17 estri ing sangandhaping tiyang jaler. Tiyang estri dipunanggep dados tiyang
ingkang sekeng saha tiyang ingkang asring dipunkuwaosi dening tiyang jaler 3.
Stereotip, inggih menika pelabelan pelabelan negatif dhateng tiyang estri. Salah satungaling jenis strereotip inggih menika ingkang sumberipun pandangan
gender. Ketidakadilan menika umumipun kathah dipunlampahi kaum tiyang estri. Masarakat gadhah kapitadosan bilih tugas utami tiyang estri menika namung
ngladosi garwanipun. 4.
Kekerasan, tiyang estri menika identik kaliyan kekerasan violence. Salah satunggaling kekerasan ing setunggal jenis kelamin tartamtu dipunsebabaken
amargi wonten bias gender. Jinis saha wujud kekerasan gender antawisipun pemerkosaan, pemukulan, penyiksaan ing alat kelamin tiyang estri, prostitusi,
pornografi, pemaksaan sterilisasi, kekerasan terselubung, saha pelecehan seksual. 5.
Beban kerja, wonten pamanggih bilih kaum tiyang estri gadhah sifat njagi saha sregep, saha boten trep menawi mimpin kulawarga. Akibatipun sedaya
padamelan domestik kulawarga dados tanggungjawabipun tiyang estri. Kajian relasi gender saha wujud ketidakadilan gender wonten ing novel
mbetahaken pendekatan panaliten ingkang trep inggih menika pendekatan feminisme. Pendekatan feminisme inggih menika salah satunggaling kajian sastra
awit saking asumsi lan pandangan bilih wonten ketidakadilan antawisipun tiyang estri saha tiyang jaler ingkang katingal wonten ing karya sastra.
18
F. Panaliten ingkang Jumbuh
Panaliten ingkang jumbuh kaliyan Panaliten relasi Paraga Sirtu Mekarndalu Kaliyan Tiyang Jaler Wonten ing Novel Nona Sekretaris Anggitanipun Suparto
Brata inggih menika panaliten dening Susilowati 2010 Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia kanthi irah-irahan Analisis Gender Terhadap Novel
Primadona Karya Ahmad Munif Kajian Kritik Sastra Feminis. Panaliten kasebut ngandharaken wujud relasi gender, peran gender, wujud ketidakadilan gender,
saha tindak-tanduk tiyang estri nalika nglampahi ketidakadilan gender ingkang wonten ing novel Primadona karya Ahmad Munif.
Asiling panaliten kasebut inggih menika wujud relasi gender wonten ing novel Primadona karya Ahmad Munif antawisipun sejajar, ndominasi, utawa
dipundominasi paraga. Paraga jaler ingkang kathah ndominasi tiyang estri inggih menika Om Bardi. Peran gender sektor domestik wonten ing novel Primadona
karya Ahmad Munif dipunlampahi dening Tante Lena, wondene peran gender sektor publik dipundominasi paraga jaler inggih menika Om Bardi, Ibrahim, saha
Sabri. Wujud ketidakadilan gender wonten ing novel Primadona karya Ahmad
Munif inggih menika subordinasi, stereotip, saha kekerasan ingkang dipulampahi paraga estri. Wondene tindak-tanduk tiyang estri nalika nglampahi ketidakadilan
gender ingkang wonten ing novel Primadona karya Ahmad Munif inggih menika sikap nolak saha pasrah lumantar paraga Ning SwastiSanti.
Panaliten menika relevan kaliyan panaliten kasebut amargi sami-sami mundhut fokus kajian kritik sastra feminisme awujud relasi gender saha
19 ketidakadilan gender. Faktor ingkang bedakaken panaliten menika kaliyan
panaliten saderengipun inggih menika sasaran utawi subjek ingkang dipukaji inggih menika relasi gender saha ketidakadilan gender wonten ing Novel Nona
Sekretaris Anggitanipun Suparto Brata.