Karakter Unsur-Unsur Struktural wonten ing Novel

15

D. Gender

Saderengipun mangertosi istilah gender, prelu dipunbedakaken antawisipun seks saha gender. Miturut Fakih wonten ing Sugihastuti, 2007: 95 seks dipuntegesi minangka perangan saking satunggal tiyang ingkang dipuntemtokaken kanthi biologis wonten ing jinis kelamin tartamtu. Umpaminipun, tiyang jaler gadhah penis, kalamenjing, saha ngasilaken sperma menawi tiyang estri, gadhah vagina saha payudara. Kanthi biologis, piranti kasebut boten saged dipunewahi antawisipun tiyang estri saha tiyang jaler amargi sampun dados kodrat. Wondene gender inggih menika satunggaling sipat tiyang estri saha tiyang jaler ingkang dipunkonstruksi kanthi sosial utawi cultural. Umpaminipun, tiyang estri dipuntepang dados tiyang ingkang ayu, solah bawanipun sae, saha keibuan. Wondene tiyang jaler dipuntepang dados tiyang ingkang kiyat, rasional, saha perkasa.ciri saking sipat kasebut saged dipunewahi utawi dede kodrat. Jumbuh kaliyan pamanggihing Sugihastuti, Ratna 2007: 219 ngandharaken bilih gender gadhah sifat psikologis struktural, minangka beda antawisipun maskuline-feminine, wondene seks gadhah sifat fisiologis, kanthi kodrati minangka beda antawisipun male-female. Wonten ing masarakat kathah pamanggih ingkang boten trep ngengingi gender. Miturut Fakih wonten ing Sugihastuti, 2009: 154 gender menika dipun- konstruksi kanthi sosial budaya ingkang dipunanggep dede kodrat Tuhan. Dados gender menika dede ciptaan Tuhan, ananging ciptaan masarakat . Pamenggalihing masarakat bilih ing salebeting jenis kelamin menika wonten gender. 16 Dados, gender inggih menika beda tindak-tanduk behavioral differences antawisipun tiyang estri kaliyan tiyang jaler ingkang dipun-konstruksi kanthi sosial utawi kultural. Saking tindak-tanduk menika lajeng ndamel setunggal pola hubungan antawisipun tiyang estri saha tiyang jaler ingkang dipunsebut relasi gender. Relasi gender menika saged awujud didominasi, sejajar, saha mendominasi.

E. Wujud Ketidakadilan Gender

Miturut Sugihastuti 2007 : 96 beda peran saha fungsi antawisipun tiyang estri saha tiyang jaler ingkang langkung nginggil dipunsebut perbedaan gender ingkang saged nuwuhaken ketidakadilan gender. Ketidakadilan gender ingkang dipuntuwuhaken saking perbedaan gender menika dados perkawis pendorong gerakan feminisme. Miturut Fakih wonten ing Sugihastuti, 2007: 96 wujud ketidakadilan gender antawisipun. 1. Marginalisasi tiyang estri, inggih menika wujud kemiskinan jenis kelamin tartamtu mliginipun tiyang estri amargi gender. Marginalisasi menika wujud ketidakadilan gender kanthi matesi tumindakipun tiyang estri. Marginalisasi saged tuwuh saking kabijakan pamrentah, kapitadosan, tafsiran agama, kapitadosan tradisi, saha adat padintenan. 2. Subordinasi, inggih menika anggapan bilih tiyang estri menika irrasional utawi emosional saengga tiyang estri boten saged dados pemimpin, saengga kalenggahan tiyang estri boten prayogi. Subordinasi menika tumindak ngremehaken tiyang estri utawi tumindak ingkang mapanaken drajatipun tiyang 17 estri ing sangandhaping tiyang jaler. Tiyang estri dipunanggep dados tiyang ingkang sekeng saha tiyang ingkang asring dipunkuwaosi dening tiyang jaler 3. Stereotip, inggih menika pelabelan pelabelan negatif dhateng tiyang estri. Salah satungaling jenis strereotip inggih menika ingkang sumberipun pandangan gender. Ketidakadilan menika umumipun kathah dipunlampahi kaum tiyang estri. Masarakat gadhah kapitadosan bilih tugas utami tiyang estri menika namung ngladosi garwanipun. 4. Kekerasan, tiyang estri menika identik kaliyan kekerasan violence. Salah satunggaling kekerasan ing setunggal jenis kelamin tartamtu dipunsebabaken amargi wonten bias gender. Jinis saha wujud kekerasan gender antawisipun pemerkosaan, pemukulan, penyiksaan ing alat kelamin tiyang estri, prostitusi, pornografi, pemaksaan sterilisasi, kekerasan terselubung, saha pelecehan seksual. 5. Beban kerja, wonten pamanggih bilih kaum tiyang estri gadhah sifat njagi saha sregep, saha boten trep menawi mimpin kulawarga. Akibatipun sedaya padamelan domestik kulawarga dados tanggungjawabipun tiyang estri. Kajian relasi gender saha wujud ketidakadilan gender wonten ing novel mbetahaken pendekatan panaliten ingkang trep inggih menika pendekatan feminisme. Pendekatan feminisme inggih menika salah satunggaling kajian sastra awit saking asumsi lan pandangan bilih wonten ketidakadilan antawisipun tiyang estri saha tiyang jaler ingkang katingal wonten ing karya sastra.