Paedahing Panaliten Pangertosan PURWAKA

bilih bocah kasebut satemenipun saged damel ukara ingkang sae. Ananging, ugi saged dipuntegesi bilih bocah kasebut pinter bersilat lidah. Saking andharan punika saged dipunpundhut dudutan bilih semantik gadhah kajian makna tembung kanthi maksud utawi konteks. Tegesipun, saben tembung ing ukara, gadhah teges ingkang boten mutlak saged dipuntegesi warna-warni gumantung kaliyan maksud saha konteksipun. Tuladhanipun : “bocah klambi abang kae ayu tenan” Tembung ayu tenan ing ukara punika gadhah kalih teges, saking segi konteks ukara kasebat nggambaraken wanodya ingkang ayu, kenes. Ancasing ukara kasebut kangge ngalem. Ukara kasebut menawi dipuntegesi kanthi maksud, tembung “ayu tenan” tegesipun clemoten, awul-awulan. Saking tuladha punika saged dipunmangertosi bilih nalika micara utawi ngandharaken perkawis, penutur saged ngginakaken basa-basa ingkang karakit endah utawi ngginakaken basa kias. Saengga, basa kias minangka salah satunggaling sarana kangge ngandharaken pesen tuturan. Chaer 1995: 7-12 ngandharaken bilih semantik kaperang dados 4 inggih punika semantik leksikal, semantik sintaksial, semantik gramatikal, saha semantik maksud. Andharan ngengingi jinis makna ingkang dipunandharaken dening Chaer punika wonten titikanipun saha saged dipuntampi, amargi cetha anggenipun ngandharaken. Ing ngandhap punika badhe kaandharaken jinising semantik miturut Chaer : a. Semantik Leksikal Semantik leksikal nyinau makna ing leksem utawi tembung. Leksem inggih punika satuan basa ingkang gadhah makna tembung utawi kata. Makna ingkang wonten ing leksem dipunsebat makna leksikal. Leksem ing semantik wujudipun saged satunggal tembung kadasta kembang, kursi, meja. Ugi saged kadadosan saking gabungan tembung kadasta kembang desa, tamu sing ora diundang. Tuladhanipun : Rama tumbas kembang mawar kanggo Ibune. .... 1 Ani kuwi dadi kembang desa, mula akeh sing kepencut dheweke. .... 2 Ukara ing nginggil sami-sami ngginakaken tembung kembang ananging gadhah makna ingkang sanes. Tembung kembang ing ukara 1 punika tegesipun salah satunggal jinising kembang. Ananging bilih tembung kembang ing ukara 1 dipuntambahi tembung desa kadasta ing ukara 2 gadhah teges bilih Ani minangka wanita ingkang manjila ing desanipun wonten ing babagan rupi. b. Semantik Gramatikal Semantik gramatikal nyinau makna ing tembung, frase, klausa, saha ukara. Semantik gramatikal kadadosan amargi saking proses afiksasi, proses reduplikasi, utawi proses komposisi. Tuladhanipun : Ir. Soekarno iku presiden Indonesia sing sepisanan. ... 3 Kantor kepresidenan ana ing Jakarta. ... 4 Ing ukara 3 wonten tembung presiden ingkang gadhah teges salah satunggaling profesi, salajengipun wonten ing ukara 4 tembung kasebut angsal ater-ater ke- saha panambang -an dados kepresidenan, saengga tegesipun inggih punika minangka papan jumeneng kangge presiden. c. Semantik Sintaktial Semantik sintaktial nyinau sedaya bab ingkang wonten gayutipun kaliyan sintaksis. Tuladhanipun : Ibu masak sayur asem ing pawon. ... 5 Menawi dipunrembag kanthi semantik sintaktial, tembung Ibu minangka jejer saking ukara kasebat, tembung masak ingkang makna gramatikalipun nindhakaken kridha masak punika minangka wasesa ing ukara kasebut, salajengipun sayur asem minangka lesan ingkang makna gramatikalipun objek ingkang dipunmasak dening Ibu, dene tembung ing pawon inggih punika katrangan papan ingkang dipunginakaken Ibu kangge masak. d. Semantik Maksud Semantik maksud nyinau bab-bab ingkang wonten gayutipun kaliyan gaya basa, kadasta : metafora, simile, personifikasi, saha ironi. Semantik makna boten dipuntegesi saking tembung-tembungipun, ananging dipuntegesi kanthi maksud saking penganggit utawi penuturipun. Tuladhanipun ukara ingkang ngginakaken majas ironi inggih punika : Bijimu apik banget. ... 6 Ukara kasebut gadhah makna boten namung kangge ngalem mitra tutur, ananging menawi dipungayutaken kaliyan konteksipun saged gadhah makna sindhiran.