Rubrik Cerkak GEGARAN TEORI

35

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif . Panaliten deskriptif dipunginakaken kangge mratelakaken utawi mahyakaken asiling panaliten kanthi menapa wontenipun utawi kanthi objektif . Sudaryanto 1988: 22 ngandharaken bilih panaliten deskriptif inggih menika panaliten ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken subyek panaliten utawi prekawis ingkang dipuntaliti kados menapa wontenipun. Data ingkang dipuntaliti menika sapa aruh wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan September – Desember taun 2013, pramila panaliten menika gadhah ancas kangge mratelakaken asiling panaliten ngengingi bab jinis saha bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh basa Jawi. B. Data lan Sumbering Data Panaliten menika ngrembag babagan sapa aruh ingkang gegayutan kaliyan jinising sapa aruh lan ugi bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang. Data panaliten menika awujud tetembungan sapa aruh wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan September – Desember taun 2013. Sapa aruh menika saged dipuntingali saking jinisipun sapa aruh adhedhasar titikan semantik lan bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh. Bab menika dipunpilih wonten ing panaliten menika kanthi dhasar ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan September – Desember menika ngewrat maneka werni sapa aruh lan ugi bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh menika kathah variasinipun. Sumbering data panaliten menika ngginakaken kalawarti Basa Jawi inggih menika Djaka Lodang. Panaliti ngginakaken kalawarti Djaka Lodang amargi kalawarti menika ngewrat rubrik cerkak wonten ing salah satunggaling rubrik Djaka Lodang. Panaliten menika ngginakaken kalawarti Djaka Lodang kanthi gunggungipun 17 kalawarti. Kalawarti Djaka Lodang ingkang dipunginakaken menika ingkang wedalan wulan September dumugi Desember kanthi angka wedalan 15 dumugi 31 taun 2013.

C. Caranipun Ngempalaken

Data Caranipun ngempalaken data menika mawi cara ingkang trep kaliyan sumbering data . Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika kanthi cara maos lan nyerat nyathet. Kanthi cara maos, panaliti maos rubrik cerkak wonten ing kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan September – Desember taun 2013 kanthi premati lan tliti. Kejawi menika anggenipun maos boten namung sapisan ananging dipunambali malih dumugi pikantuk data ingkang leres inggih menika data ingkang ngamot sapa aruh. Wonten ing cara maos panaliti manggihaken saha milah data . Cara ingkang salajengipun inggih menika kanthi cara nyerat utawi nyathet. Kanthi cara menika panaliti nyerat data ingkang sampun dipundamel klasifikasi saha dipunpantha-pantha nalika maos kalawau wonten ing kartu data . Data ingkang sampun dipunserat wonten ing kartu data lajeng