Ancasing Panaliten Paedah Panaliten
                                                                                pagesanganing  manungsa  ingkang  dipunpendhet  saking  kasunyatan  sosial masarakat kanthi lisan utawi seratan.
b. Jinising Karya Sastra
Miturut  Plato  lan  Aristoteles  Budianta,  1990:  300  ngandharaken  bilih jinising  karya  sastra  menika  dipunperang  dados  tiga  3  inggih  menika:  a
puisi lirik
inggih  menika
ide
saking  panganggit  piyambak;  b
puisi  epik
utawi
prosa
inggih menika panganggit minangka awakipun piyambak, minangka
narator
, lan saged  damel  para  paraganipun  matur;  c
drama,
wonten  ing
drama
menika panganggit boten ketingal ananging wonten ing sawingkingipun paraga.
Saking  jinising  karya  sastra  menika  saged  dipunperang  malih  dados
subgenre
.  Saking
puisi  lirik
utawi  puisi  menika  dipunperang  miturut  wujudipun, miturut  wosipun,  miturut
penafsiran
utawi  miturut  temanipun.  Menawi
prosa
menika  dipunperang  dados
novel
,
novel
et,
roman,  cerpen
utawi  cerkak  lan
cerbung cerita  bersambung
.  Dene  menawi
drama
menika  biasanipun  awujud
operet
,
sendratari
,
pantomim
lan sanesipun. Ananging  miturut  Nurgiyantoro  2005:  1-2  bilih  karya  sastra  menika
wonten kalih jinis inggih menika
prosa
kaliyan
puisi.
Pambeda antawisipun
prosa
kaliyan
puisi
menika taksih
kabur
amargi menawi dipuntingali saking
unsur
basa menika  basa
puisi
wonten  ingkang  mirip  kaliyan  basa  ingkang  dipunginakaken wonten  ing
prosa
,  menapa  dene  sewalikipun.  Lajeng  saking  wujud panyeratanipun  menika  wonten
puisi
ingkang  dipunserat  mirip  kaliyan
prosa
. Ananging  sejatosipun
prosa
menika  langkung  wiyar  tinimbang
puisi
.
Prosa
menika boten namung seratan ingkang asipat
fiksi
ananging saged asipat
nonfiksi
kadosta panyeratan pawarta wonten ing kalawarti. 2.
Novel
Miturut  Wellek  dan  Warren  salebeting  Nurgiyantoro  2005:  15
novel
menika asipat realistis utawi kasunyatan, ngrembaka saking wujud
naratif nonfiksi
kadosta
surat,  biografi,  kronik
utawi  sejarah.  Pamanggih  Wallek  dan  Warren menika  sejalan  kaliyan  pamanggih  Nurgiyantoro  2005:  30-31  ingkang
ngandharaken  bilih
novel
menika  dipunwangun  saking
unsur-unsur
ingkang magayutan  ingkang  sami-sami  nemtokaken.  Perkawis  menika  dadosaken
novel
menika dados karya sastra ingkang gesang.
Novel
panci  gadhah  cariyos  ingkang  dawanipun  tartamtu  lan  kalebet cariyos
prosa
ingkang asipat
fiktif
. Perkawis menika trep kaliyan pamanggihipun Nurgiyantoro  2005:  9  ingkang  paring  pamanggih  bilih
“Novel  adalah  sebuah
prosa  fiksi  yang  panjangnya  cukup,  artinya  tidak  terlalu  panjang,  namun  juga
tidak  terlalu  pendek”.
Konflik
lan
pertikaian
ingkang  nemtokaken  nasib paraganipun wonten ing
novel
menika kedah wonten, ananging
novel
ugi gadhah
unsur
ingkang mangun.
Unsur
ingkang mangun
novel
menika dipunperang dados kalih inggih menika
unsur instrinsik
lan
ekstrinsik. Unsur  instrinsik
menika
unsur
ingkang  mangun  karya  satra  piyambak. Wonten  ing
novel
,
unsur  instrinsik
menika
unsur
ingkang  langsung  nderek wonten  ing  cariyos.
Unsur  intrinsik
menika  wonten  rikala
novel
dipunwaos.
Unsur
menika kadosta
alur, tema, tokoh, penokohan
lan sapanunggalanipun.