Sapa Aruh Adhedhasar Titikan Sintaktis
                                                                                saking  satunggal  utawi  kathah.  Tuladha  sapa  aruh  sanesipun  menika  kados “bocah-bocah”, “para pinisepuh”, “para muda-mudi”, “sedherek-sedherek”, lan
sapanunggalipun. 8
Sapa aruh kiasan,
metaforik
utawi paraban. Wonten ing masarakat Jawi ugi kathah ingkang ngginakaken sapa aruh
kanthi  jinis  paraban.  Sapa  aruh  jinis  paraban  menika  dipunginakaken  dening tiyang  ingkang  sampun  akrab.  Wujudipun  paraban  ingkang  dipunginakaken
dening tiyang Jawi menika kadosta saking nama wayang ingkang dipuntingali saking  sipat  utawi  fisikipun.  Wujud  sanesipun  menika  saged  nama  kewan,
kawontenan fisik tiyang lan sanesipun. Supardo  1995  ugi  ngandharaken  perangan  ingkang  sami  ngengingi
jinisipun sapa aruh. ananging wonten ing jinisipun sapa aruh adhedhasar titikan semantik  utawi
arti
menika  wonten  tambahan  jinis  sanesipun  inggih  menika tembung
persahabatan
, tembung
religius
lan
adjektif transposisional
. 1
Tembung
persahabatan
menika  dipunginakaken  dening  tiyang  ingkang gadhah  status  ingkang  sami  utawi  kangge  nyebat  tiyang  ingkang  sampun
akrab ngginakaken tetembungan tartamtu. Tuladhanipun tetembungan sapa aruh  kanthi  jinis  tembung
persahabatan
inggih  menika  “kanca”,  “sobat” lan sanesipun.
2 Tembung
religius
menika tetembungan sapa aruh ingkang dipunginakaken kangge  nyebat  Gusti.  Kejawi  menika  sapa  aruh  ingkang  dipunginakaken
kangge nyebat  tiyang  kanthi tetembungan ingkang wonten  gegayutanipun
kaliyan agami utawi kapitadosanipun tiyang. Tuladhanipun inggih menika “Gusti”, “Allah”, “Ustadz”, “Haji” lan sanesipun.
3
Adjektif  transposisional
menika
adjektif
utawi  tembung  sifat  ingkang nglampahi
transposisi.
Tuladha  tembung  sapa  aruh  kanthi  jinis
adjektif transposisional
inggih  menika kados  tembung  “bagus”,  “ayu”,  “sayang”
lan sanesipun. Miturut  Suhardi  dkk  1985:  91  ing  basa  Jawi  menika  wonten
saperangan  tembung  sapa  aruh  ingkang  ingkang  saged  nglampahi
kolokasi
nalika dipunginakaken. Sapa aruh ingkang
berkolokasi
menika ateges tembung sapa  aruh  kasebat  saged  dipungabung  lan  dipunginakaken  sesarengan  kaliyan
tembung  sapa  aruh  sanesipun.  Sinaosa  sapa  aruh  saged
berkolokasi
ananging boten  sedaya  saged  dipunginakaken  sesarengan.  Sapa  aruh  ingkang  saged
berkolokasi  menika  kados  ingkang  dipunandharaken  wonten  ing  ngandhap menika.
a. Nama pasedherekan kaliyan namanipun tiyang
Kolokasi
antawisipun  tetembungan  pasedherekan  kaliyan  namanipun tiyang  menika  kathah  dipunpanggihaken  wonten  ing  pawicantenan    tiyang
Jawi.  Sedaya  tetembungan  sapa  aruh  saking  jinis  pasedherekan  menika  saged nglampahi
kolokasi
kaliyan namanipun tiyang Suhardi dkk, 1985: 92. Inggih menika sapa aruh
“pak”, “lik”, “bu”, “kang”, “dhik”, “mas”, “mbah”, “mbak”, “yu”,  “mbok”,  “om”,  “mamak”,  “pakdhe”,  “budhe”,  “bulik”,  “paklik”  lan
sapanunggalipun.  Panganggenipun  sapa  aruh  jinis  pasedherekan  wonten  ing saderengipun  namanipun tiyang menika minangka wujud pakurmatan dhateng