Konstruk sintaktik awujud frasa ingkang gadhah makna

b Ukara tanduk Ukara wonten ing inggil klebet ukara tanduk amargi jejeripun nindakaken pakaryan. Jejeripun nindakaken pakaryan menika saged katitik saking wasesanipun. Wasesa ing ukara menika saking tembung ‘nggawa’. Tembung nggawa menika menawi dipunudhal saking tembung lingga ‘gawa’. Tembung ‘gawa’ ingkang pikantuk ater-ater hanuswara ng- dados anggawa. Wonten ing basa lesan dados nggawa. Tembung nggawa menika tegesipun ‘bekta barang’. Saking ukara “Aku, nggawa HP, Bu” menika nedahaken menawi jejer bekta barang HP. Saengga jejeripun nindakaken pakaryan. Bukti sanesipun, ukara menika saged dipundadosake ukara tanggap. “Aku nggawa HP, Bu” dipundadosaken ukara tanggap dados “HP tak gawa, Bu.” Data 21 kalebet ukara wasesa amargi wasesanipun awujud tembung kriya. Wasesa saking ukara ing inggil menika saking tembung ‘nggawa’. Tembung nggawa menika kalebet tembung kriya amargi tegesipun bekta barang. c Ukara cariyos Ukara “Aku nggawa HP, Bu” menika kalebet ukara cariyos amargi isinipun nyariosaken kedadean. Ukara menika nyariosaken menawi si X bekta HP wonten ing sekolahan. Si X cariyos kaliyan panaliti saengga kalebet ukara cariyos. Bukti sanesipun, wonten tembung panyilah. Tembung panyilah menika nggambaraken tiyang ingkang dipunajak pirembagan. d Gadhah makna Ukara “Aku nggawa HP, Bu” menika gadhah makna amargi gayut kaliyan konteks. Konteksipun menika si X cariyos menawi bekta HP pamer. Si X ugi nunjukaken Hpnipun ingkang dipunbekta dhateng panaliti. Pocapan kaliyan kedadean menika sami saengga gayut. Saking andharan ing inggil, dipunpendhet dudutan menawi data 21 kalebet konstruk sintaktik klausa ngemu ukara lamba, ukara tanduk, ukara wasesa kriya saha ukara cariyos ingkang gadhah makna. 2 Konstruk sintaktik klausa tunggal, ukara tanduk, cakrik ukara cariyos ingkang boten gadhah makna Konstruk sintaktik awujud satunggal klausa ngemu ukara lamba, ukara tanduk, ukara wasesa kriya, ukara cariyos ingkang boten gadhah makna saged dipunpirsani saking pethilan data ing ngadhap menika: Konteks: Dinten jum’at kempal wonten ing ngajeng kelas badhe mlampah- mlampah ing Lapangan. Panaliti nuwun pirsa “Neng lapangan olahraga apa?” X: “Mengko ngulukke layangan.” data no.25 a Ngemu ukara lamba Ukara menika ngemu ukara lamba amargi satunggal ukara saking satunggal klausa. Ukara ‘Mengko ngulukke layangan’ menawi dipunudhal dados tembung ‘mengko’ minangka katrangan wekdal, tembung ‘ngulukke’ minangka wasesa, tembung ‘layangan’ minangka lesan. Konstruk sintaktik ukara menika saking satunggal katrangan wekdal, satunggal wasesa saha satunggal lesan. Awit saking konstruk sintaktik menika, saengga ukara menika dipunsebat ukara lamba.

Dokumen yang terkait

UPAYA MENINGKATKAN PRESTASI BELAJAR MEMBACA PERMULAAN MELALUI MEDIA GAMBAR PADA ANAK TUNA GRAHITA RINGAN KELAS D1 SLB C YPAALB PRAMBANAN KLATEN TH. 2008 2009

0 4 53

UPAYA MENINGKATKAN PRESTASI BELAJAR ILMU PENGETAHUAN ALAM MELALUI METODE KARYAWISATA PADA ANAK TUNA GRAHITA KELAS DASAR III SLB – C YPAALB PRAMBANAN KLATEN

1 9 77

PENGARUH TEKNIK PEMBELAJARAN MELUKIS DENGAN JARI TERHADAP PENINGKATAN MOTORIK HALUS SISWA TUNAGRAHITA SEDANG: Penelitian Single Subject Research Terhadap Siswa Tunagrahita Sedang SDLB-C1 SLB YKS III Katapang.

0 1 35

KESESUAIAN KURIKULUM KETERAMPILAN VOKASIONAL DENGAN TUGAS PERKEMBANGAN DAN TUNTUTAN KOMPETENSI DUNIA KERJA BAGI ANAK TUNAGRAHITA SEDANG DI SLB C “X” KOTA BANDUNG : Studi Kasus Kelas Anak Tunagrahita Sedang.

0 5 35

UPAYA MENINGKATKAN PRESTASI BELAJAR ILMU PENGETAHUAN ALAM MELALUI METODE KARYAWISATA BAGI ANAK TUNAGRAHITA KELAS VII SEMESTER 1 DI SLB-C YPAALB PRAMBANAN KLATEN TAHUN 2014/2015.

0 0 9

PENINGKATAN KETERAMPILAN MEMBUAT BATAKO MELALUI METODE DRILL BAGI TUNAGRAHITA KATEGORI SEDANG KELAS VIII SMPLB C1 DI SLB N 1 SLEMAN.

0 1 127

PENINGKATAN KEMAMPUAN MEMBILANG MELALUI MEDIA GRAFIS PADA ANAK TUNAGRAHITA KATEGORI RINGAN KELAS II SDLB DI SLB C YAYASAN PENDIDIK ASUHAN ANAK LUAR BIASA (YPAALB) PRAMBANAN KLATEN.

0 2 216

STRES DAN KOPING KELUARGA DENGAN ANAK TUNAGRAHITA DI SLB C DAN SLB C1 WIDYA BHAKTI SEMARANG - Diponegoro University | Institutional Repository (UNDIP-IR)

0 0 4

STRES DAN KOPING KELUARGA DENGAN ANAK TUNAGRAHITA DI SLB C DAN SLB C1 WIDYA BHAKTI SEMARANG - Diponegoro University | Institutional Repository (UNDIP-IR)

0 0 10

Stres dan Koping Keluarga dengan Anak Tunagrahita di SLB C dan SLB C1 Widya Bhakti Semarang - Diponegoro University | Institutional Repository (UNDIP-IR)

0 0 13