Panaliten ingkang Relevan GEGARAN TEORI

29

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising panaliten

Jinising panaliten ingkang dipunginakaken ing panaliten Basa Kias ing Cakepan Tembang Campursari Manthous inggih punika panaliten deskriptif. Miturut Sudaryanto 1999: 62, panaliten deskriptif inggih punika panaliten ingkang dipuntindakaken adhedhasar kasunyatan ingkang kanthi empiris gesang wonten ing penuturipun. Saengga asilipun awujud perian basa ingkang sipatipun sampun limrah, kadosta potret, paparan wonten ing kasunyatan. Panaliten deskriptif inggih punika panaliten ingkang ancasipun kangge deskripsikaken, saha kangge mangertosi subjek panalitenipun. Ing panaliten punika subjekipun inggih punika cakepan tembang campursari Manthous. Panaliten menika gadhah ancas saperlu damel deskripsi babagan jinisipun basa kias ingkang dipunginakaken ing tembang campursari anggitanipun Manthous.

B. Fokus Panaliten

Fokusing panaliten ingkang dipundamel inggih punika basa kias ing cakepan tembang campursari Manthous. Cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous dipunginaken minangka fokus panaliten, amargi ing tembang campursari anggitanipun Manthous ginakaken basa kias. Saengga, trep kaliyan fokus panaliten punika.

C. Sumber Dhata Panaliten

Sumber dhata wonten ing panaliten menika minangka kempalan kaset saha cd ingkang ngewrat tembang-tembang campursari anggitanipun Manthous. Panaliten punika kapendhet saking tembang campursari anggitanipun Manthous. Tembang ingkang sampun dipunanggit dening Manthous punika salajengipun dipunperang adhedhasar tema tembang. Wonten 4 tema ing tembang campursari anggitanipun Manthous, antawisipun tema katresnan, pariwisata, sosial, saha dolanan. Dene, cacahing tembang inggih punika wonten 44 tembang. Saking 44 tembang kasebut wonten satunggal tembang ingkang ngginakaken basa Indonesia inggih punika Cintaku Jauh di Lampung. Tembang kasebut tamtu kemawon boten mlebet daftar sampel panaliten. Panaliti boten nliti sedaya tembang, ananging paniliti nemtokakaken sampel kangge kajianipun. Ing ngandhap punika tembang-tembang anggitanipun Manthous miturut tema tembangipun ingkang badhe dipuntemtokaken sampelipun : Tabel 1. Tembang campursari anggitanipun Manthous No. Irah-irahan Tema 1. 2. 3. 4. 5. Sida Apa Ora Aja Sembrana Aja Gawe-Gawe Tahu Apa Tempe Aja Digodha Katresnan