Cara Ngempalaken Data CARA PANALITEN

Reliabilitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika kangge mangertos data menika sampun akurat ingkang dipunjumbuhaken kaliyan sumber data kanthi cara maos lan pengamatan makaping-kaping wonten ing novel menika. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas interrater lan reliabilitas intrarater. Reliabilitas interrater inggih menika kanthi cara diskusi kasiling panaliten mawi tanya jawab kaliyan dosen pembimbing lan kanca sanes ingkang mangertos babagan psikologi sastra. Dene reliabilitas intrarater menika kanthi cara maos novel makaping-kaping supados pikantuk data ingkang ajeg. 44

BAB IV ASILING PANALITEN LAN PIREMBAGAN

A. Deskripsi Panganggit

Suparto Brata menika nama jangkepipun inggih menika Raden Mas Suparto Brata. Piyambakipun wiyos dinten Setu legi 27 februari 1932. Suparto Brata wiyos saking bapak ingkang nama Raden Suratman saking Surakarta saha ibu Bandara Raden Ajeng Jembawati, ndara canggah keturunan Paku Buwana V. Rikala Suparto Brata umuripun taksih 6 sasi, dipunbekta ibu dhateng Surakarta amargi bapakipun boten gadhah pedamelan. Suparto Brata dipunboyong ibu wonten ing Sragen ing dalemipun budhenipun kangge nunjukaken raos tresna saking RA Jembawati marang keluwarga sakin garwanipun. Wonten ing Sragen menika Suparto Brata lan ibunipun gesang kanthi kahanan ingkang boten mranani. Ibunipun dados reang wonten ing dalemipun Bupati Sragen. Amargi betahaken ragad kangge nyambung gesang. Sasampunipun Jepang mlebet Indonesia, ibu Suparto Brata boten krasan manggen ing Sragen. Satemah ibu ngajak Suparto Brata kangge pindah ing Surabaya kanthi ancas supados langkung caket kaliyan keluwarga bapak. Ananging bapak boten narima amargi sampun palakrama kaliyan tiyang sanes. Satemah ibu kedah pados pedamelan inggih menika ngasuh putranipun asisten Bupati Surabaya. Saking menika Suparto Brata terus kemawon usada kangge nyambung gesang lan supados saged sekolah. Cara menapa kemawon dipunlampahaken kadosta dados loper koran. Cekak aosipun cariyos gesang Suparto Brata menika kathah rintangannipun dumugi sukses.

B. Asiling Panaliten

Bab sekawan IV menika ngandharaken asiling panaliten ingkang sampun dipunlajengaken. Asiling panaliten menika awujud perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata . Anggenipun nliti menika mawi pendeketan. Pendekatan ingkang dipun-ginakaken wonten ing panaliten inggih menika pendekatan psiklogi sastra. Asiling panaliten menika awujud perwatakan saking paraga utama, wujud konflik psikis , perkawis ingkang dadosaken konflik psikis , lan kupiya paragatama kangge ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga utama inggih menika Wiradi ingkang wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. Wiradi kalebet paraga utama amargi Wiradi menika paraga ingkang kompleks. Paraga ingkang gadhah watak ingkang asring owah- owah lan paraga ingkang asring nandhang konflik psikis. Wonten ing trilogy novel Kelangan Satang ugi wonten paraga tambahan kadosta Elok, Wiranta, Pak Wiradad, Bu Wiradad, Pak Naya, Suhebat, Kusnarna, Marija, Gatot, Manik, Pak Likipun Gatot, Pak Lodhang, Sukardiman, lan tentara Landa. Wedharan saking asiling panaliten menika dipuntrepaken kaliyan rumusan lan ancasing panaliten. Anggenipun ngandharaken asiling panaliten