Cara Ngempalaken Dhata CARA PANALITEN

ngginakaken bahan referensi, 2 member check, 3 nyuwun lelimbangan saking ahli basa. Bahan referensi dipunginakaken panaliti minangka sarana pandhukung saha bukti tumrap dhata ingkang sampun dipunpanggihi. Bahan referensi ing panaliten punika antawisipun buku-buku referensi, ancasipun inggih punika minangka sarana kangge biyantu saha paring ngelmu dhateng panaliti nalika nyusun laporan panaliten. Buku-buku referensi punika awujud buku-buku ingkang gayut kaliyan semantik, basa kias, saha ingkang ngrembag babagan campursari. Bahan referensi sanesipun inggih punika kempalan lagu-lagu Manthous ingkang wonten ing kaset saha CD. Kaset saha CD kasebut dipungginakaken kangge sumbering dhata panaliten. Member check inggih punika proses anggenipun ngecek dhata panaliten ing narasumber. Panaliti nindakaken member check dipunsarengaken kaliyan nyuwun pirsa dhateng ahli khususipun ingkang wasis ing bidang semantik. Lelimbangan saking ahli minangka cara kangge nemtokaken dhata ingkang valid. Validitas lelimbangan saking ahli saged dipuntindakaken kanthi mriksakaken dhata-dhata asiling panaliten dhumateng tiyang ingkang sampun pana babaganipun. Saking bab reliabilitas, dhata wonten ing panaliten punika kanthi maos saha nganalisis dhata makaping-kaping, saengga pikantuk dhata ingkang stabil, bab punika dipuntindakaken dening panaliti. Dhata saged dipunwastani stabil bilih asiling dhata boten owah sanajan sampun dipunambali anggenipun ngecek. Panaliti saged nyebat bilih dhata kasebut stabil bilih sampun boten wonten raos ragu nalika nemtokaken jinis, makna, saha fungsi basa kias. Tuladhanipun wonten ing tembung ngandhap punika : Kae rembulane yen disawang kok ngawe awe ... 15 Ukara kasebut ngwrat majas personifikasi amargi paring sipating tiyang tumrap rembulan yaiku ngawe-awe, sejatosipun ingkang saged ngawe-awe nun inggih namung tiyang. Dhata punika sampun stabil amargi bilih dipuncek utawi dipuntliti dhata kasebut boten bakal owah. Reliabilitas dhata ing panaliten punika kalaksanan kanthi cara tekun anggenipun nliti basa kias ing cakepan tembang saengga saged magertosi jinis, makna, saha fungsinipun. Asilipun dhata lajeng dipunkaji miturut wosing perkawis ingkang dipuntindakaken wonten ing panaliten. Panaliten saged dipunpungkasi menawi dhata ingkang dipunginakaken sampun saestu stabil, saengga sampun saged dipunanalisis wonten ing karya ilmiah.