sapa aruh lan ugi bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh menika kathah variasinipun.
Sumbering
data
panaliten menika ngginakaken kalawarti Basa Jawi inggih menika Djaka Lodang. Panaliti ngginakaken kalawarti Djaka Lodang
amargi kalawarti menika ngewrat rubrik cerkak wonten ing salah satunggaling rubrik Djaka Lodang. Panaliten menika ngginakaken kalawarti Djaka Lodang
kanthi gunggungipun 17 kalawarti. Kalawarti Djaka Lodang ingkang dipunginakaken menika ingkang wedalan wulan September dumugi Desember
kanthi angka wedalan 15 dumugi 31 taun 2013.
C. Caranipun Ngempalaken
Data
Caranipun ngempalaken
data
menika mawi cara ingkang trep kaliyan sumbering
data
. Cara ngempalaken
data
ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika kanthi cara maos lan nyerat nyathet. Kanthi cara maos,
panaliti maos rubrik cerkak wonten ing kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan September
– Desember taun 2013 kanthi premati lan tliti. Kejawi menika anggenipun maos boten namung sapisan ananging dipunambali malih dumugi
pikantuk
data
ingkang leres inggih menika
data
ingkang ngamot sapa aruh. Wonten ing cara maos panaliti manggihaken saha milah
data
. Cara ingkang salajengipun inggih menika kanthi cara nyerat utawi
nyathet. Kanthi cara menika panaliti nyerat
data
ingkang sampun dipundamel klasifikasi saha dipunpantha-pantha nalika maos kalawau wonten ing
kartu data
. Data ingkang sampun dipunserat wonten ing
kartu data
lajeng
dipunlebetaken wonten ing tabel analisis
data
saha nyerat deskripsi
data
menika wonten ing pirembagan.
D. Pirantinin
g
Panaliten
Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika ngginakaken tabel analisis
data
. Tabel analisis
data
menika dipunginakaken minangka pirantos kangge nganalisis asiling
data
panaliten. Panaliti ugi ngginakaken
kartu data
minangka pirantos pambiyantu kangge ngempalaken saha ngecek
data
. Saderengipun
data
dipunanalisis,
data
dipunserat rumiyin wonten ing
kartu data
.
Kartu data
menika gadhah fungsi kangge nyerat
data
saking asiling maos rubrik cerkak wonten ing kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan September
– Desember taun 2013.
Kartu data
ingkang dipunginakaken menika awujud tabel kados ing ngandhap menika.
Tabel 1. Format Kartu Data Penelitian.
No 9
Kalawarti wedalan DL No. 16, 1492013
Irah-irahan cerkak Pituture Ibu
Tuturan “
Tulisan apa mbak
. Ndeleng” Jinisipun sapa aruh
Pasedherekan Bab ingkang ndayani
SPEAKING
E. Caranipun Nganalisis
Data
Anggenipun nganalisis
data
menika menawi
data
sampun kempal sedaya.
Data
ingkang sampun kempal kasebut lajeng dipunanalisis ngginakaken teknik analisis
deskriptif.
Teknik analisis
deskriptif
menika dipunginakaken kangge ngandharaken jinising sapa aruh basa Jawi lan bab
ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh basa Jawi kanthi menapa