Cara Nganalisis Dhata Cara Ngesahaken Dhata

wonten raos ragu nalika nemtokaken jinis, makna, saha fungsi basa kias. Tuladhanipun wonten ing tembung ngandhap punika : Kae rembulane yen disawang kok ngawe awe ... 15 Ukara kasebut ngwrat majas personifikasi amargi paring sipating tiyang tumrap rembulan yaiku ngawe-awe, sejatosipun ingkang saged ngawe-awe nun inggih namung tiyang. Dhata punika sampun stabil amargi bilih dipuncek utawi dipuntliti dhata kasebut boten bakal owah. Reliabilitas dhata ing panaliten punika kalaksanan kanthi cara tekun anggenipun nliti basa kias ing cakepan tembang saengga saged magertosi jinis, makna, saha fungsinipun. Asilipun dhata lajeng dipunkaji miturut wosing perkawis ingkang dipuntindakaken wonten ing panaliten. Panaliten saged dipunpungkasi menawi dhata ingkang dipunginakaken sampun saestu stabil, saengga sampun saged dipunanalisis wonten ing karya ilmiah. 38

BAB IV PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten

Panaliten ngengingi cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous gadhah asil saged manggihi jinis basa kias ingkang asring dipunginakaken ing karya sastra. Andharan kasebut jumbuh kaliyan menapa ingkang sampun dipunandharaken ing gegaran teori. Jinis basa kias ingkang wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous antawisipun metafora, personifikasi, perumpamaan utawi simile, sinekdoke, metonimia, hiperbola, pleonasme, saha sinestesia. Sasanesipun jinis basa kias, panaliti ugi badhe ngandharaken fungsi basa kias saha makna utawi teges basa kias ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous. Objek ing panaliten punika kaperang saking sekawan tema inggih punika a tema katresnan Gela, Pripun, Methuk, Kangen, Kempling saha Getun; b tema pariwisata Gunung Kidul Handayani, Geblek Kulon Progo, saha Simpang Lima; c tema sosial Lare Gunung, Sluman Slumun Slamet, saha Kanca Tani; d tema dholanan Othok Kouwok, Gethuk, saha Nginang karo Ngilo. Jinis basa kias ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous saged dipunpriksani ing tabel ngandhap punika. Tabel 3. Jinis, Fungsi, saha Makna Basa Kias ing Cakepan Tembang Campursari Anggitanipun Manthous No Jinis Basa Kias Indikator Fungsi Makna 1. Metafora Kutha Wates mas, neng Kulon Progo Kutha cilik ing tlatah Ngayogyakarta sumber : tembang Geblek Kulon Praga a. Ndamel cekak tuturan b. Njlentrehaken tuturan Ngandharaken dumunungipun kitha Kulon Progo. Kulon Progo punika ibukotanipun Wates, saha minangka salah satunggaling kitha ing tlatah Ngayogyakarta. Adoh ratu caket watu sak gunung-gunung Kirang gaul kirang srawung sumber: tembang Lare Gunung a. Ndamel cekak tuturan b. Ndamel tandhesing tuturan c. Ndamel endahing swanten Ngandharaken babagan kahanan, saha papan dumunungipun tokoh ing tembang kasebut. Jebul ra sumbut, ra sumbut, jaman anyaran sumber : tembang Othok Kouwok a. Njlentrehaken tuturan b. Ndamel endahing swanten Nyariosaken satunggal perangan utawi babagan ingkang dados rebutan ananging boten trep kaliyan menapa ingkang dipunkajengaken ing jaman punika 2. Personifikasi Tega tegane atimu Gawe gela lan gawe kuciwa sumber : tembang Gela a. Nambah swasana gesang b. Ndamel tandhesing tuturan c. Kangge nyindhir Nggambaraken raos bilih tiyang ingkang dados pepujaning ati gadhah raos tega saha ndamel gela tokoh. Tabel 3 Lanjutan. Jinis, Fungsi, saha Makna Basa Kias ing Cakepan Tembang Campursari Anggitanipun Manthous No Jinising Basa Kias Indikator Fungsi Makna

2. Personifikasi Bendhungan Sermo

dadi primadhonane sumber : tembang Geblek Kulon Progo a. Ndamel endahing swanten b. Nambah swasana gesang Ngandharaken objek pariwisata ing kitha Kulon Progo ingkang endah saha tinata. Salah satunggal objek pariwisatanipun inggih punika Bendhungan Sermo ingkang dados primadhonanipun kitha Kulon Progo Kae kae rembulane Yen disawang kok ngawe-awe Kaya-kaya ngelingake kanca kabeh aja padha turu sore sumber : tembang Gethuk a. Nambah swasana gesang b. Ndamel endahing swanten Ngandharaken bilih nalika padhang rembulan masarakat dipunemutaken supados medhal saking griya, sareng-sareng gegojegan utawi dedolanan 3. Simile Yen disawang kok ngawe-awe Kaya-kaya ngelingake Kanca kabeh aja pada turu sore sumber : tembang Gethuk a. Ndamel tandhesing tuturan Cakepan tembang punika nandhesaken cara anggenipun penganggit nggambaraken swasana ing salebeting tembang. Tabel 3 Lanjutan. Jinis, Fungsi, saha Makna Basa Kias ing Cakepan Tembang Campursari Anggitanipun Manthous No Jinising Basa Kias Indikator Fungsi Makna 3. Simile Plonga-plongo anggepmu kaya wong bodho sumber : tembang Nginang karo Ngilo a. Ndamel tandhesing tuturan Ngandharaken bilih tokoh ing cakepan tembang kasebut boten remen menawi tiyang ingkang dipuntresnani sampun blenjani janji utawi sampun sulaya 4. Sinekdoke Gela gelaning atiku Yen kelingan jamane semana sumber : tembang Gela a. Ndamel cekak tuturan b. Nggambaraken raosing tokoh Nggambaraken raosing tokoh ing tembang punika ingkang sampun tresna ananging tresnanipun dipundamel cidra dhateng pepujaning ati Trima nasib kula lare gunung sumber : tembang Lare Gunung a. Kangge njlentrehaken b. Kangge ndamel endahing swanten Ngandharaken sedaya babagan kangge negesi saperangan sanesipun. Tembung kula ing cakepan kasebut minangka perangan saking lare gunung.

5. Metonimia

Ndak pundi mbak ayu badhe tindak pundi Dingaren tindak wae ora numpak taksi sumber : Randha Kempling a. Ndamel cekak tuturan b. Ndamel endahing swanten Ngandharaken salah satunggal jinising piranti transportasi umum ingkang asring dipunginakaken masarakat.