Caranipun Ngempalaken Data CARA PANALITEN

25

F. Caranipun Ngesahaken Data

Caranipun ngesahaken data ing panaliten menika ngginakaken validitas saha reliabilitas. Panaliten menika ngginakaken validitas semantis, inggih menika kanthi ningali tataran kesensitifan teges simbolik ingkang gayut kaliyan konteks Endraswara, 2003: 164. Uji validitas semantis katindakaken kanthi ngukur kesensitifan data-data panaliten wonten ing novel Nona Sekretaris ingkang awujud monolog, dialog paraga, saha deskripsi paraga dening panganggit ingkang trep kaliyan konteks-ipun. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intrarater. Cara menika dipuntindakaken kanthi maos data makaping-kaping, lajeng dipunserat supados pikantuk data ingkang ajeg. Reliabilitas sanesipun ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas interrater, cara menika katindakaken kanthi cara ngrembag asiling data kaliyan dosen pembimbing. 26

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Asiling Panaliten

Asiling panaliten Relasi Paraga Sirtu Mekarndalu kaliyan Paraga Jaler wonten ing Novel Nona Sekretaris Anggitanipun Suparto Brata Panaliten Feminisme inggih menika awujud andharan babagan 1 penokohan paraga Sirtu kaliyan paraga jaler 2 relasi antawisipun paraga Sirtu kaliyan paraga jaler, saha 3 wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu wonten ing relasi kaliyan paraga jaler. Asiling panaliten menika dipunandharaken mawi tigang perangan gayut kaliyan watesaning perkawis saha saben perangan dipunandaraken mawi tabel.

1. Penokohan Paraga Sirtu saha Paraga Jaler wonten ing Novel Nona

Sekretaris Anggitanipun Suparto Brata Penokohan wonten ing panaliten menika kaperang dados tigang aspek, inggih menika aspek fisiologis fisik, aspek psikologis psikis, saha aspek sosiologis sosial. Aspek fisiologis inggih menika gambaran fisik, yuswa, jinis kelamin, badan, saha pasuryan. Aspek psikologis inggih menika gambaran kawontenanipun jiwa, emosi, sikap saha tumindak. Wondene aspek sosiologis inggih menika gambaran status sosial, padamelan, saha tataran pendhidhikan. Tigang aspek kasebut estunipun ing realitas angel anggenipun badhe misah, saengga mesthi gadhah gegayutan antawisipun setunggal aspek saha aspek sanesipun.