Pinujune ki lurah pinaring mangka pamomong wayah paduka

AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 36 26. Sampun dhahat sungkawaning galih jêr drubiksa ajrihing linila sang nata lon andika-[60]ne hèh patih ro sirèku ingsun mundhut dayanireki prayogane linakyan kya patih umatur anjawi karsa paduka tinilara yèn tinêngga tanpa kasil dêduka tanpa lawan 27. Mung tinêngga acatur bupati lawan prajurit mung winatara pratandha kagêm prajane ing têmbe yèn wus katur ing ramanta srinarapati sakarsaning sang nata jêr paduka sampun anglampahi ing karyèndra lan kabêgjan tanpa prang rajane anis wus manjing dhatulaya 28. Namung sêrike gusti sakêdhik pundi ingkang winastan jayèng prang dene tanpa panrêngane rajane tan kapikut jêjarah têtawan sêpi katujune ki lurah Plasapita tumut ngêngondhangi ing paduka mangka sêksi bêdhahing Cintakapuri ing solah wus kapriksan 29. Lipur dukanya srinarapati wus ngundhangan lir ture kya patya amaju pat pabewake pinilih ingkang tugur bupati kang prawira sêkti nyatus prajurit dharat tur samya gul-agul risaksana srinarendra wus anitih dwipangga lawan Sêngkuni kêbut sawadyanira 30. Beda lawan angkate sang aji rêrikatan ing mangke lon-alonan mandhêk mayong kêrêp lèrèn mung agung kapirangu amirangrong saya ngranuhi munggèng rêngganing liman gandrung amangungkung manguna-[61]ndikèng wardaya kaya paran ing karya lamun tinampik suka matiyèng paran 31. Dhuh saiba ucape wong cilik yèn sun muliha Praja Gumiwang nora katon dhèncèng-dhèncèng kusuma wadung pantun prajurit prang anggung kalindhih dhahat anganiaya nora milu kondur tan sae myat ing sujanma puput jiwa bêdhug têngaraning jurit kataman matyèng rana 32. Saya liwung tyasnya sribupati sru kacuwan tan linawan ing prang tambuh-tambuh wiyogane mèh tan panon sang prabu anggulèyèh luhuring hèsthi gupuh Kya Patih Soman rinangkul sang prabu Patih Gajah Satrutapa amrêpêki matur mring Arya Sangkuni kados pundi ki lurah 33. Yèn kalawan pinujuning galih wayah paduka srinaranata prayogi kinundurake supados lêrêmipun liwunge tyas antuk panggalih nèng Dhukuh Sokalima kataman ing wuruk ing Sang Dhahyang Kumbayana mung ki lurah ngaturna lampah puniki mring jêng srinaranata

34. Pinujune ki lurah pinaring mangka pamomong wayah paduka

dhuh lurah paran dadose tan bodho sang aprabu anauri Arya AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 37 Sêngkuni kulup iya prayoga ngong61 iya miturut wus mudhun saking wahana nyengklak kuda kundêr lampahing turanggi dadya sowang-sowangan[62] 35. Kacarita Dyan Arya Sangkuni wus tumamèng ngabyantara nata katur kabèh pratingkahe lan undure sang prabu ing Gumiwang dhahat prihatin sang nata myarsa eram kunêng kang winuwus kang Kahyangan Cakrakêmbang Sang Bathara Kamajaya lawan sori Dêwi Ratih wranggana 36. Sang bathara angandika aris kaya paran wartane rinira têka jênak panunggune mukti anèng swarga gung siniwi mring pra widodari baya tan eling marang kang kari nèng dunung mokal yèn tan kawangwanga ing Cintakapura rinubiru dening raja têka ing sabrang 37. Ing samêngko yayi sribupati lan sagotra ing Cintakapura sinimpên trêtib ênggone praptaning ratu mungsuh tan umiyat janma sawiji isi wadhah binerat têkan sato suwung umatur dayita dewa yèn makatên prayogi sêkar sinalin kang sae salobongan ~ PUPUH X ~ ASMARADANA 1. Paran karsaning sang yogi sirnane yayi paduka pangrêksane ing karaton angling Sang Hyang Kamajaya yayi ayo lan sira nganglangi ngiras têtunggu kadhaton Cintakapura 2. Umangkat sang maharêksi kadi garudha manglayang alon-lonan ing lampahe ana kang jawata prapta kawangwang tanpa sangkan bagus cahyanya umancur jêjuluk Bathara Maya 3. Hyang Tunggal ingkang sêsiwi mula-[63]ne Bathara Maya prapta pitutur yêktine mring putra Hyang Kamajaya kulup dènage sira têtulunga mring arimu sang nata Cintakapura 4. Siniya mring Kurupati nyuraya mring ratu sabrang karêpe kinarya tèdhèng tangkis dêdukaning dewa ing mêngko arinira sinimpên mring Hyang Maha Gung ngenaki tyasing durmala 5. Umpama ora piningit kongsia têmpuhing aprang kêriga wong sabrang kabèh di margane sor ing aprang lare nêmpuh samodra sira salina jêjuluk arana Si Partadewa 6. Yèn ana takon sirèki minangka Kilasawarna Tejamaya parêpate sutaning Kilatbawana kadang Ujwalamaya wis mangkata sira kulup jujuga jro datulaya AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 38 7. Kamajaya wus lumaris Hyang Maya wus tan katingal bali mring pêrnahe manèh Partadewa praptèng pura wuwusên mantri sabrang kapat pinuju akumpul ngubêngi wêngkoning pura 8. Nalikarsa manjing puri kaparanggul Partadewa bupati kucêm ulate tanya lambene wel-welan gusti sintên paduka lan pundi pinangkanipun punaparsa mundhut nyawa 9. Kang abdi naming sadêrmi purun ngambah jroning pura ngêmban karsaning sang katong ngandika lon Partadewa yèn sira tanya mring wang sun iki têka ing gunung arane Kilasawarna 10. Gêng luhur jurange rumpil dhukuhku ing Tejamaya Partadewa aran I-[64]ngong garwèngsun iki wranggana panêngran Kandhilaras sutaning pandhita luhung jêjuluk Kilatbawana 11. Pandhita trang ing pangèksi kadanging ujwalamaya sira sayêkti kinongkon gustimu natèng Gumiwang Si Prabu Suryanggana kang brangta putrining ratu Mahaprabu Duryudana 12. Kang aran Lêksmanawati jaruman Pandhita Druna wis padha muliha bae tutura ing rakanira ingsun kang ngarsa-arsa paran ta gêlêm tinuntun miitênah wong tanpa dosa 13. Lamun tan gêlisa prapti sun tunu praja Guumiwang sun kang bakal malêsake niayane gustinira marang nata Pandhawa ujêr iku mitraningsun ing tyas wus saeka praya 14. Sandika aturing mantri manêmbah arsa umangkat padhambruk ting gloyor kabèh sakojure awel-welan ting karênggos barangkangan prapta sajaban kadhatun wus samya pajar rewangnya 15. Prajurit kabèh milyatis budhal lampahe ginêlak ing marga tan winiraos ganti ingkang winursita kang wontên Madukara garwa Arjuna waruju kusuma Drupadaputra 16. Iya kusuma Srikandhi kocap murcaning Arjuna duk sacandra ing murcane garwa kang sêpuh priyangga putri saking Madukara Rêtna Basudewasunu panêngran Rêtna Sumbadra 17. Kondur marang Dwarawati Srikandhi garwa ampeyan kang kari têngga purane Bimanyu putra Sêmbadra miwah Radèn Sumitra Su-[65]lastri ingkang sêsunu kang têngga nèng kasatriyan 18. Wong agung ing Pringgadani kang tugur ing Madukara dhasar kulina slawase Srikandhi miyarsa warta lamun Nagri Ngamarta katêkan parangmuka gung tèka Nagara Gumiwang 19. Malah gumrahing pawarti Sang Aprabu Darmaputra lolos sagarwa putrane ari katiga nut raka Bima lan Madrim putra tumpêsan kang para wadu malah praja wus kabêgan AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 39 20. Dening ratu manca bumi kang anglana saking sabrang ing Gumiwang gung wadyane ya ta Radèn Gathutkaca miwah Jahnawiputra wus samya kalih ingutus mring Praja Cintakapura 21. Angyetèkakên ing warti têmên doraning pawarta wus umangkat radèn karo mung lawan tri punakawan lumampah gêgancangan ciptaning tyas bela lampus paribara nêmu arja 22. Sira Radèn Bimasiwi mêsat mijil jumantara lir kaga raja ibêre krodharsa ngrabasèng mêngsah Rahadèn Partasuta tan kandhêg ing lampahnya wus umanjing sajroning praja 23. Miyat nganan ngering sêpi tan ana bawaning janma têkan manuk ora katon kêkayon wohe tan ana rinèng tyas Partaputra mèh sirna krodhaning kalbu wadya tumindak lon-lonan

24. Pamyarsa paningal sêpi prapta pinggiring pamedan lun-alun