Ulangan Basa Jawa kelas VII semester ganjil Kaca 5
20. Bekti marang wong tuwa
Iwan : “Pak, wedang tehe wis adhem, ora diombe dhisik”
Bapak : “tulung wan, gawanen metu, mengko daksambine”
Iwan : “diselehake meja njaba ya pak? Tape gorenge ora dipangan sisan?”
Bapak : “iya. Nanging tutupana mundhak kena bledug”
Iwan : “pak korane ana ngendi? Aku nyilih sedhela”
Bapak : “ana kamar jero, jupuken Tulung wan Bapak cangkingna sapu”
Iwan : “kanggo apa sapune pak?”
Bapak : “kanggo ngresiki sawang ngarep kono”
Iwan bocah sing bekti banget karo bapake, nanging unggah-ungguhe Iwan taksih kurang apik, apa sebabe?
a. Iwan prentah bapake ngombe wedang b. Iwan ora gelem ngresiki sawang
c. Iwan matur nganggo basa Krama alus d. Iwan ora bisa matur nganggo basa Jawa alus
Ulangan Basa Jawa kelas VII semester ganjil Kaca 6
B. Esay 1. Bekti marang wong tuwa
Iwan :
“Pak, wedang tehe wis adhem, boten diombe riyin?”
Bapak : “tulung wan, gawanen metu, mengko daksambine”
Iwan
: “diselehake meja njawi nggih pak? Tape gorenge boten dipangan sisan?”
Bapak : “iya. Nanging tutupana mundhak kena bledug”
Iwan
: “pak korane ana ngendi? kula nyilih sekedhap”
Bapak : “ana kamar jero, jupuken Tulung wan Bapak cangkingna sapu”
Iwan : “kangge menapa sapune pak?”
Bapak : “kanggo ngresiki sawang ngarep kono
TUGAS Gantinen tembung-tembung kang dicithak kandel nganggo basa Jawa krama alus kang bener
2. Ibu : “Ida, Simbah mau tindak mrene, nggoleki kowe”
Farida : “Simbah goleki kula, kagungan kersa menapa, Bu?”
Ibu
: “Kagungan kersa, kowe dikon ndherekaken Simbah menyang Kantor Pos, saperlu mundhut arta pensiun. Saiki tanggal lima, wis wektune simbah mundhut pe
nsiun” Farida
: “Samenika simbah wonten pundi, Bu? Lajeng, sinten ingkang ndherekaken, Bu?”
Ibu : “Lunga dhewe. Ora ana sing ndherekake”
Farida
: “Simbah kok boten kersa nengga kula kemawon, Bu. Mesakaken tindak piyambak, kula wau kesah, kok inggih boten pamit langkung rumiyin dhateng ibu. Kula getun,
rumaos lepat, Bu”
TUGAS Tegesi tembung-tembung kang dicithak kandel nganggo Basa Indonesia
3. Wektu ning kelas pas pelajaran Basa Jawa karo Ibu Bethy, Arjuna dikabari yen simbahe sing jenenge sengkuni mriyang thypus lan digawa ning rumah sakit, dadi arjuna arep njaluk idin karo
Ibu Bethy yen arep mangkat ning rumah sakit karo Bapake Arjuna sing wis nunggu ana njaba sekolah.
TUGAS Saka teks ing dhuwur kuwi mau, Gaweya teks pacelathon Arjuna karo Ibu Bethy, Judule
“Nyuwun Idin Ibu Bethy” minimal 8 percakapan