Pedamelan Utawi Jinisipun Sapa Aruh Saha Bab Ingkang Ndayani Panganggenipun
ngrayu Yuli. Pirantos ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken pawincatenan menika mawi seratan. Wondene normanipun menika nyebat
tiyang ingkang dipuntresnani ngginakaken sapa aruh ingkang sae. Pungkasan menika ragam basa ingkang dipunginakaken inggih menika basa padintenan
tumrap masarakat tiyang Jawi.
f.
Metaforik
Utawi Paraban
Sapa aruh kanthi jinis
metaforik
utawi paraban menika ateges nyebat, nimbali utawi nyapa aruh mitra tuturipun kanthi ngginakaken paraban utawi
nama sanes. Tembung paraban ingkang dipunginakaken menika maneka werni ingkang padatanipun dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan mitra tuturipun
sae
fisik
menapa
nonfisik
. Tuturan wonten ing ngandhap menika kalebet sapa aruh jinis
metaforik
utawi paraban wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan September
– Desember taun 2013. Konteks :
Presenter satunggaling adicara TV ingkang manggihaken Gotri lan Sadewa ingkang nembe mlampah lan nyuwun supados
purun ndherek dipunrekam ing kamera.
25 “Lah iki pasangan
Kamajaya-Ratih , Romeo-Yuliet, ayo
arep ngetokake uneg-
uneg?” DL: 39 Adhedhasar asiling panaliten, jinising sapa aruh awujud
metaforik
utawi paraban ingkang dipunpanggihaken inggih menika tembung “Kamajaya-
Kam aratih” lan ugi “Romeo-Yuliet”. Paraban kasebat dipunginakaken dening
satunggaling presenter adicara TV dhateng satunggaling pasangan kakung lan putri.
Tembung paraban “Kamajaya-Kamaratih” lan ugi “Romeo-Yuliet” menika dipunpendhet saking nama pasangan ingkang kawentar sanget. Pramila
wonten ing pawicantenan nginggil paraban kasebat dipunginakaken kangge nyebat tiyang kakung lan estri ingkang sami katresnan.
Panganggenipun sapa aruh pasangan “kamajaya-kamaratih” saha “romeo-juliet” menika dipunpangaribawani dening saperangan prekawis.
Prekawis kasebat kadosta papan nalika micanten tumrap
data
wonten ing nginggil menika ing stasiun sepur. Paraganipun menika presenter satunggaling
variety show
TV dhateng satunggaling pasangan inggih menika Gotri lan Sadewa. Ancasipun panutur micanten menika kangge nyuwun pirsa mitra tutur
menapa kersa dipunrekam wonten ing satunggaling adicara TV kanthi nggginakaken ukara pitakon. Gegayutan kaliyan caranipun micanten menika
kanthi raos ingkang bungah. Wondene pirantos kangge ngandharaken pawincatenan menika kanthi seratan.
Norma
ingkang kapanggihaken menika nyebat mitra tutur ingkang awujud pasangan kanthi ngginakaken tembung sapa
aruh ingkang trep. Pungkasan menika ragam ingkang dipunginakaken inggih menika basa padintenan tumrap masarakat tiyang Jawi.