22
D. Pirantining Panaliten
Piranti ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih menika kertu data. Kertu data dipunginakaken kangge nyerat asiling maos novel supados langkung gampil
anggenipun ngempalaken data. Data ingkang dipunserat wonten ing kertu data inggih menika data ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan penokohan paraga
Sirtu saha paraga jaler ingkang gadhah relasi wonten ing novel, relasi antawisipun paraga Sirtu kaliyan tiyang jaler, saha wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi
paraga Sirtu wonten ing relasi kaliyan tiyang jaler. Wujudipun kertu data inggih menika.
Tabel 1. Penokohan Paraga Sirtu saha Paraga Jaler No.
Data Data
Kaca Perwatakan
Katrangan Fisik
Psikis Sosial
1 Suwaramu apik ora?
Sirtu gedheg. Eman, lho Rupamu ayu
mrakati. Yen swaramu apik,
kowe mesthi
diuber-uber cameramen
TV Njoged?
Njoged jaipongan apa dhangsah
rege iso ora? 13
Ayu Nedahaken
bilih Sirtu
menika tiyang
ingkang gadhah
praupan ayu.
Tabel 2. Relasi Antawisipun Paraga Sirtu Kaliyan Paraga Jaler No.
Data Paraga
Jaler Data
Kaca Wujud
Relasi Katrangan
DM SJ
MD
1 Bathara
Iki jan aneh banget nom- noman kuwi gedheg-gedheg.
Kena apa? Bathara Nainggolan ditraktir
cah wadon
Bathara 36
√ Bathara
mengharga i niat Sirtu
ingkang badhe
23 Nainggolan putrane Paradha
Nainggolan sing
duwe Nainggolan Motors, ditraktir
kancane wadon Ah, ora sah dipikir dawa
Wong nasibmu
lagi apes
Karuwane aku sing isih beja Anggone muni ngono Sirtu
karo ngelus gegere Bathara, nuduhake akrabe lan tuluse
atine anggone gelem nraktir. nraktir
sanajan sajatosipun
Bathara gengsi bilih
dipuntraktir tiyang estri.
Katrangan : DM
: Didominasi SJ
: Sejajar MD
: Mendominasi
Tabel 3. Wujud Ketidakadilan Ingkang Dipunlampahi Paraga Sirtu No.
Data Nama
Paraga Data
Kaca Wujud
Ketidakadilan
1. Sirtu kaliyan
Bathara Bathara Nainggolan ditraktir cah
wadon Bathara
Nainggolan putrane Paradha Nainggolan sing
duwe Nainggolan
Motors, ditraktir bocah wadon
36 Subordinasi
E. Caranipun Nganalisis Data
Cara nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis deskriptif. Teknik analisis deskriptif dipunginakaken kangge ndeskripsikaken
24 penokohan ingkang wonten ing novel. Cara ingkang dipunginakaken kangge
nemtokaken ketidakadilan ingkang dipunlampahi Sirtu wonten ing novel Nona Sekretaris inggih menika kanthi madosi perkawis kedudukan paraga sirtu kaliyan
tiyang jaler, lajeng dipunanalisis ngginakaken kritik sastra feminis. Urutanipun cara analisisi inggih menika.
1. Kategorisasi
Kategorisasi inggih menika mengkategorisasikan utawi ngempalaken data miturut kategori ingkang sampun dipuntemtokaken jumbuh kaliyan wosing
panaliten inggih menika wujud penokohan wonten ing novel, relasi antawisipun paraga Sirtu kaliyan tiyang jaler, saha wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi
paraga Sirtu wonten ing relasi kaliyan tiyang jaler. 2.
Tabulasi Wonten ing tabulasi data ingkang sampun dipunkempalaken lajeng
dipunlebetaken utawi dipunserat wonten ing tabel. 3.
Interpretasi Interpretasi inggih menika mahyakaken asiling kategorisasi dipungayutaken
kaliyan Pendekatan Feminisme. 4.
Inferensi Inferensi inggih menika simpulan utawi dudutan adhedhasar data ingkang
sampun dipunkasilaken.