A. Caranipun Ngesahaken
Data
Caranipun  ngesahaken  data  wonten  ing  panaliten  menika  kanthi ngginakaken  uji  validitas  saha  uji  reliabilitas  data.  Supados  data  wonten  ing
panaliten  menika  dados  valid  pramila  dipunginakaken  triangulasi  teori. Triangulasi  teori  menika  dipunlampahi  kanthi  cara  nandhingaken  data  saking
asiling  panaliten  kaliyan  teori-teori  ingkang  jumbuh.  Teori-teori  ingkang dipunginakaken  inggih  menika  teori  sosiolinguistik  mliginipun  jinising  sapa
aruh  saha  teori  SPEAKING  gegayutan  kaliyan  bab  ingkang  ndayani panganggenipun  sapa  aruh.  Data  ingkang  sampun  pikantuk  dipuntaliti  malih
wonten ing sumber sanesipun supados  boten wonten subyektivitas.  Kados  ing ngandhap menika.
“
Pir
… menggok nyang gang iku” DL: 48 Sapa  aruh  menika  tetembungan  ingkang  dipunginakaken  dening
panutur  kangge  nyebat  mitra  tuturipun  nalika  micanten.  Kanthi  ngginakaken tetembungan  sapa  aruh  saged  dados  pratandha  bilih  penutur  menika  ngurmati
mitra  tuturipun.  kejawi  menika  kanthi  wontenipun  tetembungan  sapa  aruh saged damel raket antawisipun penutur kaliyan mitra tutur. Tembung sapa aruh
ingkang  kapanggihaken  wonten  ing  n ginggil  menika  tembung  “pir”  ingkang
asalipun saking tembung “sopir” lajeng wanda perangan ngajeng dipunkirangi. Sopir menika kalebet satunggaling pedamelan wonten ing masarakat. Satemah
jinising sapa aruh ingkang dipunginakaken menika sapa aruh pedamelan. Bab
ingkang ndayani
panganggenipun sapa
aruh menika
dipunpanggihaken kanthi ngginakaken teori  SPEAKING. Penuturipun  menika
tiyang ingkang gadhah jabatan wondene mitra tuturipun tiyang ingkang dados andhapanipun  satemah  saged  nyebat  mitra  tuturipun  kanthi
sebatan  “pir”. Perangan  sanes  kados  papan  lan  kawontenan,  paraga,  ancasipun  micanten,
wujudipun ukara, cara anggenipun micanten, pirantos ingkang dipunginakaken, trapsila nalika micanten saha jinisipun wacana ingkang dipunginakaken sedaya
menika paring pan garibawa dhateng panganggenipun sapa aruh “pir”.
Salajengipun data dipunuji reliabilitas ingkang ancasipun kangge naliti malih  data  ingkang  sampun  valid  kalawau  amrih  dados  konsisten  saha  leres.
Uji  reliabilitas  arupi  reliabilitas  intrarater  saha  reliabilitas  interrater.  Uji reliabilitas  intrarater  menika  dipunlampahi  kanthi  cara  panaliti  maos  kanthi
premati  sarta  dipunambali  wongsal-wangsul  dumugi  pikantuk  data  ingkang leres.  Wondene  uji  reliabilitas  interrater  menika  dipunlampahi  kanthi  cara
ngrembag  data  dhateng  dosen  pembimbing  saha  kanca-kanca  saking  jurusan Pendidikan Bahasa Daerah ingkang sami-sami nglampahi panaliten wonten ing
bidang basa mliginipun bab sosiolinguistik.