Penilaian dan Proses Hasil Belajar

Lampiran 1 Teks Meminta Izin Siswa :“Bu, punapa lare-lare kelas setunggal kepareng ngampil buku- buku perpustakaan?” Guru : “nyilih buku perpustakaan?” Siswa : “inggih, bu” Guru : ”kepareng. Kabeh kena nyilih. Perpustakaan iku ora mung dicawisake kanggo para guru wae. Nanging siswa kabeh uga b isa nyilih. Kabeh rak wis nampa kartu pelajar ta?” Siswa : ” sampun bu. kabeh siswa sampun nampi .” Guru : ”hla yen mangkono , wiwit sesuk kowe bisa nyilih buku-buku perpustakaan. Bisa diwaca ana papan kono, lan uga kena disilih digawa mulih, suwene rong minggu. ” Siswa : ”buku-bukune menapa mawon bu?” Guru : ”O, warna-warna. Buku pelajaran apa wae ana. Buku-buku wacan akeh banget. Yen kowe kepengin pinter, ngangsua kawruh ana ing perpustakaan. Perpustakaan iku guru ingkang mumpuni tur sabar banget. Nanging aja lali, buku-buku iki aja dirusak lan taatana tata te rtibe” Siswa : ”inggih bu, sendika dhawuh. Wiwit sesuk isuk kula Badhe ngampil buku-buku perpustakaan, Badhe dadi kutu buku wonten ing perpustakaan.” Guru : ”yaa becik banget yen mangkono” Pilian Tembung: Menapa Sampun Riyin Ageman Bagus Badhe Anggenipun Kadadeyan Wonten Pinter Sopan Saged Kawruh Bedane Pokok Namung Mangkono Mrebawani Tingkahipun Menika Katingal Mlampah Ngampil Ajrih Matur Nuwun Tindak Sekeca Sendika Upacara Waton Rawuh Nampi Piyambak Dhateng Ngagem Becik Teks memberikan Pujian Pak Guru : ”regeng banget ya sus? Beda karo adat sabene” Susila : “inggih pak” Pak Guru : “hla bedane apa hara?” Susila : “sedaya manglingi. Sedaya katingal mindhak sae lan nengsemake. Solah tingkahipun alus, sopan. Kanca-kanca boten wonten ingkang pating begijik pating jranthal. Menapa menika kadadeyan saking agemanipun inggih pak?” Pak Guru : “iya, kiraku mangkono. Bareng padha macak Jawa, pecah pamore. Coba sawangen, Bu Nuri iki Adate ngagem rok, saiki ngagem nyamping sidamukti, Wah... hem... saya yen tindak, themlek... themlek... themlek... mangka adate jangkahe setengah meter.” Bu Nuri : “aah sampun ngoten ta pak Hla yen panjenengan ngagem nyamping truntum, surjan sesekaran latar ijem pupus, putra piyambak saged pangling. Hya apa ora nak Nestri?” Nestri : “inggih bu. Pak guru mindhak mrebawani. Semanten ugi Mas Susila menika. Sareng bebedan, surjanan, kerisan, mawi udheng, ngangge selop. Wah... Pokoke mindhak...” Susila : ”mundhak mbagusi. Ngono ta karepmu?” Nestri : “ora, nyatane yo bagus temenan kok..” Pak Guru : “hla, nak Nestri apa ya ora” Nestri : “aduh pak.. matur nuwun. Kula menika menapa? Tapihan kemawon waton tumemplek. Pating semboyot, badhe dhateng salon boten gadhah arta.” Bu Nuri : “wis, wis, saiki ayo padha upacara dhisik wis bel Pilian Tembung: Menapa Sampun Riyin Ageman Bagus Badhe Anggenipun Kadadeyan Wonten Pinter Sopan Saged Kawruh Bedane Pokok Namung Mangkono Mrebawani Tingkahipun Menika Katingal Mlampah Ngampil Ajrih Matur Nuwun Tindak Sekeca Sendika Upacara Waton Rawuh Nampi Piyambak Dhateng Ngagem Becik