Cara Nganalisis Data CARA PANALITEN

kadosta dados loper koran. Cekak aosipun cariyos gesang Suparto Brata menika kathah rintangannipun dumugi sukses.

B. Asiling Panaliten

Bab sekawan IV menika ngandharaken asiling panaliten ingkang sampun dipunlajengaken. Asiling panaliten menika awujud perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata . Anggenipun nliti menika mawi pendeketan. Pendekatan ingkang dipun-ginakaken wonten ing panaliten inggih menika pendekatan psiklogi sastra. Asiling panaliten menika awujud perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. Wiradi kalebet paraga utama amargi Wiradi menika paraga ingkang kompleks. Paraga ingkang gadhah watak ingkang asring owah- owah lan paraga ingkang asring nandhang konflik psikis. Wonten ing trilogy novel Kelangan Satang ugi wonten paraga tambahan kadosta Elok, Wiranta, Pak Wiradad, Bu Wiradad, Pak Naya, Suhebat, Kusnarna, Marija, Gatot, Manik, Pak Likipun Gatot, Pak Lodhang, Sukardiman, lan tentara Landa. Wedharan saking asiling panaliten menika dipuntrepaken kaliyan rumusan lan ancasing panaliten. Anggenipun ngandharaken asiling panaliten menika dipunserat wonten ing table lan dipunjlentrehaken kanthi rinci wonten ing wedharan lan data ingkang lengkap wonten ing bagian lampiran. Supados langkung cetha lan gamblang, data dipunandharaken wonten ing ngandhap menika. 1. Sinopsis a. Sinopsis Buku I: Lara Lapane Kaum Republik Buku I wonten ing trilogi novel Kelangan Satang menika kanthi irah- irahan “Lara Lapane Kaum Republik”. Lara Lapane Kaum Republik menika nyariosaken pagesangan masarakat Sala rikala dipunjajah dening Landa. Sinopsis saking buku I inggih menika rikala semanten, saweg wonten peperangan wonten ing Kitha Sala antawisipun Landa lan pribumi. Kahanan menika dadosaken para pemudha sami ngungsi wonten ing dhusun. Wiradi ingkang saweg wonten dhusun mireng warta menawi Bapak ibunipun sampun kondur saking pangungsen lan manggen malih wonten dalemipun ing Widuran. Ananging warta ingkang kepireng menika ibunipun Wiradi, Bu Wiradad saweg gerah maras. Gerah maras boten amargi kahanan sakmenika ingkang sampun boten gadhah bandha nanging amargi putra-putranipun boten wonten. Mireng kados mekaten, Wiradi gadhah pepenginan sowan bapak ibunipun wonten ing kitha Sala, ananging Wiranta adhinipun boten sarujuk kaliyan pepenginannipun Wiradi. Boten sarujukipun amargi kahanan kitha sakmenika dereng aman. Banjur Wiradi ngajak kanca sanes kangge mlebet kitha. Mlebet kitha menika dipunpandhegani dening Narna, kanca saperjuwangan ingkang sampun nate mlebet kitha lan slamet.sakduginipun wonten kitha, saweg