SASTRA JAWA PROSA diktat teori sastra jawa

6

BAB II SASTRA JAWA PROSA

Dongeng Dongeng adalah cerita fiksi yang bernilai pendi-dikan budi pekerti. Tokoh yang dipakai adalah hewan, kayu, batu, dan bisa juga manusia. Jenis-jenis dongeng antara lain: Fabel, yakni dongeng tentang binatang; misalnya kancil mencuri timun, kancil dan buaya, burung gagak dan kura-kura. Mite, yakni dongeng tentang mitologi, misalnya dongeng Nyi Rara Kidul. Legenda, yakni dongeng tentang asal mula kejadian. Misalnya dongeng asal mula Gunung Bromo, dongeng Jaka Tengger, asal mula Rawa Pening, asal mula kota Banyuwangi, dan masih banyak lagi. Adapun buku-buku dongeng terkenal antara lain: Tantu Panggelaran, Hikayat Kalilah dan Dimnah, dan Calon Arang. Dongeng berbahasa Jawa yang telah diterbitkan antara lain: Prawira Sudirdja: Cariyos Tanah Pareden Diyeng 1912. Reksa Kusuma: Cariyos Bengawan Solo 1916. Sastra Mintardja: Cariyos Sendhang ing Tawun 1922. Yasa Suparta: Cariyos Redi Lawu 1936. Kuswadiardja: Rara Kadreman 1916. Adisusastra: Kartimaya 1917. Di bawah ini contoh-contoh dongeng berbahasa Jawa yang dapat digunakan sebagai sarana untuk menyebarkan suri tauladan dan keutamaan: 7 Rara Jonggrang Cinarita, ana priya kang duwe sipat ambeg sura ajejuluk Bandung Bandawasa. Bandung Bandawasa iku sekti mandraguna. Bandung kepengin nglamar wanudya kang ayu sulistya aran Rara Jonggrang, putrine Prabu Boko. Ratu Boko ngerti yen Bandung mau dudu priyagung kang duwe tumindak becik, mula lamaran mau ditolak. Bandung muntab banjur Prabu Boko dipejahi. Asma Ratu Boko iku saiki kanggo tetenger petilasan ing Gunung Saragedug, sakidule Candhi Prambanan. Iba sedhihe Rara Jonggrang ngerti yen ramane diprajaya dening Bandung Bandawasa. Dheweke ora bisa selak nampani panglamare Bandung amarga ora ana maneh kang bisa nulungi. Mula lamaran mau katrima dening Rara Jonggrang kanthi pamundhut supaya digawekake candhi kanthi sewu reca ing sajroning sawengi. Pamundhut mau kaya-kaya mokal, pancene supaya kersane Bandung nggarwa dheweke mau cabar. Ananging, dudu Bandung Bandawasa yen ora bisa nyembadani pamundhut mau. Kanthi kadigdayan sing gedhe, Bandung ngetokake bala prewangan arupa jin setan peri prayangan saengga sadurunge jago kluruk candhi mau wis meh rampung cacah 999 reca kurang 1 maneh. Ngerti yen candhine meh rampung, Rara Jonggrang wara-wara marang wong sadesa supaya enggal nutu pari lan ngeculake jago supaya pada kluruk. Kesaru swaraning jago, candhi mau cabar bubar tanpa dadi. Bandung ngerti yen jago kluruk mau saka pokale Rara Jonggrang kang culika. Mulane sang putri disot 8 dadi reca kanggo nggenepi reca kang kaping 1.000. Reca iku mau yaiku reca Durga Mahesa Sura Mardini sing mapan ing Candhi Siwa sisih lor. Babad Babad yaitu prosa yang biasanya menceritakan sejarah atau kisah seorang tokoh. Babad yang berisi sejarah yaitu Babad Tanah Jawa, Babad Giyanti, Babad Tanah Pasundan, Babad Mataram, Babad Kartasura, Babad Kediri, Babad Madura, Babad Pacina, Babad Pakepung, Babad Ngayogyakarta. Adapun yang berisi biografi misalnya: Babad Diponegoro, Babad Cakranegara, dan sebagainya. Riwayat Riwayat yaitu cerita yang menguraikan riwayat hidup seseorang. Contoh buku riwayat: Ki Padmasusastra: Biografi Raden Ng. Ranggawarsita. MA Candranegara: Lampahanipun RMA Purwa Lelana 1865. Suwignya: Kyai Ageng Pandanaran 1938. Contoh sastra riwayat yang menceritakan perjalanan Pangeran Prawirareja Bupati Madiun: Kacariyos, lalampahanipun Pangeran Rangga Prawiradirja, bupati ing Madiun, bawah karaton ing Ngayogyakarta, kaleres mantu kaliyan kanjeng sultan ing Ngayogyakarta, pinuju badhe malebet grebeg ing wulan rabingulawal. Mangka manawi lumampah dhateng nagari Ngayogya tumpakanipun aneh sanget, inggih punika satunggiling amben kajeng jati, wiyaripun cekap dipun enggeni tiyang kalih dasa, sapirantosipun sadaya, amben wau kadekekaken pawon utawi 9 pakiwan, payunipun motha mawi kapageran kepang, sarta mawi senthong- senthongan, dipun rembat tiyang kawandasa. Ing wektu wulan Rabingulawal tanggal nem mesthi sowan garebeg Mulut. Sang pangeran sagarwa putra santana sami numpak amben wau, miwah sangkep sadadameling aprang. Sareng lampahipun dumugi ngepos Delanggu Surakarta, ingkang angrembat amben sami leren ngaso. Kocap putranipun sang pangeran kakung taksih timur amonthah nedha menda gibas buntutipun meh klangsrah ing siti kathahipun wolu. Sang pangeran andangu dhateng demang pos ing Delanggu. Demang matur, ‘Menda punika gadhahanipun demang patuh ing Delanggu.’ Enggalipun demang Delanggu katimbalan, sampun sowan, pangeran Madiun ngandika, ‘E, demang, iku wedhus apa nyata duwekmu?’ Demang matur, ‘Nuwun bandara, punika menda kagunganipun kanjeng gusti pangeran adipati Mangkunagara, abdidalem amung angreksa kemawon.’ ‘E, demang, sarehne anakku raden mas timur amonthah jaluk wedhus iku, kabeneran kagungane kanjeng gusti, aku anjaluk siji, besuk yen aku wis tutug Ngayogja, wedhus mau dakbalekake marang kowe, ing Ngayogja akeh kang duwe, supaya raden mas mariya gone monthah.’ Raden ayu inggih dherek ngandika, ‘Iya, demang, wenehna siji, yen kowe matur aku kang jaluk temtu ora dadi ing panggalihe, mengko aku bakal maringi ganjaran marang kowe.’ Demang matur, ‘Bendara, mugi sampun andadosaken duka dalem, awit abdidalem boten saged angaturaken, karana abdidalem sampun tampi dhawuh 10 papacakipun kanjeng gusti: Sinten-sinten para gusti amundhut menda punika, abdidalem boten kalilan angaturaken. Bilih abdidalem anerak papacak wau amesthi dipun ukum sarta kapocot saking kademangan kawula, mila, bandara, sanget ajrih kawula.’ E, demang, wis ora. Prakara wedhuse siji bae nganti dadi dukane, malah dadi danganing panggalihe. Ewadene manawa kowe nganti nemu duka, gedhene kapocot, kowe enggal tekaa ing Madiun, aku bakal paring kalungguhan sandhuwure pangkat demang, iya iku pangkat mantri, lungguh bumi limang jung.’ ‘Nuwun, bandara, kawula boten saged ngaturaken.’ Sang pangeran tuwuh dukanipun, ngandika sora, ‘E, demang, kowe iku ora ngrasakake kandhane uwong, mung atimu dhewe koturuti, cekake yen kowe ora angulungake wedhus mau, mesthi endhasmu dak bedhil.’ Demang Delanggu sareng mireng pangandikanipun sang pangeran ingkang kasar, sanalika boten darbe ajrih matur purun, ‘Dhuh, dhuh, bandara, kula punika asal saking tiyang sudra papa, bangsaning tiyang narakarya, mangka sapunika ngantos dados demang patuh, punika namung saking antep temen kula ing gusti, saha boten perlu panjenengan dalem ngandika pangancam dhateng kula, awit kula sanes lare alit.’ Sang pangeran sareng mireng wangsulanipun demang Dlanggu enggal angasta sanjata buwis ingkang sampun dipun iseni, ‘Lah, saiki pecating nyawamu’ Demang boten kumelap manahipun, pangeran enggal anyentil buwisipun, mimis angengingi dhadhanipun demang, tatu tembus aneratas tanpa sambat 11 dhawah lajeng pejah, rah sumamburat kados pancuran. Sang pangeran dhawah bidhal dhateng Ngayogja. Kacariyos, para warisipun demang ambekta mayit dhateng Mangkunagaran, kacaosaken kanjeng gusti pangeran adipati Mangkunagara, saha matur purwa madya wasananipun demang Dlanggu manggih pejah. Kanjeng gusti sanget dukanipun, lajeng sowan dhateng karesidenan, saha mayit kabekta. Sampun apapanggihan kaliyan kanjeng tuwan residen, kanjeng gusti matur wiwitan dumugi wekasan, saha angaturaken mayitipun demang Dlanggu. Tuwan residen enggal animbali tuwan mestri ing loji ageng, boten dangu tuwan mestri sampun dhateng ing karesidenan. Tuwan residen enggal angandika dhateng tuwan mestri kadhawuhaken amariksa mayitipun demang Dlanggu, sarta adamela serat papriksan leresipun pejah kenging dadamel sanjata. Sasampunipun tuwan mestri adamel serat papriksan, nyatakaken pejahing mayit dipun aniaya tiyang sarana labet kasanjata, serat papriksan kaaturaken tuwan residen. Tuwan residen ngandika, ‘Kanjeng gusti, kula badhe angaturi serat dhateng residen Ngayogyakarta, kula anedha dhatengipun ing Surakarta pangeran Madiun. Bilih sampun dhateng ing Sala, saderenging kapancas prakawisipun amesthi kula tahan wonten ing loji ageng, nanging kula kedah nyuwun lilah rumiyin kaliyan kanjeng tuwan ageng guprenur jendral.’ ‘Kula inggih nyumanggakaken kanjeng tuwan residen kemawon, minggahipun dhateng pangadilan luhur.’ ‘Kanjeng tuwan residen ngandika, ‘Sampun mesthi, awit prakawis rajapejah.’ Lajeng atatabean. 12 Kocapa kanjeng tuwan residen ing Surakarta enggal angaturi serat dhateng kanjeng tuwan residen ing Ngayogyakarta, turi serat dhateng kanjeng tuwan residen ing Ngayogyakarta, suraosipun anedha dhatengipun pangeran rangga Prawiradirja bupati ing Madiun, ingkang sapunika wonten ing kadhaton Ngayogyakarta, awit kadakwa dening kanjeng gusti pangeran adipati Mangku- nagara ing Surakarta, sampun amejahi demang Delanggu, sarana dipun sanjata, karana badhe kapriksa kanyatan-ipun. Sareng kanjeng tuwan residen ing Ngayogja anampeni serat saking residen Surakarta, enggal anitih kareta malebet ing kadhaton sowan kanjeng sultan, kapanggihan wonten pandhapi ageng, angaturaken serat saking residen Surakarta, ingkang sampun kajawekaken. Sasampuning kawaos kanjeng Sultan angandika, ‘Inggih, bapa residen, leres pangeran Madiun wonten ing karaton kula, nanging ing sapunika saweg ginanjar sakit panas, manawi sampun sakeca enggal kula aturaken dhumateng bapa.’ Kanjeng tuwan residen pamit mundur, lajeng tatabean. Sasampuning rawuh ing dalem karesidenan, lajeng nyerat wangsulan dhateng residen ing Surakarta, bilih pangeran Madiun sapunika saweg ginanjar sakit panas, manawi sampun saras enggal kula aturaken dhateng Surakarta. Kacariyos kanjeng Sultan enggal animbali pangeran rangga Prawiradirja, bupati ing Madiun, sampun sowan ingarsa nata. Sang aprbu angandika, ‘E, rangga, dhek mau tuwan residen sowan marang kadhaton, awit wus anampani layang saka tuwan residen Surakarta, surasane sira digugat marang pangeran adipati Mangkunagara, yen sira tinarka wus amateni demang ing Dlanggu, sarana 13 sira bedhil. Lah saiki kepriye kang dadi karepira, apa sira mringkus apa bregagah. Yen sira wani bregagah saiki ingsun paringi sangu saleksa, lan pametune bumi Madiun ingsun paringake marang sira minangka prabeya ingoning prajurit, yens sira mringkus enggal sira ingsun tampakake marang residen.’ ‘Kawula nuwun, gusti, abdidalem suka bingah ambregagah.’ ‘Lah mengko bengi sira lolosa saka kadhaton, yen sira wus teka ing Madiun angadegna baris, angrayutana bumi kiwa tengening Madiun.’ Pangeran rangga matur sandika, saha lajeng nyungkemi sampeyanipun sang prabu nyuwun pangestu, lajeng lengser saking ngarsa dalem. Pangeran rangga sampun papanggihan kaliyan ingkang garwa raden ayu, badhe lolos dhateng Madiun, angadegaken baris balela kaliyan kumpeni Walandi, awit piyambakipun mogok katarik residen Surakarta, saha sampun kaiden kanjeng sultan, dene raden ayu dipun tilar wonten ing Ngayogja. Ingkang garwa matur kaliyan muwun, pejah gesang badhe andherekaken, nanging sang pangeran boten pareng mindhak angriribedi, benjing manawi jinurung ing Gusti Allah badhe kapurugan. Pangeran rangga lajeng anglem-pakaken sentana tuwin wadya balanipun, ing dalu wau lolos medal redi kidul. Enggaling cariyos sampun dumugi ing Madiun, tumunten anglempakaken wadya bala Madiun, sanalika sampun saged nglempak prajurit kalih ewu langkep sadadamelipun, lajeng angangkati kawula warganipun dados panewu mantri kaliwon utawi pangkat bupati, baris ngadeg wonten ing Pethik, ajujuluk pangeran rangga ing Pethik. 14 Kanjeng sultan sampun angwunigani bilih Pangeran Rangga lolos saking kadhaton, enggal dhawuh dhateng abdi anggandhek kinen asuka wuninga dhateng karesidenan yen pangeran rangga bupati wadana Madiun sampun lolos saking karaton, lajeng balela badhe apacak baris wonten ing Madiun, kula enggal badhe utusan prajurit anggebag ingkang amucuki dados kraman, saha nyuwun bantu prajurit Walandi, mumpung dereng ageng pabarisipun. Sareng tuwan residen Ngayogja tampi katrangan saking kanjeng sultan ingkang makaten, enggal-enggal asuka wuninga dhumateng residen ing Surakarta. tuwan residen Surakarta atampi katrangan bilih pangeran rangga Madiun balela, sampun awit damel reresah wonten ing dhusun Pethik Madiun, tuwan residen enggal ngaturi wuninga ing kanjeng sunan kinen sedhiya prajurit anggebag kraman wau. Kacariyos barisipun pangeran rangga sampun ageng, wadya balanipun boten kirang saking saleksa, sampun wiwit adamel reresah, ananging pangeran rangga lajeng manggih gerah sanget boten dangu seda, layonipun kakubur ing Madiun, wadya bala kraman lajeng sami bibar. Kanjeng Sultan sampun tampi lapuran saking Madiun pangeran rangga sampun ajal jalaran sakit panas sanget. Kanjeng sultan enggal asuka wuninga dhumateng tuwan residen ajalipun pangeran rangga ing Madiun, para kraman sampun sami bibar sadaya. Wiracarita Wiracarita yaitu cerita yang isinya keperwiraan dan kepahlawanan. Wiracarita disebut juga epos. Misalnya yaitu Serat Baratayudha, Cerita Panji, 15 Serat Menak, dan Serat Rengganis. Di bawah ini dikutipkan Serat Rama karya Pujangga Yasadipura I yang menceritakan kepahlawanan Prabu Ramawijaya beserta bala tentaranya: Dhandanggula Tabuh sapta nujya Buda Manis Wulan Sura kaping tigang dasa Ing mangsa kapat wukune Kurantil Je kang taun Sirneng tata pandhita siwi Sangkala duk manurat Agnya maha nurun Mangun langening carita Caritane Bathara Rama ing kawi Jinarwakken ing krama Mardya kawuryan ing krama niti Manawung mangka sekar macapat Ingkang rinengga kandhane Nenggih reksasa Prabu Ing Ngalengka prajanira di Sumbageng tri bawana Prakoswa dibya nung Winongwong karataonira Angluwihi kumalungkung aneng bumi Tan ana kang tumimbang Kasudiranira anggeteri Risang Buminata ing Ngalengka Kusut para ratu kabeh Ditya reksasa diyu Myang ratuning manuswa sami Tan ana kang kuwawa Lumawan ing kewuh Nadyan Dewa Suralaya Batharendra rebut reh kasoran dening Lan Sri Maha Yaksendra Bisikanira Sri Narapati Buminata Ngalengka Rawana Dasamuka peparabe Nenggih kang darbe turun Saking bapa manuswa yekti 16 Ambek Nata pandhita Eyang lawan buyut Sira Bagawan Wisrawa Sang Wisrawa putrane padma anenggih Padma pustreng Pulastha Pangkur Gumandhul ana ing epang Tathakakya namane kang raseksi Ngrerusak karyanipun Ngarubiru pratapan Memateni si Tathakakya puniku Balane Prabu Dasaswa Prayitna satriya kalih Sang Rama sigra amenthang Arasira mangekapadaneki Umepas sanjata mamprung Pedhot tenggake kena Tathakakya tiba gembunge gumebrug Kadya parbata anakan Tibane anggegirisi Suka kang cantrik sadaya Dene sirna ditya kang mbebayani Kabeh saisining gunung Samya suka sadaya Pitik iwen sato ilang geringipun Kidang sangsam andaka Manuk memreng miwah kancil Nadyan gajah samya susah Tan ana kang wani angalap bukti Bala sato samya kuru Tan antuk amemangsa Amung warak kang mendhem kang misih lemu Sanadyan kayu wowohan Tan kober awoh barindhil Mangkya sato samya luwar Labuh brata enggar angalap bukti Myang wowohan samya mendhuh Sekar-sekar umekar Samya eca tyasira Sang Maha Wiku 17 Sawusnya nir kang bebaya Mangkana satriya kalih Dinusan munggeng palangka Tinuturan marang Sang Maha Resi ‘Heh, rungunen putraningsun iya pituturingwang sira uga panjanmane Sang Hyang Wisnu sinungan karya rumeksa rahayuning bumi-bumi tan ana sangsayanira iya ngendi ana wong bakal luwih tan ana sandhunganipun sawatara kewala marma sira sinung widagda dibya nung dening mbangun turutira mring bapa rumekseng resi Asmarandana Tan wuwusan ing tulis Rerenggan sang pinangantyan Pan sampun pinanggihaken Putri Mantilidiraja Lawan putra Ngayodya Sinembahken putri jalu Raring rama prabu kalihnya Saestu Sang Rama Ratih Carya kang samya angayap Ndulu ri sang pinanganten Miwah apsari sawarga Anggung selar-seluran Kayungyun samya tumurun Ring pureng Mantilidiraja Sagunging kang para bibi Myang para cethi sadaya Miyat ing sang pinanganten Supe anadhah anendra Kacaryan dennya mulat Ing sangkepe kalihipun Tan pantes tinon ing janma 18 Sayekti para apsari Siniweng Endrabawana Datan winuwus resmine Cinendhak ingkang carita Mburu lampahing kandha Risang Dasarata Prabu Pamit angendhuh kang putra Busekan nagri Mantili Punggawa ingkang pinatah Umiring sang pinanganten Mangkana Sri Dasarata Saking Mantili budha Swaraning bala gumuruh Prapta sajawining kitha Kusut nagari Mantili Kadya koncatan sesotya Coplok saking embanane Sinta minangka sesotya Nagri Mantilidiraja Sayekti embananipun Marma lum Mantilidiraja Mijil Lamun sira madeg narapati Yayi wekasingong Apan ana ing Prabu ugere Sastra cetha ulatana nuli Omahna den pasti Wulanging sastreku Rehning janma tama nguni-uni Kang mengku kaprabon Ingkang nistha kawruhana kabeh Miwah madya utama ywa lali Liring siji-siji Den kena ywa tungkul Tindaking nistha mangka wewedi Temah tan anggepok Ingkang madya resepana bae Mring utama sira den kepengin Den kadi sira mrih 19 Sengseming dyah ayu Nistha iku tindak walang ati Saliring pakewoh Iya bela-bela ing ciptane Mring santana myang punggawa mantri Anggung sangga runggi Andhedher pakewuh Tan wun ing reh ing don neniwasi Ambek kang mangkono Ing madyane ilangena kabeh Den patitis awrat sangga runggi Utamane yayi Kabeh den kacakup Ala ayu pan darbenireki Ing rat tan pakewoh Ingkang ala ya prihen becike Pinet ing suka dinanan ugi Waregana ping-ping Jejelana wuruk Ing kadarman wruhna pakenaning Peten sukaning wong Barang karya ana bebukane Wineweka ing reh ingkang isi Ala lawan becik Tuwin gampang ewuh Sandiwara Sandiwara atau disebut drama yaitu cerita yang berupa dialog antara tokoh satu dan lainnya. Yang termasuk drama yaitu: kethoprak, wayang, dhagelan, opera, dan yang terkenal adalah monolog. Contoh sandiwara yang populer adalah ludruk. Ludruk merupakan seni sandiwara khas yang tumbuh di Jawa Timur. Sesuai dengan karakter masyarakat Jawa Timur, ludruk sungguh mewakili dan mudah sekali dikenali. Syarat pementasan ludruk telah disepakati bersama, yaitu 20 menggunakan dialek Surabayan. Meskipun menggunakan bahasa Jawa krama, tetap terdapat warna kental bahasa Jawa Timuran. Bahasa ini dikenal agak kasar, namun merakyat. Ludruk yang terkenal misalnya Ludruk Kopasgad Trisuladarma, Enggal Tresna, Sari Murni, Mahamurni dan Pancamarga. Selain ludruk contoh sandiwara adalah ketoprak. Cerita ketoprak banyak diambil dari Babad Demak, Babad Pajang, Babad Majapahit, Babad Tanah Jawi, Babad Kraton, Babad Kartasura, Babad Mangkubumi dan Babad Dipanagara. Unsur ketauladanan dan kepahlawanan para bangsawan Jawa mendominasi lakon ketoprak. Bagi kebanyakan orang Jawa, ketoprak merupakan sumber inspirasi nasionalisme sekaligus sarana nostalgia pada kehidupan masa lampau. Contoh paguyuban kethoprak yang terkenal misalnya Siswo Budoyo, PS Bayu dan kethoprak Mataram. Seni sandiwara lainnya yaitu wayang wong. Kesenian ini mengambil cerita dari epos Ramayana dan Mahabharata. Paguyuban wayang wong yang masih berlangsung terus hingga sekarang contohnya adalah wayang wong Sriwedari di Surakarta. 21

BAB III SASTRA JAWA PUISI