Cara Ngesahaken Data CARA PANALITEN
menika dipunserat wonten ing table lan dipunjlentrehaken kanthi rinci wonten ing wedharan lan data ingkang lengkap wonten ing bagian lampiran. Supados
langkung cetha lan gamblang, data dipunandharaken wonten ing ngandhap menika.
1. Sinopsis
a. Sinopsis Buku I: Lara Lapane Kaum Republik
Buku I wonten ing
trilogi novel Kelangan Satang
menika kanthi irah- irahan “Lara Lapane Kaum Republik”.
Lara Lapane Kaum Republik
menika nyariosaken pagesangan masarakat Sala rikala dipunjajah dening Landa.
Sinopsis
saking buku I inggih menika rikala semanten, saweg wonten peperangan wonten ing Kitha Sala antawisipun Landa lan pribumi. Kahanan menika dadosaken para
pemudha sami ngungsi wonten ing dhusun. Wiradi ingkang saweg wonten dhusun mireng warta menawi Bapak ibunipun sampun kondur saking pangungsen lan
manggen malih wonten dalemipun ing Widuran. Ananging warta ingkang kepireng menika ibunipun Wiradi, Bu Wiradad saweg gerah maras. Gerah maras
boten amargi kahanan sakmenika ingkang sampun boten gadhah bandha nanging amargi putra-putranipun boten wonten.
Mireng kados mekaten, Wiradi gadhah pepenginan sowan bapak ibunipun wonten ing kitha Sala, ananging Wiranta adhinipun boten sarujuk
kaliyan pepenginannipun Wiradi. Boten sarujukipun amargi kahanan kitha sakmenika dereng aman. Banjur Wiradi ngajak kanca sanes kangge mlebet kitha.
Mlebet kitha menika dipunpandhegani dening Narna, kanca saperjuwangan ingkang sampun nate mlebet kitha lan slamet.sakduginipun wonten kitha, saweg
wonten serangan Landa. Rikala umpetan saking Landa, kaleresan wonten swara pistul nanging boten ngertos gadhah sinten. Barang sami ndelik, jebul Wiranta
ketaton. Ananging amargi niyatipun Wiradi sowan sibu sampun mantep
dadosaken Wiradi nilar Wiranta ingkang ketatn kaliyan kancanipun. Wiradi dipunkancani dening Kusnanrna lan Sukardiman anggenipun sowan sibu.
Saduginipun wonten dalem Widuran, Wiradi kaget tur wedi kaliyan tiyang ingkang mbikak kori. Tiyang menika blebedan sirahipun lan kahanan dalem
ingkang peteng amargi namung ngginakaken lampu senthir kemawon. Panci kahanan kitha rikala semanten boten wonten dalem ingkang padhang ing wayah
dalu. Barang sampun mlebet dalem lan nepungaken nama marang tiyang ingkang blebedan, Wiradi kepanggih kaliyan bapak ibunipun.
Ananging ibunipun ketingal boten remen kaliyan Wiradi. Sikepipun sibu ingkang mekaten menika amargi sibu ngira Wiradi ingkang damel Wirastuti ical
rikala Landa nyerbu kitha.wonten dalem Widuran, Wiradi kathah guneman kaliyan bapakipun babagan dhaharan rikala peperangan, pedamelannipun bapak
saben dintenipun lan sanesipun. Enjingipun Wiradi pirsa wonten kenya saweg nimba wonten plataran wingking. Larenipun boten ayu, boten elik nanging
ngremenaken menawi dipunsawang. Kenya menika namanipun Elok, putranipun Pak Naya tiyang ingkang blebedan. Pak Naya gadhah kalih putra, Elok lan
Suhebat adhinipun Elok. Salebeting wonten dalem Widuran, Wiradi remen guneman kaliyan Elok,
satemah tuwuh raos tresna marang Elok. Elok menika kenya ingkang saged
cepeng pedamelan omah. Wiradi boten pareng dangu wonten ing dalem Widuran. Siang menika Pak Wiradad kondur saking makarya, ngasta roti lan gadhah warta
ingkang radi gegirisi. Warta menika babagan Landa ingkang mangke dalu badhe ngawontenaken serangan serangan. Nanging warta menika dadosaken Pak Naya
lan Bapakipun beda kekajengan. Tuwuh pamikirana bilih bapak lan Pak Naya menika mata-mata mungsuh.
Pungkasan Wiradi tetep wonten dalem. Enjingipun wonten tiyang madosi Wiradi ing Widuran. Elok wedi menawi tiyang menika mata-mata mungsuh.
Piyambakipun sadeyan pohung ing kitha. Barang Wiradi ngertos piyantunipun, menika Pak Lodhang tanggi wonten dhusun panggenan ngungsi. Rawuhipun Pak
Lodhang menika ngasta warta kahanannipun Wiranta. Wiranta sampun dipunupakara dening mantri dhusun lan sakmenika taksih adhem panas
badannipun. Nalika Pak Lodhang badhe kondur, Elok nitipaken layang kangge Wiranta ingkang ngabaraken bilih Wiradi lan keluwargi ing Widuran sami sugeng
sedaya. Anggenipun titip layang menika boten dipunmangertosi dening Wiradi.
Saben tiyang ingkang mlebet medal kitha dipungledhah Landa wonten ing perbatasan. Kaleresan wonten ing perbatasan saweg wonten penggledhahan.
Suhebat ingkang saweg dolan caket mriku pirsa menawi tiyang ingkang sadeyan pohung saweg dipungledhah Landa. Wiradi lan sedaya tiyang ing dalem sami
bingung kedah kadospundi caranipun Wiradi oncat saking dalem. Wonten ing dalem, sedaya sami ngrembag papan kangge ndelik Wiradi menawi wonten Landa