teks eksposisi bahasa Jawa

teks eksposisi bahasa Jawa
Gamelan Jawa........................................................................... 1
SISKAMLING.............................................................................4
Pagelaran Jawi Wayang Wong....................................................5
JENIS GAMELAN LAN MANFAATIPUN...........................................8
SEJARAH WAYANG WONG........................................................10

Gamelan Jawa
Gamelan jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa
Tengah uga Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik
gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka daerah liya.
Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan
luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada
luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa musike nglaras
banget lan didhominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2
laras, yaiku laras slendro lan laras pelog. Laras slendro nduweni
urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem). Ing Jawa, ana
telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pathet nem, pathet
sanga,


lan

pathet

manyura.

Urutan

iki

umume

kanggo

pagelaran wayang. Laras pelog nduweni gatra-gatra 1 2 3 4 5 6
7 (ji ro lu pat ma nem pi). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet
iku kaperang dadi pahtet nem, pathet lima, lan pathet barang.

Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku
gongan, balungan, panerusan, lan kendhang. Gong, kempyang,

kethuk, kempul lan kenong menika kalebu gongan. Balungan
iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik
gamelan iki inti melodine ana ing rangkeyan swara balungan
iki. Sing kalebu balungan yaiku saron panerus, saron barung,
demung lan slenthem. Saron demung utawa asring disebut
demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh
lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron paling gedhe
ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron
barung tembe demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog
demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe
laras beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhe ing
kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan ambane 9
cm. Saron demung ndhuwe swara paling rendah ing kelompok
saron. Panerusan yaiku bonang, gender, gambang, siter lan
rebab. Bonang barung yaiku salah sawijine bageyan perangkat
Gamelan Jawa kang duweni bentuk pencu banjur diarani bentuk
pencon. Laras slendro wilahe ana 12 cacahe, banjur kang Laras
Pelog wilahe ana 14 cacahe. Bonang Barung manggone ing
rancakan saka kayu kang bentuke kaya amben. Pencon kuwi
mau ditata ing rancakan ditumpangake ing tali kang diarani

pluntur. Bonang barung ditabuh nganggo kayu kang cacahe 2,
kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet nganggo kain lan
pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akeh pola tabuhane,
yaiku

polatabuhan

gembyang,

mipil,

imbal,

sekaran,

klenangan, lan liya-liyane. Bonang barung kuwi gunane kanggo
mbukani gendhing. Sakliyane kuwi, bonang barung uga bisa

kanggo nuntun alur gendhing. Khusus ing pola mipil, bonang
barung kuwi bisa kanggo nuntun Instrumen liyane. Bonang

Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo
bonang penerus gawe pola lagu lan ing aksen-aksen penting
bonang gawe sekaran kang biasane ana ing akhir kalimat lagu.
Yen kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing
ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora
nganggo tabuh. Ing musik modhern, piranti iki digolongake
piranti perkusi. Kendhang diselehake ing wadhah panyangga
saka kayu sing wujude memper huruf Y. Kendhang ing musik
gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik.
Kendhang nduweni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurane
kendhang antarane 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuke
kaya drum lan dimainake kanthi cara ditabuh. Masing-masing 4
kelompok iku nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe
swara sing harmonis.
Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane
katata saka pirang-pirang rambahan lan pathet utawa jero
cetheking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendhete
laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan
melodine wis diatur ing bageyan-bageyan sing saben-saben
ketata 4 gatra. Pandangan urip Jawa kang digambarake sajrone

musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani,
kaselarasan sajrone omongan lan tumindak saengga mujudake
toleransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa
yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduanseimbang swara
kenong, srin, kendhang lan gambang lan swara gong kanggo

nutup irama. Gamelan Jawa biasane dianggo ngiringi pagelaran
wayang lan tari-tari. Saliyane musik, gamelan Jawa uga ana
swara sindhen

kang

nembangake lancaran, ladrang, lan

gendhing-gendhing Jawa.

SISKAMLING
sistem keamanan lingkungan lumrahe dicekak siskamling, iku
pinangka gegenengane para wargane RT lan RW ing babagan
njaga tata tentreme bebrayan. tata tentreme kampung ora

mung dadi tanggung jawabe para nara praja, nanging uga dadi
tanggung jawabe wargane kampung.
majune jaman pranyata uga dibarengi karo majune tumindak
dursila. mula jaman uga kudu dikhanteni undhake kawaspadan
ing bab njaga tata tentreme bebrayan. umpane, sarana
nindakake sistem keamanan lingkungan utawa siskamling kuwi.
cakcane siskamling kuwi upamane anane rondha, pranatane
kampung

kang

majibake

para

wargane

kampung

gawe


kenthongan, pranatan manawa ana tamu sing nginep kudu
dilapurake marang pangarsane RT utawa RW, lelungan adoh
kudu nggawa surat katrangan, pindhah alamat kudu lapur
marang kang kawongan, lan liya liyane.
kajaba bab-bab kaya kang kasebut ing dhuwur kuwi, ora lali
para wargane kampung uga kudu tansah njaga kawilujengane
dhewe-dhewe, sarana ngudhakake pangati-atine. umpamane,
ing wayah bengi cendhela lan lawang kudu diinep lan
dikancing, lan ora ninggal barang gletak-gletek saenggonenggon.
manawa kabeh wargane kampung padha njaga kawilujengane
dhewe-dhewe, lan munggahe padha gotong royong guyup

rukun

njaga

tentreme

kampunge,


wis

mesthi

kahanane

bebrayan tansah ayem tentrem, adoh ing rasa was sumelang.

Pagelaran Jawi Wayang Wong
Wayang

wong

utawi

Wayang

uwong


menika

salah

satunggalipun jenis teater tradhisional Jawa. Wayang Wong
menika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka
ing negeri kilen (Eropa) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang
ngrembaka ing pulo Jawa. Lakon wayang ingkang dipungelar
menika saking crita-crita wayang purwa. Wayang uwong
utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi
bangsawan. Miturut nami wayang kasebut, wayang wong ugo
boten dipagelarke dening boneka-boneka wayang, anamung
manungsa-manungsa

ingkang

ngganteni

boneka-boneka


wayang kasebut. Wong kang mainake wayang iki ugo ngagem
pakaian ingkang sami kalian hiasan-hiasan ingkang diagem
wayang kulit. Pasuryan para pemain wayang wong iki ugo
diubah lan dihias supados mirip kalian aslinipun.
Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang
wong lair ing abad XVIII. Ingkang nyiptakaken inggih menika
Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni
drama ingkang ngrembaka ing negeri kilén. Wiwitanipun
wayang wong dipungelar ing Surakarta, lajeng dipungelar ing
Yogyakarta. Wekdal sasi April 1868, nalikanipun Mangkunegara
IV

ngawontenaken

Prangwadana

lan

khitanan


putranipun

Mangkunegara

V

ingkang
wayang

asma
wong

dipunsempurnakaken utaminipun bab pakéan lan pirantinipun.
Ing taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari.

Wonten

ing

peresmianipun

ngawontenaken

pagelaran

kesenian. Salah setunggalipun inggih menika wayang wong.

Wiwitanipun wayang wong menika seni tradhisional Jawa
ingkang ekslusif, namung dipungelar ing keraton. Ing taun
1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial,
kanthi nyadé karcis. Wayang wong komersial ngrembaka lan
puncakipun nalika wonten pakempalan “Ngesti Pandowo”
ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Miturut Winter
lan Sastramiruda, wayang wong menika wiwitanipun dipungelar
ing abad XVIII (±1760 M.), ingkang dipunpandegani dening
Mangkunegara I. Wekdal menika ingkang dipungelar namung
lakon-lakon wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran
wayang wong wiwit boten subur, ananging ten Yogyakarta
taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881.
Kanthi

pambiyantunipun

Mangkunegara

V,

wayang

wong

ngrembaka malih nanging taksih winates ing Yogyakarta lan
Surakarta kemawon.
Pranyata kesenian wayang wong pikantuk sambutan ingkang
saé saking masyarakat, lajeng tuwuh kathah pakempalan
wayang wong. Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados
profesional. Pakempalan wayang wong ingkang moncér, kados
Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta lan Ngesti Pandawa
saking Semarang. Wayang wong Sriwedari nggadhahi jasa
ingkang ageng, inggih menika ndherék nglestarékaken budaya
bangsa, kados seni wayang wong, seni tari, seni busana, lan

seni karawitan. Wiwitanipun ageman para penari wayang wong
taksih prasaja kemawon, boten bénten kaliyan ageman adat
keraton ingkang dipunagem ing saben dintenipun. Nembé ing
jaman Mangkunegara VI (1881-1896), penari wayang wong
nganggé irah-irahan ingkang kadamel saking kulit ingkang
dipuntatah kanthi saé. Wonten ing pagelaran wayang wong,
sandiwara kang diselingi tetembangan jawa, dipagelarken lan
diiringi gamelan. Tema carita wonen ing pagelaran wayang
wong menika biasane ngandut saka cerita legenda utawi
sejarah

jawi.

Ugo

katah

Ramayana lan Mahabarata.

ingkang

ngandut

saking

cerita

JENIS GAMELAN LAN MANFAATIPUN
Ing tanah Jawa gamelan yaitu gamelan ageng lan sakabeh
piranti

gamelan

digunakake

kanggo

nyawisake

ganding-

gending. Gunane kanggo iringan musik utawa genting ing
sawijining pementasan, umpamane wayang becik, wayag
lulang, wayang wong, ketoprak, tari-tarian adat lan liya-liyane.
Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara
utawa pementasan.
Gamelan jawa kanggo ngiringi penyajian gending ing jero
pementasan karawitan, bisa dipupyran dumadi pirang-pirang
repetoar yaiku : soran utawa gending-gending ingkang volume
tabuhan sing atos. Kekabeh perangkat gamelan ditabuh kajaba
suling, gender, gambang, siter lan rebab. Swaraning gamelan
jenis iki dicawisake karo tempo tanggung, seseg lan antal. Jenis
lirihan, padha karo jenenge, penyajian gending iki luwih lembut
utawa alon-alon. Kekabeh instrumen ditabuh, nanging sing
luwih diutamakake yaiku gender, gambang, rebab, siter lan
suling. Ana dene karawitan lirihan bisa dipupuran meneh saka
rizikan sing dikanggoake, antarane yaikut gadon, nyamleng,
siteran, genderan, lan liya-liyane.
Ana uga gamelan sing kang digunakake dumadi piranti upacara
adat yaiku gamelan ageng. Ana jenise maneh yaiku gamelan
sekati lan gamelan nunggang. Gamelan segati sing nduweni
Kanjeng Kyayi Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari.
Biyasane ditabuh ing jero perayaan uatawa acara sekaten

yaiku dianakake pas tanggal 5 Mulud nganti 12 Mulud kanggi
ngelingi weton lan wafatipun Nabi Muhammad SAW. Naning
gamelan jenis iki uga kanggo acara nyambut dhayoh agung,
supitan lan teteasan putra utawa putri Sultan lan sakarsa
dalem. Instrumen utawa piranti kan ana ing jero gamelan sekati
yaiku 2 gong ageng, 1 bedug, 1 kempyang, 1 saron demung, 2
sarong ricik, 2 sarong peking, 1 sampur lan 1 bonang. Gamelan
nunggang yaiku gamelan sing nduweni telu nada. Gamelan iki
nduweni awak saka 4 racakan isine teli bonang gedhe, 1
kenong japan, 2 bende, 1 pasang lojeh, 1 kendang gending, 1
kendang penuntung lan loro gong. Pada karo gamelan segati,
gamelan nunggang kanggo nyambut adegan Sultan, ngiring
dhayoh

agung,

supitan,

tetesan,

manti,

rempog

macan,

grebegan lan liya-liya sekarsa dalem.
Gamelan sing biyasane digunakake ing tanah Jawa nduweni
akeh jenis lan cara nabuh yaiku ana sing volume keras lan ono
sing lembut. Jenis-jenising gamelan ana akeh, saka piranti apa
bae sing kang ditabuh lan piranti sing diutamakake ditabuh.
Ana gamelan kanggo pementasan lan kanggo upacara adat,
mergo kuwi kula lan panjenengan kudu ngerti jenis, jeneng
piranti

gamelan

lan

ngelestariake budaya jawa.

manfaatipun

gamelan

kanggo

SEJARAH WAYANG WONG
Wayang

uwong

utawa

wayang

wong

menika

salah

satunggalipun jenis pementasan tradisonal ing Jawa. Wanag
wong

menika

gabungan

saking

seni

drama

ingkang

ngerembaka ing negeri Eropa kaliyan seni pengelaran wayang
ingkang

ngerembaka

ing

tanah

Jawa

utawa

pulo

Jawa.

Utaminipun wayang wong ngerembaka ing kraton kanggo
hiburan golongan priyayi utawa bangsawan. Wong kang
mainake wayang wong uga ngagem pakaian ingkang sami
kaliyan hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit.
Miturut penuturan lan data saking dinas pariwisata Kotamadya
Dati II Surakarta, wayang wong ana utawa lair ing abad XVIII.
Diciptaken

menika

Mangkunegara

I

ingkang

kadosipun

dipunilhami saking seni drama saking negeri kilen utawa Eropa.
Wiwitan pementasan wayang wing dipungelar ing Surakarta
lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal ing sasu April 1868
yaiku

Mangkunegara

IV

ngawontenaken

acara

khitan

putranipun. Ingkang taun 1899, Pakubuwana X mbangun
taman Sriwedari wonteng ing peresmianipun ngawontenaken
pagelaran keseniang wayang wong. Kang ditonton kaliyan
warga sekitar.
Pagelaran seni tradisional wayang wong ingkang pementasan
eksklusif, namung digelar kangge bangsawan ing keraton.
Nangung, ing taun 1902 wayang wong ngerembaka urip lan
kanggo tontonan warga umum lan komersial kanthi nyade

karcis.

Wayang

wong

kang

komersil

ngerembaka

lan

puncakipun nalika wonteng pekempalan “Ngesti Pandowo”
ingkang

dipunpandegani

dening

Sastrosabdo.

ingkang

dipunpandegani

dening

Mangkunegera

Abad
I,

XVIII

wekdal

punika ingkang dipungelar namung lakon-lakoninpun wayang
purwa.

Sasampunipun

menika

pagelaran

seni

tradisional

wayang wong wiwit boten subur maneh ing Surakarta. Ananing
teng Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong
ngantos taun 1881. Kanthi pembiyantunipun Mangkunegara V,
wayang wong ngerembaka maling nanging taksih winetes ing
daerah Yogyakarta lan Surakarta kemawon.
Saking sejarah seni pementasan tradisonal wayang wong sing
sampun ana kanthi zaman mbiyen. Mbiyen namung bangsawan
lan keraton kemawon kang saget mirsani pementasan wayang
wong. Nanging zaman saiki, kabeh wong saget mirsani
pemetasan wayang wong. Justru wayang wong kudu dipirsani
lan dilestariake kanggo budaya asli Indonesia lan tanah Jawa.
Sebab iku kita sedaya kudune terus mbudayakake budaya adat
lan utaminipu wayang wong sing mbiyen boten subur supaya
sakniki saget subur maneh pementasanipun.