Mung minangka kêkondhange sutanira Suryanggana nambungi

AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 29 40. Yèn kaparênga ing karsa kawula anyuwun kanthi jêng eyang ing Kapatihan minangka jimating jurit mênggah palwèng jaladri mangka kêmudhining laku nimbang awrating aprang mbotên kawula bên jurit mung nyalini sêkar dhêndha tejamaya ~ PUPUH VIII ~ D U R M A 1. Kadya cidra galihe Sri Suryanggana matur mring nata rêksi pukulun jêng eyang kawula nuwun sabda pangèstu madyaning jurit darmi ing karya karya sang mahayêkti 2. Angandika wiku nata Dhêstharata ki prabu sun sabdani sirantuk ing karya ratri sun datan nendra rina sun acêgah bukti iku minangka yuwananing ajurit 3. Angandika mring Narpati Duryudana kulup gawanên mijil iki sutanira Ki Prabu Suryanggana dêdimèn nuli miranti lan pamujinira yayi Arya Sêngkuni

4. Mung minangka kêkondhange sutanira Suryanggana nambungi

eyang singidana sampun katingal mêngsah lêbura dènmor lan siti mungna kawula pukulun lawan malih[49] 5. Yèn kataman pangèstu jêng wiku raja kawula anyagahi sadintên kewala sirna narpa Pandhawa nagari katuju dening gunging wadyamba dhuhadhuh sribupati 6. Sampun dhahat sungkawa ing tyas paduka dene acandrèng bukti turing Suryanggana sarya nglulus gumbala ewa Rêtna Banuwati jumênêng sigra kondur mring langênpuri 7. Kawuwusa Sang Aprabu Duryudana mundur sing ngarsa rêksi saha Suryanggana datan kawarnèng marga wus makuwon sribupati ing sitibêntar binoja mawarna di 8. Pra Kurawa angêmbuli ing pamboja miwah Arya Sangkuni Gajah Antisura lan Gajah Satrutapa ing rahina gung miranti gêgamaning prang ya ta Hyang Arka manjing 9. Bubar sagung Kurawa ing bujana kawarnaa ing ratri Dhahyang Kumbayana Sapwani Dewabrata sarênging praptanirèki Sri Suryanggana gupuh mêthuk kang prapti 10. Sarêng ingacaran wus tata lênggahan gunêm masalah jurit tuwuk srinarendra binukan sabda mulya katri ing para maharsi sangsaya sura ning tyas sri-narapati 11. Kawuwusa atmajendra ing Mandraka satriya Madyapuri Arya Burisrawa duk nalika miyarsa Ngastina katêkan dening narendra sabrang ing ratri mentar saking AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 30 12. Kadi barat ing lampahe narpaputra dhasar trahing maharsi kaciwa ing warna mèh sarupa raksasa jiblês Kaki Bagaspati pambêkan padha tranging driya wis sami 13. Burisrawa ing ratri tumamèng pura nilip Dyan Bano-[50]wati ing wanci samadya ratri kusumèng pura karuna alantik-lantik ingkang sinambat madya kalima niki 14. Pan mangkana sambate narpadayita dhuh-adhuh sribupati liwat aniaya sikara wong tan dosa paran tinêmu ing wuri dhuh dewaningwang rêksanên Pandhusiwi 15. Duk samana pamuwusira sang rêtna wuwusên narpasiwi Arya Burisrawa dhèhèm jawi nêp lawang sang dyah sigra angaruhi sapèku jaba lir swarane si adhi 16. Dyan jumênêng mêngakkên inêping lawang sang arya wus kaêksi sèndhèn dènnya lênggah pitêkur marêp ngetan sang ayu nyandhak aglis astanira dyan malbèng kamar nulya glis 17. Wusnya lênggah ngandika kusumaning dyah paran karyanta yayi baya ana karya umatur rajaputra kakang bok kawula nêmpil wartining pura lan wau kulup nyilip 18. Ing sitinggil pinaranti pinakajang paglaran kêbak janmi napa Si Lêksmana kang bok sing arsa krama mèsêm sang rêtna ngling aris nora kayaa babo dhuh ari mami 19. Katuwone sira tan tinari karya mengko le sun jatèni ana ratu prapta têka Praja Gumiwang jêjuluke Sribupati Suryaanggana nglamar sutanireki 20. Glising rêmbug pêpanggile kakangira sirnaning Pandhusiwi saguhe si sabrang malêmbung lir canthuka sesuk untabing prajurit samangsa têka prajèng Cintakapuri 21. Sinaguhan lawase bangêt sadina[51] sirna kalima siki tinumpês sinirna nadyan wadon jêjabang mèsêm rahadyan saryangling ratu kang prapta kang bok dika titèni 22. Aprasasat li-ili malbèng samodra sêsulung manjing gêni rèncèk mring tumangan sukaning Destharata dupèh sirna sribupati Narendra Krêsna Janaka sarwi anis 23. Pinapada lan cêblunge Si Kurawa sabên ilang nêbusi jêr kalah botohan maring gyan ronggèng wuda pahe murcaning Jahnawi Bathara Krêsna sirna ana kang pinrih 24. Layak bae Arjuna sirna taunan jêr mring Suranadi mêminta ing dewa kadibyan kanugrahan wong dewane mituruti Narendra Krêsna kang winênang mêmilih AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library AAK Culture Library I Javanese Manuscripts Oleh : www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library javanese manuscripts 31 25. Nadyan iki kang bok têkane wong sabrang jawata kang pêparing nugraha gung marang wong agung Panduputra Kurawa mangka gêlidhig mikul garobag katampana Pandhusiwi 26. Lah gih dawêg kang bok tiniten kewala pêndhak taun pinaring ganjaran wong sabrang opahe mênang yuda sirnaning sang narpayêksi Manikmantaka Sri Kawaca narpati 27. 38Mari-mari nèkpun gêmêt ratu sabrang dityane Sri Rimurti sire wong Kurawa pinalusung wong sabrang tan wruh lamun angusungi milane kakang cubluk papaning wasis

28. Bojo dika dhewe tinuntun lir menda lir sapi dènkêluhi tinuntun