Gender Wujud Ketidakadilan Gender

19 ketidakadilan gender. Faktor ingkang bedakaken panaliten menika kaliyan panaliten saderengipun inggih menika sasaran utawi subjek ingkang dipukaji inggih menika relasi gender saha ketidakadilan gender wonten ing Novel Nona Sekretaris Anggitanipun Suparto Brata. 20

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika ngginakaken pendekatan feminisme utawi asring dipunsebut kritik sastra feminis. Jinising panaliten kalebet panaliten kualitatif, amargi data ingkang dipunpendhet awujud tembung-tembung ingkang ngasilaken data deskriptif kualitatif Endraswara, 2003: 146. Panaliten dipuntindakaken kanthi nganalisis data, ancasipun kangge ngandharaken penokohan paraga, relasi antawisipun paraga Sirtu kaliyan paraga jaler, saha wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu wonten ing salebeting novel Nona Sekretaris. Sanesipun ngginakaken teori sastra feminis, panaliten menika ugi ngginakaken teori struktural novel. Kritik sastra feminis dipunginakaken kangge analisis perkawis relasi saha wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu kaliyan tiyang jaler. Wondene teori struktural novel dipunginakaken kangge mangertosi kados pundi penokohan paraga Sirtu saha paraga jaleripun wonten ing novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata.

B. Data saha Sumbering Data

Sumber data panaliten inggih menika novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata. Novel menika kacethak dening Narasi ing Yogyakarta taun 2010. Novel menika kadadosan saking 264 kaca. Data wonten ing panaliten inggih menika sedaya fakta ingkang nedahaken wujud penokohan paraga Sirtu saha paraga jaler, relasi antawisipun paraga Sirtu 21 kaliyan paraga jaler, saha wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu wonten ing relasi kaliyan paraga jaler. Data menika saged awujud narasi, pacelathon, saha lelampahanipun paraga.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara maos saha nyerat. Cara kasebut dipunwiwiti saking maos novel Nona Sekretaris kanthi premati. Salajengipun inggih menika nyerat data-data ingkang dipunbetahaken. Data ingkang dipunginakaken inggih menika ukara, pacelathon, utawi narasi ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan wujud penokohan paraga Sirtu saha paraga jaler ingkang gadhah relasi ing novel, relasi antawisipun paraga Sirtu kaliyan tiyang jaler, saha wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu wonten ing relasi kaliyan tiyang jaler. Cara maos saha nyerat ingkang dipuntindakaken inggih menika. 1. Novel Nona Sekretaris dipunwaos kanthi permati kangge madosi data-data ingkang jumbuh kaliyan ancas panaliten. 2. Data-data saking novel Nona Sekretaris ingkang jumbuh kaliyan ancas panaliten lajeng dipunserat wonten ing kertu data. Kertu data menika awujud tabel, inggih menika tabel penokohan paraga Sirtu saha paraga jaler ingkang gadhah relasi wonten ing novel, tabel relasi antawisipun paraga Sirtu kaliyan tiyang jaler, saha tabel wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu wonten ing relasi kaliyan tiyang jaler. 3. Asiling data lajeng dipunrembag wonten ing pirembagan. 22

D. Pirantining Panaliten

Piranti ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih menika kertu data. Kertu data dipunginakaken kangge nyerat asiling maos novel supados langkung gampil anggenipun ngempalaken data. Data ingkang dipunserat wonten ing kertu data inggih menika data ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan penokohan paraga Sirtu saha paraga jaler ingkang gadhah relasi wonten ing novel, relasi antawisipun paraga Sirtu kaliyan tiyang jaler, saha wujud ketidakadilan ingkang dipunlampahi paraga Sirtu wonten ing relasi kaliyan tiyang jaler. Wujudipun kertu data inggih menika. Tabel 1. Penokohan Paraga Sirtu saha Paraga Jaler No. Data Data Kaca Perwatakan Katrangan Fisik Psikis Sosial 1 Suwaramu apik ora? Sirtu gedheg. Eman, lho Rupamu ayu mrakati. Yen swaramu apik, kowe mesthi diuber-uber cameramen TV Njoged? Njoged jaipongan apa dhangsah rege iso ora? 13 Ayu Nedahaken bilih Sirtu menika tiyang ingkang gadhah praupan ayu. Tabel 2. Relasi Antawisipun Paraga Sirtu Kaliyan Paraga Jaler No. Data Paraga Jaler Data Kaca Wujud Relasi Katrangan DM SJ MD 1 Bathara Iki jan aneh banget nom- noman kuwi gedheg-gedheg. Kena apa? Bathara Nainggolan ditraktir cah wadon Bathara 36 √ Bathara mengharga i niat Sirtu ingkang badhe