panganggit ingkang awujud rantaman tembung-tembung saengga wujud satunggaling ukara ingkang dipuntrepaken kaliyan kabetahan.
Cakepan minangka salah satunggaling perkawis ingkang dadosaken tiyang remen kaliyan tembang utawi sekar. Tiyang saged remen kaliyan tembang
tartamtu amargi limrahipun carita ing tembang punika nggambaraken kadadosan utawi swasana manahipun.
Tembang ingkang karipta tamtu kemawon gadhah tema, saben tembang sejatosipun gadhah tema ingkang benten. Kangge nemtokaken tema, prelu
pangertosan tumrap makna utawi wosing carita saking cakepan tembang kasebut. Kangge nggampilaken panaliten punika, panaliti badhe mantha tembang miturut
temanipun. Panthan tema ing tembang campursari anggitanipun Manthous adhedhasar saking :
a. Menawi cakepan tembang wosipun babagan raos kangen, tresna, gumun
ingkang dipunraosaken dening pawongan jaler estri, saengga tembang kasebut kalebet tema katresnan.
b. Menawi cakepan tembang wosipun nyariosaken satunggaling daerah utawi
laladan, saengga tembang kasebut kalebet tema pariwisata utawi kaendahan. c.
Menawi cakepan tembang wosipun babagan gesangipun tiyang, saengga tembang kasebut kalebet tema sosial.
d. Menawi cakepan tembang boten gadhah makna tartamtu, saengga tembang
kasebut kalebet tema dolanan utawi tembang jenaka.
G. Panaliten ingkang Relevan
Panaliten punika relevan kaliyan panalitenipun Chindia Pandu Permana jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri
Yogyakarta tahun 2011 kanthi irah-irahan “Penggunaan Bahasa Kias dalam Lirik Campursari Didi Kempot Berbahasa Jawa”. Panaliten ingkang dipunlamapahi
dening Chindia Pandu Permana gadhah underaning perkawis inggih punika jinis basa kias, makna basa kias, saha fungsi basa kias. Panaliten punika sami-sami
biwarakaken basa kias ing tembang campursari. Sanajan mekaten, panaliten punika boten sami kaliyan panaliten ingkang dipundamel Chindia Pandu Permana
amargi sampun sanes objekipun. Chindia Pandu Permana punika mendhet objek Didi Kempot menawi panaliten kula punika objekipun Manthous, saha wonten ing
panaliten kula punika ugi ngrembag purwakanthi saha parikan ing salebeting tembang campursari Manthous.
Panalien kaping kalih ingkang relevan kaliyan panaliten punika, inggih punika panaliten ingkang dipunlampahi dening B. Narendra Widyasmoro jurusan
Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta kanthi judul “Gaya Bahasa dalam Buku Kumpulan Gendhing-
Gendhing lan Lagon Dolanan Karangan Narto Sabdo”. Panaliten ingkang dipunlampahi dening B. Narendra Widyasmoro gadhah underaning perkawis
antawisipun jinis gaya basa saha fungsi gaya basa. Panaliten punika gadhah kalih gegaran ingkang sami inggih punika jinis saha fungsi basa kias. Ananging,
wonten panalitenanipun B. Narendra Widyasmoro boten ngrembag makna basa
kias, saengga asiling panaliten punika boten sami kaliyan asiling panaliten ingkang dipunlampahi dening B. Narendra Widyasmoro.
Panaliten ing nginggil dipunwastani relevan kaliyan panaliten punika amargi sami ngrembag basa kias. Dene, objek ingkang dipunrembag ing panaliten
sampun benten kaliyan panaliten punika. Panaliten punika dipunmunjeraken ing jinis basa kias, makna basa kias, saha fungsi basa kias ing cakepan tembang
campursari anggitan Manthous. Panaliten punika dipunkajengaken saged paring urun rembug kangge ilmu
basa saha sastra, mliginipun babagan basa kias, inggih punika basa kias ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous. Panaliten punika
dipunkajengaken nggampilaken pamaos kangge nyinau babagan jinis basa kias, makna basa kias, saha fungsi basa kias ing salebeting tembang kasebut.
H. Panalaran Panaliten
Geguritan inggih punika salah satunggaling seni sastra ingkang identik kaliyan basa kias. Ancasipun dipunginakaken basa kias wonten ing geguritan
supados nambah endah saha saged paring kesan tartamtu. Geguritan punika saged dipunwujudaken mawi cakepan tembang. Mila, cakepan tembang punika ugi
ngginakaken basa kias amargi cakepan tembang punika salah satunggalipun awujud saking geguritan, tuladhanipun wonten ing tembang campursari.
Kathah tiyang ingkang misuwur amargi tembang campursari, tuladhanipun Manthous. Karya ingkang dipunanggit utawi tembang ingkang dipunsekaraken
dening Manthous ngewrat basa kias antawisipun metafora, personifikasi,