Basa Kias GEGARAN TEORI

Waluyo 1987: 84 ngandharaken jinis basa kias antawisipun metafora, simile, personifikasi, hiperbola, sinekdoke, ironi. Miturut Nurgiyantoro 2000: 298-300 wujuding basa kias ingkang asring dipunginakaken penganggit inggih punika simile, metafora, saha personifikasi. Miturut Fananie 2000: 37-40 jinis basa kias antawisipun persamaan, simile, metafora, personifikasi, hipalase, invende, antrifrasis, paranomasia, ironi, sinisme, sarta sarkasme. Jinis basa kasebut lajeng dipuntambahi dening Keraf 2004: 138-145 inggih punika antonomasia, parabel, fabel, saha santire. Saking andharan para ahli ing nginggil saged dipunpundhut dudutan jinising basa kias ingkang dados pirembagan utawi acuan ing panaliten punika antawisipun : 1. Metafora Metafora inggih punika majas ingkang nglarasaken satunggal bab kaliyan bab sanesipun ananging boten ngginakaken bandhingan Pardopo, 2000: 66. Metafora saged dipunsebat kiasan langsung. Wonten ing metafora boten migunakaken tembung-tembung ingkang nedhahaken bandhingan eksplisit. Ananging, migunakaken bandhingan implisit. Bandhingan implisit inggih punika bandhingan ingkang langsung. Keraf 2004: 84 ngandharaken bilih metafora minangka analogi ingkang nandhingaken kalih perkawis kanthi langsung saha bentukipun singkat. Saengga ing metafora boten dipunginakaken tembung-tembung bandhingan. Adhedhasar andharan ing nginggil saged dipunpundhut dudutan bilih metafora inggih punika majas bandhingan ingkang implisit utawi langsung sarta boten ngginakaken tembung-tembung bandhingan. Tuladhanipun majas metafora inggih punika : Martini iku kembang desa, mula ora gumun yen akeh sing seneng karo dheweke. ... 9 Kembang desa ing ukara 9 ateges pawestri ingkang gadhah rupi ayu wonten ing satunggaling desa. Ukara kasebut gadhah teges bilih Martini minangka estri ingkang ayu ing desanipun, saengga kathah tiyang ingkang seneng utawi tresna dhateng piyambakipun. 2. Personifikasi Personifikasi saged dipuntegesi minangka pemanusiaan. Miturut Keraf 2004: 140 personifikasi inggih punika gaya basa kiasan kangge nggambaraken benda-benda mati utawi perangan ingkang mati, kadosta tiyang dipungambaraken gadhah sipat kadosta tiyang. Personifikasi minangka gaya basa bandhingan ingkang damel sipat benda mati kados sipating tiyang saha tindak tandukipun kados tiyang Nurgiyantoro, 2000: 299. Personifikasi minangka majas ingkang paring sipat utawi tindak tandukipun tiyang gesang tumrap benda mati utawi perangan sanes, kadasta wit, kewan, saha makluk- makluk sanesipun manungsa. Saking andharanipun para ahli ing nginggil saged dipunpundhut dudutan personifikasi inggih punika gaya basa ingkang damel benda mati gadhah sipat- sipat kados dene tiyang utawi person. Tuladhanipun personifikasi inggih punika : Rembulane ngawe-awe, nandhakake aja padha turu sore. ... 10 Rembulan punika kalebet benda mati, salajengipun dipuntambahi tembung ngawe-awe. Tembung ngawe-awe minangka salah satunggal tindak tandukipun tiyang. Ukara kasebut ngewrat majas personifikasi, amargi paring sipat person ing tembung rembulane ngawe-awe. Sejatosipun, ingkang saged ngawe-awe nun inggih namung tiyang gesang person. Ngengingi tegesing ukara kasebut inggih punika ngandharakaken bilih kita boten pikantuk turu sore amargi nembe padhang wulan. 3. Simile Miturut Sayuti 1985: 195 simile inggih punika bandhingan ingkang asipat eksplisit kanthi tandha ngginakaken unsur konstruksional tembung kadasta serupa, bagai, laksana, bagaikan, ugi saged arupa morfem se-. Simile kalebet majas ingkang bandhinganipun boten langsung bandhingan eksplisit kanthi ngginakaken tembung-tembung tartamtu Nurgiyantoro, 2000: 298. Simile punika arupi majas metafora, ananging bedanipun menawi metafora dipunsebat bandhingan implisit bandhingan langsung. Dene, simile inggih punika bandhingan eksplisit ingkang migunakaken tembung-tembung bandhingan. Basa kias simile ing sastra Jawa dipunsebat pepindhan, pepindha saking tembung pindha. Hadiwidjana 1967: 58 ngandharaken bilih pepindhan punika