku luhur, ewadene nguningani marang wong asor, sarta kang gumunggung padha dipirsani saka ing kadohan. 7 Manawi kawula wonten ing salebeting karibedan, Paduka ingkang nggesangaken kawula, Paduka ngagagaken asta Paduka dhateng nepsunipun para mengsah kawula, saha kawula kapitulungan ing asta Paduka tengen. 8 Yehuwah badhe ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika langgeng ing salaminipun. Paduka mugi sampun ngantos nilar pakaryaning asta Paduka. MASMUR 139 Pandonga ana ing ngarsane Gusti Allah kang mahamirsa 139:1-24 139 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang njajagi lan nguningani kawula. 2 Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga, Paduka mirsa osiking manah kawula saking katebihan. 3 Paduka nguningani manawi kawula lumampah utawi ngaso, saha salampah-lampah kawula Paduka uningani. 4 Sabab saderengipun ilat kawula ngedalaken tetembungan, sayektosipun Paduka sampun nguningani punika sadaya, dhuh Pangeran Yehuwah. 5 Paduka ngempit kawula saking ing wingking lan saking ing ngajeng, lan asta Paduka tansah Paduka ungkulaken ing kawula. 6 Kawruh ingkang makaten punika langkung dening elok tumrap ing kawula, inggilipun ngantos boten kenging kawula gayuh. 7 Dhateng pundi anggen kawula kesah nebihi roh Paduka, dhateng pundi anggen kawula mlajeng nilar pangayunan Paduka? 8 Manawi kawula sumengka dhateng langit, Paduka wonten ing ngrika, manawi kawula nggelar patileman kawula wonten ing jagadipun tiyang pejah, Paduka inggih wonten ing ngriku. 9 Manawi kawula mabura mawi swiwinipun bangbang wetan, sarta manggena wonten ing poncoting seganten, 10 ugi wonten ing ngriku kawula katuntun ing asta Paduka, saha kaasta ing asta Paduka tengen. 11 Saupami kawula mungela: “Awakku kalimputana ing pepeteng lan pepadhang ing sakubengku dadia bengi,” 12 pepeteng wau boten damel peteng wonten ing paningal Paduka, dalu inggih dados padhang kados siyang, pepeteng sami kados pepadhang. 13 Awit Paduka piyambak ingkang mangun ginjel kawula, Paduka ingkang nenun kawula wonten ing guwagarbanipun biyung kawula. 14 Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika. 15 Paduka boten kasamaran dhateng balung-balung kawula, nalika kawula katitahaken wonten ing pasingidan, saha kawangun wonten ing telenging bumi. 16 Tingal Paduka nguningani dhateng kawula, nalika kawula taksih dhapur gatra, sadaya punika sampun sami kaserat wonten ing kitab Paduka, dinten-dinten ingkang badhe kawontenaken, nalika satunggal kemawon dereng wonten. 17 Dhuh Allah, saiba remitipun panggalih Paduka punika, iba kathahipun gunggungipun 18 Manawi badhe kawula wical gunggungipun nglangkungi cacahipun pasir; manawi kawula ngaso, jebul kawula taksih wonten ing ngarsa Paduka. 19 Dhuh Allah, tiyang duraka mugi Paduka tumpes, tiyang ingkang remen ngwutahaken rah, mugi sami sumingkira saking kawula, 20 ingkang sami nyenyamah Paduka, sarta ingkang tanpa damel anggenipun sami nglawan dhumateng Paduka. 21 Dhuh Yehuwah, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka, punapa boten kawula sengiti, saha punapa kawula boten bosen dhateng tiyang ingkang sami mbalela dhumateng Paduka? 22 Pancen sami kawula sengiti tiyang-tiyang punika, sami dados satru kawula. 23 Dhuh Allah, kawula mugi Paduka jajagi tuwin manah kawula mugi Paduka uningani, kawula mugi Paduka dadar sarta Paduka mugi karsaa nguningani pangangen-angen kawula. 24 Paduka mugi karsaa niti-priksa, punapa lampah kawula nyleweng, sarta karsaa nuntun kawula wonten ing margi ingkang langgeng MASMUR 140 Pandonga nyuwun pangauban marga saka anane para wong ala 140:1-13 140:1-14 140 1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. 140-2 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking tiyang awon, saha Paduka reksaa sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang ingkang remen nganiaya, 2 140-3 ingkang sami ngrantam-ngrantam piawon ing salebeting manah, sarta sadinten-dinten nggosok-gosok supados perang 3 140-4 Sami nglandhepaken ilatipun kados sawer, wisanipun sawer bedhudhak wonten ing lambenipun. Selah 4 140-5 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka jagi sampun ngantos dhumawah ing tanganipun tiyang duraka, sarta ing tanganipun tiyang ingkang ambek-siya tuwin sami ngangkah ndhawahaken kawula. 5 140-6 Tiyang kumingsun kalayan sesidheman sami masangi jiret kawula, tuwin masang tangsul-tangsul kadadosaken jaring, sami masangi kala kawula wonten ing sauruting margi. Selah 6 140-7 Unjukku marang Pangeran Yehuwah: “Paduka punika Allah kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng swantening pasambat kawula.” 7 140-8 Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, kakiyataning karahayon kawula, Paduka ingkang ngayomi sirah kawula samangsa tempuking perang. 8 140-9 Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos njurungi pikajengipun tiyang duraka, sampun nuruti rancanganipun ingkang dora-cara. Selah 9 140-10 Tiyang ingkang ngepung kawula sami nglangak, ipat-ipatipun ndhawahana tiyang-tiyang punika. 10 140-11 Sami kaesokana ing mawa kacemplungna wonten ing jurang, satemah boten saged mentas malih. 11 140-12 Juru pitenah boten badhe lestantun wonten ing bumi, tiyang ingkang nindakaken kakerasan badhe kabujeng ing bilai. 12 140-13 Kawula sumerep, bilih Pangeran Yehuwah badhe ngadili prakawisipun tiyang ingkang katindhes, sarta badhe mbelani prakawisipun tiyang papa. 13 140-14 Saestu para tiyang mursid badhe sami memuji dhumateng asma Paduka, saha para tiyang jujur sami badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka. MASMUR 141 Pandonga ing sajroning panyoba 141:1-10 141 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka, kawula mugi enggal Paduka rawuhi, mugi nilingaken dhateng swanten kawula samangsa kawula sesambat dhumateng Paduka. 2 Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka, saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten. 3 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngawat-awati cangkem kawula, korining lambe kawula mugi Paduka jagi. 4 Manah kawula mugi sampun Paduka eneraken dhateng piawon, supados sampun ngantos nindakaken pandamel ingkang duraka, sesarengan kaliyan tiyang ingkang nglampahi piawon, sarta kawula sampun ngantos ngraosaken tetedhanipun ingkang eca-eca. 5 Tiyang mursid kajengipun nggebag saha ngukum kawula, punika katresnan; nanging lisahipun tiyang duraka sampun ngantos ngrengga sirah kawula. Saestu kawula tansah ndedonga nglawan pandamelipun awon. 6 Manawi tiyang-tiyang wau kapasrahaken dhateng para hakimipun, temtu badhe mireng, bilih tembung kawula punika ngresepaken. 7 Kadosdene sela ingkang dipun sigar lan dipun remuk wonten ing siti, makaten ugi balung-balungipun sami pating slebar wonten ing cangkeming jagadipun tiyang pejah. 8 Nanging, dhuh Allah, Gusti kawula, mripat kawula tumenga dhateng Paduka, kawula ngungsi dhateng Paduka, Paduka sampun ngantos mbanting kawula. 9 Paduka mugi karsaa ngayomi kawula sampun ngantos kenging ing jiret, ingkang kangge masangi kawula, saha ing kalanipun tiyang ingkang nindakaken piawon. 10 Tiyang duraka sami badhe dhawah sesarengan ing jaringipun piyambak, nanging kawula saged ngoncati. MASMUR 142 Pandongane wong kang kaoyak-oyak 142:1-7 142:1-8 142 1 Kidung piwulang anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing guwa; sawijining donga. 142-2 Aku nyebut marang Sang Yehuwah kalawan swara sora, kalawan swara sora anggonku nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah. 2 142-3 Pangadhuhku dakesokake ana ing ngarsane, karubedanku dakaturake marang Panjenengane. 3 142-4 Manawi manah kawula nglentrih, Paduka nguningani lampah kawula. Wonten ing margi ingkang kawula ambah, tiyang wau sami masangi jiret kawula kalayan singidan. 4 142-5 Kawula mulat manengen sarta milang-miling, boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang mreduli dhateng kawula; papan pangungsen kawula sampun ical, boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngupadosi kawula. 5 142-6 Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka, unjuk kawula: “Paduka punika papan pangauban kawula, inggih panduman kawula wonten ing nagarinipun tiyang gesang” 6 142-7 Paduka mugi karsaa nilingaken pasambat kawula, amargi kawula sampun lungkrah sanget, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula, amargi kekiyatanipun nglangkungi kawula. 7 142-8 Kawula mugi Paduka luwari saking pakunjaran supados sageda ngalembana asma Paduka. Para tiyang mursid sami badhe ngepang kawula, manawi Paduka nandukaken kadarman dhateng kawula. MASMUR 143 Pandonga nyuwun pitulungan lan piwulang 143:1-12 143 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, pasambat kawula mugi Paduka tilingaken Mugi karsaa nyembadani panyuwun kawula ing salebeting kasetyan tuwin kaadilan Paduka 2 Paduka mugi sampun ngantos prakawisan kaliyan abdi Paduka punika, awit ing antawisipun tiyang gesang boten wonten ingkang pinanggih leres wonten ing ngarsa Paduka. 3 Awitdene satru sampun ngoyak-oyak kawula sarta ngeplekaken nyawa kawula ing siti, nglebetaken kawula dhateng ing pepeteng kados tiyang ingkang sampun pejah lami. 4 Nyawa kawula nglentrih lemes wonten ing batos kawula, manah kawula legeg-legeg wonten ing badan kawula. 5 Kawula kengetan dhateng dinten-dinten ing jaman kina, kawula ngraos-ngraosaken dhateng sadaya pakaryan Paduka, kawula manah-manah dhateng pakaryanipun asta Paduka. 6 Kawula ngegaraken tangan kawula dhumateng Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka kados siti ingkang cengkar. Selah 7 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, semangat kawula sampun telas Paduka mugi sampun nyingidaken wadana Paduka saking kawula, ngantos kawula kados tiyang-tiyang ingkang sami mandhap dhateng ing kubur. 8 Kawula ing wanci enjing mugi kawedharana sih-kadarman Paduka, awit kawula kumandel dhumateng Paduka Kawula mugi Paduka tedahaken margi ingkang kedah kawula ambah, awit nyawa kawula tumenga dhumateng Paduka. 9 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka uwalaken saking satru-satru kawula, kawula ngayom dhumateng Paduka. 10 Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka, awit Paduka punika Gusti Allah kawula Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawula wonten ing siti ingkang wradin. 11 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka gesangaken margi saking asma Paduka, nyawa kawula mugi Paduka entas saking karibedan demi kaadilan Paduka. 12 Satru kawula mugi sami Paduka tumpes demi sih-susetya Paduka, saha sakathahipun tiyang ingkang ngrubedi kawula mugi Paduka sirnakaken, awitdene kawula punika abdi Paduka. MASMUR 144 Kidung panuwunipun Sang Prabu 144:1-15 144 1 Anggitane Prabu Dawud. Pinujia Pangeran Yehuwah peparangku, kang mulang perang tanganku, nggladhi tarung drijiku, 2 kang dadi pangaubanku lan bebetengku, kuthaku kang santosa lan kang ngluwari aku tetamengku sarta papan pangungsenku, kang nelukake bangsa-bangsa marang ing pangwasaku 3 Dhuh Yehuwah, manungsa punika punapa ta, dene kok Paduka gatosaken, punapadene anaking manungsa, dene kok Paduka galih? 4 Manungsa punika sami kados angin, dinten-dintenipun kados wewayangan ingkang lumampah. 5 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mentiyungaken langit Paduka, saha lajeng karsaa tumedhak. Paduka mugi karsaa ndumuki redi-redi supados sami ngedalaken kukus. 6 Paduka mugi karsaa mbabitaken kilat sami kabuyarna. Paduka mugi karsaa nglepasaken jemparing Paduka, temahan sami pating bilulung. 7 Paduka mugi karsaa mulungaken asta Paduka saking ing ngaluhur, kawula mugi kauwalna saha kaluwarana saking bena saking tanganipun para tiyang ngamanca, 8 ingkang cangkemipun ngucapaken dora, sarta ingkang tanganipun tengen punika tangan tengening cidra. 9 Dhuh Allah, kawula badhe memuji dhumateng Paduka klayan kekidungan enggal, kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka mawi slukat kawat sadasa. 10 Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng para raja, sarta ngluwari Dawud, abdi Paduka. 11 Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking pedhanging bilai, kauwalna saking tanganipun para tiyang ngamanca, ingkang cangkemipun sami ngucapaken dora, tuwin tanganipun tengen punika tangan tengening cidra. 12 Mugi-mugi anak-anak kawula jaler sami dadosa tetaneman, ingkang thukul dados ageng ing nalika enemipun, sarta anak-anak kawula estri sami dadosa saka-saka pojokan, ingkang dipun tatahi kangge yeyasan kraton. 13 Gudhang-gudhang pasimpenan kawula mugi sami kebaka, ngedalaken barang rupi-rupi, menda kawula sami bebranahana dados ewon, dasanan ewon wonten ing pangenan kawula 14 Lembu-lembu kawula sami sageda wreden, sarta sampun ngantos wonten ingkang boten dados lan kluron, punapadene boten wonten panjerit ing ara-ara kawula 15 Rahayu bangsa kang tinemu kaya mangkono Rahayu bangsa kang Gusti Allahe Pangeran Yehuwah MASMUR 145 Kidung pepujian marga saka kamurahaning Sang Yehuwah 145:1-21 145 1 Pepujian anggitane Prabu Dawud. Dhuh Allah kawula, dhuh Ratu kawula, Paduka badhe kawula luhuraken, saha badhe tansah memuji asma Paduka ing salaminipun. 2 Saben dinten kawula badhe memuji dhumateng Paduka, saha asma Paduka badhe tansah kawula luhuraken ing salaminipun. 3 Pangeran Yehuwah punika agung sarta sanget pinuji-puji kaluhuranipun punika boten saged jinajagan. 4 Saben turun badhe ngalembana pakaryan Paduka, saha sami badhe nyariyosaken kasantosan Paduka. 5 Cahyanipun kamulyan Paduka ingkang agung tuwin pakaryan Paduka ingkang elok badhe kawula kidungaken. 6 Tiyang kathah sami badhe nggiyar- nggiyaraken kakiyataning pakaryan Paduka ingkang nggegirisi, sarta kaluhuran Paduka badhe kawula cariyosaken. 7 Pengetan tumrap kasaenan Paduka ingkang ageng badhe kaundhangaken dening tiyang-tiyang wau, tuwin badhe sami surak-surak margi saking kaadilan Paduka. 8 Pangeran Yehuwah punika ambek asih sarta welasan, sabar sanget saha ageng sanget sih-kadarmanipun. 9 Kasaenanipun Sang Yehuwah punika nyrambahi tiyang sadaya saha sihrahmatipun ngluberi sadaya ingkang katitahaken dening Panjenenganipun. 10 Dhuh, Yehuwah, sadaya ingkang Paduka titahaken punika sami badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, sarta para kekasih Paduka badhe sami memuji dhumateng Paduka, 11 sami badhe nyuwuraken kamulyaning karajan Paduka, sarta badhe ngrembag kasantosan Paduka, 12 supados para anaking manungsa sami mireng pawartos bab kasantosan Paduka, kaliyan kamulyaning sumorotipun karajan Paduka. 13 Karajan Paduka punika karajan ingkang langgeng, tuwin peprentahan Paduka punika tetep sumrambah dhateng sadaya anak-putu. Pangeran Yehuwah punika setya ing sadhawuhipun lan kebak sih-kadarman tumrap sakathahing pakaryanipun. 14 Pangeran Yehuwah punika dados tetuwak tumrap sakathahipun tiyang ingkang dhawah lan ingkang njejegaken sakathahing tiyang ingkang tumungkul. 15 Sakathahipun mripat sami ngadhang- adhang dhumateng Paduka, lan inggih sami Paduka paringi tedha ing kala mangsanipun. 16 Paduka ingkang ngegaraken asta Paduka, lan kepareng nuwuki sadaya ingkang gesang. 17 Pangeran Yehuwah iku adil ing satindak- tanduke, sarta kebak sih-kadarman ing sapandamele. 18 Pangeran Yehuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmane, lan karo wong kang sesambat marang Panjenengane kalawan setya. 19 Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepane, dipiyarsakake pasambate banjur padha diluwari. 20 Pangeran Yehuwah ngreksa marang sakabehing wong, kang tresna marang Panjenengane, nanging sakehing wong duraka bakal padha ditumpes. 21 Cangkemku ngunjukake pepujian marang Pangeran Yehuwah, sarta sakehing makhluk kareban padha tansah ngluhurake asmane kang suci ing salawase. MASMUR 146 Mung Gusti Allah kang paring pitulungan ora ana liyane 146:1-10 146 1 Haleluya Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah 2 Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip, Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana. 3 Aja kumandel marang para panggedhe, lan marang anaking manungsa kang ora bisa aweh karahayon. 4 Manawa nyawane pecat, banjur bali menyang ing lemah; ing dina iku uga kekarepane sirna. 5 Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakun minangka pamomonge, kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, 6 Panjenengane kang nitahake langit lan bumi, segara lan saisine kabeh, kang tetep setya ing salawase, 7 kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes, kang paring pangan marang wong kang padha keluwen, Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara. 8 Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta, Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul, Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid. 9 Pangeran Yehuwah ngreksa marang wong ngamanca, bocah lola lan randha padha disantosakake maneh, nanging dalane wong duraka dienggokake. 10 Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase, Allahmu, he Sion, turun-tumurun. Haleluya MASMUR 147 Panguwasa lan kamurahaning Pangeran Yehuwah 147:1-20 147 1 Haleluya Sanyata becik ngidungake masmur marang Allah kita iku, malah iku nengsemake lan pantes ngidungake pamuji iku. 2 Pangeran Yehuwah mbangun Yerusalem, sarta ngempalake para wong Israel kang pating blesar. 3 Panjenengane mulihake wong kang pepes atine, padha diblebedi tatune. 4 Pangeran nemtokake cacahe lintang- lintang, padha kasebut jenenge dhewe-dhewe. 5 Gusti Allah kita iku agung lan ngleluwihi kakiyatane, kawicaksanane ora kena winirasa. 6 Pangeran Yehuwah nyantosakake maneh para wong kang katindhes, nanging para wong duraka padha diesorake nganti konjem ing bumi. 7 Padha ngrepekna kidung pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha ngidunga masmur konjuk marang Gusti Allah kita kanthi swaraning clempung 8 Panjenengane kang nutupi langit kalawan mendhung kang nyawisi udan marang bumi, kang damel gunung-gunung padha nukulake suket. 9 Panjenengane kang paring pakan marang sato-kewan, marang anak-anaking gagak kang padha celuk-celuk. 10 Pangeran ora karenan marang karosaning jaran, lan marang sikile wong lanang. 11 Pangeran Yehuwah karenan marang wong kang ngabekti marang Panjenengane, lan para wong kang ngarep-arep marang sih-kadarmane. 12 He Yerusalem, ngalembanaa marang Sang Yehuwah, he Sion saosa puji marang Allahmu, 13 awit Pangeran nyantosani slaraking gapuramu, sarta mberkahi anak-anakmu ana ing wewengkonmu. 14 Panjenengane kang nentremake satanah wewengkonmu, maregi kowe kalawan pepethinganing gandum. 15 Panjenengane maringake dhawuhe marang bumi, Pangandikane lumawat pesat. 16 Pangeran paring salju kaya wulu wedhus gembel, nyawurake ebun njendhel kaya awu. 17 Pangeran nguncalake jendhelan banyu kaya pecahan, sapa bisa tahan ngadeg mbetahake adheme? 18 Panjenengane ngandika, kabeh banjur ajer maneh, Panjenengane ngididake angin, banyune tumuli mili. 19 Sabdane kaparingake marang Rama Yakub, apadene pranatane lan angger-anggere marang Rama Israel. 20 Panjenengane ora nindakake mangkono tumrap sakehing bangsa, sarta para bangsa iku padha ora sumurup marang sarake. Haleluya. MASMUR 148 Langit lan bumi padha ngluhurna Pangeran Yehuwah 148:1-14 148 1 Haleluya Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah kang ana ing swarga Padha saosa puji marang Panjenengane kang ana ing ngaluhur 2 He sakehe malaekate, padha saosa puji marang Panjenengane He wadya-balane, padha saosa puji marang Panjenengane 3 He srengenge lan rembulan, padha saosa puji marang Panjenengane He sakehing lintang kang gumebyar, padha saosa puji marang Panjenengane 4 He langit kang ngungkuli sakehe langit, padha saosa puji marang Panjenengane he, banyu kang ana ing sandhuwuring langit 5 Sakabehe iku padha memujia marang asmaning Yehuwah, amarga Pangeran ngandika, samubarang kabeh banjur padha dumadi. 6 Pangeran ngadegake sakabehe iku kanggo sabanjure lan ing salawase, sarta netepake paugeran kang ora kena katerak. 7 Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah ana ing bumi, he ula-ula naga lan saindenging samodra agung; 8 he geni lan udan es, salju lan pedhut, angin prahara kang nindakake sabdane; 9 he gunung-gunung lan sakehing tetengger, sakehe karang-kitri lan sakehing wit eres; 10 he para kewan alasan lan sakehing kewan, kewan kang gumremet lan manuk-manuk kang mawa swiwi. 11 He para raja ing bumi lan sakehing bangsa, para panggedhe lan sakehe peprentahan ing jagad, 12 he para jaka lan para prawan, para wong tuwa lan wong anom 13 Kabeh iku kareben padha memuji marang asmaning Yehuwah, awit mung asmane kang luhur, kamulyane ngungkuli bumi lan langit. 14 Sungune umate wus kaluhurake, dadi kidung pepujian tumrap sakehing wong kang dikasihi, tumrap wong Israel, umat kang rumaket marang Panjenengane. Haleluya MASMUR 149 Kidung kaunggulan tumrap wong Israel 149:1-9 149 1 Haleluya Padha ngrepekna kekidungan anyar kagem Pangeran Yehuwah Panjenengane saosana puji ana ing pasamuwane para wong mursid. 2 Bangsa Israel cikben bungah-bungah awit saka Gusti Allah, kang nitahake, para anake Sion kareben padha asurak-surak awit saka ratune. 3 Iku kareben padha memuji asmane kalawan jejogedan, sarta kareben padha ngidungake masmur kagem Panjenengane kanthi swaraning terbang lan clempung, 4 awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate, para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon. 5 Para wong mursid kareben padha sukarena sajroning kamulyan, padha surak-surak ana ing paturone. 6 Kidung panggunggung marang Allah kareben ana ing gorokane, sarta tangane kareben padha sikep pedhang kang landhep kiwa-tengen, 7 kagawe nandukake piwales marang para bangsa, lan kanggo niksa marang para suku bangsa, 8 kanggo mblenggu para ratune kalawan rante, lan para panggedhene kalawan blenggu wesi, 9 kanggo matrapi paukuman marang wong-wong iku kaya kang wus katulisan. Iku kamulyane sakehing para kang dikasihi. Haleluya MASMUR 150 Haleluya 150:1-6 150 1 Haleluya Padha saosa puji marang Gusti Allah ana ing pasucene Padha saosa puji marang Panjenengane ana ing cakrawalane kang santosa 2 Padha saosa puji marang Panjenengane marga saka sakehing kakiyatane, padha saosa puji marang Panjenengane marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati 3 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning kalasangka. Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi clempung lan slukat 4 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi terbang lan jejogedan, padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning clempung lan suling 5 Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang kumencring, padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang gumenjreng 6 Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah Haleluya WULANG BEBASAN Tujuane Wulang Bebasan iki 1:1-7 1 1 Wulang bebasan anggitane Prabu Suleman putrane Prabu Dawud, ratu ing Israel, 2 kanggo nyumurupi kawicaksanan lan pamerdi, supaya mangreti marang tembung- tembung kang ana maknane, 3 kanggo nampani pamerdi kang marakake pinter, sarta kabeneran, kaadilan lan kejujuran, 4 kanggo aweh kalantipun marang wong kang ora duwe pangalaman, sarta kawruh lan kawicaksanan marang wong anom; -- 5 wong kang wicaksana, becik ngrungokna, supaya wuwuh ngelmune, lan wong kang duwe pangreten supaya oleh bab-bab kang kena kanggo tetimbangan -- 6 kanggo nyumurupi isine wulang bebasan lan pralambang, apadene tetembungan lan sanepane para wicaksana. 7 Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh, nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi. Pitutur lan pepeling 1:8-19 8 He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu, lan aja ninggal piwulange ibumu; 9 marga oncen-oncen kembang kang endah iku kanggo sirahmu, sarta kalung kanggo gulumu. 10 He anakku, manawa kowe dibujuk dening wong dosa, kowe aja nurut; 11 manawa iku padha duwe pangucap: “Marang melua aku, padha ndingkik getih, nginjen marang wong tanpa kaluputan, tanpa sabab; 12 payo iku padha diuntal urip-uripan, kaya jagade wong mati, diuntal babar pisan kaya kang mudhun marang ing kubur; 13 temah kita padha oleh barang rupa-rupa kang akeh ajine, padha bisa ngebaki omah kita kalawan barang rampasan, 14 undhimu buwangen ana ing tengahku, kanthong siji kanggo kita kabeh.” 15 He anakku, uripmu aja niru tindak-tanduke wong-wong mau, sikilmu edohna saka ing dalane; 16 awit sikile wong iku parane marang ing piala, sarta cukat manawa arep ngwutahake getih. 17 Marga tanpa guna masang jaring ana ing ngarepe sadhengah kang duwe suwiwi; 18 mangka wong iku mau padha ngadhang marang getihe dhewe lan ndingkik marang nyawane dhewe. 19 Kaya mangkono pangalamane saben wong murka ing bab bebathen peteng, kang ngrebut nyawane wong kang ndarbeni. Pitutur bab kawicaksanan 1:20-33 20 Kawicaksanan nguwuh-uwuh seru ana ing lurung-lurung, sarta nyuwara ana ing ara-ara, 21 anggone nguwuh-uwuh ana ing sadhuwure balowerti, ana ing sangarepe gapuraning kutha anggone nglairake tembung-tembunge. 22 “He wong kang ora duwe pangalaman, nganti pira lawase, anggonmu isih nresnani kaananmu iku, tukang poyok anggone seneng memoyok lan wong bodho anggone sengit marang kawruh? 23 Padha madhepa marang pamelehku, lah aku arep ngesokake isining atiku lan nyumurupake tembungku marang kowe. 24 Sarehne kowe mopo nalika dakundang, lan ora ana wong kang ngrewes nalika aku ngulurake tanganku, 25 malah kowe padha nyepelekake pituturku lan ora gelem nampani pepelingku, 26 mulane aku iya bakal nggeguyu bilaimu, lan nyokurake samangsa kowe ketekan pagiris, 27 samangsa kowe ketekan ing pagiris kang kaya prahara, lan katempuh ing bilai kang kaya lesus, sarta kataman ing karupekan lan kasusahan. 28 Ing kono bakal padha sambat-sambat marang aku, nanging ora bakal dakwangsuli, kanthi temen-temen anggone padha ngupaya aku, nanging ora bisa katemu. 29 Sarehne padha sengit marang kawruh lan ora milih ngabekti marang Pangeran Yehuwah, 30 padha emoh nampani pituturku, nanging padha nampik marang sakehe pamelehku, 31 mulane bakal padha mangan wohing panggawene, sarta padha wareg dening rancangane dhewe. 32 Awitdene wong kang tanpa pangalaman iku bakal kapatenan dening anggone lumun; sarta wong bodho bakal kasirnakake dening sembranane. 33 Balik sing sapa nggugu marang aku, iku bakal manggon kalawan slamet, kalis ing bilai kang nggegirisi.” Gunane ngupaya kawicaksanan 2:1-22 2 1 He anakku, manawa kowe nampani tembung-tembungku, lan nyimpen prentahku ana ing sajroning atimu, 2 temah kupingmu nggatekake marang kawicaksanan, sarta atimu kokadhepake marang kapinteran, 3 lan manawa kowe njaluk tulung marang pangreten, lan ngenerake swaramu marang kapinteran, 4 manawa iku kokupaya kaya golek salaka, lan pangoyakmu kaya mburu rajabrana kapendhem, 5 kowe tumuli bakal nemu pangreten bab wedi-asih marang Pangeran Yehuwah lan oleh kawruh bab Gusti Allah. 6 Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan, saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran. 7 Panjenengane nyawisi pitulungan marang wong kang jujur, -- Panjenengane iku dadi tetamenge para wong kang lakune tanpa cacad -- 8 kambi njagi lakuning kaadilan, lan ngreksa lakune para kagungane yaiku wong kang padha setya. 9 Mangkono dadine kowe bakal ngreti bab kabeneran, kaadilan, lan kejujuran, malah sarupane dalan kang becik. 10 Awitdene kawicaksanan bakal lumebu ing atimu sarta kawruh iku bakal nyenengake nyawamu; 11 kawicaksanan bakal ngopeni kowe, sarta kapinteran bakal rumeksa marang kowe, 12 supaya kowe kaedohna saka ing dalan kang ala, saka wong kang nglairake apus krama; 13 saka wong kang padha ngungkurake dalan kang lurus lan lumaku ing dalan kang peteng; 14 kang seneng nindakake piala, sarta surak-surak marga saka kadursilane; 15 kang menggak-menggok lakune lan kang keblinger tindak-tanduke; 16 karomaneh supaya kowe uwal saka wanita tuna-susila, lan wong wadon liyane kang lunyu tembung-tembunge, 17 kang ninggal bojone jaka-lara, sarta lali marang prasetyane Gusti Allah; 18 lan omahe ilang ambles marang pati, sarta dalane anjog ing papaning arwah-arwah. 19 Sapa kang marani wong iku, ora bisa bali, lan ora bisa tumeka ing dalaning urip. 20 Mulane lumakua ing dalane wong kang becik, nirua lakune wong mursid. 21 Marga wong jujur kang bakal padha ngenggoni tanah, lan para wong kang tanpa cacad bakal padha tetep manggon ing kono, 22 nanging para wong duraka bakal padha kasirnakake saka ing tanah iku, sarta wong kang laku cidra bakal padha kabuwang saka ing kono. Berkahing kawicaksanan 3:1-26 3 1 He anakku, aja lali marang piwulangku, sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku, 2 amarga umur dawa lan urip nganti tuwa, apadene katentreman bakal kawuwuhake marang kowe. 3 Katresnan lan kasetyan muga aja nganti ninggal kowe, iku kalungna ing gulumu, catheten ana ing papaning atimu; 4 temah kowe bakal oleh sih lan dadi kajen ana ing ngarsane Gusti Allah lan ana ing ngarepe manungsa. 5 Kumandela marang Pangeran Yehuwah klawan gumolonging atimu, lan aja sumendhe marang pangretenmu dhewe. 6 Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane, temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu. 7 Aja rumangsa pinter dhewe, wedi lan asiha marang Sang Yehuwah lan ngedohana piala, 8 iku kang bakal marasake awakmu, sarta nyegerake balung-balungmu. 9 Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu; 10 temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber, lan pamipitanmu luber anggure. 11 He anakku, aja nampik marang pamerdine Sang Yehuwah, lan aja bosen marang pepengete, 12 awitdene Pangeran Yehuwah iku matrapi sapa wong kang disihi, iya kaya bapa anggone matrapi marang anak kang ditresnani. 13 Rahayu wong kang tampa kawicaksanan, wong kang oleh kapinteran, 14 awitdene oleh-olehane kawicaksanan iku ngluwihi oleh-olehane salaka, lan pikolehe ngungkuli emas. 15 Ajine ngluwihi raja-peni, apa bae kang kokkarepake ora bisa madhani. 16 Tangane tengen nggegem umur dawa, kang kiwa nyekel kasugihan lan kaurmatan. 17 Dalane iku kebak kabegjan, lan sakehe lurunge anane mung tentrem. 18 Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekel sarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja. 19 Klawan kawicaksanan Sang Yehuwah anggone nalesi bumi, sarta anggone netepake langit kalawan pangreten, 20 marga saka kawasisane Gusti Allah, banyuning sagara dipencarake, lan mendhung netesake ebun. 21 He anakku, panglimbang lan kawicaksanan aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu, iku simpenen, 22 iku bakal dadi uripe nyawamu, lan minangka rerenggane gulumu. 23 Lakumu ana ing dalanmu bakal slamet, lan sikilmu ora bakal kesandhung. 24 Samangsa kowe turon, bakal ora kaget, nanging bisa leyeh-leyeh lan turu kepenak. 25 Aja wedi marang pagiris kang tekane dadakan, utawa marang karusakane wong duraka, samangsa nekani. 26 Awitdene Sang Yehuwah kang bakal dadi andel-andelmu, lan kang bakal rumeksa marang sikilmu supaya aja nganti kejiret. Pamrayoga supaya nindakake kabecikan 3:27-35 27 Aja nggondheli kabecikan marang wong kang wenang nampani, mangka kowe bisa tumindak mangkono. 28 Kowe aja nyelathoni pepadhamu: “Lungaa, lan balia, sesuk bakal dakwenehi,” mangka nyatane kowe duwe apa kang dijaluk. 29 Aja ngrancang gawe piala marang pepadhamu, awit anggone tetunggalan karo kowe tanpa sanggarunggi. 30 Aja padu karo wong tanpa sabab; manawa ora nandukake piala marang kowe. 31 Aja meri marang wong kang ambek siya, lan aja milih dalane, sanajan mung siji bae kang kokpilih; 32 awitdene wong kang laku nasar iku nistha tumrap Sang Yehuwah, nanging karo wong kang temen pasrawungane raket. 33 Omahe wong duraka iku kanggonan laknate Sang Yehuwah, nanging panggonane wong mursid diberkahi. 34 Para wong ambek memoyok iku dipoyoki dening Panjenengane, nanging para wong kang andhap asor iku dikasihi. 35 Wong wicaksana bakal oleh warisan kaurmatan, nanging wong punggung bakal tampa pamoyok. Pitutur supaya ngupaya kawicaksanan 4:1-27 4 1 He bocah-bocah, padha ngrungokna pamerdining bapa, lan titenana supaya kowe bisa oleh pangreten, 2 awitdene piwulang kang becik kang dakwenehake marang kowe, aja padha ninggal marang pituduhku. 3 Marga nalika aku isih bocah tunggal saomah karo bapakku, aku ringkih lan dadi anak ontang-antinge ibuku; 4 aku diwulang bapakku, pituture mangkene: “Atimu dimen nggondheli tembung- tembungku; pituturku tetepana, temah kowe bakal urip; 5 mbudidayaa supaya oleh kawicaksanan, marsudia supaya oleh pangreten, aja ndleya lan aja nyimpang saka tembung-tembung kang metu saka ing cangkemku. 6 Aja nyingkur marang kawicaksanan, temah kowe bakal direksa, iku tresnanana, temah kowe bakal digumateni. 7 Wiwitane kawicaksanan iku: marsudia supaya oleh kawicaksanan, lan mbudidayaa oleh pangreten srana sabarang kang wus kokdarbeni. 8 Iku ajenana, temah kowe bakal diluhurake, manawa kokrangkul, kowe bakal kadadekake kajen keringan. 9 Sirahmu bakal dietrapi oncen-oncen kembang kang endah, sarta kowe bakal diwenehi makutha kang adi.” 10 He anakku, rungokna lan tampanana pituturku, temah bakal dawa umurmu. 11 Kowe dakwulang bab dalane kawicaksanan, daktuntun lakumu ana ing dalan kang lurus. 12 Manawa kowe lumaku, jangkahmu bakal ora dialang-alangi, manawa lumayu, ora bakal kesandhung. 13 Manuta marang pamerdi, aja kokeculake, iku reksanen, marga iya iku uripmu. 14 Aja ngambah dalane wong duraka, lan aja tumapak ing lurunge wong ala. 15 Dalan iku dohana, aja metu ing kono, nyimpanga lumakua terus, 16 awit wong iku padha ora bisa turu, yen durung nindakake piala, ngantuke ilang, yen durung gawe kesandhunge wong; 17 awit padha mangan roti pametuning duraka, sarta ngombe anggur pametune ambek siya. 18 Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange. 19 Dalane wong duraka iku kaya pepeteng, padha ora sumurup apa kang marakake kesandhung. 20 He anakku, nggatekna tembungku, kupingmu telingna marang apa kang dakucapake: 21 kabeh iku aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu, simpenen ana ing sajroning telenge atimu; 22 awit iku dadi panguripane wong kang nemu, lan dadi kawarasaning badane sakojur. 23 Atimu reksanen kanthi waspada, awit iku etuking panguripan. 24 Cangkem kang cidra singkirna saka ing awakmu, lan lambe kang kablinger buwangen kang adoh. 25 Mripatmu kareben terus mandeng mangarep, lan pandelenge mripatmu tansah katujokna mangarsa. 26 Metua ing dalan kang rata, sarta sakehe lakumu diajeg. 27 Aja menggok mangiwa utawa manengen, sikilmu edohna saka ing piala. Pitutur bab laku jina 5:1-23 5 1 He anakku, nggatekna marang kawicaksananku, kupingmu tilingna marang kapinteran kang dakwulangake, 2 supaya kowe gondhelan ing kawicaksanan, lan lambemu ngemota kawasisan. 3 Awit lambene wong wadon tunasusila netesake madu, lan cethake lunyu ngungkuli lenga; 4 nanging wekasane pait kaya rempelu, lan landhepe kaya pedhang kang mempan kiwa-tengen, 5 tumapaking dlamakane mudhun menyang pati, jangkahe anjong marang jagading wong mati. 6 Lakune ora metu ing dalaning urip, lakune nasar ora kanthi disumurupi. 7 Awit saka iku, he bocah-bocah, padha ngrungokna tembung-tembungku, aja nyimpang saka pituture cangkemku. 8 Lakumu ngedohana wong wadon mau, lan aja nyedhaki lawanging omahe, 9 supaya kanomanmu aja kokpasrahake marang wong liya, lan umurmu marang kang ambek siya; 10 supaya wong liya aja nganti maregi awake srana kasugihanmu, lan pituwasing kangelanmu aja nganti tumiba marang wong kang ora kokwanuhi, 11 lan ing wekasane kowe bakal sambat- sambat, yen daging lan awakmu padha rusak kabeh; 12 sarta pangucapmu: “Yagene aku kok gething marang pamerdi, lan atiku kok nampik pameleh, 13 yagene aku ora ngrungokake pituture para guruku, lan ora nilingake marang tembunge kang padha mulang aku? 14 Meh bae aku kejlungup ing sawernaning bilai ana ing satengahing pasamuwan lan pakumpulan.” 15 Kowe ngombea banyu ing kulahmu dhewe, ngombea saka ing sumurmu kang ngumbul. 16 Apa pantes manawa sumbermu luber kaya kalen-kalen menyang ing ara-ara. 17 Iku mung dadia duwekmu dhewe, aja nganti ana wong kang melu nduweni. 18 Sendhangmu muga diberkahana, bungaha karo somahmu jaka-lara. 19 Menjangan kang manis, kidang kang ayu muga susune iku tansah maremake kowe, muga katresnane iku kang ngenyutake kowe. 20 He anakku, yagene kowe nganti kepencut marang wong wadon tuna-susila, lan ngrangkul dhadhane wong wadon liya? 21 Amarga Pangeran Yehuwah ora kasamaran marang sakehe tumindake wong, sarta mirsani sakehing pratingkahe manungsa. 22 Wong duraka ketangkep ing sajroning pialane, lan kejiret ing talining dosane dhewe. 23 Wong iku mati, marga ora oleh pamerdi, lan kesasar marga saka bangeting bodhone. Pitutur warna-warna 6:1-19 6 1 He anakku, manawa kowe nanggung pepadhamu, lan gawe prajanjian karo wing liya; 2 manawa kowe kejiret ing tembungmu dhewe, kena kala ing tembunge cangkemmu dhewe, 3 nuli, he anakku, tumindaka mangkene, lan ngluwarana awakmu, marga kowe wus tumiba ing regemane pepadhamu, lungaa, jengkenga, lan njaluka kawelasan kalawan banget marang pepadhamu iku, 4 aja ngolehake mripatmu ngliyep, lan tlapukanmu aja oleh ngantuk, 5 awakmu luwarana kaya menjangan saka ing tangane wong mbebedhag, kaya manuk saka ing tangane kang mikat. 6 He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter. 7 Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin, ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni, 8 iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panen. 9 He wong kesed, nganti pira lawase anggonmu klemahan, besuk apa anggonmu tangi turu? 10 “Turu sadhela engkas, ngantuk sadhela engkas, nekuk tangan arep nglegeyeh sadhela engkas.” 11 Kowe nuli bakal katekan kamiskinan kaya wong kang nempuh, lan kacingkrangan kayadene wong kang sikep gegaman. 12 Tanpa guna lan nistha wong kang urip kalawan cangkem kang cidra, 13 kang mripate kedhep-kedhep, kang muter-muter sikile lan nyasmitani srana drijine, 14 kang atine ngangen-angen kaculikan, kang tansah ngrantam-rantam piala, lan kang njalari tukar padu; 15 mulane banjur dadakan katempuh ing bilai, sadhela bae rusak lan ora bisa dipulihake maneh. 16 Nem prakara iki kang disengiti dening Pangeran Yehuwah, malah pitung prakara kang dadi jejember tumrap galihe; 17 iya iku mripat gumunggung, ilat cidra, tangan kang ngwutahake getihe wong kang ora salah; 18 ati kang ngrantam-rantam piala, sikil kang enggal-enggal marani piala, 19 seksi palsu, kang ngucapake ujar pagorohan, sarta kang njalari ecrahe sadulur. Pitutur bab laku bandrek 6:20--7:27 20 He anakku, pepakone bapakmu estokna, lan aja ninggal piwulange ibumu. 21 Iku kabeh tansah kumanthila ana ing atimu, lan kalungna ing gulumu. 22 Samangsa kowe lumaku, kowe bakal dipimpin, lan samangsa kowe turu, ditunggu, yen kowe tangi, bakal diajak guneman. 23 Dene pepakon iku minangka damar, lan piwulang iku minangka pepadhang, sarta pameleh kang isi pamerdi iku dalaning urip, 24 bakal ngayomi kowe saka wong wadon tuna-susila, lan ilate wong wadon liya kang lunyu. 25 Aja kayungyun marang ayune ing sajroning atimu, aja nganti ketarik dening idepe. 26 Marga kanggone wong wadon tuna-susila, kang diprelokake iku anggone bisa oleh rejeki, nanging bojoning liyan mburu nyawa kang adi. 27 Apa bisa wong nggembol geni ana ing klambine lan ora kobong sandhangane? 28 Utawa apa iya wong mlaku ing sandhuwure mawa, kok ora gosong sikile? 29 Mangkono uga wong kang nyedhaki somahe pepadhane; ora ana wong siji-sijia kang nggepok wong wadon iku, kok luput ing paukuman. 30 Maling apa ora bakal diremehake, yen anggone maling iku mung marga arep nuruti pepenginane, marga saka keluwen? 31 Sarta manawa kecekel, kudu nglironi tikel pitu, apa saisining omahe ditombokake. 32 Sing sapa laku jina iku tanpa budi, kang nindakake mangkono iku ngrusak awake dhewe. 33 Siksa lan wirang dadi pituwase, kawirangane ora bisa ilang. 34 Marga butarepan iku panasing atine wong lanang, samangsa males tanpa duwe rasa welas. 35 Wong iku ora gelem nampani tebusan apa bae, sanadyan pira bae pawewehmu, tetep ora bakal ditampani. 7 1 He anakku, estokna pituturku, sarta pepakonku simpenen ing atimu. 2 Pepakonku gugunen, temah kowe bakal urip, lan wulangku emi-eminen kaya maniking mripatmu. 3 Talenana kabeh iku ing drijimu, sarta tulisana ana ing papaning atimu. 4 Kawicaksanan iku celathonana: “Kowe iku sadulurku,” lan pangreten iku anggepen sanakmu, 5 supaya kowe diayomana saka wong wadon tuna-susila, sarta wong wadon liya, kang alus pambujuke. 6 Awit nalika aku pinuju ngungak saka ing cendhelaning omahku, nginjen saka ing rujining omahku, 7 aku weruh ing antarane wong kang ora duwe pangalaman, aku sumurup ing antarane para nomnoman ana sawijining jaka kang tanpa budi, 8 mbeneri nyabrang ana ing sacedhake pojok lurung, jumangkah marani omahe wong wadon kang kaya mangkono mau, 9 wayahe repet-repet sore, ngarepake bengi kang peteng. 10 Lah tumuli ana wong wadon methukake, kang nganggo sandhangan wong wadon tuna-susila, kang julig atine; 11 grapyak sarta criwis wong wadon iku, sikile ora bisa jenjem ana ing omah: 12 sadhela ana ing lurung, sadhela engkas ana ing alun-alun, ngadhang ana ing saben enggok- enggokan. 13 Wong nom mau banjur dicekel lan diambung, kanthi polatan tanpa rikuh-pakewuh, celathu mangkene: 14 “Kula saweg saos kurban kawilujengan, ing dinten punika kula mentas ngluwari punagi, 15 mila kula medal methuk panjenengan, pancen badhe madosi panjenengan, lan sapunika kula saged pinanggih panjenengan. 16 Patileman kula sampun kula gelari babut, kain lena manca-warni damelan Mesir. 17 Patileman kula sampun kula sebari: mur, gaharu kaliyan manis jangan. 18 Mangga sami ngumbar katresnan ngantos enjing, sami kasukan mangun sih. 19 Awit semah kula boten wonten ing griya, ngleresi kekesahan tebih, 20 mbekta arta sakanthong, wangsulipun saweg mbenjing ngajengaken wulan purnama.” 21 Wong nom mau dibujuk srana tembunge manis, digodha klawan pangungruming lambene. 22 Dumadakan wong nom mau banjur ngetutake wong wadon iku kaya sapi dituntun menyang pajagalan, sarta kaya wong bodho kang dibanda arep kaukum; 23 nganti ana panah kang nunjem ing atine, iya kaya manuk kang marani kala kalawan rerikatan, ora ngreti yen uripe kaancam ing bebaya. 24 Mulane, he bocah-bocah, padha ngrungokna pituturku, tilingna tembung-tembunging cangkemku. 25 Atimu aja nganti kagendeng marang dalane wong wadon iku, aja nasarake awakmu dhewe ana ing dalan-dalane. 26 Marga wus akeh wong kang tiwas dening wong wadon iku, sarta akeh banget cacahe wong kang dipateni. 27 Omahe iku dalan kang anjog ing jagading wong mati, kang mudhun menyang ing senthong- senthonging pati. Pamejange kawicaksanan 8:1-36 8 1 Kawicaksanan rak nguwuh-uwuh, lan kapinteran rak ngetokake swarane? 2 Ing panggonan kang dhuwur ing pinggir dalan, ana ing simpangane lurung-lurung, ana ing kono enggone jumeneng, 3 ana ing sandhinge gapura sangarepe kutha, ana ing dalan lumebu anggone nguwuh- uwuh kalawan sora, pangandikane: 4 “He para wong lanang, sira kang Sunpituturi, marang para anaking manungsa, swaraningSun Suntujokake. 5 He wong ora duwe pangalaman, padha ngupayaa kapinteran, he para wong ndableg, padha mangretenana iku ing sajroning atimu. 6 Padha ngrungokna, awit Ingsun bakal ngandikakake prakara kang jero, lan arep mbikak lathiningSun lan nglairake prakara kang bener. 7 Awit lidhahingSun nggelarake kabeneran, lan duraka iku kanisthan tumrap lathiningSun. 8 Apa kang metu saka ing lesaningSun iku adil, ora pisan-pisan ana kang mlinthat-mlinthut utawa cidra. 9 Kabeh iku cetha tumrape wong kang pinter, sarta bener ingatase kang duwe kawruh. 10 PamerdiningSun iku tampanana ngluwihi salaka, lan kawasisan ngluwihi mas murni. 11 Awitdene kawicaksanan iku ajine ngungkuli raja-peni, sarta apa bae kang dikepengini wong, ora ana kang madhani. 12 Mungguh Ingsun, Sang Wicaksana, nunggal bebarengan karo kapinteran, lan Ingsun nemokake kawruh lan kawicaksanan. 13 Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala, Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala, apadene cangkem kang kebak cidra. 14 Pitutur sarta panglimbang iku kagunganingSun, Ingsun kang kagungan pangreten, lan Ingsun kang kagungan kakiyatan. 15 Para raja anggone mrentah marga saka Ingsun, mangkono uga para panggedhe anggone nindakake pangadilan. 16 Para panggedhe anggone kadunungan pangwasa iku marga saka Ingsun, mangkono uga para luhur lan sakehe hakim ing sajagad. 17 Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsun lan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu. 18 Kasugihan lan kaluhuran iku ana ing pamengkuningSun, uga bandha kang tetep lan kaadilan. 19 WohingSun iku ngungkuli emas, malah ngluwihi mas tulen, pametuningSun iku ngluwihi salaka pilihan. 20 Ingsun tindak ana ing dalaning kabeneran, ing tengah-tengahe lurung kaadilan, 21 supaya wong kang tresna marang Ingsun padha Sunparingi warisan bandha, sarta papan pasimpenane bakal Sunkebaki. 22 Ingsun wus katitahake dening Pangeran Yehuwah dadi wiwitaning pakaryane, minangka pandamele kang kawitan ing jaman kuna. 23 Ingsun wus kaanakake nalika jaman purwa, iya ing wiwitan mula, sadurunge bumi ana. 24 WiyosingSun sadurunge banyu samodra agung ana, sadurunge ana sumber-sumber kang luber banyune. 25 Sadurunge gunung-gunung tumanceb lan sadurunge ana punthuk-punthuk Ingsun wus miyos. 26 Iya sadurunge panjenengane nitahake dharatan lan ara-ara, malah durung ana bledug kang kawitan. 27 Nalika Panjenengane ngrancang anane langit, Ingsun ana ing kono, iya ing kalane nyipat sikiling langit ana ing lumahe samodra agung, 28 iya ing kalane netepake mega-mega ing dhuwur, lan kalane sumbering samodra agung wiwit padha mbludag klawan santer, 29 nalika Panjenengane nemtokake watesing segara, supaya banyu aja nganti nerak dhawuhe, lan ing kalane masang dhasaring bumi. 30 Ingsun dadi putra kekasihe kang nyarengi Panjenengane, sadina-dina Ingsun damel renaning panggalihe, tansah dolanan ana ing ngarsane. 31 Ingsun dolanan ana ing bumi kagungane, sarta para anaking manungsa padha dadi kalangenaningSun. 32 Mulane, he bocah-bocah, padha rungokna dhawuhingSun, awit rahayu wong kang padha rumeksa marang dalan-dalaningSun. 33 Nilingna pamerdi, temah sira dadi wicaksana, aja sira lirwakake. 34 Rahayu wong kang ngrungokake sadhawuhingSun, kang sadina-dina caos ana ing lawangingSun, lan jaga ana ing pipining gapuraningSun. 35 Amarga sapa kang nemu Ingsun, iku nemu urip, sarta pesthi oleh sihe Pangeran Yehuwah. 36 Balik sing sapa ora nemu Ingsun, iku mitunani awake dhewe, sakehe wong kang sengit marang Ingsun, iku nresnani pati. Ulemane kawicaksanan lan ulemane kabodhoan 9:1-18 9 1 Kawicaksanan wus yasa daleme, lan wus ngedegake sakane pitu, 2 wus mragat kewane sembelehan, wus nyampur anggure, lan wus nyawisake pasugatane. 3 Para abdine wadon wus padha didhawuhi nguwuh-uwuh ana ing papan kang dhuwur ing kutha, panguwuhe: 4 “Sapa kang ora duwe pangalaman, padha mrenea,” lan para wong kang cupet ing budi, didhawuhi mangkene: 5 “Mara padha mangana roti peparingSun, lan ngombea anggur kang wus Suncampur; 6 ninggala kabodhoan, supaya padha urip, lan nuruta dalane pangreten.” 7 Sing sapa mulang wong kang ambek memoyok, iku nekakake pamoyok marang awake dhewe, lan sing sapa melehake wong duraka, oleh panacad. 8 Aja melehake wong ambek memoyok, supaya kowe ora disengiti, wong wicaksana iku welehna, kowe bakal ditresnani. 9 Wong wicaksana pituturana, temah kawicaksanane mundhak, wong mursid wulangen, temah bakal mundhak kawruhe. 10 Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, lan wanuh marang Kang Mahasuci iku pangreten. 11 Marga saka Ingsun umurira kawuwuhan, lan taun-tauning uripira katambahan. 12 Manawa sira wicaksana, kawicaksananira iku kanggo sira dhewe, sarta manawa sira ambek memoyok, iku sira dhewe kang bakal nanggung. 13 Wong wadon bodho iku criwis, banget anggone ora duwe pangalaman lan ora duwe isin. 14 Lungguh ana ing ngarepe lawange omahe, ana ing kursi ing papan-papan kang dhuwur ing kutha, 15 lan wong kang padha lumaku liwat ing dalan, kang jujur lakune padha diundang, celathune: 16 “Sapa kang ora duwe pangalaman, iku padha mrenea,” lan wong kang cupet budine iku dituturi: 17 “Banyu colongan iku legi, lan roti kang dipangan kalawan ndhelik-ndhelik iku enak.” 18 Mangka wong kang cupet ing budi mau ora sumurup yen ing kono dununge arwah-arwah lan wong-wong kang diampirake wong wadon mau ana ing jagade wong mati. Wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman 10:1--22:16 10 1 Wulang bebasan anggitane Prabu Suleman, Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne, nanging anak kang goblog iku gawe prihatine biyunge. 2 Raja-brana, oleh-olehane tindak duraka iku ora maedahi, nanging kabeneran iku nguwalake wong saka ing pati. 3 Sang Yehuwah ora negakake wong bener nandhang keluwen, nanging pepenginane wong duraka ditampik. 4 Tangan kang kendho marakake mlarat, nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih. 5 Sing sapa tetandho ing mangsa panas, iku pinter, nanging kang turu bae ing mangsa panen, iku gawe isin. 6 Berkah iku manggon ana ing sirahe wong bener, nanging cangkeme wong duraka iku ndhelikake panganiaya. 7 Pangeling-eling marang wong bener iku ngolehake berkah, nanging jenenge wong duraka dadi bosok. 8 Sing sapa wicaksana ing ati, iku nggatekake marang pepakon, nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba. 9 Sing sapa resik kalakuane iku tentrem lakune, nanging kang tumindak mlinthat-mlinthut, bakal konangan. 10 Sing sapa kedhep-kedhep mripate, iku nukulake kasusahan, nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba. 11 Cangkeme wong bener iku sumbering urip, nanging cangkeme wong duraka, iku ndhelikake panganiaya. 12 Sengit marakake grejegan, katresnan nasabi sakehe panerak. 13 Lambene wong wasis iku ana kawicaksanane, nanging gegere wong tanpa budi iku kacawisan penthung. 14 Wong wicaksana iku tetandho kawruh, nanging cangkeme wong bodho iku karusakan kang ngancam. 15 Raja-darbene wong sugih iku minangka kuthane kang santosa, nanging kang njalari karusakane wong miskin iku kamlaratan. 16 Pituwas panggawene wong bener iku nuntun marang urip, oleh-olehane wong duraka iku nuntun marang dosa. 17 Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip, nanging kang nglirwakake marang pameleh iku kesasar. 18 Sing sapa ndhelikake sengite iku cidra lambene, sarta kang ngucapake pangala-ala iku wong gemblung. 19 Kang akeh guneme iku mesthi ana panerake, nanging kang mekak lambene iku kadunungan akal-budi. 20 Ilate wong bener iku kaya salaka pilihan, nanging pikirane wong duraka iku sathithik ajine. 21 Lambene wong bener iku dadi pangone wong akeh, nanging wong bodho mati, marga kacupetan budi. 22 Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe. 23 Kang dadi kabungahane wong gemblung iku manawa nglakoni pratingkah nistha, nanging wong pinter iku senenge manawa oleh kawicaksanan. 24 Wong duraka kataman apa kang disumelangake, nanging wong bener bakal kaparingan apa kang dikarepake. 25 Manawa katempuh ing lesus, wong duraka sirna, nanging wong bener iku tetales kang langgeng. 26 Kayadene cokak tumrap ing untu lan kukus tumrap ing mripat, iya mangkono iku wong kesed tumrap kang ngongkon. 27 Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku ndawakake umur, nanging taun-taune wong duraka iku dicendhakake. 28 Pangarep-arepe wong bener iku dadi kabungahan, nanging pangarep-arepe wong duraka dadi tanpa guna. 29 Margine Pangeran Yehuwah iku pangayoman tumrape wong kang jujur, nanging ing ngatase wong kang nglakoni piala dadi karusakan. 30 Wong bener ora bakal kaontang-antingake ing salawase, nanging wong duraka ora bakal manggon ing nagara. 31 Cangkeme wong mursid metokake kawicaksanan, nanging ilat rangkep iku dikethok. 32 Lambene wong bener sumurup samubarang kang ngresepake, nanging cangkeme wong duraka mung nglairake kaculikan. 11 1 Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah, nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge. 2 Samangsa piangkuh teka, pamoyok uga nututi, nanging kawicaksanan dumunung ana ing wong kang lembah manah. 3 Wong kang jujur iku katuntun dening katemenane, nanging wong cidra iku dirusak dening culikane. 4 Samangsa bebendu teka, kasugihan ora migunani, nanging kabeneran ngluwari saka ing pati. 5 Dalane wong mursid dirata dening kabenerane, nanging wong duraka tiba marga saka durakane. 6 Wong kang jujur kapitulungan dening kabenerane, nanging wong cidra iku kejiret dening hawa-nepsune. 7 Pangarep-arepe wong duraka gagal nalika dina patine, nanging pangajape wong ala bakal tanpa guna. 8 Wong bener kaentasake saka ing karubedan, wong duraka kang banjur nggenteni. 9 Wong duraka ngrusak pepadhane srana cangkeme, nanging wong bener kapitulungan dening kawruhe. 10 Kabegjane wong mursid, ndadekake kabungahane wong sakutha, lan samangsa wong duraka tumpes, wong padha rame surak-surak. 11 Berkahe wong jujur ndadekake mekaring kutha, nanging cangkeme wong duraka njalari gempure. 12 Sing sapa ngremehake pepadhane iku tanpa budi, nanging wong kang pinter iku meneng bae. 13 Sing sapa nenacad, iku ngeler wewadi, nanging wong setya nutupi prakara. 14 Yen tanpa pemimpin, bangsa ambruk, nanging manawa juru pirembug akeh banjur ana katentreman. 15 Sing sapa nanggung wong liya kang durung diwanuhi, iku bakal sangsara banget, nanging wong kang sengit marang tanggung jawab, iku slamet. 16 Wong wadon kang becik atine bakal kajen, dene wong kang nindhes iku oleh kasugihan. 17 Wong kang ambek darma mbeciki awake dhewe, nanging kang ambek siya iku niksa awake dhewe. 18 Wong duraka oleh bebathen kang muspra, nanging sing sapa nyebar kabeneran oleh ganjaran kang tetep. 19 Sing sapa nggondheli kabeneran kang sejati iku ngener marang urip, nanging sapa kang mburu piala iku marani pati. 20 Wong kang atine culika, iku nistha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nanging para wong kang tanpa cacad, ndadekake keparenge. 21 Sanyata, wong ala mesthi tampa ukuman, nanging turune wong bener bakal kapitulungan. 22 Kayadene anting-anting emas ana ing congoring babi, iya kaya mangkono iku wong wadon ayu kang ora susila. 23 Pangarep-arepe wong bener nekakake kabegjan, nanging pangarep-arepe wong duraka nekakake bebendu. 24 Ana kang ngawut-awut bandhane, nanging saya sugih, lan ana kang kumet banget, ewasamono tansah kekurangan. 25 Sing sapa kerep andum berkah, bakal nampani kaluberan, sing sapa aweh ngombe, bakal diwenehi ngombe. 26 Sing sapa ndhelikake gandum, mesthi diunek-unekake ing wong nanging wong kang nempurake gandum, sirahe bakal katekan berkah. 27 Sing sapa ngupaya kabecikan, iku ngudi supaya disenengi ing wong, nanging kang ngarah marang piala, bakal ketaman ing piala. 28 Sing sapa ngandelake marang kasugihane bakal ambruk, nanging wong bener bakal semi kaya godhong enom. 29 Sing sapa ngisruhake brayate, bakal oleh angin, wong bodho bakal dadi bature wong wicaksana. 30 Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong. 31 Manawa wong bener oleh piwales ana ing donya, mendahane maneh wong duraka lan wong dosa 12 1 Sing sapa dhemen diperdi iku seneng marang kawruh, nanging sing sapa nampik pameleh iku bodho. 2 Wong becik ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, nanging tukang ngapusi iku mesthi diukum. 3 Manungsa ora bisa dadi santosa srana durakane, nanging oyode wong bener ora owah gingsir. 4 Wong wadon kang pinter iku minangka makuthane kang lanang, nanging kang gawe wirang iku prasasat lelara kang ngroposake balunge. 5 Rancangane wong bener iku adil, nanging pangrantame wong duraka iku cidra. 6 Tembunge wong duraka iku ngajap getih, nanging tembunge wong temen iku mitulungi. 7 Para wong duraka padha ditibakake nganti sirna, nanging omahe wong bener iku lestari ngadeg. 8 Saben wong iku enggone kaalembana manut bebudene, nanging wong cidra iku karemehake. 9 Luwih becik dadi wong cilik, nanging nyambut gawe kanggo awake dhewe, katimbang karo wong kang kumaluhur- luhur, nanging kekurangan pangan. 10 Wong bener mikir marang kabutuhane kewane, nanging piwelase wong duraka iku daksiya. 11 Wong kang nggarap lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang mburu barang muspra iku tanpa budi. 12 Wong duraka kepengin nduweni jalane wong ala, nanging oyode wong mursid nekakake pangasilan. 13 Wong ala kejiret dening paneraking lambene, nanging wong bener bisa oncat saka ing karubedan. 14 Saben wong kawaregan kabecikan marga saka wohing tembunge, lan wong tampa wewales saka panggawene tangane. 15 Wong bodho ngarani lakune dhewe wus becik, nanging sapa kang nampani pituduh iku wicaksana. 16 Wong kang mratelakake laraning atine sanalika iku uga, iku bodho, nanging wong kang ora mreduli marang pamoyok iku wicaksana. 17 Wong kang nglairake kabeneran iku mratelakake apa kang adil, nanging seksi goroh nglairake kaculikan. 18 Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang, nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan. 19 Lambe kang nglairake katemenan iku tetep ing salawase, nanging ilat cidra mung kanggo sakedhap netra. 20 Wong kang ngrancang piala iku atine ngandhut kaculikan, nanging wong kang mituturi bab karaharjan iku nemu kabungahan. 21 Wong bener ora bakal ketaman bilai apa bae, nanging wong duraka iku tansah sangsara. 22 Lambe kang cidra iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah, nanging wong kang setya-tuhu iku ndadekake keparenge. 23 Wong kang wicaksana iku ndhelikake kawruhe, nanging atine wong bodho mamerake kabodhoane. 24 Tangane wong sregep iku nyekel pangwasa, nanging kang kesed kena ing pagawean peksan. 25 Sumelanging ati ndadekake wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadekake senenge atine. 26 Wong bener iku nemu papan panggonane, nanging dalane wong duraka nasarake awake dhewe. 27 Wong kesed ora bakal nyekel kang kaburu, nanging wong sregep bakal oleh barang kang pangaji. 28 Urip iku tinemu ana ing dalaning kabeneran, nanging dalane pamurtad anjog marang ing pati. 13 1 Anak kang wicaksana ngrungokake marang pamerdine bapakne nanging wong ambek memoyok ora ngrewes marang pameleh. 2 Wong iku mesthi mangan kang becik saka tembunge, nanging karepe wong cidra iku awujud tindak panganiaya. 3 Wong kang njaga cangkeme, iku ngreksa nyawane, sapa kang crawak, iku bakal katempuh ing karusakan. 4 Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan. 5 Wong kang bener iku sengit marang goroh, nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe. 6 Wong kang lakune saleh iku kareksa dening kabenerane, nanging kang gawe dosa digawe sangsara dening durakane. 7 Ana wong kang sumugih-sugih, nanging ora duwe apa-apa, ana uga kang ethok-ethok miskin, mangka bandhane akeh. 8 Kasugihan iku kanggo nebus nyawane wong, nanging wong miskin ora bakal krungu pangancam. 9 Pepadhange wong bener iku sumorot gumebyar, nanging damare wong duraka bakal mati. 10 Ambek kumingsun iku mung marakake grejegan, nanging wong kang ngrungokake pitutur kadunungan kawicaksanan. 11 Bandha kang gampang olehe, mesthi bakal suda, nanging wong kang tlaten nglumpukake saka sathithik, bakal dadi sugih. 12 Pangarep-arep kang kasumenekake, gawe sedhihing ati, nanging pepenginan kang katutugan iku wit panguripan. 13 Sing sapa ngremehake pangandika, iku bakal nanggung akibate, nanging sapa kang manut marang prentah, iku bakal tampa piwales. 14 Piwulange wong wicaksana iku sumbering urip, ndadekake wong ora kena ing kalaning pati. 15 Budi kang utama ngolehake sih, nanging dalane wong cidra iku ndadekake cilakaning wong iku. 16 Wong kang prayitna tumindak kanthi kawasisan, nanging wong bodho ngetokake bodhone. 17 Utusan kang duraka iku njalari cilaka, nanging duta kang setya nekakake kuwarasan. 18 Kamlaratan lan pamoyok iku bakal nempuh marang wong kang nglirwakake marang pamerdi, nanging sing sapa nampani pameleh iku kajen. 19 Pepenginan kang katutugan iku nyenengake ati, nanging wong gemblung ora gelem ninggal piala. 20 Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara. 21 Wong dosa diburu ing bilai, nanging wong bener iku diwales kabegjan dening Panjenengane. 22 Wong becik ninggali warisan marang anak-putune, nanging barang darbeke wong dosa iku dicadhangake kanggo wong bener. 23 Tegale wong miskin metokake pangan akeh, nanging ana kang ilang marga ora ana kaadilan. 24 Sapa kang ora migunakake gitik, iku sengit marang anake, mangka kang asih marang anake iku aweh pamerdi ing kalamangsane. 25 Wong bener mangan nganti wareg, nanging wetenge wong duraka ngrasakake kekurangan. 14 1 Wong wadon kang wicaksana iku mbangun omahe, nanging kang bodho ngrubuhake omahe klawan tangane dhewe. 2 Sing sapa lumaku klawan jujur iku wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, nanging kang lakune kesasar iku ngremehake Panjenengane. 3 Ing sajroning cangkeme wong bodho ana penjalin kanggo ing gegere, nanging wong wicaksana iku kareksa dening lambene. 4 Manawa ora ana sapi, uga ora ana gandum, nanging kalawan karosane sapi pametune akeh. 5 Seksi kang setya iku ora goroh, nanging kang ngucapake cidra iku seksi goroh. 6 Wong ambek memoyok golek kawicaksanan ora oleh, nanging wong kang limpad ing budi, gampang oleh kawruh. 7 Ngedohana wong gemblung, marga lambene ora bakal nglairake kawasisan. 8 Kang dadi kawicaksanane wong pinter iku anggone ngreti marang dalane dhewe, nanging wong bodho iku diapusi dening bodhone. 9 Wong bodho moyoki marang kurban panebuse, nanging wong jujur padha wales-winales ing kabecikan. 10 Ati iku ngrasakake kasusahane dhewe, dene wong liya ora bisa melu ngrasakake kabungahane. 11 Omahe wong duraka bakal sirna, nanging tarube wong jujur bakal mekar. 12 Ana dalan kang dikira lenceng dening wong, mangka wekasane anjog marang ing pati. 13 Ing sajroning gumuyu ati uga bisa ngrasakake sedhih, sarta wekasane kabungahan iku bisa kaprihatinan. 14 Wong kang atine murtad, kawaregan dening lakune dhewe, dene wong becik dening sabarang kang diduweni. 15 Wong kang ora duwe pangalaman ngandel sabarang ujar, nanging wong kang wicaksana iku nggatekake lakune. 16 Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala, nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem. 17 Sing sapa gampang nepsu, iku tumindak tanpa budi, nanging wong wicaksana iku sabar. 18 Wong kang tanpa pangalaman pituwase kabodhoan, nanging wong wicaksana iku kamakuthan kawruh. 19 Wong ala padha tumungkul ana ing ngarepe wong becik, lan wong duraka ana ing ngarepe regole wong bener. 20 Wong miskin iku kasengitan uga dening kancane, nanging wong sugih akeh mitrane. 21 Sing sapa ngremehake pepadhane iku gawe dosa, nanging rahayu wong kang melasi marang wong kang kasangsaran. 22 Apa wong kang ngrantam-rantam piala iku dudu wong nasar? Nanging kang ngrancang kabecikan iku nampani sih lan kasetyan. 23 Angger kangelan mesthi ana pituwase, nanging tembung kang kothong iku mung nuntun marang kacingkrangan thok. 24 Kang dadi makuthane wong wicaksana iku kapinteran, nanging wong gemblung iku mamerake bodhone. 25 Seksi kang setya mitulungi uripe, nanging kang ngucapake goroh iku wong cidra. 26 Ing sajroning wedi-asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe, malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane. 27 Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sumbering urip, temah wong ora kena ing jireting pati. 28 Kamulyane ratu iku marga saka kehing rakyate, nanging tanpa rakyat paprentahan rusak. 29 Wong kang sabar iku gedhe pangretene, nanging wong kang gampang nepsu iku nggedhekake kabodhoan. 30 Ati kang sareh iku nyegerake awak, nanging watak drengki iku ngroposake balung. 31 Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake, nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane. 32 Wong duraka bakal dirubuhake marga saka pialane, dene wong bener oleh pangungsen marga saka tulusing atine. 33 Kawicaksanan manggon ing atine wong kang mawa budi, nanging iku ora tinemu ana ing atine wong gemblung. 34 Kabeneran iku ngunggahake drajating bangsa, nanging dosa iku dadi cacading bangsa. 35 Abdi kang mawa budi ndadekake keparenge Sang Prabu, nanging kang mirangake iku bakal nampani dedukane. 15 1 Wangsulan kang sareh nglejarake nepsu, nanging tembung sengak nuwuhake kanepson. 2 Ilate wong wicaksana nglairake kawasisan, nanging cangkeme wong gemblung ngluberake kabodhoan. 3 Tingale Pangeran Yehuwah iku nyrambahi ing saenggon-enggon, nguningani wong ala lan wong becik. 4 Ilat kang sareh iku wit panguripan, nanging ilat cidra gawe tatuning ati. 5 Wong bodho nampik pamerdine bapakne, nanging kang gelem nampani pameleh iku wicaksana. 6 Ing omahe wong bener ana raja-brana akeh, nanging pituwase wong duraka iku nekakake karusakan. 7 Lambene wong wicaksana nyebar kawruh, nanging atine wong gemblung iku ora jujur. 8 Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge. 9 Dalane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging wong kang ngupaya kabeneran iku dikasihi. 10 Wong kang nyleweng saka dalan kang bener oleh pamerdi kang keras, dene sing sengit marang pameleh bakal mati. 11 Jagading wong mati lan karusakan iku ora kaling-kalingan ana ing tingale Sang Yehuwah, mendahane maneh atine para anake manungsa. 12 Wong ambek memoyok emoh diwelehake, iya ora gelem marani wong wicaksana. 13 Ati seneng mbingarake polatan, nanging ati kang sedhih ngendhokake semangat. 14 Atine wong piter ngupaya kawruh, nanging cangkeme wong gemblung ribut karo kabodhoane. 15 Wong kang nandhang kasusahan iku dinane ala kabeh, nanging atine wong seneng iku prasasat pista ajegan. 16 Luwih becik barang sathithik kang dikantheni wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, tinimbang karo kasugihan akeh kang dikantheni sumelang. 17 Luwih becik jangan sapiring kanthi katresnan, tinimbang karo sapi lemu kang klawan sesengitan. 18 Wong brangasan marakake grejegan, nanging wong sabar ngendhakake para padu. 19 Dalane wong kesed iku kayadene pager eri, nanging dalane wong jujur iku rata. 20 Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne, nanging wong kang gemblung ngremehake biyunge. 21 Kabodhoan iku dadi kasenengane wong kang tanpa budi, nanging wong pinter mlaku ana ing dalan kang bener. 22 Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan, nanging bakal kaleksanan manawa dikantheni juru pirembug akeh. 23 Wong bakal bungah marga wangsulan kang kelair, lan iba becike tembung kang patitis ing wektu kang cocog. 24 Dalaning uripe wong mawa budi iku ngener mandhuwur, supaya bisa ngedohi jagading wong mati kang ana ing ngisor. 25 Omahe wong gumunggung bakal dijugrugake dening Pangeran Yehuwah, nanging watese palemahane randha iku ditetepake. 26 Rancangane wong ala iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah, nanging tetembungan kang manis iku kaanggep suci. 27 Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe, nanging kang sengit marang besel iku bakal urip. 28 Atine wong bener nimbang-nimbang wangsulane, nanging cangkeme wong duraka mbludag piala. 29 Pangeran Yehuwah iku adoh saka wong duraka, nanging pandongane wong bener dipiyarsakake. 30 Sumunaring mripat mbungahake ati, sarta pawarta kang becik nyegerake balung. 31 Wong kang nilingake pameleh kang marakake urip, iku bakal manggon ana ing tengahe para wong wicaksana. 32 Sing sapa nglirwakake pamerdi iku mbuwang awake dhewe, nanging kang ngrungokake pameleh iku oleh kawasisan. 33 Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan, lan andhap-asor iku bebukaning kajen. 16 1 Manungsa bisa nimbang-nimbang ing sajroning ati, nanging wangsulane ilat iku asale saka Sang Yehuwah. 2 Wong padha ngarani resik marang dalane, manut wawasane dhewe, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati. 3 Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah, temah sakehe rancanganmu bakal kelakon. 4 Pangeran Yehuwah anggone nitahake samubarang iku kanthi tujuane dhewe-dhewe, malah wong duraka iku kapesthekake kanggo dinane bilai. 5 Sing sapa lumuhur-luhur iku nistha tumraping Pangeran Yehuwah, sanyata, wong iku ora bakal mlesed saka ing paukuman. 6 Katresnan lan kasetyan iku njalari dosa kaapura, sarta wedi-asih marang Sang Yehuwah iku margane wong ngedohi piala. 7 Manawa ana wong kang lakune ndadekake keparenge Sang Yehuwah, iku dalasan satrune iya dirukunake karo wong mau. 8 Luwih becik pametu sathithik klawan kabeneran, tinimbang pametu akeh tanpa kaadilan. 9 Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane, nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune. 10 Putusan kang saka ing Gusti Allah, iku ana ing lathining ratu, manawa anggone ngadili lesane ora tumindak kliru. 11 Timbangan lan traju kang patitis iku kagungane Pangeran Yehuwah, lan sakehe bandhul-timbangan ing kanthong iku damelane. 12 Nistha ing ngatase raja yen nindakake duraka, dene kang nyantosakake dhampare iku kabeneran. 13 Lambe kang nglairake kabeneran iku ndadekake keparenge Sang Prabu, sarta panjenengane ngasihi wong kang tembung-tembunge jujur. 14 Dukaning ratu iku dutaning pati, mangka wong wicaksana ngendhakake bebendune. 15 Pasuryaning ratu kang sumunar iku njalari urip, lan kabecikane kaya mendhunge udan ing mangsa semi. 16 Oleh kawicaksanan iku pranyata banget ngluwihi oleh mas, lan oleh pangreten banget ngungkuli oleh salaka. 17 Ngedohi piala iku dalane wong jujur, sing sapa rumeksa marang tindake iku ngreksa nyawane. 18 Kumenthus iku pepucuking karusakan, lan gumunggung iku pucuking ambruk. 19 Becik ngesorake dhiri nunggal karo para wong andhap-asor, tinimbang karo ngedum rayahan ana ing tengahe wong gumunggung. 20 Sing sapa nggatekake pangandika bakal nemu becik, sarta rahayu wong kang kumandel marang Sang Yehuwah. 21 Wong wicaksana iku diarani duwe pangreten, lan tembung manis iku luwih bisa ngyakinake. 22 Kapinteran iku sumbering urip tumrap kang nduweni, wong bodho disiksa dening bodhone. 23 Atine wong wicaksana minterake cangkeme, lan marakake lambene luwih bisa ngyakinake. 24 Tetembungan kang sedhep iku kaya tala madu, rasane legi tumrap ing ati lan dadi tamba balung. 25 Ana dalan kang dikira bener dening wong, mangka pungkasane anjog marang pati. 26 Rasa luwe iku nyambut gawe kanggo si buruh, amarga cangkeme kang meksa wong iku. 27 Wong kang tanpa guna ndhudhuk luwang piala, sarta ing lambene kaya-kaya ana geni kang nggosongake. 28 Wong kang culika marakake grejegan, sarta wong kang mitenah iku misahake mitra kenthel. 29 Wong kang ambek siya nasarake pepadhane, lan nuntun marang dalan kang ora bener. 30 Sing sapa ngeremake mripate iku ngrancang kadursilan, kang ngingkemake lambene iku wus nglakoni piala. 31 Rambut uwanen iku makutha kang endah, kang tinemu ana ing dalaning kabeneran. 32 Wong kang sabar iku ngluwihi pahlawan, wong kang bisa ngereh awake, iku ngluwihi wong kang bisa ngrayud nagara. 33 Undhi kabuwang ing pangkon, nanging sakehing putusane iku saka Sang Yehuwah. 17 1 Pilih roti garing sairis kanthi tentrem, tinimbang mangan daging saomah kanthi crah. 2 Rewang kang mawa budi iku bisa ngereh marang anak kang mirangake, malah melu oleh warisan bebarengan karo para sadulure bocah iku. 3 Kowi iku kanggo ngejer salaka lan prapen kanggo ngejer emas, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati. 4 Wong kang nindakake piala nggatekake lambe duraka, lan wong cidra nilingake kupinge marang ilat kang gawe cilaka. 5 Sing sapa nyampahi marang wong miskin iku ngala-ala marang Kang Nitahake, sarta kang bungah marga ana kacilakan iku mesthi bakal nampani paukuman. 6 Makuthaning para wong tuwa iku anak-putune, lan kang minangka kaurmatane anak-anak iku para leluhure. 7 Wong gemblung iku ora pantes nglairake tembung-tembung kang apik, mendahane maneh wong luhur ngucapake tembung cidra. 8 Atur-atur iku tumrape kang ngaturi kaya sesotya adi, menyanga ngendi bae parane, tansah oleh kauntungan. 9 Wong kang nasabi kaluputan iku ngupaya sih, nanging sing sapa ngudhal-udhal prakara iku misahake pamitran. 10 Srengen sapisan tumrap wong kang mawa budi, rumasuke luwih jero tinimbang karo wong goblog digitik rambah ping satus. 11 Wong duraka iku mung tansah golek piala, nanging kongkonan kang tanpa welas bakal nekani wong mau. 12 Milaur kepranggul bruwang wadon kang kelangan anake, tinimbang karo kepethuk wong gemblung klawan bodhone. 13 Sing sapa males piala marang kabecikan, piala ora bakal sumingkir saka ing omahe. 14 Miwiti grejegan iku kaya mbedhah bendungan, mulane mundura sadurunge wiwit grejegan. 15 Mbenerake wong duraka lan ngluputake wong bener, iku karo-pisan nistha tumrap Pangeran Yehuwah. 16 Apa gunane wong gemblung nggegem dhuwit kanggo tuku kawicaksanan, sabab wong iku tanpa budi? 17 Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan. 18 Wong kang tanpa budi yaiku wong kang nganakake pasarujukan, kang saguh nanggung pepadhane. 19 Wong kang dhemen grejegan iya seneng marang panerak, lan sing sapa mbecikake lawange iku ngupaya karusakan. 20 Wong kang atine cidra ora bakal nemu kabegjan, kang dursila ilate bakal tumiba ing bilai. 21 Sing sapa duwe anak gemblung, iku prihatin, lan bapakne wong bodho sepi ing kabungahan. 22 Ati kang bingar iku minangka obat kang manjur, nanging ilanging semangat iku ngroposake balung. 23 Wong duraka nampani besel saka ing kanthong, kanggo ndhoyongake kaadilan. 24 Wawasane wong kang duwe pangreten iku tumuju marang kawicaksanan, nanging mripate wong gemblung klambrangan tekan ing pungkasane bumi. 25 Anak kang gemblung iku gawe laraning atine bapakne, lan prihatine biyunge. 26 Ndhendha wong bener iku tindak kang luput, lan nggitiki wong luhur iku uga ora patut. 27 Wong wasis iku bisa ngampet tembunge, sarta wong kang duwe kapinteran iku sareh ing budi. 28 Uga wong bodho manawa anteng iya bakal dikira wicaksana, lan manawa ngingkemake lambene iya dikira duwe kapinteran. 18 1 Wong kang ndhewe, iku ngupaya pepenginane, saben panimbang njalari nepsune. 2 Wong gemblung iku ora seneng marang pangreten, mung dhemen njereng isining atine. 3 Samangsa duraka iku teka, tindak ngremehake uga teka ngetutake, sarta cacad iku dibarengi pamoyok. 4 Tembunging cangkeme wong iku kaya banyu kang jero, nanging sumber kawicaksanan, iku kaya kali kang mili. 5 Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan. 6 Lambene wong gemblung njalari pasulayan, sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki. 7 Wong gemblung nemahi karusakan marga saka cangkeme, sarta lambene dadi kala tumrap nyawane. 8 Tembunge wong mitenah iku kaya panganan kang enak-enak, kang lumebu ing sajroning ati. 9 Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane, iku wus dadi sadulure juru pangrusak. 10 Asmane Pangeran Yehuwah iku menara kang santosa, wong bener padha ngungsi mrono temah slamet. 11 Tumrape wong sugih kutha kang santosa iku raja-darbeke, dirasa kaya balowarti kang dhuwur. 12 Lumuhur-luhur pepucuking karusakan, nanging andhap-asor iku margane kajen. 13 Manawa wong mangsuli sadurunge ngrungokake, iku bodho sarta cacad. 14 Kencenging ati marakake tahan nandhang sangsara, nanging sapa kang bisa mulihake semplahing ati? 15 Atine wong pinter ngolehake kawasisan, lan kupinge wong wicaksana ngupaya kapinteran. 16 Ganjaran ngomberake dalane wong, lan nglantarake marang ing ngarsane para wong luhur. 17 Kang guneman dhisik ing sajrone para padu, kaya-kaya iku kang bener, nanging bareng ana wong liya kang teka, prakarane banjur dititipriksa. 18 Tibane undhi mungkasi pepadon, sarta ngrampungake prakara ing antarane wong-wong kang nduweni pangwasa. 19 Sadulur kang diserikake atine, luwih angel dicedhaki katimbang karo nyedhaki kutha kang santosa, lan crah iku kayadene slaraking gapurane beteng. 20 Wetenge wong iku diwaregi klawan asile cangkeme, lan diwaregi dening pametune lambene. 21 Pati lan urip padha kawengku ing ilat, sapa kang seneng mratak-mratakake, iku mesthi mangan wohe. 22 Sapa kang oleh jodho iku nemu bab kang becik, sarta oleh sihe Sang Yehuwah. 23 Wong miskin memelas celathune, nanging wong sugih songol wangsulane. 24 Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur. 19 1 Luwih becik wong miskin kang kelakuane resik, tinimbang karo wong cidra lambene lan gemblung. 2 Tanpa kawruh kasregepan uga ora maedahi, sarta kang kesusu iku bakal kleru jangkahe. 3 Kabodhoane wong nasarake lakune, nuli ngundhamana marang Pangeran Yehuwah. 4 Kasugihan ngolehake mitra akeh, nanging wong mlarat, ditinggal mitrane. 5 Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta wong kang ngucapake cidra ora bakal oncat saka ing paukuman. 6 Akeh wong kang nyanak marang wong kang luber atine, lan saben wong kepengin dadi mitrane wong kang dhemen weweh. 7 Wong miskin iku kasengitan dening sadulure kabeh, apa maneh mitrane, mesthi padha ngedohi, dioyak klawan diceluki, ewasamono wus padha ora katon. 8 Sing sapa kadunungan akal-budi, iku nresnani awake dhewe, kang migunakake kapinteran, bakal nemu begja. 9 Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta kang ngucapake cidra bakal sirna. 10 Wong gemblung ora patut oleh kamukten, apamaneh abdi manawa pantesa ngereh para panggedhe. 11 Kapinteran njalari wong sabar banget, sarta kaalembana marga anggone ngapura panerak. 12 Dukaning ratu iku kaya panggerone singa anom, nanging kabecikane iku kaya ebun kang tumiba ing pasuketan. 13 Anak kang gemblung iku dadi cilakane bapakne, padune wong wadon iku kaya trocohing payon kang tanpa kendhat. 14 Omah lan bandha iku warisan saka leluhur, nanging rabi kang pinter iku peparinge Sang Yehuwah. 15 Kesed iku marakake turu kepati, nanging wong wegahan bakal nandhang keluwen. 16 Wong kang netepi pepakon, iku rumeksa marang nyawane, nanging kang ngremehake pangandika, bakal mati. 17 Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku. 18 Anakmu rangketen salawase isih ana pangarep-arep, nanging aja nganti ndadekake patine. 19 Wong kang enggal banget nepsune, bakal kena dhendha, sabab saupama kowe nyoba arep nulungi, malah mundhak nepsune. 20 Nilingna pitutur lan nampanana pamerdi, supaya kowe ing tembe bisa dadi wicaksana. 21 Atine wong ngrancang-ngrancang prakara akeh, nanging putusane Sang Yehuwah iku kang bakal kelakon. 22 Wewatekan kang dikepengini tumraping wong iku kasetyan, luwih becik wong miskin tinimbang karo wong kang ngapusi. 23 Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah ngolehake urip, wong banjur bakal nginep klawan seneng ora bakal katempuh ing bilai. 24 Wong kesed nyelupake tangane ing pinggan, nanging ora bakal bisa ngemplok. 25 Yen wong ambek memoyok kokgitik, wong kang tanpa pengalaman bakal dadi wicaksana, yen wong mawa budi kokwelehake, bakal ngrumangsani. 26 Anak kang nganiaya bapakne utawa nundhung biyunge, iku ngalakake lan mirangake awake dhewe. 27 He anakku, aja ngrungokake pamerdi maneh, manawa kowe jebul iya nyimpang saka ing pitutur kang aweh kawruh. 28 Seksi kang ora ana gunane iku ngremehake angger-angger, lan cangkeme wong duraka nguntal para cidra. 29 Wong memoyok kacawisan paukuman, lan gegere wong gemblung dicepaki gitik. 20 1 Anggur iku tukang memoyok, minuman keras iku tukang gawe rame, sing sapa sempoyongan marga saka iku, dadi ora wicaksana. 2 Dukaning ratu iku kayadene panggerone singa nom, sing sapa nenangi dukane iku mbebayani tumrap awake. 3 Sapa kang ngedohi tukar-padu iku patut diurmati, nanging saben wong bodho nguja kanepsone. 4 Ing mangsa bedhidhing wong kesed ora gelem mluku, manawa ing mangsa panen tanpa gawe anggone golek pametune lemah. 5 Rancangan kang ana ing atine manungsa iku kaya banyu kang jero, ewasamono wong kang pinter bisa ngangsu. 6 Akeh wong kang ngarani awake dhewe becik, nanging wong kang setya iku sapa kang nemu? 7 Wong bener kang lakune jujur, iku turune padha rahayu. 8 Ratu kang lenggah ing kursi pangadilan, kalawan tingale bisa mirsani sakehe piala. 9 Sapa kang bisa ngucap: “Aku wus ngresiki atiku, wus lebur sakehing dosaku?” 10 Bandhul timbangan rong warna, lan takeran rong warna, karo-karone iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah. 11 Sanadyan isih bocah iya bisa dititeni kapirid saka ing panggawene, apa resik lan apa jujur kelakuane. 12 Kuping kang krungu lan mripat kang ndeleng, iku karo-karone Sang Yehuwah kang akarya. 13 Aja karem turu, supaya aja tumiba ing kamlaratan, mripatmu elekna temah wareg enggonmu mangan. 14 “Ora becik, ora becik,” pangucape kang tuku, nanging lagi bae lunga, nuli ngalembana awake dhewe. 15 Sanadyan emas lan mutiara akeh, nanging kang akeh banget pangajine iku lambe kang kadunungan kawruh. 16 Jupuken sandhangane, awit wong iku nanggung wong liya, lan iku tahanen kanggo cekelan lirune wong liya mau. 17 Roti olehe ngapusi rasane enak, nanging cangkeme banjur kebak krikil. 18 Rancangan bisane kelakon marga saka panglimbang, mulane anggonmu perang nganggoa siasat. 19 Sapa kang nenacad iku ngeler wadi, mulane kowe aja srawungan karo wong kang cangkeme bocor. 20 Sing sapa ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku damare bakal mati ing wektu peteng. 21 Raja-darbe kang anggone oleh klawan enggal ing wiwitane, wekasane ora diberkahi. 22 Aja duwe pangucap: “Aku arep males piala,” ngarep-arepa marang Sang Yehuwah, iku kang bakal ngluwari kowe. 23 Bandhul timbangan rong warna iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah, lan traju kang cidra iku ora becik. 24 Jangkahe wong iku katemtokake dening Sang Yehuwah, nanging kapriye manungsa anggone ngreti marang dalaning uripe? 25 Manawa wong tanpa pikir muni: “Suci,” sarta lagi nimbang-nimbang sawuse nduweni punagi, iku jiret tumrap awake dhewe. 26 Para wong duraka dititeni dening ratu kang wicaksana, lan padha diplindhes bola-bali. 27 Rohe manungsa iku damar peparinge Sang Yehuwah, kang niti-priksa kabeh isine atine. 28 Kang ngayomi ratu iku sih lan kasetyan, lan klawan sih anggone nyantosakake dhampare. 29 Kang minangka rerenggane wong nomnoman iku karosane, lan kang dadi kaendahane wong tuwa iku uwane. 30 Bilur-bilur kang ngemu getih iku ngresiki piala, lan gebugan iku ngresiki telenging ati. 21 1 Panggalihe ratu iku kaya ilen-ilen banyu ing astane Pangeran Yehuwah, diilekake manut ing sakarsane piyambak. 2 Saben wong ngarani dalane dhewe iku lenceng, nanging Sang Yehuwah kang neter ati. 3 Nindakake kabeneran lan kaadilan iku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban. 4 Mripat kang kumlungkung lan ati kang gumunggung, kang dadi damare wong duraka, iku dosa. 5 Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan, nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan. 6 Oleh kasugihan srana ilat cidra iku barang kang tanpa guna, kang sirna saka wong kang ngupaya pati. 7 Wong duraka padha diseret dening panganiayane dhewe, marga padha lumuh nindakake kaadilan. 8 Dalane juru apus iku menggak-menggok, nanging wong jujur iku jejeg tindake. 9 Pilih manggon ana ing pojoking payon, tinimbang karo manggon saomah karo wong wadon kang dhemen padu. 10 Atine wong duraka iku kepengin marang piala, sarta ora nduweni kawelasan marang pepadhane. 11 Yen wong ambek memoyok diukum, wong kang ora duwe pangalaman dadi wicaksana, lan yen wong wicaksana diwulang, bakal oleh kawruh. 12 Kang Mahaadil ngyektosi omahe wong duraka, lan njorogake wong duraka mau marang ing bilai. 13 Sing sapa nutupi kupinge marang pasambate wong mlarat, manawa sambat-sambat dhewe, ora bakal disembadani. 14 Paweweh klawan sidheman nglilihake nepsu, lan atur-atur kang srana dhedhemitan nyirep nepsu kang nggegirisi. 15 Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener, nanging gawe wedine wong kang tumindak ala. 16 Wong kang nyimpang saka dalane akal-budi, iku bakal leren ana ing panggonan nglumpuke para arwah. 17 Wong kang dhemen sukan-sukan bakal nandhang kacingkrangan, sarta kang karem anggur lan lenga ora bakal bisa sugih. 18 Wong duraka iku kanggo tebusane wong bener, kang cidra kanggo lirune kang jujur. 19 Luwih becik manggon ana ing segara wedhi, katimbang karo manggon klawan wong wadon kang seneng padu lan seneng nepsu. 20 Omahe wong wicaksana kanggonan raja-brana kang adil lan lenga, nanging wong kang gemblung ngentek- entekake iku. 21 Wong kang ngudi marang kabeneran lan katresnan, bakal nemu urip, kabeneran lan kaurmatan. 22 Wong wicaksana bisa ngunggahi kuthane para pahlawan, sarta ngrubuhake balowarti kang dadi andel-andele. 23 Sing sapa njaga cangkem lan ilate, dadi ngreksa awake, uwal saka ing kerubedan. 24 Wong kang ndhugal lan kumlungkung iku kasebut wong ambek memoyok, solah-tingkahe kumethak ngleluwihi. 25 Wong kesed dipateni dening pepenginane dhewe, marga tangane lumuh nyambut gawe. 26 Kamelikan iku sadina-dina tansah melik, balik wong bener iku weweh tanpa wates. 27 Kurban sesaosane wong duraka iku jember, luwih maneh manawa anggone nyaosake kanthi sedya ala. 28 Seksi goroh bakal sirna, nanging wong kang ngrungokake bakal ajeg micara. 29 Wong duraka ora duwe isin, nanging wong jujur nata dalane. 30 Ora ana kawicaksanan lan pangreten, lan ora ana panimbang-nimbang kang bisa nandhingi Sang Yehuwah. 31 Jaran dirakiti kanggo ing mangsa perang, nanging kaunggulan iku ana ing astane Pangeran Yehuwah. 22 1 Pilih jeneng kang becik tinimbang karo kasugihan gedhe, luwih becik nampani katresnan katimbang oleh salaka lan mas. 2 Wong sugih lan wong mlarat padha papagan, sakaro-karone Pangeran Yehuwah kang nitahake. 3 Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik, balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran. 4 Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar, kasugihan, kaluhuran lan urip. 5 Eri lan kala ana ing dalane wong kang atine culika, sing sapa kepengin njaga awake, iku ngedohi wong mau. 6 Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke, samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku. 7 Wong sugih nguwasani para wong miskin, lan sapa kang utang, dadi bature kang motangake. 8 Wong kang nyebar kaculikan bakal ngeneni pakewuh, temah gitiking nepsune bakal lebur. 9 Wong berbudi iku bakal binerkahan, awit wong mlarat padha dipandumi rejekine. 10 Wong memoyok iku tundhungen, temah tukar-padu banjur ilang, lan kang padha padu lan nacad padha leren. 11 Sing sapa seneng marang resiking ati, sarta manis wicarane, iku dadi mitraning ratu. 12 Tingale Sang Yehuwah ngreksa marang kawruh, nanging ujare wong cidra diwurungake. 13 Ujare wong kesed: “Ing njaba ana singa, aku arep dipateni ana ing tengah dalan.” 14 Ujare wong wadon tuna-susila iku luwangan kang jero, sing sapa kena bebendune Pangeran Yehuwah iku bakal kecemplung ing kono. 15 Kabodhoan iku tumempel ing atine wong anom, nanging gitiking pamerdi kang bakal ngilangake iku. 16 Sing sapa nindhes marang wong kang ringkih murih oleh kauntungan kanggo awake dhewe, utawa kang weweh marang wong sugih, iku ndadekake kapitunane dhewe. Wulang bebasan anggitane para wong wicaksana 22:17--24:34 17 Nilingna kupingmu, rungokna pituture para wong wicaksana, sarta gatekna sakehe kawruhku. 18 Marga manawa iku kokrawati ana ing sajroning ati bakal gawe senengmu, manawa kabeh iku cumawis ana ing lambemu. 19 Supaya kowe duwea pangandel marang Pangeran Yehuwah, saiki pitutur mau dakwulangake marang kowe, iya marang kowe dhewe. 20 Aku biyen rak wis nulis marang kowe, dakkantheni pitutur lan kawruh, 21 kanggo mulang marang kowe apa kang bener lan nyata, supaya kowe bisa mangsuli kanthi patitis marang kang ngongkon kowe. 22 Aja ndhedheli wong miskin, awit iku wus miskin, lan aja nindhes wong kang susah ana ing gapura. 23 Awit Pangeran Yehuwah mbelani prakarane, sarta sing sapa ngrampas marang wong mau, iku bakal dirampas nyawane. 24 Aja memitran kawo wong bengis, lan aja srawungan karo wong brangasan, 25 supaya kowe aja nganti kulina marang pari-polahe, lan marang jiret kanggo awakmu dhewe. 26 Kowe aja nganti kegolong wong kang nganakake pasarujukan, lan kang nanggung utang. 27 Saupama kowe ora duwe kang kagawe nyaur, yagene nganti paturon kang kokturoni dijupuk? 28 Aja ngelih tengere wates lemah kang lawas, kang wus ditetepake dening para leluhurmu. 29 Apa kowe wis tau weruh wong kang sregep lan prigel ing gawe? Wong kang mengkono iku bakal ngawula ing ngarsaning ratu, ora ngawula marang wong kang asor. 23 1 Samangsa kowe ndherek dhahar karo panggedhe, nggatekna temenan apa kang ana ing ngarepmu. 2 Manawa kowe pancen wong dremba, nempelna lading ing gulumu. 3 Aja melik marang dhaharane kang enak-enak, awit iku pangan kang nyidrani. 4 Aja ngaya pangudimu supaya bisa dadi sugih, tinggalen karepmu kang mangkono iku; 5 marga yen kokwaspadakake, banjur sirna, awitdene iku dumadakan nganggo swiwi kaya manuk garudha kang banjur mabur ing akasa. 6 Aja mangan pangane wong cethil, lan aja melik marang pangane kang enak-enak, 7 awit kaya wong kang ngetung-etung ing sajroning atine, iya kaya mangkono iku wong mau. Pangucape marang kowe: “Mangana lan ngombea” Nanging atine ora seneng marang kowe. 8 Saemplokan olehmu mangan bakal kokutahake, lan sakehing tembungmu kang alus iku kokbuwang tanpa tanja. 9 Aja guneman ana ngarepe wong gemblung, marga iku bakal ngremehake tuturmu kang patitis. 10 Aja ngelih tenger watese lemah kang lawas, lan aja lumebu ing pategalane bocah lola. 11 Awitdene kang nebus iku santosa, Pangeran kang mbelani prakarane nglawan marang kowe. 12 Migatekna marang panggulawenthah, lan kupingmu telingna marang tembung- tembung kang isi kawruh. 13 Aja nglirwakake pamerdi marang anak, iku manawa kokgitik nganggo penjalin ora ndadekake patine. 14 Kowe nggitik nganggo penjalin, nanging kowe ngentasake nyawane saka ing jagade wong mati. 15 He anakku, manawa atimu wicaksana, iku iya ndadekake bungahing atiku. 16 Nyawaku abungah-bungah, manawa lambemu ngucapake kang jujur. 17 Atimu aja meri marang para wong dosa, nanging tansah mantepa anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah. 18 Satemene panganti-anti iku pancen ana, lan pangarep-arepmu ora bakal ilang. 19 He anakku, ngrungokna, lan dadia wicaksana, atimu enerna ing dalan kang bener. 20 Aja srawungan karo wong kang karem ngombe anggur, lan kang karem marang daging; 21 awit wong karem ngombe lan seneng mangan iku bakal nemahi kamlaratan, lan ngantuk njalari nggombal. 22 Rungokna pituture bapakmu kang nganakake kowe, lan aja nyepelekake biyungmu samangsa wus tuwa. 23 Tukua kabeneran lan aja kokedol maneh, mangkono uga kawicaksanan, pamerdi lan kawasisan. 24 Bapakne wong kang bener iku bakal giyak-giyak, sarta sapa kang nglairake wong wicaksana iku bakal abungah-bungah. 25 Kareben bapa lain biyungmu padha bungah, lan kang nglairake kowe cikben agiyak-giyak. 26 He anakku, atimu wenehna marang aku, sarta mripatmu cikben seneng marang dalan-dalanku. 27 Awit wong wadon tuna-susila iku jugangan kang jero, lan wong wadon lenjeh iku sumur kang ciyut. 28 Malah kaya begal anggone nyenyegat, lan ngakehake wong kang cidra ana ing antarane para manungsa. 29 Sapa kang ngadhuh-adhuh? Sapa kang sambat-sambat? Sapa kang padu? Sapa kang ngesah-esah? Sapa kang tatu tanpa sabab? Sapa kang mripate abang? 30 Yaiku para kang melek nganti tengah wengi karo ngombe anggur, kang padha teka prelu ngicipi anggur bumbon. 31 Aja mandeng marang anggur, kang abang memenginake banget warnane, sarta kileng-kileng ana ing tuwung, lan angler nikmat yen kaombe, 32 nanging wekasane nyakot kaya ula, lan nyemburake wisa kaya ula bedhudhak. 33 Mripatmu banjur bakal ndeleng bab-bab kang aneh, lan atimu nglairake tembung-tembung kang ora karuwan. 34 Kowe banjur kaya wong kang ana ing satengahe ombak sagara, utawa kaya wong kang ana ing pucaking tiyange prau. 35 Kowe bakal celathu mangkene: “Aku digebugi dening wong, nanging aku ora krasa lara, lan dipenthung iya ora krasa Kapan aku eling? Aku arep golek anggur maneh.” 24 1 Aja meri marang wong ala, lan aja srawungan karo wong iku; 2 awit atine tansah ngangen-angen arep nganiaya, lan lambene ngrembug bab kasangsaran. 3 Srana kawicaksanan omah iku kaadegake, lan kasantosakake dening kapinteran; 4 sarta srana kawasisan kamar-kamare padha kaisenan, raja-brana warna-warna kang larang regane lan kang nengsemake. 5 Wong wicaksana iku luwih wibawa tinimbang wong santosa, semono uga wong kang duwe kawruh iya luwih wibawa tinimbang wong gagah prakosa. 6 Awit mung srana siasat anggonmu bisa nglurug perang, sarta kaunggulan iku gumantung kehe wong kang dadi juru pirembug. 7 Kawicaksanan iku kedhuwuren tumrap wong bodho, mulane ana ing gapura ora mbukak cangkeme. 8 Sapa kang tansah ngrantam piala, bakal kaaranan tukang ngapusi. 9 Mikir kabodhoan iku marakake dosa, sarta wong ambek memoyok iku nistha tumrap manungsa. 10 Saupama ing dina karubedan atimu semplah, iku nelakake kuranging kekuwatanmu. 11 Wong kang diglandhang arep dipateni iku luwarana, lan kang sempoyongan marani papan panyembelehan, iku slametna. 12 Manawa kowe kandha: “Prakara iku ora ngreti temenan” Pangeran kang neter ati apa ora mirsa ing sanyatane? Apa Panjenengane kang rumeksa nyawamu iku ora mirsa, iku males marang manungsa miturut panggawene? 13 He anakku, mangana madu, awit iku becik, sarta rembesing madu iku legi rasane ana ing cethakmu. 14 Wruhanamu, kaya mangkono rasane kawicaksanan tumrap nyawamu, manawa koktemu, ana kang kokanti-anti ing dina buri, sarta pangarep-arepmu ora bakal ilang. 15 Aja ngintip papan padunungane wong bener kaya tindake wong duraka, aja ngrusak omahe. 16 Awit wong bener iku sanadyan tiba rambah ping pitu, mesthi ngadeg maneh, nanging wong duraka bakal ambruk ana ing sajroning bilai. 17 Manawa satrumu tiba, aja bungah, sarta manawa kejlungup aja giyak-giyak atimu, 18 supaya Pangeran Yehuwah ora uninga lan mastani ala, banjur nyingkirake bebendune saka wong mau. 19 Aja nepsoni marang wong kang nindakake piala, aja meri marang wong duraka. 20 Awit ora ana pangarep-arep tumrap wong ala, damare wong duraka iku bakal mati. 21 He anakku, diwedi asih marang Pangeran Yehuwah lan marang ratu, aja mbalila marang sakaro-karone. 22 Marga kalawan dadakan padha ndhatengake kasangsaran, sarta sapa nyumurupi lebure, kang didhatengake dening kalih-kalihe? 23 Ing ngisor iki iya wulang bebasan anggitane para wicaksana, mawang wong ana ing pangadilan iku ora prayoga. 24 Sing sapa tutur marang wong duraka: “Kowe ora luput,” iku bakal diipat-ipati dening para bangsa, lan disupatani dening para suku bangsa. 25 Nanging kang aweh pepenget bakal nemu kabegjan, sarta bakal ginanjar ing berkah. 26 Sing sapa mangsuli klawan patitis, iku nucup lambe. 27 Pagaweanmu ing jaba rampungna, sarta cawisna iku ana ing pategalan, sawuse iku banjur lagi ngadegna omahmu. 28 Aja dadi seksi tumrap pepadhamu tanpa sabab, lan ngapusi kalawan lambemu. 29 Aja duwe pangucap: “Kayadene kang dadi panggawene wong iku marang aku, iya kaya mangkono bakal tandukku marang wong mau. Aku males marang wong manut panggawene.” 30 Aku ngliwati pategalane wong kesed, lan ing pakebonane anggur wong kang tanpa budi. 31 Lah kabeh iku kebak kathukulan bondhot, lemahe katuwuhan ing lateng, sarta temboke wus rubuh. 32 Aku ndeleng lan banjur njupuk piwulange, aku ndeleng nuli oleh wulangan. 33 “Turu sadhela engkas, ngantuk sadhela engkas, nekuk tangan sadhela engkas arep nerusake leyeh-leyeh,” 34 banjur katekan kamlaratan, kaya wong kang nempuh, katekan kacingkrangan, kaya wong kang sikep gegaman. Wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman kang diklumpukake dening para abdine Sang Prabu Hizkia 25:1--29:27 25 1 Iki uga wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman kang diklumpukake dening para abdine Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda. 2 Kaluhurane Gusti Allah iku nyimpen prakara kayadene wadi, nanging kaluhurane para ratu iku niti-priksa prakara. 3 Sapira dhuwure langit lan jerone bumi, kaya mangkono panggalihe para ratu iku anggone ora kena dijajagi. 4 Taine salaka singkirna, temah kemasan bisa oleh barang kang kagawe piranti. 5 Wong duraka singkirna saka ing ngarsaning ratu, temah dhampare kasantosakake dening kabeneran. 6 Aja pamer ana ing ngarsaning ratu, utawa ngadeg ana ing papane para panggedhe. 7 Awit luwih becik kowe kadhawuhan mangkene: “Mrenea majua ing dhuwur kene” Tinimbang karo dikon mundur, pinirsanan dening para luhur. Apa mripatmu ndeleng, 8 aja kesusu anggonmu tumindak gawe prakara ana ing pangadilan, awit ing wekasane apa kang kena koktindakake, manawa lawanmu wus ndadekake wirangmu? 9 Belanana prakaramu karo lelawananmu, nanging aja ngeler wewadining liyan; 10 supaya kowe aja nganti diwewada dening kang padha krungu, temah kawiranganmu ora bakal bisa ilang. 11 Tetembungan kang diucapake cocog karo wektune, iku upamane kaya apel mas ana ing pinggan salaka. 12 Pepelinge wong wicaksana iku tumrap kuping kang nilingake, kaya ali-ali mas utawa pasren mas murni. 13 Kaya anyepe salju ing mangsa panen, kaya mangkono kongkonan kang temen lan setya tumrape kang ngongkon, awit nyegerake atine lurahe. 14 mendhung lan angin kang tanpa udan, kaya mangkono iku wong kang ngumukake ganjaran kang ora tau ditampani. 15 Para pangwasa bisa diyakinake srana kasabaran, ilat kang alus ngremukake balung. 16 Manawa kowe oleh madu, mangana sacukupe, aja nganti kewaregen, temah banjur kokutahake. 17 Aja kekerepen sanja ing omahe pepadhamu, supaya wong iku aja nganti bosen, banjur sengit marang kowe. 18 Wong nglairake paseksi goroh tumrap pepadhane, iku upamane kaya gada utawa pedhang lan panah kang landhep. 19 Pangandel marang wong kang cidra ing mangsa ribed, iku upamane kaya untu kang gopok utawa kaya sikil kang kesliyo. 20 Wong kang ngidungake lelagon tumrap ati kang sedhih, iku upamane kaya wong kang cucul klambi ing mangsa bedhidhing, utawa kang ngesoki cokak ing tatu. 21 Manawa satrumu keluwen, wenehana mangan roti, manawa ngelak, wenehana ngombe banyu: 22 awit kowe bakal ngentepi mawa ing sirahe, sarta Pangeran Yehuwah bakal males marang kowe. 23 Angin saka lor nggawa udan, guneman bisik-bisik, ulat mrengut. 24 Pilih manggon ana ing pojok payon, tinimbang manggon saomah karo wong wadon kang dhemen grejegan. 25 Pawarta becik saka ing nagara adoh iku, kaya banyu adhem tumrap ing nyawa kang ngelak. 26 Wong bener kang kuwatir ana ing ngarepe wong duraka, iku kaya tuk buthek utawa sumber kang reged. 27 Ora prayoga mangan madu akeh iku; mulane diarang anggonmu nglairake tembung pangalembana. 28 Wong kang ora bisa ngendhaleni awake, iku kaya kutha kang rubuh temboke. 26 1 Kaya tumibane salju ing mangsa panas lan tibane udan ing mangsa panen, kaya mangkono wong gemblung ora patut diurmati. 2 Kayadene manuk emprit mabur nggeblas, utawa kaya manuk sriti mabur kalangan, iya mangkono ipat-ipat kang tanpa sabab ora bakal tumama. 3 Cemethi iku tumrap ing jaran, kendhali tumrap ing kuldi, lan gebug tumrap gegere wong gemblung. 4 Anggonmu mangsuli marang wong gemblung aja manut kabodhoane, supaya kowe dhewe aja dadi pepadhane wong iku. 5 Anggonmu mangsuli marang wong gemblung ngemperana kabodhoane, supaya wong iku aja nganti rumangsa wasis. 6 Sing sapa kongkonan wong gemblung, iku ngethok sikile dhewe lan ngombe kacilakan. 7 Wulang bebasan ing cangkeme wong gemblung, iku kaya sengklehing sikile wong lumpuh. 8 Kayadene watu kang katalenan ing bandhil, iya kaya mangkono wong kang ngurmati wong gemblung. 9 Wulang bebasan ing cangkeme wong gemblung, iku prasasat eri kang tumancep ing tangane wong mendem. 10 Sapa kang mburuhake marang wong gemblung lan wong kang mbeneri liwat, iku kaya wong manah kang natoni saben wong. 11 Kaya asu kang mbaleni utah-utahane, kaya mangkono wong gemblung anggone mbolan-mbaleni kabodhoane. 12 Saupama kowe weruh wong kang rumangsa pinter, pangarep-arepe wong gemblung luwih akeh tinimbang wong iku mau. 13 pangucape wong kesed: “Ing dalan ana singa, ana singa ing lurung” 14 Kaya inebing lawang mingar-minger srana engsele, kaya mangkono wong kesed ana ing paturone. 15 Wong kesed nyelupake tangane ing pinggan, kagawa saka kesele dadi ora kelakon ngemplok. 16 Wong kesed rumangsa pinter, ngluwihi wong pitu kang patitis wangsulane. 17 Sing sapa nyampuri prakara padune wong liya, iku kaya wong kang nyandhak kupinge asu kang lagi liwat. 18 Kayadene wong owah kang nglepasake panah geni, panah lan pepati, 19 iya kaya mangkono wong kang culika marang pepadhane, sarta ngucap: “Aku mung geguyon bae.” 20 Manawa kayune entek, genine mati, manawa si tukang mitenah ora ana, tukar-padu sirep. 21 Kayadene areng kanggo ing mawa lan kayu kanggo ing geni, mangkono uga kanggone wong dhemen padu, mung ndadekake ndadraning pasulayan. 22 Tembunge si tukang mitenah iku kaya panganan kang enak-enak, kang banjur lumebu ing telenging ati. 23 Lambe manis kalawan ati kang ala, iku kaya pecahan grabah kang kausar salaka. 24 Wong sengit iku samudana klawan lambene, nanging batine ngandhut cidra. 25 Aja ngandel sanadyan tembunge manis, awit kadursilan pitung warna ana ing atine. 26 Rasa sengit iku sanadyan katutupana ing apus, kadursilane bakal kawiyak ana ing pasamuwan. 27 Sing sapa ndhudhuk jugangan bakal kacemplung dhewe, lan kang ngglundhungake watu, watune bakal bali mlindhes awake dhewe. 28 Ilat cidra sengit marang wong kang wus dadi kurbane, lan cangkem lunyu gawe karusakan. 27 1 Aja ngalembana awakmu dhewe marga saka dina sesuk, awit kowe ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina iku. 2 Kareben wong liya kang ngalem marang kowe, aja cangkemmu dhewe, utawa kang dudu kawanuhanmu, aja lambemu dhewe. 3 Watu pancen anteb, wedhi iya ana bobote, nanging kang luwih abot tinimbang iku, yaiku nandhang serik marga saka wong bodho. 4 Panasing ati iku daksiya, lan nepsu iku ngamuk, nanging sapa kang kuwat nyangga butarepan? 5 Becik pameleh kang terus terang, tinimbang katresnan kang sinidhem. 6 Mitra iku anggone nggebug kanthi tujuan kang becik, nanging pangambunge wong sengit iku nganti kliwat wates. 7 Wong kang wareg iku ngidak-idak madu, nanging tumrap wong keluwen, sabarang kang pait rasane legi. 8 Wong kang nglembara ninggal omahe, iku kaya manuk kang mabur ninggal susuhe. 9 Lenga lan ganda arum iku mbingarake ati, nanging kasusahan iku njuwing-njuwing nyawa. 10 Aja ninggal mitramu sarta mitrane bapakmu, lan ing dina karibedanmu aja marani ing omahe sadulurmu, becik nekani tangga kang cedhak katimbang sadulur kang adoh. 11 He anakku, dipinter, gawea bungahing atiku, supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku. 12 Manawa wong kang prayitna nyumurupi bilai, banjur umpetan, nanging kang ora duwe pangalaman terus bae, temah tinempuh ing bilai. 13 Sandhangane wong kang nanggung wong liya iku jupuken, sarta tahanen, kanggo cekelan tumrap wong liya mau. 14 Sing sapa ing wayah esuk umun-umun aweh salam marang pepadhane klawan swara banter, iku kaanggep ipat-ipat. 15 Rabi kang seneng grejegan iku padha karo: trocohing payon kang ora kendhat-kendhat ing mangsa udan. 16 Sapa kang bisa nahan prasasat nahan angin, lan tangane tengen nggegem lenga. 17 Wesi nglandhepake wesi, wong nglandhepake pepadhane. 18 Sing sapa ngopeni wit anjir iku bakal mangan wohe, lan sing sapa rumeksa marang bendarane iku bakal diurmati. 19 Kayadene banyu ngiloni rai, mangkono uga atine manungsa iya ngiloni manungsa iku. 20 Jagading wong mati lan karusakan iku ora wareg-wareg, mangkono uga mripate manungsa iya ora marem-marem. 21 Kowi iku kanggo nglebur salaka lan prapen kanggo ngejer mas, mangkono uga wong iku dikreta-aji manut pangalembana kang ditujokake marang dheweke. 22 Wong bodho iku sanadyan koktutu klawan alu ana ing lesung, awor karo gandum, kabodhoane ora bakal sirna. 23 Kaanane wedhus-wedhusmu iku dititenana kang temenan sarta kewan pepanthanmu iku gatekna. 24 Amarga raja-brana iku ora langgeng. Apa makutha iku bisa lestari turun- tumurun? 25 Manawa suket ilang lan trubusane metu, sarta suket ing gunung diklumpukake, 26 cempene wedhus gembel banjur padha ngolehake sandhangan kowe, sarta wedhuse berok lanang kanggo tuku lemah, 27 karomaneh puwane wedhus cukup kanggo panganmu lan kulawargamu, sarta kanggo panguripane rewang- rewangmu wadon. 28 1 Wong duraka mlayu sanadyan ora ana kang ngoyak-oyak, nanging wong bener rumangsa tentrem kaya singa nom. 2 Marga saka anane pambrontakan ing sawijining nagara, akeh kang nyekel pangwasa, ewasamono marga saka anane wong kang mawa budi lan kadunungan kawruh, angger-angger tetep ana. 3 Wong mlarat kang nindhes wong sekeng, iku kaya udan deres, nanging ora ngolehake rejeki. 4 Para wong kang nyepelekake angger- angger, iku padha ngalem marang wong duraka, nanging kang netepi angger-angger padha nglawan marang wong kang mangkono iku. 5 Wong ala ora ngreti adil, nanging wong kang ngupaya marang Sang Yehuwah iku ngreti samubarang. 6 Becik wong miskin kang watake resik, tinimbang wong culika, sanadyana sugih. 7 Sapa kang netepi angger-angger iku anak kang pinter, nanging kang srawungan karo wong kang murka iku gawe isine bapakne. 8 Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake, iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng. 9 Sing sapa ngenggokake kupinge emoh ngrungokake angger-angger, iku pandongane uga nistha. 10 Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala, iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe, nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan. 11 Wong sugih rumangsa pinter, nanging wong miskin kang mawa budi niteni wong sugih mau. 12 Samangsa wong bener menang, akeh kang ngalembana, nanging manawa wong duraka oleh pangwasa, akeh wong kang padha umpetan. 13 Sing sapa ndhelikake panerake ora bakal begja, nanging kang ngakoni lan ngunduri iku oleh sih-mirma. 14 Rahayu wong kang tansah wedi-asih marang Sang Yehuwah, nanging kang wangkot bakal tumiba ing bilai. 15 Kayadene singa kang nggero utawa bruwang kang nubruk, iya kaya mangkono iku wong duraka kang nguwasani bangsa kang apes. 16 Pemimpin kang cupet ing budi iku keras panindhese, nanging kang sengit marang bebathen kang ora absah iku dawa umure. 17 Wong kang nanggung getihe wong liya, iku bakal terus digawa lumayu tekan ing luwanging kubur. Aja kokeman 18 Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan, nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan. 19 Wong kang ngolah lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang ngoyak sabarang kang tanpa guna iku bakal wareg kamlaratan. 20 Wong kena dipracaya iku kaluberan berkah, nanging wong kang kepengin enggal sugih, ora bakal luput ing paukuman. 21 Mawang wong iku ora becik, ewadene ana wong kang nindakake panerak mung supaya oleh roti sairis. 22 Wong kang cethil ngarah enggal sugih, lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan. 23 Sing sapa melehake marang wong, iku wekasane luwih disenengi, tinimbang kang duwe ilat kanggo ngonggrong. 24 Sing sapa ngrampas darbeke bapa utawa biyunge, mangka duwe pangira, manawa iku dudu panerak, wong iku dhewe dadi mitrane juru pangrusak. 25 Wong murka iku njalari grejegan, nanging sing sapa pracaya marang Pangeran Yehuwah iku nampani kaluberan. 26 Sing sapa ngandelake atine dhewe iku wong bodho, nanging wong kang lakune klawan kawicaksanan bakal slamet. 27 Sing sapa weweh marang wong miskin ora bakal kekurangan, nanging kang ngeremake mripate bakal kena ing ipat-ipat. 28 Manawa wong duraka oleh pangwasa, wong akeh padha umpetan, nanging samangsa tumpes, para wong bener mundhak akeh. 29 1 Wong kang ngakokake githok, sanadyan wus diwelehake, iku bakal diremuk dadakan lan ora bisa dipulihake maneh. 2 Samangsa cacahe wong bener mundhak akeh, rakyat bungah, nanging manawa wong duraka nyekel pangwasa, rakyat sambat. 3 Wong kang tresna marang kawicaksanan, iku ndadekake bungahe bapakne, nanging kang srawungan karo wong wadon tuna-susila iku ngebreh-ebreh bandhane. 4 Sarana kaadilan ratu anggone nyantosakake nagarane, nanging kang kakehan anggone narik pajeg ndadekake ambruke. 5 Sing sapa ngonggrong-onggrong pepadhane, iku masang jiret ana ing ngarepe sikile. 6 Wong kang ala kejiret dening panerake dhewe, nanging wong bener iku bakal bungah- bungah lan sukarena. 7 Wong bener nyumurupi wewenange wong sekeng, nanging wong duraka padha ora ngreti. 8 Wong ambek memoyok ngisruhake kutha, nanging wong wicaksana padha ngendhakake nepsu. 9 Wong wicaksana manawa prakaran karo wong bodho, wong bodho mau ngamuk lan gumuyu, temah rame. 10 Wong kang ngorong marang wutahing getih, padha sengit marang wong saleh, nanging wong jujur padha ngupaya kaslametane. 11 Wong gemblung nguja sakehe kanepsone, nanging wekasane wong wicaksana kang ngendhakake. 12 Manawa wong kang mrentah ngrungokake tembung doracara, para punggawane padha dadi wong duraka. 13 Wong miskin lan wong kang nindhes padha pethukan, sakaro-karone padha kapadhangake mripate dening Sang Yehuwah. 14 Ratu kang ngadili wong sekeng klawan adil, iku dhampare lestari kukuh ing salawas-lawase. 15 Gebug lan pameleh ngolehake kawicaksanan, nanging anak kang ditogake bae iku gawe wirange biyunge. 16 Yen cacahe wong duraka mundhak, panerak iya saya akeh, nanging para wong bener bakal padha nyipati ambruke. 17 Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu, malah aweh kabungahan marang nyawamu. 18 Manawa ora ana wangsit, rakyat dadi urakan, rahayu wong kang netepi angger-angger. 19 Rewang ora bisa diperdi mung klawan tembung thok, marga sanadyana ngreti, nanging ora nindakake. 20 Kowe weruh wong kang gumampang ngetokake tetembungan; wong gemblung pangarep-arepe luwih akeh katimbang wong iku. 21 Sing sapa nguja rewange wiwit enom, wekasane malah ndadekake rewang mau kaduk-wani. 22 Wong kang gampang nepsu nukulake tukar-padu, sarta wong brangasan akeh panerake. 23 Watek angkuh njalari asoring awak, nanging kang andhap-asor iku oleh pangalem. 24 Sing sapa nampani panduman saka maling, iku sengit marang awake. Wus krungu tumibaning ipat-ipat, nanging ora disumurupi. 25 Wedi marang wong, iku nggawa kala jiret, nanging sing sapa kumandel marang Pangeran Yehuwah iku kaayoman. 26 Akeh wong kang golek sih marang kang nyekel pangwasa, nanging kaadilan iku Sang Yehuwah. 27 Wong bodho iku nistha tumrap wong bener, lan kang jujur lakune iku jember tumrap wong duraka. Pangandikane Sang Agur bin Yake 30:1-33 30 1 Pangandikane Sang Agur bin Yake, saka ing Masa. Pangucape wong mangkene: “Dhuh Allah, kawula sampun sayah sanget, dhuh Allah kawula sampun sayah sanget, ngantos ketelasan kakiyatan.” 2 Sabab aku iki bodho ngungkuli wong liya-liyane, aku ora kadunungan budi kaya salumrahe manungsa. 3 Aku uga ora nyinau bab kawicaksanan, nganti ora bisa wanuh marang Kang Mahasuci. 4 Sapa ta kang wus munggah marang swarga banjur mudhun? Sapa ta kang wus nglumpukake angin ing tangane? Sapa ta kang wus mungkus banyu nganggo sandhangan? Sapa ta kang nemtokake sakehe poncoting bumi? Iku jenenge sapa lan sapa jenenge anake? Kowe mesthi weruh 5 Kabeh sabdane Gusti Allah iku murni, Gusti Allah iku dadi tetamenge sakehe wong kang ngayom marang Panjenengane. 6 Aja nambahi pangandikane, supaya kowe aja nganti diwelehake lan kaanggep cidra. 7 Dhuh Allah, kalih prakawis ingkang kawula suwun dhumateng Paduka, mugi sampun Paduka tampik, kaparingana saderengipun kawula pejah, inggih punika: 8 Kaculikan saha doracara mugi Paduka tebihaken saking kawula, punapa malih sampun Paduka ganjar kamlaratan utawi kasugihan, namung kaparingana rejeki ingkang dados panduman kawula. 9 Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos selak dhateng Paduka kaliyan wicanten: Pangeran Yehuwah iku sapa? Utawi manawi kacingkrangan sampun ngantos purun nyolong, satemah nyawiyah dhateng asmanipun Gusti Allah kawula. 10 Aja madulake batur marang bendarane, supaya batur mau aja ngipati-ipati kowe, sarta kowe banjur kudu nanggung kaluputane iku. 11 Ana turun kang nyupatani bapakne, lan ora mberkahi marang biyunge. 12 Ana turun kang nganggep marang awake dhewe resik, mangka durung dikumbah reregede dhewe. 13 Ana turun kang wateke angkuh, lan ladak mripate; 14 ana turun kang untune arupa pedhang, lan bame arupa lading, kanggo mangsa marang para wong kang tinindhes nganti entek saka ing bumining wong kang padha katindhes, para wong miskin ing antarane manungsa. 15 Lintah iku duwe anak wadon loro, sakarone padha muni: “Kanggo aku” lan “Kanggo aku” Ana telung prakara kang ora bisa wareg-wareg, malah patang prakara kang ora tau muni: “Wus cukup” 16 Jagade wong mati lan guwa-garba kang gabug, lan bumi kang ora bisa wareg banyu, sarta geni kang ora tau ngucap: “Wus cukup” 17 Mripat kang nyampahi marang bapa, sarta emoh mituhu marang biyung, iku bakal dithothol dening manuk gagak ing pinggir kali lan kamangsa dening anake manuk garudha. 18 Ana telung prakara kang dakgumuni, malah patang prakara kang ora dakngreteni; 19 yaiku: lakune manuk garudha ing awang-awang, lakune ula ana ing parang, lakune prau ana ing tengahe sagara, sarta lakune wong lanang karo prawan. 20 Lakune wong wadon bedhang iku mangkene: dhisike mangan, banjur ngusapi cangkeme, nuli ngucap: Aku ora nglakoni ala. 21 Ana telung prakara kang ndadekake bumi horeg, malah patang prakara kang ndadekake ora betahe: 22 marga batur tukon manawa dadi ratu, marga wong gemblung manawa kewaregen, 23 marga wong wadon kang ora disenengi ing wong manawa oleh bojo, apadene marga rewang wadon kang ngesur kalenggahane bendarane putri. 24 Ing bumi ana kewan papat kang cilik dhewe, nanging kang cukat banget: 25 semut iku golongan kang ora rosa, nanging sasuwene mangsa panas padha tandho pangan, 26 kancil iku golongan kang ringkih, nanging anggone gawe omah ana ing sajroning parang, 27 walang iku ora duwe ratu, nanging padha baris kanthi tumata, 28 cecak iku kena kacekel nganggo tangan, nanging ing kadhatone para ratu iya ana. 29 Ana kewan telu kang gagah jangkahe, malah papat kang jangkahe bregas, yaiku: 30 singa kang prakosa dhewe padha-padha kewan, sarta ora mundur ngadhepi apa bae. 31 Jago kang angkuh, utawa wedhus lanang, lan ratu kang tindak ing ngarepe kawulane. 32 Manawa kowe ngumukake awakmu dhewe, dadia tanpa pikir, dadia sawuse kokrasakake, tanganmu tutupna ing cangkemmu. 33 Awit puwan iku manawa diwenyet-wenyet metu mertegane, yen irung dipijet-pijet metu getihe, yen nepsu dipejet marakake kerengan. Piwulang kagem Sang Prabu Lemuel saka kang ibu 31:1-9 31 1 Iki pangandikane Sang Prabu Lemuel, ratu ing Masa, kang diwulangake dening kang ibu marang panjenengane. 2 He anakku, anak kang daklairake, anaking punagiku, apa kang bakal daktuturake marang kowe? 3 Kekuwatanmu aja kokwenehake marang wong wadon, mangkono uga lakumu, marang para wong wadon kang ndadekake rusake para ratu. 4 He Lemuel, ora pantes kanggone para ratu, ora patut para ratu manawa ngunjuk anggur, utawa para panggedhe manawa mundhut minuman keras. 5 Aja nganti marga saka anggone ngunjuk mau, banjur nglirwakake apa kang wus katetepake, lan ndhoyongake wewenange wong-wong kang katindhes. 6 Minuman keras iku wenehna marang wong kang arep sangsara, lan anggure marang wong kang prihatin; 7 iku kareben padha ngombe supaya lali marang kamlaratane, lan ora kelingan marang kasusahane maneh. 8 Cangkemmu angapna kanggo wong bisu, lan kanggo wewenange wong kang nglayung. 9 Cangkemmu angapna, lan gawea putusan kang adil. Wong kang katindhes lan kang miskin padha wenehana wewenange. Pangalembana marang rabi kang cakep 31:10-31 10 Rabi kang cakep sapa kang bisa nemu? Dene ajine ngungkuli mutiara. 11 Atine kang lanang pracaya marang kang wadon iku, kang lanang ora tau kekurangan kauntungan. 12 Tansah gawe becik marang kang lanang, ora tau ditanduki ala, ing sajege uripe. 13 Ngupaya wulu wedhus gembel lan rami, lan seneng nggarap pagawean klawan tangane. 14 Kayadene prau-praune sudagar, nekakake rejekine saka ing papan kang adoh. 15 Anggone tangi isih peteng, banjur nyadhiyakake pangan kanggo wong saomah lan mbage-mbage gawean marang sakehe pembantune wadon. 16 Bisa tuku pategalan, kang dikarepake, pituwasing tangane kanggo wragad nanduri pakebonan anggur. 17 Bangkekane disabuki karosan, lengene dikuwatake. 18 Dheweke sumurup, manawa pametune nguntungake, yen bengi damare ora mati. 19 Tangane ditumpangake ing jantra, drijine nyekel onthelane. 20 Tangane diulungake marang wong kang katindhes, ngulurake tangane marang wong mlarat. 21 Ora nyumelangake wong saomah kabeh ing mangsa tibaning salju, marga wong saomah padha manganggo rangkep. 22 Gawe babut kanggo awake dhewe, pangganggone arupa lena alus lan kain wungu. 23 Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha, samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara. 24 Kang wadon gawe sandhangan lena, banjur diedol, sarta masrahake sabuk marang para wong dagang. 25 Panganggone kekuwatan lan kaluhuran, tumrap dina buri mung gumuyu bae. 26 Anggone ngangapake cangkeme kalawan kawicaksanan, lan ilate kadunungan piwulang kang alus. 27 Tansah ngulat-ulatake samobah-mosiking brayate, lan ora tau mangan rejeki wohing tindak kesed. 28 Anak-anake padha tangi sarta ngarani biyunge rahayu, dalah bojone iya ngalembana marang kang wadon, pangucape: 29 Akeh wong wadon kang nindakake kautaman, nanging kowe ngungkuli iku kabeh. 30 Warna endah iku goroh lan ayune rupa iku tanpa guna, nanging wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana. 31 Iku wenehana panduman saka wohing tangane panggawene iku kareben ngalembana dheweke ana ing gapura KOHELET Samubarang kabeh iku ora ana paedahe 1:1-11 1 1 Iki pangandikane Sang Kohelet, putrane Sang Prabu Dawud, ratu ing Yerusalem. 2 Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna. 3 Apa gunane manungsa iku banget- banget anggone nglakoni kangelan ana ing sangisoring langit. 4 Turun kang siji sirna, turun sijine teka, nanging bumi iki tetep ana. 5 Srengenge mlethek, srengenge surup, banjur enggal-enggal marani panggonan bakal mletheke maneh. 6 Angin midid mangidul, banjur mbalik mangalor terus-terusan anggone mubeng-mubeng, lan sajrone mubang-mubeng iku angin mau tumuli bali. 7 Sakehing kali iku padha mili menyang ing sagara, ewasamono sagara ora banjur dadi kebak, panggonan anjoge ilining kali iku tetep dadi dhoking iline kali. 8 Samubarang kabeh iku anggone gawe sayah nganti ora kena kacaritakake dening manungsa; mripat ora wareg-wareg anggone ndeleng, kuping ora wareg-wareg anggone ngrungokake. 9 Apa kang tau ana bakal ana maneh, lan apa kang tau dilakoni, bakal dilakoni maneh; ora ana barang kang anyar ing sangisoring langit. 10 Apa ana barang kang kena dikandhakake: “Delengen, iki anyar?” Awit iku dhek biyen wis ana, wis suwe banget sadurunge kita ana. 11 Ora ana kang kelingan marang bab-bab kang kelakon dhek jaman kapungkur, lan ing jaman kang bakal kelakon iya ora bakal ana kang kelingan marang bab-bab kang kelakon ing jaman kang wus diungkurake dening para wong kang bakal ana ing saburine. Piwulang bab: kawicaksanan iku tanpa guna 1:12-18 12 Nalika aku, Kohelet, ngratoni Israel ana ing Yerusalem, 13 kencenging atiku sumedya mriksa lan naliti kalawan kawicaksanan marang samubarang kabeh kang kalakon ana ing sangisoring langit. Iku pagawean kang angel kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya bisaa gawe kesele awake dhewe. 14 Aku wus nyumurupi sakehing panggawe kang dilakoni dening wong ana ing sangisoring langit, nanging lah kabeh iku tanpa guna lan mburu angin. 15 Apa kang bengkong ora kena dilencengake, lan kang ora ana iku ora kena dietung. 16 Sajroning ati aku mosik mangkene: “Lah aku wus nggedhekake lan nambah kawicaksanan ngluwihi kabeh wong kang nyekel paprentahan ing Yerusalem sadurunge aku, lan atiku wus kadunungan kawicaksanan lan kawruh akeh.” 17 Aku wus nggemblengake kekarepanku sumedya nyumurupi tegese kawicaksanan lan kawruh, bodho lan goblog, sarta aku mangerti manawa iki uga ateges mburu angin, 18 amarga kawicaksanan akeh iku ngemu kasusahan akeh, tuwin sing sapa ngakehake kawruh iku ngakehake kaprihatinan. Kawicaksanan lan kabodhoan iku bab kang tanpa guna 2:1-26 2 1 Sajroning ati aku mosik mangkene: “Coba, aku daknguji kabungahanku lan ngematake kasenengan, nanging lah iku uga tanpa paedah.” 2 Gumuyu iku dakkandhakake: “Iku bodho” lan tumrap kabungahan: “Gunane apa?” 3 Aku niti-priksa awakku dhewe kanthi patrap nyegerake badanku kalawan anggur -- sajrone mangkono iku akal budiku tetep mimpin kalawan kawicaksanan -- sarta nggondheli kagemblungan, nganti aku nyumurupi apa kang becik dhewe kang bisa dilakoni dening para anaking manungsa ana ing sangisoring langit salawase uripe kang mung sadhela iku. 4 Aku nglakoni panggawe-panggawe kang wigati: aku yasa omah pirang-pirang, nanduri pakebonan anggur akeh, 5 aku nganakake pakebonan lan patamanan akeh, banjur daktanduri wit-witan warna-warna, 6 aku gawe blumbang pirang-pirang kanggo mbanyoni wit-witan kang isih enom saka ing kono. 7 Aku tuku batur lanang lan wadon akeh, lan ana batur-batur kang lair ana ing omahku; aku uga duwe sapi akeh lan wedhus ngluwihi wong kabeh kang ana ing Yerusalem sadurunge aku. 8 Aku uga nglumpukake selaka lan emas, raja-brana kang pinangkane saka para raja lan dhaerah-dhaerah. Aku ngupaya pasindhen lanang lan wadon akeh, lan kang nyenengake para anaking manungsa, yaiku selir akeh. 9 Kalawan patrap mangkono aku banjur kedunungan kaluhuran, malah nganti ngluwihi sapa bae kang ana ing Yerusalem sadurunge aku; ing sajrone mangkono iku kawicaksananku tetep dumunung ana ing aku. 10 Aku ora ngalang-alangi mripatku tumrap sakehing kekarepane, sarta aku ora ngampah atiku ing bab apa bae kang disenengi, sabab atiku bungah marga saka sakehing kangelanku, lan yaiku wohing sakehe kangelanku. 11 Nalika aku niti-priksa sakehing pagawean kang wus katindakake dening tanganku lan sakehing pambudidaya kang wus daktindakake kanggo ngrampungake pagawean mau kalawan ngrekasa banget, jebul kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin; pancen ing sangisoring langit iku ora ana kang maedahi. 12 Aku banjur genti mawas kawicaksanan, kabodhoan lan kang goblog, sabab apa ta kang bisa dilakoni dening wong kang nggenteni dadi ratu? Mung apa kang wus katindakake dening raja iku. 13 Sarta aku sumurup manawa kawicaksanan iku ngungkuli kabodhoan, kayadene pepadhang anggone ngungkuli pepeteng. 14 Mripate wong kang kadunungan kawicaksanan iku dumunung ana ing sirahe, dene wong bodho iku lumaku ana ing pepeteng, nanging aku uga sumurup, manawa loro-lorone ngalami nasib kang padha. 15 Aku banjur mosik ing sajroning ati mangkene: “Apa kang tumempuh marang wong bodho, iku iya bakal tumempuh marang aku. Apa gunane aku iki dhek biyen kadunungan kawicaksanan kang pinunjul iku?” Aku nuli mosik ing sajroning ati, manawa iki uga tanpa guna. 16 Amarga ora ana pangeling-eling kang tetep tumrap wong wicaksana utawa wong bodho, awit ing dina-dina kang bakal kelakon kabeh-kabeh iku wus suwe anggone dilalekake, lah ah, wong wicaksana iya mati kaya dene wong bodho 17 Awit saka iku urip iku daksengiti, jalaran apa kang tumindak ana ing sangisoring langit iku dakanggep ala, amarga samubarang kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin. 18 Aku sengit marang apa kang daklakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit iki, sabab iku bakal dakwarisake marang wong kang anane sawuse aku. 19 Sarta sapa sumurup, wong iku wicaksana apa bodho? Sanajan mangkono wong iku bakal ngwasani apa kang wus katindakake kalawan rekasa lan kawicaksanan ana ing sangisoring langit. Iku uga tanpa paedah. 20 Marga saka iku aku banjur wiwit mangu-mangu ing bab kang daktindakake kalawan kangelan ana ing sangisoring langit iki. 21 Jalaran manawa ana wong kang nindakake samubarang kanthi ngrekasa kalawan migunakake kawicaksanan, kawruh lan kabisan, iya kudu marisake oleh-olehane iku marang wong kang ora rekasa tumrap iku. Iki uga tanpa paedah lan cilaka banget. 22 Apa ta paedahe nindakake samubarang kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit lan kang jumedhul saka ing pepenginaning atine iku? 23 Uripe kebak ing kasusahan lan pagaweane kebak bab-bab kang gawe susahing ati, malah ing wayah bengi atine ora tentrem. Iku uga tanpa paedah. 24 Ora ana kang tumrap manungsa becike ngluwihi mangan lan ngombe sarta seneng-seneng ing sajroning kangelane. Aku sumurup, manawa iki uga saka ing astaning Allah. 25 Amarga sapa ta kang bisa mangan lan ngrasakake kanikmatan ing sajabane Panjenengane? 26 Awit kang kaparingan kawicaksanan, kawruh lan kasenengan iku wong kang dadi keparenging panggalihe, nanging wong dosa iku kaparingan kuwajiban nglumpukake lan numpuk barang-barang, kang ing tembe kudu diwarisake marang wong kang dadi keparenging Allah. Iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin. Samubarang kabeh iku ana wayahe 3:1-15 3 1 Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe. 2 Ana wayahe lair, ana wayahe mati, ana wayahe nenandur, ana wayahe mbedholi kang ditandur. 3 Ana wayahe mateni, ana wayahe marasake; ana wayahe mbubrah, ana wayahe mbangun. 4 Ana wayahe nangis, ana wayahe ngguyu; ana wayahe sesambat, ana wayahe jejogedan. 5 Ana wayahe mbuwang watu, ana wayahe nglumpukake watu; ana wayahe ngrangkul, ana wayahe cegah ngrangkul. 6 Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang. 7 Ana wayahe nyuwek, ana wayahe ndondomi; ana wayahe meneng, ana wayahe caturan. 8 Ana wayahe nresnani, ana wayahe nyengiti; ana wayahe perang, ana wayahe rukun. 9 Apa ta pituwase wong kang nindakake pagawean kang dilakoni kanthi kangelan? 10 Aku wus ndeleng pagawean kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya padha gawea keseling awake. 11 Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake, malah atine padha kaparingan kalanggengan, nanging manungsa ora bisa nyumurupi pakaryaning Allah wiwit wiwitan nganti wekasan. 12 Aku sumurup manawa tumraping para manungsa iku ora ana kang becike ngluwihi seneng-seneng lan ngematake kasenengan ana ing sajroning uripe. 13 Dene saben wong bisa mangan, ngombe lan ngrasakake kasenengan ing sajroning kangelane kabeh, iku uga peparinge Gusti Allah. 14 Aku sumurup manawa samubarang kabeh kang katindakake dening Gusti Allah iku bakal tetep anane ing salawas-lawase; iku ora bisa diwuwuhi utawa dikurangi; Gusti Allah tumindak mangkono, supaya manungsa wedia marang Panjenengane. 15 Kang saiki ana, iku biyen wus ana, lan kang bakal ana iku wus lawas anane; sarta Gusti Allah ngupadosi apa kang wus kapungkur. Ing sajroning urip tinemu bab-bab kang ora adil 3:16--4:6 16 Sabanjure aku sumurup papan pangadilan ana ing sangisoring langit: ing kono tinemu bab-bab kang ora adil; sarta papan kaadilan, ing kono uga tinemu bab-bab kang ora adil. 17 Aku mosik ing sajroning ati: “Gusti Allah bakal ngadili wong kang bener lan kang ora adil, awit tumrap sakehing pagawean, iku ana wayahe dhewe-dhewe.” 18 Osikku ing sajroning ati mangkene: “Anadene para anaking manungsa, iku bakal kauji dening Gusti Allah lan bakal kaparingan sumurup, manawa dheweke kabeh iku lugune kewan.” 19 Amarga pepesthen tumrap manungsa iku padha karo kang tumrap kewan, sakaro-karone padha tinemune; kang siji mati, sijine iya mangkono. Sakarone padha-padha ambekan, lan manungsa iku ora ngluwihi kewan, amarga samubarang kabeh iku tanpa paedah. 20 Sakarone marani panggonan kang padha; sakarone dumadi saka lebu lan sakarone bali menyang ing lebu. 21 Sapa kang sumurup, manawa ambekaning manungsa iku munggah mandhuwur, dene ambekaning kewan mudhun mangisor, menyang ing bumi. 22 Aku sumurup manawa ora ana kang becike ngungkuli kasenengan sajroning pagaweane tumrap manungsa, amarga iku kabegjane. Awit sapa ta kang bakal nuduhake apa kang bakal kelakon sawuse dheweke? 4 1 Aku nyumurupi maneh sakehing panindhes kang kalakon ana ing sangisoring langit, lan eluhe para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa. 2 Awit saka iku wong mati kang wus suwe anggone ngajal iku dakanggep padha luwih begja katimbang karo wong kang padha urip, kang saiki isih padha urip. 3 Nanging kang luwih begja tinimbang karo sakaro-karone iku -- manut panganggepku -- yaiku wong kang durung ana, kang durung nyumurupi panggawe ala, kang kelakon ana ing sangisoring langit. 4 Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin. 5 Wong kang bodho sedhakep lan mangan daginge dhewe. 6 Katentreman sagegem iku luwih becik tinimbang karo kangelan rong gegem lan ngudi mburu angin. Bab-bab kang tanpa guna ing sajroning urip 4:7-16 7 Aku nyumurupi maneh bab-bab kang tanpa paedah ana ing sangisoring langit: 8 ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; -- kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? -- Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah. 9 Wong loro iku luwih prayoga tinimbang karo wong siji, awit iku padha tampa pituwas kang becik tumrap kangelane. 10 Amarga manawa padha tiba, kang siji banjur nangekake sijine, nanging cilaka wong kang ijen manawa tiba, awit ora ana wong liyane kang nangekake. 11 Uga manawa wong loro padha turu, banjur padha dadi anget, nanging manawa ijen kapriye bisane dadi anget? 12 Lan manawa wong ijen bisa dikalahake, wong loro bakal bisa nanggulangi. Tapi telu ora gampang dipedhot. 13 Wong anom kang miskin nanging kadunungan kawicaksanan iku luwih becik katimbang karo ratu sepuh kang bodho, kang puguh diemutake. 14 Awit wong anom mau metu saka ing pakunjaran banjur dadi ratu, sanadyan laire ana ing sajroning kamlaratan nalika kang sepuh mau ngasta paprentahan. 15 Aku nyumurupi kabeh wong kang ana ing sangisoring langit iki padha lumaku bebarengan karo wong anom kang bakal nggenteni ratu mau. 16 Tanpa wilangan kehe wong kang padha dipimpin, nanging wong kang sawuse iku padha teka, ora padha seneng marang panjenengane. Awit saka iku iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin. Padha wedia marang Gusti Allah 5:1-5:7 4:17--5:6 5 1 4-17 Reksanen sikilmu, manawa kowe lumebu ing padalemaning Allah; nyedhak prelu ngrungokake iku luwih becik tinimbang karo nyaosake kurban kang ditindakake dening para wong bodho, amarga iku ora mangreti, manawa padha nglakoni piala. 2 5-1 Aja kesusu, cangkemmu lan atimu aja age-age nglairake tetembungan ana ing ngarsaning Allah, amarga Gusti Allah iku ana ing swarga, mangka kowe ana ing bumi, mulane tembungmu sathithik bae. 3 5-2 Awit kayadene jalarane ngimpi iku marga saka akehing pagawean, mangkono uga rembuge wong bodho iku iya marga saka akehe tembung-tembunge. 4 5-3 Manawa kowe duwe nadar ana ing ngarsaning Allah, aja kok undur-undur anggonmu netepi, marga Panjenengane ora rena mirsani para wong kang gemblung. Tetepana nadarmu. 5 5-4 Luwih becik kowe ora duwe nadar katimbang duwe nadar nanging ora koktetepi. 6 5-5 Aja nganti kowe katuntun dening cangkemmu marang ing dosa, sarta aja matur ana ing ngarsane utusaning Allah manawa kowe tumindak kliru. Yagene ta tembung-tembungmu kok nganti ndadekake dukaning Allah ing bab pangucapmu lan banjur ngrusak pagaweaning tanganmu? 7 5-6 Amarga kayadene impen iku akeh, mangkono uga tetembungan kang tanpa paedah iku uga akeh. Nanging wedia marang Gusti Allah. Bab tanpa paedahe kasugihan 5:8--6:12 5:7--6:12 8 5-7 Manawa ana ing sawijining dhaerah kowe nyumurupi wong miskin ditindhes lan angger-angger tuwin kaadilan katerak, kowe aja gumun, amarga kang pangkat dhuwur kang siji ngulat-ulatake sijine, mangkono uga kang luwih dhuwur pangkate padha ngulat-ulatake wong-wong mau. 9 5-8 Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono. 10 5-9 Sing sapa nresnani dhuwit ora bakal wareg dhuwit lan sing sapa tresna marang kasugihan ora bakal marem marang pametune. Iki iya tanpa paedah. 11 5-10 Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng? 12 5-11 Wong kang nyambut gawe iku turune kepenak, sanadyan mangane sathithik utawa akeh; nanging mubra-mubruning wong sugih marakake ora bisa turu. 13 5-12 Aku weruh kaanan kang nyedhihake banget ana ing sangisoring langit: kasugihan kang kasimpen dening kang duwe njalari kacilakane dhewe. 14 5-13 Lan kasugihan iku sirna marga saka kojure, satemah ora duwe apa-apa kanggo anake. 15 5-14 Kayadene anggone metu saka ing guwa-garbane ibune, mangkono uga anggone bakal lunga, iya wuda kaya nalikane teka lan ora oleh apa-apa saka ing kangelane kang kena digawa. 16 5-15 Iki uga kaanan kang nyedhihake. Kayadene anggone teka, mangkono uga anggone bakal lunga. Banjur apa kauntungane wong kang wus kangelan mburu angin iku? 17 5-16 Malah salawase uripe ngrasakake gela lan sedhih; akeh kasusahane, kasangsarane lan kang marakake anyel. 18 5-17 Lah kang dakanggep becik lan prayoga iku: mangan ngombe lan seneng-seneng ing sajroning pagaweane kang dilakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit ing salawase uripe kang cendhak, kang diparingake dening Gusti Allah, awit yaiku pandumane. 19 5-18 Saben wong kang kaparingan kasugihan, raja-brana lan pangwasa dening Gusti Allah kang bisa dirasakake minangka pandumane, banjur bisa seneng-seneng ing sajroning kangelane, iku uga ganjarane Gusti Allah. 20 5-19 Wong mau arang-arang ngeling-eling marang uripe, amarga Gusti Allah marengake tansah ngrasakake kasenenganing atine. 6 1 Ana kaanan kang kojur kang dakdeleng ana ing sangisoring langit, kang banget pameteke marang manungsa: 2 wong kang kaganjar dening Gusti Allah kasugihan, raja- brana lan kamulyan, satemah ora kakurangan apa-apa tumrap kang dadi pepenginane, nanging wong iku ora diparengake dening Gusti Allah ngrasakake iku kabeh, nanging wong liya kang ngrasakake Iki kaanan kang tanpa guna lan kasangsaran kang pait. 3 Manawa ana wong kang anake satus lan suwe uripe nganti dawa banget umure, nanging ora marem marang kasenengan, malah banjur ora oleh panguburan, aku kandha: anak keluron iku luwih becik katimbang karo wong mau. 4 Sabab anak keluron iku tekane tanpa guna lan ana ing pepeteng sarta jenenge katutupan ing pepeteng, 5 tur ora ndeleng srengenge tuwin ora weruh apa-apa. Iku luwih tentrem tinimbang karo wong mau. 6 Sanadyan uripe sewu taun ping pindho, manawa ora ngrasakake kasenengan, apa samubarang kabeh iku ora ngener marang panggonan siji? 7 Sakehing kangelane manungsa iku kanggo cangkeme, nanging pepenginane ora ana uwis-uwise. 8 Amarga apa ta kaluwihane wong wicaksana yen katimbang karo wong bodho? Apa ta kaluwihane wong miskin kang bisa srawungan karo pepadhane ngaurip? 9 Luwih becik mung ndeleng bae katimbang karo ngumbar hawa-nepsu. Iku uga tanpa paedah lan ateges mburu angin. 10 Apa bae kang ana, iku wus suwe anggone kapratelakake jenenge lan wus kasumurupan manungsa iku sapa, yaiku anggone ora bisa prakaran karo kang kasantosane ngungkuli dheweke. 11 Amarga saya akeh tetembungane, iya saya akeh kang tanpa paedah. Apa gunane tumrap manungsa? 12 Amarga sapa kang nyumurupi apa kang prayoga kanggo manungsa ing salawase uripe kang ora suwe, kang tanpa guna, kang dilakoni kayadene ayang-ayangan? Sapa kang bisa mratelakake marang manungsa, apa kang bakal kelakon ing sapungkure ana ing sangisoring langit? Kawicaksanan kang bener 7:1-22 7 1 Jeneng kang arum iku luwih becik katimbang karo lenga kang larang, lan dinaning ngajal iku luwih becik tinimbang karo dina kalairan. 2 Luwih becik lumebu ing omah kang kasusahan tinimbang lumebu ing gedhong kang kanggo pista, awit ana ing omah kang kasusahan iku wekasaning saben manungsa: wong urip prayoga ngelingi bab iki. 3 Sedhih iku luwih becik katimbang karo ngguyu, awit ulat kang peteng iku gawe beciking ati. 4 Wong wicaksana iku seneng ana ing omah kang lagi prihatin, nanging wong bodho seneng ana ing gedhong kasenengan. 5 Ngrungokake srengening wong wicaksana iku luwih becik tinimbang karo ngrungokake kekidunganing wong gemblung. 6 Amarga kayadene swaraning eri kang kobong kumritig ana ing sangisoring kwali, iya mangkono iku guyune wong gemblung. Iki uga tanpa paedah. 7 Sanyata, tumindak meres iku njalari wong wicaksana dadi gemblung, dene dhuwit besel iku ngrusakake ati. 8 Wekas-wekasaning prakara iku luwih becik katimbang karo wiwitane. Kasabaran kang gedhe iku luwih becik katimbang gumunggung. 9 Aja age-age nepsu ing sajroning ati, awit nepsu iku lumengket ing atine wong gemblung. 10 Aja celathu: “Yagene jaman biyen iku kok luwih becik tinimbang karo jaman saiki?” Amarga pitakonmu iku ora adhedhasar kawicaksanan. 11 Kawicaksanan iku karo warisan padha becike, iku sawijining kauntungan tumrap para wong kang ndeleng srengenge. 12 Amarga pangayomaning kawicaksanan iku kayadene pangayomaning dhuwit. Lan begja wong kang sumurup, manawa kawicaksanan iku rumeksa marang uripe para wong kang nduweni. 13 Manawa marang pakaryaning Allah Sapa kang bisa nglencengake apa kang wus kabengkokake dening Panjenengane? 14 Manawa pinuju begja dieling, yen dina kacilakan iku dianakake dening Gusti Allah kayadene dinaning kabegjan, supaya manungsa ora bisa nyumurupi apa kang bakal kelakon. 15 Ing sajroning uripku kang tanpa guna iki aku nyumurupi prakara warna-warna, kayata: ana wong mursid kang tiwas ing sajroning kamursidane, ana wong duraka kang uripe suwe ana ing sajroning pialane. 16 Aja banget-banget anggonmu mursid, aja banget- banget anggonmu tumintak wicaksana; yagene kowe arep ngrusak awakmu dhewe? 17 Aja banget-banget anggonmu nglakoni duraka, aja gemblung, yagene kowe kepengin mati sadurunge mangsamu? 18 Prayogane kang siji gondhelana, sijine aja kokeculake, amarga wong kang wedi marang Gusti Allah iku ora bakal ketaman ing loro-lorone. 19 Kawicaksanan iku aweh kakuwatan marang kang nduweni, ngluwihi wong sapuluh kang padha nyekel pangwasa ing sajroning kutha. 20 Sanyatane ing bumi iki ora ana wong kang mursid: kang nglakoni panggawe becik lan ora tau nglakoni dosa. 21 Uga aja nggatekake sakehing tembung kang kaucapake dening wong, supaya kowe ora krungu baturmu ngipat-ipati kowe. 22 Amarga atimu sumurup, manawa kowe uga wus kerep ngipat-ipati wong liya. Mburu kawicaksanan kang gawe gela 7:23--8:1 23 Kabeh-kabeh iki wus dakcoba supaya oleh kawicaksanan. Aku celathu: “Aku kepengin oleh kawicaksanan,” nanging kawicaksanan iku adoh saka ing aku. 24 Apa kang ana iku adoh lan jero, jero banget, sapa kang bisa nemokake? 25 Kang dakudi iku bisane mangreti, niti-priksa lan ngupaya kawicaksanan lan kakenthelaning pamikir, lan bisane nyumurupi, manawa duraka iku bab kang gemblung lan tanpa pikiran iku edan. 26 Sarta aku nemu bab kang ngluwihi paite pati: wong wadon kang dadi jaring, kang atine dadi jiret lan tangane dadi blenggu. Wong kang dadi keparenging Allah bakal oncat saka kang mangkono iku, nanging wong dosa mesthi kecandhak. 27 Lah iki kang daktemokake, -- mangkono pangandikane Sang Kohelet, -- manunggalake kang siji kalawan sijine supaya oleh kakenthelaning prakara, 28 kang isih dakupaya tetep ora ketemu --; ing antarane wong sewu aku nyumurupi wong siji, nanging ing antarane wong-wong iku aku ora nyumurupi wong wadon siji-sijia. 29 Lah mung iki kang daktemokake, yaiku manawa Gusti Allah wus nitahake manungsa kang jujur, nanging wong banjur padha ngupaya akal pirang-pirang. 8 1 Sapa ta kang madhani wong wicaksana? Lan sapa kang sumurup marang katranganing saben prakara? Kawicaksananing manungsa ndadekake sumoroting raine lan gawe lilihing serenge ulate. Sanadyan kadadean-kadadean katon cengkah, nanging pangadilaning Allah mesthi tumindak 8:2-17 2 Mbangun-mituruta marang dhawuhing ratu demi sumpahmu marang Gusti Allah. 3 Aja kesusu mundur saka ing ngarsane; aja mreduli marang prakara kang ala, amarga panjenengane nindakake apa kang dikarsakake. 4 Awit pangandikaning ratu iku kwasa; sapa ta kang bakal munjuk ana ing ngarsane: “Panjenengan dalem nglampahi punapa?” 5 Sing sapa mbangun-miturut marang dhawuh, ora bakal ngalami prakara kang gawe cilaka, lan atine wong wicaksana nyumurupi wancining pangadilan, 6 amarga samubarang kabeh iku ana wektune pangadilan, lan piwulanging manungsa iku metek marang awake. 7 Sanyata, manungsa iku ora sumurup apa kang bakal kelakon, awit sapa ta kang nyumurupake kapriye bakal kelakone? 8 Ora ana wong kang bisa nyandhet angin, lan ora ana wong kang bisa ngwasani dinaning pati. Perang iku ora ana lerene, tuwin duraka iku ora bakal ngeculake kang nglakoni. 9 Iku kabeh wus daksumurupi, sarta aku nggatekake sakehing panggawe kang kalakonan ana ing sangisoring langit, nalika wong kang siji ngwasani sijine ndadekake cilakane. 10 Aku uga sumurup wong duraka kang bakal padha dikubur kena lumebu, mangka wong kang lakune bener padha kapeksa ninggal panggonan kang suci lan kang ana ing kutha kono wus ora ana wong kang kelingan. Iki uga tanpa paedah. 11 Sarehne paukuman tumrap panggawe ala ora enggal-enggal kaetrapake, atining manungsa banjur kebak kekarepan ala. 12 Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane. 13 Nanging wong duraka ora bakal oleh kaslametan lan kayadene ayang-ayangan, ora bakal dawa umure, amarga ora wedi marang pangayunaning Allah. 14 Ana sawijining prakara kang tanpa paedah kang kelakon ana ing bumi: ana wong mursid kang padha tanpa pituwas kang pantese kanggo wong duraka, lan ana wong duraka kang padha tanpa ganjaran kang pantese kanggo wong mursid. Aku kandha: “Iki iya tanpa guna” 15 Awit saka iku aku ngalembana marang kabungahan, amarga ora ana kabegjan liyane tumraping manungsa ana ing sangisoring langit iki kajaba mangan lan ngombe tuwin seneng-seneng. Iku kang dadi kanthine ing sajroning kangelane ing salawase uripe, kang diparingake dening Gusti Allah ana ing sangisoring langit iki. 16 Nalika aku ngudi bisane nyumurupi kawicaksanan lan ndeleng ributing manungsa ing bumi anggone nindakake pagawean rina wengi tanpa ngliyep, 17 tumraping aku banjur cetha, manawa manungsa ora bisa nyumurupi sakehe pakaryaning Allah, kang dilampahi ana ing sangisoring langit. Sanadyan kapriye bae manungsa anggone ngupaya kalawan kangelan, ewasamono ora bakal bisa sumurup. Sanadyan wong wicaksana pratela, yen bisa nyumurupi, nanging lugune ora bisa nyumurupi. Kabeh wong iku nasibe padha bae 9:1-12 9 1 Kabeh iku lugune wus dakgilut-gilut ing sajroning atiku, wus daktitipriksa, yaiku manawa para wong mursid lan para wong wicaksana iku dalah sapanggawene, apa katresnan apa sesengitan, padha ana ing astaning Allah, manungsa ora sumurup samubarang kang bakal kelakon tumrap dheweke. 2 Samubarang kabeh iku padha bae tumrap wong kabeh; nasibe wong iku padha: wong mursid apa wong duraka, wong becik apa wong ala, wong kang resik apa wong kang jember, wong kang caos kurban apa kang ora caos kurban. Wong becik padha kaya wong dosa, wong kang supata padha kaya wong kang wedi sumpah. 3 Yaiku kang kebangeten tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit; kabeh wong nasibe padha. Atining para anaking manungsa iku iya kebak piala lan salawase urip atine kadunungan kaanan gemblung sarta wekasane padha marani panggonane wong mati. 4 Nanging sapa kang kagolong wong urip, iku duwe pangarep-arep, awit asu kang urip iku luwih becik katimbang karo singa kang mati. 5 Sabab wong-wong kang urip iku mangreti manawa bakal padha mati, nanging wong mati ora mangreti apa-apa, ora bakal tampa pituwas maneh, malah wong padha lali babar pisan marang dheweke. 6 Katresnane utawa sengite lan kumerene wus ilang suwe tuwin ing salawase wus ora duwe bagean maneh tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit. 7 Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombenen anggurmu kalawan senenging ati, amarga panggawemu wus lawas ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah. 8 Sandhanganmu dimen lestari putih lan sirahmu aja nganti ora koklengani. 9 Ngrasakna nikmating urip kalawan bojo kang koktresnani ing salawase uripmu kang tanpa guna iku, kang kaganjarake dening Gusti Allah marang kowe ana ing sangisoring langit, amarga yaiku pandumanmu ing sajroning urip lan sajroning pambudidaya kang koktindakake kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit. 10 Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan. 11 Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono. 12 Awit manungsa ora sumurup marang wektune; kayadene iwak kang kena ing jala kang mbilaeni, lan kayadene manuk kang kena ing kala, iya mangkono iku para anaking manungsa anggone padha kena ing jireting mangsa-kala kang kojur, yaiku manawa padha tinempuh ing bab iku kalawan dadakan. Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang karo pangwasa 9:13-18 13 Bab iki manut wawasanku iya kawicaksanan kang ana ing sangisoring langit lan iku tumraping aku katone gedhe: 14 Ana sawijining kutha cilik, pendhudhuke mung sethithik; banjur ana raja agung kang nempuh lan ngepung sarta ngedegake tembok-tembok pangepungan. 15 Ing kono ana wong mlarat kang wicaksana, kang ngluwari kutha iku kalawan kawicaksanane, ewadene ora ana owng kang eling marang wong mlarat mau. 16 Mulane aku kandha: “Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang karo kasantosan, ewadene kawicaksanane wong mlarat diremehake lan tembunge ora dirungokake dening wong.” 17 Tembunge wong wicaksana kang dirungokake kanthi sareh, iku luwih becik tinimbang karo bengok-bengoke wong kang kwasa ana ing satengahe para wong gemblung. 18 Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang piranti perang, nanging wong siji kang kleru bisa gawe bubrahe prakara kang becik akeh. Kawusanane kabodhoan 10:1-20 10 1 Laler kang mati njalari mambune lenga jebad gaweane si tukang gawe lenga jebad; mangkono uga kabodhoan sathithik bae iku dayane ngluwihi kawicaksanan lan kaurmatan. 2 Atine wong wicaksana iku ngener manengen, dene atine wong gemblung iku mangiwa. 3 Uga manawa lumaku ana ing lurung wong bodho iku pikirane iya kethul, saben wong dikandhani, manawa dheweke iku bodho. 4 Manawa kowe tinempuh ing bebendu, aja ninggal papanmu, awit kasabaran iku bisa nyegah kasalahan-kasalahan kang gedhe. 5 Aku sumurup sawijining piala ana ing sangisoring langit, yaiku kaluputan kang asale saka wong kang nyekel pangwasa: 6 Akeh papan kang luhur, kang dilungguhi ing wong bodho, mangka papan kang asor dilungguhi ing wong sugih. 7 Aku sumurup batur tukon nunggang jaran, lan para panggedhe padha mlaku dharat kaya batur tukon. 8 Sing sapa gawe luwangan bakal kacemplung mrono, lan sing sapa njebol tembok bakal dicokot ing ula. 9 Sing sapa mecah watu bakal kelaran; sing sapa nyigar kayu bakal kena ing bebaya. 10 Manawa wadunge kethul lan ora diasah, wong banjur kudu ngetokake kakuwatan kang luwih gedhe, nanging kang prelu supaya bisa kasil, iku kawicaksanan. 11 Manawa ula anggone nyakot sadurunge dijapa-mantrani, tukang japa-mantra bakal ora oleh gawe. 12 Tetembungan kang metu saka ing tutuke wong wicaksana iku sedhep, nanging lambene wong gemblung iku nguntal wong iku dhewe. 13 Tembung kawitan kang metu saka ing cangkeme iku goblog, sarta wekasane guneme iku kabodhoan kang mbilaeni. 14 Wong bodho iku akeh rembuge, sanadyan wong ora sumurup apa kang bakal kelakon, lan sapa ta kang bakal nyumurupake apa kang bakal kelakon ing sapungkure? 15 Kangelane wong bodho iku gawe sayahe wong iku dhewe, amarga ora weruh dalan menyang kutha. 16 Bilai kowe he nagara, manawa ratumu bocah cilik lan para pemimpinmu esuk-esuk wus pista 17 Rahayu kowe he nagara, manawa ratumu asale saka golongan pangarep, lan para pemimpinmu padha mangan manawa wus wayahe ing sajrone karosane ora ing sajrone mendem. 18 Marga saka kesed, payon ambleg, lan marga saka ora cekat-ceket omah trocoh. 19 Supaya bisa ngguyu, wong nganakake bujana, anggur gawe gambiraning ngaurip sarta dhuwit njalari kabeh iku mau bisa tumindak. 20 Sanadyan mung dibatin bae aja nganti kowe ngipat-ipati ratu lan ana ing kamar turu kowe aja ngipat-ipati wong sugih, amarga manuk ing awang-awang uga bisa nglantarake pangucapmu, lan kabeh kang mawa swiwi bisa nglantarake apa kang kokucapake. Pandoming kawicaksanan 11:1-8 11 1 Rotimu buwangen ing banyu, let sawetara suwe bakal ketemu. 2 Menehana panduman marang wong pitu, malah marang wong wolu, amarga kowe ora sumurup, kasangsaran apa kang bakal kelakon ana ing bumi. 3 Manawa mendhung ngembeng banyu udah, udah iku banjur diesokake ing bumi; lan manawa ambruking wit iku mangidul utawa mangalor, wit iku nuli tetep gumlimpang ana ing panggonane ambruke. 4 Sing sapa tansah nggatekake angin ora bakal nyebar lan sing sapa tansah mandeng marang mendhung ora bakal ngundhuh-undhuh. 5 Kayadene anggonmu ora sumurup marang lakuning angin lan balung-balung ing guwa-garbaning wong wadon kang ngandheg, samono uga kowe ora sumurup marang pakaryaning Allah kang nindakake samubarang kabeh. 6 Wijimu sebaren ing wanci esuk, lan tanganmu aja koklerenake ing wanci sore, awit kowe ora sumurup, apa sing iki utawa sing iku kang bakal oleh gawe, utawa apa loro-lorone iku padha becik. 7 Pepadhang iku nyenengake lan mandeng srengenge iku apik kanggo mripat. 8 Mulane manawa ana wong kang dawa umure, cikben seneng-seneng ing sajroning kaanan mangkono iku, nanging wong mau elinga marang dina-dina kang peteng, awit iku akeh cacahe. Samubarang kabeh kang teka iku tanpa paedah. Pitutur marang para wong anom 11:9--12:8 9 Bungah-bungaha, heh wong anom, ing sajrone anggonmu isih anom, atimu cikben seneng ing wektu kowe isih anom lan turutana pepenginaning atimu lan apa kang dadi pakaremaning mripatmu, nanging sumurupa, manawa marga saka iku kabeh kowe bakal katarik dening Gusti Allah marang ing pangadilan 10 Mulane panggrantes buwangen saka ing atimu lan edohna kasusahan saka ing awakmu, amarga anom lan bangbang wetaning ngaurip iku tanpa guna. 12 1 Elinga marang kang nitahake kowe ing sajrone isih anom, sadurunge satekane dina-dina kang ala lan taun-taun, kang kokkandhakake mangkene: “Ing nalika iku aku ora duwe kasenengan”, 2 yaiku sadurunge srengenge lan pepadhang, rembulan lan lintang-lintang dadi peteng, sarta sawuse udah mendhunge padha bali maneh, 3 ing nalika kang tunggu omah padha gumeter lan wong-wong kang rosa padha mbungkuk, tuwin para wong wadon kang nggiling padha leren amarga cacahe suda, sarta kang padha ndeleng saka ing cendhela padha dadi lamur kabeh, 4 apamaneh lawang-lawang ing sapinggiring dalan padha mineb, swarane panggilingan dadi lirih, swarane dadi kaya pangocehing manuk, tuwin sakehing pasindhen wadon padha dadi lirih swarane, 5 wong-wong uga padha dadi wedi marang unggah-unggahan; lan ing dedalan ana kang memedeni, wit saked akembang, walange lakune ngrekasa kalawan nyeret awake, tuwin kekarepan mangan ora kena kagugah maneh -- amarga manungsa lunga menyang ing omahe kang langgeng, apadene para juru nangis padha kluyuran ana ing dedalan, 6 sadurunge rante selaka kapedhot lan damar emas kapecah, sadurunge klenthing karemuk ana ing sacedhaking sumber sarta kerekaning timba karusak ana ing sadhuwure sumur, 7 apadene lebu bali dadi lemah kaya ing sakawit lan roh bali marang ing ngarsaning Allah kang maringake. 8 Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna. Panutup 12:9-14 9 Sang Kohelet iku kajaba kagungan kawicaksanan, iya paring piwulang bab kawruh marang umat. Panjenengane nenimbang, nguji lan nganggit bebasan akeh. 10 Sang Kohelet ngangkah bisane manggih tetembungan kang nyenengake lan nyerat tetembungan bab kabeneran kalawan jujur. 11 Tembung-tembunge wong wicaksana iku kayadene kawat eri lan keklumpukane tulisane kaya paku-paku kang tumancep, pawewehe sawijining pangon. 12 Sarta maneh, anakku, sing waspada Nganggit buku akeh iku ora ana uwise lan sinau akeh iku gawe keseling awak. 13 Wasana minangka pungkasane kang kapireng yaiku: wedia marang Gusti Allah lan netepana pepaken-pepakene, awit iki kuwajibane saben wong. 14 Amarga Gusti Allah bakal masrahake sabarang panggawe marang pangadilan, kang ngadili samubarang kang samar, kang becik lan kang ala. MUSTHIKANING KIDUNG 1 1 Musthikaning Kidung anggitane Sang Prabu Suleman. Panganten putri lan para putri ing Yerusalem 1:2-8 Aku muga ingarasana kalawan pangarasing lathine 2 Amargi katresnan Paduka punika nikmatipun nglangkungi anggur, 3 lisah Paduka wangi gandanipun, asma Paduka kadya lisah ingesok, milanipun para kenya sami tresna dhumateng Paduka. 4 Kawula mugi Paduka gendeng ing pengkeran Paduka, sumangga sami enggal-enggal tindak Sang Prabu wus mbekta aku menyang ing jero kadhatone. Kawula sami badhe surak-surak lan sukarena margi saking Paduka, kawula sami badhe ngalembana sih Paduka ingkang ngungkuli anggur Sampun samesthinipun sami tresna dhumateng Paduka 5 Dhuh para putri ing Yerusalem, pancen pakulitanku ireng, nanging manis, kadi kemahe bangsa Kedar, lir klambu-klambune wong Salma. 6 Aja kokgatekake anggonku ireng, amarga sumeleting surya nggesengake aku. Putra-putrane ibuku padha muring-muring marang aku, aku didadekake panjaga pakebonan anggur, pakebonane anggurku dhewe ora dakopeni. 7 Dhuh gantilaning nalaningwang, kawula mugi Paduka wartosi, wonten ing pundi anggen Paduka angen menda, wonten ing pundi anggen Paduka mlegungaken pepanthan Paduka ing wanci dalu? Awit punapaa dene kawula ngantos kados tiyang nglembara celak pepanthanipun menda mitra-mitra Paduka? 8 Dhuh wanita kang sulistya dhewe ana ing satengahe para wanita, manawa kowe durung sumurup, ngetutna tapak-tapake wedhus lan angona cempe-cempemu ing sacedhaking pakemahane para pangon. Penganten kakung lan penganten putri alem-ingalem sesauran 1:9--2:7 9 -- Dhuh kekasihku, kowe sunupamakake jarane wadon kareta titihane Sang Prabu Pringon. 10 Pipimu katon endah ingapit rerenggan, mangkono uga gulumu kang kinalungan. 11 Kowe arep dakyasakake rerenggan- rerenggan emas kalawan menuran selaka. 12 -- Sasuwene Sang Prabu lenggah dhahar, naredku amrik gandane. 13 Kekasihku iku tumraping aku kaya mur sabuntel, sumelip ing antarane payudaraku. 14 Kekasihku iku tumraping aku kaya kembang pacar sadhompol, ing pakebonan anggur ing En-Gedhi. 15 -- Lah memanisku, kowe iku sulistya, sanyata endah ing warna kowe iku, mripatira pindha manuk dara. 16 -- Dhuh kekasih kawula, Paduka punika bagus, saestu nenarik manah, pasarean kita punika saestu sakeca. 17 Griya kita punika balok-balokipun kajeng eres, gebyogipun kajeng eru. 2 1 -- Kawula punika sekar mawar saking Saron, sekar bakung ing lebak. 2 -- Memanisku iku ana ing satengahe para kenya pindha kembang bakung ing satengahing eren. 3 -- Kekasihku iku ana ing satengahe para nom-noman kaya wit apel ing satengahing wit-witan ing alas. Aku kepengin lungguh ana ing ayome, wohe legi tumrap ing cethakku. 4 Aku kinanthi lumebu ing papan pahargyan lan tunggul kang ana ing dhuwurku iku tresna. 5 Bok aku kinuwatna srana panganan kismis, sinegerna kalawan woh apel. 6 Amarga aku nandhang lara asmara. Astane kiwa ana ing ngisoring sirahku, astane tengen ngrangkul aku. 7 He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani, demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara; kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake Ing korining penganten putri 2:8-17 8 Rungokna Kekasihku Sawangen rawuhe, mlumpat-mlumpat ing gunung-gunung, mencolot-mencolot ing tengger-tengger 9 Kekasihku iku kaya kidang, utawa anak menjangan. Delengen, panjenengane jumeneng ing saburining tembok kita, kambi ngungak-ungak liwat cendhela- cendhela lan nginjen ing ruji-ruji. 10 Kekasihku wiwit ngandika marang aku: “Tangia, memanisku, mrenea, intenku 11 Awitdene delengen, mangsa atis wis kliwat, udane wis terang, lan wis kepungkur. 12 Ing pategalan wis katon kembang- kembang, wis mangsane methik; anggunge perkutut wis keprungu ana ing tanah kita. 13 Wit anjir wiwit awoh, lan kembanging wit anggur ngambar gandane. Tangia, memanisku, mrenea, intenku 14 Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang, ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung, pamerna paraupanmu, wetokna suwaramu; amarga arum suwaramu, lan endah warnamu” 15 Aku padha cekelna asu wawar iku, asu wawar kang cilik, kang ngrusak pakebonan anggur, pakebonan anggurku kang nedhenge kembang 16 Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagungane kang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung. 17 Sadurunge angin sore midid lan ayang-ayang ilang dhuh kekasih kawula, Paduka mugi kersaa wangsul, saha karsaa tumindak kados kidang utawi kados anak sangsam ingkang wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi Kang diimpi-impi penganten putri 3:1-5 3 1 Nuju ing wayah bengi aku nggoleki gantilaning atiku ana ing paturonku. Dakgoleki, nanging ora ketemu. 2 Aku arep tangi lan mubeng-mubeng ing kutha ing lurung-lurung lan ing alun-alun Panjenengane dakgoleki, gantilaning atiku iku. Dakgoleki, nanging ora tinemu. 3 Aku kepethuk para wong rondha ing kutha. “Punapa sampeyan sumerep ingkang dados gantilaning manah kula?” 4 Lagi bae aku padha ungkur-ungkuran karo para wong rondha mau, aku ketemu karo gantilaning atiku; banjur dakcandhak lan ora dakculculake, nganti dakkanthi menyang ing daleme ibuku, ing kamare kang nglairake aku. 5 He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani; demi kidang-kidang lan menjangan- menjangan ing ara-ara: Kowe aja padha nggugah lan ngobahake katresnan sadurunge dikarepake. Arak-arakan penganten 3:6-11 6 Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun kaya kumebuling kukus kasaput ing wangining mur lan menyan lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang? 7 Lah iku joli titihane Sang Prabu Suleman, ginarebeg ing prawira sawidak, saka panunggalane para prawira ing Israel. 8 Kabeh padha asikep pedhang, lanteh ing perang, kabeh padha nyengkelit pedhang, marga saka pagirising wayah bengi. 9 Sang Prabu Suleman wus yasa tandhu kayu ing Libanon. 10 Saka-sakane kang ginawe selaka, sendhenane emas, palenggahane warnane wungu, ing jerone rinengga ing kayu areng. He para putri ing Yerusalem, 11 para putri ing Sion, padha metua, lan nyawanga marang Sang Prabu Suleman, ngagem makutha, kang diagemake dening kang ibu nalika dina pikramane, ing dina sukarenane galihe. Penganten kakung ngalembana penganten putri 4:1-15 4 1 Dhuh, memanisku, kowe iku sulistya, sanyata endah warnamu iku Mripatmu katon lir manuk dara, ana ing sangisoring kudhungmu. Rambutmu pindha pepanthan wedhus kang katon ngombak-ombak mudhun saka ing pagunungan Gilead. 2 Untumu kadi pepanthan wedhus gembel kang lagi bae kacukuran, lan metu saka ing pangguyangan, kang kabeh manak kembar sarta ora ana kang ora duwe anak. 3 Lambemu lir pita jingga, tutukmu endah. Pilinganmu katon lir woh delima sinigar ana ing sangisoring kudhungira. 4 Gulumu kadi menarane Sang Prabu Dawud, kang binangun kanggo nyimpen gegaman, tameng sewu cumanthel ana ing kono sarta gadane para prawira kabeh. 5 Payudaramu pindha anak menjangan loro utawa anak kidang kembar kang lagi nyenggut ana ing satengahing kembang bakung. 6 Sadurunge angin sore midid lan ayang-ayang ngilang, aku kepengin munggah menyang ing gunung mur lan ing pagunungan menyan. 7 Kowe iku sulistya banget, dhuh memanisku, awakmu ora kadunungan cacad. 8 Mara tumuruna mrene saka ing gunung Libanon, dhuh pengantenku, mudhuna mrene saka ing gunung Libanon; mudhuna saka ing pucake gunung Amana, saka pucake gunung Senir lan gunung Hermon, saka guwa-guwaning singa, lan pagunungan panggonaning macan tutul 9 Kowe gawe dheg-dhegane atiku, yayi, pengantenku, kalawan sakedhepaning mripatmu kowe gawe dheg-dheganing atiku sarta kalawan kalung ing gulumu saoncen. 10 Pancen nyata nikmat tresnamu, dhuh yayi, pengantenku. Tresnamu iku nikmate ngluwihi anggur, lan aruming lengamu ngluwihi sawarnaning anggi-anggi. 11 Madu murni tumetes saka ing lambemu, pengantenku, madu lan susu ana ing sangisoring ilatmu, lan gandaning sandhanganmu iku pindha gandaning gunung Libanon. 12 Yayi, pengantenku, kowe iku pakebonan kang tinutup, pakebonan kang tinutup lan tuking banyu kang sinegel. 13 Trubusan-trubusanmu iku pakebonan wit delima, kang enak wohe, kembang pacar lan nared, 14 nared lan kunir, tebu lan manis jangan, sarta sawernaning wit menyan, mur lan gaharu, apadene sarupaning anggi-anggi pilihan. 15 Dhuh, tuking banyu ing pakebonan, sumbering banyu urip, kang mili saka ing gunung Libanon Penganten sakaliyan padha sapa-sinapa 4:16--5:1 16 -- He angin lor, he angin kidul, tangia lan mrenea, midida ing pakebonanku supaya gandane anggi-anggi ngambar Muga-muga kekasihku rawuha ing pakebonane lan dhahar woh-wohan kang enak. 5 1 Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna Kangene penganten putri 5:2-8 2 Aku turu, nanging atiku melek. Rungokna, kekasihku thothok-thothok. “Wenganana kori, yayi, memanisku, manuk daraku, idham-idhamanku, amarga sirahku klebes ebun, lan rambutku kebak tetesing ebun bengi” 3 “Kawula sampun cucul rasukan, punapa kawula badhe dandan malih? Kawula sampun mijiki suku kawula, punapa badhe kawula damel reged malih?” 4 Kekasihku nuli nglebetake astane metu bolonganing kori, atiku temah dheg-dhegan. 5 Aku tangi ngwengani kori kekasihku, tanganku netesake mur, drijiku netesake mur cuwer, ing gocekaning kancingan lawang. 6 Kekasihku dakwengani lawang, nanging kekasihku wis mengker, ngical. Kaya semaput-semaputa aku bareng Panjenengane ngical. Panjenengane daklari, nanging ora tinemu, dakaturi, nanging ora paring wangsulan. 7 Wong rondha ing kutha bareng padha kepethuk aku, aku dipenthungi, ditatoni, rimongku direbut dening wong kang jaga balowarti. 8 He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani: manawa kowe kapethuk kekasihku, apa kang arep kokaturake marang Panjenengane? Aturna, yen aku nandhang brangta Penganten putri ngalembana penganten kakung ana ing ngarepe para putri ing Yerusalem 5:9--6:3 9 -- He wong sulistya ing satengahe para wanita, apa kaceke kekasihmu karo kekasih liyane, dene aku nganti koksupatani mangkene? 10 -- Kekasihku iku putih menthur lan abang sumringah, katon dhewe ana ing antarane wong puluhan ewon. 11 Mustakane kaya kancana, kancana murni, remane ngandhan-andhan, ireng kaya gagak. 12 Tingale kaya manuk dara ana ing pinggir kali, siram ing puwan lan lenggah ana ing blumbang kang peres. 13 Pangarasane kaya bedhengan anggi-anggi, godhag-godhaganing akar wangi. Lathine kaya bakung, kang netesake mur ajer. 14 Astane giligan kancana, rinengga ing sesotya Tarsis, sarirane pindha gadhing ingukir, tinretes ing watu nilam. 15 Sampeyane iku saka marmer putih, tumumpang ing dhasar kancana murni. Sarirane kadya gunung Libanon, pinilih kaya wit anjir. 16 Pangandikane tuhu manis, sapari-polahe ngresepake, kaya mangkono iku kekasihku, iya kaya mangkono iku, he para putri ing Yerusalem 6 1 -- Menyang ngendi tindake kekasihmu, he, wong sulistya ing satengahe para wanita? Menyang ngendi enering tindake kekasihmu, aku arep padha ngrewangi kowe nggoleki. 2 -- Kekasihku tedhak menyang ing pakebonan, ing bedheng-bedhenging anggi-anggi, ngengen wedhuse ana ing pakebonan lan methiki kembang bakung. 3 Aku iki kagungane kekasihku, lan kekasihku iku darbekku, kang angen wedhus gembel ana ing satengahing kembang bakung. Penganten kakung ngalembana penganten putri 6:4--7:5 4 Kowe iku endah ing warna, dhuh memanisku, kaya kutha Tirza, edi-endah kaya kutha Yerusalem, ngebat-ebati kaya balatantra kalawan tunggule. 5 Mripatmu engokna saka aku, amarga aku dadi ngleleng marga saka iku. Rambutmu pindha pepanthan wedhus, kang tumurun ngombak-ombak saka ing gunung Gilead. 6 Untumu kadya pepanthan wedhus gembel, kang jumedhul saka pangguyangan, kabeh padha manak kembar, ora ana kang ora duwe anak. 7 Pilinganmu kaya woh dlima sinigar, ana ing ngisoring kudhungmu. 8 Prameswarine ana sewidak, ampile wolung puluh, lan para kenya tanpa wilangan cacahe. 9 Nanging mung dheweke kang dadi manukku dara, idham-idhamanku, putrane ibune kang ora ana tunggale, kang kinasihan dening kang nglairake, para putri padha ndeleng lan ngarani begja, para prameswari lan para ampil padha ngalembana. 10 “Sapa kae kang jumedhul kadya bangbang wetan, endah lir wulan purnama, sumunar kaya surya, ngebat-ebati kaya balatantra kalawan tunggule?” 11 Aku mudhun menyang pakebonan kenari, ndeleng kuncup-kuncup ing lebak, niliki apa wite anggur wus kuncup lan wit-wite dlima apa wis kembang. 12 Aku ora eling, kangenku nglungguhake aku ana ing karetane wong luhur. 13 Dhuh prawan Sulam, balia, balia, balia, balia, supaya aku padha bisa nyawang kowe. Kena apa kowe seneng nyawang prawan Sulam iku kaya nonton beksan perang? 7 1 Dhuh putri kang luhur ing budi, iba endahe lakumu karo nganggo sandhal iku, solahing cethikmu kaya rerenggan, gegaweaning tangane seniman. 2 Pusermu pindha bundering bokor, kang tan lukak isi anggur cinampur. Padharanmu kaya gandum tinumpuk, kinubengan ing kembang bakung. 3 Payudaramu lir anak menjangan loro, kadya anak kidang kembar. 4 Gulumu pindha menara gadhing, mripatmu kadi telaga ing Hesybon, cedhak gapura Batrabim; irungmu kaya menara ing Libanon, kang madhep marang ing kutha Damsyik. 5 Sirahmu kadi gunung Karmel, rambuting sirahmu wungu semu abang; sawijining ratu kecanthol ing klabangane. Manising tresna 7:6--8:4 6 Kowe iku sulistya lan endah banget warnamu, heh kang kinasihan ana ing satengahing kang gawe seneng. 7 Wanguning awakmu kadi wit kurma, lan payudaramu pindha dhompolane. 8 Tembungku: “Aku kepengin menek ing wit kurma iku, lan nyekel dhompolan-dhompolane. Payudaramu kaya dhompolan anggur, lan napasing irungmu lir woh apel. 9 Tembung-tembungmu manis kaya anggur” Anggur iku malah mili marang ing kekasihku tanpa leren, luber marang ing lambening wong-wong kang lagi padha turu 10 Aku iki duweke kekasihku, kayungyunne tumuju marang aku. 11 Dhuh kekasih kawula, sumangga sami ameng-ameng dhateng ara-ara, nyare wonten ing satengahing sekar pacar 12 Sumangga, sami ameng-ameng dhateng ing pakebonan anggur ing wanci umun-umun, lan mirsani punapa witipun anggur sampun medal kuncupipun, punapa sekaripun sampun mekar, wit-witanipun dlima punapa sampun sekar Wonten ing ngriku kawula badhe ngesokaken katresnan kawula dhumateng Paduka 13 Gandanipun woh dhudhaim ngambar, sacelaking kori kita wonten woh-wohan maneka warni ingkang eca, ingkang sampun dangu lan ingkang saweg kemawon kapethik. Punika sampun kawula simpen kagem paduka, dhuh kekasih kawula 8 1 O, saupami paduka punika sadherek kawula jaler, ingkang nesep ing payudaranipun ibu kawula, temtu badhe kawula aras, manawi kepanggih wonten ing jawi, amargi boten wonten tiyang ingkang badhe ngremehaken kawula 2 Paduka badhe kawula kanthi lan kawula dherekaken dhateng griyanipun ibu kawula, supados Paduka memulang dhumateng kawula. Paduka badhe kawula caosi anggur ingkang arum manawi kaunjuk, duduhing wohipun dlima kawula. 3 Astane kang kiwa nyangga sirahku, astane tengen ngrangkul aku. 4 He para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani, kena apa kowe padha nggugah lan ngobahake katresnan sadurunge dikarepake? Katresnan iku santosa kayadene pati 8:5-7 5 Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun, kang lendheh-lendheh ing kekasihe? Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel, ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe, ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe. 6 -- Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka, kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah, mulad-muladipun kados urubing latu, kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah 7 Toya agung boten saged nyirep tresna, lepen-lepen boten saged ngentiraken. Saupami wonten tiyang ingkang ndanakaken sakathahing barang-darbekipun ingkang wonten ing griyanipun kadamel nebus katresnan, temtu namung badhe karemehaken kemawon. Penganten putri lan rayine 8:8-10 8 Aku padha duwe adhi wadon, kang durung katon payudarane. Apa kang wajib daktindakake tumrap adhiku wadon, yen tumeka ing dinane linamar? 9 Saupama temboka, bakal dakdokoki payon salaka ing dhuwure, saupama lawanga, bakal daketrapi palang kayu eres. 10 -- Aku iki tembok, lan payudaraku kaya menara. Ana ing paningale wektu iku aku kaya wong kang wus oleh kabegjan. Luwih begja tinimbang Sang Prabu Suleman 8:11-12 11 Sang Prabu Suleman kagungan pakebonan anggur ana ing Baal-Hamon. Pakebonan anggur iku dipasrahake marang wong kang padha rumeksa, minangka oleh-olehane siji-sijine ngaturake dhuwit salaka sewu. 12 Pakebonan anggur kawula, gadhahan kawula piyambak, wonten ing ngarsa paduka, kagem panjenengan dalem arta sewu punika, dhuh Sang Prabu Suleman, lan ingkang kalih atus kangge tiyang-tiyang ingkang ngrimati wohipun. Penganten sekaliyan wawan sabda 8:13-14 13 -- Heh kang manggon ana ing taman, kanca-kanca padha nggatekake swaramu, aku iya rungonana 14 -- Dhuh kekasih kawula, Paduka mugi enggal karsaa tumindak kadosdene kidang, utawi kadosdene anak sangsam wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi. YESAYA BAB 1-39: PERANGAN KAPISAN BAB 1-12 PAMEDHAR WANGSIT