7
BAB II GEGARAN
TEORI
A. Hakikat Novel
Novel inggih menika salah satunggaling genre sastra ingkang gadhah gegayutan ingkang raket kaliyan pagesangan tiyang ing masarakat. Miturut
Wellek saha Warren 1990: 282 novel inggih menika wujud realitas ingkang nyariosaken kasunyatan ingkang dipunpadhu kaliyan imajinasi panganggit.
Realitas ingkang dipunmaksud inggih menika kasunyatan sosial ingkang ngewrat perkawis-perkawis sosial.
Kasunyatan sosial wonten ing novel menika wiyar, ngandharaken perkawis saha konflik ingkang kathah boten namung konflik tunggal. Sayuti 2000: 10
ngandharaken bilih novel sipatipun expands meluas ingkang ngewrataken complexity utawi kompleksitas. Kompleksitas menika ngndharaken sedayanipun
kanthi detil. Umpaminipun pangrembakaning setunggal karakter, kahanan sosial ingkang ruwet, gegayutan paraga setunggal kaliyan paraga sanesipun, saha
prastawa ruwet ing taun-taun kepungkur Stanton, 2007: 90. Dados novel menika dipunserat kanthi skala besar saengga ngewrat satuan-satuan organisasi ingkang
langkung wiyar. Memper sami kaliyan Stanton, Nurgiyantoro 2010 :10-11 ngandharaken
bilih novel inggih menika wujud gegambaran ngengingi pagesangan tiyang ingkang gadhah sifat fragmentaris. Dipunandharaken kanthi padhet saha
antawisipun unsur setunggal lan sanesipun dados unsur ingkang padhu. Novel nyariosaken prastawa saking paraga-paraga ing salebetipun. Saking prastawa
8 menika
dadosaken setunggal
konflik ingkang
saged nemtokaken
nasib paraganipun. Sanesipun, novel menika minangka struktur organisasi ingkang
kompleks saha unik. Saking pangertosan novel ing nginggil, Nurgiyantoro 2010: 23-24
ngandharaken bilih kesatuan organisasi ingkang wiyar wonten ing novel dipunsebut unsur pembangun. Unsur-unsur pembangun wonten ing novel saged
dipunperang dados 2, inggih menika unsur intrinsik saha unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik novel inggih menika unsur ingkang langsung tumut ndamel cariyos.
Unsur menika antawisipun prastawa, cariyos, plot, penokohan, tema, latar, sudut pandang, lan sapanunggalanipun. Wondene unsur ekstrinsik novel inggih menika
unsur-unsur ingkang wonten ing njawi karya sastra, ananging kanthi boten langsung saged paring pengaruh ing totalitas sistem organisasi ingkang
dipuasilaken. Saking andharan ing nginggil, saged dipunpendhet dudutan bilih novel inggih
menika salah satunggaling karya sastra ingkang nyariosaken pagesangan setunggal paraga kaliyan paraga sanesipun kanthi perkawis sosial ingkang
kompleks, ingkang gadhah kesatuan organisasi ingkang dipunsebut unsur pembangun, inggih menika unsur intrinsik saha unsur ekstrinsik.
B. Unsur-Unsur Struktural wonten ing Novel
Karya sastra novel gadhah kesatuan organisasi ingkang dipunsebut unsur pembangun. Unsur-unsur pembangun fiksi antawisipun paraga, alur, latar, irah-
irahan, sudut pandang, tema, gaya saha nada Wiyatmi, 2006:30. Kanthi