Pendekatan Panaliten CARA PANALITEN

Tabel 2. Kartu Data wujud konflik psikis paraga Wiradi wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. No. Data Nukilan data Kaca Wujud konflik psikis Sebab konflik Paraga ingkang dadosaken konflik Kupiya ngudhari konflik Struktur kepribadian ingkang konflik Id Ego Super ego 1. Wiradi sing keplepeg critane Marija manti-manti banget marang adhine, “Sing prayitna, lo, Dhi. Yen ana bebaya ndang sentilen wae karabenmu, ben kene padha ngreti.” 11 Was sumel ang Mbo k men awi keng ing beba ya Wiradi, Wiranta √ √ Katrangan Table No. data : Nomer urut data ingkang dipunpendhet. Nukilan data : Kutipan data ingkang dipunpendhet saking trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten. Kaca : Nomer kaca saking kutipan ingkang dipunpendhet saking trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. Wujud konflik psikis : Isinipun spesifikasi konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga Wiradi wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. Sebab konflik : Isinipun sebab konflik miturut spesifikasi konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga Wiradi wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. Paraga ingkang dadosaken konflik : Paraga ingkang ngalami lan dadosaken tuwuhipun konflik psikis saking paragatama Wiradi wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. Kupiya ngudhari konflik psikis : Isinipun babagan kupiya-kupiya ingkang dipunlampahaken dening paraga kangge ngudhari perkawis ingkang nuwuhaken konflik psikis. Struktur kapribaden : Kategori konflik psikis miturut teori psikoanalisis. Sigmund Freud inggih menika Id, ego, lan super ego

E. Cara Ngempalaken Data

Cara anggenipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken cara maos lan nyerat . Maos dipunlajengaken kanthi patitis lan makaping-kaping miturut data ingkang arupi data tertulis. Cara maos menika saged dipunlajengaken kanthi 1 maos kanthi patitis sedaya isi novel ingkang