13 tiyang ingkang lembut, nurut, dados tiyang nomer kalih sasampunipun tiyang
jaler. Tiyang estri Jawi mliginipun, kedah taat saha patuh kaliyan tiyang jaler
minangka bapak, tiyang sanak, utawi dados garwa. Bab menika ingkang ngawontenaken kathah kritik mliginipun kritik sastra feminis. Kritik sastra feminis
wonten kangge mensejajarkan hak antawisipun tiyang estri saha tiyang kakung sami supados boten wonten pihak ingkang tertindas.
C. Kritik Sastra Feminisme
Kanthi etimologis, tembung feminisme asiling saking tembung femme women, ateges wanita tunggal ingkang berjuang kangge hak-hak kaum wanita
jamak Ratna, 2004: 184. Dados saking pangertosan menika kaum feminis gadhah ancas lumantar gerakan feminisme.
Dipunandharaken dening Djajanegara 2000: 4 ancasipun fenimisme inggih menika ningkataken kalenggahan utawi drajat tiyang estri supados sami sedrajat
kaliyan kalenggahan utawi drajat tiyang jaler. Dados feminisme inggih menika salah satunggaling gerakan ingkang nginggilaken hak-hak tiyang estri saha
ngupiya ningkataken drajat tiyang estri supados sami kaliyan drajat tiyang jaler. Pamanggihipun Djajanegara kala wau jumbuh kaliyan andharanipun Wiyatmi
2006: 113 bilih kritik sastra feminisme inggih menika salah satunggaling kajian karya sastra adhedhasar pandangan feminisme ingkang gadhah kekajengan
supados eksistensi tiyang estri minangka panyerat saha objek wonten ing karya sastra menika pikantuk keadilan.
14 Lajeng Yoder wonten ing Suhihastuti, Suharto, 2002: 5 ngandharaken bilih
kritik sastra feminis boten gadhah teges ngritik tiyang estri utawi ngritik panganggit tiyang estri. Kritik sastra feminis inggih menika kritik ngengingi karya
sastra kanthi sadar bilih wonten jenis kelamin ingkang gadhah gegayutan kaliyan budaya, sastra, saha pagesangan.
Jenising kritik sastra feminis ingkang wonten ing masarakat inggih menika. Kritik Sastra Feminis Ideologis, Kritik Sastra Feminis Genokritik, Kritik Sastra
Feminis Sosialis-Marxis, Kritik Sastra Feminis Psikoanalitik, Kritik Sastra Feminis Lesbian, saha Kritik Sastra Feminis Ras Etnik.
Wonten ing pana.liten menika, panaliti ngginakaken jenis Kritik Sastra Feminis Ideologis. Kritik menika nglibataken tiyang tiyang estri mliginipun kaum
feminis minangka pamaos. Ingkang dados titikanipun kawigatenan pamaos inggih menika citra saha stereotip tiyang estri wonten ing karya sastra. Kritik menika
nliti kesalahpahaman bab tiyang estri saha sebab-sebabipun dene kawontenan saha kedudukan tiyang estri boten dipunpetang wonten ing masarakat.
Saking andharan ing nginggil, mila panganggening pendekatan feminisme trep kangge nganalisis relasi paraga Sirtu Mekarndalu kaliyan paraga jaler wonten
ing novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata. Bab menika ketingal saking kedudukan saha peran paraga estri wonten ing karya sastra mliginipun
karya sastra Jawa taksih asring dipun-dominasi kaliyan paraga jaler. Kanthi mekaten, panganggening kajian menika pamaos sastra saged mangertosi bilih
wonten ketimpangan gender wonten ing karya sastra kadosta ingkang ketingal wonten ing masarakat.
15
D. Gender
Saderengipun mangertosi istilah gender, prelu dipunbedakaken antawisipun seks saha gender. Miturut Fakih wonten ing Sugihastuti, 2007: 95 seks
dipuntegesi minangka
perangan saking
satunggal tiyang
ingkang dipuntemtokaken
kanthi biologis
wonten ing
jinis kelamin
tartamtu. Umpaminipun, tiyang jaler gadhah penis, kalamenjing, saha ngasilaken sperma
menawi tiyang estri, gadhah vagina saha payudara. Kanthi biologis, piranti kasebut boten saged dipunewahi antawisipun tiyang estri saha tiyang jaler amargi
sampun dados kodrat. Wondene gender inggih menika satunggaling sipat tiyang estri saha tiyang jaler ingkang dipunkonstruksi kanthi sosial utawi cultural.
Umpaminipun, tiyang estri dipuntepang dados tiyang ingkang ayu, solah bawanipun sae, saha keibuan. Wondene tiyang jaler dipuntepang dados tiyang
ingkang kiyat, rasional, saha perkasa.ciri saking sipat kasebut saged dipunewahi utawi dede kodrat.
Jumbuh kaliyan pamanggihing Sugihastuti, Ratna 2007: 219 ngandharaken bilih gender gadhah sifat psikologis struktural, minangka beda antawisipun
maskuline-feminine, wondene seks gadhah sifat fisiologis, kanthi kodrati
minangka beda antawisipun male-female. Wonten ing masarakat kathah pamanggih ingkang boten trep ngengingi
gender. Miturut Fakih wonten ing Sugihastuti, 2009: 154 gender menika dipun- konstruksi kanthi sosial budaya ingkang dipunanggep dede kodrat Tuhan. Dados
gender menika dede ciptaan Tuhan, ananging ciptaan masarakat . Pamenggalihing masarakat bilih ing salebeting jenis kelamin menika wonten gender.