Sapa Aruh Adhedhasar Wujudipun

4 Gelar saking bangku pendidikan Sapa aruh menika ngginakaken gelar ingkang pikantuk wonten ing bangku pendidikan. Gelar asiling saking bangku pendidikan ingkang dipunginakaken minangka sapa aruh inggih menika “doktor”. Tembung sapa aruh menika asring dipuntambah kaliyan sapa aruh saking jinis pasedherekan “pak” lan “bu”. 5 Jabatan, profesi utawi pedamelan Wonten ing masarakat Jawi menika ugi kathah dipunpanggihaken sapa aruh ingkang dipunpendhet saking pedamelanipun mitra tutur. Anggenipun ngginakaken tembung sapa aruh jinis menika ugi asring dipunsarengi kaliyan sapa aruh kanthi jinis pasedherekan kados “pak” lan “bu”. Tuladhanipun inggih menika pedamelan minangka lurah, guru, bupati, dhukuh, carik, camat lan sanesipun. 6 Pelaku sawijining tumindak Wonten ing masarakat Jawi kathah dipunpanggihaken sapa aruh mawi pedamelan ingkang dipunlampahi mitra tutur. Kejawi pedamelan, tumindak utawi kegiatan ingkang nembe dipunlampahi dening mitra tutur ugi saged dipunginakaken. Tuladha: tiyang ingkang mirsani satunggaling adicara dipunsapa “para pamiyarsa”, tiyang ingkang nyambut damel dados tukang becak asring dipuntimbali dening penutur mawi sebatan “cak” lan sanesipun. 7 Sapa aruh umum Sapa aruh umum menika ateges tetembung sapa aruh ingkang dipunginakaken kangge nyebat mitra tutur ingkang gunggungipun langkung saking satunggal utawi kathah. Tuladha sapa aruh sanesipun menika kados “bocah-bocah”, “para pinisepuh”, “para muda-mudi”, “sedherek-sedherek”, lan sapanunggalipun. 8 Sapa aruh kiasan, metaforik utawi paraban. Wonten ing masarakat Jawi ugi kathah ingkang ngginakaken sapa aruh kanthi jinis paraban. Sapa aruh jinis paraban menika dipunginakaken dening tiyang ingkang sampun akrab. Wujudipun paraban ingkang dipunginakaken dening tiyang Jawi menika kadosta saking nama wayang ingkang dipuntingali saking sipat utawi fisikipun. Wujud sanesipun menika saged nama kewan, kawontenan fisik tiyang lan sanesipun. Supardo 1995 ugi ngandharaken perangan ingkang sami ngengingi jinisipun sapa aruh. ananging wonten ing jinisipun sapa aruh adhedhasar titikan semantik utawi arti menika wonten tambahan jinis sanesipun inggih menika tembung persahabatan , tembung religius lan adjektif transposisional . 1 Tembung persahabatan menika dipunginakaken dening tiyang ingkang gadhah status ingkang sami utawi kangge nyebat tiyang ingkang sampun akrab ngginakaken tetembungan tartamtu. Tuladhanipun tetembungan sapa aruh kanthi jinis tembung persahabatan inggih menika “kanca”, “sobat” lan sanesipun. 2 Tembung religius menika tetembungan sapa aruh ingkang dipunginakaken kangge nyebat Gusti. Kejawi menika sapa aruh ingkang dipunginakaken kangge nyebat tiyang kanthi tetembungan ingkang wonten gegayutanipun