Deskripsi Panganggit ASILING PANALITEN LAN PIREMBAGAN

cepeng pedamelan omah. Wiradi boten pareng dangu wonten ing dalem Widuran. Siang menika Pak Wiradad kondur saking makarya, ngasta roti lan gadhah warta ingkang radi gegirisi. Warta menika babagan Landa ingkang mangke dalu badhe ngawontenaken serangan serangan. Nanging warta menika dadosaken Pak Naya lan Bapakipun beda kekajengan. Tuwuh pamikirana bilih bapak lan Pak Naya menika mata-mata mungsuh. Pungkasan Wiradi tetep wonten dalem. Enjingipun wonten tiyang madosi Wiradi ing Widuran. Elok wedi menawi tiyang menika mata-mata mungsuh. Piyambakipun sadeyan pohung ing kitha. Barang Wiradi ngertos piyantunipun, menika Pak Lodhang tanggi wonten dhusun panggenan ngungsi. Rawuhipun Pak Lodhang menika ngasta warta kahanannipun Wiranta. Wiranta sampun dipunupakara dening mantri dhusun lan sakmenika taksih adhem panas badannipun. Nalika Pak Lodhang badhe kondur, Elok nitipaken layang kangge Wiranta ingkang ngabaraken bilih Wiradi lan keluwargi ing Widuran sami sugeng sedaya. Anggenipun titip layang menika boten dipunmangertosi dening Wiradi. Saben tiyang ingkang mlebet medal kitha dipungledhah Landa wonten ing perbatasan. Kaleresan wonten ing perbatasan saweg wonten penggledhahan. Suhebat ingkang saweg dolan caket mriku pirsa menawi tiyang ingkang sadeyan pohung saweg dipungledhah Landa. Wiradi lan sedaya tiyang ing dalem sami bingung kedah kadospundi caranipun Wiradi oncat saking dalem. Wonten ing dalem, sedaya sami ngrembag papan kangge ndelik Wiradi menawi wonten Landa ingkang dhateng. Dugi ndalu boten wonten menapa-menapa. Nanging kedah tetep waspada. Siyang candhakipun rikala Suhebat saweg dolan aliyan kanca- kancanipun wonten ing langgar caket omah, pirsa wonten jip landa lan ing lebetipun wonten Pak Lodhang. Menawi wonten tiyang ingkang boten kersa jujur saged ugi boten sugeng dugi dalem. Suhebat mlayu wangsul, banjur matur kaliyan mbakyunipun. Nanging Landa sampun dugi ng ngajeng dalem rikala tiyang-tiyang saweg rembugan papan kangge ndelik. Wiradi ingkang wonten ing bilik ageng radi ketar-ketir. Bu Wiradad lenggah ing kursi mendel kemawon tanpa ngendika menapa- menapa rikala Wiradi bingung pados papan ndelik. Wiradi ngrungkep dengkulipun sibu kanthi nyuwun ngapunten nanging sibu tetep mendel kanthi mripat mencereng mirsani cendhela. Saking cendhela Wiradi mireng wonten tiyang ingkang saweg guneman kaliyan basa sanes. Wiradi boten ngingetke cendhela nanging sejatosipun Wiradi ngertos yen sampun wonten Landa ing njawi cendhela. Wiradi pasrah rikala kori dipunbikak. Wonten gangsal tiyang ageng- ageng ngangge rasukan blonthang-blantheng kados macan. Wonten mriku Pak Lodhang namung matur kaliyan Elok bilih piyambakipun boten ngaken wiwit wingi amargi mesthinipun Wiradi taksih wonten ing dalem. Kahanan Pak Lodhang sampun boten rupi, praupanipun bengep, alisipun abuh. Saking menika, Elok kraos lepat amargi ingkang dadosaken sedaya wau amargi Elok ingkang nyerat layang kangge Wiranta.