Jinising panaliten Fokus Panaliten

Tabel salajengipun No. Irah-irahan Tema 34. 35. 36. 37. 38. 39. 40. Simpang Lima Malioboro Lare Gunung Ngrumpi Gosip Amit-Amit Sluman-Slumun Slamet Kanca Tani Sosial 41. 42. 43. 44. Othok Ouwok Kripik Apa Mendoan Gethuk Nginang Karo Ngilo Dolanan Tembang-tembang anggitanipun Manthous boten sedaya dipunanalisis, ananging dipunpilih kanthi ngginakaken sampel. Sampel ingkang dipunpilih punika tamtu kemawon cakepan tembang ingkang ngginakaken basa Jawa. Sampel ingkang dipungginakaken ing panaliten punika yaiku sample purposive. Sample purposive inggih punika objek panaliten ingkang gadhah pertimbangan tartamtu Sugiyono, 2010: 300. Sami kaliyan andharanipun Sugiyono, Narbuko saha Achmadi 2007: 16 ngandharaken teknik purposive dipunginakaken kanthi gatosaken ciri utawi sipat tartamtu ingkang gadhah gegayutan kaliyan populasinipun. Ing panaliten punika sampel ingkang dipunoilih inggih punika tembang-tembang ingkang saged dados wakil saking tema saha tembang kasebut saged dados sumber fenomena ingkang badhe dipuntliti. Sampel punika badhe dipunpundhut tembang saking tema ingkang sanes, inggih punika saking tema katresnan Gela, Pripun, Methuk, Kangen, Kempling, saha Getun. Tema pariwisata kapendhet tembang Gunungkidul Handayani, Geblek Kulon Progo, Simpang Lima. Saking tema sosial antawisipun Lare Gunung, Kanca Tani, Sluman-Slumun Slamet. Dene, saking tema dolanan inggih punika Othok-Ouwok, Gethuk, Nginang karo Ngilo. Sampel punika dipuntemtokaken kanthi cara undian utawi panaliti damel lintigan. Tembang-tembang ingkang dipundadosaken sampel tamtu kemawon gadhah titikan ingkang memper.

D. Cara Ngempalaken Dhata

Ngempalaken dhata panaliten punika ngginakaken tabel, tabel punika dipungginakaken nalika nyemak tembang campursari Manthous. Kagiyatan nyemak tembang punika dipunlampahi kanthi bola-bali, amargi supados trep, valid saha asilipun absah. Nalika nyemak cakepan tembang campursari Manthous kedah nastiti, jeli, tekun, saha disiplin supados boten klentu dhatanipun. Tabel ingkang dipunginakaken inggih punika Tabel 2.1 Analisis basa kias ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous Nomor Tembang : 02 Judul Lagu : Esemmu Jenising basa kias : Simile Cakepan Tembang : Bebasan segara madu Kalah manis Sing manis pancen esemmu Makna basa kias : ing tembang kasebut nandhingaken antawisipun segara madu kaliyan esemipun wanodya ingkang dipuntresnani. Tandha bilih cakepan kasebut ngwrat majas simile inggih punika wonten cakepan kasebut ginakaken tembung bandhingan eksplisit inggih punika bebasan.