Bojo dika dhewe tinuntun lir menda lir sapi dènkêluhi tinuntun

AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 31 25. Nadyan iki kang bok têkane wong sabrang jawata kang pêparing nugraha gung marang wong agung Panduputra Kurawa mangka gêlidhig mikul garobag katampana Pandhusiwi 26. Lah gih dawêg kang bok tiniten kewala pêndhak taun pinaring ganjaran wong sabrang opahe mênang yuda sirnaning sang narpayêksi Manikmantaka Sri Kawaca narpati 27. 38Mari-mari nèkpun gêmêt ratu sabrang dityane Sri Rimurti sire wong Kurawa pinalusung wong sabrang tan wruh lamun angusungi milane kakang cubluk papaning wasis

28. Bojo dika dhewe tinuntun lir menda lir sapi dènkêluhi tinuntun

jêmranthal anggêpe sinuwitan mring sagung pra maharsi para pandhita tan wêruh digêgêring[52] 29. Sire bungah sinuwita Dhahyang Durna Pandhita Ngatasangin mpun labêt punapa Kurawa têng Si Durna tan kadi Si Bayusiwi Si Hendraputra potange amêdhati 30. Pundi wontên wong dicicilake utang gêlême ngêlakoni Pandhita Talkandha Maharsi Dewabrata lair biyunge ngêmasi sagêde gêsang ngungsi Palasara Ji 31. Jêr barêngan lan laire Durgagana sinuson Durgandini malah dipèk garwa mring Sêntanu srinata pratignyane andhêrindhil rak gih Kurawa kang bok ginawe nicil 32. Si Sapwani umadêg sayêmbara prang têng Nagri Nglokabumi prang lan Diwangkara gih Wisabajrasuta kang rinêbut Dyah Lokati putriyu endah ampuna ditulungi 33. Maring paman aji Pandhu baya modar dipêndhêm ing pratiwi kapindho winehan anak Si Jayadrata walêse pasthi nêkani dhatêng Pandhawa anakan Kurawa ji 34. Têka bungah ngrasa tinunggu pandhita tan wruh ginawe nicil Adipati Karna napane lan Pandhawa kakang Baladewa aji dulur nak sanak pundi margane bêcik 35. Lir ngalindur pangucape Burisrawa tan kêna dènsêlani sawusnya ngandika angulat banjur lunga kadumêlan lir[wong baring gantya winarna kang mêkuwon sitinggil 36. Sribupati ing Gumiwang Suryanggana lawan Durna Maharsi Sapwani twin Bisma sawêngi pirêmbugan tan ana kang antuk guling ya ta miyarsa ana swaraning paksi 37. Bêbarungan mangsa woh wringin mandera[53] ngungak ngetan sang aji myat ujwalèng surya lir manunu ing ngwiyat gugup tyasnya sribupati rêkyana patya karone dèntimbali AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 32 38. Kinen atêngara budhalakên wadya marang Cintakapuri gajahku saosna ning wetaning pamedan gumuruh swaraning janmi baris atata tan nganti dènabani 39. Taksih gègèr barise wong ing Gumiwang wuwusên sribupati manêmbah mring eyang sang pandhita têtiga angandika sang maharsi mangayu bagya dhuh putu sribupati 40. Katamana ing nugrahaning jawata ing karya dènlêstari ya ta Suryanggana manêmbah wus umangkat praptèng pamedan wus nitih dirada wasta dewadaru gêng inggil 41. Ting paluncar busananing kang matêngga kasorota Hyang Rawi têmpur lan busana nira srinaranata ting galêbyar ting parêlik tan wusing ucap rêngganing busana di 42. Duk samana Sang Aprabu Suryanggana nolih anganan ngering ing wuri kabêgan wadya bala sumahap sang nata wus nyasmitani dwipangganira anjrit tlale mangigil 43. Yèn angadêg lir tejane wiku tapa katon wênès amanis yèn malêngkung kadya kêkuwung minum toya yèn têlale mobat- mabit pan kadya kilat sinêrang anglir thathit 44. Patih Gajah Antisura wus grahita ngarungu Gajah muni anêmbang têngara gong beri abarungan badhe lir swarèng wiyati swara angangkang ulêngan kang prajurit 45. Winatara nêm ewu prajurit kuda bagu-[54]s prawirèng jurit prajurit ing ngarsa wignya sinranging guna nyandêr nututi sang aji bantala obah gumludhuk anggêtêri 46. Kang minangka têtindhih prajurit kuda sira Rêkyana Patih Gajah Antisura dharat lêksan awendran senapatining pra-jurit lêlajêring prang pun Satrutapa Hèsthi 47. Patih tuwa prawirèng prang ing aguna mangka sirahing baris sangsaya rahina akèh nusul kang wadya kang anèng jawining nagri ing pasanggrahan lumayu rêbut dhingin 48. Lir sadaya-daya jêjarah bêrana sasolahe gêgirisi wruh ratuna têbah marma tan ngrasa sayah wong kang wisma pinggir margi nyalini têmbang ingaran gula milir ~ PUPUH IX ~ DHANDHANGGULA 1. Tan winuwus lampahing kang baris kawuwusa wong Praja Ngastina kang pêrak marga wismane kèh samya andêdulu untabing kang baris lumaris dêlêdêg tanpa kêndhat sawênèh AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 33 kang wêruh untabing prajurit sabrang akèh ingkang tutup lawange kinunci jrih solah gora godha 2. Ya ta ingkang kawuwusa malih pandhita ing Wukir Saptaarga ing Martawu pratapane trahing Hyang Brama Wisnu tan ingucap uruting ngluri ing carita rinupak mung kang dadi catur panêngraning kang pandhita Rêsi Krêsnadipayana lawan malih Bagawan Abiyasa 3. Apêparap Palasarasiwi pandhita trang anetra bathara jinurung barang ciptane kang durung mijil wus wruh lan winêca bakal baboni ing rat Jawa satêrah ing sabrang kinumpul wungu tyas Dipayana katêdha-[55]kan Hyang Wisesa amêmisik ing purwa myang wasana 4. Wusing purna wisiking dewa di nulya sêmedi Sri Dipayana anglela trang pamawase luwaraning panêkung pan sakala musna sang rêsi nunggal mring pinangkanya tan ngrika tan ngriku ya kabèh ya Dipayana wus kinumpul cipta rasa dadi siji ginulung kang bawana 5. Ya ta sanalika wus anunggil nata Pandhawa Sri Darmatmaja sirna mulih mring purwane sakadang garwanipun saisining Cintakapuri wêwêngkon jroning kitha kabèh sirna gêmpung bêburon siji tan ana kari wadhah isine kabèh wus mulih mring jaman kalanggêngan 6. Yèn ujaring wong kang ahli tèki larangan yèn ingucap sumewa mudharake bêbundhêlane paranta yèn winuwus nganggo seba Hyang Udipati miwah kang amisesa dating sira iku marêm lamun winasesa yèn karêpe sastra boya jajar carik mung ngumpul miwah nunggal

7. Kunêng muksaning Sri Pandhawa ji kabèh isining Praja Ngamarta