Underaning Perkawis Watesaning Perkawis

ingkang biasanipun paraga menika gadhah watak ingkang ngemu moral lan dipunjlentrehaken wonten ing pocapan nalika drama menika kalajengaken. 4. Novel Novel inggih menika salah satunggaling jinis cariyos fiksi ingkang medalipun kagolong pungkasan tinimbang cariyos fiksi sanesipun. Novel menika isinipun babagan pagesanganing para paraganipun kanthi alus. Sanesipun paraga, prastawa lan lataripun dipundamel tersusun satemah wujudipun langkung dawa saking prosa rekaan sanesipun. 5. Perwatakan Perwatakan menika kangge nunjukaken sipat lan sikap paraga ingkang dipun tafsiraken dening pamaos ugi kangge nemtokaken paraga lan watakipun wonten ing cariyos. 12

BAB II GEGARAN TEORI

A. Deskripsi Teori

1. Karya Sastra Jawa a. Definisi Sastra Rikala pamaos mireng tembung karya sastra pesthinipun pamaos langsung kengetan kaliyan tembung panganggit. Saben karya sastra temtunipun wonten panganggitipun. Amargi karya sastra menika tuwuh saking pamikiran panganggit ingkang dipunjlentrehaken wonten ing novel , cerkak, dongeng lan sapanunggalanipun. Karya sastra piyambak menika salahsatunggaling seratan ingkang gadhah makna tartamtu. Sastra inggih menika salah satunggaling wujud karya seni kreatif ingkang ngginakaken manungsa minangka obyek lan basa piranti ingkang dipunginakaken wonten ing pagesangan Semi, 1988: 8. Sastra minangka karya lisan utawi seratan ingkang gadhah titikan kadosta kaendahan wonten ing babagan isi lan pocapanipun, asipat artistik , lan asipat asli Sudjiman, 1986: 68. Pramila wonten ing kasusasteraan , sastra menika saged dipunperang dados sastra seratan lan sastra lisan. Wonten ing karya sastra menika boten kathah gegayutanipun kaliyan seratan ananging langkung kathah wonten ing basa minangka piranti kangge ng ekspresi kaken pamikiran. Saking pamanggih para ahli menika pramila definisi sastra inggih menika salahsatunggaling wujud karya seni ingkang ngginakaken manungsa minangka obyek lan basa ingkang dipunginakaken kangge komunikasi wonten ing