VI II

VI II

21/5

42 us

wus #*

24

XI

19/4

44 dada

dadi #*

Pengkajian secara filologis naskah SP dilakukan dengan pengerjaan antara lain transliterasi, aparat kritik dan suntingan teks secara bersamaan. Suntingan teks adalah menyajikan teks dalam bentuk aslinya atau mendekati aslinya, yang bersih dari kesalahan-kesalahan berdasarkan bukti-bukti yang terdapat dalam naskah yang dikritisi. Suntingan teks bertujuan agar teks dapat dibaca dengan mudah oleh kalangan luas. (Edwar Djamaris, 1977 : 30).

Aparat kritik adalah perabot pembanding yang menyertai penyajian suatu naskah (Siti Baroroh Barried. 1977 : 5). Kata atau kelompok kata yang mendapat kritik dan dianggap salah ditulis apa adanya dalam suntingan teks, sedangkan kritik yang berupa interpretasi peneliti terhadap teks yang dianggap salah ditulis di bagian bawah teks (footnote) sebagai bagian dari aparat kritik, yaitu pertanggungjawaban ilmiah dalam penelitian naskah.

Transliterasi atau alih aksara merupakan penggantian huruf demi huruf dari abjad satu ke abjad yang lain. Selama transliterasi ini tidak terlepas dari penggunaan kamus Bausastra Jawa karangan W.J.S Poerwadarminta (1939) berdasarkan Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan (EYD) Transliterasi atau alih aksara merupakan penggantian huruf demi huruf dari abjad satu ke abjad yang lain. Selama transliterasi ini tidak terlepas dari penggunaan kamus Bausastra Jawa karangan W.J.S Poerwadarminta (1939) berdasarkan Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan (EYD)

Metode penyuntingan SP menggunakan metode standar, yaiu menerbitkan naskah dengan membetulkan kesalahan-kesalahan dan pembetulan dicatat ditempat khusus (footnote/ catatan kaki) sebagai pertanggungjawaban ilmiah dalam penelitian. Untuk mempermudah dan memahami pembacaan transliterasi SP maka dalam suntingan teks digunakan tanda sebagai berikut :

1. Setia pupuh diberi nomor dengan Angka Romawi I, II, III, …. , misalnya Pupuh I Asmaradana

2. Angka Arab kecil yang berada di atas seperti ….. 123 menunjukkan nomor kritik teks.

3. Penomoran bait dengan menggunakan angka Arab seperti 1, 2, 3 dan seterusnya.

4. Angka Arab dengan tanda, [1], [2], [3] menunjukkan pergantian halaman teks.

5. Tanda diakritik ( e ) seperti dalam bahasa Jawa kata sela yang artinya batu.

artinya beruntung.

7. Tanda diakritik ( è ) seperti dalam bahasa Jawa kata kabèh yang artinya semua.

8. Tanda @ menunjukkan pembetulan berdasarkan konvensi tembang.

9. Tanda # menunjukkan pembetulan berdasarkan pertimbangan linguistik

10. Tanda * menunjukkan pembetulan berdasarkan interpretasi peneliti.

11. Tanda ( / ) untuk menunjukkan akhir baris tembang, sedangkan ( // ) untuk menunjukkan akhir dari setiap bait.

12. Penulisan dwipurwa ditransliterasikan sesuai dengan EYD Bahasa Jawa, seperti :

ririkatan ditranliterasikan rêrikatan

13. Sastra laku ditransliterasikan dengan mengubah konsonan penutup pada kata berikutnya, seperti :

14. Penulisan teks yang menggunakan aksara (ô) ditransliterasikan menjadi aksara (a), seperti :

mongka ditransliterasikan mangka

15. Penulisan kata dasar yang berakhiran huruf / h / dan mendapat akhiran /-e/, /-a/, /-an/, /-ane/, /-anira/. Dalam penulisan aksara Jawa sering ditulis dengan fonem /y/ atau /w/, tetapi dalam suntingan teks fonem akan ditulis dengan /h/, seperti:

Mrih dadiya ditransliteraikam mrih dadia 16. Penulisan kata ulang dalam teks akan ditransliterasi dengan menggunakan

tanda hubung (-), seperti :

Dangu dangu ditransliterasikan dangu-dangu

Pupuh I Asmaradana

1. [2] Kasmaran marsudi budi/ mardi mardawaning têmbang/ kang supadya dadya lantèh/ mangiket lagu macapat/ kinarya langêndriya/ darapon dadya panglipur/ pêthik lêlakon ing kuna//

2. Carita ingkang ginurit/ sela aran panithikan/ kaluwih-luwih dayane/bisa anêkakkên bêgja/ samana kang winarna/ wontên sujalma lumaku/ mung pribadi tanpa rowang//

3. Sêmune kadya prajurit/ dene mawi nganggar pêdhang/ sarwi anyangking kêrgane/ margi ingkang winêdalan/ ngambah ing wana wasa/ tanapi sumêngkèng gunung/ lampahira rêrikatan//

4. Tanpa sumênglang 1 ing galih/ tanpa jrih ing pringgabaya/ lir mêntas unggul yudane/ katingal ing solah bawa/ duk praptèng têngah wana/ kapêthuk lan jalma sêpuh/ nurute nung karyanira//

5. Langkung kuciwa kang warni/ gigir wungkuk badan kêra/ maripat karo lir jèlès/ lambe andomble mèh prapta/ ing janggut panjangira/ kulit kusi irêng kisut/ anggajrihi yèn sinawang//

6. Jalma sêpuh tetanya ris/ marang kang lagya lumampah/ têmbunge cêtha tur tètèh/ mangkana ing basanira/ èh kulup kang lêlampah/ sajroning sira lumaku/ sun sawang saking kadohan//

7. Kongsi praptèng parêk iki/ kaya prajurit prakosa/ kang luwih kadigdayane/ katon ing pasêmonira/ lawan panggangonira/ dudu sawiyah wongipun/ pantês lamun wirotama//

8. Saka ing panduga mami/ sira bakal nora wêgah/ anjupuka barana kèh/ kang ana sajroning gurda/ mangkono sêdyaningwang/ anjaluk pitulunganmu/ lah kapriye kulup sira//

9. Wau ta prajurit dupi/ mirêng wuwuse Nyi Wêrda 2 / kalangkung dènira kagèt/ dene kapronggol ing prana/ tan wêruh purwanira/ dinadak pininta tulung/ marang wong durung kulina//

1 sumêlang #*

10. Wêkasan mangsuli aris/ èh Nyi Wêrdha kadiparan/ lire sêdyanira kuwe/ mrih angalap raja brana/ iku arupa apa/ dene ngrêngkara wuwusmu/ jroning wana ana brana//

11. Juru tênung ngucap malih/ bênêr kulup muwusira/ anarka yèn luwih anèh/ dene ta sajroning wrêksa/ mokal lamun isia/ raja brana ngundhung-undhung/ nanging kulup wruhanira//

12. [3]Marmane ingsun wêwarti/ masa yèn tanpa gawêa/ sayêkti ana nyatane/ pan ingsun kang wus uninga/ lamun sajroning gurda/ ana raja brananipun/ cacahe tan pêpetungan//

13. Prajurit gya ngungsêt angling/ lah ing ngêndi prênahira/ gurda kang isi brana kèh/ branane arupa apa/ Nyi Wêrdha wangsulanya/ ora adoh dunungipun/ ing kono pêrak kewala//

14. Saburine gunung cilik/ ing prênah kayu gurda 3 / kang katon saka ing kene/ dene ta kang raja brana/ iku awujud arta/ sakuwate kang anjupuk/ artane tan têlas-têlas//

15. Marma kalamun sirèki/ bisa manjing garowongan/ ing kayu gurda têngahe/ yêkti bisa kalaksanan/ apa sakarsanira/ manawa sira wus saguh/ mêngko sun

bakan 4 pratela//

16. Wèh rêrigên ingkang gampil/ iya bakal lêbunira/ mring jro kayu gurda gêdhe/ lan manèh sira sun wulang/ pamèt ing raja brana/ kang bakal sirambil iku/ kang liningan nulya sagah//

17. Dyan lumampah wong kêkalih/ tan antara dangu prapta/ ing prênahe gurda gêdhe/ juru tênung gya pitêdah/ sarwi alon angucap/ lah ta iku wujudipun/ gurda kang isi barana//

18. Sajroning gurda puniki/ ana growongan têtiga/ kalawan ana lawange/ mèmpêr lir sênthonging wisma/ lawang minêb sadaya/ kinunci sosorogipun/ cumanthèl luhur wiwara//

2 Nyi Wêrdha #* 3 ing prênahe kayu gurda@#* 4 bakal#*

19. Kori siji sorog siji/ pratikêle lêbunira/ sira kudu amêmènèk/ kalamun wus praptèng ngêpang/ ingkang luhur priyangga/ ing kono lagi kadulu/ growonganing kayu gurda//

20. Lan dalan kang dèn wêtoni/ mring lawanging sêsênthongan/ kang padha kumunci kabèh/ sawuse sumurup sira/ tumuli lumêbua/ banjura sira tumurun/ têkakna ing ngisor pisan//

21. Nanging ta aja kuwatir/ lan aja wêdi kangèlan/ ana maneh pratikêle/ iya bakal lêbunira/ marang sajroning gurda/ sun talèni bangkèkanmu/ kalawan rami kêndharat//

22. Pan ingsun wus adarbèni/ kêndharat kang luwih dawa/ kaliwat dening wulêdè/ [4]mêngko ingsun ulur sira/ saka ing ngisor gurda/ mulane mangkono kulup/ wigatine lamun sira//

23. Kasusu sumêdya mijil/ saka sajêroning wrêksa/ sun bisa têtulung age/ andudut marang ing sira/ sun kèrèk saking jaba/ mrih datan kasuwèn laku/ wêtunira saking gurda//

24. Ing rèh lêbunira maring/ sajêroning kayu gurda/ yèn wus praptèng dhêdhasare/ jarambah kang ngisor pisan/ mêngko kabèh katingal/ sagung isèn-isènipun/ kang anèng jro garowongan//

25. Ing jêro rinêngga asri/ papane jêmbar warata/ lir tinata ngathe-ngathe/ nanging singit sêmunira/ tangèh ingkang kaduga/ malêbu ngambah ing ngriku/ andhadhang nêdya mèt brana//

Pupuh II Dhandhanggula

1. Pinasangan pandam panjuta ting/ pirang-pirang atus sinulêdan/ kaliwat dening padhange/ pating klêncar dinulu/ marma lamun nêdya sirèki/ malêbu luwih gampang/ ing sênthong têtêlu/ pambukake kang wiwara/ wit soroge kabèh wis padha cumawis/ cumanthèl luhur lawang//

2. Sang prajurit ngungun duk miyarsi/ ing pawartanira Nyai Wêrdha/ dene angèl piwulange/ pratingkahe malêbu/ mring jro wrêksa angalap picis/ mokal yèn dora cara/ apa pedahipun/ prajurit alon têtanya/ èh Nyi Wêrdha dene ta kaliwat rungsit/ patrape mancing gurda// 2. Sang prajurit ngungun duk miyarsi/ ing pawartanira Nyai Wêrdha/ dene angèl piwulange/ pratingkahe malêbu/ mring jro wrêksa angalap picis/ mokal yèn dora cara/ apa pedahipun/ prajurit alon têtanya/ èh Nyi Wêrdha dene ta kaliwat rungsit/ patrape mancing gurda//

4. Lan warnane tuhu gêgirisi/ maripate sumorot gumêbyar/ sakênong sisih ambane/ nanging ta sira kulup/ aja susah wêdi kuwatir/ lamun malêbu sira/ sun wènèhi sangu/ isarat slendhang wasiyat/ pan pusaka tinggalan wong tuwa mami/ ing nguni kang wus lina//

5. Iku bae gawanên umanjing/ mring jro wrêksa saupama sira/ sinandêr asu dèn age/ tubrukên asu iku/ anjèrènga sale-[5]ndha 5 nuli/ kemulêna ing sona/ yêkti tanpa bayu/ sirna kadayaning sona/ mari galak kang sarta andhêkêm siti/ tutut tan gêlêm lunga//

6. Kang liningan tuwuh ing pamikir/ apa ingkang dadi wadinira/ dene mangkono têmahe/ nulya andhêdhês muwus/ èh Nyi Wêrdha sun takon maning/ sawuse nubruk sona/ ngêndi prênahipun/ barana kang rupa arta/ Nyai Wêrdha pratela dununging dhuwit/ anèng jro pasênthongan//

7. Winadhahan ana ing jro pêthi/ dhinêkêman asu ingkang galak/ kang wus sun caritakake/ dhuwit iku sadarum/ padha rupa dhuwit dêmbagi/ kang munggèng pasênthongan/ kapisan puniku/ nanging saupama sira/ sru kapengin angambil dhuwit kang putih/ ingkang rupa salaka//

8. Sarta dhuwit êmas ingkang kuning/ malêbua ing jro pasênthongan/ kang kaping pindho dununge/ miwah dhuwit mas iku/ nèng sênthongan kang kaping katri/ dene ingkang rumêksa/ padha wujud asu/ malah luwih agêngira/ myang galake iya bangêt nglêliwati/ ngungkuli kang kapisan//

9. Maripate asu kaping kalih/ padha karo kêmpul agêngira/ asu kang kaping têlune/ satrêbang ambanipun/ agêngira sajaran tèji/ iku ambaurêksa/ barana arta gung/ kang munggèng growongan gurda/ nanging sira aja nganggo wêdi-wêdi/ dèn tatag pikirira//

10. Pituhunên ring pitutur mami/ srênggalèku lamun kinêmulan/ ing slendhang wasiyat mangke/ yêkti banjur ngalumpruk/ tanpa krêkat dayane ênting/ yata prajurit mojar/ yèn mangkono tuhu/ ingsun sanggup malêbua/ mring sajroning kayu gurda gêdhe iki/ tarlèn pamintaningwang//

5 salendhang#* 5 salendhang#*

12. Awit sira rak bakal kapengin/ antuk arta kang saking jro gurda/ Nyai Wêrdha wangsulane/ ora pisan katèngsun/ [6]amelika kapengin dhuwit/ antuka pira- pira/ iya panjupukmu/ kabèh alapên priyangga/ aja mikir pêpanduman marang mami/ mung ingsun darbe wêkas//

13. Mêngko lamun siranggèr wus prapti/ ing sajroning sênthong garowongan/ poma-poma aja supe/ ambilên barang ingsun/ rupa watu thithikan cilik/ kari ana ing kana/ jro sênthong katêlu/ pusaka tinggalan êmbah/ wus mung iku wêkas ingsun mring sirèki/ kang winêling lon mojar//

14. Iya bêcik lah aja kuwatir/ sun ambile watu panithikan/ yata wus kêncêng sanggupe/ prajurit gya tinangsul/ bangkèkannya kalawan tali/ rami kêndharat panjang/ sarta sampun sinung/ pusaka slendhang wasiyat/ wiwit mènèk ing gurda wau kang tali/ kaulur saking ngandhap//

15. Duk praptèng pang kang luhur pribadi/ garowongan pan sampun katingal/ dhadhung wus kinêndhokake/ prajurit nulya masuk/ ing jro gurda tumurun prapti/ ing dhasar garowongan/ ing ngriku kadulu/ isèn-isèning jro gurda/ lir caritanira Nyi Wêrdha tan sisip/ sorog cumanthèl lawang//

16. Dyan ingambil nèng saluhur kori/ sinorogên ing sênthong kapisan/ wus kabuka wiwarane/ prajurit duk andulu/ sakalangkung kagèt ing galih/ dene jro sêsênthongan/ padhange kalangkung/ pandam panjuta atusan/ lawan wontên pêthinya agêng satunggil/ dhinêkêman ing sona//

17. Dupi anon ana jalma prapti/ kang malêbêt ing jro pasênthongan/ sona mancolot saking gèn/ sarwi sangêt anjêgug/ solahira anggêgirisi/ mripatira gumêbyar/ kadyarsa manahut/ prajurit dupi tumingal/ ing solahe sagawon kang gêgêtêri/ lêmês sranduning angga//

18. Tanpa krêkat dahat dènira jrih/ cipta badhe mêdal saking gurda/ labêt kalangkung kêkêse/ ing ngriku lajêng emut/ wêwêlinge Nyi Wêrdha nênggih/

sangêt dènya pracaya/ masrah raganipun/ mèpèd 6 pinggiring growongan/

myang anjèrèng slendhang wasiyatira glis/ sona dupi tumingal//

6 mêpêt#* 6 mêpêt#*

sanalika/ limprêg-limprêg 7 kang sona wus tanpa budi / miwah tan darbe krêkat//

20. Sawusira saksana kang pêthi/ gya binuka pênuh mèsiarta/ awarni dêmbaga kabèh/ dahat sukaning kalbu/ Sang prajurit andulu picis/ ngambil sasukanira/ winadhahan gupuh/ ing kêrga myang kanthongira/ kanthong baju kanthong clana dènkêbaki/ prandene maksih gêla//

21. Topinira kinarya madhahi/ wusnya pênuh kaduwunging driya/ tan anggawa wadhah gêdhe/ ing ngriku ciptanipun/ nêdya masuk sênthong kang kadmi/ ingkang isi ardana/ salaka sadarum/ tandya marpêki wiwara/ sorog katon cumanthèl nèng luhur kori/ tan pisan angungkurna//

Pupuh III Pangkur

1. Sang prajurit sigra ngalap/ sorog ingkang cumanthèl luhur kori/ kinarya ambuka pintu/ gumêrot swaranira/ sanalika sona kang rumêksèng ngriku/ duk anon ana manungsa/ ambuka kori gumêrit//

2. Tan drana mandêr sigra 8 / sarwi jênggor mangap siyung kaisis/ netra gumêbyar dinulu/ galak angamah-amah/ gêgirisi sang prajurit duk andulu/ mundur ngoplok wel-uwelan/ sarwi nywara i i i i/

3. Kalangkung kêkêsing driya/ sigra mêdal kori kinunci malih/ prajurit ciptaning kalbu/ rumangsa tan kaconggah/ nanggulanga sona kang rumêksèng ngriku/ miris mulat agêngira/ kang sona sajaran tèji//

4. Dupi wus sarèh samana/ Sang prajurit nulya èngêting galih/ mring wulange juru tênung/ nyandhak slendhang wasiyat/ sêdyanira ngambali malih lumêbu/ gya binuka kang wiwara/ sarwi anjêjèrèng jarit//

5. Pusaka slendhang wasiyat/ punang sona andhêkêm luhur pêthi/ anggawakakên satuhu/ dupi miyat salendhang/ jlog tumurun punang sona sampun tutut/ kopat kapit buntutira/ ngambus-ambus mring prajurit//

7 limprêk-limprêk#* 8 datan drana mandêr sigra @#* 7 limprêk-limprêk#* 8 datan drana mandêr sigra @#*

7. Kang sona gya kinêmulan/ ing salendhang wasiyat tanpa budi/ sirna kabèh dayanipun/ sona tan darbe krêkat/ sawusira pêthi kang wontên ing ngriku/ saksana sigra binuka/ kêbak isi kêton putih//

8. Rupiyah ukon salaka/ ciptaning tyas kapriye akal mami/ panggawane dhuwit iku/ yèn kabèh wis sun gawa/ yêkti sugih dadakan sun bisa tuku/ kreta sarakitanira/ lan apa kang sun sênêngi//

9. Sayêktine kasêmbadan/ pêthi arsa pinanggul tan kuwawi/ kawêkèn sajroning kalbu/ nolèh ngering myang nganan/ datan ana wadhah kang kinarya ngusung/ yata pêpuntoning driya/ arta kang warni dêmbagi//

10. Sadaya sami sinuntak/ kêrga kanthong topi dipunkêbaki/ arta salaka supênuh/ dalah sapatunira/ kalih pisan kinêbakan kêton sampun/ prajurit nulya lumampah/ sumêdya mêdal mring jawi//

11. Mèyèk-mèyèk sru kawratan/ têmah karya rêndhêt dènya lumaris/ prajurit kaku tyasipun/ arta nulya sinuntak/ kinantunkên sapalih tinilar ngriku/ ingkang sapalih binêkta/ mrih ènthèng gancar lumaris//

12. Prajurit nyandhak salendhang/ gya jinèrèng sarwi angucap aris/ èh asu balia gupuh/ marang ing dunungira/ punang sona wus wangsul mring dunungipun/ prajurit ciptaning driya/ sumêdya ngayoning manjing//

13. Ing sênthong ingkang katiga/ wusnya ngambil kunci nèng luhur kori/ kang sênthong binuka sampun/ gumêrot swaranira/ kacarita sona kang rumêksèng ngriku/ nuju tilêm patrapira/ andhêkêm nèng luhur pêthi//

14. Kang isi arta kancana/ agêngira sami kalawan èsthi/ tuhu ngajrihi dinulu/ sirung sêmuning sona/ angganira mêguk-mêguk pindha gumuk/ Sang prajurit dupi mulat/ gêgêtunira tan sipi//

15. Ngoplok dhèngkèlên sakala/ datan bisa jumangkah Sang prajurit/ ciptaning tyas priye iku/ mêngko polah manira/ lamun asu wis tangi dènira turu/ ora wurung banjur nguntal/ praju-[9]rit tan cipta urip// 15. Ngoplok dhèngkèlên sakala/ datan bisa jumangkah Sang prajurit/ ciptaning tyas priye iku/ mêngko polah manira/ lamun asu wis tangi dènira turu/ ora wurung banjur nguntal/ praju-[9]rit tan cipta urip//

biru/ yata sang sona miyarsa/ kagêt tangi yènya 9 guling//

17. Gêrêng-gêrêng lir sardula/ mripatira satrêbang angajrihi/ prajurit tan darbe kalbu/ gumêtêr angganira/ sakalangkung kêkês cahyanira aclum/ badan lungkrah tanpa daya/ namung pracaya ing batin/

18. Mring wulange Nyai Wêrdha/ punang slendhang wasiyat gya kapusthi/ sirna kaajrihanipun/ prandene angganira/ apan maksih dharodhogan purunipun/ wanine wani pêpêksan/ dènya majêng minggrang-minggring//

19. Wus parêk ngarsaning sona/ sarya mbabar slendhang wasiyat aglis/ tuhu karyètating kalbu/ dene slendhang wasiyat/ dèrèng kongsi kinarya ngarukup asu/ lagya jinèrèng kewala/ kang sona wus tanpa budi//

20. Limprêg-limprêg 10 tanpa krêkat/ pinarpêkan salendhang gya kinardi/ ngarukub sona tumurun/ nglemprak turu ing jrambah/ pêthi nulya binuka isi supênuh/ kathah kang arta kancana/ prajurit anom prihatin//

Pupuh IV Sinom

1. Dene tan ana wêwadhah/ kang kinarya bêkta picis/ mangkana ciptaning driya/ bêbasan lakonku iki/ ana bêgjane prapti/ tan ana daulatipun/apa ta raganingwang/ pinasthi tan kêlar sugih/ dene nganggo pangkalan tan sinung gampang//

2. Luwih bêcik ingsun mêdal/ manawa wus praptèng jawi/ bali manèh nyangking wadhah/ kang gêdhe dipunkêbaki/ kêton rupiyah rukmi/ wusnya mangkana ing kalbu/ arta pêthak sinuntak/ kêrga kanthong miwah topi/ wus ingisèn sadaya uang kancana//

3. Sanadyan tan pati kathah/ nanging akèh kang pangaji/ yata wêlinge Nyi Wêrdha/ sela thithikan kang gati/ samana ana kèksi/ kanthong alit isi watu/ nanging datan rinasa/ mung bikut angambil picis/ kanthong sruwal kanthong bajo kinêbakan//

9 dènya#* 10 limprêk-limprêk#*

[10]ngok sarosa/ èh Nyai sun arsa mijil/ juru tênung mangsuli/ apa ta kekarêpanmu/ kabèh wus kalaksanan/ prajurit mangsuli uwis/ Nyai Wêrdha tanya malih apa sira/

5. Ora lali wêkasingwang/ watu thithikan kang kari/ apa jroning pasênthongan/ iku apa wus sirambil/ prajurit sru mangsuli/ oo iya lali ingsun/ malah slendhang wasiyat/ iku iya maksih kari/ nèng jro sênthong saking guguping tyas ingwang//

6. Lah ing mêngko antènana/ sun bali manèh angambil/ slendhang myang watu thithikan/ dumunung nèng kanthong alit/ sawusnya Sang prajurit/ nulya kinèrèk ing dhadhung/ manjing jro kayu gurda/ praptèng sênthong kang kaping tri/ wus ingambil slendhang myang watu thithikan//

7. Nèng kalong 11 alit ingalap/ winêdalkên dèntingali/ wujuding sela thithikan/ dene tan adi tan pèni/ têka ginawegati/ apa wadine kang watu/ baya gêdhe dayanya/ rupane ala tur kusi/ lumrah kaya wanguning watu balaka//

8. Kawulira tiningalan/ pan inggih kantun sakêdhik/ sawusira kang thithikan/ linêbêtkên kanthong malih/ kauwor lawan picis/ prajurit nulya lumaku/ mèyèk-mèyèk kawratan/ bêbêktane pating srênthil/ wusnya mêdal praptèng jawi pasênthongan//

9. Malih ambêngok sarosa/ èh Nyai Wêrdha dèn aglis/ gèrètên kêndharatira/ watumu wus ingsun ambil / wusnya munya kadyèki/ prajurit malih andulu/ ingkang sela thithikan/ anggagas sajroning galih/ apa baya kasiyate ingkang sela//

10. Dene ta rupane ala/ Nyai Wêrdha wanti-wanti/ pamêkase marang ingwang/ mokal yèn tanpa wêwadi/ nganti tan darbe melik/ marang dhuwit êmas agung/ saka pangiraningwang/ watu iku jimat aji/ mêsthi gêdhe dayane watu thithikan//

11. Yèn mangkono ingkang sela/ luwih bêcik sun kukuhi/ kalamun Si Nyai Wêrdha/ tan pasaja sun takoni/ watu thithikan iki/ tan ingsun ulungke gupuh/ karana mêsthi ana [11]/ wadine kang luwih wêrit/ Sang prajurit dupi wus prapta ing jaba//

11 kanthong#* 11 kanthong#*

13. Isih akèh kang sun tinggal/ malah nêdya sun balèni/ kabèh bakal ingsun gawa/ eman yèn ngantia kèri/ ingsun arsa ngupadi/ wadhah kang luwih pakantuk/ kanggo ngusung ardhana/ juru tênung muwus aris/ ora kêna wali wali mring growongan//

14. Yèn luwih saka sapisan/ yêkti tan antuk basuki/ lah mangkono wruhanira/ ing mêngko thithikan mawi/ mara ulungna aglis/ parènèkna wong abagus/ prajurit muwus sira/ mêngko sarantèkna dhingin/ ingsun iki arsa takon marang sira//

15. Kapengin arsa uninga/ nanging sira aja kumbi/ mungguh kang watu thithikan/ apa kasiyate yêkti/ dene ta sira nganti/ ora melik mring arta gung/ apa wadine baya/ sayêkti kaliwat luwih/ ing dayane jimatmu watu thithikan//

16. Juru tênung lon angucap/ tanpa kasiyat sayêkti/ tanpa daya apa-apa/ rèhning pusakaning kaki/ wajib pinundhi pundhi/ mung mangkono ananipun/ Sang prajurit sru nyêngap/ goroh wuwusira Nyai/ mokal lamun tan ana kasiyatira//

17. Yêkti gêdhe dayanira/ tandhane sira tan mèlik/ marang kèh ing raja brana/ tur dhuwit arupa rukmi/ watu yêkti ngungkuli/ pangajining barana gung/ mokal yèn tanpa guna/ juru tênung lon mangsuli/ tuhu tanpa kasiyat watu thithikan//

18. Wus dèn enggal ulungêna/ prajurit angucap wêngis/ tuhu lamun doracara/ yèn ta pasaja sirèki/ marang sarira mami/ kalakon tugêl gulumu/ juru tênung sru ngucap/ sarwi manjêrêng netyandik/ dikandhani wong tuwa malah daluya//

19. Pan gene sira mangkana/ watu thithikan puniki/ pusaka tinggalan êmbah/ pan duwèk ingsun pribadi/ têka sira kukuhi/ parènèkna de-[12]ne gupuh/ prajurit tan darana/ narik pêdhangira aglis/ Nyai Wêrdha tinigas gulune pagas//

20. Sapisan tan minta tirta/ juru tênung wus ngêmasi/ prajurit suka tyasira/ nulya amilang kang picis/ ingkang binêkta sami/ wontên sèwu kêton langkung/

12 lon@#* 12 lon@#*

21. Samana nulya lumampah/ sang prajurit arsa mulih/ lampahira gumaiban/ tansah singsot urut margi/ glèlang-glèlèng kinardi/ mratandhani sukèng kalbu/ lèmbèhanira malang/ rumasa yèn sugih dhuwit/ datan pisan èngêt marang ing piwulang//

22. Kang padha dadi tuladan/ pan wus kanyataan sami/ yèn wong ambêk sumakèhan/ asring nêmahi bilahi/ saking tingkah pribadi/ kang kaladuk tindakipun/ ladak angidak-idak/ marang sêsamining jalmi/ datan èngêt dhatêng apêsing kawula//

23. Ora langgêng ananira/ mung ngèngêti sugih picis/ ciptaning driya mangkana/ bênêr Gusti Allah iki/ sipat rahman lan rahkim/ sih murah myang dasihipun/ yèn paring kasugihan/ marang dasihe kang miskin/ sayêktine ora k ȇ kurangan marga//

24. Mangkono uga yèn karya/ kamlaratan mring wong sugih/ masa nganti bêbakala/ kabèh sayêkti nêmahi/ tandhane ingsun iki/ maune mlarat kalangkung/ lah sapa ingkang nyana/ samêngko pinaring sugih/ sugih kêton rupiyah ukon kancana//

25. Manawa wus praptèng wisma/ bojo mêsthi tan ngêrti 13 / utawa tan darbe kira/ yèn ingsun anggawa picis/ tur dhuwit êmas ringgit/ wusnya mangkana ing kalbu/ sajroning lumaksana/ tuwuh ciptanira malih/ kang rinasa kanthi sumêlanging driya//

Pupuh V Kinanthi

1. Yèn ingsun banjur ra mantuk/ pêsthi dadi ora bêcik/ manawa wus praptèng wisma/ tan wurung kasuwur sugih/ ing ngêndi panyimpêningwang/ dhuwit mas samene iki//

2. Mangka ta ing sajêg ingsun/ kabèh wus padha mêruhi/ yèn ingsun jalma masakat/ ora gablêg ika iki/ wismaningsun ora pakra/ gêdhèg pating srowong kèksi//

13 bojo mêsthi tan mangêrti @#* 13 bojo mêsthi tan mangêrti @#*

4. Wêkasan ingsun kaurus/ linadèkên mring nagari/ kadangu kamulanira/ dene ingsun sugih picis/ antuk saka ngêndi baya/ pinariksa kongsi sêlsih//

5. Pinancang kaurut-urut/ yèn katitik bêbayani/ ah iku ora kapenak/ yèn ingsun banjur ra mulih/ luwih bêcik ingsun lunga/ mlancong mring liyan nagari//

6. Wusnya makana 14 ing kalbu/ prajurit menggok lumaris/ sumêdya mring liya praja/ wusnya prapteng liya nagri/ yeka Praja Garba Sonya/ rêja rame kèh sujalmi//

7. Kang mêngku nagari iku/ Sri Purba Angkara aji/ kang papan jêmbar malabar/ kèh lêlangên rina wêngi/ prajurit Sura Tantaka/ kalangkung bombonging ati//

8. Ciptaning driya katèngsun/ luwih bêcik anèng nagri/ sayêkti mukti wibawa/ duk samana Sang prajurit/ gya manggèn wismèng pasêwan/ milih kamar kang prayogi//

9. Prajurit pangakênipun/ nêdya nyakècakkên dhiri/ miwah anyêyênêng manah/ karana mêntas nampèni/ wewarisan raja brana/ saka wong tuwa kang mati//

10. Ing saari-arinipun/ tan kêdhat kang dèn lampahi/ amung ngumbar nêpsu hawa/ sakarsa dipun turuti/ tan ana ingkang kacuwan/ sadhengah kang dènsênêngi//

11. Kasêmbadan sêdyanipun/ wit saking tan kurang picis/ wus pindha bangsa ngawirya/ pratingkahe Sang prajurit/ amborong sagung panganan/ ingkang mirasa binukti//

12. Miwah ombèn-ombènipun/ milih ingkang rêgi awis/ kang lêgi sêgêr myang sumyah/ janji kalêganing kapti/ punapadene yèn nyandhang/ kêdah ingkang adipèni//

13. Sanadyan padinanipun/ panganggèn sarwa prayogi/ tan balocok datan arsa/ samubarang angoncani/ myang praptap pratingkahira/ langguk gumêdhe ing dhiri//

14 mangkana #*

14. Kadya wong angaji pupung/ malah kenging dènwastani/ kere mêrangi muludan/ kere mugah 15 bale panti/ marma tan antara lama/ antuk mitra kèh kang prapti//

15. Sadaya sami sinuguh/ sarwi kasukan a-[14]ngênting/ kongsi tinggal duga- duga/ pamrihe amung sakêdhik/ antuka pangalêmbana/ ginunggunga wong berbudi//

16. Siyang ratri ubyang-ubyung/ tan kêndhat tamu kang prapti/ tansah wêwah mitranira/ rumakêt lir kulit daging/ sami muji ngalêmbana/ sapele ingkang dènpamrih//

17. Amung melik cangkêm karut/ tan trêsna prapta ing ati/ Sang prajurit yèn lêlungan/ malancong kathah kang ngiring/ suka-suka lan pra mitra/ gêgujêngan urut margi//

18. Wontên kang nabuh calêmpung/ miwah wontên ingkang nyuling/ tanapi narik piyulah/ rame ginerongan sami/ sarwi anumpak kareta/ pasewan ingkang prayogi//

19. Myang lêlangên liyanipun/ sayuk sami angrojongi/ sakathah ing mitranira/ tan wontên kang nyulayani/ marang tindak bêbêngkrèkan/ kang dahat ambêborosi//

20. Kang dèn ubyungi wus limut/ datan pisan ngèmuti 16 / yèn nilar anak myang somah/ kang mêmêlas anèng panti/ tan mudhêng yèn mitranira/ dènya lulut amung lamis//

21. Tan têrus prapta ing kalbu/ waton mung suka ambukti/ mangka wontên ing bèbasan/ sapira gêdhening wukir/ lamun anggung pinaculan/ lawas-lawas dadi cilik//

22. Luwih manèh kang ginêmpur/ prakara pangan binukti/ gampang bangêt sirnanira/ anaa pirang bêdhati/ mung liniron ing pangompak/ marmanya sami kalair//

15 munggah #* 16 datan pisan angèmuti @#* 15 munggah #* 16 datan pisan angèmuti @#*

24. Sakala mongkok tyasipun/ Sang prajurit myang nyangoni/ mring kang srêgêp ngompak-ompak/ kalangkung sukaning galih/ kang nampani jrèng ganjaran/ kêton amalorog putih//

25. Kajawi saking puniku/ kalanture Sang prajurit/ dènya anggung bêbêngkrèkan/ takèn mring mitranya sami/ ing pundi wontên wanodya/ kang ayu endah ing warni//

26. Kang maksih kênya kumêncur/ kang patut kinarya rabi/ wontên satunggaling mitra/ cariyos langkung patitis/ kalamun Sri Naranata/ kang mêngku ing nagri ngriki//

27. [15]Kagungan putra linangkung/ing warni tan wontên sami/ langkung denya ayu endah/ kulitan ambêngle keris/ jêne muyêg maya-maya/ tan kuciwa tur kênyadi//

28. Sang putri wus mangsanipun/ yèn nambuta palakrami/ kados-kados yuswanira/ sampun gangsal wêlas warsi/ emanipun ing samangkya/ pinucung rinêksèng puri//

Pupuh VI Pocung

1. Sang rêtnayu : piningit tan kênèng mêtu/ munggèng jro prasada/ dêmbagi kang rinêngga di/ datan kenging sadhengah wong malêbua//

2. Kajawi mung : kang rama tuwin kang ibu/ miwah para êmban/ ingkang sami nglêladosi/ marmanira mangkana Sang rêtna ing dyah//

3. Wit pinètu : marang panujuman prabu/ ing rèh jodhonira/ winêca antuk prajurit/ tur prajurit mung bangsa alit kewala//

4. Sang aprabu punapadene kang ibu/ datan parênging tyas/ yèn amung jodho prajurit/ pamêcaning nujum karya cuwaning tyas//

5. Karsanipun Sang Nata myang narpawadu/ rèh namung sajuga/ putra-putri dènkasihi/ pan ginadhang kramantuk putra narèndra//

6. Sami ratu : supaya ing têmbe pungkur/ gumantiya nata/ marmanya dènsaranani/ ingkang putra oncata saking pamêca//

7. Dyan dinulung : ing gêdhong têmbagi luhung/ rinêksèng punggawa/ kang kori sami jinagi/ tur kinunci kalangkung dening santosa//

8. Yata dalu : prajurit dupi angrungu/ ing caritanira/ pra mitra kang sami prapti/ sanalika gambira rasaning driya//

9. Ciptanipun : lah kapriye akal ingsun/ supaya kalakyan/ dhaup lawan sang aputri/ lah saiba nutug sênêngku nèng donya//

10. Sartanipun : tan kakèhan kang kinayun/ wus marêm tyas ingwang/ ora karonèhan pikir/ dadi têntrêm uripku salaminira//

11. Sawusipun : mangkana osiking kalbu/ sakala kasmaran/ prajurit marang sang putri/ ingkang sampun rinungu saking pra mitra//

12. Marmanipun : yèn ratri tan bisa turu/ mung tansah kèngêtan/ mring sang putri kang kawarti/ ayu kênya dhasar putrining narendra//

13. Saya dangu : tan limut mung manggung emut/ mring kusamaning dyah/ kang dahat karya wiyadi/ Sang prajurit kadya wong edan dadakan//

14. [16] Tingkahipun: poyang-paying wayang-wuyung/ wus salin pangrasa/ Sang putri kadya sumandhing/ sapatêmon anèng jro paturonira//

15. Pikiripun : sang prajurit langkung gandrung/ marma sabên dina/ ing wanci sontên pinasthi/ wusnya dandan malancong wahana rata//

16. Kang kinayun midêr munggèng alun-alun/ bokmanawa Sang dyah/ nuju amêng-amêng kèksi/ nanging tuna kang dadya ciptaning driya//

17. Têmahipun mangkyarsa mring taman santun/ tamtu Sang kusuma/ lêledhang ing taman sari/ mariksani puspita munggèng udyana//

18. Ciptanipun : prajurit lan Sang dyah ayu/ wus lami kulina/ samana dupi wus prapti/ sacalaking patamanan tan katingal/

19. Langkung ngungun dene tan ana kadulu/ mirah jiwaningwang/ kang sawang gêbyaring sasi/ Sang prajurit pangrasanira wus têpang//

20. Mring Sang ayu : sajatine dèrèng wanuh/ mung lagya pawarta/ marma pangadhange maring/ Sang kusuma nèng taman datanpa guna//

21. Nulya wangsul : prajurit mring pondhokipun/ sajroning lumampah/ ngrêrêpi saurut margi/ praptèng wisma lir wong nglamong karungrungan//

22. Rangu-rangu ; kapirangu gandrung-gandrung/ ngathik rêrumpakan/ tumuju marang Sang putri/ sêkar mijil kawahya ngandhap punika//

Pupuh VII Mijil

1. Kaya paran sun bisa kapanggih/ pagut sapanwulon/ lan kusuma kang karya wirage/ ewuh têmên gonku anjalari/ mrih antuka margi/ kang luwih pakantuk//

2. Nadyan nganggo ragad pirang ringgit/ tan mundur wak ingong/ janji bisa katêmu saclèrèt/ lan wong ayu kang kalêbu ati/ kumawawa mami/ sru kapengin wêruh//

3. Lan sang putri putraning narpati/ luwih dening elok/ kalakona sêdyaningsun kiye/ putri adi rinêksèng jro puri/ têmah Sang prajurit/ anggung amangun kung//

4. Siyang ratri mung tansah kaèksi/ kang karya wirangrong/ lamun datan kapanggih yêktine/ ora wurung sida angêmasi/ dhuh Sang kusumadi/ wêlasa maringsun//

5. Yèn tan tolèh mring dasih kaswa sih/ kang anggung anglamong/ dhuh pujanku kang sawang widure/ rêtna mirah sêsotyaning bumi/ dulunên pun dasih/ sapanan dèngupuh//

6. Mrih dadia usadaning brangti/ pamurunging layon/ sapa sintên yèn ta-[17]n sira anggêr/ kapinêsthi linabuhan pati/ ing donya ing akir/ pêcating jiwèngsun//

7. Panu biru ingkang munggèng dhiri/ dhuh sun tohi layon/ suket galêng Kusuma nah anggèr/ sun labuhi kongsi rontang-ranting/ arêng kang binêsmi/ nadyan dadi awu//

8. Sêrat ingkang pangimbaling kêmit/ koraka wak ingong/ wus sun têmah makathik nah anggèr/ konang abrang ing tawang wak mami/ kalintang wiyadi/ mirah dasihipun// 8. Sêrat ingkang pangimbaling kêmit/ koraka wak ingong/ wus sun têmah makathik nah anggèr/ konang abrang ing tawang wak mami/ kalintang wiyadi/ mirah dasihipun//

10. Singa tirta tigan kang tipis 18 / ubayaning batos/ sun adari kusuma nah anggèr/

sambêrlilèn ingkang munggèng sabin/ yèn bisa kapanggih/ lan kusumaningrum//

11. Kadang saking garwa saupami/ tan dimpèr agêngong/ yèn mangkene wong nandhang wirage/ kênur kudha caritaning ringgit/ tan kèlar nglakoni/ aweta mangunkung//

12. Sawusira mangkana prajurit/ denya sru wirangrong/ sapolahe kadi tanpa gawe/ malbèng kamar tansah ngolang-ngaling/ anungkêmi guling/ lir pêgat rohipun//

Pupuh VIII Megatruh

1. Enjingira sang prajurit lênguk-lênguk/ linggih nèng kursi pribadi/ tarlè 19 kang ketang ing kalbu/ pan amung kusumèng puri/ kang bisa wèh lara lamong//

2. Datan kêndhat nênuwun marang Hyang Agung/ mugi pinarêngna gampil/ denya darbe sêdya mêngku/ marang kusumaning puri/ kang dadya raosing batos//

3. Datan wignya sayukti dènyarsa pangguh/ katon sajêroning guling/ prajurit linduranipun/ pan mung kusumanèng puri/ wong dhonok kang moblong- moblong//

4. Sang prajurit ambêlêdag ambêkipun/ pradhah prawira berbudi/ mangkya andarbèni kayun/ ngangkah putrining narpati/ sanadyan awrat linakon//

5. Datan mundur ing cipta nêdya kaêsuk/ wus pantês putraning aji/ tinêbasa barana gung/ sarta linabuhan pati/ sayêktine ora elok//

17 daru #* 18 singa tirta tigan ingkang tipis @#* 19 tarlèn #* 17 daru #* 18 singa tirta tigan ingkang tipis @#* 19 tarlèn #*

7. Kêdah mawi sarana dènyar-[18]sa nêmbung/ mrih dadya parênging galih/ myang kathah waragadipun/ saèstu botên sakêdhik/ sêdya mèt putrining katong//

8. Sang prajurit sabên ari kang tinuhu/ wulange wong tuwa nguni/ lamun andarbèni kayun/ sarate kudu nglakoni/ salamêtan aywa tawong//

9. Linampahan wêwarahe para sêpuh/ dêdana myang pêkir miskin/ myang wèwèh pra mitranipun/ ing sabên Jumungah ari/ sidêkahira tan angop//

10. Sami pinèt ing puji pandonganipun/ kang supaya anyawabi/ ing luluse sêdyanipun/ dènya ngangkah mring Sang putri/ aywa na sawiyos-wiyos//

11. Dangu-dangu dupi wus satêngah taun/ dènya mbêkngêbrèh tan mari/ saya ludhês artanipun/ dalah panganggenya sami/ têlas sadaya dènêdol//

12. Tur kalayan rêgi mirah sêlak butuh/ marmanira Sang prajurit/ dumugi ing mangsanipun/ dhawah kamlaratan malih/ wêkasan kari ajomblong//

13. Ewadene maksih tinênggan rahayu/ tindakira Sang prajurit/ sawiyah-wiyah kalangkung/ dènya ambêboros picis/ tan nganggo traju myang bobot//

14. Rahayune tan kongsi prajurit iku/ nandhang utang lawan silih/ dhasar ing watakanipun/ tan sarju yèn utang silih/ kalêbêt prajurit onjo//

15. Apan kongsi kawêdaling wuwusipun/ saturun ingsun ing wuri/ aja na kang duwe laku/ dhêmên utang lan nyênyilih/ wit iku ewoning asor//

16. Luwung nrima ing lair saananipun/ ing batin aywa sah ngukih/ lamak kang sêsaminipun/ pirangbara angungkuli/ ing tekad kudu gumolong//

17. Wus mangkana Sang prajurit sêdyanipun/ ngalih pasewaning panti/ kang mayar prabèlanipun/ têmah nyewa wisma alit/ narimah mung manggèn awon//

18. Anèng ngriku langkung kasangsaranipun/ dene ta ingkang binukti/ ing saari- arinipun/ pakantuk dènira glidhig/ sandhangan wus datan wutoh// 18. Anèng ngriku langkung kasangsaranipun/ dene ta ingkang binukti/ ing saari- arinipun/ pakantuk dènira glidhig/ sandhangan wus datan wutoh//

20. Datan pisan-pisan purun atêtulung/ wit prajurit sampu-[19]n miskin/ makatên ing wontênipun/ wêwatakan jroning bumi/ mung waton antuk kemawon//

21. Awis ingkang ngèmuti sakawitipun/ dènya mêmitran mrih bêcik/ wêkasan pêdhot tan gathuk/ saking tan ayu ing budi/ satêmahan dadi awon//

22. Yata nuju samana ing wanci dalu/ prajurit langkung prihatin/ karana ari puniku/ nuju lagya nandhang sakit/ dadya tan tumindak buroh//

23. Awak cape amung anggoloso turu/ têmah tan antuk rijêki/ kapêksa ngruntuh anggruguh/ saking tan ana binukti/ mangka jampining kalêson//

24. Sang prajurit dahat nalangsa ing kalbu/ wisma ingkang dèndunungi/ tanpa dilah nênggih amung/ pêtêngan sakêthi sêdhih/ nandhang lakon kang mangkono//

25. Raosing tyas sumpêg lir nglalu yun lampus/ wus tan darbe ika iki/ kapèpèd 20

mung arsa udut/ bêgja maksih andarbèni/ klobot salêmbar lan bako//

26. Gya lininting wusnya dadi acêngangus/ dene tan darbe rêk api/ cilaka têmên wak ingsun/ sabobote arsa bukti/ pamarêman kukus rokok//

27. Têka ora kalakon ing sêdyanipun/ lah kapriye polah mami/ yèn kabanjur angaluntung/ samana êngêt ing galih/ thithikan ingkang ginèmbol//

28. Gya ingambil tujune maksih kang kawul/ sela thinithikên aglis/ sapisan panithikipun/ gumêbyar padhang kaèksi/ tan antara kang sagawon//

29. Sanalika dhatêng munggèng ngarsanipun/ prajurit tan darbe budi/ sakêcap tan wignya muwus/ saking dahat dènira jrih/ mring sona ingkang ginamboh//

Pupuh IX Gambuh

1. Panarkane ing kalbu/ praptaning sodarsa malês ukum/ ing wêkasan sona matur kadi jalmi/ cêtha tètèh têmbungipun/ mangkana ingkang wiraos//

20 kapèpèt #* 20 kapèpèt #*

3. Bênêr panarkaningsun/ watu thithikan jimat pinunjul/ dene gêdhe dayane ngebat-ebati/ wêkasan alon amuwus/ èh wruhanira sagawon//

4. Marmane sira iku/ sun timbangi mêngko karsaningsun/ [20]anjupukna dhuwit ingsun ingkang kari/ anèng growongan gurda gung/ dènenggal aturna mringngong//

5. Sakala musna sampun/ punang sona datan dangu wangsul/ sarwi nyokot kanthong rajut kêbak picis/ katur ing bandaranipun/ kang prajurit sukèng batos//

6. Wusnya nampani muwus/ dhuwit ika têmbaga sadarum/ ya pan gene sira nora ngambil picis/ kang rupa salaka iku/ tutawa 21 dhuwit mas kêton//

7. Ponang sona umatur/ apan dede bêbageyan ulun/ wang salaka ingkang awajib anjagi/ sona ing kalih puniku/ wang êmas kang pinitados//

8. Sona kang kaping têlu/ bilih arta têmbagi saèstu/ kula ingkang darbe bêbahan anjagi/ marma duk amba angrungu/ timbalan lajêng sumaos//

9. Sang prajurit gya muwus/ lah kapriye ing pratikêlipun/ lamun arsa ngundang asu kang ping kalih/ utawa asu ping têtu 22 / kang kinantya matur alon//

10. Mugi sampun kalimput/ lamun karsa nimbali pukulun/ dhatêng dasih sona ingkang kaping kalih/ ping kalih panithikipun/ ing sela yêkti sumaos//

11. Lamun nithik ping têlu/ sona ingkang kaping tiga tamtu/ dhatêng ngadhêp ing ngarsa paduka Gusti/ Sang prajurit duk angrungu/ ing tyas kalangkung cumêplong//

12. Têtela ingkang watu/ tuhu ratuning jimat pinunju/ ing samangkya wêwadosira kang gati/ Sang prajurut 23 wut sumurup/ sami rinêgêm ing batos//

21 utawa #* 22 têlu #* 23 prajurit #*

13. Wusnya mangkono laju/ nithik sela ping kanglih 24 tan dangu/ sona ingkang ping kalih wus praptèng ngarsi/ matur punapa pukulun/ karsa tuwan kang ginatos//

14. Dene nimbali ulun/ Sang prajurit asru wuwusipun/ dipunenggal manira jupuka dhuwit/ salaka sakanthong rajut/ pêrlu kanggo nêbas uwos//

15. Sakala musna sampun/ ponang sona datan dangu wangsul/ sarwi nyakot kadut kêbak dhuwit putih/ katur ing bandaranipun/ prajurit nampani gupoh//

16. Nulya nithik ping têlu/ sona ingkang katiga prapta wus/ dhinawuhan kinèn ngambil arta rukmi/ gya musna tan dangu wangsul/ sarwi nyako-[21]t kanthong bagor//

17. Mèsi arta mas pênuh/ kêton ukon rupiyah mas katur/ katur sampun tinampèn dening prajurit/ arta pintên-pintên karung/ ngurupkên kêrtas ginembol//

18. Kalangkung sukanipun/ mênging driya ngungkuli kang sampun/ ingkang sona sami kinèn wangsul nuli/ pribadi mring dunungipun/ duk samana cinariyos//

19. Prajurit sêdyanipun pindhah wisma pasewan lênipun/ wit rinasa wus kaconggah mrabeyani/ samana wus ngalih dunung/ milih wisma kang kinaot//

20. Gêdhong agêng tur luhur/ myang jêmbaring papan sampun cukup/ gya bêborong bêkakas pirantos panti/ kang èdipèni tinuku/ rêrênggan asrining wangon//

21. Sandhangan sarwi luhur/ tumbas rata sarakitanipun/ Sang prajurit wus darbe abdi lan kusir/ langkung mulya gêsangipun/ lir ratu mêngku kadhaton//

22. Dene bebudènipun / sampun ewah tan kadi rumuhun/ datan karsa baladhak bêboros picis/ kadi ingkang sampun-sampun/ kang sarta èngêting batos//

23. Mring para mitranipun/ datan ana kang ambêk rahayu/ lawan malih èngêt kalamun wong urip/ saya angunduri sêpuh/ tan wurung prapta ing layon//

24. Lamun maksih lêstantun/ bêbêngkrèkan ngumbar hawa napsu/ Sang prajurit ajrih Sêsikuning Widi/ duraka ingkang pinangguh/ kang mangkono ora ilok//

24 kalih #* 24 kalih #*

26. Mênggah isaratipun/ wong memitran mrih asih lêstantun/ ingkang lumrah mung ngarah pakolih/ sayêk tan bisa lulus 25 / yèn tan timbang ing têtêkon//

27. Samana sêdyanipun/ Sang prajurit mêmitran wong sêpuh/ kang supaya lamak sêpuh ing pamanggih/ samangke wus ragi lumuh/ mêmitran lawan wong anom//

Pupuh X Sinom

1. Sanadyan mitran wong wêrdha/ sayêkti kanthi pamilih/ kang ambêk santa utama/ kang mêngku kawruh linuwih/ supadya anyawabi/ piwulang amrih rahayu/ ingkang gampang tinampan/ wus nya mangkana prajurit/ ciptaning tyas kuciwa dènira dhudha//

2. Sumêdya ngupaya krama/ sampun kamanah prayogi/ kathah [22] pakantuk ing krama/ sapisan têntrêming ati/ kaping kalih nuntuni/ jênak anè 26 wisma tutut/ dene kang kaping tiga/ sayêkti bisa sumingkir/ anyingkiri mring awon pasuning karsa//

3. Lamun andarbèni garwa/ wontên ingkang anggondhèli/ tan kenging sakarsa- karsa/ nadyan panjênêngan aji/ sayêkti darbe ering/ dhatêng garwa kangjèng ratu/ anggèn gunaning garwa/ saya yèn pinuju sakit/ garwanira kang wajib amulasara//

4. Wusnya adarbening cipta/ mangkana wau prajurit/ dumadakan emut marang/ Sang putri-putrèng narpati/ ngudaraosing batin/ apa ta kuciwanipun/ upama raganingwang/ mêngku putrining narpati/ nadyan ora lamak kalawan wak ingwang//

5. Ingsun uga wus rumasa/ kalamun wong rabi putri/ nyunggi lumpang kêntheng sela/ yêkti abot angluwihi/ nanging lamun wak mami/ sarwa sêmbada

kayun 27 / sarta manèh sun wêlas/ marang kusumaning putri/ wus wayahe nambut silaning akrama//

25 sayêkti tan bisa lulus @#* 26 anèng #* 27 sarwa kasêmbadan kayun @#*

6. Awit putri wis diwasa/ piningid 28 gêdhong têmbagi/ rinêksa tan kêna mêdal/ apa ora bangêt sêdhih/ yêkti kapengin mijil/ nyênyênêng panggalihipun/ sumurup padhang hawa/ wusnya mangkana prajurit/ santun malih kang dadya raosing driya//

7. Lah mungguh pêrlune apa/ awak ingsun rabi putri/ apan wus akèh tuladhan/ abote wong rabi putri/ marga dudu sêsami/ tan lamak darajatipun/ akèh prakaranira/ rèwèle maneka warni/ kang sapisan sok ngadi-adi ing karsa//

8. Kapindho sok gêlêm ngina/ mring wong lanang dupèh cilik/ ping têlu kudu wibawa/ ing karya mung anggêdhingkring/ yèn mangkono wak mami/ kalêbu bêbasanipun/ nyêngka pangawak braja/ amêngku dudu sêsami/ kang mangkono têmahane tan kapenak//

9. Luwih bêcik sun ngupaya/ rabi kang padha wong cilik/ supaya sênêng tyas ingwang/ ora kagêdhèn pamikir/ kang sarta ora kongsi/ dadi pocapan lènipun/ yata wusnya mangkana/ Sang prajurit èngêt malih/ ing nalika kasmaran mring Sang kusuma//

10. Sakala asalin cipta/ nêdya nyampurnakên kapti/ samêngko sun kudu nekad/ ngarah putrine sang aji/ tiba bêcik tan bêcik/ gumantung ing kabêgjanku/ yèn

bisa kasêmbadan/ wong pri[23] wajib darbèni 29 / panguwasa mulang muruk marang garwa//

11. Dadi ora katanggungan/ ingkang wis ingsun lakoni/ dhasar ing saiki lagya/ ginanjar bêgja wak mami/ marang kang maha suci/ sugih dhuwit kancana gung/ lah apa alanira/ yèn ingsun arabi putri/ bokmanawa katarik ing bêgjaningwang//

12. Sang prajurit rambah-rambah/ dènya nênimbang pamikir/ mêksa yun mangangkah garwa/ dhatêng sang kusumèng puri/ tinimbang mundur isin/ aluwung maju misuwur/ wong lanang kang prawira/ wani ngalah rabi putri/ wus mangkana gya mêndhêt sela thithikan//

13. Tandya tinithik sapisan/ sakala kang sona prapti/ Sang prajurit sigra ngucap/ èh sona sira dèn aglis/ ingsun jupukna putri/ putrane ratu kang mêngku/ ing

28 piningit #* 29 wong priya wajib darbèni @#* 28 piningit #* 29 wong priya wajib darbèni @#*

14. Sona sanalika musna/ gya prapta anggendhong putri/ maksih kapati anendra/ Sang kusuma tanpa nglilir/ saking sêktining anjing/ wignya akarya tan wungu/ prajurit duk tumingal/ dhatêng citranya Sang putri/ sanalika angganira tanpa polah//

15. Gumêtêr lir kênèng roga/ sumaput kadya wong gingsir/ saking eram dènya mulat/ marang warnane Sang putri/ tuhu endah rêspati/ samana dupi wus emut/ sirna sumaputira/ anggagas sajroning galih/ saupama sun ninggala tatakrama//

16. Datan wurung gawe gêndra/ gègèr nagari ing ngriki/ kaya paran awak ingwang/ wusanane kang pinanggih/ mangka ta ingsun iki/ wis rumasa anèng purug/ wong nêka angumbara/ dadak gawe tindak sisip/ luwih bêcik sun sabar sarèh ing driya//

17. Aywa ge nuruti hawa/ napsu kang kurang prayogi/ upama wong amèk iwak/ ywa ngakti 30 buthêk kang warih/ bêcik kang maksih bêning/ iwake kêna jinupuk/ mangkono kang prayagi/ Sang prajurit nulya angling/ èh ta sona Sang putri iki balèkna//

18. Marang jro gêdhong têmbaga/ sanalika Sang aputri/ winangsulkên myang prasada/ maksih sare kadi nguni/ wau ta Sang prajurit/ sapêngkêripun dyah ayu/ kadadak manah ewah/ pratingkahnya lir wong baring/ sru aniba angrukêbi turonira//

19. Datan dangu lajêng mênyat/ niba [24]pagulingan malih/ ngolang-ngaling polahira/ lir sata lagya mèmèti/ sadalu tanpa guling/ mung kèmutan ingkang wangsul/ dhatêng gêdhong têmbaga/ kadya sinusul tumuli/ saking datan kêlar nandhang brangtanira//

20. Yata ingkang cinarita/ enjingira Sri Bupati/ têdhak saking liyan garwa/ tuwi ing putra sang putri/ dhatêng gêdhong têmbagi/ kadya adat ingkang sampun/

Sang Natar 31 sesarapan/ sarêng lan putra Sang putri/ miwah ingka 32 garwa sami kêkêmbulan//

30 nganti #* 31 nata #*

32 ingkang #*

21. Ngunjuk wedang miwah dhahar/ rêmikan kang adi-adi/ ing adhêp para parêkan/ ngladosi ingkang kinapti/ salêbêting ambukti/ samana kusumaningrum/ ririh matur ing rama/ ing rèh supêna ing ratri/ sariranya ginondhol ing sona ajag//

22. Gêngira sami lan sima/ lajêng pinanggihkên maring/ prajurit angulandara/ Sang Nata duk amiyarsi/ tuwin Sang Prameswari/ datan kapita ing kalbu/ kalangkung dukanira/ kèndêl dènya dhahar sami/ kang ginawok amung supêna ing putra//

23. Sang nata ciptaning driya/ dudu sabaening ngimpi/ cocog lan pamêcanira/ nujum jodhoning nak mami/ bakal antuk prajurit/ andoradasihi iku/ Sang nata dhawuh sigra/ dhumatêng êmban kèkasih/ sabdanira karya kingkining wardaya//

Pupuh XI Asmaradana

1. Èh êmban ingsun jatèni/ lah ta iku gustinira/ ing mau bêngi ature/ ngimpi ginondholing sona/ winawuhakên lawan/ prajurit ngambareng purug/ bangêt mêjanani mring wang//

2. Marmane dèn ngati-ati/ gonira rumêksa marang/ putraningsun anèng kene/ sira aja nganti nendra/ injênên kang pramana/ ing mêngko bêngi kalamun/ ana kang wani nênêka//

3. Waspadakna dèn patitis/ kang têka arupa apa/ enggal lapura maring wong/ êmban ingkang dhinawuh 33 / nêmbah matur sandika/ angsala barkah pukulun/ kawula sagêd rumêksa//

4. Gya lajêng dènya ambukti/ Sang nata myang garwa putra/ sawusnya pragad dhahare/ laju jêngkar angadhatyan/ wus praptèng dalêm pura/ amung ingkang putra kantun/ munggèng jro gêdhong têmbaga//

5. Sang Nata mya 34 premèswari/ tan sakeca raosing tyas/ ing rèh kang putra Sang sinom/ yèn kongsiya katê-[25]mahan/ lir nujum wêcanira/ sayêkti akarya kusut/ marma Sri nawung sungkawa//

33 êmban ingkang dhinawuhan @#* 34 myang #* 33 êmban ingkang dhinawuhan @#* 34 myang #*

7. Tandya sumingiting sêpi/ supadya nyumêrêpana/ bok manawa ana katon/ kadya wong sampun winarta/ supênanira Sang dyah/ duk wanci ing têngah dalu/ sona aji galih prapta//

8. Sakalangkung agêng inggil/ mripat satrêbang gumêbyar/ tuhu ngajrihi dhapure/ praptanya tanpa sabawa/ kadya jim nyènyèluman/ punika pakartinipun/ prajurit Sura Tantaka//

9. Punang sona sigra manjing/ anjujug ing pasareyan/ Sang putri ginondhol age/ bok êmban dupi tumingal/ mring sona ikang prapta/ singunên tan wigya muwus/ saking sangêt ajrihina//

10. Dupi sona sampun mijil/ saking jro gêdhong têmbaga/ lagya ical sumêlange/ wêkasane katut wuntat/ bok êmban arsa wikan/ mring ngêndi paraning asu/

kinondhol 35 sapurugira//

11. Lampahnya sang sona ririh/ alon sarwi ngarah-arah/ supaya kang lagya sare/ lulusa kapati nendra/ kongsi praptèng sasana/ aja nganti kagèt wungu/ samana wus praptèng wisma//

12. Ing pondhokaning prajurit/ Sang putri laju binêkta/ manjing jro wisma sinèlèh/ alon ririh patrapira/ prajurit sukèng driya/ bok êmban ing jawi kantun/ apan sarwi dharodhogan//

13. Saking sangêt dènira jrih/ sumêlang bok kadênangan/ marma primpên pangintipe/ datan dangu punang sona/ sinung sasmita mêdal/ ambêkta Sang dyah winangsul/ dhumatêng gêdhong têmbaga/

14. Bok êmban sampun patitis/ dènya maspadakên tingkah/ wus kacêpêng wêwadine/ kalamun kusumaning dyah/ tinêpungakên lawan/ mung priya anom nèng ngriku/ ingkang amêngkoni wisma//

15. Kang darbe pokal tan bêcik/ ngrusuhi marang Sang rêtna/ wusnya mangkana ciptane/ mêngko lamun wus raina/ ingsun matur Sang Nata/ prayogane omah iku/ sun dokokane têngêran//

35 ginondhol #* 35 ginondhol #*

17. Kori wismaning prajurit/ gya cinirèn kapur mrapat/ nulya angodhog lampahe/ sagawon samarga-marga/ bok êmban karya tandha/ angècèr-ècèr kang kapur/ sagung ingkang winêdalan//

18. Punang sona sampun prapti/ gya manjing gêdhong têmbaga/ Sang dyah wus sinarèkake/ jroning tilam lajêng nendra/ tanpa nglilir samana/ punang sona nulya wangsul/ bok êmban nyalimpêt prapta//

19. Rèhing wanci maksih ratri/ dadya datan wara-wara/ mring para êmban kancane/ andharêsêl tumut nendra/ yata wau kocapa/ sagawon duk praptèng wangun/ kagèt dènira tumingal//

20. Dene ta korining panti/ katon putih amêrapat/ kadya têtêngêr isthane/ punang sona tur uninga/ marang bandaranira/ Sang prajurit duk angrungu/ sigra mêdal saking cipta//

21. Niti pariksa ing jawi/ kang kori kinapur mrapat/ têtela ing paningale/ Sang prajurit anggraita/ iku tandha têngêran/ sapa kang têngêri iku/ baya sona tinut wuntat//

22. Wusnya mangkana prajurit/ ing wanci dalu gya mêdal/ sarta ambêkta kapure/ sakathahe lawang wisma/ kang cêlak dunungira/ sami pinrapat ing kapur/ warata sakèhing tangga/

23. Pamrihe yèn dèn upadi/ tan kantên awisma ingkang/ kinarya nyimpên Sang sinom/ bingunga kang niti priksa/ yata wau bok êmban/ byar enjing marak Sang prabu/ ngaturkên l ȇ lakonira//

24. Kang pinanggih duk ing ratri/ ing purwa madya wusana/ sampun katur sadayane/ Sang Nata duk amiyarsa/ kalangkung dukanira/ sigra dhawuh Sang aprabu/ nimbali ajidenira//

25. Tan dangu prapta ing ngarsi/ kinèn andhèrèk Sang Nata/ karsa têdhakan wiyose/ sarimbit kalawan garwa/ wigati amariksa/ ingkang kadya aturipun/ êmbaning rumêksèng putra// 25. Tan dangu prapta ing ngarsi/ kinèn andhèrèk Sang Nata/ karsa têdhakan wiyose/ sarimbit kalawan garwa/ wigati amariksa/ ingkang kadya aturipun/ êmbaning rumêksèng putra//

Pupuh XII Mijil

1. Wus waspada dènya mariksani/ mring kori ing wadon/ mawa têngêr marapat pathane/ [27]gya bêbisik maring pramèswari/ pangirèngsun pêsthi/ iku dunungipun//

2. Wong kang dosa ngrusuhi nak mami/ sori matur alon/ dhuh pukulun ing galih dèn sarèh/ awit griya ingkang cêlak ugi/ korinipun sami/ pinrapat ing kapur//

3. Dados dèrèng kantênana panti/ pundi kang sayêktos/ dunungipun tiyang kang nyaruwe/ putra tuwin awit sagung panti/sami mawi ciri/ bok ngantos kalèntu//

4. Têmah badhe ngudhal-udhal wadi/ saru yèn ta wartos/ ingkang langkung prayogi ing mangke/ botên èstu anitipi panti/ aluwung Sang aji/ kondura rumuhun//

5. Pados budi kang langkung pramati/ amrih sampun ngantos/ ngaping kalih damêl panyepênge / dhatêng tiyang kang darbe pakarti/ dosa mring Sang aji/ wau ta sang prabu//

6. Duk miyarsa aturnya Sang sori/ alêrês rinaos/ sigra kondur kalawan sorine/ mung ajidèn satunggal kang ngiring/ sampun praptèng puri/ yata narpa wadu//

7. Sampun antuk wênganing pambudi/ karya sutra kanthong/ kêbak ngisèn ing wiji sawine/ sinung tali lir kalung rêspati/ ingkang ngandhap sami/ binolong sadarum//

8. Amrih wiji sagêd kocar-kacir/ tan katawis tinon/ yata sampun ratri ing wancine/ Narpa wadu nyalêngêp nêdhaki/ kang putra wus guling/ kinalungan sampun//

9. Sona kondur yata kang winarni/ praptaning sagawon/ gya ginondhol Sang dyah maksih sare/ tinêpangkên lawan Sang prajurit/ nèng sajroning ngimpi/ kadya ingkang sampun// 9. Sona kondur yata kang winarni/ praptaning sagawon/ gya ginondhol Sang dyah maksih sare/ tinêpangkên lawan Sang prajurit/ nèng sajroning ngimpi/ kadya ingkang sampun//

11. Kongsi praptèng panti don prajurit/ dadya tandha maton/ purugipun kang sona jujuge/ wusnya enjing Sang kusumèng puri/ matur ing rama ji/ kang pinanggih dalu//

12. Sri Narendra sigra animbali/ ajidan sumaos/ praptèng ngarsa dhinawuhan age/ kinèn nganthi punggawa prajurit/ titikên dèn titis/ saparaning asu//

13. Anuruta ing wiji sesawi/ kang kècèr sing kanthong/ kongsi prapta ing ngêndi andêge/ yèku dununge kang mêjanani/ mring sarira sami/ cêkêlên dèn gupuh//

14. Lamu- [28]n budi sira sêmbadani/ yèn bangga linayon/ kang sinabdan mangkat sarowonge/ sarwi nithik kang wiji sêsawi/ têlas ingkang wiji/ praptèng dunungipun//

15. Sang prajurit ingkang sêdyani lit/ dhatêng Sang lir sinom/ gya rinêncak winiyungyun akèh/ Sang prajurit wus tan bisa budi/ katuring Sang aji/ kinunjara sampun//

16. Karsa pinatrapan ukum pati/ ginantung mrih layon/ dimèn padha dinulu ing akèh/ dosanira dene wani-wani/ sêmbrana mring putri/ putrane Sang prabu//

17. Sakalangkung dènira prihatin/ sang sarêng lêlakon/ tilas mukti wibawa adate/ sabèn ari dèn adhêp kang abdi/ lamun arsa guling/ mujung munggèng kasur//

18. Kêmul kamli amba dawa rêsik/ angêt bisa ngorok/ mangke têmah mangkene dadine/ kinunjara yèn ing wayah ratri/ tanpa dilah sêdhih/ pêtêngan sadalu//

19. Mung angglethak ing jrambah yèn guling/ kalangkung rêkaos/ tangan kalih kinêcek ing rante/ Sang prajurit siyang dalu nangis/ datan doyan bukti/ datan bisa turu//

20. Saking sangêt ngraosakên sêdhih/ dènya manggih lakon/ kasangsara ing batin ciptane/ lah mangkene dadine wong urip/ ingkang anungukti 36 / ngumbar hawa napsu//

36 ingkang wus ambukti @#* 36 ingkang wus ambukti @#*

22. Mungguh apa pêrlune wak mami/ sru kapengin momong/ putra ratu dudu salamake/ apa kurang pawèstri kang bêcik/ anake wong sugih/ sudagar kang agung//

23. Yêkti mokal kalamun tinampik/ upama sun dhodhog/ sun takonke marang wong tuwane/ padhang têrang kang kalawan bêcik/ dhasar sugih dhuwit/ tamtu pinèt mantu//

24. Apadene kabèh wis mangêrti/ lamun awakingong/ sugih dhuwit balaba awèwèh/ jêbul dadak nyalèwèng ing kapti/ ngarah rabi putri/ wêkasan kasluru//

25. Tumiba ing cilaka wak mami/ dadi raganingong/ kêna yèn kaparibasakake/ cebol pêksa anggayuh kang langit/ tan rumasa mami/ maune wak ingsun//

26. Luwih mlarat tanpa ika iki/ mung manggung rêkaos/ barêng sinung kamurahan mangke/ dening Allah kang mur-[29]bèng dumadi/ dadak salin kapti/ andhandhang kumlungkung//

Pupuh XIII Dhandhanggula

1. Yèn bênêre kudu angèlingi/ ingsun turun wong cilik kewala/ narima ing sadrajate/ pan gene nganggo gêndhung/ ngangsa-angsa murka ing kapti/ upama wong meminta/ angrogoh rêmpêlu/ wus kasinungan sakilan/ dadak mrèntèk anjaluk sadhêpa malih/ liwat luwih kêthaha//

2. Ing wêkasan mangkene pinanggih/ kasangsara ing lêlakoningwang/ nuruti napsu tan sae/ têmah dadi kaduwung/ pikir rumaksa wak kang tampi/ nandhang sangsaranira/ gêtun wis kabanjur/ prajurit wusnya mangkana/ nulya èngêt mring kang anjalari sugih/ tan liya saking sona//

3. Bokmanawa bisa mitulungi/ ing luware kasangsaraningwang/ nulya grayangi kanthonge/ madosi jimatipun/ ingkang sela thithikan sêpi/ dangu panlusurira/ sela tan pinangguh/ wusana èngêt yèn sela/ kantun wontên ing griya sinèlèh mungging/ ngandhap bantaling tilam//

4. Sang prajurit ing tyas langkung kingkin/ lah ta priye iki akalingwang/ dene mangkene dadine/ wong lagi nandhang kojur/ sapolahe kudu tan bêcik/ pama 4. Sang prajurit ing tyas langkung kingkin/ lah ta priye iki akalingwang/ dene mangkene dadine/ wong lagi nandhang kojur/ sapolahe kudu tan bêcik/ pama

5. Pancèn lagi apês awak mami/ ora kurang margane sangsara/ makatên ing pamupuse/ nanging prajurit wau/ taksih darbe tilas utami/ dènya Sri kêkêmpalan/ dhatêng para sêpuh/ mèt wulang ingkang prayoga/ ciptaning tyas sumêdya ngrasuk agami/ dadya amung narima//

6. Dènya nandhang prihatin ing batin/ sru nalangsa munggèng jro kunjara/ èngêt ing guru wulange/ bêgja cilaka iku/ wus pinasthi dening Hyang Widi/ sakèhing makluking Hyang/ kang urip sadarum/ wus pinanci pancènira/ sadurunge manusa lair nèng bumi/ pêpêsthèn wus tumiba//

7. Marma ana paribasan rungsit/ dhingin pinasthi anyar pinanggya/ punika mangka cihnane/ sawusira kadyèku/ ing pamanggihira prajurit/ karaos sinung padhang/ ing manah narawung/ ciptanya pêrlune apa/ nganggo susah angrusak kuthaning pêsthi/ kang wus kinondrating hyang//

8. Samubarang tan bisa gu-[30]mingsir/ lamun ingsun nyelaki lêlakyan/ prasasat nampik têgêse/ mring karsaning Hyang Agung/ sapira ta duraka mami/ marma prayoga pasrah/ jiwa raga katur/ lawan tawêkêling driya/ ing nalika lagi nandhang susah ati/ suka sukuring sukma//

9. Pinaringan nikmat dening Widi/ eya Allah ya robi kang sipat/ ing rohman lawan rohkime/ mugi amba pukulun/ pinaringan apurèng Widi/ sagung ing dosa amba/ dhuh nyuwun linêbur/ sampun ngantos kapêpancang/ ulun Gusti tan kuwawi anglampahi/ gêsang kanthi sangsara//

10. Wusnya mangkana wau prajurit/ lagya sagêd tilêm nèng kunjaran/ ragi abrit guwayane/ ananging dèrèng purun/ nêdha sêkul cadhong ing bukti/ tansah mung munêk ing tyas/ yata kang winuwus/ ing siyang jam kalih wêlas/ juru rangsum prapta anyadhongi bukti/ sagung kang kinunjara//

11. Sang prajurit alon dènira ngling/ sarwi nêdhahakên sêsupe mas/ intên lami maripate/ gumêbyar sorotipun/ lah punika supe pangaji/ sèwu sêmat salaka/ yèn andika purun/ mitulungi mring kawula/ kang saèstu supe kawula puniki/ katura jêng andika//

12. Juru rangsum alon amangsuli/ sira arsa jaluk tulungana/ Sang prajurit lon ature/ kawula nyuwun tulung/ kapêndhêtna gadhahan mami/ warsi sela thithikan/ anèng wisma kantun/ sumèlèh ing ngandhap bantal/ kapundhuta dhatêng rencang kula inggih/ ingkang atêngga wisma//

13. Botên saking adine kang warni/ sela kula thithikan punika/ amung saking tilarane/ tiyang sêpuh kang pungkur/ wajib lamun pinundhi-pundhi/ makatên wigatinya/ ngèstokakên dhawuh/ pusaka saking sudarma/ ing suraos mrih kêmpal mring kang nilari/ makatên wosing sêdya//

14. Juru rangsum saklangkung kapengin/ aningali kang supe kancana/ kang kangge epah badhene/ wêkasan juru rangsum/ sagah badhe amitulungi/ prajurit panêwanya/ yata kang winuwus/ nujwari giliranira/ juru rangsum datan kalêpasan jagi/ rangsuming pakunjaran//

15. Nulya mentar mring wismèng prajurit/ enggalipun cariyos kaalap/ kang sela panithikane/ kabêkteng juru rangsum/ tinampekên maring prajurit/ kalangkung sukanira/ sira juru rangsum/ [31]tampi epahan supe mas/ mripat intên nulya rêrikatan mulih/ wau ta cinarita//

16. Sang prajurit dupi anampèni/ sakalangkung suka ciptaning tyas/ bokmanawa ing samangke/ asu bisa têtulung/ angluwari cilaka mami/ samana praptèng mangsa/ ari kang tinamtu/ ginantung kang karya sona/ kathah ingkang sami prapta yun ningali/ saking dhusun myang manca//

17. Ngalun-alun kêbak isi jalmi/ wus binaris kupêng tumbak ligan/ rame gumuruh swarane/ panggantungan myang dhadhung/ Mandaraka ingkang angrukti/ saradhadhu samêkta/ baris bêdhil agung/ rame tinarung tabuhan/ tambur miwah salomprèt mungêl mêlingi/ para priyayi praja//

18. Sampun pêpak kêmpal sami jagi/ Sang Narendra têdhak amariksa/ munggèng ing panggung lênggahe/ nunggil jêksa pangulu/ wus sinawang ingkang piranti/ andhaning panggantungan/ ingadêgkên sampun/ munggèng madyaning bacira/ wus sadhiya nèng ngandhap gantungan sami/ rame swaraning jalma//

19. Sang prajurit wus binêkta mijil/ dening para saradhadhu kathah/ saking kunjaran rinante/ kinêcèk tanganipun/ kinudhungan ing mori putih/ sampun praptèng bacira/ kainggahkên gupuh/ munggèng luhur panggantungan/

Mandaraka gya nyêpêng kêndhat dupi 37 / arsa pinatrapana//

20. Ing gulune wau Sang prajurit/ gya wicantên dhatêng Mandaraka/ kawula nyuwun sumêne/ badhe darbèni atur/ ing Sang Prabu namung sakêdhik/

37 Mandaraka gya anyêpêng kêndhat dupi @#* 37 Mandaraka gya anyêpêng kêndhat dupi @#*

21. Nyuwun lilah ing paduka Gusti/ ulun badhe ngaso sês sakêdhap/ wus kaparêng panyuwune/ prajurit sampun sinung/ klobot sata nulya lininting/ duk arsa pinaringan/ latu kangge udut/ prajurit alon turira/ botên sisah ulun pinaringan api/ karana sampun gadhah//

22. Latu 38 sela thithikan puniki/ dhawuh nata kinèn nyarantèkna/ dènya udut sarampunge/ kang tampi dhawuh prabu/ pra punggawa sarèh ing kardi/ prajurit wus kalilan/ denirarsa udut/ sakala lêga tyasira/ sigra ngambil kang sela nulya thinithik/ sapisan jlêg kang prapta//

23. Sona ingkang sapisan gya nithik/ kaping kalih tandya jlêg kang prapta/ sona kang kaping kalih-[32]e/ nithik kang kaping têlu/ sona katri jlêg ingkang prapti/ sadaya kaget mulat/ tanpa bisa muwus/ singunên wulu dhapurnya/ ingkang sona gêng inggil angêgirisi/ tiga sujud sadaya//

24. Munggèng ngarsanira Sang Prajurit/ samya ebat sagung kang tumingal/ dene buron apa kuwe/ punang sona umatur/ wontên karsa nimbali dasih/ sumangga kadhawuhna/ paran kang kinayun/ prajurit sru wuwusira/ marma sira katêlu ingsun timbali/ padha sumurupana//

25. Lamun ingsun ing sadina iki/ yun kaukum gantung praptèng kisas/ dening ratu praja kene/ belanana wakingsun/ sona katri duk amiyarsi/ sigra mancolot mêsat/ saking ngarsanipun/ prajurit ngamuk katiga/ Mandaraka rumiyin kang dènpêjahi/ mungkur nrajang barisan//

Pupuh XIV Pangkur

1. Saradhadhu myang punggawa/ sru kinêrêk palihan kang ngêmasi/ bubar sarsaran sumawur/ rame sambating jalma/ kang umiyat pating bilulung lumayu/ giris mulat krowanira/ sona ngrampêt mêmatèni//

2. Samya nglêsa ngungsi gêsang/ Sri Narendra bêngok-bêngok mring dasih/ mundhut tulung mrih binantu/ sêlak katubruk sona/ ingkang agêng piyambak ingkang ngarêmus/ katung kaki nrubut tiga/ Sri Narendra wus ngêmasi//

38 watu #* 38 watu #*

4. Nadyan kinocok ing braja/ myang udanan kinggar miwah jemparing/ yêkti tanpa karya iku/ sona kadya nyèluman/ cat katingal cat musna datan kadulu/ marma sagunging pra wadya/ sami lumayu anggêndring//

5. Tan tolèh ing ratunira/ nanging sona maksih nêsêr mangusir/ kathah ingkang nandhang tatu/ sangsara winasesa/ dening sona tan ana kang têguh timbul/ pêjahipun warna-warna/ wontên kang kêsandhung mati//

6. Wontên kang kidak ing kanca/ kang sawênèh dhawah kajlungup mati/ nahanta ingkang winuwus/ patih pengagêng praja/ malajêng ngingis angrêngkul ing jêngku/ mring prajurit angrêrêpa/ kula nyuwun gêsang sami//

7. Sakanca têluk sadaya/ botên nêdya boga pasrah nagari/ sumangga katur pukulun/ namung panyuwun amba/ mugi-mugi wontêna-[33]sih kang dhumawuh/ supados kèndêl kang sona/ dènya ngamuk nêniwasi//

8. Manawa lulus kauja/ botên wandha têlas tiyang sanagri/ satêmahan praja suwung/ manawi ngantos sonya/ dhuh ta sintên kang dènratoni puniku/ yèn tan wontên pra kawula/ tan ngadêg karaton aji//

9. Praja têmah dados wana/ margi saking tan wontên kang mêlasi/ risaking pra kawula gung/ prajurit duk miyarsa/ ing ature Sang patih lêrês kinalbu/ saksanama ngambil sigra/ kang sela asru thinithik//

10. Sona katiga jlêg prapta/ kinèn sami kèndêl dènya ngamuki/ sona nyèluman musna wus/ sirêp ruharèng praja/ sakalangkung asrêp tyase pra wadya gung/ ing mangke wus tan katingal/ sona kang udu bilahi//

11. Samana sang patih sigra/ ngêmpalakên para punggawèng nagri/ agêng alit datan kantun/ miwah pra dasih samya/ sampun sami kêmpal munggèng jro kadhatun/ myang sagung para kawula/ sadaya wus dènundhangi//

12. Jro nagari jawi praja/ tinimbalan sadaya sampun prapti/ ngêmpal munggèng ngalun-alun/ pan sami winartosan/ lamun arsa anjumênêngakên ratu/ dhatêng kang unggul ing yuda/ prajurit kang lagi prapti// 12. Jro nagari jawi praja/ tinimbalan sadaya sampun prapti/ ngêmpal munggèng ngalun-alun/ pan sami winartosan/ lamun arsa anjumênêngakên ratu/ dhatêng kang unggul ing yuda/ prajurit kang lagi prapti//

14. Agênging kang pamiwaha/ karamean ing jro pura marnani/ tanapi ing alun- alun/ anggung bogandrawina/ myang lêlangên jalu wanita nèm sêpuh/ suka- suka parisuka/ nutug kongsi pitung ratri//

15. Tan ana ingkang kacuwan/ sang pangantèn lulut dènya mangun sih/ Sang rêtna sajroning kalbu/ narimah panduming Hyang/ dènya krama tan sami bangsaning luhur/ mung bangsa alit kewala/ kanthi linabuhan pati//

Pupuh XV Kinanthi

1. Tur sampun jumênêng ratu/ gumanti ing rama swargi/ kang ibu mangayu bagya/ marma Dewi Sarimurni/ kalangkung sêtyaning driya/ jrih asih bêkti ing laki//

2. Punapa malih Sang Prabu/ kaojating liyan nagri/ ing kasuranirèng karsa/ dènya ambêdhah nagari/ paragad padha sadina/ karana kagungan abdi//

3. Sela nyèluman têtêlu/ agêngira nglêluwihi/ dibya tan pasah ing braja/ durung ana jroning bumi/ kadya kang sona nyèluman/ kêkês parangmuka[34] têbih//

4. Nahan gantya kang winuwus/ semahira Sang prajurit/ kang mêmêlas anèng wisma/ momong suta maksih alit/ jalu aran pun Suraya/ dahat dènya ngarsi- arsi//

5. Ing praptane lakinipun/ kang kesah nglampahi baris/ Bok Suraya ciptanira/ dene wus antara lami/ tan ana pawartanira/ baya kaangsah tên jurit//

6. Nèng paran nêmahi lampus/ dene ora mulih-mulih/ lamun ora mangkonoa/ apa wis ora ngèlingi/ kuwajibaning wong priya/ ninggal anak lawan rabi//

7. Nèng wisma mung anggung nganggur/ sêpi ingkang dèntandangi/ tan ana kang angsung pangan/ Bok Suraya sru prihatin/ ribêd 39 tinangisan suta/ nêdhêng sumêga kang wanci//

8. Rarya umur wolung taun/ tininggal bapa tan mulih/ Bok Suraya raosing tyas/ sèwu susah sèwu sêdhih/ kapèpèd 40 ing suta lapa/ têmah mentar luru kardi//

39 ribêt #*

9. Suta ginawa bêburuh/ tanggêntang anggendhong sênik/ mring mancapat manca lima/ mangkana kongsi sawarsi/ dènya nyaranti ing priya/ tita têtela tan mulih//

10. Dangu-dangu dènya buruh/ mênthêl bisa simpên picis/ saking wêkêle mring karya/ samubarang dènlakoni/ talatèn kanthi narima/ winantu pangati-ati//

11. Ing sawiji dina nuju/ Bok Suraya lawan siwi/ kesah saking wismanira/ angupaya banyu bêning/ yun têtanya mring wong wêrdha/ kang wignya sung padhang ati//

12. Karana pangrunguningsun/ lamun sangandhaping ardi/ ing Serang ana wong tuwa/ aran Kyai Jagung Garing/ kalangkung waskithèng driya/ yèn mêmêca datan sisip//

13. Wus misuwur madêg guru/ saking kawruha linuwih/ samubarang datan kewran/ pramana kang gaib-gaib/ Bok Suraya lawan suta/ praptèng ngarsa angabêkti//

14. Wus kinèn lungguh ing ngayun/ sinung pambagya basuki/ dinangu nama myang wisma/ miwah kang dadi wigati/ Bok Suraya apratèla/ marmanya prapta sumiwi//

15. Nyuwun pinaring sumurup/ ing rèh lakinya prajurit/ dènya kesah sampun lama/ sapriki wus tigang warsi/ tan wontên pawartosira/ datan mantuk praptèng mangkin//

16. Punapa ta sampun lampus/ utawi yèn maksih urip/ karana anilar suta/ punika ingkang tut wuri/ sutamba nama Suraya/ makatên wosing wigati//

17. Kyai guru wus sumurup/ ing rèh lêlakon kang gaib/ [35]manabda èh Bok Suraya/ sira dènnarimèng batin/ aja sumêlang tyasira/ ing wuri bakal amanggih//

18. Kabêgjan kang langkung agung/ jalaran sutanirèki/ iya Ki Jaka Suraya/ yèn mangsane wus dumugi/ ing umur limalas warsa/ ing kono lagi miwiti//

19. Lakon kang bakal tumuwuh/ marma dèn sabaring ati/ samêngko sira muliha/ lan sutanira dènbêcik/ aywa sah mêmintèng sukma/ kanthi saranta ing kapti//

40 kapèpèt #*

20. Samana kang tampi dhawuh/ kalangkung asrep ing ati/ wangsitipun kasogata/ gung ginêgêt jroning batin/ Bok Suraya lawan suta/ wusnya kinèn marang wuri//

21. Lajura ratêng sakayun/ Suraya kang angladeni/ nèng pawon tumandang karya/ wusnya ambukti wong kalih/ wus sinung prênah yèn nendra/ ing ngriku kadya ambatih//

22. Sipêng kongsi tigang dalu/ Bok Suraya lawan siwi/ dènya anèng gunung Serang/ carane Ki Jagung Garing/ kinawruhan sadayanya/ yata kawuwusa enjing//

23. Nêmbah nuwun pamit mantuk/ jinurung wus praptèng panti/ yata ingkang cinarita/ Nyai Wêrdha kang ngêmasi/ duk pinagas gulunira/ dhatêng sira Sang prajurit//

24. Sayêkti karya pangungun/ dene ta dosa linalis/ yèku munggèng jalaran 41 / dosane Nyi Wêrdha awit/ dadi juru tênung tansah/ miyala drêngki mèt pati//

25. Marang samining tumuwuh/ tan darbe wêlasing batin/ wêkasan manahur utang/ gênting datan dènwêlasi/ tinugêl gulune pagas/ mati dening Sang prajurit//

26. Nyai Wêrdha ingkang lampus/ andarbèni gurunadi/ ing rèh ngèlmu patênungan/ yèku Kyai Jagung Garing/ kalangkung waskithanira/ wruh wêwadi kang piningit//

27. Kang alus kang lêmbut-lêmbut/ kang rungsit-rungsit kang wêrit/ widagda sandi manukma/ sampun uninga ing galih/ yèn Nyi Wêrdha siswanira/ wus lamis sring karya kangkin//

Pupuh XVI Asmaradana

1. Yata cinarita malih/ Bok Suraya lawan suta/ wus lamining pangantine/ dupi wus antara warsa/ samana pun Suraya/ wus umur limalas taun/ dumugi ing mangsanira//

41 yaiku munggèng jalaran @#* 41 yaiku munggèng jalaran @#*

3. Bok Suraya wus jinati/ lê-[36]lakone lakinira/ ing mêngko dadi wong gêdhe/ anèng nagri Garba Sonya/ wus madêg Naranata/ sumilih jêjulukipun/ Sang Prabu Purba Angkara//

4. Kang sarta wus rabi putri/ kalangkung mukti wibawa/ kuciwa rupak budine/ Bok Suraya duk miyarsa/ lêngêr-lêngêr ing driya/ sèwu gêtun sèwu ngungun/ dene ta têka mangkana//

5. Bapakne Suraya iki/ sanadyan rabia sasra/ wong lanang awênang bae/ nanging lamun bisa nata/ marang wajibing krama/ balik bojo siji amung/ kapiran nora kadriya//

6. Sarta ninggal bocah cilik/ bêcik têmên Pak Suraya/ kaya mangkono tingkahe/ lali mring batih lan suta/ wêkasan Bok Suraya/ matur sumangga Ki guru/ Suraya katur paduka//

7. Ki guru wacana aris/ lah iya lamun mangkana/ padha rèrèh anèng kene/ kalawan sira Suraya/ dènmantêp pikirira/ aywa mingkuh ing pakewuh/ sira kudu nglakonana//

8. Pakarti kang luwih gaib/ aywa ta wêdi kangelan/ ana gatine ing têmbe/ dèn bisa nampani wulang/ ing rèh kawruh kajinan/ panukmanirèng ngalimun/ Suraya antuk dêdalan//

9. Suraya matur wotsari/ lah inggih dhatêng sandika/ sagêda nglampahi pangrèh/ punapa dhawuh paduka/ sayêkti linampahan/ nadyan sakit praptèng lampus/ kawula botên suminggah//

10. Kyai guru suka angling/ lah iku luwih prayoga/ wong kang mangkono antêpe/ sayêkti manggih pahala/ nahanta cinarita/ duk ing wanci lingsir dalu/ nuju wus sirêp sujalma//

11. Samana sampun winangsit/ ing rèh kawruh palimunan/ apindha jin kadibyane/ manukma sandi upaya/ Suraya wus widagda/ mangkya karsanya keguru/ nandukên karti sampeka// 11. Samana sampun winangsit/ ing rèh kawruh palimunan/ apindha jin kadibyane/ manukma sandi upaya/ Suraya wus widagda/ mangkya karsanya keguru/ nandukên karti sampeka//

13. Sela ambilên dènkêni/ dinunung nèng pêthi êmas/ gawanen lawan wadhahe/ kalamun iku wus kêna/ apa sakarêpira/ sayêktine ora luput/ samubarang kang sinêdya//

14. Jaka Suraya turnya ris/ kados pundi patrapira/ pamêndhèt kula badhene/ dene ta sela thithikan/ rinêksa munggèng pura/ sayêkti [37] sangêt pakewuh/ Ki guru alon ngandika//

15. Aja sumêlang sirèki/ lêbunira marang pura/ arahên ing wayah sore/ mataka ngêlmu kajinan/ yêkti datan katingal/ lah ta iki saratipun/ rimangga tali kêmtular//

16. Kawaca lus sutra langking/ yêkti datan kawadaka/ ing sêsolahira mangke/ samana wus winasita/ lêlêngitan ing mantra/ kang ginêbêng jroning kalbu/ Suraya sampun widagda//

17. Wusnya nyêmbah nyuwun pamit/ sinung pangèstu raharja/ kalangkung nuwun ature/ wus mangkat saking sasana/ ing marga tan winarna/ sigêg gantya kang winuwus/ ing nagari Garba Sonya//

18. Prajurit kang madêg aji/ kalimput ing kawibawan/ dupèh wus dadi Pamase/ tur rabi putrining Nata/ sangêt datan rumasa/ yèn ing donya ana lampus/ Sang patih tur pariwara//

19. Dhuh pukulun Sri Bupati/ cumanthaka pun apatya/ saking dahat angowêle/ ing wus tipakuning praja/ matur rèh sudarsana/ wasitaning madêg ratu/ yèn arda datan widada//

20. Dènira amêngku bumi/ manawi anggung kasukan/ tan kêndhat siyang ratrine/ tan ngengêti pra kawula/ kang dadya isi praja/ samya nandhang kawlasa yun/ karana kirang binoga//

21. Upami beyanira ji/ arta kang kagêm kasukan/ kang mirunggatan pagawe/ sinêbar kinarya darma/ dhatêng para kawula/ kang ngêrês macêt adus luh/ dènya kêkirangan têdha// 21. Upami beyanira ji/ arta kang kagêm kasukan/ kang mirunggatan pagawe/ sinêbar kinarya darma/ dhatêng para kawula/ kang ngêrês macêt adus luh/ dènya kêkirangan têdha//

23. Langkung asih dhatêng dasih/ sami sinung kamirahan/ ing sandhang miwah buktine/ têtêp lamun wicaksana/ ratu ingkang mangkana/ priksa gatining tumuwuh/ ingkang kapungsêng mung boga//

24. Yèn ora mangkono pasthi/ rêng kadarajating praja/ tan wurung bakal rinemeh/ mring sagung para kawula/ miwah para nayaka/ tan ana sumungkêmipun/ rumasa tan darbe Nata//

25. Ingkang nêtêpi utami/ kang dadi pandam pandoman/ wusnya mangkana ature/ kyana patih mangku praja/ amrih luhuring praja/ nanging sarirênga Prabu/ tan pisan angraosêna//

26. Ngugêmi karsa pribadi/ dupèh wus madêg pramata/ yata Ki Jaka lampahe/ wus prapta ing Garba Sonya/ laju manjing jro pura/ sore èntèh wancipun 42 / tan ana ingkang uninga//

27. Karana wus matak aji/ ing ngelmu jin palimun-[38]an/ marma tan ana nyaruwe/ Ki Jaka anjarah pura/ ing pundi dunungira/ pêthèn kancana rinuruh/ kang isi sela thithikan//

28. Samana sampun pinanggih/ munggèng gêdhong pasarèan/ kang pêthen sinambut age/ saksana binêkta mêdal/ wus praptèng jawi pura/ Jaka Suraya gya wangsul/ sampun praptèng ardi Serang//

29. Panggih lan Ki Jagung Garing/ ngaturkên pêthèn kancana/ Ki guru suka sabdane/ lah iku luwih prayoga/ pêthèn laju binuka/ sela thithikan sinambut/ sarwi manis sabdanira//

Pupuh XVII Dhandhanggula

1. Èh Suraya wruhanira iki/ jimat adiran watu thithikan/ kang luwih-luwih dayane/ singa ingkang anggadhuh/ kasêmbadan barang kinapti/ samana pun suraya/ wus sinung piwuruk/ pratikêle ngundang sona/ wus kacakup wangsite Ki Jagung Garing/ rinêgêm jroning driya//

42 sore èntèh wancinipun @#* 42 sore èntèh wancinipun @#*

3. Renanira alon dènirangling/ èh Suraya para puwaranya/ Ki Jagung Garing wulange/ apa ta wis kacakup/ dening sira Suraya angling/ iya ingsun wus tampa/ kabeh wulangipun/ Ki Jagung Garing ing Serang/ tuhu yêkti tan ana ingkang nalisip/ nyata pemêcanira//

4. Parentahe wus ingsun lakoni/ lah samêngko sira pratêlana/ apa kang ko karêpake/ ingkang dadi butuhmu/ ingsun ingkang bakal ngupadi/ Bok Suraya wuwusnya/ sokur yèn kadyèku/ wong urip ana ing donya/ kang adhakan sayêkti mung butuh dhuwit/ kanggo madhang lan nyandhang//

5. Wus mangkana Bok Suraya nuli/ kinèn kèndêl nèng sajroning wisma/ sarwi akancing lawange/ Jaka Suraya mêtu/ munggèng latar sigra angambil/ ingkang sela thithikan/ thinithikên sampun/ sapisan/ jlêg ingkang prapta/ sona ingkang rumêksa arta dêmbagi/ pindha singa gêngira//

6. Ngadhêp ngarsa andhêkêm nèng siti/ Bok Suraya nginjên duk tumingal/ ngoplok angèwèl lambene/ datan bisa calathu/ saking dahat dènira ajrih/ dene sona kang prapta/ langkung agêngipun/ sona matur paran karsa/ de bandara animbali dhatêng dasih/ sumangga kadhawuhna//

7. Mring kawula paran kang kinapti/ duk miyarsa Ki Jaka Suraya/ kalangkung ngungun ing tyase/ dene ta ana asu/ bisa [39] ngucap kadi sujalmi/ wusana wuwusira/ sun anjaluk tulung/ kajupukna dhuwit ingwang/ ingkang sona blas musna tan dangu prapti/ sarwi nyakot gêgawan//

8. Bagor rajut kêbak isi picis/ gya tinampan mring Jaka Suraya/ muwus wis balia age/ punang sona musna wus/ bagor nulya binêkta panti/ arta laju sinuntak/ ing jogan supênuh/ Bok Suraya eram mulat/ de samono kadibyanira kang siwi/ kalangkung sukuring Hyang//

9. Wus mangkana Ki Jaka gya mijil/ munggèng latar sru nithik kang sela/ kaping kalih panithike/ tandya jlêg praptanipun/ punang sona kang kaping kalih/ sajaran tèji gêngnya/ Bok Suraya ndulu/ langkung singunên tyasira/ sona matur paran karsa animbali/ sumangga kadhawuhna//

10. Ki Jaka ngling jupukêna dhuwit/ mring jro gurda kang rupa salaka/ musna kang sona tan suwe/ wangsul wus nyakot rajut/ bagor kêbak isi kang picis/ 10. Ki Jaka ngling jupukêna dhuwit/ mring jro gurda kang rupa salaka/ musna kang sona tan suwe/ wangsul wus nyakot rajut/ bagor kêbak isi kang picis/

11. Sarwi nyuntak bagor dhuwit putih/ angguladrah ngêbaki kang jogan/ Bok Suraya suka tyase/ eram dènya andulu/ dhuwit prapta datan pawilis/ ukon kêton rupiyah/ pirang-pirang tumpuk/ langkung bingung Bok Suraya/ sru pakewuh gone arsa anyimpêni/ tan ana kanggo wadhah//

12. Bok Suraya alon dènirangling/ lah kapriye apa kanggo wadhah/ myang ing ngêndi panyimpêne/ Jaka Suraya muwus/ iyo mêngko pinikir maning/ saiki ênêngêna/ ing kono karuhun/ sun arsa ngambil arta mas/ pun Suraya sigra mêdal saking panti/ sampun prapta ing latar//

13. Nulya nithik kang sela kaping tri/ jlêg kang prapta sona kaping tiga/ sami lan dipangga gênge/ satrêbang mripatipun/ gêbyar-gêbyar angêgirisi/ Bok Suraya duk mulat/ dhipêt êrêmipun/ tan wani lamun mêlèka/ wus tan darbe cipta lamun maksih urip/ suta Jaka Suraya//

14. Sona matur paran kang kinapti/ animbali dhatêng dasihira/ Jaka Suraya wuwuse/ jupukna dhuwit ingsun/ anèng gurda kang rupa rukmi/ punang sona gya musna/ tan antara wangsul/ sarwi nyakot bagor ingkang/ kêbak isi uang kancana tinampi/ dening jaka Suraya//

15. Sakalangkung sukanirèng galih/ Ki Jaka ngling [40] lah uwis balia/ marang dunungira manèh/ punang sona musna wus/ pun suraya gya manjing panti/ sarwi anyuntak arta/ nèng jogan kumrupyug/ Bok Suraya bingung mulat/ datan têlas gawokira jroning ati/ dene kabina-bina//

16. Cinarita Ki Jaka wus kardi/ wisma gêdhong agêng langkung pelag 43 / pêpak prabot pirantine/ miwah panganggènipun/ Bok Suraya kalawan siwi/ sirna sipating sudra/ wus pindha wong luhur/ karya ebating tumingal/ samya ngungun kang tangga miwah têpalih/ dene ora kayaa//

17. Bok Suraya salawase miskin/ mêngko dadi bangsaning hartawan/ plok tininggal ing lakine/ ing ngêndi gone luru/ kasugihan angingu dhêmit/ nahan ta kang rêrasan/ samana winuwus/ suraya manabdèng rena/ sêdyaningwang si bapa ingsun walêsi/ dènya tega mring sira//

18. Bok Suraya duk miyarsa angling/ ing bab iku anggèr sakarsanta/ ingsun tan bisa nyaruwe/ luwih-luwih sirèku/ ingsun amung mêkas sathithik/ nadyan sira

43 pelak #* 43 pelak #*

19. Pun Suraya duk miyarsa wêling/ muwus aja sumêlang tyasira/ wus sun pikir sadurunge/ samana sigra nambut/ ingkang pêdhang kalangkung lungit/ tinalongsong kancana/ kinalungkên sampun/ Jaka Suraya gya mangkat/ tanpa kanthi lumampah ing wanci ratri/ ing marga tan winarna//

20. Praptèng Garba Sonya wanci enjing/ pun suraya ngumbar kapurunan/ manggihi lawan patihe/ muwus patih praptèngsun/ nêdya njabêl nagara iki/ karana ratunira/ tan pêrang tumangguh/ mêngko ingsun kang minangka/ sarayane ratunira kang wus lalis/ tan nêdya mundur ing prang

Pupuh XVIII Durma

1. Kyana patih miwah sagung pra punggawa/ kapita duk miyarsi/ sru dènira nabda/ èh sira bocah apa/ murang krama tanpa kèring/ ngumbar kasuran/ sapa apanirèki//

2. Sarta ngêndi pinangkanira ing wuntat/ dene ta kumawani/ bocah mung sapala/ sapira bangganira/ Ki Jaka asru mangsuli/ yèn tambah mringwang/ Suraya aran mami//

3. Pra punggawa bramantya sru wuwusira/ sabar kiyai patih/ bocah murang tata/ tan nuntên tinandangan/ pra punggawa nubruk wani/ Jaka Suraya/ indha mêsat mring jawi//

4. [41] Sru sêsumbar lah payo rêbutên ingwang/ iki bocah ing bukit/ kampung Saralaya/ kono wismamanira/ Ki Jaka sigra anarik/ pêdhang kumilat/ tandya narajang wani//

5. Pra punggawa mantri miwah hulubalang/ panggih samya nadhahi/ Ki Jaka sru mêdhang/ tinangkis sami pêdhang/ kumêncras warani ratri/ rame wurahan/ pêdhang pinêdhang gênti//

6. Miwah tangkis-tinangkis ulah warastra/ tan ana kasaliring/ rinoban ing kathah/ Ki Jaka kèwran ing tyas / gya matak ajinira jin/ sampun limunan/ Ki Jaka tan kaèksi// 6. Miwah tangkis-tinangkis ulah warastra/ tan ana kasaliring/ rinoban ing kathah/ Ki Jaka kèwran ing tyas / gya matak ajinira jin/ sampun limunan/ Ki Jaka tan kaèksi//

8. Aja kongsi gagal tungkêbên ing kathah/ yata ingkang winarni/ Sang Prabu miyarsa/ Ramèswara 45 ing wadya/ nyêkêl bocah kumawani/ aran Suraya/ ing Saralaya bukit//

9. Sampun katur Sang nata kalangkung duka/ kaparat mêjanani/ dhawuhirèng Nata/ kinèn nyantosanana/ bocah cêkêlên dènkèni/ aturna mringwang/ apa dhapure anjing//

10. Duk ngatingal 46 Jaka Suraya rinêmpak/ amêdhange tan polih/ rame ing bacira/ wadya saya gung prapta/ oncat Jaka Suraya nis/ karoban lawan/ praptèng jro wana sêpi//

11. Sigra nithik kang jimat sela thithikan/ sapisan kaping kalih/ nuli kaping tiga/ jlêg-jlêg kang sona prapta/ nèng ngarsa umatur Gusti/ paran kinangsa/ nimbali para dasih//

12. Ngungun Jaka Suraya sru wuwusira/ marmane sira katri/ padha ingsun undang/ bêdhahên prajanira/ Sri Purba angkara aglis/ ing Garba Sonya/ iku kalilip mami//

13. Punang sona katiga duk amiyarsa/ musna umangsah aglis/ nrajang pabarisan/ punggawa Garba Sonya/ duk mulat sona tri prapti/ bubar sumêbar/ ngungsi marang Ki Patih//

14. Matur lamun kang sona ing nguni prapta/ samnya ngamuk mawêrdi/ kèh wadya kang pêjah/ Ki Patih kagyat maras/ lumajêng ngungsi ing puri/ kadhaton kêbak/ dadya gung tanpa wilis//

15. Sri Narendra kagyat gugup duk umiyat/ wadya gung manjing puri/ patih wus pratela/ lamun Jaka Suraya/ ngirid sona nggêgirisi/ abdi paduka/ yatna Sri Narapati//

44 dene #* 45 pramèswara #*

46 katingal #* 46 katingal #*

17. Pra punggawa jêjêl malêbêt ing pura/ ajrih binujêng anjing/ samana Sang Nata/ yatna yèn darbe slendhang/ wasiyat kinarya angkin/ pinusthi sigra/ dhawuh èh sira patih//

18. Sumingkira sawadya punggawanira/ marang pungkuran sami/ uyêk pra wanodya/ tambuh ing solahira/ sakalangkung kontrang-kantring/ tandya kang sona/ katiga sami prapti//

19. Manjing pura nêdya ngungsir pra punggawa/ dupi praptèng ngarsaji/ kang slendhang wasiyat/ jinèrèng munggèng ngarsa/ sona tri wus tanpa budi/ andhêkêm samnya/ limprêk-limprêk kang dhiri//

20. Tanpa krêkat sirna dayane kang sona/ eram kang sami meksi/ dibyanirèng nata/ tuhu ratu gêgala/ punjul sêsamining aji/ Sang Nata sigra/ dhawuh eh sona katri//

21. Dipun enggal balia mring dunungira/ aja kopindho maning/ mlêbu marang pura/ sun pêrung kupingira/ sinêntak us 47 kang sona nis/ praptèng gyanira/ Jaka Suraya nguni//

22. Sakalangkung ngungun Ki Jaka Suraya/ dene sona wus bali/ ngalumpruk angganya/ kadi tan darbe krêkat/ tandha yèn kasor ing jurit/ Jaka Suraya/ kawêken tyas sru angling//

23. Èh ta sona balia mring dunungira/ punang sona sampun nis/ watu ta Ki Jaka/ lajêng mring ardi Serang/ panggih lan Ki Jagung Garing/ matur rèhira/ tiwas dènira jurit//

24. Punang sona kasor ing prabawanira/ lan Purba Angkara ji/ paran karsa tuwan/ ulun srah jiwa raga/ wacana Ki Jagung Garing/ aja sumêlang/ yèn ingsun maksih urip//

25. Masa dadak kalaha ing budi daya/ mungsuh ratu taruni/ lah sira balia/ aja wêdi kangêlan/ iki tamakna dèntiti/ sêsirêpingwang/ watakên kang patitis//

47 wus #* 47 wus #*

Pupuh XIX Megatruh

1. Lampahira ing marga datan winuwus/ samana ing wanci ratri/ Ki Jaka sampun ngalimun/ wus praptèng sajroning nagri/ nuju pojoking kadhaton//

2. Nulya inggih andhêkukul ngrangkul dhêngkul/ sarwi nungku ing pangèsthi/ wiwit sontên praptèng dalu/ lagi luwar dènira mrih/ sirêpe wong sakadhato- [43]n//

3. Dupi sampun sidhêm wanci lingsir dalu/ Ki Jaka manjing jro puri/ tan ana ingkang sumurup/ nahanta ingkang winarni/ Sang Nata sare kalêson//

4. Para putri miwah sagung wong kadhatun/ siji tan ana ngalisik/ wus kênèng sêsirêpipun/ Ki Jaka nulya angambil/ sela thithikan sing kanthong//

5. Sru thinithik kang sona jlêg praptanipun/ kinèn anggondhol Sang aji/ kajujugna wismanipun/ kampung Saralaya bukit/ Sang nata laju ginondhol//

6. Sanalika Ki Jaka nyarêngi mantuk/ praptèng wisma kampung bukit/ kalawan sona wus cundhuk/ Sang nata kapati guling/ tan wignya wungu kang gloso//

7. Lamun datan winungu sadangunipun/ sayêkti manggunga guling/ saking ampuh sirêpipun/ kang kataman lir ngêmasi/ Bok Suraya wruh andongong//

8. Punang sona wus kinèn wangsul musna wus/ Bok Suraya tanyèng siwi/ paran pratingkahirèku/ anggawa marang sudarmi/ apa iku praptèng layon//

9. Karti nanya wus wêwarta sarèhipun/ mung kinarya amalêsi/ samana busana Prabu/ sadaya dipunlukari/ kang sare datan karaos//

10. Sinalinan ing pangangge liyanipun/ wusnya lukar Sri Bupati/ sinarèkakên ing kasur/ linangse jro tilamsari/ Ki Jaka manabda alon//

11. Lah ta umirêksanên si bapa iku/ dimèn kapenaka guling/ sun arsa mentar mring gunung/ marak Kyai Jagung Garing/ pêrlu ngaturi pawartos//

12. Kahananing lêlakon kang wis tumuwuh/ Bok Suraya muwus bêcik/ Ki Jaka mangkat lumaku/ datan winarna ing margi/ prapta panggih Sang Palunggoh// 12. Kahananing lêlakon kang wis tumuwuh/ Bok Suraya muwus bêcik/ Ki Jaka mangkat lumaku/ datan winarna ing margi/ prapta panggih Sang Palunggoh//

14. Sampun pragad samangke sare Sang Prabu/ wontên Saralaya bukit/ sadaya busananipun/ sampun kawula lukari/ tan wontên kantun sawiyos//

15. Lah punika sumangga katur pukulun/ Ki Jagung Garing nampeni/ lah Suraya wruhanamu/ slendhang kang ginawe angkin/ iki wasiyat kinaot//

16. Kêna kanggo ngêkêsake marang mungsuh/ sakèh ing satosa kalir/ sapira gambiranipun/ yèn andhêlêng slendhang iki/ jinèrèng têmah ngalentroh//

17. Tanpa krêkat awak ngalumpruk lir ka-[44]puk/ marma duk pêrang sirèki/ sonanira têmah mundur/ kêna prabawaning jarit/ slendhang wasiyat kinaot//

18. Duk miyarsa Suraya kalangkung ngungun/ dene Kyai Jagung Garing/ sidik waskitha ing kalbu/ wus priksa kang dènlakoni/ duk sona prang padha kasor//

19. Ing wêkasan Suraya ngartikeng kalbu/ samana laju winisik/ yèn sudarmanira

tuhu/ tan kêlar dada 48 narpati/ awit dudu trahing katong//

20. Marma kudu narima aja winangsul/ ing Garba Sonya nagari/ gêdhe pangkalaning laku/ wus ana kang darbe waris/ patih pamomonging katong//

21. Iya iku kang wajib mêngku kadhatun/ aja dinawa pamikir/ warahe mrang sudarmamu/ Suraya matur wotsari/ sandika pocung ginantos//

Pupuh XX Pocung

1. Wusnya rampung : ing dalu datan winuwus/ enjing Ki Suraya/ nyuwun pamit arsa mulih/ wus jinurung mangkat saking ardi Serang//

2. Tan cinatur : ing marga wus praptèng wangun/ panggih lawan rena/ Bok Suraya wis jinati/ sakathahe pamisik kang saking Serang//

3. Dhawuhipun : Ki Jagung Garing tinutur/ marang renanira/ napisthanana kalêmpit/ Bok Suraya langkung suka lon wacana//

4. Yèn kadyèku : apa tan bêcik winungu/ kang kapati nendra/ winartan pitutur jati/ lêlakone kabêh cocog lan pamêca//

48 dadi #*

5. Jaka sunu : nêmbadani ing panêmu/ samana gya dandan/ Bok Suraya lawan siwi/ sarwa adi wus pindha bangsa ngawirya//

6. Pan cinatur : panganggone langkung luhur/ wastra sarwa sutra/ miwah ingkang rêtna rukmi/ tuhu mungguh kang karêngga ing busana//

7. Wimbuh sêmu : ing warna myang wandanipun/ mêlas Bok Suraya/ cahya sumringah mranani/ maksih pantêsêng kang rujak wuni bapang//

8. Intênipun sinêling mirah jumêrut/ wingking kasinungan/ sotya lit pating karanthil/ tinon momyor kang sotya pating galêbyar//

9. Ingkang sunu : mangangge calana jamus/ sinjang kêkèncongan/ baledhak putih mantêsi/ arasukan lakên langking langkung gilap

10. Dhêstharipun : adu mancung tanpa kuncung/ cakrak dènya macak/ tebes winon rintik-rintik/ lunging carik luwês gathuk lir tinata//

11. Tuhu mungguh : Suraya Prabu dinulu/ sarwi nganggar pêdhang/ kacihna bocah winani/ dhasar tansah anggembol sela thithikan//

12. Enggalipun : tan kuciwa dènya ngrasuk/ [45]yata kawuwusa/ kang sare nèng tilamsari/ tanpa nglilir wus sapêkên dangunira//

13. Dupi sampun : cakêt Bok Suraya lungguh/ ing kursi lan suta/ winiyak langsening kanthil/ pun Suraya mênyat ngadêg matak mantra//

14. Ing pamungu : jinawab rambah ping têlu/ ingkang sare kagyat/ grêgah wungu dènya guling/ langkung ngungun bingung ing paningalira//

15. Lingak-linguk : lir bisu dangu tan muwus/ tanggap Bok Suraya/ dhuh andika Sang Prajurit/ punapa ta praptèng mangke tan kanyatan//

16. Yèn ing dangu : nilar somah lawan sunu/ inggih pun Suraya/ duk samantên maksih alit/ lah punika samangke sampun diwasa//

17. Sakalangkung : prakosa santoseng kalbu/ inggih pun Suraya/ kuwawi dipungondhêli/ wus kalacak anak angungkuli bapak//

18. Tandhanipun : andika kenging kausung/ têmah praptèng wisma/ sare tan sagêd ngalilir/ dipunèngêt manungsa ngunduri tuwa//

19. Calon lampus : tan tulus ing gêsangipun/ dene ta andika/ nglampahi wus madêg aji/ rabi putri kuwasa mêngku nagara//

20. Inggih sokur : nanging dènèngêt ing pungkur/ lêlakon andika/ sayêkti botên lêstari/ wit andika dede trahing naranata//

21. Marmanipun : dipunnarimah ing kalbu/ sampun kapêpanjang/ manawi manggih bilahi/ sintên ingkang kecalan tarlèn mung kula//

22. Kang inguwus : tan têlas pangungun 49 / dene anèng wisma/ pelak tanpae lan puri/ panggih rabi lan suta Jaka Suraya//

23. Wus sumurup : kabeh ing lêlakon ingsun/ sapa kang sung warta/ sakêthi ora andugi/ têka cêtha gênah tan ana kang salah//

24. Nulya muwus : iki priye têgêsipun/ kaya wong supêna/ aku iki kurang ngêrti/ mangka aku wis dadi nata ing radya//

25. Têka banjur : anèng kene dunung ingsun/ somah mung carita/ kang saking pawartèng siwi/ lir wêcane Ki Jagung Garing ing Serang//

26. Kang sinung wruh pamêcane guru tuhu/ dahat eraming tyas/ lêlakone kang pinanggih/ andupara sakêthi datan dènyana//

27. Nulya muwus èh Suraya sutaningsun/ paran karsanira/ rèhne ingsun darbe nagri/ apa ora sira kang gumanti mringwang//

28. Sunu matur : kula botên darbe kayun/ sumêngka angangka/ kumawaa madêg aji/ awit kula dede têdhaking awirya//

29. Jroning kalbu : narimah mung mongmong biyung/ sok ugi sinung-[46]an/ ing bagas lawan basuki/ bab kaprabon langkung ing karsa andika//

30. Lamun gêtun : kenging tinêdhakan wangsul/ dhatêng Garba Sonya/ manawi taksih kadugi/ ngrêbat praja kang langkung awrat sinangga//

31. Yèn katêmpuh : pakewuh yêkti binunuh/ kang rama manabda/ sandhanganku ana ngêndi/ dene iki salin kabêh nganggo anyar//

49 ingkang inguwus : datan têlas ing pangungun @#* 49 ingkang inguwus : datan têlas ing pangungun @#*

33. Sawusipun sinulangakên ing sunu/ kang sinung sêsulang/ panglocitanirèng galih/ kayata ya bênêr kandhane Suraya//

34. Dangu-dangu : pinapas dening pamumus/ wêkasan rumasa/ kalamun wus tan darbèni/ agul-agul kang jimat watu thithikan//

35. Sartanipun slendhang wasiyat wus katut/ sirna tanpa gana/ wus narima Sang Prajurit/ datan nêdya mangkrok pindha wong taruna//

Pupuh XXI Sinom

1. Samana sampun paragad/ pangêjuming tyas basuki/ rukun dènya bêbatihan/ Bok Suraya lan prajurit/ kumpul lir wingi nguni/ wus manut pangrèhing sunu/ ri Sang Jaka Suraya/ lulus aji bawa mukti/ suka bungah ngayomi mring yayah rena//

2. Miwah sagung kulawangsa/ tanapi tangga têpalih/ nguni wèh kang para mitra/ sami sinupêkêting sih/ sinung suka lan bukti/ wêkasan dadya misuwur/ sira Jaka Suraya/ sugih dhuwit sugih bêcik/ tur pikire tatag santosaning karya//

3. Sanadyan maksih taruna/ wus sêpuh ingkang pamanggih/ labêt saking datan kêndhat/ marak mring Ki Jagung Garing/ tansah sinung pamisik/ pinaring wulang linuhur/ marma Jaka Suraya/ miwah sira Sang prajurit/ sasomahnya sinung rèh gatining gêsang//

4. Aywa nyalèwèng ing lampah/ mungguh pêrluning aurip/ wiwit gêsang praptèng laya/ manggiha suka basuki/ tarlèn mung budi adi/ ingkang nênarik rahayu/ mungguh ayuning driya/ padha manduma rijêki/ mring sêsama kang samya kurang binoga//

5. Sadaya sampun tinampan/ piwulangira Sang Rêsi/ tan ana ingkang tinilar/ pinituhu dènlampahi/ marma têntrêm ing ati/ tan ana rêncananipun/ sira Jaka Suraya/ mukti lawan yayah bibi/ gêsangira kasêmbadan ing sakarsa//

6. Mangke ingkang kawuwusa/ ing Garba Sonya nagari/ pramèswarinya Sang [47] Nata/ ibu Sang Dyah Sarimurni/ dahat singkêling galih/ ing rèh sirnanya Sang prabu/ tan ana kang pawarta/ dene wus antara lami/ gya nimbali Kyana Patih praptèng pura//

7. Dinangu paran kang warta/ sirnane Sri Narapati/ dene wus antara lama/ tan ana kondur mring puri/ baya Sri Narapati/ wus pinulung jawata gung/ sayêkti tan prayoga/ yèn praja sêpi Narpati/ nuwuhake rusuh ing para kawula//

8. Karana tan bisa tata/ tan ana ingkang ngadili/ paran patih budinira/ sira kang kajibah mikir/ wau tanyana patih/ bêla sungkawa ing prabu/ dene Sang pramèswara/ kalangkung turideng galih/ ing wusana maripih alon turira//

9. Dhuh Jêng Sang ri Sang juwita/ mugi sampun dahat kingkin/ sirnanipun Sri Narendra/ dènya nis saking jro puri/ kawula sampun nuding/ nêbar para punggawa gung/ ngêngingsêp nungsung warta/ ing dunungnya Sri Bupati/ bokmanawi lêrês lir cipta paduka//

10. Pinulung dening jawata/ katandha dènya wus lami/ para punggawaning praja/ mêksa dèrèng antuk titik// pawartos kang patitis/ marma mugi Kangjêng ratu/ botên sungkawèng driya/ manawi kagalih yêkti/ sampun cundhuk gathuk ing purwa wusana//

11. Purwanira andupara/ bêdhahipun prajeng ngriki/ paragad sami sakala/ nuntên ginanti narpati/ sayêkti langkung gaib/ lêlakyan ingkang tumuwuh/ têmah ingkang gumantya/ sirna tan wontên udani/ tanpa warta tandha karsaning Hyang Sukma//

12. Yêkti sakêthi nglêngkara/ tan kenging cinakrèng budi/ kados sampun dados cihna/ mênggah ing raos kang gaib/ cundhuk kalawan budi/ purwa wusana wus têpung/ miwah ingkang kahanan/ sadaya sami pinanggih/ andupara wangsul lawan anglêngkara//

13. Sakathahing lêlampahan/ tan wontên ingkang nalisip/ condhong lawan kayakinan/ makatên mênggah ing budi/ samana Sriyodati/ kalangkung panujwèng kalbu/ miyarsa aturira/ Ki Patih têka mranani/ pramèswari têmah sirna singkêling tyas//

14. Enggalipun kang carita/ patih gumantyèng narpati/ Sang Sori mangayu bagya/ Para punggawa munggalit/ sadaya angèstrèni/ Ki Patih jumênêngipun/ na-[48]ta ing Garba Sonya/ mangun kasukan mênuhi/ ajêjuluk Sang Prabu Purbanatara//

15. Suka sagung wong jro praja/ tanapi kang walang galih/ miwah sagung pra punggawa/ tanapi pra kawula lit/ karana Sri Bupati / adil paramarteng wadu 15. Suka sagung wong jro praja/ tanapi kang walang galih/ miwah sagung pra punggawa/ tanapi pra kawula lit/ karana Sri Bupati / adil paramarteng wadu

16. Cinarita randhanira/ Sang Nata ingkang sampun nis/ yèku atmajaning nata/ kang sampun surud ing nguni/ kusuma Sarimurni/ kalêrês waris pambayun/ wajib gumantyèng nata/ mêngku Garba Sonya nagri/ marmanipun kasuwun kaangkah garwa//

17. Dening kang jumênêng mangkya/ dadosa sorining puri/ kinarya jimat pusaka/ mring kang lagya madêg aji/ kang ibu anyondhongi/ Sang Dyah tan suwalèng kayun/ putra sinung wanita/ ing ibu sang pramèswari/ rèh punika winaton patang prakara//

18. Kang sapisan gathukira/ wong palakrama ping kalih/ pêcating nyawa ping tiga/ laire kang jabang bayi/ ping pat tibaning warih/ udan tumurun sing luhur/ iku kabeh tan kêna/ binudi dening sujalmi/ sajatine atas karsaning Pangeran//

19. Marmane aja dinawa/ sira anggèr anak mami/ lir nglakoni pakoning hyang/ manungsa namung sadarmi/ samana kusuma di/ sumanggèng karsa kang ibu/ enggaling kacarita/ kusumèng Dyah Sarimurni/ sampun dhaup lan kang anyar madêg nata//

20. Agêng ingkang pamiwaha/ datan winarna ing tulis/ sagung ingkang pra punggawa/ agêng alit nayogyani/ miwah kang para dasih/ mangayu bagya ing kalbu/ sami sukuring sukma/ samana Sri Narapati/ lulut dènya sih-sinihan lawan garwa//

21. Widada jumênêngira/ wimbuh arjaning nagari/ suka tyase pra kawula/ tan ana cêngil-cinêngil/ dhasar kang madêg aji/ widagda rumêksèng ulun/ gêng alit kauningan/ kang sugih miwah kang miskin/ kang durjana miwah kang bangsa yujana//

22. Kang kawêngku ing narendra/ pinèt wigatining urip/ ing sarina sawênginya/ tarlèn kaginusdhèng galih/ aywa na kang prihatin/ jalaran katamaning luh/ pangluh ing budi badan/ kang pinandêng ing pambudi/ pra manungsa gêsanga têntrêm lan tata//

23. Wêkasan kontaping [49] jana/ ing Garba Sonya praja di/ tinêbihan parang muka/ labêt kang jumênêng aji/ budatama martani/ kalaban sagung tumuwuh/ satomyang têtanêman/ pinardi lulus lêstari/ kar tumêngkar dadia martananingrat//

2. Sinopsis Sêrat Panithikan

Ada seorang prajurit yang berjalan sendirian di tengah hutan. Bertemu dengan seorang juru tenung bernama Nyai Wêrdha, memberitahu kepada Sang prajurit bahwa dalam sebuah pohon ada uangnya. Berapapun uang yang akan Sang prajurit ambil Nyai Wêrdha tidak akan memintanya, hanya berpesan supaya mengambilkan miliknya batu panithikan yang tertinggal di dalamnya. Sang prajurit dibekali selendang untuk masuk kedalamnya (Pupuh I Asmaradana – Pupuh II Dhandhanggula).

Sang prajurit dapat memasuki lubang dalam pohon itu dengan mudah. Di dalamnya terdapat tiga tempat yang masing-masing dijaga oleh seekor anjing. Dengan selendang Sang prajurit bisa menyingkirkan anjing itu dan mengambil uangnya. Sesampainya diluar Sang prajurit lupa mengambil batu panithikan dan selendang milik Nyai Wêrdha sehingga ia harus masuk lagi mengambil batu dan selendang.Sang prajurit berfikir apa kekuatan batu itu. Sang prajurit bertanya kepada Nyai Wêrdha tentang batu itu tetapi Nyai Wêrdha berbohong. Sang prajurit tidak mempercayainya dan membunuh Nyai Wêrdha (Pupuh III Pangkur – Pupuh IV Sinom).

Batu panithikan itu telah dimiliki oleh Sang prajurit. Sang prajurit yang membawa banyak uang dalam perjalanannya berfikir untuk pergi ke luar negeri. Akhirnya sang prajurit pergi ke negeri Garba Sonya. Di sana ia berfikir akan bahagia Batu panithikan itu telah dimiliki oleh Sang prajurit. Sang prajurit yang membawa banyak uang dalam perjalanannya berfikir untuk pergi ke luar negeri. Akhirnya sang prajurit pergi ke negeri Garba Sonya. Di sana ia berfikir akan bahagia

Sang prajurit hanya menghambur-hamburkan uang hingga akhirnya Sang prajurit jatuh miskin, tidak ada seorang temannya yang menolongnya. Sang prajurit bekerja sebagai buruh dan akhirnya ia sakit. Kesengsaraan yang ia rasakan, kemudian ia teringat dengan batu panithikan yang ada dalam kantong bajunya. segera ia mengambil batu dan nithik sekali, keluarlah anjing yang pertama. Anjing pertama mengambilkan uang yang ada dalam pohon. Nithik dua kali batu itu, dan tiga kali. Begitu hingga anjing yang ketiga mengambilkan uang dan ketiga anjing itu kembali hilang dalam batu itu (Pupuh VII Mijil – Pupuh VIII Megatruh).

Sang prajurit kembali menjadi orang kaya, membeli rumah, kereta dan mempunyai pembantu bagaikan seorang raja. Kini ia berteman dengan orang yang tua karena menurutnya berteman dengan anak muda hanya mencari kesenangan saja. Dengan kehidupannya yang berkecukupan Sang prajurit kembali teringat untuk menikahi Sang putri. Meminta tolong kepada anjing siluman itu Sang prajurit memerintahkan untuk membawa Sang putri kerumahnya. Tidak lama kemudian anjing sudah datang dengan menggendong Sang putri yang tertidur lelap. Melihat kecantikan Sang putri, Sang prajurit hanya terdiam. Sang putri dikembalikan ke dalam istana agar tidak membuat curiga Sang raja (Pupuh IX Gambuh).

oleh seekor anjing dan diberikan pada seorang prajurit. Sang raja kaget mendengar mimpi anaknya dan segera memerintahkan abdinya untuk menjaga Sang putri di malam hari. Malam hari, sang putri yang sudah tidur dijaga oleh seorang abdi, tidak lama kemudian datang seekor anjing yang sangat besar dan membuat takut abdinya. Sang putri di bawa ke rumah Sang prajurit (Pupuh X Sinom).

Abdi raja itu melaporkan apa yang dilihatnya semalam. Sang raja kemudian memanggil Sang putri. Sang putri diberi kalung biji sawi agar apabila dipakainya bisa mengetahui siapa yang menculiknya. Malam hari anjing tersebut datang kembali dan menculik sang putri. Pagi hari Sang raja dan para pengawalnya mengikuti biji sawi yang jatuh dijalan. Hingga akhirnya sampai di rumah Sang prajurit (Pupuh XI Asmaradana).

Sang prajurit dibawa untuk menjalani hukuman. Dalam penjara Sang prajurit tidak bisa tidur dan makan, berfikir bagaimana caranya agar bisa keluar dari tempat tersebut. Akhirnya ia meminta tolong pada penjaga penjara untuk mengambilkan batu panithikan yang tertinggal di rumahnya. Penjaga penjara mengambilkan batu panithikan dan diberi upah sebuah intan (Pupuh XII Mijil ).

Tiba saatnya Sang prajurit dihukum gantung. Di alun-alun sudah banyak orang berkumpul untuk menyaksikannya. Sebelum digantung Sang prajurit mempunyai satu permintaan,untuk merokok satu batang. Akhirnya Sang prajurit

Keluarlah ketiga anjing dari batu itu dan membuat kaget semua yang menyaksikannya. Ketiga anjing itu mengamuk di alun-alun dan membuat banyak orang meninggal tak terkecuali Sang raja. Sang patih memohon kepada Sang prajurit agar menghentikan ketiga anjing itu agar tidak menghancurkan seluruh negeri (Pupuh

XIII Dhandhanggula).

Seluruh raja dari berbagai kerajaan diundang untuk menyaksikan penobatan Sang prajurit menjadi seorang raja yang berjuluk Sang Prabu Purba Angkara. Sang raja menikah dengan Sang putri. Selama menjadi raja banyak rakyatnya yang kelaparan, karena Sang raja hanya bersenang-senang memikirkan diri sendiri (Pupuh

XIV Pangkur).

Di desa Saralaya Sang prajurit meninggalkan seorang istri dan anaknya yang bernama Suraya. Suraya dan ibunya hidup dengan bekerja sebagai buruh untuk mencukupi kebutuhannya. Suraya dan ibunya meminta tolong seorang guru yang bernama Kyai Jagung Garing di gunung Serang. Di sana Kyai Jagung Garing menceritakan semua tentang Sang prajurit. Kyai Jagung Garing memberitahukan apabila nanti Suraya berumur 15 tahun baru ia bisa mencari ayahnya (Pupuh XV Kinanthi).

Suraya sudah berumur 15 tahun dan kembali ke gunung Serang menemui Kyai Jagung Garing. Suraya diberi bekal ilmu jin palimunan agar ia bisa menghilang Suraya sudah berumur 15 tahun dan kembali ke gunung Serang menemui Kyai Jagung Garing. Suraya diberi bekal ilmu jin palimunan agar ia bisa menghilang

Sang prajurit yang masih tertidur berhasil dibawa pulang oleh anjing itu tanpa terbangun. Sang prajurit di lepas baju kebesarannya sebagai raja dan dikembalikan ke negeri Garba Sonya. Ibu Suraya yang melihat suaminya yang masih tertidur hanya terdiam. Sementara itu, Suraya kembali ke gunung Serang memberitahukan kepada Kyai Jagung Garing tentang apa yang terjadi. Batu panithikan dan selendang di kembalikan pada Kyai Jagung Garing, tetapi menolaknya. Kyai Jagung Garing mempercayai Suraya untuk membawanya. Akhirnya, Suraya kembali kerumah. Sudah seminggu ayahnya tertidur tanpa terbangun, Suraya membangunkan ayahnya dengan membacakan mantra. Seketika ayahnya kaget karena melihat Suraya dan ibunya. Istrinya memberitahukan keada Sang prajurit apa yang telah terjadi (Pupuh

XIX Megatruh - Pupuh XX Pocung)

Di negeri Garba Sonya para pengawal dan seluruh rakyatnya mencari keberadaan Sang raja yang menghilang. Sudah lama tidak ada kabarnya hingga akhirnya Sang patih dinobatkan menjadi raja dan menikah dengan Sang putri, Dewi Sarimurni. Semua rakyat bersuka cita dan akhirnya negeri Garba Sonya berkembang menjadi negeri yang besar. (Pupuh XXI Sinom)