19
pangajab. Lumrahipun ngginakaken tembung muga-muga. Tuladhanipun: “Mugi- mugi panjengan enggal dhangan.” Ukara prajanji menika ginanipun kangge
njanjeni dhateng tiyang kaping kalih, supados ing tembe nindakaken ingkang sampun dados janjinipun menika. Tuladhanipun: “Menawi panjenengan telat
malih, kula pindhah wonten kantor sanes.” Ukara Upama inggih menika ukara ingkang mirip kaliyan prajanji, dene bedanipun menika wonten ing ukara prajanji,
menawi sarat-saratipun sampun dipuncekel sedaya, bakal kaleksanan menapa prajanjinipun. Tuladhanipun: “Upama
kula dados presiden, kula bakal
mulyakaken rakyat.”
d. Wacana
Miturut Moeliono,dkk 1988: 34-36 wacana inggih menika rentetan ukara ingkang gayut saengga serasi atawisipun ukara-ukara menika. Wacana menika
gabungan saking ukara-ukara ingkang gadhah setunggal ide pokok utawi gagasan. Ukara-ukara kedah gadhah kohesi saha koherensi supados saged gampil
dipunmangertosi isinipun.
2. Psikolinguistik
Saking etimologinipun, psikolinguistik menika saking tembung psikologi lan tembung linguistik. Psikolinguistik menika kalih bidang ilmu ingkang beda,
gadhah prosedur saha metode ingkang beda. Ilmu psikologi saha ilmu linguistik menika nliti basa dados objek formalipun. Menawi ingkang beda menika objek
materinipun. Ilmu linguistik menika ngaji struktur basa, menawi psikologi
20
menika ngaji perilaku basa utawi proses basanipun. Dadosipun ilmu psikologi saha ilmu linguistik gadhah cara saha ancas ingkang beda Chaer, 2009 :5.
Saking adharan Chaer menika psikologi kaliyan linguistik menika sami njangkepi.
Menawi miturut Tarigan 1986: 1 psikolinguistik menika gadhah arti importasi ilmu linguistik wonten ing salebetipun psikologi ananging boten kosok
balenipun. Andharan Tariga menika, ilmu psikologi boten saged importasi saking linguistik. Ilmu linguistik menika langkung wiyar saking ilmu psikologi. Wonten
kedadean ingkang asimetris. Psikologi mendhet utawi nampi saking lingustik menika amargi linguistik bidhang ingkang langkung “maju”. Linguistik menika
ngandharaken babagan bebasan. Basa ingkang kaginakaken menika mbetahaken ilmu psikologi. Awit saking basa menika saged nitikki sinten ingkang
ngginakaken basa menika. Dados, atawisipun lingusitik kaliyan psikologi menika wonten gegayutan lan paring kalengkapan setunggal tuwin setunggalipun.
Wonten ing mriku dipunsebut Psikolinguistik. Harley lumantar Dardjowidjojo, 2005: 1 ngandharaken psikolinguistik
menika salah setunggaling “studi tentang proses-proses mental dalam pemakaian bahasa”. Maksud saking andharan menika psikologi menika ilmu ingkang
ngandharaken babagan proses mentalipun anggenipun ngginakaken basa. Proses- proses mental ingkang dipunmaksud menika babagan umur. Awit saking
ngginakaken basa menika ugi kanthi tahap-tahapipun. Saking pemerolehan basa