Piranti Panaliten CARA PANALITEN

sampun dipunpilah minangka obyek panaliten inggih menika perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata, 2 paring tanda wonten ing kutipan tartamtu ingkang wonten unsur perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata, 3 interpretasi perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata, lan 4 nggambaraken sedaya data ingkang wonten saking cara menika. Sasampunipun maos kanthi patitis, dipunlajengaken kanthi cara nyerat data wonten ing kartu data. Ingkang kedah dipunlampahaken inggih menika nyerat kasiling deskripsi babagan perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata, dipunlajengaken kanthi nyerat nukilan-nukilan data wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata ingkang arupi ukara utawi wacana.

F. Cara Nganalisis Data

Cara anggenipun nganalisis data menika gadhah ancas kangge ngringkes data wonten ing wujud ingkang langkung gampil dipunwaos lan dipun- interpretasi -aken. Analisis data menika minangka proses kangge ngatur urutaning data, dadosaken data menika dados pola, kategori, lan sanesipun. Data menika biasanipun awujud tetembungan sanes angka. Data-data menika sampun dipunkempalaken kanthi werni-werni cara lan sampun dipunolah saederengipun dipunginakaken mawi pencatatan, pengetikan, penyuntingan utawi alih tulis ananging data ingkang wujud tetembungan menika dipurembakakaken mawi wujud teks. Cara nganalisis data wonte ing panaliten menika ngginakaken cara deskriptif. Teknik utawi cara deskriptif menika dipunginakaken kangge paring gambaran babagan perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. Teknik analisis data dipunlajengaken mawi cara: 1 deskripsi babagan perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata kanthi teori psikoanalisis Sigmund Freud, 2 tabulasi, analisis data ingkang dipundadosaken tabel miturut identifikasi unsur jumbuh kaliyan ancasing panaliten, 3 interpretasi, migunakaken pendekatan psikologi sastra kanthi teori psikoanalisis Sigmund Freud inggih menika miturut id, ego, lan super ego, 4 inferensi, cara ingkang pungkasan rikala nganalisis data. Analisis data menika saking alihbasa saking basa Jawa dhateng basa Indonesia. Saking kasiling panaliten menika, data ingkang sampun dipunandharaken menika lajeng dipundamel dudutan miturut kasiling panaliten lan andharan. Inferensi panaliten menika kalebet perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata

G. Cara Ngesahaken Data

Kangge mangertos data wonten ing panaliten menika absah ngginakaken validitas lan reliabilitas. Kasiling panaliten menika valid menawi dipundhukung kanthi factor ingkang leres, lan saged dipunginakaken minangka piranti ingkang kiyat kan ajeng menawi dipunjumbuhaken kaliyan teori ingkang relevan. Wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas semantis. Validitas semantis menika dipunlajengaken mawi cara jabaraken data ingkang jumbuh kaliyan konteks ukara, wacana, dialog, monolog, interaksi antar tokoh ingkang wonten kangge mangertos data menika sampun dipuntegesi mawi konteksipun. Kangge pados data ingkang valid, kasiling panaliten dipunsuwunaken pirsa kaliyan ahli wonten ing bidang psikologi sastra inggih menika dosen pembimbing. Reliabilitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika kangge mangertos data menika sampun akurat ingkang dipunjumbuhaken kaliyan sumber data kanthi cara maos lan pengamatan makaping-kaping wonten ing novel menika. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas interrater lan reliabilitas intrarater. Reliabilitas interrater inggih menika kanthi cara diskusi kasiling panaliten mawi tanya jawab kaliyan dosen pembimbing lan kanca sanes ingkang mangertos babagan psikologi sastra. Dene reliabilitas intrarater menika kanthi cara maos novel makaping-kaping supados pikantuk data ingkang ajeg.