Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

26

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

Asiling panaliten Relasi Paraga Sirtu Mekarndalu kaliyan Paraga Jaler wonten ing Novel Nona Sekretaris Anggitanipun Suparto Brata Panaliten Feminisme inggih menika awujud andharan babagan 1 penokohan paraga Sirtu kaliyan paraga jaler 2 relasi antawisipun paraga Sirtu kaliyan paraga jaler, saha 3 wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu wonten ing relasi kaliyan paraga jaler. Asiling panaliten menika dipunandharaken mawi tigang perangan gayut kaliyan watesaning perkawis saha saben perangan dipunandaraken mawi tabel.

1. Penokohan Paraga Sirtu saha Paraga Jaler wonten ing Novel Nona

Sekretaris Anggitanipun Suparto Brata Penokohan wonten ing panaliten menika kaperang dados tigang aspek, inggih menika aspek fisiologis fisik, aspek psikologis psikis, saha aspek sosiologis sosial. Aspek fisiologis inggih menika gambaran fisik, yuswa, jinis kelamin, badan, saha pasuryan. Aspek psikologis inggih menika gambaran kawontenanipun jiwa, emosi, sikap saha tumindak. Wondene aspek sosiologis inggih menika gambaran status sosial, padamelan, saha tataran pendhidhikan. Tigang aspek kasebut estunipun ing realitas angel anggenipun badhe misah, saengga mesthi gadhah gegayutan antawisipun setunggal aspek saha aspek sanesipun. 27 Ing panaliten menika penokohan ingkang dipunrembag inggih menika paragatama Sirtu saha paraga jaler ingkang gadhah relasi kaliyan Sirtu, antawisipun, Pambudi, Bathara, Ugrasamsi, saha Wasistandya. Penokohan paraga-paraga kasebut kaandharaken ing tabel ngandhap menika. Tabel 4. Penokohan Paraga Sirtu saha Paraga Jaler No. Nama Paraga Perwatakan Katrangan No. Data

1. Sirtu

Fisik Ayu Sirtu gadhah pasuryan ingkang sulistya, manis, merakati, saha nyengsemaken. 1, 6, 17, 22, 28 Awak apik Sirtu gadhah awak ingkang apik kados pragawati 3, 38 Rikma cemeng panjang sapundhak Sirtu gadhah rikma warni cemeng ingkang panjangipun sapundhak. 39 Psikis Prasaja Sirtu tansah prasaja bab dandan saha ngginakaken rasukan. 2, 23, 33 Lugu Sirtu tiyang ingkang lugu boten neka-neka. 4, 26, 29, 30 Pangerten Sirtu tansah pangerten saha nglelipur kaliyan sinten kemawon. 5, 36 Ora pelit Sirtu tansah loma kaliyan sinten kemawon. 7, 11 Prigel Sirtu gadhah kaprigelan saengga saged dados 9