Kunêng muksaning Sri Pandhawa ji kabèh isining Praja Ngamarta

AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 33 kang wêruh untabing prajurit sabrang akèh ingkang tutup lawange kinunci jrih solah gora godha 2. Ya ta ingkang kawuwusa malih pandhita ing Wukir Saptaarga ing Martawu pratapane trahing Hyang Brama Wisnu tan ingucap uruting ngluri ing carita rinupak mung kang dadi catur panêngraning kang pandhita Rêsi Krêsnadipayana lawan malih Bagawan Abiyasa 3. Apêparap Palasarasiwi pandhita trang anetra bathara jinurung barang ciptane kang durung mijil wus wruh lan winêca bakal baboni ing rat Jawa satêrah ing sabrang kinumpul wungu tyas Dipayana katêdha-[55]kan Hyang Wisesa amêmisik ing purwa myang wasana 4. Wusing purna wisiking dewa di nulya sêmedi Sri Dipayana anglela trang pamawase luwaraning panêkung pan sakala musna sang rêsi nunggal mring pinangkanya tan ngrika tan ngriku ya kabèh ya Dipayana wus kinumpul cipta rasa dadi siji ginulung kang bawana 5. Ya ta sanalika wus anunggil nata Pandhawa Sri Darmatmaja sirna mulih mring purwane sakadang garwanipun saisining Cintakapuri wêwêngkon jroning kitha kabèh sirna gêmpung bêburon siji tan ana kari wadhah isine kabèh wus mulih mring jaman kalanggêngan 6. Yèn ujaring wong kang ahli tèki larangan yèn ingucap sumewa mudharake bêbundhêlane paranta yèn winuwus nganggo seba Hyang Udipati miwah kang amisesa dating sira iku marêm lamun winasesa yèn karêpe sastra boya jajar carik mung ngumpul miwah nunggal

7. Kunêng muksaning Sri Pandhawa ji kabèh isining Praja Ngamarta

Sang Biyasa sudibyane karya sasmita samun ana ingkang galagah langking tuwuh ing Balekambang gandanya rum marbuk akêmbang rêtna sumunar ujwalane surêm Hyang Pratanggapati mênuhi tri bawana[56] 8. Lan tan ana swara kang kapyarsi kêkayon gung tan ana kukila kupu kinjêng ilang kabèh tirta minane suwung mung pangliking jagat kapyarsi pindha karunaning dyah angrês-rêsi kalbu winasesa tanpa sesa mangsa naa wong myarsa mung winitawis lendhe mangsa bodhoa 9. Kang miyarsa caritaning tulis sampun duka dhatêng kang ngrumpaka endah punapa èstune wong juru tulis gunung rak alane wong duwe abdi kêmaruk ajang klapa kawruhe paruthul AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 34 prayogane mung sapala de tan sêdya winêntar lyaning sujanmi mung rinasuk priyangga 10. Kadya taman kocape ing ngarsi têmbung nalika Sri Dipayana katêdhaka jawatane mung mrih prayogeng têmbung êndi ana Hyang Udipati anganggo têka lunga dene kaya dhukun satêmêne iku layak nalikane sang rêsi nungku sêmedi sirna Sri Dipayana 11. Sirna têng pundi ênggène ngalih sirna satuhu sarira tunggal kumpul kêmpêl sayêktine tuwin ucape wau Dipayana nganggo diwisik bisikan ajêng napa kapyarsa nyalimut kang satuhu Dipayana tanpa karna nanging pamyarsa tan gêmpil sèwu wong binisikan 12. Tanpa lidhah Palasarasiwi pamuwuse lir gêlap nêm kirna cêtha tan pelo wuwuse tanpa netra sang wiku sabuwana nglela kaèksi bok won-[57]têna punapa mas Biyasa gih wruh ingsêpe tanpa gêrana panggandane sajagad niki katiyubing anggêpe wasis wijang 13. Elo gih mas sampun salah tampi botên gruwung Rêsi Dipayana saès dènkapitan wanèng êmpun maneka banjur sakarsane gène mastani botên sasriking manah lo mas yêktosipun mung ampun kenging gêpokan kadursilan niku mas sing kula puji manjing mawon lak nêdha 14. Kawuwusa sang srinarapati ing Gumiwang sangsaya wus pêrak pan binantêr ing lampahe tan kandhêg rintên dalu kang kamargan wong desa miris jrih samya ngili marang jurang miwah gunung rajakaya tinuntunya malbèng wana gumrumung swaraning tangis rantab lampahing janma 15. Enêngna sangsaraning wadya lit natèng sabrang praptèng jaban kutha kanggêg manguning driyane myat ngiwa nêngên suwung nora myarsa swaraning janmi bêburon rajakaya sêpi tan kadulu pangumbaran jroning kandhang lan tan ana swaraning sata lan pêksi cuwa tyasnya sang nata 16. Saya nêngah ngambah jroning nagri sinalasah sang nata parentah wisma linebonan kabèh wonge nora kadulu gêdhong-gêdhong binukak sêpi wadhah kèh ginaledhah anggalodhang suwung isine kabèh tan ana inêbing kang lawang tan ana kinunci bingung tyas srinarendra 17. Taksih manggung gègèr munggèng èsthi kyana patih anung- [58]gal saplana sang nata lon andikane eyang paran ing kayun luwih anèh lakon puniki manira boya duga Sangkuni lon matur sinuwun watawis kula muwung ingkang janma ngalêmpak mring puri sumiwi ing sang nata AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 35 18. Ing kaparênging karsa sang aji sinêngkakna lampahe kang wadya lan kinêpungan purane saking watawis ulun sang aprabu Cintakapuri wus tan sumedya lawan jrih prabawèng prabu giris myarsa gunging wadya nanging wontên watawis kawula malih wontên purwaning lingga 19. Jêr Pandhawa sawung kang upami mangka ing mangke botohe minggat tan wontên kang nandhingake ngandika sang aprabu kadi pundi ngangge tinandhing Sêngkuni ngoso mojar sumangga sinêrung bok mênawi sêlak minggat dyan sang nata pun dewadaru ginitik anggrêng jumangkah rikat 20. Sawadyane pinêlak umanjing praptèng jawi lun-alun pamedan sang nata gêla ing tyase kanggêg tyas kapirangu lir kagêman kacuwèng rêsmi mêdhun saking dwipangga dharat sang aprabu nênggêl mangidul lampahnya ngalun-alun paglaran tan ana kang nangkil minggah mring sitibêntar 21. Suwung gomblang sang nata lumaris wus angancika praptèng palataran balinguh ing paningale janma myang swara suwung têbah jaja srinarapati sêsèndhèn wit drêsana gandrung amangkung kawangwang kusumaning [59] dyah salin cipta ngrêrêpa sabda rum manis dhuh intêning Gumiwang 22. Gambiring rat sadhat wisa mandi wrêksaning ron kang pindha tyas kamal karya gêla wêkasane manabda ing ngaluhur Minak Luyubraja ing ngarsi Kramasarana aprang mrih bêdhah praja gung wêwalêrtumraping sastra tyas kacuwan saha kang pinurih jurit wurung nêmbramèng sira 23. Sakala èngêt srinarapati sigra manjing mring jro prabasmara jinajah mring saubênge gêdhong-gêdhonge suwung sakèh wadhah wus tanpa isi mring kêbon lêlangenan tan ana kadulu Patih Gajah Antisura Satrutapa sarêng prapta awotsari lon matur ing sang nata 24. Dhuh pukulun sang srinarapati kawula wus jajah jroning praja èstu tanwontên banèke Sêngkuni lon umatur padukanggèr kataman ing sih saking eyang paduka Dhêstarata wiku miwah kang para pandhita rintên dalu tansah dènira sêmedi mangayu- ayu bagya 25. Estu ampuh sabdaning maharsi ing sirnane pun nata Pandhawa lan isining praja kabèh pinulung kinakêcut de mitrane Sang Hyang Pramuni inggih Bathari Durga jêr pun Pandhèwèku sinihan pinutraputra kados-kadosing dêdugi botên têbih marma jêng srinarendra AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 36 26. Sampun dhahat sungkawaning galih jêr drubiksa ajrihing linila sang nata lon andika-[60]ne hèh patih ro sirèku ingsun mundhut dayanireki prayogane linakyan kya patih umatur anjawi karsa paduka tinilara yèn tinêngga tanpa kasil dêduka tanpa lawan 27. Mung tinêngga acatur bupati lawan prajurit mung winatara pratandha kagêm prajane ing têmbe yèn wus katur ing ramanta srinarapati sakarsaning sang nata jêr paduka sampun anglampahi ing karyèndra lan kabêgjan tanpa prang rajane anis wus manjing dhatulaya 28. Namung sêrike gusti sakêdhik pundi ingkang winastan jayèng prang dene tanpa panrêngane rajane tan kapikut jêjarah têtawan sêpi katujune ki lurah Plasapita tumut ngêngondhangi ing paduka mangka sêksi bêdhahing Cintakapuri ing solah wus kapriksan 29. Lipur dukanya srinarapati wus ngundhangan lir ture kya patya amaju pat pabewake pinilih ingkang tugur bupati kang prawira sêkti nyatus prajurit dharat tur samya gul-agul risaksana srinarendra wus anitih dwipangga lawan Sêngkuni kêbut sawadyanira 30. Beda lawan angkate sang aji rêrikatan ing mangke lon-alonan mandhêk mayong kêrêp lèrèn mung agung kapirangu amirangrong saya ngranuhi munggèng rêngganing liman gandrung amangungkung manguna-[61]ndikèng wardaya kaya paran ing karya lamun tinampik suka matiyèng paran 31. Dhuh saiba ucape wong cilik yèn sun muliha Praja Gumiwang nora katon dhèncèng-dhèncèng kusuma wadung pantun prajurit prang anggung kalindhih dhahat anganiaya nora milu kondur tan sae myat ing sujanma puput jiwa bêdhug têngaraning jurit kataman matyèng rana 32. Saya liwung tyasnya sribupati sru kacuwan tan linawan ing prang tambuh-tambuh wiyogane mèh tan panon sang prabu anggulèyèh luhuring hèsthi gupuh Kya Patih Soman rinangkul sang prabu Patih Gajah Satrutapa amrêpêki matur mring Arya Sangkuni kados pundi ki lurah 33. Yèn kalawan pinujuning galih wayah paduka srinaranata prayogi kinundurake supados lêrêmipun liwunge tyas antuk panggalih nèng Dhukuh Sokalima kataman ing wuruk ing Sang Dhahyang Kumbayana mung ki lurah ngaturna lampah puniki mring jêng srinaranata

34. Pinujune ki lurah pinaring mangka pamomong wayah paduka