Pamyarsa paningal sêpi prapta pinggiring pamedan lun-alun

AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 39 20. Dening ratu manca bumi kang anglana saking sabrang ing Gumiwang gung wadyane ya ta Radèn Gathutkaca miwah Jahnawiputra wus samya kalih ingutus mring Praja Cintakapura 21. Angyetèkakên ing warti têmên doraning pawarta wus umangkat radèn karo mung lawan tri punakawan lumampah gêgancangan ciptaning tyas bela lampus paribara nêmu arja 22. Sira Radèn Bimasiwi mêsat mijil jumantara lir kaga raja ibêre krodharsa ngrabasèng mêngsah Rahadèn Partasuta tan kandhêg ing lampahnya wus umanjing sajroning praja 23. Miyat nganan ngering sêpi tan ana bawaning janma têkan manuk ora katon kêkayon wohe tan ana rinèng tyas Partaputra mèh sirna krodhaning kalbu wadya tumindak lon-lonan

24. Pamyarsa paningal sêpi prapta pinggiring pamedan lun-alun

ngalela katon asêpi tan ana janma ngandika marang Sêmar kaya paran pamikirmu elok lakon Ngamarta [66] 25. Endi kang minangka saksi bêdhahe praja Ngamarta ora ana lêlabête tumpêsên wong ing Ngamarta tan ana sarah bathang kabèh omah padha suwung têkan isi kari wadhah 26. Bêburon tan ana kèksi sêpi tan ana sabawa Badranaya lon ature mila srêp manah kawula ningali têtingalan punika elok kalangkung dede pandamêling tiyang 27. Kados pitulunging widhi asih paring kanugrahan karya cawêngahing mungsoh kados sadèrènge prapta mêngsah sirnaning janma lurah kanthong manabda sru wuwuse iku wis ora 28. Rak mung gonmu ngathik-athik wong tan ana mungsuh têka minggat saduwèke brèsèh ya ta Arya Bimasuta prapta sarwi karuna kang rayi anggung rinangkul pamuwuse kawlas arsa 29. Dhuh ariku wong asigit iki ana dayaning tyas ayo lumèbu kadhaton yèn jêng uwa wus tan ana mêngko mrih budidaya aku nut ing sakarêpmu lara pati aja pisah 30. Ya ta rahadyan kêkalih tumindak arsa mring pura sangsaya onêng driyane de samarga tan umiyat sipating kang sujanma ing srimanganti wus rawuh laju malbèng palataran 31. Wuwusèn kang pindha rèksi Partadewa lan kang garwa Kandhilaras anulya ge mêthuk rawuhe kang putra Bimanyu Gathutkaca [67] akekehan sang rêtna yu kèndêl 40têpining taratag 32. Sang rêtna awanti-wanti pamêluke mring Rahadyan Bimanyu naratap tyase ya ta Bambang Partadewa nabda mring Badranaya lurah warahên anakmu bok ing tyas saya gupita AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 40 33. Lurah Sêmar matur aris mring Radèn Jahnawisuta sampun kagèt gèr yêktose punika satriya ngarga mitrane rama dika Kilaprupa kang sêsunu nama Bambang Partadewa 34. Nyudara sinarawèdi kang tapa Ki Lasawarna mirsa kang dèrèng kêlakon ya ta Bambang Partadewa numpangi ing panabda kulup tuture wakamu kabèh iku apa nyata 35. Lurah mlêbua mring puri katemu lan sutanira sakarêpmu ana kabèhdèn tutug ênggonmu nadhah Sêmar wus manjing pura myat boga nadhah sumrikut kunêng wuwusên mandhapa 36. Wus samya atata linggih radyan ro lan Partadewa kapat wranggana rowange Partanggung anyidhikara mring putra mrih lêrêma kalihe pan wus linipur linut siliring maruta 37. Ya ta rahadèn kêkalih lêsu lungkrahe wus ilang sumuking tyas sirna kabèh kadhaut pangaribawa- nira Sang Partadewa sêgêr sumrah angalumut ya ta Bambang Partadewa 38. Ngandika mring radèn kalih kulup sun wêca mring sira wong tuwamu lêlakone pamadya Endraputra tan kêna ing sangsara ing mêngko apan mèh [68] timbul têka sêsêngkêraning hyang 39. Besuk wong tuwanirèki mulih anggawa nugraha linuwih sajagad kabèh jêr dewanggung kapotangan mring ramanta Ki Parta unggahe sang yêksa prabu ngrabasa Endrabawana 40. Jawata anggung kalindhih yèn aja tinulungana mring wong tuwamu yêktine sida rusak Suralaya dêripun ing yaksendra ramanira kang mitulung mati Newatakawaca 41. Sabalane tumpès tapis dening hruning sarotama tinunu barêng kuthane marma gung sihe bathara kinudang linambana dene sirnane ibumu yèn mungguh palwèng samodra 42. Layare ibunirèki supaya lakune kêbat glisa têka pamurihe lan ana manèh upama sorog kuncining lawang wênganing sihing dewa gung pambuka nugraha mulya 43. Jêr ibunira linilir dening mustikaning dewa linuhur lan wranggana kèh besuk timbule barêngan miwah wakira nata Pandhawa tan kêna lêbur tur bisangsung mulyaning rat 44. Dalaning guna myang dhêsthi mung kêrêp matèni badan cêgah suka sapadhane anyimpar boja lan nendra sukaning aji jaya marga kawiryan pan kudu andhap asor wani ngalah 45. Ing pêpêsthèn dènkawruhi sumingkir barang jubriya gêdhe sabar panrimane marga gèr wong tuwanira durung pêdhot subrata anglêluri marang kang wus kang tèki ing Saptarêngga AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 41

46. Awit lêluhurirèki Sang Rêksi Manumayasa trah jawata parandene