Sapa Aruh Umum Jinisipun Sapa Aruh Saha Bab Ingkang Ndayani Panganggenipun

81

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar asiling panaliten kaliyan pirembagan sapa aruh basa Jawi wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan September dumugi Desember taun 2013, saged dipunpendhet dudutan wonten ing ngandhap menika. 1. Jinising sapa aruh ingkang dipunpanggihaken wonten ing panaliten menika wonten 9 jinis sapa aruh. Jinising sapa aruh kasebat dipunpanggihaken wonten ing pawicantenan rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan September – Desember taun 2013. 9 jinising sapa aruh basa Jawi kasebat inggih menika menika namanipun tiyang, pasedherekan ingkang kaperang dados kalih jinis inggih menika pasedherekan asli saha pasedherekan ingkang nglampahi perluasan makna , gelar kabangsawanan ingkang sampun nglampahi perluasan makna , pedamelan utawi profesi , adjektif transposisional , metaforik utawi paraban, tembung sesulih purusa, sapa aruh umum lan ingkang pungkasan menika tembung religius . Dados wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang mliginipun wedalan wulan September dumugi Desember taun 2013 menika kathah dipunpanggihaken maneka jinis tetembungan sapa aruh. Rubrik cerkak kasebat saben wedalan ngginakaken cariyos saha paraga ingkang beda. Awit saking menika tetembungan sapa aruh ingkang dipunginakaken ugi beda-beda gumantung paraga ingkang wonten ing saben cariyos ing rubrik cerkak. Perangan menika nggambaraken bilih tiyang Jawi menika gadhah kathah tetembungan sapa aruh ingkang maneka werni jinisipun. 2. Bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh basa Jawi wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan September – Desember taun 2013 menika ngginakaken teori SPEAKING saking Dell Hymes. Bab ingkang ndayani kasebat inggih menika papan lan kawontenan nalika micanten resmi menapa boten, paraga ingkang nglampahi pawicantenan kalebet jenis kelamin , yuswa, drajad, pedamelan lan status sosial , ancasipun pawicantenan, wujud lan isinipun tuturan, cara lan nada ugi tumindak nalika pawicantenan, pirantos ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken wosing tuturan, bab paugeran utawi norma ingkang dados watesing pawicantenan lan pungkasan jinising wacana ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken satunggaling tuturan. Dados bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang mliginipun ingkang wedalan wulan September dumugi Desember taun 2013 menika maneka werni. Bab-bab tartamtu kasebat dados titikan tumrap panutur kangge milih tetembungan sapa aruh ingkang trep dhateng mitra tuturipun. Panutur kedah nggatosaken bab-bab ingkang ndayani panganggenipun sapa aruh supados nalika ing pawicantenan antawisipun panutur saha mitra tutur saged kalampahan kanthi sae.